Surah Qaf
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قۤ ۗوَالْقُرْاٰنِ الْمَجِيْدِ ۖ١
Qāf, wal-qur'ānil-majīd(i).
[1]
Kaph iku araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kuran kang mulya, wong kaphir ing Mêkah iku ora pracaya ing Nabi Mukhammad.
بَلْ عَجِبُوْٓا اَنْ جَاۤءَهُمْ مُّنْذِرٌ مِّنْهُمْ فَقَالَ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا شَيْءٌ عَجِيْبٌ ۚ٢
Bal ‘ajibū an jā'ahum munżirum minhum faqālal-kāfirūna hāżā syai'un ‘ajīb(un).
[2]
Malah padha gumun lan ngungun dene padha katêkan utusaning Allah. Pêthilan saka kancane dhewe, mêmêdèni bakal ana siksa naraka. Wong kaphir padha ngucap: Iki prakara kang ngeram- eramake.
ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا ۚ ذٰلِكَ رَجْعٌۢ بَعِيْدٌ٣
A'iżā mitnā wa kunnā turābā(n), żālika raj‘um ba‘īd(un).
[3]
Besuk yèn aku wis mati lan wis dadi lêmah, jare bakal diuripake manèh, iku rak adoh bangêt.
قَدْ عَلِمْنَا مَا تَنْقُصُ الْاَرْضُ مِنْهُمْ ۚوَعِنْدَنَا كِتٰبٌ حَفِيْظٌ٤
Qad ‘alimnā mā tanquṣul-arḍu minhum, wa ‘indanā kitābun ḥafīẓ(un).
[4]
Ingsun nguningani bumi ênggone ngêlongi cacahe wong kaphir mau, sarta Ingsun kagungan Lohmahphul.
بَلْ كَذَّبُوْا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْ فَهُمْ فِيْٓ اَمْرٍ مَّرِيْجٍ٥
Bal każżabū bil-ḥaqqi lammā jā'ahum fahum fī amrim marīj(in).
[5]
Wong kaphir mau barêng katêkan Kuran, malah padha maido Kuran.
اَفَلَمْ يَنْظُرُوْٓا اِلَى السَّمَاۤءِ فَوْقَهُمْ كَيْفَ بَنَيْنٰهَا وَزَيَّنّٰهَا وَمَا لَهَا مِنْ فُرُوْجٍ٦
Afalam yanẓurū ilas-samā'i fauqahum kaifa banaināhā wa zayyanāhā wa mā lahā min furūj(in).
[6]
Wong kaphir mau padha lali, dadi ora andêlêng langit kang ana ing dhuwure, ênggone Ingsun adêgake tanpa cagak, sarta Ingsun rêngga kalawan lintang warna-warna, apadene tanpa bolongan.
وَالْاَرْضَ مَدَدْنٰهَا وَاَلْقَيْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍۢ بَهِيْجٍۙ٧
Wal-arḍa madadnāhā wa alqainā fīhā rawāsiya wa ambatnā fīhā min kulli zaujim bahīj(in).
[7]
Lan ora andêlêng bumi ênggone Ingsun gêlar, Ingsun dokoki gunung gêdhe pirang-pirang, apadene Ingsun dokoki thêthukulan warna-warna kang ambungahake.
تَبْصِرَةً وَّذِكْرٰى لِكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيْبٍ٨
Tabṣirataw wa żikrā likulli ‘abdim munīb(in).
[8]
Minăngka tuladha lan pêpeling tumrap ing kawula kang manut miturut.
وَنَزَّلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً مُّبٰرَكًا فَاَنْۢبَتْنَا بِهٖ جَنّٰتٍ وَّحَبَّ الْحَصِيْدِۙ٩
Wa nazzalnā minas-samā'i mā'am mubārakan fa'ambatnā bihī jannātiw wa ḥabbal-ḥaṣīd(i).
[9]
Lan manèh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa barkah saka ing langit, iku banjur Ingsun ênggo nukulake thêthukulan ing palêmahan lan wit-witan kang kêna diundhuh wohe.
