Surah Asy-Syura

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Kha, Mim, Ngain, Sin, Kaph. Iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak [piya...mbak] kang wuninga têgêse lan karêpe. Mangkono uga Allah kang Mahamulya tur Wicaksana paring dhawuh marang sira lan marang para rasul sadurunge sira.

عۤسۤقۤ ۗ٢
‘Ain sīn qāf.
[2] Allah iku kagungan saisining bumi lan langit, Allah iku Mahaluhur tur Maha-agung.

كَذٰلِكَ يُوْحِيْٓ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۙ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٣
Każālika yūḥī ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), allāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[3] Langit pitu mèh bae ngêbruki bumi pitu saking wêdine ing Allah. Para malaikat padha nêbut Mahasuci, mêmuji ing Allah Pangerane, lan padha nyuwunake pangapura kaluputane para wong mukmin kang ana ing bumi. Allah iku apa ora ngapura dosa lan Maha-asih.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[4] Sarupane wong kang padha ngadêgake Pangeran brahala, dudu Allah, iku têtêp wong kêsasar, Allah mèngêti laku-lakune wong kaphir mau, sira mung wajib mêmêdèni ora wajib tanggung marang wong mangkono mau.

تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْ فَوْقِهِنَّ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِمَنْ فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna min fauqihinna wal-malā'ikatu yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yastagfirūna liman fil-arḍ(i), alā innallāha huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[5] Mangkono uga Ingsun paring dhawuh Kuran têmbung Ngarab marang sira, supaya sira ênggo mêmêdèni marang wong Mêkah lan sakiwa têngêne, sira wêdènana bakal kêlakone dina kiyamat, nalikane wong padha diimpun marang ngarsane Allah, dina kiyamat mau bakal kêlakone ora sumêlang. Manungsa iki kêna diperang dadi loro, kang saperangan munggah ing suwarga, kang saperangan manèh kacêmplung ing naraka.

وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهُ حَفِيْظٌ عَلَيْهِمْۖ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ٦
Wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'allāhu ḥafīẓun ‘alaihim, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[6] Upa[2] ana parênge karsaning Allah manungsa iki dikarsakake guyub anglakoni agama siji Islam thok, iya mêsthi kêlakon, nanging karsaning Allah ora mangko,[3] Allah ngunggahake ing swarga marang wong kang dadi parênging karsane, iya iku Allah Pangeranku, sabarang prakara tak sumanggakake ing Allah, ing têmbe aku bakal bali marang ngarsaning Allah.

وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَا وَتُنْذِرَ يَوْمَ الْجَمْعِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗفَرِيْقٌ فِى الْجَنَّةِ وَفَرِيْقٌ فِى السَّعِيْرِ٧
Wa każālika auḥainā ilaika qur'ānan ‘arabiyyal litunżira ummal-qurā wa man ḥaulahā wa tunżira yaumal-jam‘i lā raiba fīh(i), farīqun fil-jannati wa farīqun fis-sa‘īr(i).
[7]

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَهُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمُوْنَ مَا لَهُمْ مِّنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٨
Wa lau syā'allāhu laja‘alahum ummataw wāḥidataw wa lākiy yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimūna mā lahum miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[8]

اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۚ فَاللّٰهُ هُوَ الْوَلِيُّ وَهُوَ يُحْيِ الْمَوْتٰى ۖوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٩
Amittakhażū min dūnihī auliyā'(a), fallāhu huwal-waliyyu wa huwa yuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[9] Allah iku kang gawe bumi lan langit, Allah gawe jodhonira saka ing awakira dhewe, rajakaya iku iya digawe jodhon-jodhon, kowe didadèkake bêbranahan marga ênggonira jêjodhon. Samubarang liyaning Allah ora ana kang madhani Allah, Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

وَمَا اخْتَلَفْتُمْ فِيْهِ مِنْ شَيْءٍ فَحُكْمُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبِّيْ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُۖ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ١٠
Wa makhtalaftum fīhi min syai'in faḥukmuhū ilallāh(i), żālikumullāhu rabbī ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[10] Allah iku ngasta soroge gêdhong ing bumi lan langit, paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan nyumpèni rijêki marang wong kang dadi parênging karsane. Allah iku nguningani samubarang.

فَاطِرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّمِنَ الْاَنْعَامِ اَزْوَاجًاۚ يَذْرَؤُكُمْ فِيْهِۗ لَيْسَ كَمِثْلِهٖ شَيْءٌ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١١
Fāṭirus-samāwāti wal-arḍ(i), ja‘ala lakum min anfusikum azwājaw wa minal-an‘āmi azwājā(n), yażra'ukum fīh(i), laisa kamiṡlihī syai'(un), wa huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[11] (He para umate Nabi Mukhammad) Allah andhawuhake nglakoni agama Islam marang sira, iya iku kang uga didhawuhake marang Nabi Nuh biyèn. Dene kang Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, lan marang Nabi Ibrahim, apadene marang Nabi Musa lan Nabi Ngisa, cêkake: Sira padha nglakonana agama Islam, aja padha pasulayan prakara agama. Dhawuh kang mangkono mau, tumrap para wong kang maro tingal, abot bangêt.

لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٢
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū bikulli syai'in ‘alīm(un).
[12] Enggonira ngajak marang wong Mêkah nglakoni agama Is,[4] iku Allah milih wong kang dadi parênging karsane gêlêm anglakoni agama Islam, sarta nuduhake dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane, iya iku wong kang maju ngabêkti ing Allah.

۞ شَرَعَ لَكُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا وَصّٰى بِهٖ نُوْحًا وَّالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ وَمَا وَصَّيْنَا بِهٖٓ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسٰٓى اَنْ اَقِيْمُوا الدِّيْنَ وَلَا تَتَفَرَّقُوْا فِيْهِۗ كَبُرَ عَلَى الْمُشْرِكِيْنَ مَا تَدْعُوْهُمْ اِلَيْهِۗ اَللّٰهُ يَجْتَبِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يُّنِيْبُۗ١٣
Syara‘a lakum minad-dīni mā waṣṣā bihī nūḥaw wal-lażī auḥainā ilaika wa mā waṣṣā bihī ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsā an aqīmud-dīna wa lā tatafarraqū fīh(i), kabura ‘alal-musyrikīna mā tad‘ūhum ilaih(i), allāhu yajtabī ilaihi may yasyā'u wa yahdī ilaihi may yunīb(u).
[13] Wong mau ênggone kêlakon pasulayan prakara agama, sawise katên [5] kawruh agama wulange nabine, banjur padha rêbut unggul, upama durung ana dhawuhing Pangeranira, patrapaning dosa disarantèkake têkan dina kiyamat, mêsthi dituruni siksa sanalika. Dene wong kang padha nyêkêl kitab kuna, sapungkure nabine, iku padha mamang marang Nabi Mukhammad.

وَمَا تَفَرَّقُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى لَّقُضِيَ بَيْنَهُمْۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْرِثُوا الْكِتٰبَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١٤
Wa mā tafarraqū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika ilā ajalim musammal laquḍiya bainahum, wa innal-lażīna ūriṡul-kitāba mim ba‘dihim lafī syakkim minhu murīb(in).
[14] (He Mukhammad) awit saka iku, sira ajak-ajaka manungsa nglakoni agama Islam, kaya kang wis didhawuhake marang sira. Manungsa aja padha nglakoni sakarêp-karêpe dhewe. Lan sira dhawuha: Iku iki pracaya marang Kitab Kuran kang wis didhawuhake dening Allah, sarta aku didhawuhi ngadil ênggonku nibakake khukum marang kowe kabèh. Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, pituwase lakuku tumrap ing aku dhewe, mangkono uga pituwasing lakumu iya tumrap ing kowe dhewe, aku lan kowe ora kêna parapadu, aku lan kowe ora kêna parapadu, [6] aku lan kowe ing têmbe bakal padha diimpun marang ngarsaning Allah.

