Surah Al-Fath

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّا فَتَحْنَا لَكَ فَتْحًا مُّبِيْنًاۙ١
Innā fataḥnā laka fatḥam mubīnā(n).
[1] (He Mukhammad) Ingsun namtokake bêdhahe nagara Mêkah dening pêrangira, kalawan bêdhah kang nyata.

لِّيَغْفِرَ لَكَ اللّٰهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْۢبِكَ وَمَا تَاَخَّرَ وَيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكَ وَيَهْدِيَكَ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۙ٢
Liyagfira lakallāhu mā taqaddama min żambika wa mā ta'akhkhara wa yutimma ni‘matahū ‘alaika wa yahdiyaka ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[2] Mulane Allah andhawuhake pêrang, supaya bênêr gumêlare, Allah ênggone karsa ngapura dosanira, kang wis kêlakon lan kang durung kêlakon, lan supaya sampurna pêparinge kabungahan marang sira, marga saka mênang pêrang, apadene Allah karsa paring pituduh dalan bênêr marang sira.

وَّيَنْصُرَكَ اللّٰهُ نَصْرًا عَزِيْزًا٣
Wa yanṣurakallāhu naṣran ‘azīzā(n).
[3] Lan manèh Allah karsa paring pitulung marang sira, kalawan pitulung kang mulya.

هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ فِيْ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ لِيَزْدَادُوْٓا اِيْمَانًا مَّعَ اِيْمَانِهِمْ ۗوَلِلّٰهِ جُنُوْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ٤
Huwal-lażī anzalas-sakīnata fī qulūbil-mu'minīna liyazdādū īmānam ma‘a īmānihim, wa lillāhi junūdus-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[4] Allah iku kang paring têntrêm ana ing atining para wong mukmin, supaya wuwuha kapracayane, numpangi kapracayane kang dhisik. Allah iku kagungan wadyabala isining bumi lan langit. Allah iku nguningani para wadyabalane kabèh, tur wicaksana.

لِّيُدْخِلَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَيُكَفِّرَ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عِنْدَ اللّٰهِ فَوْزًا عَظِيْمًاۙ٥
Liyudkhilal-mu'minīna wal-mu'mināti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa yukaffira ‘anhum sayyi'ātihim, wa kāna żālika ‘indallāhi fauzan ‘aẓīmā(n).
[5] Lan manèh Allah ênggone dhawuh pêrang mau, Allah karsa arêp angganjar para wong mukmin lanang lan wadon kalawan suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, wong mukmin ênggone ana ing suwarga langgêng, lan Allah karsa ngapura kaluputaning para wong mukmin mau. Kang mangkono iku aran kabêgjan gêdhe ana ngarsaning Allah.

وَّيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ الظَّاۤنِّيْنَ بِاللّٰهِ ظَنَّ السَّوْءِۗ عَلَيْهِمْ دَاۤىِٕرَةُ السَّوْءِۚ وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَلَعَنَهُمْ وَاَعَدَّ لَهُمْ جَهَنَّمَۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا٦
Wa yu‘ażżibal-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-musyrikīna wal-musyrikātiẓ-ẓānnīna billāhi ẓannas-sau'(i), ‘alaihim dā'iratus-sau'(i), wa gaḍiballāhu ‘alaihim wa la‘anahum wa a‘adda lahum jahannam(a), wa sā'at maṣīrā(n).
[6] Lan manèh karsaning Allah bakal niksa para wong lamis, lanang lan wadon, apadene para wong maro tingal, lanang lan wadon, kang padha nyana ala marang Allah, dinyana ora bakal mitulungi Nabi Mukhammad, wong lamis lan wong maro tingal mau dikêpung ing barang ala, iya iku bakal rusak. Allah ambêndoni lan andukani marang wong lamis lan wong maro tingal mau. Kabèh padha diancam siksa Naraka Jahanam, lan ala kadadiane.

وَلِلّٰهِ جُنُوْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا٧
Wa lillāhi junūdus-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[7] Isining bumi lan langit iku kabèh wadyabalaning Allah. Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ٨
Innā arsalnāka syāhidaw wa mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[8] (He Mukhammad) Ingsun ngutus sira, pêrlu nêksèni ala bêcike para umatira, lan ambêbungah para wong ngabêkti bakal padha olèh ganjaran suwarga, apadene mêmêdèni para wong duraka bakal padha nandhang siksa naraka.

لِّتُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتُعَزِّرُوْهُ وَتُوَقِّرُوْهُۗ وَتُسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٩
Litu'minū billāhi wa rasūlihī wa tu‘azzirūhu wa tuwaqqirūh(u), wa tusabbiḥūhu bukrataw wa aṣīlā(n).
[9] Dhawuh Ingsun mau supaya sira lan para umatira padha pracaya ing Allah, lan marang utusaning Allah, [A....llah,] apadene supaya padha biyantu lan ngajèni marang rasul, lan supaya padha nêbut Mahasuci ing Allah, wayah esuk lan sore.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُبَايِعُوْنَكَ اِنَّمَا يُبَايِعُوْنَ اللّٰهَ ۗيَدُ اللّٰهِ فَوْقَ اَيْدِيْهِمْ ۚ فَمَنْ نَّكَثَ فَاِنَّمَا يَنْكُثُ عَلٰى نَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَوْفٰى بِمَا عٰهَدَ عَلَيْهُ اللّٰهَ فَسَيُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ١٠
Innal-lażīna yubāyi‘ūnaka innamā yubāyi‘ūnallāh(a), yadullāhi fauqa aidīhim, faman nakaṡa fa'innamā yankuṡu ‘alā nafsih(ī), wa man aufā bimā ‘āhada ‘alaihullāha fa sayu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[10] Sarupaning wong kang mêdharake prasêtyane marang sira, ora pisan bakal malayu saka ing papêrangan, iku sajatine iya prasêtya ing Allah, astaning Allah ana sadhuwuring tangane wong kang padha prasêtya mau. Mulane sing sapa ngudhari prasêtyane, cidra saka kasaguhane, iku iya cidra marang awake dhewe, dene sing sapa tuhu, nêtêpi prasêtyane ing Allah, iku ing têmbe diparingi ganjaran gêdhe, iya iku suwarga.

سَيَقُوْلُ لَكَ الْمُخَلَّفُوْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ شَغَلَتْنَآ اَمْوَالُنَا وَاَهْلُوْنَا فَاسْتَغْفِرْ لَنَا ۚيَقُوْلُوْنَ بِاَلْسِنَتِهِمْ مَّا لَيْسَ فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ لَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ بِكُمْ ضَرًّا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ نَفْعًا ۗبَلْ كَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١١
Sayaqūlu lakal-mukhallafūna minal-a‘rābi syagalatnā amwālunā wa ahlūnā fastagfir lanā, yaqūlūna bi'alsinatihim mā laisa fī qulūbihim, qul famay yamliku lakum minallāhi syai'an in arāda bikum ḍarran au arāda bikum naf‘ā(n), bal kānallāhu bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[11] Wong padesan sakiwa têngêning Madinah, kang ora milu sira nglurug pêrang marang Mêkah, bakal padha matur ing sira mangkene: Kula punika mila botên andhèrèk, jalaran kapambêng rumêksa băndha saha anak bojo kula, mila mugi sampeyan suwunakên pangapuraning Allah. Enggone matur mangkono mau, mung ana ing lambe bae, ora têrus ing atine, (he Mukhammad) sira dhawuha: Sanadyan [Sanadya...n] kowe ana ing omah bae, mênawa Allah paring pakewuh marang kowe, sapa kang kaconggah nulak, utawa mênawa Allah paring salamêt lan kabêgjan marang kang padha nglurug pêrang, sapa kang bisa murungake. Allah iku waspada marang samubarang kang padha kolakoni.

بَلْ ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّنْقَلِبَ الرَّسُوْلُ وَالْمُؤْمِنُوْنَ اِلٰٓى اَهْلِيْهِمْ اَبَدًا وَّزُيِّنَ ذٰلِكَ فِيْ قُلُوْبِكُمْ وَظَنَنْتُمْ ظَنَّ السَّوْءِۚ وَكُنْتُمْ قَوْمًاۢ بُوْرًا١٢
Bal ẓanantum allay yanqalibar-rasūlu wal-mu'minūna ilā ahlīhim abadaw wa zuyyina żālika fī qulūbikum wa ẓanantum ẓannas-sau'(i), wa kuntum qaumam būrā(n).
[12] Malah kowe padha nyana yèn rasul dalah para wong mukmin, salawase ora bakal padha bisa bali katêmu lan para batihe, sira padha kêna ing godha, dhêmên panêmu kang mangkono iku, panyanamu padha ala, kowe iku wong bakal karusakan.

