Surah Az-Zukhruf

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Kha lan Mim, iku loro pisan araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kitab Kuran kang anggêlarake pituduh bênêr.

وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ ۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2] Kuran iku Ingsun pacak kitab têmbung Arab, supaya sira padha ngêrti karêpe.

اِنَّا جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَۚ٣
Innā ja‘alnāhu qur'ānan ‘arabiyyal la‘allakum ta‘qilūn(a).
[3] Kuran mau wis dipacak ana baboning kitab, iya iku Lohmahphul kang ana ngarsaningsun, Kuran mau luhur, ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isi kawicaksanan.

وَاِنَّهٗ فِيْٓ اُمِّ الْكِتٰبِ لَدَيْنَا لَعَلِيٌّ حَكِيْمٌ ۗ٤
Wa innahū fī ummil-kitābi ladainā la‘aliyyun ḥakīm(un).
[4] Apa Ingsun ora paring wahyu apa-apa marang sira, dupèh sira padha kaphir. (Karsaningsun ora mangkono).

اَفَنَضْرِبُ عَنْكُمُ الذِّكْرَ صَفْحًا اَنْ كُنْتُمْ قَوْمًا مُّسْرِفِيْنَ٥
Afa naḍribu ‘ankumuż-żikra ṣafḥan an kuntum qaumam musrifīn(a).
[5] Ing jaman kuna biyèn, Ingsun wis ngutus nabi pirang-pirang.

وَكَمْ اَرْسَلْنَا مِنْ نَّبِيٍّ فِى الْاَوَّلِيْنَ٦
Wa kam arsalnā min nabiyyin fil-awwalīn(a).
[6] Para umat kuna manawa katêkan utusan Ingsun nabi, mêsthi padha anggêguyu.

وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٧
Wa mā ya'tīhim min nabiyyin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[7] Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kaphir ing Mêkah, padha Ingsun rusak kalawan siksa, kaya ta kang wis kasêbut ing ngarêp.

فَاَهْلَكْنَآ اَشَدَّ مِنْهُمْ بَطْشًا وَّمَضٰى مَثَلُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Fa ahlaknā asyadda minhum baṭsyaw wa maḍā maṡalul-awwalīn(a).
[8] Manawa sira takon marang para wong kaphir ing Mêkah: Sapa kang gawe bumi lan langit iki, mêsthi padha mangsuli: Ingkang damêl ing[10] Allah ingkang Mahamulya tur nguningani samukawis.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ خَلَقَهُنَّ الْعَزِيْزُ الْعَلِيْمُۙ٩
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunna khalaqahunnal-‘azīzul-‘alīm(u).
[9] Allah iku kang andadèkake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang-pirang ana ing bumi, supaya sira wêruh ing ngêndi panggonan kang sira sêdya.

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّجَعَلَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ ۚ١٠
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa ja‘ala lakum fīhā subulal la‘allakum tahtadūn(a).
[10] Lan kang nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ênggo ngrêjakake palêmahan kang bêra. Dene ing besuk ênggonira ditangèkake saka ing kubur, iya kaya mangkono pratingkahe.

وَالَّذِيْ نَزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍۚ فَاَنْشَرْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا ۚ كَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ١١
Wal-lażī nazzala minas-samā'i mā'am biqadar(in), fa'ansyarnā bihī baldatam maitā(n), każālika tukhrajūn(a).
[11] Lan kang gawe barang warna-warna kabèh, lan gawe têtungganganira, rupa prau lan rajakaya. [raja....kaya.]

وَالَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا وَجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْفُلْكِ وَالْاَنْعَامِ مَا تَرْكَبُوْنَۙ١٢
Wal-lażī khalaqal-azwāja kullahā wa ja‘ala lakum minal-fulki wal-an‘āmi mā tarkabūn(a).
[12] Wêkasan sira padha nunggang kapenak ana ing gêgêre rajakaya mau, banjur eling ênggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira, sarta nalikane sira nunggang rajakaya mau, mêmuji mangkene: Mahasuci Allah kang wis nyungkêmake rajakaya kang samene prakosane iki marang aku, upama tanpa pitulunging Allah, aku rumasa ora kaconggah nyêmbadani khewan kang samene iki.

لِتَسْتَوٗا عَلٰى ظُهُوْرِهٖ ثُمَّ تَذْكُرُوْا نِعْمَةَ رَبِّكُمْ اِذَا اسْتَوَيْتُمْ عَلَيْهِ وَتَقُوْلُوْا سُبْحٰنَ الَّذِيْ سَخَّرَ لَنَا هٰذَا وَمَا كُنَّا لَهٗ مُقْرِنِيْنَۙ١٣
Litastawū ‘alā ẓuhūrihī ṡumma tażkurū ni‘mata rabbikum iżastawaitum ‘alaihi wa taqūlū subḥānal-lażī sakhkhara lanā hāżā wa mā kunnā lahū muqrinīn(a).
[13] Dene aku iki ing têmbe mêsthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku.

وَاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا لَمُنْقَلِبُوْنَ١٤
Wa innā ilā rabbinā lamunqalibūn(a).
[14] Panganggêpe para wong kaphir ing Mêkah, ana kawulaning Allah kang kalêbu pêperanganing Allah, iya iku para malaikat, dianggêp putraning Allah putri. Wong kang duwe panganggêp mangkono mau, têtela wong kaphir.

وَجَعَلُوْا لَهٗ مِنْ عِبَادِهٖ جُزْءًا ۗاِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ ࣖ١٥
Wa ja‘alū lahū min ‘ibādihī juz'ā(n), innal-insāna lakafūrum mubīn(un).
[15] Yagene wong Mêkah têka duwe panêmu yèn malaikat gêgaweaning Allah iku putraning Allah putri. Sarta awake dhewe milih anak lanang.

اَمِ اتَّخَذَ مِمَّا يَخْلُقُ بَنٰتٍ وَّاَصْفٰىكُمْ بِالْبَنِيْنَ ۗ١٦
Amittakhażū mimmā yakhluqu banātiw wa aṣfākum bil-banīn(a).
[16] Mênawa ana kang duwe anak mêtu wadon, madhani ênggone nganggêp marang Allah kagungan putra putri. Wong mau ulate banjur pêtêng, lan susah bangêt.

وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِمَا ضَرَبَ لِلرَّحْمٰنِ مَثَلًا ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌ١٧
Wa iżā busysyira aḥaduhum bimā ḍaraba lir-raḥmāni maṡalan ẓalla wajhuhū muswaddaw wa huwa kaẓīm(un).
[17] Yagene wong Mêkah padha nêtêpake sipat cacad marang Allah, lan ngaku sipat kang prayoga tumrap ing awake dhewe, kang măngka padune wong mau ora ana katrangane.

اَوَمَنْ يُّنَشَّؤُا فِى الْحِلْيَةِ وَهُوَ فِى الْخِصَامِ غَيْرُ مُبِيْنٍ١٨
Awamay yunasysya'u fil-ḥilyati wa huwa fil-khiṣāmi gairu mubīn(in).
[18] Wong Mêkah padha nganggêp malaikat kawulaning Allah iku wadon. Wong Mêkah mau apa padha andêlêng dhewe yèn malaikat iku nyata wadon. Enggone nganggêp utawa nêksèni mau bakal dicathêti, lan besuk ana ing akhirat bakal ditakoni.

وَجَعَلُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ الَّذِيْنَ هُمْ عِبٰدُ الرَّحْمٰنِ اِنَاثًا ۗ اَشَهِدُوْا خَلْقَهُمْ ۗسَتُكْتَبُ شَهَادَتُهُمْ وَيُسْـَٔلُوْنَ١٩
Wa ja‘alul-malā'ikatal-lażīna hum ‘ibādur raḥmāni ināṡā(n), asyahidū khalqahum, satuktabu syahādatuhum wa yus'alūn(a).
[19] Wong Mêkah padha calathu: Upama karsaning Allah aku ora kaparêng nyêmbah malaikat, aku măngsa kêlakona nyêmbah malaikat. Enggone calathu mangkono mau ora wêruh katêrangane bênêr utawa luput, dadi calathu mau mung goroh lugu.

وَقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ الرَّحْمٰنُ مَا عَبَدْنٰهُمْ ۗمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍ اِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَۗ٢٠
Wa qālū lau syā'ar-raḥmānu mā ‘abadnāhum, mā lahum biżālika min ‘ilm(in), in hum illā yakhruṣūn(a).
[20] Apa sadurunge ana Kuran, wong mau padha Ingsun paringi kitab kang nêrangake kêna nyêmbah liyane Allah, kang banjur dièstokake têkan saprene.

اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا مِّنْ قَبْلِهٖ فَهُمْ بِهٖ مُسْتَمْسِكُوْنَ٢١
Am ātaināhum kitābam min qablihī fahum bihī mustamsikūn(a).
[21] Wong Mêkah mung padha calathu: Aku mung nglêluri para lêluhurku biyèn padha nglakoni agama iki, nyêmbah liyane Allah. Aku ngarêp-arêp olèh pituduh bênêr, sarana ênggonku manut para lêluhurku.

بَلْ قَالُوْٓا اِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّهْتَدُوْنَ٢٢
Bal qālū innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muhtadūn(a).
[22] Mangkono uga biyèn, sabên Ingsun ngutus nabi, nyurup-nyurupake wong ing padesan, panggêdhening padesan mau mêsthi banjur padha mangsuli: Kula punika namung nglêluri para lêluhur kula sami anglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agaminipun para lêluhur kula wau.

وَكَذٰلِكَ مَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍۙ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّقْتَدُوْنَ٢٣
Wa każālika mā arsalnā min qablika fī qaryatim min nażīr(in), illā qāla mutrafūhā, innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muqtadūn(a).
[23] (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa sanadyan aku nyurup-nyurupake marang kowe kang luwih dening bênêr, ngungkuli panêmune para lêluhurmu biyèn, kowe iya suthik manut. Wong kaphir padha mangsuli: Dhawuh ingkang sampeyan waradinakên punika, kula sami maibên.

