Surah Al-Ma`idah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَوْفُوْا بِالْعُقُوْدِۗ اُحِلَّتْ لَكُمْ بَهِيْمَةُ الْاَنْعَامِ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ غَيْرَ مُحِلِّى الصَّيْدِ وَاَنْتُمْ حُرُمٌۗ اِنَّ اللّٰهَ يَحْكُمُ مَا يُرِيْدُ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aufū bil-‘uqūd(i), uḥillat lakum bahīmatul-an‘āmi illā mā yutlā ‘alaikum gaira muḥilliṣ-ṣaidi wa antum ḥurum(un), innallāha yaḥkumu mā yurīd(u).
[1] He wong kang padha mukmin kabèh, sira padha nuhonana janji. Sira kabèh padha disarah, kêna mangan iwaking rajakaya, kajaba kang wis didhawuhake larangan marang sira kabèh, lan kajaba ambêburu (ambêbêdhag) kewan alasan, kang măngka sira pinuju ihram, (Ihram iku têgêse nglarangi, iya iku kalêbu ugêre wong nglakoni khaji, kawitan têkaning wêkasan akèh larangane, cacah sapuluh prakara kalêbu ambêbêdhag, kaya kang kasêbut ing kitap kawruh Phakih. Takrib.) iku sira padha dilarangi ambêbêdhag, satêmêne Allah iku wênang andhawuhake kukum larangan utawa panyarah sakarsa-karsane piyambak.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحِلُّوْا شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ وَلَا الشَّهْرَ الْحَرَامَ وَلَا الْهَدْيَ وَلَا الْقَلَاۤىِٕدَ وَلَآ اٰۤمِّيْنَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرِضْوَانًا ۗوَاِذَا حَلَلْتُمْ فَاصْطَادُوْا ۗوَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ اَنْ صَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اَنْ تَعْتَدُوْاۘ وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuḥillū sya‘ā'irallāhi wa lasy-syahral-ḥarāma wa lal-hadya wa lal-qalā'ida wa lā āmmīnal-baital-ḥarāma yabtagūna faḍlam mir rabbihim wa riḍwānā(n), wa iżā ḥalaltum faṣṭādū, wa lā yajrimannakum syana'ānu qaumin an ṣaddūkum ‘anil- asjidil-ḥarāmi an ta‘tadū, wa ta‘āwanū ‘alal-birri wat-taqwā, wa lā ta‘āwanū ‘alal-iṡmi wal-‘udwān(i), wattaqullāh(a), innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[2] He wong kang padha mukmin kabèh, sira aja padha anggêgampang nêrak larangan agamaning Allah ambêbêdhag [ambê...][...bêdhag] pinuju ihram, lan aja nêrak larangan mangsah pêrang ana ing sasi Kharam (Sasi Kharam iku têgêse sasi larangan, ora kêna mangsah pêrang, iya iku sasi papat: Sura, Rêjêb, Dulkangidah lan Bêsar. Muhtar.) lan aja ngarubiru rajakaya kang dipisungsungake marang tanah Karam, (Mêkah), lan aja ngarubiru kalung (Wong Arab ing jaman kuna, manawa arêp lêlungan mêtu saka nagara Mêkah padha apèk kayu thêthukulan ing nagara Mêkah dianggo kalung, murih slamêt ana ing paran, iya kêlakon slamêt têmênan, iku wong Islam padha dilarangi ngarubiru kalung mau murih aja nganti slamêt. Sawi.) lan aja mêrangi wong kang padha arêp seba marang Baitul Karam (Kakbah) ngupajiwa ngarêp-arêp kanugrahane Pangerane lan kaparênging Allah.

حُرِّمَتْ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةُ وَالدَّمُ وَلَحْمُ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖ وَالْمُنْخَنِقَةُ وَالْمَوْقُوْذَةُ وَالْمُتَرَدِّيَةُ وَالنَّطِيْحَةُ وَمَآ اَكَلَ السَّبُعُ اِلَّا مَا ذَكَّيْتُمْۗ وَمَا ذُبِحَ عَلَى النُّصُبِ وَاَنْ تَسْتَقْسِمُوْا بِالْاَزْلَامِۗ ذٰلِكُمْ فِسْقٌۗ اَلْيَوْمَ يَىِٕسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ دِيْنِكُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِۗ اَلْيَوْمَ اَكْمَلْتُ لَكُمْ دِيْنَكُمْ وَاَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِيْ وَرَضِيْتُ لَكُمُ الْاِسْلَامَ دِيْنًاۗ فَمَنِ اضْطُرَّ فِيْ مَخْمَصَةٍ غَيْرَ مُتَجَانِفٍ لِّاِثْمٍۙ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣
Ḥurrimat ‘alaikumul-maitatu wad-damu wa laḥmul-khinzīri wa mā uhilla ligairillāhi bihī wal-munkhaniqatu wal-mauqūżatu wal-mutaraddiyatu wan-naṭīḥatu wa mā akalas-sabu‘u illā mā żakkaitum, wa mā żubiḥa ‘alan-nuṣubi wa an tastaqsimū bil-azlām(i), żālikum fisq(un), al-yauma ya'isal-lażīna kafarū min dīnikum falā takhsyauhum wakhsyaun(i), al-yauma akmaltu lakum dīnakum wa atmamtu ‘alaikum ni‘matī wa raḍītu lakumul-islāma dīnā(n), fa maniḍṭurra fī makhmaṣatin gaira mutajānifil li'iṡm(in), fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[3] Dene yèn sira wis takhallul, (rampung ênggonira padha nglakoni khaji) sira kabèh padha kêna ambêbêdhag, lan aja andadèkake pamuring-muringira marga dening wong kaphir padha ngalang-alangi ênggonira arêp seba ing Maszidil Kharam, iku aja sira lawan ing pêrang. Lan sira padha [pa...][...dha] biyantua marang panggawe bêcik utawa wêdi ing Allah, lan aja padha biyantu marang duraka ing Allah utawa anjarag nêrak laranganing Allah. Lan sira padha wêdia ing Allah, awit Allah iku siksane abot.

يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَآ اُحِلَّ لَهُمْۗ قُلْ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۙ وَمَا عَلَّمْتُمْ مِّنَ الْجَوَارِحِ مُكَلِّبِيْنَ تُعَلِّمُوْنَهُنَّ مِمَّا عَلَّمَكُمُ اللّٰهُ فَكُلُوْا مِمَّآ اَمْسَكْنَ عَلَيْكُمْ وَاذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٤
Yas'alūnaka māżā uḥilla lahum, qul uḥilla lakumuṭ-ṭayyibāt(u), wa mā ‘allamtum minal-jawāriḥi mukallibīna tu‘allimūnahunna mimmā ‘allamakumullāhu fa kulū mimmā amsakna ‘alaikum ważkurusmallāhi ‘alaih(i), wattaqullāh(a), innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[4] Sira kabèh padha dilarangi mangan bathang, lan gêtih lan daginging cèlèng, lan samubarang khewan kang pambêlèhe kalawan nyêbut jênênge liyane Allah, lan khewan kang mati jalaran disingsêti gulune, lan kewan kang mati jalaran dipênthung, lan khewan kang mati jalaran tiba saka ing dhuwur, lan khewan kang mati jalaran dipatèni khewan liyane, lan kewan kang dipangan sato galak, kajaba kang banjur kêtututan dibêlèh iku kêna dipangan. Lan dilarangi mangan iwake khewan kang dibêlèh kalawan nyêbut jênênging brahala. Lan sira padha dilarangi năndha barang-barang kalawan ajêlam, (Ajêlam iku têmbung Arab, têgêse wadhah, nanging wujude cangkir pitu kang dadi cêcêkêlane wong kang rumêksa Kakbah ing jaman kuna, cangkir pitu mau ana tulisane dhewe-dhewe, cangkir ăngka: 1. tulisane muni: amarani rabi, têgêse[4]Pangeranku parentah marang aku. Cangkir ăngka 2: tulisane muni: nahani rabi, têgêse Pangeranku nglarangi marang aku. Cangkir ăngka 3: ana tulisane: mingkup, têgêse: saka ing sira. Cangkir ăngka 4 tulisane muni: min ghairikum, têgêse: saka ing liyanira. Cangkir ăngka 5 tulisane muni: mum sagya, têgêse [...][5] Cangkir ăngka 6 tulisane muni ngakal, têgêse budi. Cangkir ăngka 7: tulisane muni: ghaphal, têgêse ora[...][6] iku banjur seba marang brahala kang aran Abal, ana ing Kakbah, lan banjur ambayar dhuwit satus dirham marang juru rumêksaning Kakbah, lurung iku banjur ngundhèni. Manawa karêpe arêp anglakoni panggawean, măngka undhine tiba ing cangkir ăngka 1. Panggawean kang arêp dilakoni iku kêna banjur dilakoni, yèn tiba cangkir ăngka 2, panggawean iku ora kêna dilakoni, mangkono sabanjure, siji- sijine cangkir duwe sasmita dhewe. Sawuse dhawuh ayat iki sarupane [sarupa...][...ne] wong Islam dilarangi năndha barang-barang sarana azêlam. Sawi. Jamal.)Sanajan liyane ajêlam, samubarang pêthèk kang mêdharake barang kang durung kêlakon, uga dilarangi, awit kalêbu nglancangi karsaning Allah. Dairabi.).

اَلْيَوْمَ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۗ وَطَعَامُ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ حِلٌّ لَّكُمْ ۖوَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَّهُمْ ۖوَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الْمُؤْمِنٰتِ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ مُحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسٰفِحِيْنَ وَلَا مُتَّخِذِيْٓ اَخْدَانٍۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهٗ ۖوَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ ࣖ٥
Al-yauma uḥilla lakumuṭ-ṭayyibāt(u), wa ṭa‘āmul-lażīna ūtul-kitāba ḥillul lakum, wa ṭa‘āmukum ḥillul lahum, wal-muḥṣanātu minal-mu'mināti wal-muḥṣanātu minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum iżā ātaitumūhunna ujūrahunna muḥṣinīna gaira musāfiḥīna wa lā muttakhiżī akhdān(in), wa may yakfur bil-īmāni faqad ḥabiṭa ‘amaluh(ū), wa huwa fil-ākhirati minal-khāsirīn(a).
[5] Ing dina iki Ingsun wis nganggêp rampung ênggonira anggêlarake agamanira Islam, lan wis sampurna, lan Ingsun uga wis nyampurnakake pêparing Ingsun nikmat marang sira, mangkono manèh Ingsun wis milih agama Islam iku agama kang prayoga dhewe dadi agamanira, dene sing sapa kêluwèn, kêpêksa kudu mangan barang kang dilarangi, nanging pamangane ora jaragan anglakoni dosa, iku ora dadi apa. Awit Allah iku ngapura tur Maha-asih.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قُمْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ فَاغْسِلُوْا وُجُوْهَكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ اِلَى الْمَرَافِقِ وَامْسَحُوْا بِرُءُوْسِكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ اِلَى الْكَعْبَيْنِۗ وَاِنْ كُنْتُمْ جُنُبًا فَاطَّهَّرُوْاۗ وَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ مِّنْهُ ۗمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيَجْعَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ حَرَجٍ وَّلٰكِنْ يُّرِيْدُ لِيُطَهِّرَكُمْ وَلِيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā qumtum ilaṣ-ṣalāti fagsilū wujūhakum wa aidiyakum ilal-marāfiqi wamsaḥū biru'ūsikum wa arjulakum ilal-ka‘bain(i), wa in kuntum junuban faṭṭahharū, wa in kuntum marḍā au ‘alā safarin au jā'a aḥadum minkum minal-gā'iṭi au lāmastumun-nisā'a falam tajidū mā'an fa tayammamū ṣa‘īdan ṭayyiban famsaḥū biwujūhikum wa aidīkum minh(u), mā yurīdullāhu liyaj‘ala ‘alaikum min ḥarajiw wa lākiy yurīdu liyuṭahhirakum wa liyutimma na‘matahū ‘alaikum la‘allakum tasykurūn(a).
[6] (He Mukammad),[7] para umatira padha nêrang marang sira prakara pêpanganan kang kêna dipangan ing para umatira kabèh, iku sira dhawuha: Sira padha diwênangake mangan sarupaning pêpanganan kang ngrêsêpake, lan manèh padha diwênangake ambêbêdhag sarana khewan pamburu, kang wis padha sira wulang patraping pamburu, tur wis pintêr, banjur sira abani supaya mikuta khewan kang sira buru. Ing kono sira kêna mangan iwake khewan kang wis kêcandhak dening khewan pamburu mau. Lan manèh ing nalika sira nguculake khewan pamburu mau nyêbuta asmaning Allah. Lan wêdia ing Allah. Dene Allah iku panimbange marang ala bêciking kawula rikat bangêt. Wiwit ing dina iki sarupane pêpanganan kang ngrêsêpake kêna padha sira pangan, dene panganane wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, iya uga kêna padha sira pangan. Pangananira uga kêna dipangan ing wong kaphir mau. Mangkono uga wong wadon mukmin kang mardika utawa wong wadon kaphir kang mardika kang duwe cêcêkêlan kitab kuna sadurungira, iya kêna padha sira rabèni, sok uga sira bayar maskawine. Sira padha sêsomahana, aja padha laku bandrèk, lan aja padha ngingu bedhang dhêlikan, dene sing sapa ambalik dadi kaphir selak marang iman, iku samubarang kabêcikane kang wis dilakoni, mêsthi sirna larut kabèh, wong mau besuk ana ing akhirat kalêbu

وَاذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمِيْثَاقَهُ الَّذِيْ وَاثَقَكُمْ بِهٖٓ ۙاِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٧
Ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum wa mīṡāqahul-lażī wāṡaqakum bih(ī), iż qultum sami‘nā wa aṭa‘nā, wattaqullāh(a), innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[7]

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ لِلّٰهِ شُهَدَاۤءَ بِالْقِسْطِۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ عَلٰٓى اَلَّا تَعْدِلُوْا ۗاِعْدِلُوْاۗ هُوَ اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū qawwāmīna lillāhi syuhadā'a bil-qisṭi wa lā yajrimannakum syana'ānu qamin ‘alā allā ta‘dilū, i‘dilū, huwa aqrabu lit-taqwā wattaqullāh(a), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[8] He para wong mukmin kabèh, manawa sira arêp anglakoni sêmbayang, sira padha ngumbaha rainira sarta tanganira watês ing sikut, lan ngusapa sirahira, apadene ngumbaha sikilira watês ing polok.

وَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۙ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ٩
Wa‘adallāhul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), lahum magfiratuw wa ajrun ‘aẓīm(un).
[9] Dene yèn sira pinuju junub, (Junub iku mêntas cumbana utawa mêtu kamane sadurunge adus. Takrib.) utawa pinuju lara, utawa pinuju ana ing paran, utawa mêntas têka saka ing jublêng, utawa wis anggêpok wong wadon, kang măngka sira ora olèh banyu, iku sira padha tayamuma kalawan lêmah kang suci, patrape tayamum mau mangkene: sira ngusapa rainira, kalawan tanganira, nganggo lêmah kang suci mau. Mungguh karsaning Allah kang mangkono iku ora ngêngèl-êngèl marang sira, karsane supaya sira padha sucia, lan supaya pêparinging Allah nikmat marang sira bisaa sampurna, bokmanawa sira banjur padha sukur ing Allah.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ١٠
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[10] Lan sira padha elinga pêparinging Allah nikmat marang sira, dene sira padha dikarsakake dadi Islam, lan padha elinga prajanjianing Allah ênggone ngugêri ing sira kabèh, nalikane sira padha matur: Kula sampun sami mirêngakên dhawuhing Allah saha sami sanggêm ngèstokakên. Lan sira padha wêdia ing Allah, awit Allah iku nguningani sakarêntêging atinira.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ هَمَّ قَوْمٌ اَنْ يَّبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ فَكَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ ࣖ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż hamma qaumun ay yabsuṭū ilaikum aidiyahum fa kaffa aidiyahum ‘ankum, wattaqullāh(a), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[11] He para wong mukmin kabèh, sira padha nêtêpana samubarang wajibira marang Allah, yèn sira dadi saksi padha calathua kalawan têmên. Dene prakara gêthinge para wong kaphir marang sira, iku aja andadèkake owahe pikirira kang nganti sira tinggal adil, sanadyan tumrap ing satru utawa ing mitra sira nindakna ngadil, awit ngadil iku dadi tăndha kang cêdhak dhewe marang wêdi ing Allah, lan sira padha wêdia ing Allah, awit Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

۞ وَلَقَدْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ وَبَعَثْنَا مِنْهُمُ اثْنَيْ عَشَرَ نَقِيْبًاۗ وَقَالَ اللّٰهُ اِنِّيْ مَعَكُمْ ۗ لَىِٕنْ اَقَمْتُمُ الصَّلٰوةَ وَاٰتَيْتُمُ الزَّكٰوةَ وَاٰمَنْتُمْ بِرُسُلِيْ وَعَزَّرْتُمُوْهُمْ وَاَقْرَضْتُمُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا لَّاُكَفِّرَنَّ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَلَاُدْخِلَنَّكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ فَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١٢
Wa laqad akhażallāhu mīṡāqa banī isrā'īl(a), wa ba‘aṡnā minhumuṡnai ‘asyara naqībā(n), wa qālallāhu innī ma‘akum, la'in aqamtumuṣ-ṣalāta wa ātaitumuz-zakāta wa āmantum birusulī wa ‘azzartumūhum wa aqraḍtumullāha qarḍan ḥasanal la'ukaffiranna ‘ankum sayyi'ātikum wa la'udkhilannakum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), faman kafara ba‘da żālika minkum faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[12] Allah wis nyagahi marang wong mukmin kalan[8] [ka...][...lan] wong kang padha nglakoni kalakuan bêcik, kabèh bakal padha diparingi pangapura kaluputane, lan bakal diparingi ganjaran gêdhe.

فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ لَعَنّٰهُمْ وَجَعَلْنَا قُلُوْبَهُمْ قٰسِيَةً ۚ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖۙ وَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۚ وَلَا تَزَالُ تَطَّلِعُ عَلٰى خَاۤىِٕنَةٍ مِّنْهُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْ ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ١٣
Fabimā naqḍihim mīṡāqahum la‘annāhum wa ja‘alnā qulūbahum qāsiyah(tan), yuḥarrifūnal-kalima ‘am mawāḍi‘ih(ī), wa nasū ḥaẓẓam mimmā żukkirū bih(ī), wa lā tazālu taṭṭali‘u ‘alā khā'inatim minhum illā qalīlam minhum fa‘fu ‘anhum waṣfaḥ, innallāha yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[13] Dene wong kang padha kaphir lan kang padha maido ing ayat Ingsun, iku kabèh bakal padha manggon ana ing naraka Jakhim.

وَمِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰٓى اَخَذْنَا مِيْثَاقَهُمْ فَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۖ فَاَغْرَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ ۗ وَسَوْفَ يُنَبِّئُهُمُ اللّٰهُ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ١٤
Wa minal-lażīna qālū innā naṣārā akhażnā mīṡāqahum fa nasū ḥaẓẓam mimmā żukkirū bih(ī), fa agrainā bainahumul-‘adāwata wal-bagḍā'a ilā yaumil-qiyāmah(ti), wa saufa yunabbi'uhumullāhu bimā kānū yaṣna‘ūn(a).
[14] He wong mukmin kabèh, sira padha elinga pêparing Allah nikmat marang sira kabèh, ing nalikane gêgolongane wong turun Kurès padha kumlawe tangane nêja matèni sira, ing kono Allah banjur ngêndhakake tangane wong Kurès kabèh, dadi ora kêlakon anglawan ing sira, sira padha wêdia ing Allah, para wong mukmin padha pasraha ing Allah.

يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيْرًا مِّمَّا كُنْتُمْ تُخْفُوْنَ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍەۗ قَدْ جَاۤءَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ نُوْرٌ وَّكِتٰبٌ مُّبِيْنٌۙ١٥
Yā ahlal-kitābi qad jā'akum rasūlunā yubayyinu lakum kaṡīram mimmā kuntum tukhfūna minal-kitābi wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in), qad jā'akum minallāhi nūruw wa kitābum mubīn(un).
[15] Allah têmên wis mundhut sêsanggêmane para turun Israil, lan Ingsun wis ngêdêgake wong rolas saka siji-sijining pancêr Israil, Ingsun adêgake dadi pamomonge para turun Israil. Allah ngandika mangkene: He turuning Israil kabèh, Ingsun anjangkung ing sira kabèh, janji sira padha nglakoni sêmbayang, sarta padha bayar jakat, lan padha ngèstokake sarta biyantu ing para utusaningsun, apadene sira padha potang ing Allah kalawan gawe kabêcikan, yèn sira padha nêtêpi mangkono, mêsthi sakèhe pialanira bakal Ingsun apura, lan Ingsun bakal anglêbokake sira marang suwarga kang ana bangawane mili ana sangisoring kêkayon. Sawise sêsanggêmanira Ingsun tampani, sira kabèh sing sapa banjur kaphir, iku têtêp wong kêsasar saka ing dalan kang bênêr.

يَّهْدِيْ بِهِ اللّٰهُ مَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَهٗ سُبُلَ السَّلٰمِ وَيُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ بِاِذْنِهٖ وَيَهْدِيْهِمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٦
Yahdī bihillāhi manittaba‘a riḍwānahū subulas-salāmi wa yukhrijuhum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūri bi'iżnihī wa yahdīhim ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[16] Sarèhning para turun Israil banjur padha ngudhari sêsanggêmane, mulane padha Ingsun bêndoni, lan atine Ingsun dadèkake wangkot, ing kono banjur padha ngowahi têtêmbunganing Kitab Torèt, kang nyêbutake wêca bakal rawuhe Nabi Mukhammad, dibuwang saka panggonane, lan padha ninggal bêbungahane ênggone padha dielingake supaya angèstokake Nabi Mukhammad, apadene padha tansah ngêdhèng ênggone padha cidra ngudhari sêsanggêmane, kajaba mung wong sathithik kang Islam. Wong kang mangkono iku padha sira puwunga lan sira apuraa, awit Allah iku rêmên wong kang padha gawe bêcik.

لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَۗ قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ اَنْ يُّهْلِكَ الْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ۗوَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٧
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha huwal-masīḥubnu maryam(a), qul famay yamliku minallāhi syai'an in arāda ay yuhlikal-masīḥabna maryama wa ummahū wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, yakhluqu mā yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[17] Mangkono manèh Ingsun wis mundhut sêsanggêmane wong kang padha ngucap mangkene: Aku iki wong agama Nasara. Wong mau iya banjur padha ninggal bêbungahane ênggone padha didhawuhi ngèstokake parentahe Nabi Mukhammad. Wong kang mangkono mau Ingsun pêsthi padha sêsatron, lan gêthing-ginêthingan, sawijining wong banjur gêthing marang liyane, nganti têkan ing dina kiyamat, ing besuk Ingsun bakal mêlèhake marang wong mau ing samubarang kang wis padha dilakoni.

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ وَالنَّصٰرٰى نَحْنُ اَبْنٰۤؤُا اللّٰهِ وَاَحِبَّاۤؤُهٗ ۗ قُلْ فَلِمَ يُعَذِّبُكُمْ بِذُنُوْبِكُمْ ۗ بَلْ اَنْتُمْ بَشَرٌ مِّمَّنْ خَلَقَۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ١٨
Wa qālatil-yahūdu wan-naṣārā naḥnu abnā'ullāhi wa aḥibbā'uh(ū), qul falima yu‘ażżibukum biżunūbikum, bal antum basyarum mimman khalaq(a), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ilaihil-maṣīr(u).
[18] He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira wis padha katêkan utusaningsun, kang anjèrèng unining Kitab Torèt, lan Kitab Injil pirang-pirang prakara kang padha sira umpêtake, ditêrangake marang sira kabèh, sarta muwung kaluputanira akèh-akèh. Satêmêne sira wis padha têkan pêpadhang saka ing Allah, iya iku Nabi Mukhammad, lan uga wis padha katêkan Kitab Kuran kang têrang. Allah paring pituduh marang wong kang padha manut kaparênge karsane Allah sarana Kuran mau, padha dituduhake marganing salamêt, lan padha diwêtokake [di...][...wêtokake] saka ing pêpêtêng marang ing pêpêtêng marang ing pêpadhang, atas saka karsaning Allah, lan wong mau padha dituduhake ing dalan kang bênêr.

يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ عَلٰى فَتْرَةٍ مِّنَ الرُّسُلِ اَنْ تَقُوْلُوْا مَا جَاۤءَنَا مِنْۢ بَشِيْرٍ وَّلَا نَذِيْرٍۗ فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَشِيْرٌ وَّنَذِيْرٌ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٩
Yā ahlal-kitābi qad jā'akum rasūlunā yubayyinu lakum ‘alā fatratim minar-rusuli an taqūlū mā jā'anā mim basyīriw wa lā nażīr(in), faqad jā'akum basyīruw wa nażīr(un), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[19] Wong kang padha ngucap: Allah iku iya Nabi Ngisa putrane Maryam, iku padha têtêp wong kaphir. He Mukhammad, sira dhawuha: Saupama Allah karsa ngrusak Nabi Ngisa dalah ibune sarta wong saisining bumi iki kabèh, lah sapa kang bisa nulak siksaning Allah sathithik bae.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ جَعَلَ فِيْكُمْ اَنْۢبِيَاۤءَ وَجَعَلَكُمْ مُّلُوْكًاۙ وَّاٰتٰىكُمْ مَّا لَمْ يُؤْتِ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٢٠
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumiżkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż ja‘ala fīkum ambiyā'a wa ja‘alakum mulūkā(n), wa ātākum mā lam yu'ti aḥadam minal-‘ālamīn(a).
[20] Karaton bumi lan langit, lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit, iku kabèh kagunganing Allah. Allah kuwasa nitahake samubarang kang dadi karsane. Dene Allah iku nguwasani samubarang.

يٰقَوْمِ ادْخُلُوا الْاَرْضَ الْمُقَدَّسَةَ الَّتِيْ كَتَبَ اللّٰهُ لَكُمْ وَلَا تَرْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِكُمْ فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ٢١
Yā qaumidkhulul-arḍal-muqaddasatal-latī kataballāhu lakum wa lā tartaddū ‘alā adbārikum fa tanqalibū khāsirīn(a).
[21] Wong Yahudi lan wong Nasara padha calathu: Aku iki kabèh padha putraning Allah sarta kêkasihing Allah. He Mukhammad, sira dhawuha: Yèn pangucapmu iku têmên, yagene Allah têka niksa kowe marga saka dosamu. Kang têmên kowe iku kabèh padha manungsa, ewone titahing Allah. Allah ngapura wong kang dadi parênging karsane, lan uga niksa wong kang dadi parênging karsane, karaton bumi lan langit, lan samubarang kang ana antarane bumi lan langit, iku kabèh kagunganing Allah. Kabèh iku bakal padha bali marang pangayunaning Allah.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّ فِيْهَا قَوْمًا جَبَّارِيْنَۖ وَاِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَا حَتّٰى يَخْرُجُوْا مِنْهَاۚ فَاِنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا فَاِنَّا دٰخِلُوْنَ٢٢
Qālū yā mūsā inna fīhā qauman jabbārīn(a), wa innā lan nadkhulahā ḥattā yakhrujū minhā, fa iy yakhrujū minhā fa innā dākhilūn(a).
[22] He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira wis padha katêkan utusaningsun, Nabi Mukhammad, kang nêrang-nêrangake marang sira ing bab agama, saiki Rasul pinuju lowong. Mulane nêrang-nêrangake, supaya ing têmbe sira aja nganti bisa madoni: Kula punika botên karawuhan Rasul ingkang ambêbingah utawi ngajrih-ajrihi dhumatêng kula, awit satêmêne sira wis padha katêkan utusaning Allah, kang ambêbungah lan mêdèni marang sira. Dene Allah iku nguwasani samubarang.

قَالَ رَجُلَانِ مِنَ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمَا ادْخُلُوْا عَلَيْهِمُ الْبَابَۚ فَاِذَا دَخَلْتُمُوْهُ فَاِنَّكُمْ غٰلِبُوْنَ ەۙ وَعَلَى اللّٰهِ فَتَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٢٣
Qāla rajulāni minal-lażīna yakhāfūna an‘amallāhu ‘alaihimadkhulū ‘alaihimul-bāb(a), fa iżā dakhaltumūhu fa innakum gālibūn(a), wa ‘alallāhi fa tawakkalū in kuntum mu'minīn(a).
[23] He Mukhammad, sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa, nalikane dhawuh marang para santana: He para santanaku kabèh, sira padha elinga pêparinging Allah nikmat marang sira, iya iku Allah ênggone ngêdêgake nabi wong panunggalanira, lan andadèkake sira prasasat ratu, mêngku batih lan batur, lan Allah maringi marang sira barang kang wong sajagad ora ana kang diparingi.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَآ اَبَدًا مَّا دَامُوْا فِيْهَا ۖفَاذْهَبْ اَنْتَ وَرَبُّكَ فَقَاتِلَآ اِنَّا هٰهُنَا قٰعِدُوْنَ٢٤
Qālū yā mūsā innā lan nadkhulahā abadam mā dāmū fīhā, fażhab anta wa rabbuka fa qātilā innā hāhunā qā‘idūn(a).
[24] He para santanaku kabèh, kowe paha malêbua ing bumi kang suci, (tanah Sam) kang wis didhawuhake dening Allah, kowe padha ingandikakake malêbu ing kono, lan aja padha ngucira lumayu bali, supaya kowe aja padha nandhang kapitunan.

قَالَ رَبِّ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ اِلَّا نَفْسِيْ وَاَخِيْ فَافْرُقْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ٢٥
Qāla rabbi innī lā amliku illā nafsī wa akhī fafruq bainanā wa bainal-qaumil-fāsiqīn(a).
[25] Para santana mau, iya wong Bani Srail, banjur padha matur: Dhuh Nabi Musa, siti suci punika isi tiyang ingkang sami agêng inggil, tur gagah prakosa, kula sami botên kadugi malêbêt ing siti suci punika, kajawi manawi tiyangipun ing ngriku sampun sami kesah, punika kula sami purun malêbêt ing siti suci wau.

قَالَ فَاِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ اَرْبَعِيْنَ سَنَةً ۚيَتِيْهُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٢٦
Qāla fa innahā muḥarramatun ‘alaihim arba‘īna sanah(tan), yatīhūna fil-arḍ(i), falā ta'sa ‘alal qaumil-fāsiqīn(a).
[26] Ing kono ana wong lanang loro, (Nabi Yusak lan Kalib) iku kalêbu ewone wong kang wêdi nglirwakake parentahing Allah, Allah muga paringa nikmat marang wong loro mau. Wong lanang loro mau padha calathu mangkene: He para kănca kabèh, kowe padha malêbu lawanging nagara, manawa kowe wis padha malêbu ing nagara, mêsthi kowe padha mênang. Yèn kowe têmên pracaya ing Allah, padha pasraha marang Allah bae.

۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ ابْنَيْ اٰدَمَ بِالْحَقِّۘ اِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ اَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْاٰخَرِۗ قَالَ لَاَقْتُلَنَّكَ ۗ قَالَ اِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللّٰهُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ٢٧
Watlu ‘alaihim naba'abnai ādama bil-ḥaqqi iż qarrabā qurbānan fa tuqubbila min aḥadihimā wa lam yutaqabbal minal-ākhar(i), qāla la'aqtulannak(a), qāla innamā yataqabbalullāhu minal-muttaqīn(a).
[27] Para Bani Srail banjur padha matur, dhuh Nabi Musa, manawi tiyangipun ing nagari punika taksih wontên ing ngriku, ing salaminipun, kula sami mopo malêbêt ing nagari punika. Mila ing samangke sampeyan tindak piyambak kalihan Pangeran sampeyan malêbêt ing nagari punika, salajêngipun sampeyan pêrang kanthi Pangeran sampeyan, ngayoni tiyang ingkang sami gagah prakosa punika. Wondene kula sakănca sadaya sami narimah linggih wontên ing ngriki kemawon.

لَىِٕنْۢ بَسَطْتَّ اِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِيْ مَآ اَنَا۠ بِبَاسِطٍ يَّدِيَ اِلَيْكَ لِاَقْتُلَكَۚ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ٢٨
La'im basaṭta ilayya yadaka litaqtulanī mā ana bibāsiṭiy yadiya ilaika li'aqtulak(a), innī akhāfullāha rabbal-‘ālamīn(a).
[28] Nabi Musa nuli munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rumaos botên gadhah punapa-punapa, kajawi namung sagêd angrèh badan kawula piyambak saha badanipun sadhèrèk kawula, mila samangke kawula mugi Tuwan pisahakên kalihan tiyang ingkang sami phasèk punika.

اِنِّيْٓ اُرِيْدُ اَنْ تَبُوْۤاَ بِاِثْمِيْ وَاِثْمِكَ فَتَكُوْنَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِۚ وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا الظّٰلِمِيْنَۚ٢٩
Innī urīdu an tabū'a bi'iṡmī wa iṡmika fa takūna min aṣḥābin-nār(i), wa żālika jazā'uẓ-ẓālimīn(a).
[29] Allah nuli ngandika: Yèn mangkono bumi kang suci iku ing mêngko Ingsun lèrènake Ingsun cêlêd ora Ingsun paringake marang Bani [Ba...][...ni] Srail. Sajrone patang puluh taun wong Bani Srail ingkang Ingsun karsakake bingung ana ing bumi, ora bisa malêbu ing bumi suci, sira aja susah utawa anggêtuni wong kang padha phasèk.

فَطَوَّعَتْ لَهٗ نَفْسُهٗ قَتْلَ اَخِيْهِ فَقَتَلَهٗ فَاَصْبَحَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٣٠
Fa ṭawwa‘at lahū nafsuhū qatla akhīhi fa qatalahū fa aṣbaḥa minal-khāsirīn(a).
[30] (He Mukhammad) sira anggêlarna marang para umatira mungguh caritane wong loro padha anake lanang Nabi Adam, (Anak lanang loro mau kang siji aran Habil. Sijine aran Kabil. Jamal.) sira caritakna kalawan satêmêne. Iya iku nalikane wong loro mau padha saos kurban, (Kurban iku pisungsung konjuk ing Allah murih kacêdhak ing Allah, kurbane Habil arupa wêdhus, dene kurbane Kabil arupa tanduran. Sawi.) konjuk ing Allah, (Mulabukane wong loro mau padha saos kurban, mangkene: putrane Nabi Adam iku kabèh padha miyos dhampit, kêmbarane Habil iku ala rupane, nanging kêmbarane Kabil rupane ayu. Dene sarengat prakarane Nabi Adam dhèk samana, kêna ngrabèni sadulur, mung ora kêna ngrabèni kêmbarane dhewe, Allah dhawuh marang Nabi Adam, ingandikakake andhaupake Habil, olèh kêmbarane Kabil [Ka...][...bil] kang endah warnane, sarta andhaupake Kabil, olèh kêmbarane Habil kang ala rupane, karêpe Kabil kudu dirabèni dhewe, popo didhaupake olèh kêmbarane Habil kang ala rupane. Habil ora narima. Dêgrêging pasulayan wong loro mau banjur padha ngacas karsaning Allah, sarana padha ga[9] tăndha saos kurban. Kurbane ditampani dening Allah sarana dimăngsa ing gêni saka ing langit, iku wênang, olèh bojo kêmbarane Kabil kang endah warnane. Sabi.) dhèk samana kurbane anak kang siji (Iya iku kurbane Habil, dimăngsa ing gêni saka ing langit padha sanalika. Sabi.) ditampani dening Allah, nanging kurbane anak sijine (Iya iku Kabil, Sabi.) ora ditampani dening Allah. Ing kono anak kang kurbane ora kêtampan banjur calathu marang sadulure kang kurbane kêtampan: Kowe saiki arêp tak patèni, kang arêp dipatèni mangsuli: Kowe aja kliru surup, kurban kang ditampani dening Allah iku mêsthi kurbane wong kang wêdi ing Allah.

فَبَعَثَ اللّٰهُ غُرَابًا يَّبْحَثُ فِى الْاَرْضِ لِيُرِيَهٗ كَيْفَ يُوَارِيْ سَوْءَةَ اَخِيْهِ ۗ قَالَ يٰوَيْلَتٰٓى اَعَجَزْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِثْلَ هٰذَا الْغُرَابِ فَاُوَارِيَ سَوْءَةَ اَخِيْۚ فَاَصْبَحَ مِنَ النّٰدِمِيْنَ ۛ٣١
Fa ba‘aṡallāhu gurābay yabḥaṡu fil-arḍi liyuriyahū kaifa yuwārī sau'ata akhīh(i), qāla yā wailatā a‘ajazta an akūna miṡla hāżal-gurābi fa uwāriya sau'ata akhī, fa aṣbaḥa minan-nādimīn(a).
[31] Manawa tanganmu kumlawe arêp matèni aku, aku ora pisan kumlawe tanganku loro arêp matèni kowe, awit aku wêdi ing Allah Pangeraning alam kabèh.

مِنْ اَجْلِ ذٰلِكَ ۛ كَتَبْنَا عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَنَّهٗ مَنْ قَتَلَ نَفْسًاۢ بِغَيْرِ نَفْسٍ اَوْ فَسَادٍ فِى الْاَرْضِ فَكَاَنَّمَا قَتَلَ النَّاسَ جَمِيْعًاۗ وَمَنْ اَحْيَاهَا فَكَاَنَّمَآ اَحْيَا النَّاسَ جَمِيْعًا ۗوَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا بِالْبَيِّنٰتِ ثُمَّ اِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ فِى الْاَرْضِ لَمُسْرِفُوْنَ٣٢
Min ajli żālik(a), katabnā ‘alā banī isrā'īla annahū man qatala nafsam bigairi nafsin au fasādin fil-arḍi fa ka'annamā qatalan-nāsa jamī‘ā(n), wa man aḥyāhā fa ka'annamā aḥyan-nāsa jamī‘ā(n), wa laqad jā'athum rusulunā bil-bayyināt(i), ṡumma inna kaṡīram minhum ba‘da żālika fil-arḍi lamusrifūn(a).
[32] Kapriye apa aku bungah yèn kowe anggendhong dosa ênggonmu matèni aku lan dosamu kang wis kêlakon, kang sabanjure kowe dadi wong naraka, iku ora. Naraka iku dadi wêwalês, patrapane wong kang nganiaya awake dhewe.

اِنَّمَا جَزٰۤؤُا الَّذِيْنَ يُحَارِبُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًا اَنْ يُّقَتَّلُوْٓا اَوْ يُصَلَّبُوْٓا اَوْ تُقَطَّعَ اَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ مِّنْ خِلَافٍ اَوْ يُنْفَوْا مِنَ الْاَرْضِۗ ذٰلِكَ لَهُمْ خِزْيٌ فِى الدُّنْيَا وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٣٣
Innamā jazā'ul-lażīna yuḥāribūnallāha wa rasūlahū wa yas‘auna fil-arḍi fasādan ay yuqattalū au yuṣallabū au tuqaṭṭa‘a aidīhim wa arjuluhum min khilāfin au yunfau minal-arḍ(i), żālika lahum khizyun fid-dun-yā wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[33] Ing kono anake Nabi Adam kang kurbane ora kêtampan mau panêmuning atine dhangan bangêt matèni sadulure, sarta banjur kalêksanan matèni têmênan, mulane dadi ewone wong kapitunan.

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهِمْۚ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٣٤
Illal-lażīna tābū min qabli an taqdirū ‘alaihim, fa‘lamū annallāha gafūrur raḥīm(un).
[34] Alla[10] banjur ngutus manuk gagak, dhukir-dhukir ana ing lêmah mêndhêm kancane kang mati, minăngka piwulang marang putrane Nabi Adam pratikêle nutupi bangkening sadulure kang dipatèni. Putrane Nabi Adam mau banjur calathu, adhuh têka bodho têmên aku iki, yagene aku têka apês, ora duwe panêmu kang kaya manuk gagak iki, [i...][...ki,] dadi aku bisa nutupi bangkening sadulurku. Putrane Nabi Adam mau banjur gêtun ênggone kêsuwèn ora mêndhêm sadulure, mung tansah digendhong bae.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٣٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wabtagū ilaihil-wasīlata wa jāhidū fī sabīlihī la‘allakum tufliḥūn(a).
[35] Awit saka panggawene anake Nabi Adam ênggone matèni sadulure mau, mulane Ingsun namtokake marang wong Bani Srail padha Ingsun pranata, sing sapa matèni wong kang tanpa dosa matèni wong, utawa gawe rusak ana ing bumi, iku dosane prasasat matèni wong sajagad kabèh. Dene sing sapa nguripi wong (nyêgah wong kang arêp matèni wong tanpa dosa) iku kautamane prasasat nguripi wong sajagad kabèh.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لِيَفْتَدُوْا بِهٖ مِنْ عَذَابِ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَا تُقُبِّلَ مِنْهُمْ ۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٣٦
Innal-lażīna kafarū lau anna lahum mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū liyaftadū bihī min ‘ażābi yaumil-qiyāmati mā tuqubbila minhum, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[36] Wong Bani Srail kabèh wis padha katêkan para utusaningsun, kanthi tăndha yêkti pirang-pirang. Sawise katêkan tăndha yêkti wong Bani Srail mau kang akèh banjur padha andaluya, gawe piala ana ing bumi.

يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنَ النَّارِ وَمَا هُمْ بِخٰرِجِيْنَ مِنْهَا ۖوَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٣٧
Yurīdūna ay yakhrujū minan-nāri wa mā hum bikhārijīna minhā, wa lahum ‘ażābun muqīm(un).
[37] Kang mêsthi patrapane wong kang padha ngayoni ing Allah lan utusaning Allah, lan padha nindakake gawe rusak ana ing bumi, iku kudu padha dipatèni utawa padha dipênthang, utawa dikêthok tangane lan sikile, disêlang-sêling, (Patrape nyêlang-nyêling mangkene: yèn lagi kaluputan sapisan, dikêthok tangane têngên, yèn isih nglakoni kaluputan manèh dikêthok sikile kiwa, nuli tangane kiwa, nuli sikile têngên. Sabi.) utawa padha disingkirake saka ing bumi kang diênggoni. Patrapan kang mangkono iku diênggo ngasorake wong mau ana ing dunya, dene besuk ana ing akhirat: bakal padha nandhang siksa gêdhe.

وَالسَّارِقُ وَالسَّارِقَةُ فَاقْطَعُوْٓا اَيْدِيَهُمَا جَزَاۤءًۢ بِمَا كَسَبَا نَكَالًا مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٣٨
Was-sāriqu was-sāriqatu faqṭa‘ū aidiyahumā jazā'am bimā kasabā nakālam minallāh(i), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[38] Kajaba wong kang sadurunge kêcêkêl utawa dikuwasani banjur padha tobat saka karêpe dhewe lan nungkul, iku diapura, sira padha wêruha yèn Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

فَمَنْ تَابَ مِنْۢ بَعْدِ ظُلْمِهٖ وَاَصْلَحَ فَاِنَّ اللّٰهَ يَتُوْبُ عَلَيْهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٩
Faman tāba mim ba‘di ẓulmihī wa aṣlaḥa fa innallāha yatūbu ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[39] He para wong mukmin kabèh, sira padha wêdia ing Allah, lan padha nyuwuna lantaran kang nyêdhakake ing Allah, lan padha mangsaha pêrang sabilullah, bokmanawa sira padha dadi wong bêgja.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤٠
Alam ta‘lam annallāha lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yu‘ażżibu may yasyā'u wa yagfiru limay yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[40] Saupama para wong kaphir iku padha anduwèni samubarang isining bumi kabèh, sarta duwe samono êngkas, banjur diênggo nêbusi awake, [awa...][...ke,] supaya aja nganti disiksa ing dina kiyamat, mêsthi ora ditampani dening Allah, awit para wong kaphir iku wis ditamtokake bakal padha disiksa ana ing naraka kang nglarani.

۞ يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ لَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِ مِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاَفْوَاهِهِمْ وَلَمْ تُؤْمِنْ قُلُوْبُهُمْ ۛ وَمِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا ۛ سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ سَمّٰعُوْنَ لِقَوْمٍ اٰخَرِيْنَۙ لَمْ يَأْتُوْكَ ۗ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ مِنْۢ بَعْدِ مَوَاضِعِهٖۚ يَقُوْلُوْنَ اِنْ اُوْتِيْتُمْ هٰذَا فَخُذُوْهُ وَاِنْ لَّمْ تُؤْتَوْهُ فَاحْذَرُوْا ۗوَمَنْ يُّرِدِ اللّٰهُ فِتْنَتَهٗ فَلَنْ تَمْلِكَ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَمْ يُرِدِ اللّٰهُ اَنْ يُّطَهِّرَ قُلُوْبَهُمْ ۗ لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ ۖوَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٤١
Yā ayyuhar-rasūlu lā yaḥzunkal-lażīna yusāri‘ūna fil-kufri minal-lażīna qālū āmannā bi'afwāhihim wa lam tu'min qulūbuhum - wa minal-lażīna hādū - sammā‘ūna lil-każibi sammā‘ūna liqaumin ākharīna lam ya'tūk(a), yuḥarrifūnal-kalima mim ba‘di mawāḍi‘ih(ī), yaqūlūna in ūtītum hāżā fa khuż­hu wa illam tu'tauhu faḥżarū, wa may yuridillāhu fitnatahū falan tamlika lahū minallāhi syai'ā(n), ulā'ikal-lażīna lam yuridillāhu ay yuṭahhira qulūbahum, lahum fid-dun-yā khizyuw wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[41] Pangarêp-arêpe wong kaphir muga padha bisaa mêtu saka ing naraka, ewadene ora pisan-pisan padha bisa mêtu saka ing naraka, wong kaphir mau padha disiksa kang tanpa lèrèn.

سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ اَكّٰلُوْنَ لِلسُّحْتِۗ فَاِنْ جَاۤءُوْكَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ اَوْ اَعْرِضْ عَنْهُمْ ۚوَاِنْ تُعْرِضْ عَنْهُمْ فَلَنْ يَّضُرُّوْكَ شَيْـًٔا ۗ وَاِنْ حَكَمْتَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٤٢
Sammā‘ūna lil-każibi akkālūna lis-suḥt(i), fa in jā'ūka faḥkum bainahum au a‘riḍ ‘anhum, wa in tu‘riḍ ‘anhum falay yaḍurrūka syai'ā(n), wa in ḥakamta faḥkum bainahum bil-qisṭ(i), innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[42] Wong lanang kang nyolong utawa wong wadon kang nyolong, iku padha sira kêthoka tangane, minăngka patrapan ênggone padha nglakoni nyolong, dumunung siksaning Allah marang wong nyolong mau. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

وَكَيْفَ يُحَكِّمُوْنَكَ وَعِنْدَهُمُ التَّوْرٰىةُ فِيْهَا حُكْمُ اللّٰهِ ثُمَّ يَتَوَلَّوْنَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ ۗوَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ٤٣
Wa kaifa yuḥakkimūnaka wa ‘indahumut-taurātu fīhā ḥukmullāhi ṡumma yatawallauna mim ba‘di żālik(a), wa mā ulā'ika bil-mu'minīn(a).
[43] Dene sing sapa sawise nganiaya awake sarana nyolong, banjur tobat, lan banjur ambêcikake kalakuane, Allah iya ngapura marang wong mau, satêmêne Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

اِنَّآ اَنْزَلْنَا التَّوْرٰىةَ فِيْهَا هُدًى وَّنُوْرٌۚ يَحْكُمُ بِهَا النَّبِيُّوْنَ الَّذِيْنَ اَسْلَمُوْا لِلَّذِيْنَ هَادُوْا وَالرَّبّٰنِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ بِمَا اسْتُحْفِظُوْا مِنْ كِتٰبِ اللّٰهِ وَكَانُوْا عَلَيْهِ شُهَدَاۤءَۚ فَلَا تَخْشَوُا النَّاسَ وَاخْشَوْنِ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗوَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ٤٤
Innā anzalnat-taurāta fīhā hudaw wa nūr(un), yaḥkumu bihan-nabiyyūnal-lażīna aslamū lil-lażīna hādū war-rabbāniyyūna wal-aḥbāru bimastuḥfiẓū min kitābillāhi wa kānū ‘alaihi syuhadā'(a), falā takhsyawun-nāsa wakhsyauni wa lā tasytarū bi'āyātī ṡamanan qalīlā(n), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humul-kāfirūn(a).
[44] Măngsa sira ora wêruha yèn Allah iku kagungan karaton bumi lan langit, wênang niksa wong kang dadi parênging karsane, lan wênang ngapura wong kang dadi parênging karsane, dene Allah iku nguwasani samubarang.

وَكَتَبْنَا عَلَيْهِمْ فِيْهَآ اَنَّ النَّفْسَ بِالنَّفْسِ وَالْعَيْنَ بِالْعَيْنِ وَالْاَنْفَ بِالْاَنْفِ وَالْاُذُنَ بِالْاُذُنِ وَالسِّنَّ بِالسِّنِّۙ وَالْجُرُوْحَ قِصَاصٌۗ فَمَنْ تَصَدَّقَ بِهٖ فَهُوَ كَفَّارَةٌ لَّهٗ ۗوَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٤٥
Wa katabnā ‘alaihim fīhā annan-nafsa bin-nafsi wal-‘aina bil-‘aini wal-anfa bil-anfi wal-użuna bil-użuni was-sinna bis-sinni wal-jurūḥa qiṣāṣ(un), faman taṣaddaqa bihī fa huwa kaffāratul lah(ū), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[45] He utusaningsun Mukhammad, sarupane wong kang age-age dadi kaphir, iku wong kang cangkême muni, kula punika mukmin, apadene wong Yahudi kang padha anggugu pandhitane kang nêmaha goroh, lan padha anggugu marang wong Yahudi liya-liyane, iku kabèh aja andadèkake sêdhihira, wong Yahudi mau padha ora gêlêm seba ing sira, malah padha ngowahi unine Kitab Torèt pirang-pirang padha dibuwang saka ing panggonane. Wong Yahudi mau padha calathu marang kancane: Manawa Nabi Mukhammad pitutur marang kowe kaya tuturku iya gugunên, nanging yèn pitutur ora kaya tutur iki, kowe dingati-ati, (aja anggugu pangandikaning Allah) sing sapa dikarsakake dening Allah sasar, mêsthi ora duwe apa-apa saka pêparinging Allah kang kêna dianggo nulak. Dene wong kaphir kang mangkono mau têtela ora dikarsakake suci atine dening Allah, wong kang mangkono mau ana ing dunya dikarsakake [dikarsa...][...kake] asor, dene besuk ana ing akhirat, padha dipatrapi siksa gêdhe.

وَقَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ ۖوَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ فِيْهِ هُدًى وَّنُوْرٌۙ وَّمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَهُدًى وَّمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَۗ٤٦
Wa qaffainā ‘alā āṡārihim bi‘īsabni maryama muṣaddiqal limā baina yadaihi minat-taurāh(ti), wa ātaināhul-injīla fīhi hudaw wa nūr(un), wa muṣaddiqal limā baina yadaihi minat-taurāti wa hudaw wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[46] Wong kang mangkono mau padha anggugu pandhitane kang goroh. Sarta padha mangan barang larangan, manawa wong mangkono mau padha seba ing sira Mukhammad, anjaluk bêbênêran, iku sira pancasana prakarane, utawa sira tulaka bae, dene manawa wong mau sira tulak, iku bakal ora ambêbayani apa-apa marang sira, nanging yèn sira pancasi prakarane, pancasana kalawan ngadil, awit Allah iku rêmên wong kang padha nindakake ngadil.

وَلْيَحْكُمْ اَهْلُ الْاِنْجِيْلِ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فِيْهِۗ وَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٤٧
Walyaḥkum ahlul-injīli bimā anzalallāhu fīh(i), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humul-fasiqūn(a).
[47] Apa gawene wong Yahudi mau padha anjaluk bêbênêran marang sira, awit wong Yahudi mau wis padha nyêkêl Kitab Torèt, kang ngêmot anggêr-anggêr kukuming Allah, sawise anjaluk bêbênêran banjur padha malengos marang bêbênêranira (kang wis kêplok lan unining Kitab Torèt cêcêkêlane Si Yahudi) dadi wong Yahudi mau ora angèstokake Kitab Torèt cêcêkêlane dhewe.

وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ الْكِتٰبِ وَمُهَيْمِنًا عَلَيْهِ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ عَمَّا جَاۤءَكَ مِنَ الْحَقِّۗ لِكُلٍّ جَعَلْنَا مِنْكُمْ شِرْعَةً وَّمِنْهَاجًا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَۙ٤٨
Wa anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi muṣaddiqal limā baina yadaihi minal-kitābi wa muhaiminan ‘alaihi faḥkum bainahum bimā anzalallāhu wa lā tattabi‘ ahwā'ahum ‘ammā jā'aka minal-ḥaqq(i), likullin ja‘alnā minkum syir‘ataw wa minhājā(n), wa lau syā'allāhu laja‘alakum ummataw wāḥidataw wa lākil liyabluwakum fī mā ātākum fastabiqul-khairāt(i), ilallāhi marji‘ukum jamī‘an fa yunabbi'ukum bimā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[48] Ingsun wis andhawuhake Kitab Torèt, [To...][...rèt,] ngêmot pituduh lan pêpadhang, dipundhi dening para nabi kang kuna-kuna kang padha ngèstokake parentahing Allah, diênggo mancasi prakarane wong Yahudi, mangkono uga para pandhitane wong Yahudi lan para gurune wong Yahudi iya padha mancasi prakara wêwaton kitabing Allah Torèt kang wis didhawuhake supaya para pandhita lan para guru mau padha ngapalna. Dene para pandhita lan para guru mau padha dadi saksi yèn Torèt kang tulèn iku têmên dhawuhing Allah (He para wong Yahudi), mulane sira aja padha wêdi manungsa, padha wêdia marang Ingsun, (aja wani-wani ngumpêtake unining Torèt) ayat Ingsun aja adha sira lirokake dunya, iku sathithik ajine. Dene sing sapa wani-wani mancas prakara tanpa wêwaton kitab kang wis didhawuhake dening Allah, iku têtêp dadi wong kaphir.

وَاَنِ احْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ وَاحْذَرْهُمْ اَنْ يَّفْتِنُوْكَ عَنْۢ بَعْضِ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ اِلَيْكَۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمْ اَنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّصِيْبَهُمْ بِبَعْضِ ذُنُوْبِهِمْ ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ لَفٰسِقُوْنَ٤٩
Wa aniḥkum bainahum bimā anzalallāhu wa lā tattabi‘ ahwā'ahum waḥżarūhum ay yaftinūka ‘am ba‘ḍi mā anzalallāhu ilaik(a), fa in tawallau fa‘lam annamā yurīdullāhu ay yuṣībahum biba‘ḍi żunūbihim, wa inna kaṡīram minan-nāsi lafāsiqūn(a).
[49] Kasêbut sajroning Kitab Torèt, Ingsun wis namtokake marang wong Bani Srail kabèh, yèn wong dosa matèni wong, patrapane iya kudu dipatèni. Wong dosa nyuplêg mata, patrapane kudu dicuplêg matane. Wong dosa nimpal irung, patrapane iya kudu ditimpal irunge. Wong dosa mêrung kuping, patrapane iya kudu dipêrung kupinge, wong dosa motholake untu, patrapane iya kudu dipothol untune. Dene wong dosa natoni, patrapane iya kudu diwalês. Dene sing sapa nandhang dosa kaya kang kasêbut mau, măngka banjur nyumanggakake awake supaya dipatrapi, (utawa diapura dening ali[11] warise kang ditatoni utawa kang dipatèni) iku dadi pangruwating dosane ana ing akhirat, dene sing sapa wani-wani mancas prakara ora wêwaton kitab kang wis didhawuhake dening Allah, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.

اَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُوْنَۗ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ ࣖ٥٠
Afaḥukmul-jāhiliyyati yabgūn(a), wa man aḥsanu minallāhi ḥukmal liqaumiy yūqinūn(a).
[50] Sapungkure para nabi mau banjur Ingsun tungka utusan Nabi Ngisa anake Maryam, nètèsi unine Kitab Torèt, cêcêkêlane wong Bani Srail, lan Ingsun maringi Kitab Injil marang Nabi Ngisa mau, kang ngêmot pituduh lan pêpadhang, sarta nêksèni yèn Kitab Torèt cêcêkêlane wong Bani Srail iku têmên [tê...][...mên] têrang saka ing Allah, apadene Kitab Injil iku minăngka pituduh lan wêwulang tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْيَهُوْدَ وَالنَّصٰرٰٓى اَوْلِيَاۤءَ ۘ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ فَاِنَّهٗ مِنْهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٥١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-yahūda wan-naṣārā auliyā'(a), ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wa may yatawallahum minkum fa innahū minhum, innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[51] Sarupane wong kang nyêkêl Kitab Injil, padha ngukumana lan ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake dening Allah kasêbut ing Kitab Injil mau, dene sing sapa ora ngèstokake barang kang wis didhawuhake dening Allah, iku têtêp wong phasèk (duraka).

فَتَرَى الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ يُّسَارِعُوْنَ فِيْهِمْ يَقُوْلُوْنَ نَخْشٰٓى اَنْ تُصِيْبَنَا دَاۤىِٕرَةٌ ۗفَعَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّأْتِيَ بِالْفَتْحِ اَوْ اَمْرٍ مِّنْ عِنْدِهٖ فَيُصْبِحُوْا عَلٰى مَآ اَسَرُّوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ نٰدِمِيْنَۗ٥٢
Fa taral-lażīna fī qulūbihim maraḍuy yusāri‘ūna fīhim yaqūlūna nakhsyā an tuṣībanā dā'irah(tun), fa ‘asallāhu ay ya'tiya bil-fatḥi au amrim min ‘indihī fa yuṣbiḥū ‘alā mā asarrū fī anfusihim nādimīn(a).
[52] (He Mukhammad) Ingsun wis andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata marang sira, cundhuk karo surasane kitab kang kuna-kuna, cêcêkêlane wong Bani Srail, sarta nêksèni yèn kitab kuna-kuna mau bênêr, mulane wong kang duwe cêcêkêlan kitab mau padha sira bênêrana wêwaton barang kang wis didhawuhake dening Allah, lan aja nuruti sakarêp-karêpe wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, nganti tinggal bênêr kang wis didhawuhake marang sira, siji-sijining nabi mêsthi padha mêngku sarengat utawa dalan dhewe-dhewe.

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ اِنَّهُمْ لَمَعَكُمْۗ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَاَصْبَحُوْا خٰسِرِيْنَ٥٣
Wa yaqūlul-lażīna āmanū ahā'ulā'il-lażīna aqsamū billāhi jahda aimānihim, innahum lama‘akum, ḥabiṭat a‘māluhum fa aṣbaḥū khāsirīn(a).
[53] Saupama kaparêng karsaning Allah, kêna uga Allah nitahake sira iku didadèkake [didadèka...][...ke] umat mung sagolongan bae kang tunggal sarengate (pranatane) ewadene ora, mungguh ênggonira dibeda-beda mungguhing sarengat, iku karsaning Allah nyoba sêtya tuhunira kabèh, mulane sira padha rêbut dhucunga nglakoni kabêcikan. Sira iku kabèh ing têmbe bakal padha bali marang ngarsaning Allah. Ing kono Allah bakal anjalèntrèhake marang sira kabèh bab beda-bedaning sarengat kang padha sira lakoni. (Apadene undha-usuking ganjaran utawa siksa, katimbang lan undha-usuking sêtya tuhu lan kaluputan).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَنْ يَّرْتَدَّ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَسَوْفَ يَأْتِى اللّٰهُ بِقَوْمٍ يُّحِبُّهُمْ وَيُحِبُّوْنَهٗٓ ۙاَذِلَّةٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اَعِزَّةٍ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۖ يُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا يَخَافُوْنَ لَوْمَةَ لَاۤىِٕمٍ ۗذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٥٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū may yartadda minkum ‘an dīnihī fa saufa ya'tillāhu biqaumiy yuḥibbuhum wa yuḥibbūnah(ū), ażillatin ‘alal-mu'minīna a‘izzatin ‘alal-kāfirīn(a), yujāhidūna fī sabīlillāhi wa lā yakhāfūna laumata lā'im(in), żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[54] Lan sira ambênêrana pasulayane wong Yahudi (prakara raja-raja) wêwaton barang kang wis didhawuhake dening Allah, sira aja mung nuruti apa ature wong Yahudi bae, sira diprayitna aja nganti kêna paekane wong Yahudi kang sumêja ngenggokake bêbênêranira sawatara saka barang kang wis didhawuhake dening Allah marang sira. Dene yèn wong Yahudi mau malengos marang bêbênêranira, iku sira wêruha, satêmêne Allah karsa bakal matrapi wong Yahudi [Ya...][...hudi] mau marga dosane sawatara, dene manungsa iku kang akèh padha phasèk.

اِنَّمَا وَلِيُّكُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ رٰكِعُوْنَ٥٥
Innamā waliyyukumullāhu wa rasūluhū wal-lażīna āmanul-lażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum rāki‘ūn(a).
[55] Apa wong Yahudi mau arêp marang khukume wong Buda. Yèn panêmune wong kang têrang sumurupe marang Allah, ora ana wong siji-sijia kang khukume luwih bêcik, ngungkuli khukuming Allah.