وَمَنْ لَّمْ يُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ فَاِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَعِيْرًا١٣
Wa mal lam yu'mim billāhi wa rasūlihī fa'innā a‘tadnā lil-kāfirīna sa‘īrā(n).
[13] Sing sapa ora pracaya ing Allah lan marang utusaning Allah, iku wong kaphir. Ingsun ngancam siksa Naraka Sangir marang para wong kaphir.

وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١٤
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[14] Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah ngapura wong kang dadi kaparênging karsane, lan uga niksa wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kaparêng ngapura dosa tur Maha-asih.

سَيَقُوْلُ الْمُخَلَّفُوْنَ اِذَا انْطَلَقْتُمْ اِلٰى مَغَانِمَ لِتَأْخُذُوْهَا ذَرُوْنَا نَتَّبِعْكُمْ ۚ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّبَدِّلُوْا كَلٰمَ اللّٰهِ ۗ قُلْ لَّنْ تَتَّبِعُوْنَا كَذٰلِكُمْ قَالَ اللّٰهُ مِنْ قَبْلُ ۖفَسَيَقُوْلُوْنَ بَلْ تَحْسُدُوْنَنَا ۗ بَلْ كَانُوْا لَا يَفْقَهُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا١٥
Sayaqūlul-mukhallafūna iżanṭalaqtum ilā magānima lita'khużūhā żarūnā nattabi‘kum, yurīdūna ay yubaddilū kalāmallāh(i), qul lan tattabi‘ūnā każālikum qālallāhu min qabl(u), fasayaqūlūna bal taḥsudūnanā, bal kānū lā yafqahūna illā qalīlā(n).
[15] Wong kang padha kari mau bakal padha ngucap mangkene: Manawa kowe lunga arêp anjupuki jarahan ing pêrang Khaibar, aku aja padha kopênging milu anjupuki jarahan mau, ênggone calathu mangkono mau, karêpe kudu ngowahi pangandikaning Allah ênggone namtokake jarahan mau, mung diparingake wong kang padha milu pêrang Khudaibiyah bae, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha ora kêna milu aku, wis têrang pangandikaning Allah sadurunge kêlakon pêrang. Wong kang padha kari mau bakal mangsuli mangkene: Enggonmu ora awèh iku dudu khukuming Allah, nanging kowe padha drêngki marang aku, ora awèh milu anjupuki jarahan. Wong mau kang wêruh bênêring agama mung sathithik.

قُلْ لِّلْمُخَلَّفِيْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ سَتُدْعَوْنَ اِلٰى قَوْمٍ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ تُقَاتِلُوْنَهُمْ اَوْ يُسْلِمُوْنَ ۚ فَاِنْ تُطِيْعُوْا يُؤْتِكُمُ اللّٰهُ اَجْرًا حَسَنًا ۚ وَاِنْ تَتَوَلَّوْا كَمَا تَوَلَّيْتُمْ مِّنْ قَبْلُ يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٦
Qul lil-mukhallafīna minal-a‘rābi satud‘auna ilā qaumin ulī ba'sin syadīdin tuqātilūnahum au yuslimūn(a), fa'in tuṭī‘ū yu'tikumullāhu ajran ḥasanā(n), wa in tatawallau kamā tawallaitum min qablu yu‘ażżibkum ‘ażāban alīmā(n).
[16] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong padesan kang padha kari mau: Ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake pêrange mungsuh kang gagah prakosa tur padha miranti gêgamane, kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau, utawa nêlukake dadi wong Islam. Mênawa kowe miturut mangsah pêrang, Allah bakal maringi ganjaran bêcik, iya iku suwarga, dene yèn kowe [ko.....we] mopo manèh kaya kang dhisik, Allah bakal matrapi siksa kang nglarani marang kowe.

