Surah Al-Jasiyah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Kha lan Mim, iku padha araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Tumurune Kuran iki têrang saka Allah kang Mahamulya tur Wicaksana.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[2]
Samubarang isèn-isèning bumi lan langit iki tumrap para wong mukmin, mêsthi dadi tăndha yêkti gêdhe, kang mratandhani kawasaning Allah.
اِنَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۗ٣
Inna fis-samāwāti wal-arḍi la'āyātil lil-mu'minīn(a).
[3]
Dene ênggonira padha dumadi lan sarupaning khewan kang gumêlar gumrêmêt ana ing bumi, iku tumrap wong kang padha ngandêl bakal kêlakone dina kiyamat, uga dadi tăndha yêkti.
وَفِيْ خَلْقِكُمْ وَمَا يَبُثُّ مِنْ دَاۤبَّةٍ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَۙ٤
Wa fī khalqikum wa mā yabuṡṡu min dābbatin āyātul liqaumiy yūqinūn(a).
[4]
Dene beda-bedane raina lan wêngi, lan anane udan kang nuwuhake rijêki, kang diturunake dening Allah saka ing langit, banjur diênggo nguripake bumi kang wis bêra, apadene lakuning angin mangalor mangidul, lan mangetan mangulon, iku tumrap wong kang ana pikire, uga dadi tăndha yêkti gêdhe.
وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ رِّزْقٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٥
Wakhtilāfil-laili wan-nahāri wa mā anzalallāhu minas-samā'i mir rizqin fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa taṣrīfir-riyāḥi āyātul liqaumiy ya‘qilūn(a).
[5]
Ayat kang wis kasêbut mau tăndha yêktining Allah, Ingsun gêlarake kalawan nyata marang sira. Yèn wong kaphir ing Mêkah mêksa padha maido, banjur arêp ngandêl apa, liyane dhawuh lan tăndha yêktining Allah.
تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّۚ فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَ اللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ يُؤْمِنُوْنَ٦
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dallāhi wa āyātihī yu'minūn(a).
[6]
Cilaka têmên sarupane tukang maido, tur akèh dosane.
وَيْلٌ لِّكُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍۙ٧
Wailul likulli affākin aṡīm(in).
[7]
Diwacakake sarta krungu Kuran ayating Allah, nanging banjur puguh wangkot lan gumêdhe, suthik ngèstokake, padha bae lan ora krungu, wong mangkono mau, sira surup-surupna, ing têmbe bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
يَّسْمَعُ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُتْلٰى عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٨
Yasma‘u āyātillāhi tutlā ‘alaihi ṡumma yuṣirru mustakbiran ka'allam yasma‘hā, fa basysyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[8]
Dene mênawa sira wêruh sathithik, yèn Kuran iku ayat Ingsun, banjur diênggo gêguyon. Wong mangkono iku mêsthi dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.
وَاِذَا عَلِمَ مِنْ اٰيٰتِنَا شَيْـًٔا ۨاتَّخَذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۗ٩
Wa iżā ‘alima min āyātinā syai'anittakhażahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[9]
Wong kaphir ana ing dunya iku, prasasat wis ngarêke[14] Naraka Jahanam. Samubarang kang dilakoni dening wong kaphir, apadene ênggone mangeran marang liyane Allah, iya iku brahala, iku ora bisa murungake siksa. Wong kaphir mêsthi padha dipatrapi siksa gêdhe.
مِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ جَهَنَّمُ ۚوَلَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ مَّا كَسَبُوْا شَيْـًٔا وَّلَا مَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۗ١٠
Miw warā'ihim jahannam(u), wa lā yugnī ‘anhum mā kasabū syai'aw wa lā mattakhażū min dūnillāhi auliyā'(a), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[10]
Kuran iki pituduh bênêr, dene sarupaning wong kaphir kang maido ayating Pangerane, iku bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
هٰذَا هُدًىۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ ࣖ١١
Hāżā hudā(n), wal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[11]
Allah iku kang nêlukake sagara marang sira, [si...ra,] mulane prau bisa mlaku ana ing sagara kalawan parentahing Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rijêki sarana dagang palayaran, supaya sira padha sukur ing Allah.
۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيْهِ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَۚ١٢
Allāhul-lażī sakhkhara lakumul-baḥra litajriyal-fulku fīhi bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12]
Lan manèh Allah nêlukake isèn-isèning bumi lan langit kabèh marang sira, kang mangkono iku, tumrap wong kang gêlêm ngêmpakake pikire, iya dadi tăndha yêkti gêdhe.
وَسَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مِّنْهُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ١٣
Wa sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi jamī‘am minh(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[13]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin, padha muwunga marang wong kaphir, kang padha ora wêdi dinaning Allah, iya iku dina orêg-orêgan. Karsaning Allah bakal angganjar marang para wong mukmin, ênggone padha sabar, muwung wong kaphir.
قُلْ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَغْفِرُوْا لِلَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ اَيَّامَ اللّٰهِ لِيَجْزِيَ قَوْمًا ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Qul lil-lażīna āmanū yagfirū lil-lażīna lā yarjūna ayyāmallāhi liyajziya qaumam bimā kānū yaksibūn(a).
[14]
Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, iku ganjarane bakal ditampani dhewe, dene sing sapa nglakoni piala, iku patrapane iya bakal disăngga dhewe. Ing besuk dina kiyamat, sira kabèh padha bali disebakake marang ngarsaning Pangeranira.
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ١٥
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[15]
Ingsun wis maringi kitab Torèt marang para turuning Israil, lan Ingsun wênangake ngukumi pasulayaning manungsa, nganggo wêwaton Kitab Torèt mau, apadene Nabi Musa lan Nabi Harun, padha Ingsun paringi pangkat nabi. Wong Bani Srail padha Ingsun paringi rijêki kang ngrêsêpake, sarta Ingsun gawe punjul, ngungkuli wong sajagad liya-liyane, ing măngsa iku.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٦
Wa laqad ātainā banī isrā'īlal-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwata wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alal-‘ālamīn(a).
[16]
Wong Bani Srail mau padha Ingsun paringi katêrangan pirang-pirang prakara agama, apadene wêca bakal jumênênge Rasul Nabi Mukhammad. Kasêbut ing Kitab Torèt mau, dadi ênggone padha pasulayan wong Bani Srail bab jumênênge Rasul Nabi Mukhammad, iku lugune wis padha kadunungan kawruh, nanging atine balela, drêngki marang Nabi Mukhammad. Ing besuk dina kiyamat, Pangeranira, Allah ngadili ênggone padha pasulayan wong Bani Srail mau.
وَاٰتَيْنٰهُمْ بَيِّنٰتٍ مِّنَ الْاَمْرِۚ فَمَا اخْتَلَفُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْ ۗاِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٧
Wa ātaināhum bayyinātim minal-amr(i), fa makhtalafū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, inna rabbaka yaqḍī bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[17]
(He Mukhammad) sira banjur Ingsun karsakake mêngku sarengat dhewe, bab laku-lakuning agama Islam, sira manuta agama Islam, aja manut karêping wong kang ora wêruh.
ثُمَّ جَعَلْنٰكَ عَلٰى شَرِيْعَةٍ مِّنَ الْاَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨
Ṡumma ja‘alnāka ‘alā syarī‘atim minal-amri fattabi‘hā wa lā tattabi‘ ahwā'al-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[18]
Wong kaphir mau padha ora bisa nulak siksaning Allah marang sira sathithik-thithika, sarupane wong kaphir iku mêmitran lan kancane padha kaphir ana ing dunya. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong mukmin, ana ing dunya lan ing akhirat.
اِنَّهُمْ لَنْ يُّغْنُوْا عَنْكَ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۚ وَاللّٰهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِيْنَ١٩
Innahum lay yugnū ‘anka minallāhi syai'ā(n), wa innaẓ-ẓālimīna ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wallāhu waliyyul-muttaqīn(a).
[19]
Kuran iki isi kawruh lan pituduh marang manungsa, lan dadi rahmat tumrap wong kang padha ngandêl bakal uripe wong kang wis padha mati.
هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ٢٠
Hāżā baṣā'iru lin-nāsi wa hudaw wa raḥmatul liqaumiy yūqinūn(a).
[20]
Wong kang padha nglakoni piala apa duwe kira yèn bakal Ingsun gawe padha lan para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, uripe ana ing dunya iki dikira bakal padha bae lan besuk yèn wis mati, (luput panêmune) ala têmên panêmune wong kaphir mau.
