Surah Fussilat
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Kha lan Mim iku padha araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Kuran iki [i..ki] diturunake saka ngarsaning Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.
تَنْزِيْلٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ۚ٢
Tanzīlum minar-raḥmānir-raḥīm(i).
[2]
Iki Kuran têmbung Ngarab, iya iku kitab kang ayate diwijang-wijang tumrap wong kang padha wêruh têgêse, iya iku wong Ngarab.
كِتٰبٌ فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَۙ٣
Kitābun fuṣṣilat āyātuhū qur'ānan ‘arabiyyal liqaumiy ya‘lamūn(a).
[3]
Surasaning Kuran iku ambêbungah marang wong ngabêkti ing Allah, sarta mêmêdèni wong kang duraka. Wong Arab kang akèh padha malengos, mulane padha ora kêtaman surasaning Kuran.
بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۚ فَاَعْرَضَ اَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ٤
Basyīraw wa nażīrā(n), fa'a‘raḍa akṡaruhum fahum lā yasma‘ūn(a).
[4]
Wong Arab padha matur: Manah kula punika wontên tutupipun, tumrap tekad ingkang sampeyan dhawuhakên dhatêng kula punika, sarta kuping kula punika awrat. Makatên malih antawis kula kalihan sampeyan punika wontên aling-aling, mila prayoginipun, sampeyan anglampahana agami sampeyan, kula ugi nglampahi agami kula piyambak.
وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا فِيْٓ اَكِنَّةٍ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ وَفِيْٓ اٰذَانِنَا وَقْرٌ وَّمِنْۢ بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ فَاعْمَلْ اِنَّنَا عٰمِلُوْنَ٥
Wa qālū qulūbunā fī akinnatim mimmā tad‘ūnā ilaihi wa fī āżāninā waqruw wa mim baininā wa bainika ḥijābun fa‘mal innanā ‘āmilūn(a).
[5]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne aku iki manungsa, padha bae lan kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yèn Pangeranmu [Pa....ngeranmu] iku mung siji, Allah, mulane kowe padha madhêpa ing Allah, lan nyuwuna pangapuraning Allah, cilaka bangêt wong maro tingal iku.
قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۟ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَاسْتَقِيْمُوْٓا اِلَيْهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ ۗوَوَيْلٌ لِّلْمُشْرِكِيْنَۙ٦
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥidun fastaqīmū ilaihi wastagfirūh(u), wa wailul lil-musyrikīn(a).
[6]
Kang padha ora gêlêm bayar zakat, sarta padha maido bakal ananing akhirat.
الَّذِيْنَ لَا يُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٧
Allażīna lā yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[7]
Dene wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diparingi ganjaran kang langgêng tanpa pêdhot.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٨
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[8]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe padha maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong dina bae rampung. Kowe padha ngadêgake brahala koênggo têtimbanganing Allah. Allah iku Pangeraning ngalam kabèh.
۞ قُلْ اَىِٕنَّكُمْ لَتَكْفُرُوْنَ بِالَّذِيْ خَلَقَ الْاَرْضَ فِيْ يَوْمَيْنِ وَتَجْعَلُوْنَ لَهٗٓ اَنْدَادًا ۗذٰلِكَ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ٩
Qul a'innakum latakfurūna bil-lażī khalaqal-arḍa fī yaumaini wa taj‘alūna lahū andādā(n), żālika rabbul-‘ālamīn(a).
[9]
Allah andokokake gunung pirang-pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakèhake banyune. Khewane lan thêthukulane, lan ngêdum wulu wêtuning bumi marang manungsa lan khewan, têkan ganêpe patang dina. Wangsulan iki padha bae tumrap wong kang padha têtakon kadadianing bumi.
وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ مِنْ فَوْقِهَا وَبٰرَكَ فِيْهَا وَقَدَّرَ فِيْهَآ اَقْوَاتَهَا فِيْٓ اَرْبَعَةِ اَيَّامٍۗ سَوَاۤءً لِّلسَّاۤىِٕلِيْنَ١٠
Wa ja‘ala fīhā rawāsiya min fauqihā wa bāraka fīhā wa qaddara fīhā aqwātahā fī arba‘ati ayyām(in), sawā'al lis-sā'ilīn(a).