وَمَنْ يَّتَوَلَّ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَاِنَّ حِزْبَ اللّٰهِ هُمُ الْغٰلِبُوْنَ ࣖ٥٦
Wa may yatawallallāha wa rasūlahū wal-lażīna āmanū fa inna ḥizballāhi humul-gālibūn(a).
[56] He wong kang padha mukmin kabèh, sira aja padha apèk mitra wong Yahudi lan wong Nasara, wong Yahudi lan wong Nasara mau siji -sijining wong mêmitran lan padha kancane kang tunggal agama, dene sira kabèh sing sapa mêmitran lan wong Yahudi utawa wong Nasara, iya dadi ewoning wong Yahudi lan wong Nasara. Satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha nganiaya awake dhewe.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَكُمْ هُزُوًا وَّلَعِبًا مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ اَوْلِيَاۤءَۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٥٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-lażīnattakhażū dīnakum huzuwaw wa la‘ibam minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wal-kuffāra auliyā'(a), wattaqullāha in kuntum mu'minīn(a).
[57] Mulane sira andêlêng wong kang atine padha mawa lêlara iku padha kêsusu apèk mitra wong Yahudi lan wong Nasara, ulas-ulas pangucape: Anggèn kula sami mêmitran kalihan tiyang Yahudi utawi tiyang Nasara punika, amarga kula sami kuwatos, bokmênawi kula kataman piawonipun tiyang wau. (Allah ngandika): cêkake Allah bakal paring pitulung marang nabine, utawa nitahake sawijining prakara, atas saka ing Allah. Ing kono wong Yahudi banjur padha gêtun ênggone nutupi barang kang ora bêcik, ana sajroning atine.

وَاِذَا نَادَيْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ اتَّخَذُوْهَا هُزُوًا وَّلَعِبًا ۗذٰلِكَ بِاَ نَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَ٥٨
Wa iżā nādaitum ilaṣ-ṣalātittakhażūhā huzuwaw wa la‘ibā(n), żālika bi'annahum qaumul lā ya‘qilūn(a).
[58] Para wong mukmin padha rêrasan lan para kancane: Adhuh, apa iku wong munapèk, kang padha supata abot nganggo nyêbut asmaning Allah, sanggêm biyantu marang kowe. (Pangandikaning Allah): Wong munaphèk iku kabêcikane wis larut sirna kabèh, sabanjure dadi kapitunan.

قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ هَلْ تَنْقِمُوْنَ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلُۙ وَاَنَّ اَكْثَرَكُمْ فٰسِقُوْنَ٥٩
Qul yā ahlal-kitābi hal tanqimūna minnā illā an āmannā billāhi wa mā unzila ilainā wa mā unzila min qabl(u), wa anna akṡarakum fāsiqūn(a).
[59] He wong kang padha mukmin, manawa ana kancanira kang ambalik saka agamane Islam, iku ing têmbe Allah bakal maringi liru wong akèh kang padha disihi dening Allah, wong mau uga padha asih ing Allah. Apa iya wong mukmin iku padha asor, lan apa iya wong kaphir iku padha mulya, (iku ora) para wong mukmin padha mangsah pêrang sabilullah, padha ora wêdi pialane wong kang nandukake piala. Kang mangkono iku nugraha pêparinging Allah diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, dene Allah iku jêmbar, (akèh kanugrahane) tur nguningani.

قُلْ هَلْ اُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكَ مَثُوْبَةً عِنْدَ اللّٰهِ ۗمَنْ لَّعَنَهُ اللّٰهُ وَغَضِبَ عَلَيْهِ وَجَعَلَ مِنْهُمُ الْقِرَدَةَ وَالْخَنَازِيْرَ وَعَبَدَ الطَّاغُوْتَۗ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ٦٠
Qul hal unabbi'ukum bisyarrim min żālika maṡūbatan ‘indallāh(i), mal la‘anahullāhu wa gaḍiba ‘alaihi wa ja‘ala minhumul-qiradata wal-khanāzīra wa ‘abadaṭ-ṭāgūt(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu ‘an sawā'is-sabīl(i).
[60] Satêmêne mitranira iku Allah lan utusaning Allah, lan padha wong mukmin kang padha nglakoni sêmbayang, lan padha bayar jakat, tur wong iku padha rukuk.

وَاِذَا جَاۤءُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَقَدْ دَّخَلُوْا بِالْكُفْرِ وَهُمْ قَدْ خَرَجُوْا بِهٖ ۗوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا كَانُوْا يَكْتُمُوْنَ٦١
Wa iżā jā'ūkum qālū āmannā wa qad dakhalū bil-kufri wa hum qad kharajū bih(ī), wallāhu a‘lamu bimā kānū yaktumūn(a).
[61] Sing sapa mêmitran lan Allah, apadene utusaning Allah lan para wong mukmin, (iku têtêp dadi wadyabalaning Allah) dene wadyabalaning Allah iku kabèh padha mênang.

وَتَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يُسَارِعُوْنَ فِى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٦٢
Wa tarā kaṡīram minhum yusāri‘ūna fil-iṡmi wal-‘udwāni wa aklihimus-suḥt(a), labi'sa mā kānū ya‘malūn(a).
[62] He wong kang padha mukmin, sira aja padha apèk mitra wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab kuna sadurungira, kang padha anggêguyu utawa nganggo dolanan agamanira Islam, apadene para wong kaphir, mangkono uga yèn sira padha têmên pracaya ing Allah, sira padha wêdia ing Allah.

لَوْلَا يَنْهٰىهُمُ الرَّبّٰنِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ عَنْ قَوْلِهِمُ الْاِثْمَ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ٦٣
Lau lā yanhāhumur-rabbāniyyūna wal-aḥbāru ‘an qaulihimul-iṡma wa aklihimus-suḥt(a), labi'sa mā kānū yaṣna‘ūn(a).
[63] Mangkono manèh sarupaning wong yèn sira undang sira ajak sêmbayang banjur anggêguyu lan anganggo dolanan marang sêmbayang, (iku aja sira pèk mitra) ênggone padha anggêguyu mau amarga [a...][...marga] wong iku padha ora ana akale.

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ يَدُ اللّٰهِ مَغْلُوْلَةٌ ۗغُلَّتْ اَيْدِيْهِمْ وَلُعِنُوْا بِمَا قَالُوْا ۘ بَلْ يَدٰهُ مَبْسُوْطَتٰنِۙ يُنْفِقُ كَيْفَ يَشَاۤءُۗ وَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۗ وَاَلْقَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۗ كُلَّمَآ اَوْقَدُوْا نَارًا لِّلْحَرْبِ اَطْفَاَهَا اللّٰهُ ۙوَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًاۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ٦٤
Wa qālatil-yahūdu yadullāhi maglūlah(tun), gullat aidīhim wa lu‘inū bimā qālū, bal yadāhu mabsūṭatān(i), yunfiqu kaifa yasyā'(u), wa layazīdanna kaṡīram minhum mā unzila ilaika mir rabbika ṭugyānaw wa kufrā(n), wa alqainā bainahumul-‘adāwata wal-bagḍā'a ilā yaumil-qiyāmah(ti), kullamā auqadū nāral lil-ḥarbi aṭfa'ahallāh(u), wa yas‘auna fil-arḍi fasādā(n), wallāhu lā yuḥibbul-mufsidīn(a).
[64] (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kang padha koselaki iku dudu apa-apa, nanging kang koselaki iku ênggonku pracaya marang Allah, lan samubarang kang wis didhawuhake dening Allah marang aku, lan samubarang kang wis didhawuhake dening Allah dhèk biyèn sadurungku, apadene ênggonku ngarani yèn kowe iku kang akèh padha phasèk.

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْكِتٰبِ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَكَفَّرْنَا عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَاَدْخَلْنٰهُمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٦٥
Wa lau anna ahlal-kitābi āmanū wattaqau lakaffarnā ‘anhum sayyi'ātihim wa la'adkhalnāhum jannātin-na‘īm(i).
[65] (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe anjaluk tak kandhani wong kang dipatrapi dening Allah, patrapane luwih abot, tinimbang lan wong kang nyelaki mau, iya iku wong kang padha dibêndoni lan didukani dening Allah, malah ana kang rupane disalini rupa kêthèk utawa rupa cèlèng, lan manèh wong kang ngabêkti utawa nyêmbah marang setan. Wong kang mangkono mau kabèh panggonane ana ing naraka ala bangêt, apadene kêbangêtên ênggone kêsasar saka ing dalan kang bênêr.

وَلَوْ اَنَّهُمْ اَقَامُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ مِّنْ رَّبِّهِمْ لَاَكَلُوْا مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْۗ مِنْهُمْ اُمَّةٌ مُّقْتَصِدَةٌ ۗ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ سَاۤءَ مَا يَعْمَلُوْنَ ࣖ٦٦
Wa lau annahum aqāmut-taurāta wal-injīla wa mā unzila ilaihim mir rabbihim la'akalū min fauqihim wa min taḥti arjulihim, minhum ummatum muqtaṣidah(tun), wa kaṡīrum minhum sā'a mā ya‘malūn(a).
[66] Nalikane para wong Yahudi kang phasèk padha seba ing sira Mukhammad, padha matur: Kula punika [pu...][...nika] sami mukmin, nanging satêmêne ênggone padha malêbu marang ngarêpira kalawan ambatin kaphir, sarta mêtune saka ngarêpira kalawan ambtin kaphir. Dene Allah iku nguningani lamise wong munaphèk kang diumpêtake ana sajroning atine.

۞ يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ بَلِّغْ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ ۗوَاِنْ لَّمْ تَفْعَلْ فَمَا بَلَّغْتَ رِسٰلَتَهٗ ۗوَاللّٰهُ يَعْصِمُكَ مِنَ النَّاسِۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ٦٧
Yā ayyuhar-rasūlu ballig mā unzila ilaika mir rabbik(a), wa illam taf‘al famā ballagta risālatah(ū), wallāhu ya‘ṣimuka minan-nās(i), innallāha lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[67] Sira andêlêng wong Yahudi mau pirang-pirang kang padha tanpa taha ênggone padha ngucap goroh, lan siya-siya nganiaya, lan mangan barang larangan. Kang padha dilakoni mangkono mau mêsthi ala bangêt.

قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَسْتُمْ عَلٰى شَيْءٍ حَتّٰى تُقِيْمُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗوَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۚ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ٦٨
Qul yā ahlal-kitābi lastum ‘alā syai'in ḥattā tuqīmut-taurāta wal-injīla wa mā unzila ilaikum mir rabbikum, wa layazīdanna kaṡīram minhum mā unzila ilaika mir rabbika ṭugyānaw wa kufrā(n), falā ta'sa ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[68] Para pandhita lan para gurune wong Yahudi layak ora nyêgah marang Si Yahudi ênggone padha calathu goroh lan ênggone padha mangan barang larangan, ala têmên tindake para pandhita lan para guru mau.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـُٔوْنَ وَالنَّصٰرٰى مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦٩
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū waṣ-ṣābi'ūna wan-naṣārā man āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa ‘amila ṣāliḥan falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[69] Wong Yahudi padha ngucap: Astaning Allah iku anggêgêm bae, (kumêd) Alah[12] ngandika: Kang tangane anggêgêm iku wong Yahudi. Wong Yahudi padha dibêndoni dening Allah marga saka ênggone padha ngucap kang mangkono mau, satêmêne astaning Allah loro pisan padha mêgar, (bangêt lomane) pêparing sakarsa-karsane, [sakarsa-karsa...][...ne,] para panggêdhene lan gurune wong Yahudi mau ing têmbe bakal sangsaya wuwuh sasare lan pamaidone marang Kuran kang wis didhawuhake dening Pangeranira Mukhammad, lan Ingsun bakal nitahake sêsatron lan gêthing-ginêthingan antarane wong Yahudi mau, nganti têkan ing dina kiyamat. Wong Yahudi mau sabên ngurubake gêni, (Ngurubake gêni, karêpe: sabên ngumpulake kănca diajak ngayoni pêrang marang Kangjêng Nabi Mukhammad, iku diwurungake dening Allah, marga ênggone pasulayan kancane dhewe. Jamal.) kanggo pêrang nglawan Nabi Mukhammad, gêni mau dipatèni dening Allah. Wong Yahudi mau padha tumindak gawe rusak ana ing bumi. Dene Allah iku ora rêmên wong kang padha gawe rusak.

لَقَدْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ رُسُلًا ۗ كُلَّمَا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰٓى اَنْفُسُهُمْۙ فَرِيْقًا كَذَّبُوْا وَفَرِيْقًا يَّقْتُلُوْنَ٧٠
Laqad akhażnā mīṡāqa banī isrā'īla wa arsalnā ilaihim rusulā(n), kullamā jā'ahum rasūlum bimā lā tahwā anfusuhum, farīqan każżabū wa farīqay yaqtulūn(a).
[70] Saupama wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku padha pracaya ing Nabi Mukhammad, sarta padha wêdi ing Allah mêsthi padha Ingsun ruwat sakèhing pialane, lan mêsthi padha Ingsun lêbokake ing suwarga Nangim, lan manèh saupama wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku padha ngèstokake dhawuhing Kitab Torèt lan Kitab Injil, [Inji...][...l,] lan samubarang kang wis didhawuhake marang wong mau saka ing Pangerane, mêsthi wong mau padha mangan rijêki pêparinging Allah saka ing dhuwur lan saka ngisoring sikile. Sawênèhe wong mau ana kang sêdhêngan, nanging kang akèh padha nglakoni ala.

وَحَسِبُوْٓا اَلَّا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ فَعَمُوْا وَصَمُّوْا ثُمَّ تَابَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ثُمَّ عَمُوْا وَصَمُّوْا كَثِيْرٌ مِّنْهُمْۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ٧١
Wa ḥasibū allā takūna fitnatun fa ‘amū wa ṣammū ṡumma tāballāhu ‘alaihim ṡumma ‘amū wa ṣammū kaṡīrum minhum, wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[71] He utusaningsun Mukhammad, sira ngundhangna samubarang kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira. Yèn sira ora ngèstokake, (ana kang sira unthêt) sira iya jênêng ora ngundhangake dhawuhing Allah, dene Allah iku ngrêksa ing sira kalisa saka pialaning manungsa. Satêmêne Allah iku ora karsa paring pituduh marang wong kang padha kaphir.

لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ ۗوَقَالَ الْمَسِيْحُ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اعْبُدُوا اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْ ۗاِنَّهٗ مَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوٰىهُ النَّارُ ۗوَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ٧٢
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha huwal-masīḥubnu maryam(a), wa qālal-masīḥu yā banī isrā'īla‘budullāha rabbī wa rabbakum, innahū may yusyrik billāhi faqad ḥarramallāhu ‘alaihil-jannata wa ma'wāhun nār(u), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[72] (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira iku ora kêcacah apa-apa ing bab agama, kajaba yèn sira padha ngèstokake Kitab Torèt lan Kitab Injil, lan samubarang kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira kabèh. (He Mukhammad): [M...][...ukhammad):] Ing têmbe Ingsun bakal muwuhi sasar lan pamaidone wong Yahudi pirang-pirang, maido marang samubarang kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira. Mulane sira aja anggêtuni marang wong kang padha kaphir.

لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ ثَالِثُ ثَلٰثَةٍ ۘ وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّآ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۗوَاِنْ لَّمْ يَنْتَهُوْا عَمَّا يَقُوْلُوْنَ لَيَمَسَّنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٣
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha ṡāliṡu ṡalāsah(tin), wa mā min ilāhin illā ilāhuw wāḥid(un), wa illam yantahū ‘ammā yaqūlūna layamassannal-lażīna kafarū minhum ‘ażābun alīm(un).
[73] Dene sarupane wong mukmin, apadene para wong Yahudi lan para wong Sabiin, lan para wong Nasara, kang padha pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, apadene padha nglakoni kalakuan bêcik, iku besuk ana ing akhirat bakal ora kuwatir apa-apa, lan ora bakal nandhang susah.

