Surah Ad-Dukhan

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Kha lan Mim iku padha araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kitab Kuran kang nêrangake khukum khalal, kharam lan sapanunggalane.

وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2] Ingsun nurunake Kitab Kuran mau ana ing wêngi kang binarkahan, iya iku Lailatul Kadar, Ingsun mêmêdèni manungsa kalawan Kuran.

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ اِنَّا كُنَّا مُنْذِرِيْنَ٣
Innā anzalnāhu fī lailatim mubārakatin innā kunnā munżirīn(a).
[3] Sarupaning prakara kang tinamtokake padha dipilah -pilah ana ing wêngi mau.

فِيْهَا يُفْرَقُ كُلُّ اَمْرٍ حَكِيْمٍۙ٤
Fīhā yufraqu kullu amrin ḥakīm(in).
[4] Dipilah-pilah têrang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para rasul.

اَمْرًا مِّنْ عِنْدِنَاۗ اِنَّا كُنَّا مُرْسِلِيْنَۖ٥
Amram min ‘indinā, innā kunnā mursilīn(a).
[5] Minăngka sih piwêlasing Pangeranira, satêmêne Allah iku mirêng tur nguningani samubarang.

رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُۗ٦
Raḥmatam mir rabbik(a), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[6] Katrangane bumi lan langit, lan samubarang kang ana antarane bumi lan langit. (He wong Mêkah) manawa sira wis têrang yèn Allah iku ratuning bumi lan langit, sumurupa yèn Nabi Mukhammad iku utusaning Allah.

رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۘ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[7] Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba [ka....jaba] mung Allah, kang nguripi lan kang matèni, iya iku Pangeranira lan Pangerane para lêluhurira ing jaman kuna biyèn.

لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ ۗرَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Lā ilāha illā huwa yuḥyī wa yumīt(u), rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[8] (He Mukhammad) wong kaphir iku padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati, sarta anggêguyu marang sira.

بَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ يَّلْعَبُوْنَ٩
Bal hum fī syakkiy yal‘abūn(a).
[9] Sira mung ngêntènana dina kiyamat, nalikane langit mêtokake kêbul ngêbaki antarane langit lan bumi.

فَارْتَقِبْ يَوْمَ تَأْتِى السَّمَاۤءُ بِدُخَانٍ مُّبِيْنٍ١٠
Fartaqib yauma ta'tis-samā'u bidukhānim mubīn(in).
[10] Kêbul mau nampêk ing manungsa, sêsambating manungsa: Adhuh iki siksa kang nglarani.

يَغْشَى النَّاسَۗ هٰذَا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١١
Yagsyan-nās(a), hāżā ‘ażābun alīm(un).
[11] Manungsa mau banjur padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngluwarana kawula saking siksa punika. Sapunika kawula sami pitados ing Tuwan, ngèstokakên dhawuhipun utusan Tuwan.

رَبَّنَا اكْشِفْ عَنَّا الْعَذَابَ اِنَّا مُؤْمِنُوْنَ١٢
Rabbanaksyif ‘annal-‘ażāba innā mu'minūn(a).
[12] Manungsa wis padha didhawuhi têrang dening rasul, mulane nalika turuning siksa panalangsane ora migunani.

اَنّٰى لَهُمُ الذِّكْرٰى وَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مُّبِيْنٌۙ١٣
Annā lahumuż-żikrā wa qad jā'ahum rasūlum mubīn(un).
[13] Wong kaphir banjur padha malengos marang Nabi Mukhammad, pangucape: Iku rak muride bocah Ngajam kae, iku wong edan.

ثُمَّ تَوَلَّوْا عَنْهُ وَقَالُوْا مُعَلَّمٌ مَّجْنُوْنٌۘ١٤
Ṡumma tawallau ‘anhu wa qālū mu‘allamum majnūn(un).
[14] (Pangandikaning Allah): Iya ta, Ingsun êntas saka ing siksa sawatara, nanging sira iya banjur bali kaphir manèh, nganti têkan pêrang ing Badar.

اِنَّا كَاشِفُوا الْعَذَابِ قَلِيْلًا اِنَّكُمْ عَاۤىِٕدُوْنَۘ١٥
Innā kāsyiful-‘ażābi qalīlan innakum ‘ā'idūn(a).
[15] Ing kono Ingsun niksa marang wong kaphir sarana nandukake gêgaman kalawan sêngit.

