Surah Az-Zariyat
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالذّٰرِيٰتِ ذَرْوًاۙ١
Waż-żāriyāti żarwā(n).
[1]
Dêmi angin kang ambuncang balêdug, kang banjur mabul-mabul.
فَالْحٰمِلٰتِ وِقْرًاۙ٢
Fal-ḥāmilāti wiqrā(n).
[2]
Dêmi mega kang anggawa banyu abot.
فَالْجٰرِيٰتِ يُسْرًاۙ٣
Fal-jāriyāti yusrā(n).
[3]
Dêmi prau kang lumaku ana ing banyu kalawan gampang.
فَالْمُقَسِّمٰتِ اَمْرًاۙ٤
Fal-muqassimāti amrā(n).
[4]
Dêmi malaikat kang andum rijêki lan udan.
اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَصَادِقٌۙ٥
Innamā tū‘adūna laṣādiq(un).
[5]
Enggonira padha diprasêtyani lan diancam dening Allah, iku mêsthi bakal kalakon têmênan.
وَّاِنَّ الدِّيْنَ لَوَاقِعٌۗ٦
Wa innad-dīna lawāqi‘(un).
[6]
Pituwase laku ala lan bêcik, iku mêsthi kalakon.
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الْحُبُكِۙ٧
Was-samā'i żātil-ḥubuk(i).
[7]
Dêmi langit kang ana dalane kanggo lumaku lintang-lintang.
اِنَّكُمْ لَفِيْ قَوْلٍ مُّخْتَلِفٍۙ٨
Innakum lafī qaulim mukhtalif(in).
[8]
Enggonira padha ngarani Kuran lan Nabi Mukhammad iku beda-beda.
يُّؤْفَكُ عَنْهُ مَنْ اُفِكَۗ٩
Yu'faku ‘anhu man ufik(a).
[9]
Wong kang kêna digorohi, iya sida didohake saka ing Kuran lan [la....n] saka Nabi Mukhammad.
قُتِلَ الْخَرَّاصُوْنَۙ١٠
Qutilal-kharrāṣūn(a).
[10]
Wong kang padha goroh mau didohake saka rahmating Allah.
الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ غَمْرَةٍ سَاهُوْنَۙ١١
Allażīna hum fī gamratin sāhūn(a).
[11]
Wong kang padha kêsilêp ing bodho iku padha lali, ora praduli prakara akhirat.
يَسْـَٔلُوْنَ اَيَّانَ يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٢
Yas'alūna ayyāna yaumud-dīn(i).
[12]
Padha anggêguyu, takon ing Nabi Mukhammad: Benjing punapa kalampahanipun dintên kiyamat.
يَوْمَ هُمْ عَلَى النَّارِ يُفْتَنُوْنَ١٣
Yauma hum ‘alan-nāri yuftanūn(a).
[13]
Dhawuh wangsulane Nabi Mukhammad: Iya iku dina nalikane wong kaphir padha disiksa ana ing naraka.
ذُوْقُوْا فِتْنَتَكُمْۗ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ١٤
Żūqū fitnatakum, hāżal-lażī kuntum bihī tasta‘jilūn(a).
[14]
Lan padha didhawuhi: Iki siksa kang padha sira gege biyèn. Mara padha rasakna.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ١٥
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[15]
Sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku ana ing suwarga kang ana bêngawane mili.
اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ١٦
Ākhiżīna mā ātāhum rabbuhum, innahum kānū qabla żālika muḥsinīn(a).
[16]
Padha nampani ganjaran pêparinging Pangerane. Wong mukmin mau sadurunge malêbu ing suwarga, nalika ana ing dunya, padha nglakoni panggawe bêcik.
كَانُوْا قَلِيْلًا مِّنَ الَّيْلِ مَا يَهْجَعُوْنَ١٧
Kānū qalīlam minal-laili mā yahja‘ūn(a).
[17]
Wong mukmin mau yèn bêngi ênggone turu mung sathithik.