فَلِذٰلِكَ فَادْعُ ۚوَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْۚ وَقُلْ اٰمَنْتُ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنْ كِتٰبٍۚ وَاُمِرْتُ لِاَعْدِلَ بَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْ ۗ لَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْ ۗ لَاحُجَّةَ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ يَجْمَعُ بَيْنَنَا ۚوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ ۗ١٥
Fa liżālika fad‘(u), wastaqim kamā umirt(a), wa lā tattabi‘ ahwā'ahum, wa qul āmantu bimā anzalallāhu min kitāb(in), wa umirtu li'a‘dila bainakum, allāhu rabbunā wa rabbukum, lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, lā ḥujjata bainanā wa bainakum, allāhu yajma‘u bainanā,wa ilaihil-maṣīr(u).
[15] Sarupane wong kang madoni ing sira prakara agamaning Allah, sawise padha nyanggêmi agama mau, padune wong mau ana ngarsaning Pangerane, luput. Wong mau padha kêna bêbênduning Allah, sarta padha dipatrapi siksa kang abot.

وَالَّذِيْنَ يُحَاۤجُّوْنَ فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا اسْتُجِيْبَ لَهٗ حُجَّتُهُمْ دَاحِضَةٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ١٦
Wal-lażīna yuḥājjūna fillāhi mim ba‘di mastujība lahū ḥujjatuhum dāḥiḍatun ‘inda rabbihim wa ‘alaihim gaḍabuw wa lahum ‘ażābun syadīd(un).
[16] Allah iku kang andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata, sarta andhawuhake khukum ngadil. Ora ana kang bisa nêrangake ing sira doh cêdhake dina kiyamat, kajaba dhawuhing Allah.

اَللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ وَالْمِيْزَانَ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ قَرِيْبٌ١٧
Allāhul-lażī anzalal-kitāba bil-ḥaqqi wal-mīzān(a), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata qarīb(un).
[17] Wong kang padha ora pracaya marang dina kiyamat, padha anggege kêlakone dina kiyamat, batine anggêguyu. Dene wong kang padha ngandêl bakal kêlakone dina kiyamat, bangêt wêdine marang dina kiyamat, batine padha wêruh yèn dina kiyamat iku mêsthi kêlakon. Sarupane wong kang padha madoni bakal kêlakone dina kiyamat, iku kêsasar bangêt.

يَسْتَعْجِلُ بِهَا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهَاۚ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مُشْفِقُوْنَ مِنْهَاۙ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهَا الْحَقُّ ۗ اَلَآ اِنَّ الَّذِيْنَ يُمَارُوْنَ فِى السَّاعَةِ لَفِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ١٨
Yasta‘jilu bihal-lażīna lā yu'minūna bihā, wal-lażīna āmanū musyfiqūna minhā, wa ya‘lamūna annahal-ḥaqq(u), alā innal-lażīna yumārūna fis-sā‘ati lafī ḍalālim ba‘īd(in).
[18] Allah iku wêlas asih marang para kawulane, sarta paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku Santosa tur Mahamulya.

اَللّٰهُ لَطِيْفٌۢ بِعِبَادِهٖ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ ࣖ١٩
Allāhu laṭīfum bi‘ibādihī yarzuqu may yasyā'(u), wa huwal-qawiyyul-‘azīz(u).
[19] Sing sapa nglakoni kabêcikan, karêpe supaya panèn ganjaran ana ing akhirat, iku panène ganjaran bakal Ingsun paringi tikêl-matikêl. Mangkono uga sing sapa nglakoni kabêcikan, karêpe supaya panèn ana ing dunya, iya Ingsun paringi pituwase ana ing dunya, nanging besuk ana ing akhirat, ora olèh panduman apa-apa.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الْاٰخِرَةِ نَزِدْ لَهٗ فِيْ حَرْثِهٖۚ وَمَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۙ وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ نَّصِيْبٍ٢٠
Man kāna yurīdu ḥarṡal-ākhirati nazid lahū fī ḥarṡih(ī), wa man kāna yurīdu ḥarṡad-dun-yā nu'tihī minhā, wa mā lahū fil-ākhirati min naṣīb(in).
[20] Wong kaphir ing Mêkah iku apa duwe kănca setan, kang padha nglakoni agama panasaran, kang ora diparêngake dening Allah. Upa[7] durung ana dhawuhing Allah pamisah, kang namtokake ganjaran lan siksa iku disarantèkake besuk ana ing akhirat, amêsthi wong kaphir mau dituruni siksa ana ing dunya. Ing besuk ana ing akhirat, wong kaphir mau padha dipatrapi siksa kang nglarani.