وَالنَّخْلَ بٰسِقٰتٍ لَّهَا طَلْعٌ نَّضِيْدٌۙ١٠
Wan-nakhla bāsiqātil lahā ṭal‘un naḍīd(un).
[10]
Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur-dhuwur, lan dangune sungsun akèh.
رِّزْقًا لِّلْعِبَادِۙ وَاَحْيَيْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًاۗ كَذٰلِكَ الْخُرُوْجُ١١
Rizqal lil-‘ibād(i), wa aḥyainā bihī baldatam maitā(n), każālikal-khurūj(u).
[11]
Minăngka pangane para kawula, lan manèh banyu udan mau Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang bêra, dene ing besuk mêtune wong kang wis padha mati saka ing kubure, iya kaya mangkono.
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّاَصْحٰبُ الرَّسِّ وَثَمُوْدُ١٢
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa aṣḥābur-rassi wa ṡamūd(u).
[12]
Biyèn, para umate Nabi Nuh lan wong Askhaburras, [Askha...burras,] apadene wong Samud, sadurunge ana wong Mêkah iku, padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati.
وَعَادٌ وَّفِرْعَوْنُ وَاِخْوَانُ لُوْطٍۙ١٣
Wa ‘āduw wa fir‘aunu wa ikhwānu lūṭ(in).
[13]
Lan manèh wong Ngad, Raja Phirngon, para santanane Nabi Lut, wong Askabul Aikah lan para umate Nabi Tubbak, kabèh mau padha maido para rasul, mulane wis bênêre padha kêna pangancam Ingsun siksa.
وَّاَصْحٰبُ الْاَيْكَةِ وَقَوْمُ تُبَّعٍۗ كُلٌّ كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ وَعِيْدِ١٤
Wa aṣḥābul-aikati wa qaumu tubba‘(in), kullun każżabar-rusula faḥaqqa wa‘īd(i).
[14]
Apa Ingsun ora bisa nguripake wong mati kaya ênggon Ingsun nguripake mani dadi manungsa, kang wis kêlakon (mêsthi bisa) nanging wong kaphir padha mamang marang kang bakal Ingsun tindakake anyar, iya iku nguripake wong kang wis padha mati.
اَفَعَيِيْنَا بِالْخَلْقِ الْاَوَّلِۗ بَلْ هُمْ فِيْ لَبْسٍ مِّنْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ࣖ١٥
Afa ‘ayīna bil-khalqil-awwal(i), bal hum fī labsim min khalqin jadīd(in).
[15]
Ingsun wis gawe manungsa, lan nguningani sakarêntêging atine, dene Ingsun iki cêdhak bangêt marang manungsa, ngungkuli otote gulu iring.
وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ وَنَعْلَمُ مَا تُوَسْوِسُ بِهٖ نَفْسُهٗ ۖوَنَحْنُ اَقْرَبُ اِلَيْهِ مِنْ حَبْلِ الْوَرِيْدِ١٦
Wa laqad khalaqnal-insāna wa na‘lamu mā tuwaswisu bihī nafsuh(ū), wa naḥnu aqrabu ilaihi min ḥablil-warīd(i).
[16]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane malaikat loro kang rumêksa manungsa padha sapatêmon, linggih ana ing kiwa lan têngêning manungsa.
اِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيٰنِ عَنِ الْيَمِيْنِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيْدٌ١٧
Iż yatalaqqal-mutalaqqiyāni ‘anil-yamīni wa ‘anisy-syimāli qa‘īd(un).
[17]
Sabên manungsa ngucapake apa-apa, mêsthi disêksèni lan ditulisi dening malaikat loro [lo....ro] kang padha ana kiwa têngêning manungsa mau.
مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ اِلَّا لَدَيْهِ رَقِيْبٌ عَتِيْدٌ١٨
Mā yalfiẓu min qaulin illā ladaihi raqībun ‘atīd(un).
[18]
Sawise têkan ing wêwangên, sêkarating pati têka, pati mau kang tansah sira singkiri.