[10]
Allah banjur yasa langit, kang dianggo kukusing banyu, barêng wis dadi, Allah dhawuh marang bumi lan marang langit: Sira nglakonana barang kang Ingsun parentahake marang sira, kalawan miturut utawa kalawan pêksan. Bumi lan langit padha munjuk ing Allah: Inggih kawula sandika nglampahi kalayan miturut.
ثُمَّ اسْتَوٰىٓ اِلَى السَّمَاۤءِ وَهِيَ دُخَانٌ فَقَالَ لَهَا وَلِلْاَرْضِ ائْتِيَا طَوْعًا اَوْ كَرْهًاۗ قَالَتَآ اَتَيْنَا طَاۤىِٕعِيْنَ١١
Ṡummastawā ilas-samā'i wa hiya dukhānun faqāla lahā wa lil-arḍi'tiyā ṭau‘an au karhā(n), qālatā atainā ṭā'i‘īn(a).
[11]
Langit banjur digawe sap pitu, ing dalêm rong dina rampung, Allah paring wahyu ana siji-sijining langit pitu mau, marang para malaikat kang manggon ing kono, padha dikarsakake ngabêkti nêmbah ing Allah, (pangandikaning Allah): Ingsun angrêngga langit dunya kalawan pirang-pirang, lan Ingsun ngrêksa langit mau. Kang mangkono iku pêpêsthèning Allah kang Mahamulya tur nguningani samubarang.
فَقَضٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوَاتٍ فِيْ يَوْمَيْنِ وَاَوْحٰى فِيْ كُلِّ سَمَاۤءٍ اَمْرَهَا ۗوَزَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَۖ وَحِفْظًا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ١٢
Fa qaḍāhunna sab‘a samāwātin fī yaumaini wa auḥā fī kulli samā'in amrahā, wa zayyannas-samā'ad-dun-yā bimaṣābīḥa wa ḥifẓā(n), żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[12]
Sawise ditêrangake mangkene iki, manawa wong kaphir ing Mêkah padha malengos, sira banjur dhawuha: Kowe wêdia siksaning Allah kang bakal numpês marang kowe, kaya siksa kang diênggo numpês wong Ngad lan wong Samud biyèn.
فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَقُلْ اَنْذَرْتُكُمْ صٰعِقَةً مِّثْلَ صٰعِقَةِ عَادٍ وَّثَمُوْدَ ۗ١٣
Fa in a‘raḍū faqul anżartukum ṣā‘iqatam miṡla ṣā‘iqati ‘ādiw wa ṡamūd(a).
[13]
Nalikane wong Ngad lan wong Samud mau katêkan para rasul saka ngarêp lan saka buri, dhawuhe: [dha....wuhe:] Kowe aja padha nyêmbah apa-apa, kajaba nêmbah ing Allah. Wong Ngad lan wong Samud padha mangsuli: Manawi makatên punika sayêktos parentahing Pangeran kula, Allah tamtu ngutus malaikat, botên ngutus sampeyan makatên. Sayêktosipun, sampeyan ngakên utusaning Allah punika, kula sami maibên.
اِذْ جَاۤءَتْهُمُ الرُّسُلُ مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ رَبُّنَا لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً فَاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ١٤
Iż jā'athumur-rusulu mim baini aidīhim wa min khalfihim allā ta‘budū illallāh(a), qālū lau syā'a rabbunā la'anzala malā'ikatan fa'innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[14]
Wong Ngad iku padha gumêdhe ana ing bumi, padha nglakoni kang ora bênêr, pangucape: Sapa ta kang gagah prakosane ngungkuli aku. Wong Ngad mau padha ora andêlêng yèn Allah iku kang gawe ing awake, kang mêsthi Allah iku gagah prakosane ngungkuli wong Ngad tikêl pira bae. Wong Ngad puguh padha maido ayat Ingsun.
فَاَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوْا مَنْ اَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۗ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَهُمْ هُوَ اَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۗ وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ١٥
Fa ammā ‘ādun fastakbarū fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa qālū man asyaddu minnā quwwah(tan), awalam yarau annallāhal-lażī khalaqahum huwa asyaddu minhum quwwah(tan), wa kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[15]
Wong Ngad mau banjur Ingsun têmpuh ing angin kang adhêm anjêkut, ana ing dina kang sangar, supaya ngicipana siksa kang ngrèmèhake ana ing dunya, dene siksane besuk ana ing akhirat, luwih abot manèh. Wong Ngad mau bakal ora olèh pitulung saka sapa-sapa.
فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْٓ اَيَّامٍ نَّحِسَاتٍ لِّنُذِيْقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَخْزٰى وَهُمْ لَا يُنْصَرُوْنَ١٦
Fa arsalnā ‘alaihim rīḥan ṣarṣaran fī ayyāmin naḥisātil linużīqahum-‘ażābal khizyi fil-ḥayātid-dun-yā, wa la‘ażābul-ākhirati akhzā wa hum lā yunṣarūn(a).
[16]
Dene para wong Samud, iku padha Ingsun gêlar [gê.....lar] ing dalan pituduh bênêr, mulane banjur padha dipulung dening siksa kang ngrèmèhake, marga saka lakune dhewe.
وَاَمَّا ثَمُوْدُ فَهَدَيْنٰهُمْ فَاسْتَحَبُّوا الْعَمٰى عَلَى الْهُدٰى فَاَخَذَتْهُمْ صٰعِقَةُ الْعَذَابِ الْهُوْنِ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ ۚ١٧
Wa ammā ṡamūdu fa hadaināhum fastaḥabbul-‘amā ‘alal-hudā fa akhażathum ṣā‘iqatul-‘ażābil-hūni bimā kānū yaksibūn(a).
[17]
Para wong mukmin padha Ingsun paringi slamêt. Wong mukmin mau padha wêdi ing Allah.
وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ ࣖ١٨
Wa najjainal-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[18]
Lan sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane para satruning Allah padha digiring marang naraka, wong kaphir mau padha diglandhang.
وَيَوْمَ يُحْشَرُ اَعْدَاۤءُ اللّٰهِ اِلَى النَّارِ فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ١٩
Wa yauma yuḥsyaru a‘dā'ullāhi ilan-nāri fahum yūza‘ūn(a).
[19]
Barêng wis têkan pinggiring naraka, pangrungune lan pandêlênge apadene kulite wong kaphir mau, padha mêlèhake ênggone padha nglakoni dosa nalika ana ing dunya.
حَتّٰىٓ اِذَا مَا جَاۤءُوْهَا شَهِدَ عَلَيْهِمْ سَمْعُهُمْ وَاَبْصَارُهُمْ وَجُلُوْدُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٠
Ḥattā iżā mā jā'ūhā syahida ‘alaihim sam‘uhum wa abṣāruhum wa julūduhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[20]
Wong kaphir padha takon marang kulite: Yagene kowe padha mêlèh-mêlèhake ênggonku nglakoni dosa. Kulit mau padha mangsuli: Pangucapku iki kang ngucapake Allah kang kuwasa ngucapake samubarang. Allah iku kang gawe awakmu iku. Allah iku kang biyèn gawe awakmu, saiki kowe padha bali marang ngarsaning Allah.
وَقَالُوْا لِجُلُوْدِهِمْ لِمَ شَهِدْتُّمْ عَلَيْنَا ۗقَالُوْٓا اَنْطَقَنَا اللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْطَقَ كُلَّ شَيْءٍ وَّهُوَ خَلَقَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۙ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢١
Wa qālū lijulūdihim lima syahittum ‘alainā, qālū anṭaqanallāhul-lażī anṭaqa kulla syai'iw wa huwa khalaqakum awwala marrah(tin), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[21]
(He manungsa) sira kabèh ora ana [a....na] bisa nutupi ênggonira nglakoni panggawe ala, mêsthi diwêlèhake dening pangrungunira lan pandêlêngira, apadene kulitira. Nanging nalikane sira salinthutan, duwe panyana yèn Allah iku ora nguningani sampurna marang samubarang kang sira lakoni.
وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُوْنَ اَنْ يَّشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَآ اَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُوْدُكُمْ وَلٰكِنْ ظَنَنْتُمْ اَنَّ اللّٰهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ٢٢
Wa mā kuntum tastatirūna ay yasyhada ‘alaikum sam‘ukum wa lā abṣārukum wa lā julūdukum wa lākin ẓanantum annallāha lā ya‘lamu kaṡīram mimmā ta‘malūn(a).