اَفَلَا يَتُوْبُوْنَ اِلَى اللّٰهِ وَيَسْتَغْفِرُوْنَهٗۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٧٤
Afalā yatūbūna ilallāhi wa yastagfirūnah(ū), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[74] Ingsun têmên wis ngasta sêsanggêmane wong Bani Srail, lan Ingsun uga wis anglakokake utusan dhêdhawuh marang wong Bani Srail mau. Dene wong Bani Srail sabên katêkan utusaningsun, andhawuhake karsaningsun kang ora condhong lan karêpe, ing kono wong Bani Srail banjur padha maido marang utusaningsun sawatara, lan matèni utusaningsun sawatara.

مَا الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ اِلَّا رَسُوْلٌۚ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُۗ وَاُمُّهٗ صِدِّيْقَةٌ ۗ كَانَا يَأْكُلَانِ الطَّعَامَ ۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُبَيِّنُ لَهُمُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ انْظُرْ اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٧٥
Mal-masīḥubnu maryama illā rasūl(un), qad khalat min qablihir rusul(u), wa ummuhū ṣiddīqah(tun), kānā ya'kulāniṭ-ṭa‘ām(a), unẓur kaifa nubayyinu lahumul-āyāti ṡummanẓur annā yu'fakūn(a).
[75] Para wong Yahudi mau padha ngira yèn ênggone padha maido utawa matèni para utusaning Allah mau ora ana pakewuhe apa- apa, dadi wong Yahudi mau padha picak lan bisu atine, ewadene barêng padha tobat, Allah banjur ngapura marang wong Yahudi mau, sawise diapura, wong Yahudi mau kang akèh banjur padha picak lan bisu atine manèh. Dene Allah iku mirsani samubarang kang padha dilakoni dening wong Yahudi kabèh.

قُلْ اَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ۗوَاللّٰهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٧٦
Qul ata‘budūna min dūnillāhi mā lā yamliku lakum ḍarraw wa lā naf‘ā(n), wallāhu huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[76] Sarupane wong Nasara kang padha ngucap: Satêmêne Allah iku iya Nabi Ngisa putrane Maryam, wong mangkono mau têtêp dadi kaphir. Nabi Ngisa wis dhawuh: He para turuning Israil, kowe padha nyêmbaha ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Sing sapa wayuh nyêmbah liyane Allah, mêsthi dilarangi ora kêna malêbu ing suwarga, panggonane ana ing naraka. Dene wong kang padha nganiaya awake dhewe iku, mêsthi ora ana kang bisa nulungi nulak siksaning Allah.

قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ غَيْرَ الْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعُوْٓا اَهْوَاۤءَ قَوْمٍ قَدْ ضَلُّوْا مِنْ قَبْلُ وَاَضَلُّوْا كَثِيْرًا وَّضَلُّوْا عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ ࣖ٧٧
Qul yā ahlal-kitābi lā taglū fī dīnikum gairal-ḥaqqi wa lā tattabi‘ū ahwā'a qaumin qad ḍallū min qablu wa aḍallū kaṡīraw wa ḍallū ‘an sawā'is-sabīl(i).
[77] Wong Nasara kang padha ngucap: Allah iku Pangeran kang kaping têlu saka Pangeran têlu, (Kapracayane [(Kapraca...][...yane] agama Nasara ênggone ngarani Pangeran têlu, iku dadi patang golongan: 1. Ngarani sariraning Allah lan sarirane Nabi Ngisa lan sarirane Dèwi Maryam, iku siji-sijine padha aran Pangeran;2. Ngarani: Pangeran iku kumpule dadi sipat têlu: 1. wujud, têgêse: ana, 2. ngilmu, têgêse: kawruh, 3. khayat, têgêse: urip. Dene Nabi Ngisa iku putraning Pangeran; 3. Ngarani: Pangeran iku kumpule awak siji lan sipat loro, iya iku: 1. sariraning Allah kang ditêmbungake: rama, 2. sipat kalam, têgêse pangandikaning Allah, kang ditêmbungake: putra, 3. sipat khayat, têgêse: urip, kang ditêmbungake: roh suci. Dene kumpule têlung prakara iku Pangeran siji. 4. Ngarani: Pangeran iku kumpule awak loro lan sipat siji, iya iku sariraning Allah, 2. sarirane Nabi Ngisa, 3. sipat khayat, têgêse: urip kang dumunung ana sarirane Nabi Ngisa. Sawi.). iku têtêp dadi kaphir, awit ora ana Pangeran kajaba mung Pangeran siji Allah. Dene wong Nasara [Nasa...][...ra] mau manawa ora marèni ênggone ngucap mangkono mau, ing besuk wong kang padha kaphir mau mêsthi padha kambah ing siksa kang nglarani.

لُعِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَلٰى لِسَانِ دَاوٗدَ وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۗذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ٧٨
Lu‘inal-lażīna kafarū mim banī isrā'īla ‘alā lisāni dāwūda wa ‘īsabni maryam(a), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[78] Yagene para wong Nasara padha ora gêlêm tobat ing Allah lan ora padha nyuwun pangapuraning Allah. Dene Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

كَانُوْا لَا يَتَنَاهَوْنَ عَنْ مُّنْكَرٍ فَعَلُوْهُۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ٧٩
Kānū lā yatanāhauna ‘am munkarin fa‘alūh(u), labi'sa mā kānū yaf‘alūn(a).
[79] Nabi Ngisa putrane Maryam iku dudu sapa-sapa, satêmêne utusaning Allah, dene para utusan kang kuna-kuna wis padha ora ana. Dene ibune Nabi Ngisa iku sawijine wong wadon kang pangucape têmên, Nabi Ngisa lan Maryam mau sakarone padha mangan pêpanganan, (kaya lumrahing manungsa) mara rasakna ênggon Ingsun nêrang-nêrangake tăndha pirang-pirang marang para wong Nasara mau, nuli andêlênga marang para wong Nasara mau ênggone padha nampik bênêr.

تَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يَتَوَلَّوْنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ۗ لَبِئْسَ مَا قَدَّمَتْ لَهُمْ اَنْفُسُهُمْ اَنْ سَخِطَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَفِى الْعَذَابِ هُمْ خٰلِدُوْنَ٨٠
Tarā kaṡīram minhum yatawallaunal-lażīna kafarū, labi'sa mā qaddamat lahum anfusuhum an sakhiṭallāhu ‘alaihim wa fil ‘ażābi hum khālidūn(a).
[80] (He Mukhammad) sira dhawuha: Yagene sira padha nyêmbah liyane Allah, kang ora kuwasa gawe kamlaratanira, lan ora kuwasa gawe pakolèhira. Dene Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

وَلَوْ كَانُوْا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالنَّبِيِّ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَا اتَّخَذُوْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٨١
Wa lau kānū yu'minūna billāhi wan-nabiyyi wa mā unzila ilaihi mattakhażūhum auliyā'a wa lākinna kaṡīram minhum fāsiqūn(a).
[81] (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, ênggonira padha nglakoni agama aja kêbangêtên, nganti dadi ora bênêr, lan aja padha manut ardane wong kuna kang wis têtela padha kêsasar, lan padha nasarake wong akèh, apadene awake dhewe padha kêsasar saka dalan kang bênêr.

۞ لَتَجِدَنَّ اَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الْيَهُوْدَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْاۚ وَلَتَجِدَنَّ اَقْرَبَهُمْ مَّوَدَّةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰىۗ ذٰلِكَ بِاَنَّ مِنْهُمْ قِسِّيْسِيْنَ وَرُهْبَانًا وَّاَنَّهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ۔٨٢
Latajidanna asyaddan-nāsi ‘adāwatal lil-lażīna āmanul-yahūda wal-lażīna asyrakū, wa latajidanna aqrabahum mawaddatal lil-lażīna āmanul-lażīna qālū innā naṣārā, żālika bi'anna minhum qissīsīna wa ruhbānaw wa annahum lā yastakbirūn(a).
[82] Wong Bani Srail kang padha kaphir padha dibêndoni dening Allah marga saka ipat-ipat kang kawêtu saka tutuke Nabi Dawud lan tutuke Nabi Ngisa putrane Maryam. Mangkono mau wêwinih saka ênggone padha duraka tur wong mau padha anjarag. Tur wong mau padha ora cêgah-cinêgah nglakoni panggawe ala. Kang padha dilakoni wong Bani Srail mau ala bangêt.

وَاِذَا سَمِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَى الرَّسُوْلِ تَرٰٓى اَعْيُنَهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ مِمَّا عَرَفُوْا مِنَ الْحَقِّۚ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ٨٣
Wa iżā sami‘ū mā unzila ilar-rasūli tarā a‘yunahum tafīḍu minad-dam‘i mimmā ‘arafū minal-ḥaqq(i), yaqūlūna rabbanā āmannā faktubnā ma‘asy-syāhidīn(a).
[83] (He Mukhammad) sira andêlêng wong Yahudi lan wong Nasara iku akèh kang padha mêmitran lan wong kaphir ing Mêkah. Iba alane ênggone padha nyadhiyakake awake marang dêdukaning Allah, wong mangkono iku besuk padha langgêng ana ing siksa naraka.

وَمَا لَنَا لَا نُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَا جَاۤءَنَا مِنَ الْحَقِّۙ وَنَطْمَعُ اَنْ يُّدْخِلَنَا رَبُّنَا مَعَ الْقَوْمِ الصّٰلِحِيْنَ٨٤
Wa mā lanā lā nu'minu billāhi wa mā jā'anā minal-ḥaqq(i), wa naṭma‘u ay yudkhilanā rabbunā ma‘al-qaumiṣ-ṣāliḥīn(a).
[84] Saupama wong Yahudi lan wong Nasara mau padha pracaya ing Allah lan marang Nabi Mukhammad, lan ngèstokake Kuran kang wis didhawuhake marang Nabi Mukhammad, mêsthi padha ora gêlêm apèk mitra wong kaphir. Satêmêne wong Yahudi lan wong Nasara mau akèh kang padha phasèk (duraka).

فَاَثَابَهُمُ اللّٰهُ بِمَا قَالُوْا جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَ٨٥
Fa aṡābahumullāhu bimā qālū jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'ul-muḥsinīn(a).
[85] Sira mêsthi wêruh yèn wong kang bangêt dhewe ênggone sêsatron lan para wong mukmin, iku para wong Yahudi lan wong kang padha musrik, lan sira iya wis wêruh yèn wong kang cêpak dhewe sihe marang para wong mukmin, iku wong kang padha ngucap: Kula punika sami tiyang Nasara. Enggone cêpak sihe mau marga wong Nasara iku ana gurune lan ana pandhitane, lan manèh wong iku padha ora gumêdhe.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ ࣖ٨٦
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[86] Wong Nasara kang mangkone mau nalikane padha krungu unining Kuran kang didhawuhake marang Rasul Nabi Mukhammad, sira andêlêng matane madha nrocos mêtu luhe, marga ênggone padha wêruh bênêr kang nyata. Wong mau banjur padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sami pitados (dhatêng nabi tuwan sarta dhatêng Kuran kitab Tuwan) mila Tuwan mugi kaparênga nyêrati kawula punika katunggilakên kalihan tiyang ingkang sami nêksèni yèn nabi Tuwan saha kitab Tuwan punika têmên.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحَرِّمُوْا طَيِّبٰتِ مَآ اَحَلَّ اللّٰهُ لَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ٨٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuḥarrimū ṭayyibāti mā aḥallallāhu lakum wa lā ta‘tadū, innallāha lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[87] Yagene aku padha ora pracaya marang Allah, lan marang barang-barang kang nyata kang wis didhawuhake marang aku. Aku mêsthi padha kapengin dilêbokake suwarga dening Pangeranku, tunggal karo wong kang padha bêcik kalakuane.

وَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ٨٨
Wa kulū mimmā razaqakumullāhu ḥalālan ṭayyibā(n), wattaqullāhal-lażī antum bihī mu'minūn(a).
[88] Awit saka pangucape wong Nasara kang mangkono mau, mulane Allah angganjar marang wong mau, padha diparingi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, wong mau ana ing kono padha langgêng. Kang mangkono mau sumurup ganjaran marang wong kang padha gawe bêcik. Dene wong kang padha kaphir lan padha maido ing ayat Ingsun, iku padha manggon ana ing naraka Jakhim.

لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللّٰهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا عَقَّدْتُّمُ الْاَيْمَانَۚ فَكَفَّارَتُهٗٓ اِطْعَامُ عَشَرَةِ مَسٰكِيْنَ مِنْ اَوْسَطِ مَا تُطْعِمُوْنَ اَهْلِيْكُمْ اَوْ كِسْوَتُهُمْ اَوْ تَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ ۗفَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ ۗذٰلِكَ كَفَّارَةُ اَيْمَانِكُمْ اِذَا حَلَفْتُمْ ۗوَاحْفَظُوْٓا اَيْمَانَكُمْ ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٨٩
Lā yu'ākhiżukumullāhu bil-lagwi fī aimānikum wa lākiy yu'ākhiżukum bimā ‘aqqattumul-aimān(a), fa kaffāratuhū iṭ‘āmu ‘asyarati masākīna min ausaṭi mā tuṭ‘imūna ahlīkum au kiswatuhum au taḥrīru raqabah(tin), famal lam yajid fa ṣiyāmu ṡalāṡati ayyām(in), żālika kaffāratu aimānikum iżā ḥalaftum, waḥfaẓū aimānakum, każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum tasykurūn(a).
[89] He para wong mukmin kabèh, sira aja padha ngaramake (ngarani larangan) sadhengah barang kang ngrêsêpake dikhalalake (ora dilarangi) dening Allah tumrap ing sira kabèh, lan aja padha nglirwakake parentahing Allah. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha nglirwakake parentahe.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْاَنْصَابُ وَالْاَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِ فَاجْتَنِبُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٩٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū innamal-khamru wal-maisiru wal-anṣābu wal-azlāmu rijsum min ‘amalisy-syaiṭāni fajtanibūhu la‘allakum tufliḥūn(a).
[90] Lan sira padha mangana samubarang kang wis diparingake dening Allah dadi panganira kalawan khalal lan rêsêp, lan sira padha wêdia ing Allah kang padha sira pracaya.

اِنَّمَا يُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّوْقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ فِى الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَعَنِ الصَّلٰوةِ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّنْتَهُوْنَ٩١
Innamā yurīdusy-syaiṭānu ay yūqi‘a bainakumul-‘adāwata wal-bagḍā'a fil-khamri wal-maisiri wa yaṣuddakum ‘an żikrillāhi wa ‘aniṣ-ṣalāti fahal antum muntahūn(a).
[91] Allah ora karsa nêtêpake supatanira kang mung kêbanjur tanpa sêdya, nanging Allah nêtêpake ênggonira padha supata kang kanthi sêdya. Dene (yèn sira narajang supata) pangruwating supata mau kudu awèh pangan wong miskin sapuluh, pangan kang têngahan, (ora kudu kang unggul, lan ora kêna kang asor bangêt) panunggalane pangan kang sira ênggo ngingoni para batihira, siji-sijining wong miskin samud, têgêse saraub) utawa awèh sandhang wong miskin sapuluh, utawa mardikakake kawula kang mukmin. Dene sing sapa ora bisa nglakoni salah sijining têlung prakara mau, pranguwating supatane kudu puwasa têlung dina. Kang kasêbut mau dadi pangruwating supatanira manawa sira narajang supata. Lan sira padha ngati-atia aja nganti narajang supata, kaya mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake ayate marang sira, supaya sira padha sukura ing Allah.

