Surah Al-Ahqaf
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Kha lan Mim iku padha araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Tumuruning Kuran iki têrang saka Allah kang Mahamulya tur Wicaksana.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil ‘azīzil-ḥakīm(i).
[2]
Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, apadene barang kang ana antaraning bumi lan langit, iku mêsthi kalawan nyata, lan adêging bumi lan langit mau ana wêwangêne kang tinamtokake, iya iku têkan dina kiyamat. Dene sarupaning wong kaphir iku padha diwêdèni surasaning Kuran, nanging padha ora ngandêl.
مَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَمَّآ اُنْذِرُوْا مُعْرِضُوْنَ٣
Mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqqi wa ajalim musammā(n), wal-lażīna kafarū ‘ammā unżirū mu‘riḍūn(a).
[3]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye panêmumu mungguh barang liyaning Allah kang padha kosêmbah, iya iku brahala. Kăndhaa, barang isèn-isèning bumi iki êndi kang gêgaweaning brahala, lan apa brahala mau milu gawe langit, ngrewangi Allah. Manawa panêmumu iku bênêr, mara nêkakna kitab sadurunge Kuran iki, utawa kawruh liya-liyane kang cocog lan panêmumu iku.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ مَّا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقُوْا مِنَ الْاَرْضِ اَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِى السَّمٰوٰتِ ۖائْتُوْنِيْ بِكِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ هٰذَآ اَوْ اَثٰرَةٍ مِّنْ عِلْمٍ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤
Qul ara'aitum mā tad‘ūna min dūnillāhi arūnī māżā khalaqū minal-arḍi am lahum syirkun fis-samāwāt(i), i'tūnī bikitābim min qabli hāżā au aṡāratim min ‘ilmin in kuntum ṣādiqīn(a).
[4]
Ora ana wong kang luwih kêsasar tinimbang lan wong kang nyêmbah liyaning Allah, iya iku brahala, kang salawase ora tau bisa nuruti panjaluke kang nyêmbah, têkan dina kiyamat pisan, iya ora bisa, brahala mau ora ngêrti yèn disêmbah dening wong kaphir.
وَمَنْ اَضَلُّ مِمَّنْ يَّدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَنْ لَّا يَسْتَجِيْبُ لَهٗٓ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ وَهُمْ عَنْ دُعَاۤىِٕهِمْ غٰفِلُوْنَ٥
Wa man aḍallu mimmay yad‘ū min dūnillāhi mal lā yastajību lahū ilā yaumil-qiyāmati wa hum ‘an du‘ā'ihim gāfilūn(a).
[5]
Ing besuk dina kiyamat, nalikane manungsa padha dikalumpukake ana pangayunaning Pangeran, sakèhing brahala padha dadi satrune wong kang nyêmbah brahala, sarta padha nutuh marang kang padha nyêmbah.
وَاِذَا حُشِرَ النَّاسُ كَانُوْا لَهُمْ اَعْدَاۤءً وَّكَانُوْا بِعِبَادَتِهِمْ كٰفِرِيْنَ٦
Wa iżā ḥusyiran-nāsu kānū lahum a‘dā'aw wa kānū bi‘ibādatihim kāfirīn(a).
[6]
Wong ing Mêkah nalikane diwacakake Kuran, ayat Ingsun, kalawan cêtha, wong Mêkah kang kaphir, maido ing Kuran, padha ngucap: Kuran iki têtela si kaphir.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۙ هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌۗ٧
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālal-lażīna kafarū lil-ḥaqqi lammā jā'ahum, hāżā siḥrum mubīn(un).