۞ قٰلَ اَوَلَوْ جِئْتُكُمْ بِاَهْدٰى مِمَّا وَجَدْتُّمْ عَلَيْهِ اٰبَاۤءَكُمْۗ قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٢٤
Qāla awalau ji'tukum bi'ahdā mimmā wajattum ‘alaihi ābā'akum, qālū innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[24] Wong kaphir mau banjur padha Ingsun turuni siksa. Mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang diêmban ing para rasul.

فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٢٥
Fantaqamnā minhum fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[25] (He Mukhammad) sira nyaritakna Nabi Ibrahim, nalikane matur marang bapakne, lan pitutur marang para umate, têmbunge: Aku ora milu-milu ênggonmu padha nyêmbah brahala.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖٓ اِنَّنِيْ بَرَاۤءٌ مِّمَّا تَعْبُدُوْنَۙ٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu li'abīhi wa qaumihī innanī barā'um mimmā ta‘budūn(a).
[26] Kajaba mung nêmbah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan kaslamêtan marang aku.

اِلَّا الَّذِيْ فَطَرَنِيْ فَاِنَّهٗ سَيَهْدِيْنِ٢٧
Illāl-lażī faṭaranī fa'innahū sayahdīn(i).
[27] Nabi Ibrahim namtokake pituture mau dadi têtêmbungan kang linuri-luri saturun-turune. Pangarêp-arêpe, sarupane wong maro tingal padha ambalika, manut marang Nabi Ibrahim.

وَجَعَلَهَا كَلِمَةً ۢ بَاقِيَةً فِيْ عَقِبِهٖ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۗ٢٨
Wa ja‘alahā kalimatam bāqiyatan fī ‘aqibihī la‘allahum yarji‘ūn(a).
[28] (Pangandikaning Allah): Wong kaphir ing Mêkah lan para lêluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan kang sêmpulur, nganti katêkan Kuran dhawuhing [dhawuh....ing] Allah, lan katêkan rasul kang nyata, iya iku Nabi Mukhamad.

بَلْ مَتَّعْتُ هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ وَرَسُوْلٌ مُّبِيْنٌ٢٩
Bal matta‘tu hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā jā'ahumul-ḥaqqu wa rasūlum mubīn(un).
[29] Barêng katêkan dhawuhing Allah Kuran, wong kaphir ing Mêkah padha calathu: Kuran iki sikhir, yèn diawadake dhawuhing Allah, aku padha maido.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ وَّاِنَّا بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٠
Wa lammā jā'ahumul-ḥaqqu qālū hāżā siḥruw wa innā bihī kāfirūn(a).
[30] Pangucape: Yèn Kuran iku nyata dhawuhing Allah, yagene têka ora didhawuhake mêtu wong lanang kang dadi panggêdhening desa loro, ing Mêkah lan ing Taiph.

وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ عَلٰى رَجُلٍ مِّنَ الْقَرْيَتَيْنِ عَظِيْمٍ٣١
Wa qālū lau lā nuzzila hāżal-qur'ānu ‘alā rajulim minal-qaryataini ‘aẓīm(in).
[31] (Pangandikaning Allah): Wong Mêkah têka ngucap mangkono, apa wong Mêkah mau andum rahmating Allah Pangeranira. (Ora). Ingsun kang mêsthi andum kabêgjan marang wong Mêkah ana ing dunya, lan anjunjung darajate sawijining wong Mêkah, ngungkuli liya-liyane, wêkasan sawênèhe wong Mêkah bisa marentah wong Mêkah liyane. Dene rahmate Allah Pangeranira iku luwih bêcik, tinimbang băndha kang dikalumpukake dening para wong Mêkah.

اَهُمْ يَقْسِمُوْنَ رَحْمَتَ رَبِّكَۗ نَحْنُ قَسَمْنَا بَيْنَهُمْ مَّعِيْشَتَهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ وَرَفَعْنَا بَعْضَهُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ لِّيَتَّخِذَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا سُخْرِيًّا ۗوَرَحْمَتُ رَبِّكَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ٣٢
Ahum yaqsimūna raḥmata rabbik(a), naḥnu qasamnā bainahum ma‘īsyatahum fil-ḥayātid-dun-yā, wa rafa‘nā ba‘ḍahum fauqa ba‘ḍin darajātil liyattakhiża ba‘ḍuhum ba‘ḍan sukhriyyā(n), wa raḥmatu rabbika khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[32] Upama ora nguwatirake bokmanawa [bokmana....wa] manungsa iku grembyang dadi kaphir kabèh, marga saka kapengin andêlêng kabêgjane para wong kaphir kang sêmpulur, amêsthi omahe para wong kaphir kang maido ing Pangeran kang Mahamurah iku Ingsun paringi payon salaka, lan undhak-undhakan utawa ăndha salaka, wong kaphir banjur padha munggah mudhun ing ăndha salaka mau.