وَجَاۤءَتْ سَكْرَةُ الْمَوْتِ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ مَا كُنْتَ مِنْهُ تَحِيْدُ١٩
Wa jā'at sakratul-mauti bil-ḥaqq(i), żālika mā kunta minhu taḥīd(u).
[19]
Ing têmbe sêmprong Malaikat Israphil didamu, sarupaning nyawa banjur padha mêtu, manjing ing wadhage dhewe-dhewe, sarupane wong mati banjur padha urip manèh, iya iku besuk dina kiyamat, dina kalakone pangancam siksa marang para wong kaphir.
وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِۗ ذٰلِكَ يَوْمُ الْوَعِيْدِ٢٠
Wa nufikha fiṣ-ṣūr(i), żālika yaumul-wa‘īd(i).
[20]
Sarupaning wong padha têka, ngalumpuk mênyang Mahsar, padha dituntun ing malaikat, kanthi saksi kang nêrangake ala lan bêcike, iya iku peranganing awake dhewe.
وَجَاۤءَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّعَهَا سَاۤىِٕقٌ وَّشَهِيْدٌ٢١
Wa jā'at kullu nafsim ma‘ahā sā'iquw wa syahīd(un).
[21]
Nalika ana ing dunya sira lali, ora mikir prakara iki, saiki lalinira Ingsun bukak, dadi pandêlêngira banjur padhang, wêruh samubarang kang padha sira paido biyèn.
لَقَدْ كُنْتَ فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا فَكَشَفْنَا عَنْكَ غِطَاۤءَكَ فَبَصَرُكَ الْيَوْمَ حَدِيْدٌ٢٢
Laqad kunta fī gaflatim min hāżā fakasyafnā ‘anka giṭā'aka fabaṣarukal-yauma ḥadīd(un).
[22]
Malaikat kang nyathêti calathu: Kang kasêbut ing buku iki lugune cathêtan kang ana ing aku.
وَقَالَ قَرِيْنُهٗ هٰذَا مَا لَدَيَّ عَتِيْدٌۗ٢٣
Wa qāla qarīnuhū hāżā mā ladayya ‘atīd(un).
[23]
Nuli ana dhawuhing Allah marang Malaikat Malik, kang rumêksa naraka, sarupane wong kaphir kang nyulayani ing Allah, iku padha sira cêmplungna [cêmplung.....na] ing Naraka Jahanam.
اَلْقِيَا فِيْ جَهَنَّمَ كُلَّ كَفَّارٍ عَنِيْدٍ٢٤
Alqiyā fī jahannama kulla kaffārin ‘anīd(in).
[24]
Iya iku wong kang padha mênging nglakoni panggawe bêcik, padha nganiaya lan mamang marang agamaning Allah.
مَنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ مُّرِيْبٍۙ٢٥
Mannā‘il lil-khairi mu‘tadim murīb(in).
[25]
Kang mangeran marang liyaning Allah, iku sira cêmplungna ana ing siksa kang abot.
ۨالَّذِيْ جَعَلَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَاَلْقِيٰهُ فِى الْعَذَابِ الشَّدِيْدِ٢٦
Allażī ja‘ala ma‘allāhi ilāhan ākhara fa'alqiyāhu fil-‘ażābisy-syadīd(i).
[26]
Setan kancane wong kaphir mau munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan botên pisan nasarakên tiyang kaphir punika, nanging pun kaphir piyambak ingkang nasar sangêt.
۞ قَالَ قَرِيْنُهٗ رَبَّنَا مَآ اَطْغَيْتُهٗ وَلٰكِنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ٢٧
Qāla qarīnuhū rabbanā mā aṭgaituhū wa lākin kāna fī ḍalālim ba‘īd(in).
[27]
Allah ngandika: Sira aja padha garêjêgan ana ngarsaningsun, wong kaphir sadurunge Ingsun patrapi siksa, biyèn Ingsun wis ngundhangake pangancam siksa marang sira.