اَمْ لَهُمْ شُرَكٰۤؤُا شَرَعُوْا لَهُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا لَمْ يَأْذَنْۢ بِهِ اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةُ الْفَصْلِ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢١
Am lahum syurakā'u syara‘ū lahum minad-dīni mā lam ya'żam bihillāh(u), wa lau lā kalimatul-faṣli laquḍiya bainahum, wa innaẓ-ẓālimīna lahum ‘ażābun alīm(un).
[21] Besuk dina kiyamat, sira andêlêng para wong kaphir padha kuwatir ênggone wis padha nglakoni panggawe ala ana ing dunya. Patrapane panggawe ala mau wis mêsthi tumiba marang kang nglakoni. Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha ana ing suwarga ing panggonan kang mulya dhewe, wong mukmin mau ana ing ngarsane Pangerane katutugan apa kang dikarêpake. Mangkono iku kanugrahan agung saka ing Allah.

تَرَى الظّٰلِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا كَسَبُوْا وَهُوَ وَاقِعٌۢ بِهِمْ ۗوَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ رَوْضَاتِ الْجَنَّاتِۚ لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُ٢٢
Taraẓ-ẓālimīna musyfiqīna mimmā kasabū wa huwa wāqi‘um bihim, wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī rauḍātil-jannāt(i), lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[22] Mangkono iku Allah ênggone ambêbungah marang para kawulane mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik. (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku andhawuhake pangandikaning Allah iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe, mung ngajak sih-sinihan, marga isih padha sanak. (Pangandikaning Allah): Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, ganjarane bakal Ingsun paringi tikêl pirang-pirang. [pirang-.....pirang.] Satêmêne Allah iku ngapura dosa tur ngajèni pangabêktining wong.

ذٰلِكَ الَّذِيْ يُبَشِّرُ اللّٰهُ عِبَادَهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا اِلَّا الْمَوَدَّةَ فِى الْقُرْبٰىۗ وَمَنْ يَّقْتَرِفْ حَسَنَةً نَّزِدْ لَهٗ فِيْهَا حُسْنًا ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٢٣
Żālikal-lażī yubasysyirullāhu ‘ibādahul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), qul lā as'alukum ‘alaihi ajran illal-mawaddata fil-qurbā, wa may yaqtarif ḥasanatan nazid lahū fīhā ḥusnā(n), innallāha gafūrun syakūr(un).
[23] Wong kaphir ing Mêkah malah padha ngucap: Kuran iku goroh, gawe-gawene Nabi Mukhammad, diawadake pangandikaning Allah. (Pangandikaning Allah): Mênawa ana pangarênge[8] karsaning Allah. Allah ngunci atinira Mukhammad, sabar marang pialane wong kaphir, lan manèh Allah ambubrah prakara kang luput, kang diucapake dening wong kaphir mau, sarta nêtêpake barang kang bênêr, kalawan pangandikaning Allah. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۚ فَاِنْ يَّشَاِ اللّٰهُ يَخْتِمْ عَلٰى قَلْبِكَ ۗوَيَمْحُ اللّٰهُ الْبَاطِلَ وَيُحِقُّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٤
Am yaqūlūnaftarā ‘alallāhi każibā(n), fa'iy yasya'illāhu yakhtim ‘alā qalbik(a), wa yamḥullāhul-bāṭila wa yuḥiqqul-ḥaqqa bikalimātih(ī), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[24] Allah iku kang nampani sarta nganggêp tobate para kawulane, apadene muwung ngapura alane para kawula mau, lan nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

وَهُوَ الَّذِيْ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَعْفُوْا عَنِ السَّيِّاٰتِ وَيَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَۙ٢٥
Wa huwal-lażī yaqbalut-taubata ‘an ‘ibādihī wa ya‘fū ‘anis-sayyi'āti wa ya‘lamu mā taf‘alūn(a).
[25] Lan marêngake panyuwune para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, malah maringi luwih saka panyuwune, tuwuh saka sih kanugrahane. Dene sarupane wong kaphir padha dipatrapi siksa kang abot.

وَيَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ٢٦
Wa yastajībul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa yazīduhum min faḍlih(ī), wal-kāfirūna lahum ‘ażābun syadīd(un).
[26] Upama Allah paring rijêki akèh marang para kawulane kabèh tanpa beda, para kawula mau mêsthi padha balela kabèh ana ing bumi, mulane Allah ênggone paring rijêki nganggo dipangkat-pangkat, apa sakarsaning Allah. Satêmêne Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane.

۞ وَلَوْ بَسَطَ اللّٰهُ الرِّزْقَ لِعِبَادِهٖ لَبَغَوْا فِى الْاَرْضِ وَلٰكِنْ يُّنَزِّلُ بِقَدَرٍ مَّا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٢٧
Wa lau basaṭallāhur rizqa li‘ibādihī labagau fil-arḍi wa lākiy yunazzilu biqadarim mā yasyā'(u), innahū bi‘ibādihī khabīrum baṣīr(un).
[27] Allah iku kang nurunake banyu udan sawise bêthatan udan, sarta anggêlar rahmate, anurunake udan akèh. Allah iku kang gawe bêcik marang para wong mukmin, tur pantês ingalêmbana.

وَهُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ الْغَيْثَ مِنْۢ بَعْدِ مَا قَنَطُوْا وَيَنْشُرُ رَحْمَتَهٗ ۗوَهُوَ الْوَلِيُّ الْحَمِيْدُ٢٨
Wa huwal-lażī yunazzilul-gaiṡa mim ba‘di mā qanaṭū wa yansyuru raḥmatah(ū), wa huwal-waliyyul-ḥamīd(u).
[28] Allah ênggone gawe bumi lan langit, lan samubarang kang gumêlar ana ing bumi lan langit, lan samubarang kang gumêlar ana ing bumi lan langit, [9] kaya ta khewan-khewan, iku kalêbu tăndha yêkti kang mratandhani kuwasaning Allah. Samăngsa ana parênging karsane, Allah kuwasa ngimpun isèn-isèning bumi lan langit mau.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَثَّ فِيْهِمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ ۗوَهُوَ عَلٰى جَمْعِهِمْ اِذَا يَشَاۤءُ قَدِيْرٌ ࣖ٢٩
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wa mā baṡṡa fīhimā min dābbah(tin), wa huwa ‘alā jam‘ihim iżā yasyā'u qadīr(un).
[29] (He para wong mukmin) manawa Allah paring pakewuh marang sira, iku ora liwat marga saka ênggonira nglakoni kaluputan, ewadene Allah ngapura kaluputanira kang akèh.

وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ٣٠
Wa mā aṣābakum mim muṣībatin fabimā kasabat aidīkum wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in).
[30] (He wong kang padha maro tingal) sira kabèh padha ora bisa mlayu ngoncati siksaning Allah ana ing bumi, ngapêsake Allah, sira padha ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksaning Allah nulungi marang sira liyane Allah piyambak.

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٣١
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[31] Prau ana ing sagara kang gêdhene prasasat gunung, iku iya ewone tăndha yêktine kuwasaning Allah, manawa ana parênge karsaning Allah ngandhêg angin, prau mau lèrèn, ora mlaku mung kumambang ana ing banyu bae. Kang mangkono iku tumrap wong sabar sarta sukur ing Allah, dadi tăndha yêkti gêdhe.

وَمِنْ اٰيٰتِهِ الْجَوَارِ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِ ۗ٣٢
Wa min āyātihil-jawāri fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[32] Utawa manawa Allah karsa ngèrêmake prau mau marga saka kaluputane kang padha nunggang, iya mêsthi kêlakon, utawa manawa Allah karsa ngapura sakèhe kaluputane kang nunggang, iya kêlakon salamêt.