وَلَوْلَآ اَنْ يَّكُوْنَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً لَّجَعَلْنَا لِمَنْ يَّكْفُرُ بِالرَّحْمٰنِ لِبُيُوْتِهِمْ سُقُفًا مِّنْ فِضَّةٍ وَّمَعَارِجَ عَلَيْهَا يَظْهَرُوْنَۙ٣٣
Wa lau lā ay yakūnan-nāsu ummataw wāḥidatal laja‘alnā limay yakfuru bir-raḥmāni libuyūtihim suqufam min fiḍḍatiw wa ma‘ārija ‘alaihā yaẓharūn(a).
[33] Lan omahe wong kaphir mau Ingsun dokoki lawang salaka, sarta Ingsun paringi rêsban salaka, dadi wong kaphir banjur padha sèndhèn ing rêsban salaka mau.

وَلِبُيُوْتِهِمْ اَبْوَابًا وَّسُرُرًا عَلَيْهَا يَتَّكِـُٔوْنَۙ٣٤
Wa libuyūtihim abwābaw wa sururan ‘alaihā yattaki'ūn(a).
[34] Lan malah Ingsun paringi rêrênggan mas, kabèh iku ora liya kabungahan ing dunya. Dene ganjaran ing akhirat ana ngarsaning Pangeranira, wong kaphir ora milu duwe, mung tinamtokake marang wong kang padha wêdi ing Allah.

وَزُخْرُفًاۗ وَاِنْ كُلُّ ذٰلِكَ لَمَّا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَالْاٰخِرَةُ عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٥
Wa zukhrufā(n), wa in kullu żālika lammā matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wal-ākhiratu ‘inda rabbika lil-muttaqīn(a).
[35] Sing sapa nyulayani Kuran, dhawuhing Pangeran kang Mahamurah, iku banjur Ingsun paringi setan, setan iku banjur dadi kancane wong mau.

وَمَنْ يَّعْشُ عَنْ ذِكْرِ الرَّحْمٰنِ نُقَيِّضْ لَهٗ شَيْطٰنًا فَهُوَ لَهٗ قَرِيْنٌ٣٦
Wa may ya‘syu ‘an żikrir-raḥmāni nuqayyiḍ lahū syaiṭānan fahuwa lahū qarīn(un).
[36] Setan mau padha mênging ngambah dalaning pituduh [pitu.....duh] bênêr marang wong kang padha nyulayani Kuran. Dene wong kang nyulayani Kuran mau, ênggone suthik ngambah dalan pituduh bênêr, panêmune wis olèh pituduh bênêr.

وَاِنَّهُمْ لَيَصُدُّوْنَهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ٣٧
Wa innahum layaṣuddūnahum ‘anis-sabīli wa yaḥsabūna annahum muhtadūn(a).
[37] Ing besuk dina kiyamat, mênawa wong kang nyulayani Kuran mau wis seba ana ngarsaningsun kanthi kancane setan, banjur calathu marang setan: Adhuh, muga-muga aku didohna saka ing kowe, dohe saka panggonan palêthèking srêngenge, têkan panggonan suruping srêngenge, kănca kowe iku tumrap ing aku ala têmên.

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَنَا قَالَ يٰلَيْتَ بَيْنِيْ وَبَيْنَكَ بُعْدَ الْمَشْرِقَيْنِ فَبِئْسَ الْقَرِيْنُ٣٨
Ḥattā iżā jā'anā qāla yā laita bainī wa bainaka bu‘dal-masyriqaini fa bi'sal-qarīn(u).
[38] (He wong kang padha nyulayani Kuran) ing dina iki pangarêp-arêpira wis ora migunani, marga sira wis têtela wong nganiaya awakira dhewe. Sira lan setan kancanira mêsthi padha disiksa.

وَلَنْ يَّنْفَعَكُمُ الْيَوْمَ اِذْ ظَّلَمْتُمْ اَنَّكُمْ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٩
Wa lay yanfa‘akumul-yauma iẓ ẓalamtum annakum fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[39] (He Mukhammad) apa sira bisa andokoki pangrungu marang wong budhêg, utawa mêruhake marang wong picak, utawa nuduhake dalan bênêr marang wong kang wis dipêpêsthi mati kêsasar (măngsa bisaa).

اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ اَوْ تَهْدِى الْعُمْيَ وَمَنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٠
Afa anta tusmi‘uṣ-ṣumma au tahdil-‘umya wa man kāna fī ḍalālim mubīn(in).
[40] Mênawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapungkurira Ingsun mêsthi niksa wong kang padha nulayani Kuran iku.

فَاِمَّا نَذْهَبَنَّ بِكَ فَاِنَّا مِنْهُمْ مُّنْتَقِمُوْنَۙ٤١
Fa immā nażhabanna bika fa innā minhum muntaqimūn(a).
[41] Utawa kêna uga sira Ingsun tontonake kêlakoning siksa kang Ingsun ancamake marang wong kang padha nulayani Kuran. Ingsun kuwasa niksa wong kang padha nulayani Kuran iku.

اَوْ نُرِيَنَّكَ الَّذِيْ وَعَدْنٰهُمْ فَاِنَّا عَلَيْهِمْ مُّقْتَدِرُوْنَ٤٢
Au nuriyannakal-lażī wa‘adnāhum fa'innā ‘alaihim muqtadirūn(a).
[42] Saiki sira mung ngugêmana pangandikaningsun kang wis didhawuhake marang sira. Sira iku ngambah dalan kang bênêr.