[7]
Apa wong Mêkah padha ngucap: Kuran iku gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe. (He Mukhammad) sira dhawuha: Manawa Kuran iki ênggonku gawe-gawe, Allah mêsthi niksa marang aku saiki, lan kowe ora bisa nulak siksaning Allah marang aku sathithik-thithika. Allah iku nguningani ênggonmu padha maido Kuran. Enggonku pasulayan lan kowe iki, cukup disêksèni dening Allah bae, Allah iku ngapura wong kang tobat, tur Maha-asih.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗ قُلْ اِنِ افْتَرَيْتُهٗ فَلَا تَمْلِكُوْنَ لِيْ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗهُوَ اَعْلَمُ بِمَا تُفِيْضُوْنَ فِيْهِۗ كَفٰى بِهٖ شَهِيْدًا ۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ ۗ وَهُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٨
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul iniftaraituh(ū), falā tamlikūna lī minallāhi syai'ā(n), huwa a‘lamu bimā tufīḍūna fīh(i), kafā bihī syahīdam bainī wa bainakum, wa huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[8]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki dudu rasul kang kawitan, lan aku ora wêruh apa kang bakal tinandukake marang aku utawa marang kowe. Aku mung manut surasaning Kuran kang didhawuhake marang aku, wajibku mung mêmêdèni lan pitutur.
قُلْ مَا كُنْتُ بِدْعًا مِّنَ الرُّسُلِ وَمَآ اَدْرِيْ مَا يُفْعَلُ بِيْ وَلَا بِكُمْۗ اِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ وَمَآ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٩
Qul mā kuntu bid‘am minar-rusuli wa mā adrī mā yuf‘alu bī wa lā bikum, in attabi‘u illā mā yūḥā ilayya wa mā ana illā nażīrum mubīn(un).
[9]
Lan sira dhawuha: Kapriye panêmumu, upama Kuran iki têmên dhawuhing Allah, kang măngka kowe padha maido Kuran, lan ana uga sêksine wong Bani Srail, nêrangake yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah, padha lan Kitab Torèt. Wong Bani Srail kang nêksèni mau banjur pracaya, kowe padha gumêdhe suthik pracaya, iku kowe apa ora luput. Satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang padha kaphir.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ وَكَفَرْتُمْ بِهٖ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِّنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَلٰى مِثْلِهٖ فَاٰمَنَ وَاسْتَكْبَرْتُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ١٠
Qul ara'aitum in kāna min ‘indillāhi wa kafartum bihī wa syahida syāhidum mim banī isrā'īla ‘alā miṡlihī fa āmana wastakbartum, innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[10]
Wong kaphir padha calathu marang para wong mukmin: Mênawa pracaya marang Kuran iku bêcik têmênan, aku măngsa ngantia kêdhisikan wong mukmin iku ênggonku pracaya. Wong kaphir padha ora bisa olèh pituduh bênêr saka ing Kuran, mêngko bakal padha ngucap: Kuran iku biyèn mula goroh.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَوْ كَانَ خَيْرًا مَّا سَبَقُوْنَآ اِلَيْهِۗ وَاِذْ لَمْ يَهْتَدُوْا بِهٖ فَسَيَقُوْلُوْنَ هٰذَآ اِفْكٌ قَدِيْمٌ١١
Wa qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū lau kāna khairam mā sabaqūnā ilaih(i), wa iż lam yahtadū bihī fasayaqūlūna hāżā ifkun qadīm(un).
[11]
Sadurunge Kuran iku wis ana kitab, iya iku kitabe Nabi Musa kang aran Torèt, dadi pangarêp lan dadi rahmat, tumrap wong kang padha pracaya marang Kitab Torèt. Dene Kuran iki kitab kang nêrangake yèn kitab kang kuna-kuna iku bênêr kabèh, têmbunge têmbung Arab, kanggo mêmêdèni marang wong kaphir ing Mêkah, lan kanggo ambêbungah wong kang padha bêcik lan pracaya ing Kuran.
وَمِنْ قَبْلِهٖ كِتٰبُ مُوْسٰٓى اِمَامًا وَّرَحْمَةً ۗوَهٰذَا كِتٰبٌ مُّصَدِّقٌ لِّسَانًا عَرَبِيًّا لِّيُنْذِرَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ۖوَبُشْرٰى لِلْمُحْسِنِيْنَ١٢
Wa min qablihī kitābu mūsā imāmaw wa raḥmah(tan), wa hāżā kitābum muṣaddiqul lisānan ‘arabiyyal liyunżiral-lażīna ẓalamū, wa busyrā lil-muḥsinīn(a).
