Surah Al-Hujurat
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيِ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuqaddimū baina yadayillāhi wa rasūlihī wattaqullāh(a), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[1]
He para wong mukmin, sira aja padha lancang pangucap utawa panggawe, tanpa olèh idining Allah lan utusaning Allah, sira padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَرْفَعُوْٓا اَصْوَاتَكُمْ فَوْقَ صَوْتِ النَّبِيِّ وَلَا تَجْهَرُوْا لَهٗ بِالْقَوْلِ كَجَهْرِ بَعْضِكُمْ لِبَعْضٍ اَنْ تَحْبَطَ اَعْمَالُكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تَشْعُرُوْنَ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tarfa‘ū aṣwātakum fauqa ṣautin-nabiyyi wa lā tajharū lahū bil-qauli kajahri ba‘ḍikum liba‘ḍin an taḥbaṭa a‘mālukum wa antum lā tasy‘urūn(a).
[2]
He para wong mukmin, sira aja padha nyêrokake suwaranira ngungkuli suwarane Nabi Mukhammad, lan mênawa matur ing Nabi Mukhammad, aja sêru-sêru, nganti kaya sêrune ênggonira cêcaturan lan kancanira, mangkono iku nguwatiri bokmênawa sira dadi kaphir, sirna lakunira [lakuni....ra] kang bêcik, tur sira ora krasa.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَغُضُّوْنَ اَصْوَاتَهُمْ عِنْدَ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ امْتَحَنَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْ لِلتَّقْوٰىۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ٣
Innal-lażīna yaguḍḍūna aṣwātahum ‘inda rasūlillāhi ulā'ikal-lażīnamtaḥanallāhu qulūbahum lit-taqwā, lahum magfiratuw wa ajrun ‘aẓīm(un).
[3]
Sarupane wong kang nglirihake suwarane ana ngarsaning Rasulullah, iku wong atine dicoba dening Allah, supaya katona wêdine. Wong mangkono iku olèh pangapura dosane, lan bakal tămpa ganjaran gêdhe.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُنَادُوْنَكَ مِنْ وَّرَاۤءِ الْحُجُرٰتِ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ٤
Innal-lażīna yunādūnaka miw warā'il-ḥujurāti akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[4]
(He Mukhammad) wong kang wani-wani ngundang marang sira saka ing jaban pagêr, iku kang akèh wong ora ganêp ngakale.
وَلَوْ اَنَّهُمْ صَبَرُوْا حَتّٰى تَخْرُجَ اِلَيْهِمْ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Wa lau annahum ṣabarū ḥattā takhruja ilaihim lakāna khairal lahum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[5]
Upama wong mau sarèh, ngêntèni ênggonira mêtu nêmoni wong mau, iku luwih bêcik, ewadene Allah iku karsa ngapura tur Maha-asih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ جَاۤءَكُمْ فَاسِقٌۢ بِنَبَاٍ فَتَبَيَّنُوْٓا اَنْ تُصِيْبُوْا قَوْمًاۢ بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوْا عَلٰى مَا فَعَلْتُمْ نٰدِمِيْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in jā'akum fāsiqum binaba'in fa tabayyanū an tuṣībū qaumam bijahālatin fa tuṣbiḥū ‘alā mā fa‘altum nādimīn(a).
[6]
He para wong mukmin, mênawa sira katêkan wong phasèk (wong ala) nyaritakake apa-apa, iku sira titi pariksaa kang têrang, têmên lan gorohe, marga iku nguwatiri, bokmênawa sira kêbanjur matrapi wong kang satêmêne ora luput, tibaning patrapan mung awur-awuran, anggugu kandhane wong goroh. Barêng wis têtela ora luput, sira banjur kaduwung ênggonira nibakake patrapan.
وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ فِيْكُمْ رَسُوْلَ اللّٰهِ ۗ لَوْ يُطِيْعُكُمْ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنَ الْاَمْرِ لَعَنِتُّمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ حَبَّبَ اِلَيْكُمُ الْاِيْمَانَ وَزَيَّنَهٗ فِيْ قُلُوْبِكُمْ وَكَرَّهَ اِلَيْكُمُ الْكُفْرَ وَالْفُسُوْقَ وَالْعِصْيَانَ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الرّٰشِدُوْنَۙ٧
Wa‘lamū anna fīkum rasūlallāh(i), lau yuṭī‘ukum fī kaṡīrim minal-amri la‘anittum wa lākinnallāha ḥabbaba ilaikumul-īmāna wa zayyanahū fī qulūbikum wa karraha ilaikumul-kufra wal-fusūqa wal-‘iṣyān(a), ulā'ika humur-rāsyidūn(a).
