Surah Muhammad
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَضَلَّ اَعْمَالَهُمْ١
Allażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi aḍalla a‘mālahum.
[1]
Sarupaning wong kaphir ing Mêkah kang padha mênging pracaya ing Allah, iku nyirnakake ganjarane, ênggone nglakoni kabêcikan.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاٰمَنُوْا بِمَا نُزِّلَ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَّهُوَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَاَصْلَحَ بَالَهُمْ٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa āmanū bimā nuzzila ‘alā muḥammadiw wa huwal-ḥaqqu mir rabbihim, kaffara ‘anhum sayyi'ātihim wa aṣlaḥa bālahum.
[2]
Dene sarupaning wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, sarta padha ngèstokake dhawuhing Kuran, kang tinurunake marang Nabi Mukhammad, iya iku agama kang bênêr, têmên têrang dhawuhing Allah Pangerane, Allah ngapura dosane wong mukmin mau, lan ambêcikake lêlakone.
ذٰلِكَ بِاَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوا اتَّبَعُوا الْبَاطِلَ وَاَنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبَعُوا الْحَقَّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ لِلنَّاسِ اَمْثَالَهُمْ٣
Żālika bi'annal-lażīna kafaruttaba‘ul-bāṭila wa annal-lażīna āmanuttaba‘ul-ḥaqqa mir rabbihim, każālika yaḍribullāhu lin-nāsi amṡālahum.
[3]
Mulane mangkono, amarga para wong kaphir mau, padha manut panggodhaning setan, dene para wong mukmin padha manut dhawuhing Kuran, têrang saka Pangerane. Mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake lêlakone wong mung[1] mukmin lan wong kaphir.
فَاِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَضَرْبَ الرِّقَابِۗ حَتّٰٓى اِذَآ اَثْخَنْتُمُوْهُمْ فَشُدُّوا الْوَثَاقَۖ فَاِمَّا مَنًّاۢ بَعْدُ وَاِمَّا فِدَاۤءً حَتّٰى تَضَعَ الْحَرْبُ اَوْزَارَهَا ەۛ ذٰلِكَ ۛ وَلَوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ لَانْتَصَرَ مِنْهُمْ وَلٰكِنْ لِّيَبْلُوَا۟ بَعْضَكُمْ بِبَعْضٍۗ وَالَّذِيْنَ قُتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَلَنْ يُّضِلَّ اَعْمَالَهُمْ٤
Fa iżā laqītumul-lażīna kafarū faḍarbar-riqāb(i), ḥattā iżā aṡkhantumūhum fa syuddul-waṡāq(a), fa'immā mannam ba‘du wa immā fidā'an ḥattā taḍa‘al-ḥarbu auzārahā - żālika - wa lau yasyā'ullāhu lantaṣara minhum wa lākil liyabluwa ba‘ḍakum biba‘ḍ(in), wal-lażīna qutilū fī sabīlillāhi falay yuḍilla a‘mālahum.
[4]
Mulane mênawa sira kêtêmu lan mungsuh wong kaphir, banjur padha sira kêthoka gulune, dene yèn wis akèh kang mati, sira bandanana bae.
سَيَهْدِيْهِمْ وَيُصْلِحُ بَالَهُمْۚ٥
Sayahdīhim wa yuṣliḥu bālahum.
[5]
Sawise padha sira bănda, kêna uga banjur [ba.....njur] sira apura sarta sira uculake, lan kêna uga sira pundhuti têbusan. Mangkono iku sira tindakna nganti têkan bubaring pêrang, para prajurit padha nyèlèhake gêgamane. Upama ana kaparênge karsaning Allah, wong kaphir iku padha ditumpês kalawan siksa bae, tanpa dilawan ing prang, mêsthi kalakon, nanging karsaning Allah ora mangkono, ênggone dhawuh pêrang iku kanggo andadar marang sira para wong mukmin, sapa kang sêtya tuhu. Dene wong mukmin kang padha mati pêrang Sabilullah, Allah ora bakal anjugarake ênggone padha nglakoni panggawe bêcik.