[12]
Sarupaning wong kang padha ngucap: Pangeranku Allah, banjur padha sêtya tuhu ênggone ngèstokake dhawuhing Allah, iku besuk ana ing akhirat, ora bakal wêdi apa-apa, lan ora kasusahan.
اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ١٣
Innal-lażīna qālū rabbunallāhu ṡummastaqāmū falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[13]
Wong mangkono mau bakal padha munggah ing suwarga, ana ing suwarga padha langgêng, minăngka ganjaraning kabêcikan kang wis padha dilakoni.
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۚ جَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٤
Ulā'ika aṣḥābul-jannati khālidīna fīhā, jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[14]
Dhawuh Ingsun marang manungsa, padha trêsnaa lan gawea bêcik marang wong tuwane loro, awit manungsa mau dikandhut ana wêtênganing biyunge lan dilairake kalawan rêkasa, awit ênggone [ênggo.....ne] diwêtêngake nganti têkan anyapihe, lawase têlung puluh sasi. Barêng bayi mau wis tuwa lan wis têkan ngumur patang puluh taun, munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa pitêdah, angebahna manah kawula, ingkang ngantos kawula sukur dhatêng paring Tuwan kabingahan, ingkang Tuwan paringakên dhumatêng kawula, saha dhumatêng tiyang sêpuh kawula kêkalih, punapadene supados kawula anglampahi pandamêl sae, ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan. Para turun kawula mugi Tuwan dadosakên sae. Kawula tobat ing Tuwan, kawula punika tiyang Islam.
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ اِحْسَانًا ۗحَمَلَتْهُ اُمُّهٗ كُرْهًا وَّوَضَعَتْهُ كُرْهًا ۗوَحَمْلُهٗ وَفِصٰلُهٗ ثَلٰثُوْنَ شَهْرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ اَشُدَّهٗ وَبَلَغَ اَرْبَعِيْنَ سَنَةًۙ قَالَ رَبِّ اَوْزِعْنِيْٓ اَنْ اَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلٰى وَالِدَيَّ وَاَنْ اَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضٰىهُ وَاَصْلِحْ لِيْ فِيْ ذُرِّيَّتِيْۗ اِنِّيْ تُبْتُ اِلَيْكَ وَاِنِّيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ١٥
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaihi iḥsānā(n), ḥamalathu ummuhū kurhaw wa waḍa‘athu kurhā(n), wa ḥamluhū wa fiṣāluhū ṡalāṡūna syahrā(n), ḥattā iżā balaga asyuddahū wa balaga arba‘īna sanah(tan), qāla rabbi auzi‘nī an asykura ni‘matakal-latī an‘amta ‘alayya wa ‘alā wālidayya wa an a‘mala ṣāliḥan tarḍāhu wa aṣliḥ lī fī żurriyyatī, innī tubtu ilaika wa innī minal-muslimīn(a).
[15]
Iya iku wong kang padha Ingsun tarima ênggone padha nglakoni panggawe bêcik, lan padha Ingsun puwung ênggone nglakoni panggawe ala, padha lan wong ing suwarga. Iya iku prasêtyaning Allah, têmên mêsthi kalakon, kang diprasêtyakake marang para wong mukmin.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ نَتَقَبَّلُ عَنْهُمْ اَحْسَنَ مَا عَمِلُوْا وَنَتَجَاوَزُ عَنْ سَيِّاٰتِهِمْ فِيْٓ اَصْحٰبِ الْجَنَّةِۗ وَعْدَ الصِّدْقِ الَّذِيْ كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīna nataqabbalu ‘anhum aḥsana mā ‘amilū wa natajāwazu ‘an sayyi'atihim fī aṣḥābil-jannah(ti), wa‘daṣ-ṣidqil-lażī kānū yū‘adūn(a).
[16]
Dene wong kang wani-wani nyalathoni marang wong tuwane loro: Hus, yagene kowe têka padha namtokake marang aku ing têmbe aku bakal diwêtokake saka ing kubur kalawan urip, kang măngka para wong kuna sadurunge aku biyèn, kang mati wis pirang-pirang atus taun, ora ana siji-sijia kang urip manèh. Wong tuwane loro banjur padha sêsambat ing Allah, lan mangsuli marang anake, cilaka têmên kowe, kowe pracayaa ing Allah lan bakal uriping wong kang wis padha mati. Prasêtyaning Allah bakal kalakon têmênan. Anake banjur mangsuli: Mangkono iku gawe-gawene para wong kuna.