وَبِالْاَسْحَارِ هُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ١٨
Wa bil-asḥāri hum yastagfirūn(a).
[18]
Lan yèn wayah saur (sapratêloning wêngi kang wêkasan) padha nyuwun pangapuraning Allah.
وَفِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِ١٩
Wa fī amwālihim ḥaqqul lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[19]
Bandhane disadhiyakake dadi duwèke wong papriman lan wong mlarat kang suthik anjêjaluk.
وَفِى الْاَرْضِ اٰيٰتٌ لِّلْمُوْقِنِيْنَۙ٢٠
Wa fil-arḍi āyātul lil-mūqinīn(a).
[20]
Bumi iku panggonan gumêlaring tăndha yêkti, tumrap wong kang têrang sêsurupane, kang mratandhani kawasaning Allah.
وَفِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ٢١
Wa fī anfusikum, afalā tubṣirūn(a).
[21]
Apa sira ora tau andêlêng kang ana awakira.
وَفِى السَّمَاۤءِ رِزْقُكُمْ وَمَا تُوْعَدُوْنَ٢٢
Wa fis-samā'i rizqukum wa mā tū‘adūn(a).
[22]
Rijêkinira lan pituwasing laku kang disadhiyakake marang sira, iku padha ana ing langit.
فَوَرَبِّ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اِنَّهٗ لَحَقٌّ مِّثْلَ مَآ اَنَّكُمْ تَنْطِقُوْنَ ࣖ٢٣
Fa wa rabbis-samā'i wal-arḍi innahū laḥaqqum miṡla mā annakum tanṭiqūn(a).
[23]
Dêmi Pangeraning bumi lan langit, sabarang kang diprasêtyakake marang sira, iku mêsthi kêlakon nyata, kaya ênggonira bisa calathu, iki sira wis tanpa mamang.
هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ ضَيْفِ اِبْرٰهِيْمَ الْمُكْرَمِيْنَۘ٢٤
Hal atāka ḥadīṡu ḍaifi ibrāhīmal-mukramīn(a).
[24]
(He Mukhammad) apa sira wis wêruh carita dhayohe Nabi Ibrahim, iya iku malaikat rolas, kang padha mulya, panggêdhene Malaikat Jabarail.
اِذْ دَخَلُوْا عَلَيْهِ فَقَالُوْا سَلٰمًا ۗقَالَ سَلٰمٌۚ قَوْمٌ مُّنْكَرُوْنَ٢٥
Iż dakhalū ‘alaihi fa qālū salāmā(n), qāla salām(un), qaumum munkarūn(a).
[25]
Nalika padha malêbu ing omahe Nabi Ibrahim, padha uluk salam, Nabi Ibrahim uga mangsuli salam sarta takon: Sampeyan sintên, kula dèrèng sumêrêp.
فَرَاغَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ فَجَاۤءَ بِعِجْلٍ سَمِيْنٍۙ٢٦
Farāga ilā ahlihī fa jā'a bi‘ijlin samīn(in).
[26]
Nabi Ibrahim nuli nolih marang rabine, rabine nuli ngladèkake pêdhèt lêmu kang wis diolah matêng.
فَقَرَّبَهٗٓ اِلَيْهِمْۚ قَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَ٢٧
Fa qarrabahū ilaihim, qāla alā ta'kulūn(a).
[27]
Nabi Ibrahim nuli ngajokake suguhe, dhayohe diacarani dhahar, nanging ora arêp. Nabi Ibrahim takon: Kenging punapa sampeyan sami botên karsa dhahar.
فَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْۗ وَبَشَّرُوْهُ بِغُلٰمٍ عَلِيْمٍ٢٨
Fa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf, wa basysyarūhu bigulāmin ‘alīm(in).
[28]
Nabi Ibrahim banjur wêdi marang dhayohe mau, dhayoh banjur calathu: Sampeyan sampun ajrih, kula punika utusanipun Pangeran sampeyan. Dhayoh banjur ambêbungah marang Nabi Ibrahim, diwarah bakal duwe anak lanang akèh kawruhe.