فَاسْتَمْسِكْ بِالَّذِيْٓ اُوْحِيَ اِلَيْكَ ۚاِنَّكَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٣
Fastamsik bil-lażī ūḥiya ilaik(a), innaka ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[43] Kuran iku kamulyan gêdhe tumrap ing sira lan para umatira wong turun Kurès. Ing têmbe manungsa bakal padha didangu ênggone ngèstokake dhawuhing Kuran.

وَاِنَّهٗ لَذِكْرٌ لَّكَ وَلِقَوْمِكَ ۚوَسَوْفَ تُسْـَٔلُوْنَ٤٤
Wa innahū lażikrul laka wa liqaumik(a), wa saufa tus'alūn(a).
[44] Mara sira takona para rasul kang padha Ingsun utus sadurunge sira, apa iya Ingsun ngadêgake Pangeran kang sinêmbah liyane Allah kang Mahamurah.

وَسْـَٔلْ مَنْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رُّسُلِنَآ ۖ اَجَعَلْنَا مِنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِ اٰلِهَةً يُّعْبَدُوْنَ ࣖ٤٥
Was'al man arsalnā min qablika mir rusulinā, aja‘alnā min dūnir-raḥmāni ālihatay yu‘badūn(a).
[45] Biyèn Ingsun wis ngutus Nabi Musa, kanthi tăndha yêkti kaelokan pirang-pirang, saka Ingsun, Ingsun utus nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon sabalane, dhawuhe: Aku iku utusaning Allah, Pangerane wong ngalam kabèh.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَقَالَ اِنِّيْ رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā ilā fir‘auna wa mala'ihī fa qāla innī rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[46] Barêng Nabi Musa wis têka, anggêlarake tăndha yêkti kaelokan pirang-pirang ana ngarêpe Raja Phirngon, Raja Phirngon sabalane padha anggêguyu.

فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِاٰيٰتِنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَضْحَكُوْنَ٤٧
Falammā jā'ahum bi'āyātinā iżā hum minhā yaḍḥakūn(a).
[47] Enggon Ingsun nontonake siji-sijining tăndha yêkti kaelokan marang Raja Phirngon sabalane, mêsthi luwih gêdhe lan anggêgirisi tinimbang lan kaelokan kang wis Ingsun tontonake. Raja Phirngon sabalane padha Ingsun siksa, supaya padha marènana ênggone kaphir.

وَمَا نُرِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ اِلَّا هِيَ اَكْبَرُ مِنْ اُخْتِهَاۗ وَاَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤٨
Wa mā nurīhim min āyatin illā hiya akbaru min ukhtihā, wa akhażnāhum bil-‘ażābi la‘allahum yarji‘ūn(a).
[48] Raja Phirngon sabalane padha calathu: He Nabi Musa juru sikhir, kula mugi sampeyan suwunakên dhatêng Pangeran sampeyan, nêtêpi prasêtyaning Allah dhatêng sampeyan. Inggih punika manawi kula purun pitados dhatêng sampeyan, badhe kaparingan luwar saking bêbaya punika. Sapunika kula pitados dhatêng sampeyan.

وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَ السَّاحِرُ ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ اِنَّنَا لَمُهْتَدُوْنَ٤٩
Wa qālū yā ayyuhas-sāḥirud‘u lanā rabbaka bimā ‘ahida ‘indak(a), innanā lamuhtadūn(a).
[49] Barêng Raja Phirngon Ingsun paringi luwar saka ing siksa, banjur padha nyidrani kasaguhane pracaya.

فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ٥٠
Falammā kasyafnā ‘anhumul-‘ażāba iżā hum yankuṡūn(a).
[50] Raja Phirngon dhawuh marang para kawulane, pangucape: He para kawulaku, karaton nagara Mêsir iki apa dudu kagunganku. Mara padha dêlêngên, bêngawan Nil iki mili ana ngisoring panggunganku, ngèstokake parentahku.

وَنَادٰى فِرْعَوْنُ فِيْ قَوْمِهٖ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَيْسَ لِيْ مُلْكُ مِصْرَ وَهٰذِهِ الْاَنْهٰرُ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِيْۚ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَۗ٥١
Wa nādā fir‘aunu fī qaumihī qāla yā qaumi alaisa lī mulku miṣra wa hāżihil-anhāru tajrī min taḥtī, afalā tubṣirūn(a).
[51] Dadi aku iki luwih bêcik tinimbang lan Nabi Musa iki, kang wis têtela wong asor.

اَمْ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ مَهِيْنٌ ەۙ وَّلَا يَكَادُ يُبِيْنُ٥٢
Am ana khairum min hāżal-lażī huwa mahīn(un), wa lā yakādu yubīn(u).
[52] Calathune cedhal, mèh ora ana wong ngêrti.

فَلَوْلَآ اُلْقِيَ عَلَيْهِ اَسْوِرَةٌ مِّنْ ذَهَبٍ اَوْ جَاۤءَ مَعَهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ مُقْتَرِنِيْنَ٥٣
Falau lā ulqiya ‘alaihi aswiratum min żahabin au jā'a ma‘ahul-malā'ikatu muqtarinīn(a).
[53] Mênawa Nabi Musa mau têmên utusaning Pangeran, yagene têka ora digêlangi mas dening Pangeran, utawa ora diiring dening para malaikat kang padha nêksèni yèn iku utusaning Pangeran.