وَيُدْخِلُهُمُ الْجَنَّةَ عَرَّفَهَا لَهُمْ٦
Wa yudkhiluhumul-jannata ‘arrafahā lahum.
[6]
Allah mêsthi paring pituduh bênêr sarta ambêcikake lêlakone wong mukmin mau.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَنْصُرُوا اللّٰهَ يَنْصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ اَقْدَامَكُمْ٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tanṣurullāha yanṣurkum wa yuṡabbit aqdāmakum.
[7]
Apadene ngunggahake ing suwarga, lan mrênahake panggonane wong mukmin mau ana ing suwarga.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَتَعْسًا لَّهُمْ وَاَضَلَّ اَعْمَالَهُمْ٨
Wal-lażīna kafarū fata‘sal lahum wa aḍalla a‘mālahum.
[8]
He para wong mukmin, mênawa sira biyantu utusaning Allah ênggone anggêlarake agama Islam, Allah mêsthi paring pitulung marang sira, lan nêtêpake dalamakanira ana ing pêpêrangan.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَرِهُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاَحْبَطَ اَعْمَالَهُمْ٩
Żālika bi'annahum karihū mā anzalallāhu fa aḥbaṭa a‘mālahum.
[9]
Dene sarupaning wong kaphir iku padha kapitunan, [kapitu.....nan,] Allah bakal anglarutake ganjarane ênggone nglakoni panggawe bêcik.
۞ اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ دَمَّرَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ۖوَلِلْكٰفِرِيْنَ اَمْثَالُهَا١٠
Afalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, dammarallāhu ‘alaihim, wa lil-kāfirīna amṡāluhā.
[10]
Enggone mangkono iku, marga wong kaphir mau padha sêngit marang Kuran kang didhawuhake dening Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane para wong kaphir.
ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ مَوْلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاَنَّ الْكٰفِرِيْنَ لَا مَوْلٰى لَهُمْ ࣖ١١
Żālika bi'annallāha maulal-lażīna āmanū wa annal-kāfirīna lā maulā lahum.
[11]
Yagene wong kaphir mau ora padha anjajah ing bumi, andêlêng patilasane para umat kuna, sadurunge wong kaphir mau, kang padha Ingsun tumpês marga ênggone kaphir. Kapriye ta kadadiane. Dene wong kaphir turun Kurès, iya ora beda, bakal kaya mangkono uga.
اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗوَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَتَمَتَّعُوْنَ وَيَأْكُلُوْنَ كَمَا تَأْكُلُ الْاَنْعَامُ وَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ١٢
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wal-lażīna kafarū yatamatta‘ūna wa ya'kulūna kamā ta'kulul-an‘āmu wan-nāru maṡwal lahum.
[12]
Mulane mangkono, amarga Allah iku andêl-andêle para wong mukmin, ka[2] paring pitulung, dene wong kaphir ora duwe andêl-andêl.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ هِيَ اَشَدُّ قُوَّةً مِّنْ قَرْيَتِكَ الَّتِيْٓ اَخْرَجَتْكَۚ اَهْلَكْنٰهُمْ فَلَا نَاصِرَ لَهُمْ١٣
Wa ka'ayyim min qaryatin hiya asyaddu quwwatam min qaryatikal-latī akhrajatk(a), ahlaknāhum falā nāṣira lahum.
[13]
Allah iku angganjar para wong mukmin, kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Dene para wong kaphir, iku padha bungah-bungah ana ing dunya, lan padha mêmangan kaya ênggone mêmangan kêbo lan sapi, ing besuk ana ing akhirat, panggonane ana ing naraka.
اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ كَمَنْ زُيِّنَ لَهٗ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ١٤
Afaman kāna ‘alā bayyinatim mir rabbihī kaman zuyyina lahū sū'u ‘amalihī wattaba‘ū ahwā'ahum.
[14]
Pira bae kèhe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli sira wong Mêkah, utawa nundhung sira saka ing Mêkah, iku padha Ingsun tumpês, têka ora ana kang bisa nulungi.
مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَ ۗفِيْهَآ اَنْهٰرٌ مِّنْ مَّاۤءٍ غَيْرِ اٰسِنٍۚ وَاَنْهٰرٌ مِّنْ لَّبَنٍ لَّمْ يَتَغَيَّرْ طَعْمُهٗ ۚوَاَنْهٰرٌ مِّنْ خَمْرٍ لَّذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَ ەۚ وَاَنْهٰرٌ مِّنْ عَسَلٍ مُّصَفًّى ۗوَلَهُمْ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ وَمَغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ ۗ كَمَنْ هُوَ خَالِدٌ فِى النَّارِ وَسُقُوْا مَاۤءً حَمِيْمًا فَقَطَّعَ اَمْعَاۤءَهُمْ١٥
Maṡalul-jannatil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), fīhā anhārum mim mā'in gairi āsin(in), wa anhārum mil labanil lam yatagayyar ṭa‘muh(ū), wa anhārum min khamril lażżatil lisy-syāribīn(a), wa anhārum min ‘asalim muṣaffā(n), wa lahum fīhā min kulliṡ-ṡamarāti wa magfiratum mir rabbihim, kaman huwa khālidun fin-nāri wa suqū mā'an ḥamīman faqaṭṭa‘a am‘ā'ahum.
[15]
Wong kang nyungkêmi tăndha yêkti saka ing Pangerane, iya iku Kuran, apa padha bae lan wong kang dhêmên anglakoni panggawe ala, pangrasane bêcik, lan nuruti sakarêp-karêpe, nyêmbah brahala (mêsthi beda bangêt).
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُ اِلَيْكَۚ حَتّٰىٓ اِذَا خَرَجُوْا مِنْ عِنْدِكَ قَالُوْا لِلَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مَاذَا قَالَ اٰنِفًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ طَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ١٦
Wa minhum may yastami‘u ilaiīk(a), ḥattā iżā kharajū min ‘indika qālū lil-ażīna ūtul-ilma māżā qāla ānifā(n), ulā'ikal-ażīna ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim wattaba‘ū ahwā'ahum.
[16]
Salokaning suwarga kang diprasêtyakake dening Allah bakal diganjarake marang para wong wêdi ing Allah, iku ana bêngawane kang mili banyu kang ora owah jalaran apa-apa, lan ana bêngawane kang mili puwan kang rasane ora bisa owah, apadene ana bêngawane mili sajêng, kang luwih dening enak tumrap wong kang padha ngombe.
وَالَّذِيْنَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَّاٰتٰىهُمْ تَقْوٰىهُمْ١٧
Wal-ażīnahtadau zādahum hudaw wa ātāhum taqwāhum.
[17]
Lan ana bêngawane mili madu kang bêning wong mukmin ana ing suwarga padha duwe wowohan akèh tur warna-warna, lan olèh pangapura saka Pangerane. Iku têtimbangane wong kaphir ênggone langgêng ana ing naraka, lan dicangar ing wedang kang luwih dening panas, mulane jêroane padha ajur.
فَهَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً ۚ فَقَدْ جَاۤءَ اَشْرَاطُهَا ۚ فَاَنّٰى لَهُمْ اِذَا جَاۤءَتْهُمْ ذِكْرٰىهُمْ١٨
Fahal yanẓurūna illas-ā‘ata an ta'tiyahum bagtah(tan), faqad jā'a asyrāṭuhā, fa'annā lahum iżā jā'athum żikrāhum.
[18]
Sawênèhing wong kaphir ana kang padha ngrungokake ênggonira maca khutbah Jumungah, barêng wis mundur saka ngarêpira, banjur padha anggêguyu, calathune marang wong kang padha kadunungan kawruh, iya iku para sakabat: Kang digêlarake Nabi Mukhammad mau apa, aku măngsa anggugua. Wong mangkono mau atine wis dicap dening Allah, ditamtokake kaphir, banjur nglakoni sakarêp-karêpe dhewe.
فَاعْلَمْ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْۢبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوٰىكُمْ ࣖ١٩
Fa‘lam annahū lā ilāha illallāhu wastagfir liżambika wa lil-u'minīna wal-u'mināt(i), wallāhu ya‘lamu mutaqallabakum wa maṡwākum.