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ اجْتَرَحُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ نَّجْعَلَهُمْ كَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَوَاۤءً مَّحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ ࣖࣖ٢١
Am ḥasibal-lażīnajtaraḥus -sayyi'āti an naj‘alahum kal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sawā'am maḥyāhum wa mamātuhum, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[21]
Allah gawe bumi lan langit nyata gêdhe paidahe, iku supaya patitis tumanduking wêwalês marang siji-sijining awak, mawa-mawa lakune, ala utawa bêcik, lan ing kono ora ana wong kêna ing panganiaya.
وَخَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٢٢
Wa khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqqi wa litujzā kullu nafsim bimā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[22]
Mara kapriye panêmunira, mungguh wong kang mangeran marang karêpe dhewe, sarta dikarsakake sasar dening Allah, wong mau wis diwuningani dening Allah sadurunge dadi yèn bakal dadi wong kêsasar. Pangrungune lan atine wis dikunci dening Allah, ora krungu lan ora wêruh pituduh bênêr. Pandêlênge dipêtêngake dening Allah, dadi ora wêruh dalan kang bênêr. Sarèhning disasarake dening Allah, sapa ta kang kaconggah nuduhake dalan bênêr. Apa padha ora bisa olèh wulang saka ayat iki.
اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُ وَاَضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةًۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٢٣
Afa ra'aita manittakhaża ilāhahū hawāhu wa aḍallahullāhu ‘alā ‘ilmiw wa khatama ‘alā sam‘ihī wa qalbihī wa ja‘ala ‘alā baṣarihī gisyāwah(tan), famay yahdīhi mim ba‘dillāh(i), afalā tażakkarūn(a).
[23]
Wong kang padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati padha ngucap mangkene: Urip iku iya mung uripku ana ing dunya iki, ing têmbe aku bakal mati, nanging iya ana wong kang lair, nyambungi uripe wong kang wis mati, dadi kang ngrusak aku iki ora ana manèh kajaba lawase măngsa. Pangucape wong kaphir mangkono mau tanpa wêwaton apa-apa, mung saka gagasane bae.
وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٢٤
Wa qālū mā hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā yuhlikunā illad-dahr(u), wa mā lahum biżālika min ‘ilmin in hum illā yaẓunnūn(a).
[24]
Wong kaphir mau manawa diwacakake [diwacaka.....ke] Kuran ayat Ingsun, kalawan cêtha, padune ora ana manèh mung ngucap mangkene: Yèn kandhamu wong kang wis mati bakal urip manèh iku têmên, mara uripna para lêluhurku kang wis padha mati.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ مَّا كَانَ حُجَّتَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٥
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātim mā kāna ḥujjatahum illā an qālu'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[25]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Nalikane kowe isih dadi mani, banjur diuripake dening Allah dadi manungsa. Ing besuk yèn wis têkan mangsane, ora sumêlang kowe banjur dipatèni dening Allah. Ing besuk dina kiyamat, kowe bakal padha diuripake sarta padha diimpun, disebakake marang ngarsaning Allah. Pangeran kang kuwasa nguripake mani, mêsthi kuwasa nguripake kowe sawise mati. Ewadene manungsa akèh kang ora wêruh mangkono mau.
قُلِ اللّٰهُ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يَجْمَعُكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَارَيْبَ فِيْهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٢٦
Qulillāhu yuḥyīkum ṡumma yumītukum ṡumma yajma‘ukum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīhi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[26]
Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, ing besuk dina kiyamat, wong kaphir bakal padha kapitunan.
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّخْسَرُ الْمُبْطِلُوْنَ٢٧
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yakhsarul-mubṭilūn(a).
[27]
Ing dina iku sira andêlêng sarupaning umat padha jèngkèng, ngêntèni karampunganing prakarane. Sarupaning umat mau padha dikon andêlêng layang cathêtaning lakune dhewe-dhewe, nalika ana ing dunya, lan padha didhawuhi: Ing dina iki sira padha tămpa wêwalêse samubarang kang wis padha sira lakoni ana ing dunya, ala utawa bêcik.
وَتَرٰى كُلَّ اُمَّةٍ جَاثِيَةً ۗ كُلُّ اُمَّةٍ تُدْعٰٓى اِلٰى كِتٰبِهَاۗ اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٨
Wa tarā kulla ummatin jāṡiyah(tan), kullu ummatin tud‘ā ilā kitābihā, al-yauma tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[28]
Iki layang Ingsun cathêtan, dadi sêksi nyata, anggêlarake samubarang kang wis padha sira lakoni ana ing dunya kalawan lugu, Ingsun nêtêpake barang kang wis padha sira lakoni.