وَالَّذِيْ قَالَ لِوَالِدَيْهِ اُفٍّ لَّكُمَآ اَتَعِدَانِنِيْٓ اَنْ اُخْرَجَ وَقَدْ خَلَتِ الْقُرُوْنُ مِنْ قَبْلِيْۚ وَهُمَا يَسْتَغِيْثٰنِ اللّٰهَ وَيْلَكَ اٰمِنْ ۖاِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّۚ فَيَقُوْلُ مَا هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ١٧
Wal-lażī qāla liwālidaihi uffil lakumā ata‘idāninī an ukhraja wa qad khalatil qurūnu min qablī, wa humā yastagīṡānillāha wailaka āmin, inna wa‘dallāhi ḥaqq(un), fayaqūlu mā hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[17]
Wong mangkono mau, wis ditamtokake dening pêpasthèn pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa, kalêbu gêgolonganing para umat kuna biyèn, rupa jin lan manungsa, iku têmên wong kapitunan.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا خٰسِرِيْنَ١٨
Ulā'ikal-lażīna ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu fī umamin qad khalat min qablihim minal-jinni wal-ins(i), innahum kānū khāsirīn(a).
[18]
Siji-sijine wong mukmin lan wong kaphir mau lakune undha-usuk. Allah mêsthi nêtêpake ganjaran utawa patrapaning lakune ing samurwate, lan ora ana wong kêna panganiaya.
وَلِكُلٍّ دَرَجٰتٌ مِّمَّا عَمِلُوْاۚ وَلِيُوَفِّيَهُمْ اَعْمَالَهُمْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١٩
Wa likullin darajātum mimmā ‘amilū, wa liyuwaffiyahum a‘mālahum wa hum lā yuẓlamūn(a).
[19]
Ing dina nalikane para wong kaphir padha diwêruhake [diwêruh....ake] ing naraka, ing kono padha didhawuhi: Saiki kabungahanira ana ing dunya wis gêmêt sira êntèkake, kanggo bungah-bungah ana ing dunya. Ing dina iki sira padha dipatrapi siksa kang ngrèmèhake, marga ênggonira padha gumêdhe ana ing bumi, kalawan ora bênêr, lan marga ênggonira padha duraka.
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَلَى النَّارِۗ اَذْهَبْتُمْ طَيِّبٰتِكُمْ فِيْ حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُمْ بِهَاۚ فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ بِمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَفْسُقُوْنَ ࣖ٢٠
Wa yauma yu‘raḍul-lażīna kafarū ‘alan-nār(i), ażhabtum ṭayyibātikum fī ḥayātikumud-dun-yā wastamta‘tum bihā, fal-yauma tujzauna ‘ażābal-hūni bimā kuntum tastakbirūna fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa bimā kuntum tafsuqūn(a).
[20]
(He Mukhammad) sira nyaritakna Nabi Hud, sadulure wong Ngad, nalika mêmulang lan mêmêdèni para umate, padha diwêdèni jurang Ahkaph, kang ana antaraning desa Ngaman lan desa Mahrah, têmbunge: Kowe aja padha nyêmbah apa-apa, mung nêmbaha ing Allah bae. Aku kuwatir yèn ing têmbe kowe dipatrapi siksa gêdhe. Ing dina iku rasul kang dhisik wis ora ana, rasul kang bakal têka uga durung ana.
۞ وَاذْكُرْ اَخَا عَادٍۗ اِذْ اَنْذَرَ قَوْمَهٗ بِالْاَحْقَافِ وَقَدْ خَلَتِ النُّذُرُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖٓ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٢١
Ważkur akhā ‘ād(in), iż anżara qaumahū bil-aḥqāfi wa qad khalatin-nużuru mim baini yadaihi wa min khalfihī allā ta‘budū illallāh(a), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[21]
Wong Ngad padha mangsuli: Punapa sampeyan punika murih dhatêng kula, supados kula ngoncati anggèn kula nyêmbah Pangeran kula. Manawi pitutur sampeyan punika têmên lêrês, sumăngga sampeyan dhatêngakên siksa ingkang sampeyan ancamakên punika.