قَالَ لَا تَخْتَصِمُوْا لَدَيَّ وَقَدْ قَدَّمْتُ اِلَيْكُمْ بِالْوَعِيْدِ٢٨
Qāla lā takhtaṣimū ladayya wa qad qaddamtu ilaikum bil-wa‘īd(i).
[28]
Undhang-undhange Kuran iku têrang saka Ingsun, ora kêna diowahi. Ingsun ora pisan nganiaya marang kawulaningsun.
مَا يُبَدَّلُ الْقَوْلُ لَدَيَّ وَمَآ اَنَا۠ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ࣖ٢٩
Mā yubaddalul-qaulu ladayya wa mā ana biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[29]
Nalikane Ingsun dhawuh marang Naraka Jahanam, apa saiki sira wis kêbak wong duraka, Naraka Jahanam banjur munjuk: Dèrèng. Punapa taksih badhe kawêwahan tiyang duraka malih, ing ngriki taksih jêmbar sangêt.
يَوْمَ نَقُوْلُ لِجَهَنَّمَ هَلِ امْتَلَـْٔتِ وَتَقُوْلُ هَلْ مِنْ مَّزِيْدٍ٣٠
Yauma naqūlu lijahannama halimtala'ti wa taqūlu hal mim mazīd(in).
[30]
Para wong kang wêdi ing Allah sadurunge malêbu ing suwarga, suwarga wis dicêdhakake, ora adoh.
وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ غَيْرَ بَعِيْدٍ٣١
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīna gaira ba‘īd(in).
[31]
Suwarga iki ganjaran kang Ingsun prasêtyakake biyèn, marang sarupaning wong kang manut miturut marang Ingsun, nyingkiri larangan Ingsun nalika ana ing dunya.
هٰذَا مَا تُوْعَدُوْنَ لِكُلِّ اَوَّابٍ حَفِيْظٍۚ٣٢
Hāżā mā tū‘adūna likulli awwābin ḥafīẓ(in).
[32]
Iya iku wong kang wêdi ing Allah kang Mahamurah, tur ora andêlêng sariraning Allah kalawan ati madhêp ing Allah.
مَنْ خَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِ وَجَاۤءَ بِقَلْبٍ مُّنِيْبٍۙ٣٣
Man khasyiyar-raḥmāna bil-gaibi wa jā'a biqalbim munīb(in).
[33]
(He para kawulaningsun kang bêcik) sira padha malêbua ing suwarga, kalawan slamêt lan têntrêm, ing suwarga iku dina langgêng, ora ana pati.
ۨادْخُلُوْهَا بِسَلٰمٍ ۗذٰلِكَ يَوْمُ الْخُلُوْدِ٣٤
Udkhulūhā bisalām(in), żālika yaumul-khulūd(i).
[34]
Ana ing suwarga, wong mukmin padha katêkan samubarang kang dikarêpake, lan ana manèh wuwuhing kabungahan, ana ing ngarsaningsun, iya iku andêlêng sariraningsun.
لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ فِيْهَا وَلَدَيْنَا مَزِيْدٌ٣٥
Lahum mā yasyā'ūna fīhā wa ladainā mazīd(un).
[35]
Sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, biyèn ana wong kaphir pirang-pirang, padha Ingsun tumpês, tur gagah prakosane ngungkuli wong kaphir turun Kurès iku, wong kaphir mau padha mlayu ana sajroning nagara, karêpe ngungsi. Apa iya olèh pangungsèn (ora).
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَشَدُّ مِنْهُمْ بَطْشًا فَنَقَّبُوْا فِى الْبِلَادِۗ هَلْ مِنْ مَّحِيْصٍ٣٦
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum asyaddu minhum baṭsyan fanaqqabū fil-bilād(i), hal mim maḥīṣ(in).
[36]
Kang wis kasêbut mau mêsthi dadi wêwulang tumrap wong kang ana pikire, utawa ngrungokake wêwulang tur atine ngrasakake.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَذِكْرٰى لِمَنْ كَانَ لَهٗ قَلْبٌ اَوْ اَلْقَى السَّمْعَ وَهُوَ شَهِيْدٌ٣٧
Inna fī żālika lażikrā liman kāna lahū qalbun au alqas-sam‘a wa huwa syahīd(un).