[22]
Mangkono iku luguning panyananira, ênggonira nyana marang Pangeranira, iku andadèkake karusakanira, mulane sira dadi wong kapitunan.
وَذٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِيْ ظَنَنْتُمْ بِرَبِّكُمْ اَرْدٰىكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٢٣
Wa żālikum ẓannukumul-lażī ẓanantum birabbikum ardākum fa aṣbaḥtum minal-khāsirīn(a).
[23]
Mênawa wong kaphir mau wis narima, panggonane banjur ana ing naraka, dene yèn nyuwun pangapura, wong kaphir ora olèh pangapura.
فَاِنْ يَّصْبِرُوْا فَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ ۚوَاِنْ يَّسْتَعْتِبُوْا فَمَا هُمْ مِّنَ الْمُعْتَبِيْنَ٢٤
Fa iy yaṣbirū fan-nāru maṡwal lahum, wa iy yasta‘tibū famā hum minal-mu‘tabīn(a).
[24]
Ingsun nyadhiyani setan pirang-pirang, pêpadha anggodha wong kaphir, setan mau banjur padha nandukake panggodhane, ngiming- imingi kabungahan kang ana ing dunya, apadene prakara akhirat, kaya ta ora ana dina kiyamat, lan ora ana panimbang ala lan bêcik. Pangandikaning Allah bakal niksa wong kaphir iku mêsthi nyata. Wong kaphir mau kalêbu golongane para umat kuna, jin lan manungsa kang wis padha dirusak kalawan siksa biyèn, sadurunge wong kaphir iku. Kabèh iku padha kapitunan.
۞ وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاۤءَ فَزَيَّنُوْا لَهُمْ مَّا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۚ اِنَّهُمْ كَانُوْا خٰسِرِيْنَ ࣖ٢٥
Wa qayyaḍnā lahum quranā'a fa zayyanū lahum mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu fī umamin qad khalat min qablihim minal-jinni wal-ins(i), innahum kānū khāsirīn(a).
[25]
Wong kaphir padha ngucap: Aja padha anggugu unine Kuran iki, padhakna unine wong ngame bae, supaya kowe padha mênang.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَسْمَعُوْا لِهٰذَا الْقُرْاٰنِ وَالْغَوْا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُوْنَ٢٦
Wa qālal-lażīna kafarū lā tasma‘ū lihāżal-qur'āni walgau fīhi la‘allakum taglibūn(a).
[26]
Para wong kaphir bakal Ingsun wêruhake rasane siksa kang abot.
فَلَنُذِيْقَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَذَابًا شَدِيْدًاۙ وَّلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٧
Fa lanużīqannal-lażīna kafarū ‘ażāban syadīdā(n), wa lanajziyannahum aswa'al-lażī kānū ya‘malūn(a).
[27]
Lan Ingsun bakal patrapi patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni, kang ala dhewe.
ذٰلِكَ جَزَاۤءُ اَعْدَاۤءِ اللّٰهِ النَّارُ لَهُمْ فِيْهَا دَارُ الْخُلْدِ ۗجَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ٢٨
Żālika jazā'u a‘dā'illāhin-nāru lahum fīhā dārul-khuld(i), jazā'am bimā kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[28]
Kang mangkono iku wêwalês marang para satruning Allah, kabèh padha dicêmplungake ing naraka, iya iku panggonan siksa kang langgêng tumănja wêwalêse ênggone padha maido ayat Ingsun.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا رَبَّنَآ اَرِنَا الَّذَيْنِ اَضَلّٰنَا مِنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ اَقْدَامِنَا لِيَكُوْنَا مِنَ الْاَسْفَلِيْنَ٢٩
Wa qālal-lażīna kafarū rabbanā arinal-lażaini aḍallānā minal-jinni wal-insi naj‘alhumā taḥta aqdāminā liyakūnā minal-asfalīn(a).
[29]
Para wong kaphir padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan sumêrêpakên jin kalihan manungsa ingkang sami anjalomprongakên dhumatêng kawula rumiyin, badhe kawula ênciki wontên sangandhaping suku kawula wontên ing naraka ngriki, supados sami dados tiyang asor, nandhang siksa langkung awrat.
اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٣٠
Innal-lażīna qālū rabbunallāhu ṡummastaqāmū tatanazzalu ‘alaihimul-malā'ikatu allā takhāfū wa lā taḥzanū wa absyirū bil-jannatil-latī kuntum tū‘adūn(a).
[30]
Sarupane wong mukmin kang padha ngucap: Pangeranku Allah, kajaba iku padha sêtya tuhu ênggone nêtêpi kawajibane, wong mangkono iku nalikane mati dirawuhi para malaikat. Dhawuhe: Sampeyan sampun ajrih pêjah, sarta sampun sêdhih nilar karêmênan sampeyan wontên ing dunya, sampeyan bingah badhe malêbêt ing suwarga, ingkang sampun dipun prasêtyakakên dening Allah dhatêng sampeyan.
نَحْنُ اَوْلِيَاۤؤُكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِ ۚوَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَشْتَهِيْٓ اَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَدَّعُوْنَ ۗ٣١
Naḥnu auliyā'ukum fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), wa lakum fīhā mā tasytahī anfusukum wa lakum fīhā mā tadda‘ūn(a).
[31]
Kula punika mitra sampeyan wiwit wontên ing dunya lêstantun dumugi ing akhirat, sampeyan wontên ing akhirat badhe kadumugèn samukawis ingkang sampeyan pengini, sarta samukawis ingkang sampeyan karsakakên, mêsthi botên kacuwan.
نُزُلًا مِّنْ غَفُوْرٍ رَّحِيْمٍ ࣖ٣٢
Nuzulam min gafūrir raḥīm(in).
[32]
Sadaya punika pêparingipun Pangeran ingkang sipat Ngapura tur Maha-asih.
وَمَنْ اَحْسَنُ قَوْلًا مِّمَّنْ دَعَآ اِلَى اللّٰهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَّقَالَ اِنَّنِيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٣٣
Wa man aḥsanu qaulam mimman da‘ā ilallāhi wa ‘amila ṣāliḥaw wa qāla innanī minal-muslimīn(a).
[33]
Ora ana wong kang luwih bêcik panguca[7] ngungkuli wong kang adan, ngajak sêmbayang nêmbah ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, pangucape aku iki ewone wong Islam.
وَلَا تَسْتَوِى الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ۗاِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ فَاِذَا الَّذِيْ بَيْنَكَ وَبَيْنَهٗ عَدَاوَةٌ كَاَنَّهٗ وَلِيٌّ حَمِيْمٌ٣٤
Wa lā tastawil-ḥasanatu wa las-sayyi'ah(tu), idfa‘ bil-latī hiya aḥsanu fa'iżal-lażī bainaka wa bainahū ‘adāwatun ka'annahū waliyyun ḥamīm(un).
[34]
Ala lan bêcik iku ora padha, mêsthi ana undha-usuke. Sira nampika barang kang ala, miliha barang kang luwih bêcik, nanging têrkadhang ana satrunira iku rakêt bangêt lan sira, kaya sadulur sinarawèdi.
وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْاۚ وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا ذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ٣٥
Wa mā yulaqqāhā illal-lażīna ṣabarū, wa mā yulaqqāhā illā żū ḥaẓẓin ‘aẓīm(in).
[35]
Ora ana wong bisa nampik barang kang ala, milih kang luwih bêcik, kajaba wong kang padha sabar, têtêk atine, lan ora ana wong bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggah ing suwarga kang agung.
وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٦
Wa immā yanzagannaka minasy-syaiṭāni nazgun fasta‘iż billāh(i), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[36]
Mênawa setan anggodha ing sira, ngajak anglirwakake pitutur murih nampik kang ala lan milih barang kang luwih bêcik, iku sira ngungsia ing Allah, nyuwun pitulunge, Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.