فَاَقْبَلَتِ امْرَاَتُهٗ فِيْ صَرَّةٍ فَصَكَّتْ وَجْهَهَا وَقَالَتْ عَجُوْزٌ عَقِيْمٌ٢٩
Fa aqbalatimra'atuhū fī ṣarratin fa ṣakkat wajhahā wa qālat ‘ajūzun ‘aqīm(un).
[29]
Rabine Nabi Ibrahim aran Sarah kagèt nuli maju, sarta anjêlih dening gumun, lan mêtêk raine, pangucape: Kula punika sampun pikun, umur sangang dasa taun, laki kula ugi sampun gabug, umur satus kalih dasa taun. Punapa yêktos kula sagêd manak.
قَالُوْا كَذٰلِكِۙ قَالَ رَبُّكِ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ ۔٣٠
Qālū każālik(i), qāla rabbuk(i), innahū huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[30]
Para dhayohe padha mangsuli: Sampun makatên pangandikanipun Pangeran sampeyan, sampun mêsthi kalampahan. Allah punika Wicaksana tur nguningani samukawis.
۞ قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ اَيُّهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ٣١
Qāla famā khaṭbukum ayyuhal-mursalūn(a).
[31]
Nabi Ibrahim takon: Kajawi saking punika, sampeyan dipun utus punapa.
قَالُوْآ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمٍ مُّجْرِمِيْنَۙ٣٢
Qālū innā ursilnā ilā qaumim mujrimīn(a).
[32]
Para malaikat padha mangsuli: Kula dipun utus numpês para tiyang kaphir umatipun Nabi Lut.
لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّنْ طِيْنٍۙ٣٣
Linursila ‘alaihim ḥijāratam min ṭīn(in).
[33]
Kula kakarsakakên anjawahi sela utawi banon dhatêng tiyang kaphir wau.
مُّسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِيْنَ٣٤
Musawwamatan ‘inda rabbika lil-musrifīn(a).
[34]
Sela wau sampun dipun cirèni dening Pangeran sampeyan, kasêrat namanipun satunggal-tunggaling tiyang kaphir ingkang badhe kêtaman sela wau.
فَاَخْرَجْنَا مَنْ كَانَ فِيْهَا مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۚ٣٥
Fa akhrajnā man kāna fīhā minal-mu'minīn(a).
[35]
Sapunika kula pêrlu nyingkirakên para tiyang mukmin ingkang sami wontên ing ngriku.
فَمَا وَجَدْنَا فِيْهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِّنَ الْمُسْلِمِيْنَۚ٣٦
Famā wajadnā fīhā gaira baitim minal-muslimīn(a).
[36]
Salêbêtipun kitha Sadum ngriku, griya ingkang dipun ênggèni tiyang Islam, namung satunggal, griyanipun Nabi Lut.
وَتَرَكْنَا فِيْهَآ اٰيَةً لِّلَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ الْعَذَابَ الْاَلِيْمَۗ٣٧
Wa taraknā fīhā āyatal lil-lażīna yakhāfūnal-‘ażābal-alīm(a).
[37]
Kula lajêng nilar têtilas, wontên ing ngriku, supados dadosa ayat, tăndha yêktosipun anggèn kula numpês para umatipun Nabi Lut, dadosa pèngêt dhumatêng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti.
وَفِيْ مُوْسٰىٓ اِذْ اَرْسَلْنٰهُ اِلٰى فِرْعَوْنَ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Wa fī mūsā iż arsalnāhu ilā fir‘auna bisulṭānim mubīn(in).
[38]
Dene carita lêlakone Nabi Musa, iku uga dadi tăndha yêkti manèh. Iya iku ênggone Nabi Musa Ingsun utus nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon, kanthi tăndha yêkti kang cêtha, iya iku mukjizat kaelokan.
فَتَوَلّٰى بِرُكْنِهٖ وَقَالَ سٰحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٣٩
Fa tawallā biruknihī wa qāla sāḥirun au majnūn(un).