لَيْسَ عَلَى الْاَعْمٰى حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْاَعْرَجِ حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْمَرِيْضِ حَرَجٌ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۚ وَمَنْ يَّتَوَلَّ يُعَذِّبْهُ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٧
Laisa ‘alal-a‘mā ḥarajuw wa lā ‘alal-a‘raji ḥarajuw wa lā ‘alal-marīḍi ḥaraj(uw), wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa may yatawalla yu‘ażżibhu ‘ażāban alīmā(n).
[17] Wong picak lan wong pincang apadene wong lara, iku ora dadi apa ênggone kari, ora milu pêrang, dene sing sapa ngèstokake, dhawuhing Allah, lan dhawuhing Rasulullah, iku bakal diganjar suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, dene sing sapa mopo dhawuhing Allah, lan Rasulullah, iku bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

۞ لَقَدْ رَضِيَ اللّٰهُ عَنِ الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ يُبَايِعُوْنَكَ تَحْتَ الشَّجَرَةِ فَعَلِمَ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ فَاَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ عَلَيْهِمْ وَاَثَابَهُمْ فَتْحًا قَرِيْبًاۙ١٨
Laqad raḍiyallāhu ‘anil-mu'minīna iż yubāyi‘ūnaka taḥtasy-syajarati fa‘alima mā fī qulūbihim fa'anzalas-sakīnata ‘alaihim wa aṡābahum fatḥan qarībā(n).
[18] Allah wis marêngake ênggone para sakhabat padha prasêtya marang sira ana sangisoring kêkayon, sanggêm ora bakal malayu saka ing pêpêrangan, lan ora wêdi mati. Allah nguningani lugune atine para sakabat mau, dhasar padha sêtya tuhu, mulane Allah banjur maringi têntrêm atine, lan uga diparingi enggal bisa ambêdhah ing Khaibar.

وَّمَغَانِمَ كَثِيْرَةً يَّأْخُذُوْنَهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٩
Wa magānima kaṡīratay ya'khużūnahā, wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[19] Lan manèh Allah maringi jarahan pirang-pirang, kang padha dijupuki saka ing Khaibar, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

وَعَدَكُمُ اللّٰهُ مَغَانِمَ كَثِيْرَةً تَأْخُذُوْنَهَا فَعَجَّلَ لَكُمْ هٰذِهٖ وَكَفَّ اَيْدِيَ النَّاسِ عَنْكُمْۚ وَلِتَكُوْنَ اٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَيَهْدِيَكُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۙ٢٠
Wa‘adakumullāhu magānima kaṡīratan ta'khużūnahā fa‘ajjala lakum hāżihī wa kaffa aidiyan-nāsi ‘ankum, wa litakūna āyatal lil-mu'minīna wa yahdiyakum ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[20] Allah wis andhawuhake marang sira, bakal olèh jarahan akèh, sira jupuki saka ing Khaibar, nuli anggêlisake kalakone saiki, sarta Allah nyêgah tangane manungsa ênggone padha arêp ngrusuhi sira. Mangkono iku supaya dadia tăndha yêkti kawasaning Allah tumrap para wong mukmin, lan nuduhake dalan bênêr marang sira kabèh.

وَّاُخْرٰى لَمْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهَا قَدْ اَحَاطَ اللّٰهُ بِهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا٢١
Wa ukhrā lam taqdirū ‘alaihā qad aḥāṭallāhu bihā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'in qadīrā(n).
[21] Lan sira diparingi jarahan liya-liyane, kang saiki durung sira kuwasani (iya iku kutha Paris lan Rum) Allah wis namtokake ing têmbe bakal bêdhah dening sira. Allah iku nguwasani samubarang.

وَلَوْ قَاتَلَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوَلَّوُا الْاَدْبَارَ ثُمَّ لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا٢٢
Wa lau qātalakumul-lażīna kafarū lawallawul-adbāra ṡumma lā yajidūna waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[22] Upama wong kaphir ing Mêkah padha mapagake pêrangira ana ing Khudaibiyah, mêsthi padha kêplayu mênyang ing buri, sawise mlayu, ora ana kang bisa nulungi, lan ora duwe andêl-andêl, kang ngukuhi awake.

سُنَّةَ اللّٰهِ الَّتِيْ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلُ ۖوَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا٢٣
Sunnatallāhil-latī qad khalat min qabl(u), wa lan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n).
[23] Allah nindakake mangkono mau, ora beda lan kang wis ditindakake tumrap ing para umat kuna sadurunge wong Mêkah iku, samubarang kang wis ditindakake ing Allah, ora ana kang bisa ngowahi.