يَوْمَ نَبْطِشُ الْبَطْشَةَ الْكُبْرٰىۚ اِنَّا مُنْتَقِمُوْنَ١٦
Yauma nabṭisyul baṭsyatal kubrā, innā muntaqimūn(a).
[16] Biyèn, sadurunge wong Mêkah iku, Ingsun nyoba Raja Phirngon sabalane, padha katêkan rasul kang mulya, iya iku Nabi Musa lan Nabi Harun.

۞ وَلَقَدْ فَتَنَّا قَبْلَهُمْ قَوْمَ فِرْعَوْنَ وَجَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ كَرِيْمٌۙ١٧
Wa laqad fatannā qablahum qauma fir‘auna wa jā'ahum rasūlun karīm(un).
[17] (Dhawuhe Nabi Musa): He para kawulaning Allah, aku iki utusaning Pangeran, pinitaya dikarsakake nyurup-nyurupake marang kowe, mulane padha mituruta marang aku, pracaya ing Allah.

اَنْ اَدُّوْٓا اِلَيَّ عِبَادَ اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌۙ١٨
An addū ilayya ‘ibādallāh(i), innī lakum rasūlun amīn(un).
[18] Lan kowe aja padha lumuhur-luhur, suthik ngèstokake parentahing Allah, têkaku iki kanthi tăndha yêkti kang têrang, mratandhani yèn aku iki utusaning Allah.

وَّاَنْ لَّا تَعْلُوْا عَلَى اللّٰهِ ۚاِنِّيْٓ اٰتِيْكُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۚ١٩
Wa al lā ta‘lū ‘alallāh(i), innī ātīkum bisulṭānim mubīn(in).
[19] Aku nyuwun pitulunging Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Aja nganti padha kobalangi watu.

وَاِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ اَنْ تَرْجُمُوْنِۚ٢٠
Wa innī ‘użtu birabbī wa rabbikum an tarjumūn(i).
[20] Manawa kowe padha ora ngandêl marang aku, mung aja nandukake piala bae marang aku.

وَاِنْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا لِيْ فَاعْتَزِلُوْنِ٢١
Wa il lam tu'minū lī fa‘tazilūn(i).
[21] Nabi Musa banjur munjuk ing Pangerane: Mratelakake yèn Raja Phirngon sabalane padha puguh ênggone kaphir, muga ditindakna apa kang dadi bênêre.

فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ مُّجْرِمُوْنَ٢٢
Fa da‘ā rabbahū anna hā'ulā'i qaumum mujrimūn(a).
[22] (Dhawuhing Allah: He Musa) sira lan para kawulaningsun wong Bani Srail, padha lungaa saka nagara Mêsir, mangkata ing wayah wêngi, sira bakal padha diburu dening Raja Phirngon sabalane.

فَاَسْرِ بِعِبَادِيْ لَيْلًا اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَۙ٢٣
Fa asri bi‘ibādī lailan innakum muttaba‘ūn(a).
[23] (Mênawa sira têkan ing sagara Kulzum, sagara mau sira gitika kalawan têkênira, banyune mêsthi piyak, sagara banjur asat kaya dalan gêdhe. Sira sakancanira banjur lumakua ing kono. Yèn wis mêntas saka ing sagara) sagara mau sira nêngna bae. (Raja Phirngon sabalane karêbèn amburu malêbu ing sagara mau) Raja Phirngon sabalane bakal Ingsun tungkêbi banyu ana satêngahing sagara. (Dhawuhing Allah mau iya kêlakon kaya mangkono, Raja Phirngon sabalane kabèh padha tumpês ana satêngahing [satêngah....ing] sagara).

وَاتْرُكِ الْبَحْرَ رَهْوًاۗ اِنَّهُمْ جُنْدٌ مُّغْرَقُوْنَ٢٤
Watrukil-baḥra rahwā(n), innahum jundum mugraqūn(a).
[24] Raja Phirngon ninggal palêmahan lan kali pirang-pirang kang mili ana ing Mêsir.

كَمْ تَرَكُوْا مِنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ٢٥
Kam tarakū min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[25] Lan tinggal têtanduran gêdhong pirang-pirang kang endah- endah.

وَّزُرُوْعٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍۙ٢٦
Wa zurū‘iw wa maqāmin karīm(in).
[26] Lan tinggal băndha pirang-pirang, kang maune padha diênggo kabungahan.

وَّنَعْمَةٍ كَانُوْا فِيْهَا فٰكِهِيْنَۙ٢٧
Wa na‘matin kānū fīhā fākihīn(a).
[27] Wis mangkono karsaningsun, têtinggalane Raja Phirngon sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane, iya iku para para wong Bani Srail.