فَاسْتَخَفَّ قَوْمَهٗ فَاَطَاعُوْهُ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٥٤
Fastakhaffa qaumahū fa aṭā‘ūh(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[54] Raja Phirngon ambêbujuk para kawulane, kalawan disurup-surupake. Para kawulane banjur padha ngèstokake Raja Phirngon, [Phir....ngon,] mulane banjur padha dadi wong duraka.

فَلَمَّآ اٰسَفُوْنَا انْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٥٥
Falammā āsafūnantaqamnā minhum fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[55] Cêkake, barêng Raja Phirngon sabalane padha gawe durakaningsun, banjur padha Ingsun siksa, mulane padha Ingsun kêlêm kabèh ana ing sagara Kuljum.

فَجَعَلْنٰهُمْ سَلَفًا وَّمَثَلًا لِّلْاٰخِرِيْنَ ࣖ٥٦
Fa ja‘alnāhum salafaw wa maṡalal lil-ākhirīn(a).
[56] 56. Raja Phirngon sabalane mau padha Ingsun dadèkake lupiya lan upama, tumrap marang para umat kang kari.

۞ وَلَمَّا ضُرِبَ ابْنُ مَرْيَمَ مَثَلًا اِذَا قَوْمُكَ مِنْهُ يَصِدُّوْنَ٥٧
Wa lammā ḍuribabnu maryama maṡalan iżā qaumuka minhu yaṣiddūn(a).
[57] (He Mukhammad) barêng Nabi Ngisa anake Maryam diênggo paribasan, ênggone disêmbah dening para wong Nasara, ing kono para wong turun Kurès padha bungah.

وَقَالُوْٓا ءَاٰلِهَتُنَا خَيْرٌ اَمْ هُوَ ۗمَا ضَرَبُوْهُ لَكَ اِلَّا جَدَلًا ۗبَلْ هُمْ قَوْمٌ خَصِمُوْنَ٥٨
Wa qālū a'ālihatunā khairun am huw(a), mā ḍarabūhu laka illā jadalā(n), bal hum qaumun khaṣimūn(a).
[58] Pangucape: Nabi Mukhammad iki larape kudu mundhut tak sêmbah kaya panyêmbahe wong Nasara marang Nabi Ngisa. Bêcik êndi ta Nabi Mukhammad lan Nabi Ngisa. (He Mukhammad) para umatira ênggone anggêlar paribasan lan upama marang sira mau, pêrlune ora liwat mung madoni. Para umatira kang mangkono mau têtêp wong madoni wêwaton barang kang ora bênêr.

اِنْ هُوَ اِلَّا عَبْدٌ اَنْعَمْنَا عَلَيْهِ وَجَعَلْنٰهُ مَثَلًا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
In huwa illā ‘abdun an‘amnā ‘alaihi wa ja‘alnāhu maṡalal libanī isrā'īl(a).
[59] Nabi Ngisa iku dudu barang-barang, mung kawulaningsun [kawula....ningsun] kang Ingsun paringi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun ênggo umpama, tumrap para turuning Israil ênggone dadi tanpa bapa.

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنَا مِنْكُمْ مَّلٰۤىِٕكَةً فِى الْاَرْضِ يَخْلُفُوْنَ٦٠
Wa lau nasyā'u laja‘alnā minkum malā'ikatan fil-arḍi yakhlufūn(a).
[60] (He turune Kurès) upama ana parênge karsaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur Ingsun salini para malaikat padha manggon ana ing bumi, mêsthi kalakon mangkono.

وَاِنَّهٗ لَعِلْمٌ لِّلسَّاعَةِ فَلَا تَمْتَرُنَّ بِهَا وَاتَّبِعُوْنِۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa innahū la‘ilmul lis-sā‘ati falā tamtarunna bihā wattabi‘ūn(i), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61] Tumurune Nabi Ngisa iku dadi têtêngêr dina kiyamat wis cêdhak, sira aja padha mamang bakal têkane dina kiyamat mau, sira mung ngèstokna parentah Ingsun. Iki dalan kang bênêr.

وَلَا يَصُدَّنَّكُمُ الشَّيْطٰنُۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٢
Wa lā yaṣuddannakumusy-syaiṭān(u), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[62] Sira aja kêna panggodhaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

وَلَمَّا جَاۤءَ عِيْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ قَالَ قَدْ جِئْتُكُمْ بِالْحِكْمَةِ وَلِاُبَيِّنَ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ تَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ٦٣
Wa lammā jā'a ‘īsā bil-bayyināti qāla qad ji'tukum bil-ḥikmati wa li'ubayyina lakum ba‘ḍal-lażī takhtalifūna fīh(i), fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[63] Barêng Nabi Ngisa wis diutus dening Allah, kanthi tăndha yêkti kaelokan pirang-pirang, dhawuhe: Têkaku iki andhawuhake Kitab Injil kang isi kawicaksanan, pêrlu nêrangake ênggonmu padha pasulayan, bab surasaning Kitab Torèt. Kowe padha wêdia ing Allah, manuta marang aku.