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِتَأْفِكَنَا عَنْ اٰلِهَتِنَاۚ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٢
Qālū aji'tanā lita'fikanā ‘an ālihatinā fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[22]
Nabi Hud mangsuli: Mung Allah piyambak kang nguningani [nguninga.....ni] dina têkaning siksa, dene wajibku, mung andhawuhake parentahing Allah kang tak êmban, marang kowe. Barêng kowe padha anggege siksa, panêmuku, kowe iku padha wong bodho.
قَالَ اِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللّٰهِ ۖوَاُبَلِّغُكُمْ مَّآ اُرْسِلْتُ بِهٖ وَلٰكِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُوْنَ٢٣
Qāla innamal ‘ilmu ‘indallāh(i), wa uballigukum mā ursiltu bihī wa lākinnī arākum qauman tajhalūn(a).
[23]
Barêng wong Ngad padha andêlêng siksa, iya iku mêndhung malang ngarêpake jurang, dikira mêndhung bakal nganakake udan, wong Ngad padha bungah, pangucape: Iki mêndhung bakal nganakake udan, kabênêran, ing kene wis lawas ora udan. Pangandikaning Allah: Iku siksa kang padha sira gege. Iku angin siksa kang nglarani, dudu mêndhung.
فَلَمَّا رَاَوْهُ عَارِضًا مُّسْتَقْبِلَ اَوْدِيَتِهِمْ قَالُوْا هٰذَا عَارِضٌ مُّمْطِرُنَا ۗبَلْ هُوَ مَا اسْتَعْجَلْتُمْ بِهٖ ۗرِيْحٌ فِيْهَا عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ٢٤
Falammā ra'auhu ‘āriḍam mustaqbila audiyatihim, qālū hāżā ‘āriḍum mumṭirunā, bal huwa masta‘jaltum bih(ī), rīḥun fīhā ‘ażābun alīm(un).
[24]
Angin mau numpês awake wong Ngad kabèh, ngèstokake dhawuhing Pangerane, nêmpuh ngurugi wêdhi marang wong Ngad, nganti pitung dina ênggone kurugan wêdhi. Bangkene wong Ngad banjur padha dibuncang marang sagara, wong Ngad dalah omahe sirna kabèh, mung kari katon patilasane bae. Iya iku ênggon Ingsun nandukake wêwalês marang para wong kaphir.
تُدَمِّرُ كُلَّ شَيْءٍۢ بِاَمْرِ رَبِّهَا فَاَصْبَحُوْا لَا يُرٰىٓ اِلَّا مَسٰكِنُهُمْۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الْقَوْمَ الْمُجْرِمِيْنَ٢٥
Tudammiru kulla syai'im bi'amri rabbihā fa'aṣbaḥū lā yurā illā masākinuhum, każālika najzil-qaumal-mujrimīn(a).
[25]
(He wong Mêkah) wong Ngad mau padha Ingsun bisakake [bi.....sakake] barang kang kowe ora bisa, kaya ta bangêt rosane, dawa ngumure lan akèh bandhane, lan padha Ingsun paringi pangrungu, pandêlêng lan pikir, ewadene barêng tinêmpuh ing siksa, pangrungu pandêlêng lan pikire, ora kêna diênggo ngoncati siksa, marga wong Ngad mau padha madoni ayating Allah, wong Ngad padha tinêmpuh ing siksa kang padha digêguyu.