[19]
Dene wong kang padha olèh pituduh bênêr, iya iku para wong mukmin, iku padha diparingi wuwuh pituduh manèh, sarta diparingi ati wêdi ing Allah.
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَوْلَا نُزِّلَتْ سُوْرَةٌ ۚفَاِذَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ مُّحْكَمَةٌ وَّذُكِرَ فِيْهَا الْقِتَالُ ۙرَاَيْتَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ يَّنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ نَظَرَ الْمَغْشِيِّ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۗ فَاَوْلٰى لَهُمْۚ٢٠
Wa yaqūlul-ażīna āmanū lau lā nuzzilat sūrah(tun), fa iżā unzilat sūratum muḥkamatuw wa żukira fīhal-itāl(u), ra'aital-ażīna fī qulūbihim maraḍuy yanẓurūna ilaika naẓaral-magsyiyyi ‘alaihi minal-maut(i), fa'aulā lahum.
[20]
Wong kaphir ing Mêkah iku ngêntèni apa ta, ora liya mung ngêntèni dina kiyamat, kang têkane ngagètake, kang măngka saiki sasmitaning dina kiyamat mau wis ana sawatara kang kêlakon. Yèn dina kiyamat wis tumapak, kapriye ênggone arêp eling, tobat ing Allah.
طَاعَةٌ وَّقَوْلٌ مَّعْرُوْفٌۗ فَاِذَا عَزَمَ الْاَمْرُۗ فَلَوْ صَدَقُوا اللّٰهَ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْۚ٢١
Ṭā‘atuw wa qaulum ma‘rūf(un), fa'iżā ‘azamal-amr(u), falau ṣadaqullāha lakāna khairal lahum.
[21]
Sira wêruha, satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr mung Allah piyambak, iku lêstarèkna salawas-lawase ing tekadira, lan nyuwuna pangapuraning dosanira, lan nyênyuwuna pangapura dosaning para wong mukmin, lanang lan wadon. Allah iku nguningani molah-malihira lan panggonanira.
فَهَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ تَوَلَّيْتُمْ اَنْ تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَتُقَطِّعُوْٓا اَرْحَامَكُمْ٢٢
Fahal ‘asaitum in tawallaitum an tufsidū fil-arḍi wa tuqaṭṭi‘ū arḥāmakum.
[22]
Wong mukmin padha ngajap pêrang calathune: Yagene têka ora ana dhawuhing Allah pêrang, barêng ana dhawuhing Allah kêncêng wong mukmin padha dikarsakake pêrang, sira andêlêng wong kang atine padha ana lêlarane lamis, iku padha andêlêng marang sira, matane kêthip-kêthip, rupa wong wêdi mati. Wajibing wong mukmin mung sandika nglakoni parentah, sarta mangsuli kalawan paturan kang bêcik.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَاَصَمَّهُمْ وَاَعْمٰٓى اَبْصَارَهُمْ٢٣
Ulā'ikal-lażīna la‘anahumullāhu fa aṣammahum wa a‘mā abṣārahum.
[23]
Barêng têkaning gawe pêrang, wong lamis padha nyidrani kasaguhane pêrang. Upama wong lamis mau padha ngandêl prasêtyaning Allah, malah luwih bêcik tumrap ing awake.
اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَ اَمْ عَلٰى قُلُوْبٍ اَقْفَالُهَا٢٤
Afalā yatadabbarūnal-qur'āna am ‘alā qulūbin aqfāluhā.
[24]
Wong lamis padha sira wêlèhna, bokmênawa kowe wêgah ngèstokake Kuran, banjur arêp bali gawe rusak ana ing bumi, lan padha mêdhot sih.
اِنَّ الَّذِيْنَ ارْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَى الشَّيْطٰنُ سَوَّلَ لَهُمْۗ وَاَمْلٰى لَهُمْ٢٥
Innal-lażīnartaddū ‘alā adbārihim mim ba‘di mā tabayyana lahumul-hudasy-syaiṭānu sawwala lahum, wa amlā lahum.
[25]
Wong mangkono iku padha dibêndoni dening Allah, mulane Allah banjur ambudhêgake lan micakake pandêlênging wong mau (dadi padha ora krungu pitutur bêcik lan ora wêruh dalan kang bênêr).