[37]
Ingsun wis gawe bumi lan langit, apadene barang kang ana antarane bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung, lan Ingsun tanpa sayah.
وَلَقَدْ خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍۖ وَّمَا مَسَّنَا مِنْ لُّغُوْبٍ٣٨
Wa laqad khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyām(in), wa mā massanā mil lugūb(in).
[38]
(He Mukhammad) mulane sira sabara, aja ngrasakake pangucape wong Yahudi lan liyane, mung nêbuta Mahasuci lan mêmuji ing Pangeranira, lan sêmbayanga sadurunge malêthèk srêngenge, iya iku salat Subuh, lan sadurunge surup, iya iku salat Luhur lan Ngasar.
فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ الْغُرُوْبِ ۚ٣٩
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qablal-gurūb(i).
[39]
Lan sêmbayanga ing wayah wêngi, iya iku salat Mahrib lan Ngisa, lan sêmbayanga sunat sawise sêmbayang pêrlu.
وَمِنَ الَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَاَدْبَارَ السُّجُوْدِ٤٠
Wa minal-laili fasabbiḥhu wa adbāras-sujūd(i).
[40]
He isining bumi, sira padha ngrungokna nalikane Malaikat Ngisraphil nguwuh-uwuh saka panggonan ing bumi kang cêdhak dhewe lan langit. Têmbunge: He sarupaning bêbalung kang wis padha rusak, lan sarupane ros-rosan kang wis padha ajur dadi lêmah, lan sarupane wulu kang wis bodhol, dhawuhing Allah marang sira, padha ngalumpuka dadi badan manèh, bakal padha tămpa karampungane prakaranira.
وَاسْتَمِعْ يَوْمَ يُنَادِ الْمُنَادِ مِنْ مَّكَانٍ قَرِيْبٍ٤١
Wastami‘ yauma yunādil-munādi mim makānin qarīb(in).
[41]
Dene nalikane para mahluk padha krungu pêtake Malaikat Israphil kang kapindho, iku dina kiyamat, nalika tangine wong kang wis padha mati saka ing kubure.
يَوْمَ يَسْمَعُوْنَ الصَّيْحَةَ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ يَوْمُ الْخُرُوْجِ٤٢
Yauma yasma‘ūnaṣ-ṣaiḥata bil-ḥaqq(i), żālika yaumul-khurūj(i).
[42]
Ingsun iki kang gawe pati lan urip, samubarang iku wêkasane padha bali marang Ingsun.
اِنَّا نَحْنُ نُحْيٖ وَنُمِيْتُ وَاِلَيْنَا الْمَصِيْرُۙ٤٣
Innā naḥnu nuḥyī wa numītu wa ilainal-maṣīr(u).
[43]
Dina kiyamat mau nalikane bumi padha bêngkah, wong kang wis mati padha mêtu saka kono, ngalumpuk marang Mahsar rêrikatan. Kalakone mangkono mau, tumrap ing Ingsun, rèmèh bae, ora angèl.
يَوْمَ تَشَقَّقُ الْاَرْضُ عَنْهُمْ سِرَاعًا ۗذٰلِكَ حَشْرٌ عَلَيْنَا يَسِيْرٌ٤٤
Yauma tasyaqqaqul-arḍu ‘anhum sirā‘ā(n), żālika ḥasyrun ‘alainā yasīr(un).
[44]
Ingsun nguningani pangucape para wong kaphir turun Kurès, sira ora bisa mêksa wong kaphir mau marang iman (kapracayan).
نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِجَبَّارٍۗ فَذَكِّرْ بِالْقُرْاٰنِ مَنْ يَّخَافُ وَعِيْدِ ࣖ٤٥
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna wa mā anta ‘alaihim bijabbār(in), fażakkir bil-qur'āni may yakhāfu wa‘īd(i).
[45]
Mulane sing sapa wêdi pangancam Ingsun siksa, manut mituruta wêwulanging Kuran.