هٰذَا كِتٰبُنَا يَنْطِقُ عَلَيْكُمْ بِالْحَقِّ ۗاِنَّا كُنَّا نَسْتَنْسِخُ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٩
Hāżā kitābunā yanṭiqu ‘alaikum bil-ḥaqq(i), innā kunnā nastansikhu mā kuntum ta‘malūn(a).
[29]
Dene sarupaning wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku karsaning Pangerane, padha dilêbokake ing panggonan rahmate, iya iku suwarga, kang mangkono iku têtela kabêgjan gêdhe.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُدْخِلُهُمْ رَبُّهُمْ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ٣٠
Fa'ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fayudkhiluhum rabbuhum fī raḥmatih(ī), żālika huwal-fauzul-mubīn(u).
[30]
Dene sarupaning wong kaphir iku padha didangu: Apa sira ora didhawuhi lan diwacakake Kuran ayat Ingsun. Sira wis diwacakake Kuran, nanging sira padha gumêdhe, suthik ngèstokake, mulane sira padha dadi kaphir.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اَفَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاسْتَكْبَرْتُمْ وَكُنْتُمْ قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ٣١
Wa ammal-lażīna kafarū, falam takun āyātī tutlā ‘alaikum fastakbartum wa kuntum qaumam mujrimīn(a).
[31]
(He wong kaphir) mênawa sira dipituturri: [dipitutur.....ri:] Janjine Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati, iku nyata, dene kêlakone dina kiyamat iku, ora sumêlang. Sira banjur mangsuli: Embuh, aku ora wêruh, dina kiyamat iku apa, manawa aku gêlêm nyana, iya mung nyana bae, ora wêruh nyatane, dadi tanpa gawe.
وَاِذَا قِيْلَ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّالسَّاعَةُ لَا رَيْبَ فِيْهَا قُلْتُمْ مَّا نَدْرِيْ مَا السَّاعَةُۙ اِنْ نَّظُنُّ اِلَّا ظَنًّا وَّمَا نَحْنُ بِمُسْتَيْقِنِيْنَ٣٢
Wa iżā qīla inna wa‘dallāhi ḥaqquw was-sā‘atu lā raiba fīhā qultum mā nadrī mas-sā‘ah(tu), in naẓunnu illā ẓannaw wa mā naḥnu bimustaiqinīn(a).
[32]
Ing kono têtela, kang dilakoni dening wong kaphir iku ala kabèh, dene patrapane ênggone padha anggêguyu Kuran, nêmpuh marang si kaphir.
وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٣
Wa badā lahum sayyi'ātu mā ‘amilū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[33]
Wong kaphir padha didhawuhi: Ing dina iki Ingsun ora praduli marang sira kaya ênggonira ora praduli nglakoni kabêcikan kang bakal maidahi ing dina kiyamat iki, saiki panggonanira mêsthi ana naraka, ora ana kang bisa nulungi sira.
وَقِيْلَ الْيَوْمَ نَنْسٰىكُمْ كَمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۙ وَمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٣٤
Wa qīlal-yauma nansākum kamā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[34]
Mangkono mau marga ênggonira padha anggêguyu Kuran, ayating Allah, sira padha kêlorop dening ngrasakake kabungahan ing dunya, ing dina iki wong kaphir padha ora [o....ra] bisa mêtu saka ing naraka, lan wis ora dipurih tobat.
ذٰلِكُمْ بِاَنَّكُمُ اتَّخَذْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّغَرَّتْكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا ۚفَالْيَوْمَ لَا يُخْرَجُوْنَ مِنْهَا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٣٥
Żālikum bi'annakumuttakhażtum āyātillāhi huzuwaw wa garratkumul-ḥayātud-dun-yā, fal-yauma lā yukhrajūna minhā wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[35]
Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, Pangeraning bumi lan Pangeraning langit, lan Pangeraning ngalam kabèh.
فَلِلّٰهِ الْحَمْدُ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَرَبِّ الْاَرْضِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٣٦
Fa lillāhil-ḥamdu rabbis-samāwāti wa rabbil-arḍi rabbil-‘ālamīn(a).
[36]
Allah iku ngagêm sipat kaagungan ana ing bumi lan langit, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.
وَلَهُ الْكِبْرِيَاۤءُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ ۔٣٧
Wa lahul-kibriyā'u fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[37]