[7]
Sira padha wêruha, ing kene ana utusaning Allah, manawa sira manut miturut marang rasul ing prakara akèh, mêsthi sira ora duraka, nanging Allah rêmên yèn sira pracaya ing Allah, Allah ambêcikake kapracayan mau ana ing atinira, lan ora rêmên yèn sira kaphir, phasèk, utawa duraka. Wong kang manut miturut marang Rasulullah mau aran wong pintêr lan bêgja.
فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَنِعْمَةً ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٨
Faḍlam minallāhi wa ni‘mah(tan), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[8]
Iya iku sih kanugrahaning Allah lan pêparinge kabungahan. Allah iku nguningani samubarang tur wicaksana.
وَاِنْ طَاۤىِٕفَتٰنِ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ اقْتَتَلُوْا فَاَصْلِحُوْا بَيْنَهُمَاۚ فَاِنْۢ بَغَتْ اِحْدٰىهُمَا عَلَى الْاُخْرٰى فَقَاتِلُوا الَّتِيْ تَبْغِيْ حَتّٰى تَفِيْۤءَ اِلٰٓى اَمْرِ اللّٰهِ ۖفَاِنْ فَاۤءَتْ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَهُمَا بِالْعَدْلِ وَاَقْسِطُوْا ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٩
Wa in ṭā'ifatāni minal-mu'minīnaqtatalū fa aṣliḥū bainahumā, fa im bagat iḥdāhumā ‘alal-ukhrā fa qātilul-latī tabgī ḥattā tafī'a ilā amrillāh(i), fa in fā'at fa aṣliḥū bainahumā bil-‘adli wa aqsiṭū, innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[9]
Mênawa ana wong mukmin rong păntha padha pêpêrangan, iku sira rukuna, dene mênawa kang siji suthik manut pirukun, kudu ambanjurake pêrang, iku sira ayonana pêrang, nganti manut ing pirukun, ngèstokake parentahing Allah, manawa wis manut, banjur sira rukuna kalawan ngadil. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha ngadil.
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ اِخْوَةٌ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَ اَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ ࣖ١٠
Innamal-mu'minūna ikhwatun fa aṣliḥū baina akhawaikum wattaqullāha la‘allakum turḥamūn(a).
[10]
Para wong mukmin iku padha sadulur tunggal agama, mulane sira padha ngrukuna sadulurira loro kang padha pasulayan, lan wêdia ing Allah, supaya [supa...ya] sira olèh sihing Allah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā yaskhar qaumum min qaumin ‘asā ay yakūnū khairam minhum wa lā nisā'um min nisā'in ‘asā ay yakunna khairam minhunn(a), wa lā talmizū anfusakum wa lā tanābazū bil-alqāb(i), bi'salismul-fusūqu ba‘dal-īmān(i), wa mal lam yatub fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[11]
He para wong mukmin, sira kabèh aja ana wong lanang padha anggêguyu padha wong lanang, awit kêna uga kang digêguyu iku luwih bêcik tinimbang kang anggêguyu, wong wadon uga aja padha anggêguyu marang wong wadon, awit kang digêguyu kêna uga luwih bêcik tinimbang kang gêguyu, lan aja padha nacad marang wong liya, awit wong kang sira cacad iku banjur malês nacad marang sira, lan aja padha anjêjuluki ala marang wong, wong iku sawise pracaya ing Allah, cacad bangêt yèn ngantia dirangkêpi jênêng ala, sing sapa ora gêlêm tobat ênggone nêrak laranganing Allah, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanujtanibū kaṡīram minaẓ-ẓann(i), inna ba‘daẓ-ẓanni iṡmuw wa lā tajassasū wa lā yagtab ba‘ḍukum ba‘ḍā(n), ayuḥibbu aḥadukum ay ya'kula laḥma akhīhi maitan fa karihtumūh(u), wattaqullāh(a), innallāha tawwābur raḥīm(un).