[39]
Raja Phirngon sabalane padha maido, pangucape: Nabi Musa iku yèn dudu juru sikhir, iya wong edan.
فَاَخَذْنٰهُ وَجُنُوْدَهٗ فَنَبَذْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ وَهُوَ مُلِيْمٌۗ٤٠
Fa akhażnāhu wa junūdahū fanabażnāhum fil-yammi wa huwa mulīm(un).
[40]
Raja Phirngon sabalane mau padha Ingsun tumpês, sarana Ingsun silêpake ana ing sagara. Raja Phirngon dadi kawêlèh ênggone ngaku Pangeran maido rasul.
وَفِيْ عَادٍ اِذْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الرِّيْحَ الْعَقِيْمَۚ٤١
Wa fī ‘ādin iż arsalnā ‘alaihimur-rīḥal-‘aqīm(a).
[41]
Lan manèh lêlakone wong Ngad, iku uga [u...ga] dadi tăndha yêkti, iya iku nalikane Ingsun têkani angin kang ora ana bêcike.
مَا تَذَرُ مِنْ شَيْءٍ اَتَتْ عَلَيْهِ اِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيْمِۗ٤٢
Mā tażaru min syai'in atat ‘alaihi illā ja‘alathu kar-ramīm(i).
[42]
Angin mau manawa narajang wong Ngad utawa rajadarbèke, êndi kang katrajang, mêsthi katiwasan.
وَفِيْ ثَمُوْدَ اِذْ قِيْلَ لَهُمْ تَمَتَّعُوْا حَتّٰى حِيْنٍ٤٣
Wa fī ṡamūda iż qīla lahum tamatta‘ū ḥattā ḥīn(in).
[43]
Carita tumpêse wong Samud, iya dadi tăndha yêkti, iya iku sawise padha ambêlèh untaning Allah, banjur didhawuhi: Iya padha bungah-bungaha mupung isih urip, têlung dina êngkas puputing uripmu.
فَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ فَاَخَذَتْهُمُ الصّٰعِقَةُ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ٤٤
Fa‘atau ‘an amri rabbihim fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu wa hum yanẓurūn(a).
[44]
Wong Samud mau wis kêbanjur gumêdhe, suthik ngèstokake parentahing Pangerane, mulane banjur tumpês dening pêtake Malaikat Jabarail. Kabèh padha andêlêng siksa kasat mata.
فَمَا اسْتَطَاعُوْا مِنْ قِيَامٍ وَّمَا كَانُوْا مُنْتَصِرِيْنَۙ٤٥
Famastaṭā‘ū min qiyāmiw wa mā kānū muntaṣirīn(a).
[45]
Sawise katêkan siksa, wong Samud ora bisa ngadêg utawa mlaku, dadi ora ana kang kêtulungan, kabèh tumpês.
وَقَوْمَ نُوْحٍ مِّنْ قَبْلُ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ ࣖ٤٦
Wa qauma nūḥim min qabl(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[46]
Lan manèh sadurunge iku, Ingsun numpês para umate Nabi Nuh mau padha duraka kaphir.
وَالسَّمَاۤءَ بَنَيْنٰهَا بِاَيْىدٍ وَّاِنَّا لَمُوْسِعُوْنَ٤٧
Was-samā'a banaināhā bi'aidiw wa innā lamūsi‘ūn(a).
[47]
Langit iku Ingsun dêgake kalawan kawasaningsun, Ingsun iki kawasa, langit Ingsun gawe jêmbar.
وَالْاَرْضَ فَرَشْنٰهَا فَنِعْمَ الْمٰهِدُوْنَ٤٨
Wal-arḍa farasynāhā fa ni‘mal-māhidūn(a).
[48]
Dene bumi iku Ingsun gêlar, Ingsun iki bêcik-bêcike kang anggêlar.
وَمِنْ كُلِّ شَيْءٍ خَلَقْنَا زَوْجَيْنِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٤٩
Wa min kulli syai'in khalaqnā zaujaini la‘allakum tażakkarūn(a).