كَذٰلِكَ ۗوَاَوْرَثْنٰهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَۚ٢٨
Każālik(a), wa auraṡnāhā qauman ākharīn(a).
[28] Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Raja Phirngon sabalane, tumpês tanpa disarantèkake manèh.

فَمَا بَكَتْ عَلَيْهِمُ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُۗ وَمَا كَانُوْا مُنْظَرِيْنَ ࣖ٢٩
Famā bakat ‘alaihimus-samā'u wal-arḍ(u), wa mā kānū munẓarīn(a).
[29] Wong Bani Srail wis padha Ingsun paringi salamêt, saka siksa lan siya-siya.

وَلَقَدْ نَجَّيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنَ الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۙ٣٠
Wa laqad najjainā banī isrā'īla minal-‘ażābil-muhīn(i).
[30] Saka panggawene Raja Phirngon, Raja Phirngon mau wong kêbangêtên ênggone gumêdhe.

مِنْ فِرْعَوْنَ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَالِيًا مِّنَ الْمُسْرِفِيْنَ٣١
Min fir‘aun(a), innahū kāna ‘āliyam minal-musrifīn(a).
[31] Wong Bani Srail mau padha Ingsun pilih, Ingsun paringi kawruh lan kapintêran akèh, ngungkuli wong sajagad ing măngsa iku.

وَلَقَدِ اخْتَرْنٰهُمْ عَلٰى عِلْمٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ٣٢
Wa laqadikhtarnāhum ‘alā ‘ilmin ‘alal-‘ālamīn(a).
[32] Lan padha Ingsun gêlari mukjizat kaelokan pirang-pirang, kang têtela dadi coba.

وَاٰتَيْنٰهُمْ مِّنَ الْاٰيٰتِ مَا فِيْهِ بَلٰۤـؤٌا مُّبِيْنٌ٣٣
Wa ātaināhum minal-āyāti mā fīhi balā'um mubīn(un).
[33] Wong turun Kurès kang padha kaphir iku padha ngucap:

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَيَقُوْلُوْنَۙ٣٤
Inna hā'ulā'i layaqūlūn(a).
[34] Enggonku mati mêsthi mung mati sapisan bae, sawise aku mati, ora bakal diuripake manèh.

اِنْ هِيَ اِلَّا مَوْتَتُنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُنْشَرِيْنَ٣٥
In hiya illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimunsyarīn(a).
[35] (He wong kang padha ngarani yèn wong kang wis mati iku bakal padha diuripake manèh) yèn pangucapmu iku têmên, mara uripna para lêluhurku kang wis padha mati.

فَأْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٦
Fa'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[36] (Pangandikaning Allah): Wong kaphir turun Kurès iku gagah prakosa êndi lan sugih êndi karo para umate Nabi Tubbak.

اَهُمْ خَيْرٌ اَمْ قَوْمُ تُبَّعٍۙ وَّالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ اَهْلَكْنٰهُمْ اِنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ٣٧
Ahum khairun am qaumu tubba‘(in), wal-lażīna min qablihim, ahlaknāhum innahum kānū mujrimīn(a).
[37] Lan gagah prakosa êndi karo para umat kuna sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, ewadene kabèh padha Ingsun tumpês, awit kabèh padha kaphir.

وَمَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ٣٨
Wa mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[38] Enggon Ingsun yasa bumi lan langit, apadene barang kang ana antarane bumi lan langit, [la....ngit,] iku ora dolanan tanpa gawe.

مَا خَلَقْنٰهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Mā khalaqnāhumā illā bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[39] Enggon Ingsun yasa bumi lan langit mau wis mêsthi ana paidahe, nanging wong kaphir ing Mêkah kang akèh padha ora wêruh paidahe.

اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ مِيْقَاتُهُمْ اَجْمَعِيْنَ ۙ٤٠
Inna yaumal-faṣli mīqātuhum ajma‘īn(a).
[40] Satêmêne besuk dina kiyamat, nalikane para kawulaning Allah padha dipilah-pilah, iku dina karampungane para kawula kabèh.

يَوْمَ لَا يُغْنِيْ مَوْلًى عَنْ مَّوْلًى شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۙ٤١
Yauma lā yugnī maulan ‘am maulan syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[41] Iya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung-tinulung apa-apa, ora ana bisa nulak siksaning Allah.