[12]
He para wong mukmin, sira padha nyingkira panyana akèh marang wong, awit sawênèhing panyana iku ana kang dadi dosa, lan aja sok amêdharake wadining wong, lan aja ngrasani ala marang padha kancanira. Apa iya sira iku kang dhêmên mangan daginging sadulure kang wis mati, barêng kêlakon, sira ora doyan. Lan sira [si....ra] padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku narima tobating manungsa tur Maha-asih.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ١٣
Yā ayyuhan-nāsu innā khalaqnākum min żakariw wa unṡā wa ja‘alnākum syu‘ūbaw wa qabā'ila lita‘ārafū, inna akramakum ‘indallāhi atqākum, innallāha ‘alīmun khabīr(un).
[13]
He manungsa, Ingsun wis gawe sira, wijine saka wong lanang lan wong wadon, sira Ingsun dadèkake pancêr pirang-pirang, lan turun kang bêbranahan, supaya wong padha wêruha prênahing siji lan sijine, dene mungguhing Allah sira iku kang aji dhewe, ngêndi kang bangêt dhewe wêdine ing Allah. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur waspada.
۞ قَالَتِ الْاَعْرَابُ اٰمَنَّا ۗ قُلْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا وَلٰكِنْ قُوْلُوْٓا اَسْلَمْنَا وَلَمَّا يَدْخُلِ الْاِيْمَانُ فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗوَاِنْ تُطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ لَا يَلِتْكُمْ مِّنْ اَعْمَالِكُمْ شَيْـًٔا ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٤
Qālatil-a‘rābu āmannā, qul lam tu'minū wa lākin qūlū aslamnā wa lammā yadkhulil-īmānu fī qulūbikum, wa in tuṭī‘ullāha wa rasūlahū lā yalitkum min a‘mālikum syai'ā(n), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[14]
Wong padesan padha ngucap: Aku iki wong mukmin, pracaya ing Allah, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe ora pracaya ing Allah, mulane aja ngaku wong mukmin, nanging ngucapa: Aku iki wong Islam. Iman ora malêbu ing atimu. Dene yèn kowe manut miturut ing Allah lan marang Rasulullah lair batin, iku ora bakal suda sathithik-thithika ganjarane lakumu kang bêcik. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura dosa tur Maha- asih.
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ ثُمَّ لَمْ يَرْتَابُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَ١٥
Innamal-mu'minūnal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī ṡumma lam yartābū wa jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāh(i), ulā'ika humuṣ-ṣādiqūn(a).
[15]
Kang têmên aran wong mukmin iku sarupaning wong kang pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, atine [a....tine] ora pisan mamang, lan katara ênggone mangsah pêrang, ngêtohake nyawane lan bandhane, kanggo wragad pêrang Sabilullah, iya iku wong kang têmên imane.
قُلْ اَتُعَلِّمُوْنَ اللّٰهَ بِدِيْنِكُمْۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٦
Qul atu‘alimūnallāha bidīnikum, wallāhu ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[16]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe ngaturake agamamu kang kosungkêmi iku ing Allah, Allah iku nguningani samubarang isining bumi lan langit. Allah iku nguningani samubarang.
يَمُنُّوْنَ عَلَيْكَ اَنْ اَسْلَمُوْا ۗ قُلْ لَّا تَمُنُّوْا عَلَيَّ اِسْلَامَكُمْ ۚبَلِ اللّٰهُ يَمُنُّ عَلَيْكُمْ اَنْ هَدٰىكُمْ لِلْاِيْمَانِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٧
Yamunnūna ‘alaika an aslamū, qul lā tamunnū ‘alayya islāmakum, balillāhu yamunnu ‘alaikum an hadākum lil-īmāni in kuntum ṣādiqīn(a).
[17]
Wong padesan mau padha ngaturake ênggone Islam marang sira (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe aja padha ngaturake ênggonmu Islam marang aku, yèn dhasar têmên ênggonmu padha ngaku pracaya ing Allah iku, Allah paring pitulung marang kowe, kowe padha diparingi pituduh kapracayan (iman).
اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٨
Innallāha ya‘lamu gaibas-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu baṣīrum bimā ta‘malūn(a).
[18]
Satêmêne Allah iku nguningani kang samar- samar, ana ing bumi lan langit. Allah iku mirsani samubarang kang padha kolakoni.