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاحْذَرُوْا ۚفَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٩٢
Wa aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla waḥżarū, fa in tawallaitum fa‘lamū annamā ‘alā rasūlinal-balāgul-mubīn(u).
[92] He wong kang padha mukmin, mungguh sajêng lan ngabotohan, lan brahala lan ajêlam, (Ajêlam iku cangkir pitu, cêcêkêlane wong kang rumêksa Kakbah ing jaman kuna, kanggo năndha barang kang arêp disumurupi pêthèke. Sawi.) iku kabèh barang ala saka panggawene setan, kabèh iku padha singkirana, supaya sira padha dadi wong bêkja.

لَيْسَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جُنَاحٌ فِيْمَا طَعِمُوْٓا اِذَا مَا اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاَحْسَنُوْا ۗوَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ٩٣
Laisa ‘alal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ṡummattaqau wa āmanū ṡummattaqau wa aḥsanū, wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[93] Kang mêsthi cêpak, setan iku ênggone nandukake paeka supaya sira iku padha sêsatron utawa gêthing-ginêthingan, apadene ênggone marsudi supaya sira padha lalia marang Allah lan lali nglakoni sêmbayang, kabèh mau nganggo sarana sajêng lan [la...][...n] botohan, adhuh, apa iya sira banjur padha lali marang Allah lan banjur mari nglakoni sêmbayang. Sira padha ngabêktia ing Allah lan manut mituruta marang Rasul Nabi Mukhammad, lan padha wêdia nglakoni duraka. Dene yèn sira suthik ngabêkti ing Allah lan manut marang Nabi Mukhammad, iku sira padha wêruha yèn wajibing Rasul utusaningsun iku mung mratakake dhawuh Ingsun.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَيَبْلُوَنَّكُمُ اللّٰهُ بِشَيْءٍ مِّنَ الصَّيْدِ تَنَالُهٗٓ اَيْدِيْكُمْ وَرِمَاحُكُمْ لِيَعْلَمَ اللّٰهُ مَنْ يَّخَافُهٗ بِالْغَيْبِۚ فَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٩٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū layabluwannakumullāhu bisyai'im minaṣ-ṣaidi tanāluhū aidīkum wa rimāḥukum liya‘lamallāhu may yakhāfuhū bil-gaib(i), fa mani‘tadā ba‘da żālika fa lahū ‘ażābun alīm(un).
[94] Para wong mukmin kang padha bêcik kalakuane ora ana pakewuhe ênggone biyèn padha ngombe sajêng lan ngabotohan, anggêre padha ngati-ati, ora mangan barang kang larangan, sarta padha têtêp pracayane marang Allah lan lastari kalakuane bêcik, apadene padha nyirik barang kang ing têmbe dilarangi, lan padha ngandêl yèn iku larangan. Banjur padha ngati-ati ora nganiaya wong, lan padha gawe kabêcikan. Allah iku rêmên wong kang padha gawe kabêcikan.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْتُلُوا الصَّيْدَ وَاَنْتُمْ حُرُمٌ ۗوَمَنْ قَتَلَهٗ مِنْكُمْ مُّتَعَمِّدًا فَجَزَۤاءٌ مِّثْلُ مَا قَتَلَ مِنَ النَّعَمِ يَحْكُمُ بِهٖ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ هَدْيًاۢ بٰلِغَ الْكَعْبَةِ اَوْ كَفَّارَةٌ طَعَامُ مَسٰكِيْنَ اَوْ عَدْلُ ذٰلِكَ صِيَامًا لِّيَذُوْقَ وَبَالَ اَمْرِهٖ ۗعَفَا اللّٰهُ عَمَّا سَلَفَ ۗوَمَنْ عَادَ فَيَنْتَقِمُ اللّٰهُ مِنْهُ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍ٩٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqtuluṣ-ṣaida wa antum ḥurum(un), wa man qatalahū minkum muta‘ammidan fa jazā'um miṡlu mā qatala minan-na‘ami yaḥkumu bihī żawā ‘adlim minkum hadyam bāligal-ka‘bati au kaffāratun ṭa‘āmu masākīna au ‘adlu żālika ṣiyāmal liyażūqa wabāla amrih(ī), ‘afallāhu ‘ammā salaf(a), wa man ‘āda fa yantaqimullāhu minh(u), wallāhu ‘azīzun żuntiqām(in).
[95] He para wong mukmin kabèh, Allah bakal nyoba ing sira sarana bêburon [bêburo...][...n] khewan dharatan, kang cilik kêna sira cêkêl kalawan tangan, kang gêdhe kêna sira pikut kalawan gêgamanira (iku sira padha dilarangi ambêbêdhag khewan mau) mulane sira padha dicoba mangkono. Supaya Allah nguningani kalawan gumêlaring akèh sapa kang têmên wêdi ing Allah sanadyan Allah iku ora kasat mata. Dene sing sapa sawise dipacaki iki mêksa nêrak larangan, wong iku bakal disiksa kang nglarani.

اُحِلَّ لَكُمْ صَيْدُ الْبَحْرِ وَطَعَامُهٗ مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِلسَّيَّارَةِ ۚوَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ صَيْدُ الْبَرِّ مَا دُمْتُمْ حُرُمًا ۗوَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٩٦
Uḥilla lakum ṣaidul-baḥri wa ṭa‘āmuhū matā‘al lakum wa lis-sayyārah(ti), wa ḥurrima ‘alaikum ṣaidul-barri mā dumtum ḥurumā(n), wattaqullāhal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[96] He para wong mukmin, sajrone sira isih padha nglakoni ihram, aja padha matèni khewan bêburon, dene sira kabèh sing sapa pinuju ihram, măngka anjarag matèni khewan bêburon, iku dipatrapi kaya patrapane yèn matèni khewan ingon (nyabêlèh khewan banjur nyidêkahake daginge marang wong miskin) apa murwate gêdhe ciliking khewan kang dipatèni. Dene kang nêtêpake pamurwate mau kudu kancanira wong lanang loro kang padha ngadil, patrapan dhêndhan iku minăngka pisungsung katur marang Kakbah (tanah Kharam) utawa pangruwating kaluputan [kalupu...][...tan] mangkono mau, awèh pangan para wong miskin, sarêgane kewan kang dimurwat mau. (Sabên samud diwèhake wong miskin siji, utawa padhane pangruwat mau kudu nglakoni puwasa, lirune pangan samud, puwasa sadina) mulane dipatrapi mangkono, supaya wong kang kaluputan mau ngrasakake aboting kaluputan kang wis dilakoni, Allah ngapura prakara larangan iki kang wis kabanjur (sadurunge ana dhawuh iki) dene sing sapa babali[1] nglakoni kaluputan manèh, iku Allah matrapi marang wong mau. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

۞ جَعَلَ اللّٰهُ الْكَعْبَةَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ قِيٰمًا لِّلنَّاسِ وَالشَّهْرَ الْحَرَامَ وَالْهَدْيَ وَالْقَلَاۤىِٕدَ ۗذٰلِكَ لِتَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٩٧
Ja‘alallāhul-ka‘batal-baital-ḥarāma qiyāmal lin-nāsi wasy-syahral-ḥarāma wal-hadya wal-qalā'id(a), żālika lita‘lamū annallāha ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa annallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[97] Sira kabèh padha diparêngake mangan bêburon khewaning sagara, (kewan sagara kang mati tanpa dibêlèh) minăngka bêbungah marang sira kabèh lan marang wong kang ana ing paran. Lan manèh sajrone sira padha nglakoni ihram, padha dilarangi mangan bêburon khewan dharatan. Lan sira padha wêdia ing Allah kang ing têmbe sira padha diimpun marang ngarsane.

اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۗ٩٨
I‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i), wa annallāha gafūrur raḥīm(un).
[98] Kaparênging Allah, Kakbah kang uga aran Baitul Kharam, iku diênggo panggonaning manungsa [manung...][...sa] nglakoni agama, apadene sasi Kharam, (Dulkangidah, Bêsar, Sura lan Rêjêb, iku kabèh diênggo măngsa têntrêm, ora ana pêrang) mangkono uga pisungsung lan kalung kayu ing tanah Kharam, iku diênggo nylamêtake saka pangarubiru. Karsaning Allah kang mangkono mau supaya sira padha sumurupa yèn Allah iku nguningani samubarang luwih manèh isining bumi lan langit. Sira padha sumurupa yèn Allah iku siksane abot, lan satêmêne Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

مَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ٩٩
Mā ‘alar-rasūli illal-balāg(u),wallāhu ya‘lamu mā tubdūna wa mā taktumūn(a).
[99] Kuwajibaning Rasul iku mung mratakake dhawuh, dene Allah iku nguningani samubarang kang sira êdhèng, lan barang kang padha sira tutupi.

قُلْ لَّا يَسْتَوِى الْخَبِيْثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ اَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيْثِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ࣖ١٠٠
Qul lā yastawil-khabīṡu waṭ-ṭayyibu wa lau a‘jabaka kaṡratul-khabīṡ(i), fattaqullāha yā ulil-albābi la‘allakum tufliḥūn(a).
[100] (He Mukhammad) sira dhawuha: Barang kang ala (kharam) iku ora padha lan barang kang bêcik (khalal) sanadyan barang kang kharam iku akèh bangêt, nganti andadèkake gumunira. He wong kang padha ana ngakale, sira padha wêdia ing Allah, (aja mangan kang kharam, supaya sira padha

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَسْـَٔلُوْا عَنْ اَشْيَاۤءَ اِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْ ۚوَاِنْ تَسْـَٔلُوْا عَنْهَا حِيْنَ يُنَزَّلُ الْقُرْاٰنُ تُبْدَ لَكُمْ ۗعَفَا اللّٰهُ عَنْهَا ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ١٠١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tas'alū ‘an asy-yā'a in tubda lakum tasu'kum, wa in tas'alū ‘anhā ḥīna yunazzalul-qur'ānu tubda lakum, ‘afallāhu ‘anhā, wallāhu gafūrun ḥalīm(un).
[101] He wong kang padha mukmin, sira aja padha nyuwun wêruh apa-apa (marang Kangjêng Rasul) kang sakirane manawa didhawuhake marang sira bakal andadèkake rêkasanira. Dene yèn sira nyuwun wêruh barang-barang nalikane dhumawuhing Kuran (Kangjêng Rasul isih sugêng) mêsthi banjur didhawuhi, (wêkasan dadi rêkasanira) Allah wis ngapura ênggonira padha nêrang nyuwun wêruh. Dene Allah iku ngapura dosa tur ora age-age matrapi. Para wong kuna sadurungira uga padha nêrang barang-barang (marang nabine) wêkasan padha ambalik dadi kaphir, jalaran didhawuhi kang rêkasa.

قَدْ سَاَلَهَا قَوْمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ ثُمَّ اَصْبَحُوْا بِهَا كٰفِرِيْنَ١٠٢
Qad sa'alahā qaumum min qablikum ṡumma aṣbaḥū bihā kāfirīn(a).
[102] Allah ora andhawuhake pisungsung bakirah (Bakirah iku unta wadon kang disêngkêr, ora kêna diwêtokake powane) utawa saibah (Saibah iku unta kang diênggo ngluwari nadar. Samăngsa nadar wis kalêksanan kaya karêpe kang duwe nadar, unta banjur disaosake marang brahala ing kono banjur ora kêna ditunggangi utawa dimomoti sapêpadhane, mung dingon bae) utawa wasilah (Wasilah iku unta wadon loro padha sadulur pambarêp sarta adhine gumuli. Padha disaosake marang brahala.) apadene kham (Kham, iku unta wadon kang wis manak ping sapuluh, iku banjur dimardikakake, ora kêna dipèk gawene, disaosake marang brahala. Jalalèn.) (têgêse Allah ora mundhut pisungsung patang prakara mau kaya kang wis ditindakake dening wong kuna) nanging pangarêpe wong kaphir padha goroh, awad-awad yèn pisungsung patang prakara mau têrang saka dhawuhing Allah. Dene wong kaphir mau kang akèh padha tanpa ngakal.

مَا جَعَلَ اللّٰهُ مِنْۢ بَحِيْرَةٍ وَّلَا سَاۤىِٕبَةٍ وَّلَا وَصِيْلَةٍ وَّلَا حَامٍ ۙوَّلٰكِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ وَاَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ١٠٣
Mā ja‘alallāhu mim baḥīratiw wa lā sā'ibatiw wa lā waṣīlatiw wa lā ḥām(in), wa lākinnal-lażīna kafarū yaftarūna ‘alallāhil-każib(a), wa akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[103] Para wong kaphir mau nalikane padha didhawuhi: He padha marenea, padha ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake dening Allah, lan padha ngèstokna dhawuhing Rasulullah, wong kaphir mau banjur padha mangsuli: Kula sampun cêkap anglampahi samukawis lêlampahanipun para lêluhur kula ingkang sampun kula sumêrêpi kemawon. (Allah ngandika:) Apa sanadyan lêluhure si kaphir iku padha ora wêruh barang-barang lan ora olèh pituduh iya mêksa dinut.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ قَالُوْا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا ۗ اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ١٠٤
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau ilā mā anzalallāhu wa ilar-rasūli qālū ḥasbunā mā wajadnā ‘alaihi ābā'anā, awalau kāna ābā'uhum lā ya‘lamūna syai'aw wa lā yahtadūn(a).
[104] He wong kang padha mukmin, sira padha kajibah marsudi bêcike awakira dhewe, manawa sira dhewe wis nêtêpi pituduh bênêr, sasare wong kang kêsasar iku ora makewuhi apa-apa marang sira. Sira iku kabèh bakal padha bali marang pangayunaning Allah, ing kono Allah bakal anjalètrèhake marang sira kabèh samubarang kang wis padha sira lakoni.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلَيْكُمْ اَنْفُسَكُمْ ۚ لَا يَضُرُّكُمْ مَّنْ ضَلَّ اِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٠٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū ‘alaikum anfusakum, lā yaḍurrukum man ḍalla iżahtadaitum, ilallāhi marji‘ukum jamī‘an fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[105] He wong kang padha mukmin, manawa sira ngarêpake mati, yèk arêp mêmêkas apa-apa prayoga nganggoa saksi kancanira tunggal agama Islam wong loro kang padha ngadil. Dene yèn sira pinuju lêlungan ana ing bumi, ana ing paran sira ngarêpake tumêka ing pati, (kang măngka sira ora olèh saksi wong Islam, iku kêna uga sira nganggo [ngang...][...go] saksi utawa mêmêkas marang wong loro kang seje agama. (Dene sira wong kang mariksa kaanane) mênawa sira sumêlang (bokmênawa ature saksi kang seje agama mau goroh) iku sira andhêga, banjur sira supatanana, sanadyan wong kang ngudi barang kang diwêkasake iku kalêbu sanak, saksi mau iya supatanana, dene wayahe supata ana sawise sêmbayang Ngasar, supata mau nganggo nyêbuta asmaning Allah, lan ngucapa: Têmên kula botên nyade utawi nglintokakên barang ingkang dipun wêlingakên dening tiyang ingkang pêjah punika. Sarta kula botên ngumpêt punapa-punapa, namung nêksèni kados dhawuhing Allah. Kula kalêbêt tiyang duraka.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا شَهَادَةُ بَيْنِكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ حِيْنَ الْوَصِيَّةِ اثْنٰنِ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ اَوْ اٰخَرٰنِ مِنْ غَيْرِكُمْ اِنْ اَنْتُمْ ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَاَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةُ الْمَوْتِۗ تَحْبِسُوْنَهُمَا مِنْۢ بَعْدِ الصَّلٰوةِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ اِنِ ارْتَبْتُمْ لَا نَشْتَرِيْ بِهٖ ثَمَنًا وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۙ وَلَا نَكْتُمُ شَهَادَةَ اللّٰهِ اِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الْاٰثِمِيْنَ١٠٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū syahādatu bainikum iżā ḥaḍara aḥadakumul-mautu ḥīnal-waṣiyyatiṡnāni żawā ‘adlim minkum au ākharāni min gairikum in antum ḍarabtum fil-arḍi fa aṣābatkum muṣībatul-maut(i), taḥbisūnahumā mim ba‘diṣ-ṣalāti fa yuqsimāni billāhi inirtabtum lā nasytarī bihī ṡamanaw wa lau kāna żā qurbā, wa lā naktumu syahādatallāhi innā iżal laminal-āṡimīn(a).
[106] (Sawise kalêksanan supata) mênawa sêksi loro mau banjur konangan ênggone padha katêtêpan dosa marga ênggone padha goroh ature, ing kono banjur anjupuka sêksi loro manèh, kang padha kalêbu sanake wong kang mati minăngka numpangi sêksi loro kang dhisik mau, wong loro mau banjur padha disupatanana nganggo nyêbut asmaning Allah, sawise rampung ature, nganggoa ditutupi mangkene: Anggèn kula sami nêksèni punika langkung têmên sarta patitis, tinimbang aturipun saksi kalih ingkang rumiyin punika, sarta kula botên mêwahi saking nyatanipun, yèn atur kula punika dora, kula kalêbêt tiyang niaya.