وَهُوَ الَّذِيْ كَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ عَنْهُمْ بِبَطْنِ مَكَّةَ مِنْۢ بَعْدِ اَنْ اَظْفَرَكُمْ عَلَيْهِمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًا٢٤
Wa huwal-lażī kaffa aidiyahum ‘ankum wa aidiyakum ‘anhum bibaṭni makkata mim ba‘di an aẓfarakum ‘alaihim, wa kānallāh bimā ta‘malūna baṣīrā(n).
[24] Allah iku kang nyêgah tangane wong kaphir ing Mêkah, ênggone arêp anglarani sira, lan uga nyêgah tanganira ênggone arêp anglarani marang wong kaphir ing Mêkah, ana ing Khudaibiyah, sajrone nagara Mêkah, sawise sira Ingsun gawe mênang, ngalahake wong Mêkah, Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

هُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَالْهَدْيَ مَعْكُوْفًا اَنْ يَّبْلُغَ مَحِلَّهٗ ۚوَلَوْلَا رِجَالٌ مُّؤْمِنُوْنَ وَنِسَاۤءٌ مُّؤْمِنٰتٌ لَّمْ تَعْلَمُوْهُمْ اَنْ تَطَـُٔوْهُمْ فَتُصِيْبَكُمْ مِّنْهُمْ مَّعَرَّةٌ ۢبِغَيْرِ عِلْمٍ ۚ لِيُدْخِلَ اللّٰهُ فِيْ رَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۚ لَوْ تَزَيَّلُوْا لَعَذَّبْنَا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا٢٥
Humul-lażīna kafarū wa ṣaddūkum ‘anil-masjidil-ḥarāmi wal-hadya ma‘kūfan ay yabluga maḥillah(ū), wa lau lā rijālum mu'minūna wa nisā'um mu'minātul lam ta‘lamūhum an taṭa'ūhum fa tuṣībakum minhum ma‘arratum bigairi ‘ilm(in), liyudkhilallāhu fī raḥmatihī may yasyā'(u), lau tazayyalū la‘ażżabnal-lażīna kafarū minhum ‘ażāban alīmā(n).
[25] Wong Mêkah mau wong kaphir kang padha makewuhi ênggonira malêbu ing Masjidil Kharam, lan makewuhi pisungsung kurban, ora awèh dibêlèh ana ing panggonan kang tinamtokake kaya kang wis kalakon. Upama ing Mêkah ora ana wong mukmin lanang lan wadon, awor lan wong kaphir, masthi sira ora wêruh wong Mêkah sapa kang mukmin. Dadi upama sira diparêngake ambêdhah nagara Mêkah, bakal kasamaran matèni wong Islam awor lan wong kaphir, dadi sira bakal nandhang dosa kang ora wêruh uruse, mulane ing dina iku sira durung diparêngake ambêdhah [ambê......dhah] nagara Mêkah, karsaning Allah arêp anglêbokake para wong mukmin kang dadi parênging karsane, dilêbokake ana ing rahmating Allah. Upama wong Islam wis pilah lan wong kaphir, mêsthi sira Ingsun parêngake ambêdhah nagara Mêkah, sarta wonge kaphir banjur Ingsun siksa kang nglarani.

اِذْ جَعَلَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْحَمِيَّةَ حَمِيَّةَ الْجَاهِلِيَّةِ فَاَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَعَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَاَلْزَمَهُمْ كَلِمَةَ التَّقْوٰى وَكَانُوْٓا اَحَقَّ بِهَا وَاَهْلَهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا ࣖ٢٦
Iż ja‘alal-lażīna kafarū fī qulūbihimul-ḥamiyyata ḥamiyyatal-jāhiliyyati fa anzalallāhu sakīnatahū ‘alā rasūlihī wa ‘alal-mu'minīna wa alzamahum kalimatat-taqwā wa kānū aḥaqqa bihā wa ahlahā, wa kānallāhu bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[26] Amarga wong kaphir mau atine padha gumêdhe, gumêdhene wong kaphir bodho, mulane Allah banjur nurunake katêntrêman marang utusane lan marang para wong mukmin. Kabèh padha dikarsakake mantêp ênggone nyungkêmi kalimah sahadat, Allah iku nguningani samubarang.