اِنْ يَّشَأْ يُسْكِنِ الرِّيْحَ فَيَظْلَلْنَ رَوَاكِدَ عَلٰى ظَهْرِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍۙ٣٣
Iy yasya' yuskinir-rīḥa fa yaẓlalna rawākida ‘alā ẓahrih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[33] Wong kang padha madoni Kuran ayat Ingsun, banjur padha wêruh ênggone padha ora bisa ngoncati siksaningsun.

اَوْ يُوْبِقْهُنَّ بِمَا كَسَبُوْا وَيَعْفُ عَنْ كَثِيْرٍۙ٣٤
Au yūbiqhunna bimā kasabū wa ya‘fu ‘an kaṡīr(in).
[34] Dadi samubarang kang diparingake dening Allah marang sira, iku kabèh kabungahan ing dunya kang bakal rusak, dene ganjaran ana ngarsaning Allah iku luwih bêcik sarta langgêng salawase tumrap para wong mukmin, kang padha nyumanggakake awake ing Allah.

وَّيَعْلَمَ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٣٥
Wa ya‘lamal-lażīna yujādilūna fī āyātinā, mā lahum mim maḥīṣ(in).
[35] Lan sarupane wong kang nyingkiri dosa gêdhe lan ala gêdhe, lan nalikane ditanduki ala banjur ngapura.

فَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۚ٣٦
Famā ūtītum min syai'in fa matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wa mā ‘indallāhi khairuw wa abqā lil-lażīna āmanū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[36] Lan sarupane wong kang padha ngèstokake parentahing Allah Pangerane, lan anglakoni sêmbayang, apadene ing samubarang lêlakone padha rêrêmbugan lan kancane, lan mèwèhake rijêki kang Ingsun paringake.

وَالَّذِيْنَ يَجْتَنِبُوْنَ كَبٰۤىِٕرَ الْاِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ وَاِذَا مَا غَضِبُوْا هُمْ يَغْفِرُوْنَ ۚ٣٧
Wal-lażīna yajtanibūna kabā'iral-iṡmi wal-fawāḥisya wa iżā mā gaḍibū hum yagfirūn(a).
[37] Lan sarupane wong kang mênawi ditanduki panganiaya banjur padha malês samurwate piala mau.

وَالَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۖ وَاَمْرُهُمْ شُوْرٰى بَيْنَهُمْۖ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۚ٣٨
Wal-lażīnastajābū lirabbihim wa aqāmuṣ-ṣalāta wa amruhum syūrā bainahum, wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[38] Dene wêwalêse piala iku, iya piala samurwate, sing sapa ora malês piala, mung ngapura [nga....pura] lan ngajak bêcik, iku ganjarane, Allah piyambak kang maringi. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha nganiaya.

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَهُمُ الْبَغْيُ هُمْ يَنْتَصِرُوْنَ٣٩
Wal-lażīna iżā aṣābahumul-bagyu hum yantaṣirūn(a).
[39] Wong kang sawise ditanduki piala banjur malês samurwating pialane, iku wis bênêre. Ora kêna diwalês pialane manèh.

وَجَزٰۤؤُا سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۚفَمَنْ عَفَا وَاَصْلَحَ فَاَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ٤٠
Wa jazā'u sayyi'atin sayyi'atum miṡluhā, faman ‘afā wa aṣlaḥa fa ajruhū ‘alallāh(i), innahū lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[40] Kêna malês ala iku, mung marang wong kang nganiaya manungsa, lan wong kang ambalela ana ing bumi, nglakoni kang ora bênêr. Wong mangkono mau bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

وَلَمَنِ انْتَصَرَ بَعْدَ ظُلْمِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ مَا عَلَيْهِمْ مِّنْ سَبِيْلٍۗ٤١
Wa lamanintaṣara ba‘da ẓulmihī fa ulā'ika mā ‘alaihim min sabīl(in).
[41] Wong kang têtêg atine, ditanduki ala ora malês ala, mung ngapura bae. Kasabaran kang mangkono mau, kalêbu prakara kang pêrlu.

اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَظْلِمُوْنَ النَّاسَ وَيَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٢
Innamas-sabīlu ‘alal-lażīna yaẓlimūnan-nāsa wa yabgūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[42] Dene sing sapa disasarake dening Allah, iku sawise kêlakon kêsasar, ora duwe andêl-andêl kang bisa nuduhake dalan kaslamêtan. Besuk dina kiyamat, sira andêlêng wong kang padha nganiaya.

وَلَمَنْ صَبَرَ وَغَفَرَ اِنَّ ذٰلِكَ لَمِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ ࣖ٤٣
Wa laman ṣabara wa gafara inna żālika lamin ‘azmil-umūr(i).
[43] Nalikane padha andêlêng siksa naraka, padha ngucap: Apa ana dalane aku bisa [bi.....sa] bali marang dunya manèh.

وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ وَّلِيٍّ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗوَتَرَى الظّٰلِمِيْنَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَ يَقُوْلُوْنَ هَلْ اِلٰى مَرَدٍّ مِّنْ سَبِيْلٍۚ٤٤
Wa may yuḍlilillāhu famā lahū miw waliyyim mim ba‘dih(ī), wa taraẓ-ẓālimīna lammā ra'awul-‘ażāba yaqūlūna hal ilā maraddim min sabīl(in).
[44] Lan sira andêlêng para wong nganiaya padha digiring marang naraka, sarèhne bangêt asore, mulane wong nganiaya mau wêdi bangêt, sarta padha nglirik marang naraka, wong mukmin padha ngucap: Satêmêne kang têtêp wong kapitunan iku wong kang gawe kapitunane awake dhewe, sarta kapitunane para sanake ana ing dina kiyamat. Para wong kaphir apa ora padha manggon ing naraka, siksa kang langgêng salawas-lawase.

وَتَرٰىهُمْ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا خٰشِعِيْنَ مِنَ الذُّلِّ يَنْظُرُوْنَ مِنْ طَرْفٍ خَفِيٍّۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ الظّٰلِمِيْنَ فِيْ عَذَابٍ مُّقِيْمٍ٤٥
Wa tarāhum yu‘raḍūna ‘alaihā khāsyi‘īna minaż żulli yanẓurūna min ṭarfin khafiyy(in), wa qālal-lażīna āmanū innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā innaẓ-ẓālimīna fī ‘ażābim muqīm(in).
[45] Wong kaphir mau padha ora duwe andêl-andêl kang bisa têtulung marang awake, liyane Allah piyambak. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, iku ora duwe dalan marang bênêr.

وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ اَوْلِيَاۤءَ يَنْصُرُوْنَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ سَبِيْلٍ ۗ٤٦
Wa mā kāna lahum min auliyā'a yanṣurūnahum min dūnillāh(i), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min sabīl(in).
[46] Sira padha ngèstokna dhawuhing Pangeranira, mupung durung têkan dina kiyamat, iya iku dina kang ora ana wong bisa ambalèkake. Sanadyan Allah iya ora karsa ambalèkake. Ing dina iku sira padha ora duwe pangungsèn, lan sira ora bisa nyelaki kaluputanira. [kalupu....tanira.]

اِسْتَجِيْبُوْا لِرَبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗمَا لَكُمْ مِّنْ مَّلْجَاٍ يَّوْمَىِٕذٍ وَّمَا لَكُمْ مِّنْ نَّكِيْرٍ٤٧
Istajībū lirabbikum min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāh(i), mā lakum mim malja'iy yauma'iżiw wa mā lakum min nakīr(in).
[47] Mênawa wong Mêkah padha malengos, suthik ngèstokake, sira sumurupa, ênggon Ingsun ngutus marang sira iki, sira ora Ingsun wajibake rumêksa utawa tanggung, kawajibanira mung maratakake dhawuh, lan manèh Ingsun mênawa paring wêruh rasaning rahmat marang manungsa, manungsa mau mêsthi bungah, nanging manawa manungsa mau kambah ing rêribêd, marga saka kaluputane kang wis dilakoni, bangêt ênggone ora ngunjuka panuwun.

فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗاِنْ عَلَيْكَ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاِنَّآ اِذَآ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً فَرِحَ بِهَا ۚوَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ فَاِنَّ الْاِنْسَانَ كَفُوْرٌ٤٨
Fa in a‘raḍū famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n), in ‘alaika illal-balāg(u), wa innā iżā ażaqnal-insāna minnā raḥmatan fariḥa bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim fa'innal-insāna kafūr(un).
[48] Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah gawe samubarang kang dadi parênging karsane, paring anak wadon thok marang wong kang dadi parênging karsane, lan paring anak lanang thok marang wong kang dadi parênging karsane.

لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ اِنَاثًا وَّيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ الذُّكُوْرَ ۙ٤٩
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yakhluqu mā yasyā'(u), yahabu limay yasyā'u ināṡaw wa yahabu limay yasyā'uż-żukūr(a).
[49] Utawa anjodhok-jodhokake para kawulane, banjur padha duwe anak lanang lan wadon, sawênèhing wong kang dadi parênging karsane, ana uga kang dikarsakake gabug. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur kuwasa.

اَوْ يُزَوِّجُهُمْ ذُكْرَانًا وَّاِنَاثًا ۚوَيَجْعَلُ مَنْ يَّشَاۤءُ عَقِيْمًا ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ٥٠
Au yuzawwijuhum żukrānaw wa ināṡā(n), wa yaj‘alu may yasyā'u ‘aqīmā(n), innahū ‘alīmun qadīr(un).
[50] Manusa iku ora ana kang dikarsakake [dikarsaka....ke] imbal pangandika lan Allah, kajaba diparingi wahyu, utawa imbal pangandika kang mawa aling-aling.

۞ وَمَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّكَلِّمَهُ اللّٰهُ اِلَّا وَحْيًا اَوْ مِنْ وَّرَاۤئِ حِجَابٍ اَوْ يُرْسِلَ رَسُوْلًا فَيُوْحِيَ بِاِذْنِهٖ مَا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ عَلِيٌّ حَكِيْمٌ٥١
Wa mā kāna libasyarin ay yukallimahullāhu illā waḥyan au miw warā'i ḥijābin au yursila rasūlan fa yūḥiya bi'iżnihī mā yasyā'(u), innahū ‘aliyyun ḥakīm(un).
[51] Utawa Allah ngutus malaikat, malaikat mau banjur andhawuhake apa karsaning Allah, kalawan kaparênging Allah, satêmêne Allah iku Mahaluhur tur Wicaksana.

وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ رُوْحًا مِّنْ اَمْرِنَا ۗمَا كُنْتَ تَدْرِيْ مَا الْكِتٰبُ وَلَا الْاِيْمَانُ وَلٰكِنْ جَعَلْنٰهُ نُوْرًا نَّهْدِيْ بِهٖ مَنْ نَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِنَا ۗوَاِنَّكَ لَتَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۙ٥٢
Wa każālika auḥainā ilaika rūḥam min amrinā, mā kunta tadrī mal-kitābu wa lal-īmānu wa lākin ja‘alnāhu nūran nahdī bihī man nasyā'u min ‘ibādinā, wa innaka latahdī ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[52] (He Mukhammad) mangkono uga Ingsun paring wahyu Kuran marang sira, iya iku parentah Ingsun. Sadurunge sira Ingsun paringi wahyu, sira ora wêruh Kuran iku apa, lan laku-lakuning pracaya iku kapriye. Ewadene Kuran iki Ingsun dadèkake pêpadhang, Ingsun ênggo nuduhake dalan kaslamêtan marang para kawulaningsun kang dadi parênge karsaningsun, lan sira uga nuduhake dalan bênêr sarana Kuran.

صِرَاطِ اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِلَى اللّٰهِ تَصِيْرُ الْاُمُوْرُ ࣖ٥٣
Ṣirāṭillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), alā ilallāhi taṣīrul-umūr(u).
[53] Iya iku dêdalaning Allah kang kagungan saisining bumi lan langit, samubarang prakara ing wêkasane apa ora bali konjuk ing Allah.