اِنَّ اللّٰهَ هُوَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦٤
Innallāha huwa rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[64] Satêmêne Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, [Pa....ngeranmu,] mulane padha nêmbaha ing Allah. Iki dalan kang bênêr.

فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْ ۚفَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ عَذَابِ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٦٥
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fawailul lil-lażīna ẓalamūmin ‘ażābi yaumin alīm(in).
[65] Sapungkure Nabi Ngisa munggah marang langit, wong Nasara padha pasulayan, ing bab panêmu. Cilaka bangêt wong Nasara kang panêmune banjur dadi kaphir, awit ing besuk dina kiyamat, bakal kacêmplung ing siksa kang nglarani.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٦٦
Hal yanẓurūna illas-sā‘ata an ta'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[66] Wong mangkono mau mung ngêntèni dina kiyamat, kang têkane bakal ngagètake, ora kanyanan pisan-pisan.

اَلْاَخِلَّاۤءُ يَوْمَىِٕذٍۢ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ اِلَّا الْمُتَّقِيْنَ ۗ ࣖ٦٧
Al-akhillā'u yauma'iżim ba‘ḍuhum liba‘ḍin ‘aduwwun illal-muttaqīn(a).
[67] Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sêsatron, mung wong kang padha wêdi ing Allah, iku ora sêsatron, malah padha paguyuban.

يٰعِبَادِ لَاخَوْفٌ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَۚ٦٨
Yā ‘ibādi lā khaufun ‘alaikumul-yauma wa lā antum taḥzanūn(a).
[68] He para wong Islam, kang padha ngèstokake dhawuhing Kuran ayat Ingsun.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا مُسْلِمِيْنَۚ٦٩
Allażīna āmanū bi'āyātinā wa kānū muslimīn(a).
[69]

اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ اَنْتُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ تُحْبَرُوْنَ٧٠
Udkhulul-jannata antum wa azwājukum tuḥbarūn(a).
[70] Sira lan rabinira padha malêbua ing suwarga kalawan bungah lan diaji-aji.

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِصِحَافٍ مِّنْ ذَهَبٍ وَّاَكْوَابٍ ۚوَفِيْهَا مَا تَشْتَهِيْهِ الْاَنْفُسُ وَتَلَذُّ الْاَعْيُنُ ۚوَاَنْتُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَۚ٧١
Yuṭāfu ‘alaihim biṣiḥāfim min żahabiw wa akwāb(in), wa fīhā mā tasytahīhil-anfusu wa talażżul-a‘yun(u), wa antum fīhā khālidūn(a).
[71] Ana ing suwarga padha dilarihi pêpanganan kang wadhahe êmas, lan ombèn-ombèn winadhahan ing gêlas, wadhah êmas mau isi [i....si] pêpanganan kang menginake ing ati, lan ngrêsêpake dinêlêng. Sira ana ing suwarga padha langgêng salawas-lawase.

وَتِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْٓ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٧٢
Wa tilkal-jannatul-latī ūriṡtumūhā bimā kuntum ta‘malūn(a).
[72] Iya iku suwarga pandumanira, saka cawisane wong kaphir, diparingake marang sira, marga ênggonira padha nglakoni panggawe bêcik.

لَكُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ كَثِيْرَةٌ مِّنْهَا تَأْكُلُوْنَ٧٣
Lakum fīhā fākihatun kaṡīratum minhā ta'kulūn(a).
[73] Ana ing suwarga sira padha duwe wowohan pirang-pirang, sira padha mangan wowohan mau, êndi kang sira pengini.

اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ عَذَابِ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَۖ٧٤
Innal-mujrimīna fī ‘ażābi jahannama khālidūn(a).
[74] Sarupane wong kaphir padha disiksa ana ing Naraka Jahanam, langgêng salawas-lawase.

لَا يُفَتَّرُ عَنْهُمْ وَهُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ۚ٧٥
Lā yufattaru ‘anhum wa hum fīhi mublisūn(a).
[75] Tanpa kêndhat lan tanpa olèh kamayaran, ana ing naraka wong kaphir mau padha mênêng dening wis sirna pangarêp-arêpe kamayaran.

وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْا هُمُ الظّٰلِمِيْنَ٧٦
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin kānū humuẓ-ẓālimīn(a).
[76] Ingsun ora pisan nganiaya marang wong kaphir mau, nanging si kaphir kang nganiaya marang awake dhewe.

وَنَادَوْا يٰمٰلِكُ لِيَقْضِ عَلَيْنَا رَبُّكَۗ قَالَ اِنَّكُمْ مّٰكِثُوْنَ٧٧
Wa nādau yā māliku liyaqḍi ‘alainā rabbuk(a), qāla innakum mākiṡūn(a).
[77] Wong kaphir mau padha matur: Dhuh Malaikat Malik, ingkang nguwasani naraka, sampeyan munjuk ing Allah Pangeran sampeyan, kula punika bok inggih dipun pêjahi[11] kemawon, Malaikat Malik mangsuli: Karsaning Allah, kowe iku disiksa langgêng salawas-lawase, tanpa mati.