اِلَّا مَنْ رَّحِمَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٤٢
Illā mar raḥimallāh(u), innahū huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[42] Kajaba wong kang disihi dening Allah, iya iku para wong mukmin, iku padha bisa tulung-tinulung, satêmêne Allah iku Mahamulya tur Maha-asih.

اِنَّ شَجَرَتَ الزَّقُّوْمِۙ٤٣
Inna syajarataz-zaqqūm(i).
[43] Satêmêne wit Jakum.

طَعَامُ الْاَثِيْمِ ۛ٤٤
Ṭa‘āmul-aṡīm(i).
[44] Iku dadi pangane wong duraka.

كَالْمُهْلِ ۛ يَغْلِيْ فِى الْبُطُوْنِۙ٤٥
Kal-muhl(i), yaglī fil-buṭūn(i).
[45] Rupane wohe kaya jêlantah kang irêng, yèn dipangan, ana sajroning wêtêng umob.

كَغَلْيِ الْحَمِيْمِ ۗ٤٦
Kagalyil-ḥamīm(i).
[46] Kayadene umobing wedang.

خُذُوْهُ فَاعْتِلُوْهُ اِلٰى سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِۙ٤٧
Khużūhu fa‘‘tilūhu ilā sawā'il-jaḥīm(i).
[47] (He naraka) wong kaphir iku sira cêkêla, banjur sira laraka marang têngahing Naraka Jakhim.

ثُمَّ صُبُّوْا فَوْقَ رَأْسِهٖ مِنْ عَذَابِ الْحَمِيْمِۗ٤٨
Ṡumma ṣubbū fauqa ra'sihī min ‘azābil-ḥamīm(i).
[48] Nuli padha sira garujuga ing wedang siksa saka dhuwuring êndhase.

ذُقْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْكَرِيْمُ٤٩
Żuq, innaka antal-‘azīzul-karīm(u).
[49] (He wong kaphir) mara rasakna siksaningsun, awit sira iku Mahamulya tur Wicaksana.

اِنَّ هٰذَا مَا كُنْتُمْ بِهٖ تَمْتَرُوْنَ٥٠
Inna hāżā mā kuntum bihī tamtarūn(a).
[50] Siksa iki kang padha sira paido biyèn.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ مَقَامٍ اَمِيْنٍۙ٥١
Innal-muttaqīna fī maqāmin amīn(in).
[51] Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah, iku ana ing panggonan têntrêm.

فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٢
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[52] Iya iku ana ing suwarga kang ana bêngawane mili.

يَّلْبَسُوْنَ مِنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَقٰبِلِيْنَۚ٥٣
Yalbasūna min sundusiw wa istabraqim mutaqābilīn(a).
[53] Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan sutra kandêl, sarta padha patêmon lan para kancane.

كَذٰلِكَۗ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍۗ٥٤
Każālik(a), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[54] Wis mangkono karsaningsun, wong mukmin padha Ingsun paringi jodho widadari kang matane blalak-blalak.

يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِكُلِّ فَاكِهَةٍ اٰمِنِيْنَۙ٥٥
Yad‘ūna fīhā bikulli fākihatin āminīn(a).
[55] Wong mukmin mau ana ing suwarga padha anjaluk wowohan warna-warna marang kang padha ngladèni. Wowohan mau, ora bisa êntèk.

لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا الْمَوْتَ اِلَّا الْمَوْتَةَ الْاُوْلٰىۚ وَوَقٰىهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِۙ٥٦
Lā yażūqūna fīhal-mauta illal-mautatal-ūlā, wa waqāhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[56] Wong ing suwarga ora bakal anglakoni mati salawas-lawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ana ing dunya. Allah ngrêksa marang para wong mukmin, ora kacêmplung ing siksa Naraka Jakhim.

فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكَۚ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٥٧
Faḍlam mir rabbika żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[57] Iku minăngka sih kanugrahane Pangeranira. Kang mangkono mau, aran kabêgjan gêdhe.

فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Fa innamā yassarnāhu bilisānika la‘allahum yatażakkarūn(a).
[58] Surasaning Kuran iki Ingsun gampangake, nganggo têmbungira Mukhammad, têmbung Ngarab, supaya wong Mêkah padha nampani pitutur.

فَارْتَقِبْ اِنَّهُمْ مُّرْتَقِبُوْنَ ࣖࣖ٥٩
Fartaqib innahum murtaqibūn(a).
[59] Sira ngêntènana pitulunging Pangeranira, wong kaphir iya padha ngarêp-arêp rusakira.