فَاِنْ عُثِرَ عَلٰٓى اَنَّهُمَا اسْتَحَقَّآ اِثْمًا فَاٰخَرٰنِ يَقُوْمٰنِ مَقَامَهُمَا مِنَ الَّذِيْنَ اسْتَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْاَوْلَيٰنِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ لَشَهَادَتُنَآ اَحَقُّ مِنْ شَهَادَتِهِمَا وَمَا اعْتَدَيْنَآ ۖاِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٧
Fa in ‘uṡira ‘alā annahumastaḥaqqā iṡman fa ākharāni yaqūmāni maqāmahumā minal-lażīnastaḥaqqa ‘alaihimul-aulayāni fa yuqsimāni billāhi lasyahādatunā aḥaqqu min syahādatihimā wa ma‘tadainā, innā iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[107] Panindaking prakara kang mangkono mau cêdhak bangêt lan bênêr, tinimbang yèn saksi loro kang dhisik mau banjur dianggêp bae, ature ênggone nêksèni, utawa tinimbang yèn saksi loro kang kari mau kuwatir, bokmênawa sawise awake disupatani, saksi loro kang dhisik banjur gênti disupatani manèh. Sira padha wêdia ing Allah, sarta padha ngèstokna parentahe, Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha phasèk.

ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِالشَّهَادَةِ عَلٰى وَجْهِهَآ اَوْ يَخَافُوْٓا اَنْ تُرَدَّ اَيْمَانٌۢ بَعْدَ اَيْمَانِهِمْۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاسْمَعُوْا ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ١٠٨
Żālika adnā ay ya'tū bisy-syahādati ‘alā wajhihā au yakhāfū an turadda aimānum ba‘da aimānihim, wattaqullāha wasma‘ū, wallāhu lā yahdil qaumal-fāsiqīn(a).
[108] (He Mukhammad): Sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah ngumpulake para Rasul, ing kono Allah andangu: [a...][...ndangu:] (minăngka mêlèhake para manungsa) êndi kanyataane ênggonira padha dièstokake dhawuhira. Para Rasul banjur padha munjuk: (Dhuh Gusti) sêsêrêpan kawula sapintên, Tuwan ingkang saèstu nguningani samukawis ingkang samar.

۞ يَوْمَ يَجْمَعُ اللّٰهُ الرُّسُلَ فَيَقُوْلُ مَاذَٓا اُجِبْتُمْ ۗ قَالُوْا لَا عِلْمَ لَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ١٠٩
Yauma yajma‘ullāhur-rusula fa yaqūlu māżā ujibtum, qālū lā ‘ilma lanā, innaka anta ‘allāmul-guyūb(i).
[109] Lan nyaritakna nalikane Allah ngandika: He Ngisa anake Maryam, sira elinga ênggon Ingsun paring nikmat marang sira lan marang biyungira, awit Ingsun nyantosakake sira kalawan roh suci, ing kono sira isih bayi wis bisa calathu marang manungsa, luwih manèh barêng wis diwasa.

اِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ اذْكُرْ نِعْمَتِيْ عَلَيْكَ وَعَلٰى وَالِدَتِكَ ۘاِذْ اَيَّدْتُّكَ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ تُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًا ۚوَاِذْ عَلَّمْتُكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ ۚوَاِذْ تَخْلُقُ مِنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ بِاِذْنِيْ فَتَنْفُخُ فِيْهَا فَتَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِيْ وَتُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ بِاِذْنِيْ ۚوَاِذْ تُخْرِجُ الْمَوْتٰى بِاِذْنِيْ ۚوَاِذْ كَفَفْتُ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَنْكَ اِذْ جِئْتَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ١١٠
Iż qālallāhu yā ‘īsabna maryamażkur ni‘matī ‘alaika wa ‘alā wālidatik(a), iż ayyattuka birūḥil-qudus(i), tukallimun-nāsa fil-mahdi wa kahlā(n), wa iż ‘allamtukal-kitāba wal-ḥikmata wat-taurāta wal-injīl(a), wa iż takhluqu minaṭ-ṭīni kahai'atiṭ-ṭairi bi'iżnī fa tanfukhu fīhā fa takūnu ṭairam bi'iżnī wa tubri'ul-akmaha wal-abraṣa bi'iżnī, wa iż tukhrijul-mautā bi'iżnī, wa iż kafaftu banī isrā'īla ‘anka iż ji'tahum bil-bayyināti fa qālal-lażīna kafarū minhum in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[110] Lan sira elinga nalikane Ingsun mêruhake ing sira, Ingsun wêruhake têtulisan, lan kawicaksanan, lan Kitab Torèt, lan Kitab Injil, lan nalikane sira ngêndhèg-êndhèg lêmpung sira gawe rêtupan manuk kalawan kaparêng Ingsun, nuli sira damoni banjur dadi manuk têmênan, kalawan kaparêng Ingsun, lan nalikane sira mêlèkake wong kang cilik mula tanpa mata, lan marasake [ma...][...rasake] wong bêlang kalawan kaparêng Ingsun. Lan nalikane sira nguripake wong sawatara kang wis mati kalawan kaparêng Ingsun, lan nalikane Ingsun ngalang-alangi para turuning Israil ênggone padha arêp matèni sira, marga sira nêkani wong Bani Srail mau kalawan mukjijat kaelokan kang minăngka tondha yêkti. Ing kono wong Bani Srail kang padha kaphir padha ngucap: Kaelokan kang mangkene iki têtela yèn sikhir.

وَاِذْ اَوْحَيْتُ اِلَى الْحَوَارِيّٖنَ اَنْ اٰمِنُوْا بِيْ وَبِرَسُوْلِيْ ۚ قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَاشْهَدْ بِاَنَّنَا مُسْلِمُوْنَ١١١
Wa iż auḥaitu ilal-ḥawāriyyīna an āminū bī wa birasūlī, qālū āmannā wasyhad bi'annanā muslimūn(a).
[111] Lan sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para Khawari. Sira padha pracayaa marang Ingsun, lan marang utusan Ingsun Nabi Ngisa, para Khawari mau banjur padha munjuk: Kawula sami pitados, Tuwan mugi nêksènana bilih kawula punika sami Islam.

اِذْ قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ هَلْ يَسْتَطِيْعُ رَبُّكَ اَنْ يُّنَزِّلَ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ ۗقَالَ اتَّقُوا اللّٰهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١١٢
Iż qālal-ḥawāriyyūna yā ‘īsabna maryama hal yastaṭī‘u rabbuka ay yunazzila ‘alainā mā'idatam minas-samā'(i), qālattaqullāha in kuntum mu'minīn(a).
[112] Lan sira nyaritakna likane[2] para Khawari padha matur: Dhuh Nabi Ngisa putraning Maryam, Pangeran sampeyan punapa sagêd maringi rampadan saking langit dhumatêng kula. Nabi Ngisa mangsuli: Yèn sira têmên padha pracaya ing Allah, sira padha wêdia ing Allah.

قَالُوْا نُرِيْدُ اَنْ نَّأْكُلَ مِنْهَا وَتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُنَا وَنَعْلَمَ اَنْ قَدْ صَدَقْتَنَا وَنَكُوْنَ عَلَيْهَا مِنَ الشّٰهِدِيْنَ١١٣
Qālū nurīdu an na'kula minhā wa taṭma'inna qulūbunā wa na‘lama an qad ṣadaqtanā wa nakūna ‘alaihā minasy-syāhidīn(a).
[113] Para Khawari banjur padha matur manèh: Kula punika sami kapengin badhe nêdha rampadan saking langit wau, supados manah kula têtêp ing pitados, lan supados kula sami sumêrêp bilih sampeyan punika sampun nganggêp têmên dhatêng pidatos kula, lan supados kula punika sami dados saksi tumurunipun rampadan saking langit wau.

قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ اللّٰهُمَّ رَبَّنَآ اَنْزِلْ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ تَكُوْنُ لَنَا عِيْدًا لِّاَوَّلِنَا وَاٰخِرِنَا وَاٰيَةً مِّنْكَ وَارْزُقْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ١١٤
Qāla ‘īsabnu maryamallāhumma rabbanā anzil ‘alainā mā'idatam minas-samā'i takūnu lanā ‘īdal li'awwalinā wa ākhirinā wa āyatam minka warzuqnā wa anta khairur-rāziqīn(a).
[114] Nabi Ngisa putrane Maryam banjur munjuk ing Allah: Dhuh Allah dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa rampadan dhumatêng kawula saking ing langit, supados dintên tumurunipun rampadan wau dados dintên agêng ingkang sami kawula mulyakakên, utawi dipun mulyakakên dening para tiyang sapêngkêr kawula, lan supados dadosa tăndha yêkti saking Tuwan, punapadene Tuwan mugi paringa rijêki rampadan saking langit wau dhumatêng kawula, awit sami-sami ingkang paring rijêki Tuwan pun[3] punika sae piyambak.

قَالَ اللّٰهُ اِنِّيْ مُنَزِّلُهَا عَلَيْكُمْ ۚ فَمَنْ يَّكْفُرْ بَعْدُ مِنْكُمْ فَاِنِّيْٓ اُعَذِّبُهٗ عَذَابًا لَّآ اُعَذِّبُهٗٓ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١١٥
Qālallāhu innī munazziluhā ‘alaikum, famay yakfur ba‘du minkum fa innī u‘ażżibuhū ‘ażābal lā u‘ażzibuhū aḥadam minal-‘ālamīn(a).
[115] Allah banjur ngandika: Ingsun maringi rampadan tumurun saking ing langit marang sira kabèh. Sawise Ingsun paring rampadan iki, para kancanira sing sapa banjur ambalik dadi kaphir, iku bakal Ingsun siksa kalawan siksa kang wong sajagad ora ana Ingsun siksa kalawan siksa mau.

وَاِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ ءَاَنْتَ قُلْتَ لِلنَّاسِ اتَّخِذُوْنِيْ وَاُمِّيَ اِلٰهَيْنِ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالَ سُبْحٰنَكَ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اَقُوْلَ مَا لَيْسَ لِيْ بِحَقٍّ ۗاِنْ كُنْتُ قُلْتُهٗ فَقَدْ عَلِمْتَهٗ ۗتَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِيْ وَلَآ اَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِكَ ۗاِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ١١٦
Wa iż qālallāhu yā ‘īsabna maryama a'anta qulta lin-nāsittakhiżūnī wa ummiya ilāhaini min dūnillah(i), qāla subḥānaka mā yakūnu lī an aqūla mā laisa lī biḥaqq(in), in kuntu qultuhū faqad ‘alimtah(ū), ta‘lamu mā fī nafsī wa lā a‘lamu mā fī nafsik(a), innaka anta ‘allāmul-guyūb(i).
[116] Lan manèh sira nyaritakna nalikane Allah andangu: He Ngisa anake Maryam, apa nyata sira dhawuh marang para manungsa. Kowe padha mangerana marang aku lan marang ibuku, pangeran iku mung loro iki, dudu Allah. Nabi Ngisa banjur munjuk: (Dhuh Allah) Tuwan punika Mahasuci, kawula botên pisan dhawuh dhatêng tiyang ingkang botên salêrêsipun, manawi kawula têmên dhawuh kados ingkang Tuwan pangandikakakên wau, ingkang tamtu Tuwan sampun uninga, awit Tuwan punika nguningani samukawis ingkang kawula singidakên wontên ing manah kawula, nanging kawula botên sumêrêp ingkang wontên ing sarira Tuwan, Tuwan punika nguningani barang [ba...][...rang] ingkang samar-samar.

مَا قُلْتُ لَهُمْ اِلَّا مَآ اَمَرْتَنِيْ بِهٖٓ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْ ۚوَكُنْتُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًا مَّا دُمْتُ فِيْهِمْ ۚ فَلَمَّا تَوَفَّيْتَنِيْ كُنْتَ اَنْتَ الرَّقِيْبَ عَلَيْهِمْ ۗوَاَنْتَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ١١٧
Mā qultu lahum illā mā amartanī bihī ani‘budullāha rabbī wa rabbakum, wa kuntu ‘alaihim syahīdam mā dumtu fīhim, falammā tawaffaitanī kunta antar-raqība ‘alaihim, wa anta ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[117] Kawula botên pisan andhawuhakên dhumatêng para manungsa kajawi namung samukawis ingkang sampun Tuwan dhawuhakên dhumatêng kawula, inggih punika: Sira padha nyêmbaha ing Allah, Pangeranku lan Pangeranmu. Salêbêtipun kawula taksih woworan kalihan para manungsa wau, kawula inggih nyumêrêpi punapa kawontênanipun, (sarta inggih kawula cêgah anggènipun sami wicantên ingkang botên lêrês) wondene ing benjing manawi kawula sampun Tuwan pundhut, Tuwan ingkang ngulat- ulatakên samukawis ingkang dipun lampahi para manungsa wau. Tuwan punika nguningani samukawis.

اِنْ تُعَذِّبْهُمْ فَاِنَّهُمْ عِبَادُكَ ۚوَاِنْ تَغْفِرْ لَهُمْ فَاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١١٨
In tu‘ażżibhum fa innahum ‘ibāduk(a), wa in tagfir lahum fa innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[118] Manawi Tuwan kaparêng niksa para manungsa wau (sampun botên nama nganiaya, awit) sadaya punika sami kawula Tuwan. Wondene manawi Tuwan kaparêng ngapura (inggih pantês, awit) Tuwan punika Mahamulya tur Wicaksana.

قَالَ اللّٰهُ هٰذَا يَوْمُ يَنْفَعُ الصّٰدِقِيْنَ صِدْقُهُمْ ۗ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗرَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ ۗذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١١٩
Qālallāhu hāżā yaumu yanfa‘uṣ-ṣādiqīna ṣidquhum, lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[119] Allah ngandika: Iki dina kiyamat, ing kono sarupane wong kang padha têmên, katêmênane makolèhi marang awake, kabèh padha duwe suwarga kang ana bangawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng salawase. Allah wis kaparêng nganggêp pangabêktine wong mau, dene wong mau iya wis suka narima tămpa ganjaraning Allah, kang mangkono iku aran kabêgjan kang gêdhe.

لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا فِيْهِنَّ ۗوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٢٠
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā fīhinn(a), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[120] Karaton bumi lan langit lan saisine kabèh, iku kagunganing Allah. Dene Allah iku nguwasani samubarang.