لَقَدْ صَدَقَ اللّٰهُ رَسُوْلَهُ الرُّءْيَا بِالْحَقِّ ۚ لَتَدْخُلُنَّ الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ اٰمِنِيْنَۙ مُحَلِّقِيْنَ رُءُوْسَكُمْ وَمُقَصِّرِيْنَۙ لَا تَخَافُوْنَ ۗفَعَلِمَ مَا لَمْ تَعْلَمُوْا فَجَعَلَ مِنْ دُوْنِ ذٰلِكَ فَتْحًا قَرِيْبًا٢٧
Laqad ṣadaqallāhu rasūlahur-ru'yā bil-ḥaqq(i), latadkhulunnal-masjidal-ḥarāma in syā'allāhu āminīn(a), muḥalliqīna ru'ūsakum wa muqaṣṣirīn(a), lā takhāfūn(a), fa‘alima mā lam ta‘lamū faja‘ala min dūni żālika fatḥan qarībā(n).
[27] Allah wis nganani kanyataan yèn impène Nabi Mukhamad[4] Rasulullah iku têmên nyata sawantahe. Nabi Mukhammad mêdharake impène lan wêwarah marang para sakabate: Insa Allah kowe bakal padha malêbu ing Masjidil Kharam kalawan salamêt lan têntrêm, sarta padha cukur êndhas utawa papal, tanpa kuwatir salawase, dadi tela[5] Allah iku nguningani kang kowe padha ora wêruh, iya iku bêdhahe nagara Mêkah diundurake [di.....undurake] ing taun buri, dene ing taun iku dikarsakake ambêdhah ing Khaibar dhisik.

هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا٢٨
Huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[28] Allah iku kang ngutus rasule, dikarsakake anggêlar pituduh agama bênêr, supaya gumêlaring agama kang nyata bênêr mau nyirnakake agama liya-liyane, kang mangkono iku, cukup disaksèni dening Allah piyambak.

مُحَمَّدٌ رَّسُوْلُ اللّٰهِ ۗوَالَّذِيْنَ مَعَهٗٓ اَشِدَّاۤءُ عَلَى الْكُفَّارِ رُحَمَاۤءُ بَيْنَهُمْ تَرٰىهُمْ رُكَّعًا سُجَّدًا يَّبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا ۖ سِيْمَاهُمْ فِيْ وُجُوْهِهِمْ مِّنْ اَثَرِ السُّجُوْدِ ۗذٰلِكَ مَثَلُهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ ۖوَمَثَلُهُمْ فِى الْاِنْجِيْلِۚ كَزَرْعٍ اَخْرَجَ شَطْـَٔهٗ فَاٰزَرَهٗ فَاسْتَغْلَظَ فَاسْتَوٰى عَلٰى سُوْقِهٖ يُعْجِبُ الزُّرَّاعَ لِيَغِيْظَ بِهِمُ الْكُفَّارَ ۗوَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْهُمْ مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ٢٩
Muḥammadur rasūlullāh(i), wal-lażīna ma‘ahū asyiddā'u ‘alal-kuffāri ruḥamā'u bainahum tarāhum rukka‘an sujjaday yabtagūna faḍlam minallāhi wa riḍwānā(n), sīmāhum fī wujūhihim min aṡaris-sujūd(i), żālika maṡaluhum fit-taurāh(ti), wa maṡaluhum fil-injīl(i), kazar‘in akhraja syaṭ'ahū fa āzarahū fastaglaẓa fastawā ‘alā sūqihī yu‘jibuz-zurrā‘a liyagīẓa bihimul-kuffār(a), wa‘adallāhul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti minhum magfirataw wa ajran ‘aẓīmā(n).
[29] Nabi Mukhammad iku utusaning Allah, dene sarupane wong mukmin sakhabate Nabi Mukhammad, iku padha gagah prakosa tur kêndêl, ngalahake para wong khaphir, apadene padha sih-sinihan lan karo kancane padha sakhabat, kaya kang sira dêlêng padha rukuk lan sujud, mangkono manèh padha ngarêp-arêp sih kanugrahan lan parênge karsaning Allah. Dene labêt ênggone padha sujud mau, bakal katon têngêre besuk ing dina kiyamat, raine mancorong, sanepane kasêbut ana ing Kitab Torèt lan Kitab Injil, para sakhabat mau kaya tanduran gandum kang mêtu anake, anak mau banjur gêdhe madhani uwit kang dhisik, andadèkake gumune wong kang papadha[6] [pa.padha] nandur. Awit saka iki Allah andukani sarupane wong kaphir. Allah prasêtya bakal maringi ganjaran gêdhe marang wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iya iku para sakhabate Nabi Mukhammad.