[49]
Samubarang kang dumadi iku akèh kang Ingsun gawe jodhon, kaya ta: Lanang lan wadon, srêngenge lan rêmbulan, bumi lan langit sapêpadhane, iku supaya sira wruha yèn Allah iku mung siji.
فَفِرُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۚ٥٠
Fa firrū ilallāh(i), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[50]
Mulane padha mlayua, ngèstokake parentahing Allah, ninggala manut ing setan. Ingsun iki ngelingake kalawan cêtha, têrang saka Allah.
وَلَا تَجْعَلُوْا مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۗ اِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥١
Wa lā taj‘alū ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[51]
Lan aja padha maro tingal, mangeran liyane Allah, aku iki ngelingake kalawan cêtha, têrang saka Allah.
كَذٰلِكَ مَآ اَتَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا قَالُوْا سَاحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٥٢
Każālika mā atal-lażīna min qablihim mir rasūlin illā qālū sāḥirun au majnūn(un).
[52]
Mangkono uga wong kuna, sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, sabên katêkan rasul mêsthi ngucap: Kang ngaku rasul iku yèn ora juru sikhir iya wong edan.
اَتَوَاصَوْا بِهٖۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٥٣
Atawāṣau bih(ī), bal hum qaumun ṭāgūn(a).
[53]
Apa wong kaphir mau padha mêmêkas marang anak putune, padha dikon ngucap ala marang rasul. [rasu....l.] Wong ngucap mangkono iku têtêp wong padha kêsasar.
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ فَمَآ اَنْتَ بِمَلُوْمٍ٥٤
Fa tawalla ‘anhum famā anta bimalūm(in).
[54]
Mulane sira malengosa marang wong mangkono mau, sira wis ora kainan, awit wis mratakake dhawuh.
وَذَكِّرْ فَاِنَّ الذِّكْرٰى تَنْفَعُ الْمُؤْمِنِيْنَ٥٥
Wa żakkir fa innaż-żikra tanfa‘ul-mu'minīn(a).
[55]
Lan sira mêmulanga marang wong kang pracaya ing Allah, awit wêwulang iku migunani marang para wong mukmin.
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ٥٦
Wa mā khalaqtul-jinna wal-insa illā liya‘budūn(i).
[56]
Enggon Ingsun gawe jin lan manungsa kang mukmin, iku karsaningsun, supaya padha nêmbaha ing Ingsun.
مَآ اُرِيْدُ مِنْهُمْ مِّنْ رِّزْقٍ وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ يُّطْعِمُوْنِ٥٧
Mā urīdu minhum mir rizqiw wa mā urīdu ay yuṭ‘imūn(i).
[57]
Jin lan manungsa mau, ora Ingsun karsakake golèk rijêki konjuk ing Ingsun utawa kanggo pangane dhewe, lan ora Ingsun karsakake ngingoni Ingsun utawa awake dhewe.
اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الرَّزَّاقُ ذُو الْقُوَّةِ الْمَتِيْنُ٥٨
Innallāha huwar-razzāqu żul-quwwatil-matīn(u).
[58]
Satêmêne Allah iku paring rijêki tur prakosa bangêt.
فَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذَنُوْبًا مِّثْلَ ذَنُوْبِ اَصْحٰبِهِمْ فَلَا يَسْتَعْجِلُوْنِ٥٩
Fa inna lil-lażīna ẓalamū żanūbam miṡla żanūbi aṣḥābihim falā yasta‘jilūn(i).
[59]
Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe sarana dadi kaphir, iku padha duwe bubuhan siksa kaya bubuhane kancane, iya iku wong kaphir kuna kang wis padha tumpês, dadi wis ora anggege siksa.
فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ يَّوْمِهِمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ ࣖ٦٠
Fa wailul lil-lażīna kafarū miy yaumihimul-lażī yū‘adūn(a).
[60]
Siksa kang abot iku patrapane para wong kaphir besuk dina kiyamat kang wis ditamtokake dening Allah.