لَقَدْ جِئْنٰكُمْ بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَكُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٨
Laqad ji'nākum bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarakum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[78] (He wong Mêkah) Ingsun wis ngundhangake parentah bênêr marang sira, nanging sira iku kang akèh sêngit marang bênêr.

اَمْ اَبْرَمُوْٓا اَمْرًا فَاِنَّا مُبْرِمُوْنَۚ٧٩
Am abramū amran fa innā mubrimūn(a).
[79] Apa wong kaphir ing Mêkah nyantosani ênggone nêja ngrusak Nabi Mukhammad. Iya ta, Ingsun iya nyantosani ngrusak marang wong kaphir ing Mêkah.

اَمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّا لَا نَسْمَعُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ ۗ بَلٰى وَرُسُلُنَا لَدَيْهِمْ يَكْتُبُوْنَ٨٠
Am yaḥsabūna annā lā nasma‘u sirrahum wa najwāhum, balā wa rusulunā ladaihim yaktubūn(a).
[80] Apa wong kaphir ing Mêkah padha ngira yèn Ingsun ora mirêng pangucape kang mung dibatin lan kang dilairake, Ingsun mirêng lan nguningani têrang, malah utusan Ingsun para malaikat, padha nulisi.

قُلْ اِنْ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ وَلَدٌ ۖفَاَنَا۠ اَوَّلُ الْعٰبِدِيْنَ٨١
Qul in kāna lir-raḥmāni walad(un), fa ana awwalul-‘ābidīn(a).
[81] (He Mukhammad) sira dhawuha: Upama nyata Allah kang Mahamurah iku kagungan putra, mêsthi aku dadi kawitane wong nêmbah putraning Allah mau. Sarèhne ora nyata kagungan putra, mulane aku mung nêmbah ing Allah bae.[12]

سُبْحٰنَ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٨٢
Subḥāna rabbis-samāwāti wal-arḍi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[82] Allah iku Mahasuci, Pangeraning bumi lan langit, uga Pangeraning ngaras, adoh bangêt yèn kayaa panêmune para wong kaphir.

فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ٨٣
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a).
[83] Mulane wong kaphir ing Mêkah mau padha nêngna bae, karêbèn padha kêbanjur-banjur ênggone ngêncêngi barang kang luput. Enggone ana ing dunya tanpa guna, nganti têkan dina kiyamat kang diancamake dening Allah.

وَهُوَ الَّذِيْ فِى السَّمَاۤءِ اِلٰهٌ وَّ فِى الْاَرْضِ اِلٰهٌ ۗوَهُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ٨٤
Wa huwal-lażī fis-samā'i ilāhuw wa fil-arḍi ilāh(un), wa huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[84] Allah iku kang sinêmbah kalawan bênêr ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samubarang.

وَتَبٰرَكَ الَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۚوَعِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٨٥
Wa tabārakal-lażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[85] Allah iku Mahaluhur, kang kagungan karaton bumi lan langit, lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit, kawruh bakal kêlakone dina kiyamat iku ana ngastaning Allah piyambak. Ing têmbe sira bakal padha bali disebakake ana ngarsaning Allah.

وَلَا يَمْلِكُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنْ شَهِدَ بِالْحَقِّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٨٦
Wa lā yamlikul-lażīna yad‘ūna min dūnihisy-syafā‘ata illā man syahida bil-ḥaqqi wa hum ya‘lamūn(a).
[86] Barang liyane Allah kang padha disêmbah dening wong kaphir iku ora duwe saphangat, ora wênang nyuwunake pakolèh tumrap marang liyane, kajaba ngucap: Ora ana sêsêmbahan [sêsêmbah.....an] kalawan bênêr kajaba mung Allah, sarta nganggêp lan wêruh surane, [13] kaya ta Nabi Ngisa, Nabi Ngujèr lan para malaikat.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ فَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَۙ٨٧
Wa la'in sa'altahum man khalaqahum layaqūlunnallāhu fa annā yu'fakūn(a).
[87] Manawa sira takon marang wong maro tingal: Sapa kang gawe para wong maro tingal lan brahalane iku. Mêsthi padha mangsuli: Ingkang damêl inggih Allah. Sawise calathu mangkono, kapriye ênggone selak nêmbah ing Allah.

وَقِيْلِهٖ يٰرَبِّ اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ لَّا يُؤْمِنُوْنَۘ٨٨
Wa qīlihī yā rabbi inna hā'ulā'i qaumul lā yu'minūn(a).
[88] Lan manèh Allah nguningani unjuke Nabi Mukhammad: Dhuh Pangeran kawula, tiyang kaphir punika sami botên pitados ing Tuwan.

فَاصْفَحْ عَنْهُمْ وَقُلْ سَلٰمٌۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨٩
Faṣfaḥ ‘anhum wa qul salām(un), fa saufa ya‘lamūn(a).
[89] (Dhawuhing Allah: He Mukhammad) sira mung malengosa marang wong kaphir ing Mêkah, sarta ngucapa: Aku dhasar slamêt. Ing têmbe wong kaphir bakal padha wêruh kadadianing awake.