وَلَقَدْ مَكَّنّٰهُمْ فِيْمَآ اِنْ مَّكَّنّٰكُمْ فِيْهِ وَجَعَلْنَا لَهُمْ سَمْعًا وَّاَبْصَارًا وَّاَفْـِٕدَةًۖ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ سَمْعُهُمْ وَلَآ اَبْصَارُهُمْ وَلَآ اَفْـِٕدَتُهُمْ مِّنْ شَيْءٍ اِذْ كَانُوْا يَجْحَدُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٢٦
Wa laqad makkannāhum fīmā im makkannākum fīhi wa ja‘alnā lahum sam‘aw wa abṣāraw wa af'idah(tan), famā agnā ‘anhum sam‘uhum wa lā abṣāruhum wa lā af'idatuhum min syai'in iż kānū yajḥadūna bi'āyātillāhi wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[26]
(He wong Mêkah) Ingsun wis numpês wong padesan sakiwa têngênira, apadene Ingsun ambolan-balèni anggêlarake tăndha yêkti ayat Ingsun, supaya wong Mêkah padha marèni ênggone nasar.
وَلَقَدْ اَهْلَكْنَا مَا حَوْلَكُمْ مِّنَ الْقُرٰى وَصَرَّفْنَا الْاٰيٰتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٢٧
Wa laqad ahlaknā mā ḥaulakum minal-qurā wa ṣarrafnal-āyāti la‘allahum yarji‘ūn(a).
[27]
Yagene wong kang padha mangeran liyane Allah, utawi nyêdhak ing Allah lantaran brahala têka padha ora bisa nulungi marang wong kang padha Ingsun tumpês mau, malah sabisa-bisa padha mêlayu, nyingkiri wong kang padha Ingsun tumpês. Dadi ênggone padha mangeran brahala mau têtela padha luput, lan kacihna gorohe.
فَلَوْلَا نَصَرَهُمُ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ قُرْبَانًا اٰلِهَةً ۗبَلْ ضَلُّوْا عَنْهُمْۚ وَذٰلِكَ اِفْكُهُمْ وَمَا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢٨
Falau lā naṣarahumul-lażīnattakhażū min dūnillāhi qurbānan ālihah(tan), bal ḍallū ‘anhum, wa żālika ifkuhum wa mā kānū yaftarūn(a).
[28]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun nyebakake jin sawatara kèhe marang sira, ngrungokake ênggonira maca Kuran, barêng jin mau wis seba ing sira, padha calathu, he para kancaku, padha ngrungokna unining Kuran iki. Barêng wis rampung pamacaning Kuran, jin mau padha bali marang panggonane dhewe-dhewe. Sarta banjur mêmulang Kuran marang para kancane.
وَاِذْ صَرَفْنَآ اِلَيْكَ نَفَرًا مِّنَ الْجِنِّ يَسْتَمِعُوْنَ الْقُرْاٰنَۚ فَلَمَّا حَضَرُوْهُ قَالُوْٓا اَنْصِتُوْاۚ فَلَمَّا قُضِيَ وَلَّوْا اِلٰى قَوْمِهِمْ مُّنْذِرِيْنَ٢٩
Wa iż ṣarafnā ilaika nafaram minal-jinni yastami‘ūnal-qur'ān(a), falammā ḥaḍarūhu qālū anṣitū, falammā quḍiya wallau ilā qaumihim munżirīn(a).
[29]
Para jin mau padha calathu: He para kancaku jin kabèh, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Nabi Musa, aran Kitab Kuran, iku nêrangake yèn sarupaning kitab kang kuna-kuna iku kabèh bênêr. Surasaning Kuran mau, awèh pituduh marang agama bênêr. Iya iku agama Islam, lan marang dalan bênêr.
قَالُوْا يٰقَوْمَنَآ اِنَّا سَمِعْنَا كِتٰبًا اُنْزِلَ مِنْۢ بَعْدِ مُوْسٰى مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ يَهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّ وَاِلٰى طَرِيْقٍ مُّسْتَقِيْمٍ٣٠
Qālū yā qaumanā innā sami‘nā kitāban unzila mim ba‘di mūsā muṣaddiqal limā baina yadaihi yahdī ilal-ḥaqqi wa ilā ṭarīqim mustaqīm(in).
[30]
He para kancaku jin kabèh, kowe padha ngèstokna dhawuhing Allah kang diêmban dening Nabi Mukhammad, sarta padha pracayaa ing Allah, Allah bakal ngapura kaluputanmu, [kaluputa.....nmu,] lan bakal paring salamêt marang kowe, ora kêna ing siksa naraka kang nglarani.