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لِلَّذِيْنَ كَرِهُوْا مَا نَزَّلَ اللّٰهُ سَنُطِيْعُكُمْ فِيْ بَعْضِ الْاَمْرِۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِسْرَارَهُمْ٢٦
Żālika bi'annahum qālū lil-lażīna karihū mā nazzalallāhu sanuṭī‘ukum fī ba‘ḍil-amr(i), wallāhu ya‘lamu isrārahum.
[26]
Yagene wong lamis mau têka ora padha anggagas surasaning Kuran, atine malah padha dikunci.
فَكَيْفَ اِذَا تَوَفَّتْهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْ٢٧
Fa kaifa iżā tawaffathumul-malā'ikatu yaḍribūna wujūhahum wa adbārahum.
[27]
Sarupaning wong kang wis têrang sêsurupane marang pituduh bênêr, nanging banjur ambalik ambalèni ênggone kaphir lan lamis, iku banjur bae setan anggodha marang wong mau lan andawakake ngumure.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمُ اتَّبَعُوْا مَآ اَسْخَطَ اللّٰهَ وَكَرِهُوْا رِضْوَانَهٗ فَاَحْبَطَ اَعْمَالَهُمْ ࣖ٢٨
Żālika bi'annahumuttaba‘ū mā askhaṭallāha wa karihū riḍwānahū fa aḥbaṭa a‘mālahum.
[28]
Têtelaning panggodha, wong lamis mau padha bêbisik marang wong kang padha sêngit marang Kuran, iya iku wong kaphir: Aku bakal biyantu sawatara marang kowe, iya iku bab nyatru Nabi Mukhammad. Allah nguningani wadine wong lamis mau.
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ اَنْ لَّنْ يُّخْرِجَ اللّٰهُ اَضْغَانَهُمْ٢٩
Am ḥasibal-lażīna fī qulūbihim maraḍun allay yukhrijallāhu aḍgānahum.
[29]
Lah kapriye polahe wong lamis mau besuk yèn wis dipatèni dening malaikat. Para malaikat mêsthi padha anggêbugi wong lamis mau saka ing ngarêp lan saka ing buri.
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَاَرَيْنٰكَهُمْ فَلَعَرَفْتَهُمْ بِسِيْمٰهُمْ ۗوَلَتَعْرِفَنَّهُمْ فِيْ لَحْنِ الْقَوْلِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اَعْمَالَكُمْ٣٠
Wa lau nasyā'u la'arainākahum fala‘araftahum bisīmāhum, wa lata‘rifannahum fī laḥnil-qaul(i), wallāhu ya‘lamu a‘mālakum.
[30]
Mangkono mau para wong lamis padha nglakoni barang kang andadèkake dukaning Allah, lan padha sêngit barang kang dadi kaparênge karsaning Allah, mulane Allah nyirnakake lakune bêcik wong lamis mau.
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ حَتّٰى نَعْلَمَ الْمُجٰهِدِيْنَ مِنْكُمْ وَالصّٰبِرِيْنَۙ وَنَبْلُوَا۟ اَخْبَارَكُمْ٣١
Wa lanabluwannakum ḥattā na‘lamal-mujāhidīna minkum waṣ-ṣābirīn(a), wa nabluwa akhbārakum.
[31]
Wong kang atine ana lêlarane lamis, apa padha ngira yèn Allah ora bakal ambukak wadine ênggone nyatru marang para wong mukmin.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَشَاۤقُّوا الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدٰى لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔاۗ وَسَيُحْبِطُ اَعْمَالَهُمْ٣٢
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi wa syāqqur-rasūla mim ba‘di mā tabayyana lahumul-hudā lay yaḍurrullāha syai'ā(n), wa sayuḥbiṭu a‘mālahum.
[32]
Mênawa ana parênge karsaningsun, kêna uga sira Ingsun wêruhake kaananing wong lamis, sira bakal wêruh têngêre ênggone lamis, lan sira bakal wêruh calathune miring, ora pasaja. Allah nguningani lakuning para kawulane kabèh, ala lan bêcik.