يٰقَوْمَنَآ اَجِيْبُوْا دَاعِيَ اللّٰهِ وَاٰمِنُوْا بِهٖ يَغْفِرْ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُجِرْكُمْ مِّنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ٣١
Yā qaumanā ajībū dā‘iyallāhi wa āminū bihī yagfir lakum min żunūbikum wa yujirkum min ‘ażābin alīm(in).
[31]
Sing sapa ora ngèstokake dhawuhing Allah, iku ora bisa ngoncati siksaning Allah ana ing bumi, lan ora duwe andêl-andêl liyaning Allah. Wong mangkono iku têtela kêsasar.
وَمَنْ لَّا يُجِبْ دَاعِيَ اللّٰهِ فَلَيْسَ بِمُعْجِزٍ فِى الْاَرْضِ وَلَيْسَ لَهٗ مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءُ ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٢
Wa mal lā yujib dā‘iyallāhi falaisa bimu‘jizin fil-arḍi wa laisa lahū min dūnihī auliyā'(u), ulā'ika fī ḍalālim mubīn(in).
[32]
Wong ing Mêkah apa ora padha andêlêng yèn Allah iku gawe bumi lan langit. Sarèhning Allah iku kuwasa gawe barang kang samono gêdhene, apa ora sangsaya kuwasa nguripake wong kang wis padha mati (iya sangsaya kuwasa). Allah iku kuwasa samubarang.
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَلَمْ يَعْيَ بِخَلْقِهِنَّ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يُّحْيِ َۧ الْمَوْتٰى ۗبَلٰٓى اِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٣
Awalam yarau annallāhal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa lam ya‘ya bikhalqihinna biqādirin ‘alā ay yuḥyiyal-mautā, balā innahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[33]
Ing besuk dina kiyamat, nalikane para wong kaphir padha dituduhake ing naraka, ing kono ana dhawuhing Allah: He wong kaphir kabèh, apa ora wis bênêre sira Ingsun cêmplungake ing naraka iki. Unjuke para wong kaphir: Dêmi Pangeran kawula, inggih sampun lêrêsipun. Allah ngandika: Hèh saiki sira padha ngrasakna siksa naraka, marga ênggonira padha kaphir.
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَلَى النَّارِۗ اَلَيْسَ هٰذَا بِالْحَقِّ ۗ قَالُوْا بَلٰى وَرَبِّنَا ۗقَالَ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٣٤
Wa yauma yu‘raḍul-lażīna kafarū ‘alan-nār(i), alaisa hāżā bil-ḥaqq(i), qālū balā wa rabbinā, qāla fażūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[34]
(He Mukhammad) mulane sira disabar, aja ngrasakake pialane wong kaphir, dikaya sabare para rasul ing jaman kuna kang padha duwe ati têtêp. Aja anggege têkaning siksa marang para wong kaphir. Wong kaphir iku besuk yèn wis andêlêng naraka kang diancamake.
فَاصْبِرْ كَمَا صَبَرَ اُولُوا الْعَزْمِ مِنَ الرُّسُلِ وَلَا تَسْتَعْجِلْ لَّهُمْ ۗ كَاَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَ مَا يُوْعَدُوْنَۙ لَمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا سَاعَةً مِّنْ نَّهَارٍ ۗ بَلٰغٌ ۚفَهَلْ يُهْلَكُ اِلَّا الْقَوْمُ الْفٰسِقُوْنَ ࣖ٣٥
Faṣbir kamā ṣabara ulul-‘azmi minar-rusuli wa lā tasta‘jil lahum, ka'annahum yauma yarauna mā yū‘adūn(a), lam yalbaṡū illā sā‘atam min nahār(in), balāg(un), fahal yuhlaku illal-qaumul-fāsiqūn(a).
[35]
Pangrasane ênggone ana ing dunya iki mung saêjam ing wayah awan. Kuran iki dhawuhing Allah marang sira, besuk yèn wis andêlêng siksa, sapa ta kang sangsara kajaba para wong kaphir.