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَلَا تُبْطِلُوْٓا اَعْمَالَكُمْ٣٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla wa lā tubṭilū a‘mālakum.
[33]
(He para wong mukmin) Ingsun nyoba marang sira, sira Ingsun parentahi mangsah pêrang, supaya Ingsun wuninga kalawan gumêlar, sapa panunggalanira kang sêtya tuhu, lan sapa kang têtêg atine, apadene Ingsun ambukak wadinira, sapa kang sêtya tuhu lan sapa kang lamis, ing kono têtela.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ مَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْ٣٤
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi ṡumma mātū wa hum kuffārun falay yagfirallāhu lahum.
[34]
Sarupaning wong kaphir lan wong kang makewuhi sumêbare agamaning Allah, apadene padha nyulayani rasul, tur wis padha têrang wruhe marang pituduh bênêr, iya iku agama Islam, iku ora pisan malarati apa-apa marang Allah, nanging malarati marang awake dhewe. Ing têmbe Allah anjugarake ganjaraning kabêcikan marang wong mangkono mau.
فَلَا تَهِنُوْا وَتَدْعُوْٓا اِلَى السَّلْمِۖ وَاَنْتُمُ الْاَعْلَوْنَۗ وَاللّٰهُ مَعَكُمْ وَلَنْ يَّتِرَكُمْ اَعْمَالَكُمْ٣٥
Falā tahinū wa tad‘ū ilas-salm(i), wa antumul-a‘laun(a), wallāhu ma‘akum wa lay yatirakum a‘mālakum.
[35]
(He para wong mukmin kabèh) sira padha manut mituruta parentahing Allah lan parentahing rasul, aja padha anjugarake ganjaraning kabêcikan [kabê..cikan] kang wis padha sira lakoni.
اِنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ ۗوَاِنْ تُؤْمِنُوْا وَتَتَّقُوْا يُؤْتِكُمْ اُجُوْرَكُمْ وَلَا يَسْـَٔلْكُمْ اَمْوَالَكُمْ٣٦
Innamal-ḥayātud-dun-yā la‘ibuw wa lahw(un), wa in tu'minū wa tattaqū yu'tikum ujūrakum wa lā yas'alkum amwālakum.
[36]
Sarupaning wong kaphir lan wong kang makewuhi sumêbare agamaning Allah, măngka banjur mati isih kaphir, iku Allah ora bakal ngapura dosaning wong mau.
اِنْ يَّسْـَٔلْكُمُوْهَا فَيُحْفِكُمْ تَبْخَلُوْا وَيُخْرِجْ اَضْغَانَكُمْ٣٧
Iy yas'alkumūhā fa yuḥfikum tabkhalū wa yukhrij aḍgānakum.
[37]
(He para sakabat) sira aja padha ngilani marang wong kaphir, lan aja ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kaphir kancanira iku kabèh, Allah ora bakal nyuda ganjaranira, ênggonira padha nglakoni panggawe bêcik.
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تُدْعَوْنَ لِتُنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِۚ فَمِنْكُمْ مَّنْ يَّبْخَلُ ۚوَمَنْ يَّبْخَلْ فَاِنَّمَا يَبْخَلُ عَنْ نَّفْسِهٖ ۗوَاللّٰهُ الْغَنِيُّ وَاَنْتُمُ الْفُقَرَاۤءُ ۗوَاِنْ تَتَوَلَّوْا يَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۙ ثُمَّ لَا يَكُوْنُوْٓا اَمْثَالَكُمْ ࣖ٣٨
Hā antum hā'ulā'i tud‘auna litunfiqū fī sabīlillāh(i), fa minkum may yabkhal(u), wa may yabkhal fa innamā yabkhalu ‘an nafsih(ī), wallāhul-ganiyyu wa antumul-fuqarā'(u), wa in tatawallau yastabdil qauman gairakum, ṡumma lā yakūnū amṡālakum.
[38]
Kabungahan ing dunya iku dolanan kang ora lawas nuli rusak, nanging yèn sira pracaya sarta wêdi ing Allah, Allah bakal paring ganjaran marang sira, lan ora bakal andangu bandhanira.