وَمِنْ اٰيٰتِهِ الَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُۗ لَا تَسْجُدُوْا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَهُنَّ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ٣٧
Wa min āyātihil-lailu wan-nahāru wasy-syamsu wal-qamar(u), lā tasjudū lisy-syamsi wa lā lil-qamari wasjudū lillāhil-lażī khalaqahunna in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[37]
Raina lan wêngi, apadene sêrngenge lan rêmbulan, iku kalêbu ayating Allah, kang mratandhani yèn Allah iku mung siji, tur kuwasa samubarang. [sa....mubarang.] Manawa sira Islam, nêmbah ing Allah, sira aja padha sujut marang srêngenge utawa rêmbulan, nanging padha sujuda ing Allah, kang gawe srêngenge lan rêmbulan mau.
فَاِنِ اسْتَكْبَرُوْا فَالَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ يُسَبِّحُوْنَ لَهٗ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَهُمْ لَا يَسْـَٔمُوْنَ ۩٣٨
Fa inistakbarū fal-lażīna ‘inda rabbika yusabbiḥūna lahū bil-laili wan-nahāri wa hum lā yas'amūn(a).
[38]
Manawa manungsa padha gumêdhe, suthik sujud ing Allah, iku ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah Pangeranira, padha nyêbut Mahasuci mêmuji ing Allah ing wayah raina lan wêngi tanpa kêndhat.
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنَّكَ تَرَى الْاَرْضَ خَاشِعَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْۗ اِنَّ الَّذِيْٓ اَحْيَاهَا لَمُحْيِ الْمَوْتٰى ۗاِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٩
Wa min āyātihī annaka taral-arḍa khāsyi‘atan fa iżā anzalnā ‘alaihal-mā'ahtazzat wa rabat, innal-lażī aḥyāhā lamuḥyil-mautā, innahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[39]
Lan ana manèh kang kalêbu ayating Allah, iya iku sira andêlêng bumi iku garing, barêng Ingsun turuni banyu udan, banjur obah, lêmahe mandhukul. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau, mêsthi kuwasa nguripake wong kang wis padha mati. Satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَاۗ اَفَمَنْ يُّلْقٰى فِى النَّارِ خَيْرٌ اَمْ مَّنْ يَّأْتِيْٓ اٰمِنًا يَّوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗاِعْمَلُوْا مَا شِئْتُمْ ۙاِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٤٠
Innal-lażīna yulḥidūna fī āyātinā lā yakhfauna ‘alainā, afamay yulqā fin-nāri khairun am may ya'tī āminay yaumal-qiyāmah(ti), i‘malū mā syi'tum, innahū bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[40]
Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun, iku Ingsun ora pisan kasamaran, ing têmbe mêsthi padha Ingsun walês sapatute. Wong kang dicêmplungake ing naraka bêcik êndi lan wong kang slamêt besuk dina kiyamat. Sarèhne wis Ingsun têtêrangake,[8] mulane manungsa padha nglakonana apa sakarêpe. Satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاۤءَهُمْ ۗوَاِنَّهٗ لَكِتٰبٌ عَزِيْزٌ ۙ٤١
Innal-lażīna kafarū biż-żikri lammā jā'ahum, wa innahū lakitābun ‘azīz(un).
[41]
Sarupane wong kang katêkan Kuran banjur maido, iku bakal Ingsun patrapi siksa, awit Kuran iku kitab kang mulya.
لَّا يَأْتِيْهِ الْبَاطِلُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهٖ ۗتَنْزِيْلٌ مِّنْ حَكِيْمٍ حَمِيْدٍ٤٢
Lā ya'tīhil-bāṭilu mim baini yadaihi wa lā min khalfih(ī), tanzīlum min ḥakīmin ḥamīd(in).
[42]
Sadurunge Kuran iki durung tau ana kitab kang mêmêca anggorohake Kuran, lan sawise Kuran iki, iya ora bakal ana kitab kang maido Kuran iki, Kuran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantês pinuji.
مَا يُقَالُ لَكَ اِلَّا مَا قَدْ قِيْلَ لِلرُّسُلِ مِنْ قَبْلِكَ ۗاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ وَّذُوْ عِقَابٍ اَلِيْمٍ٤٣
Mā yuqālu laka illā mā qad qīla lir-rusuli min qablik(a), inna rabbaka lażū magfiratiw wa żū ‘iqābin alīm(in).
[43]
(He Mukhammad) samubarang kang tinakokake marang sira, iku wis mêsthi tau ditakokake marang para rasul sadurunge sira. Satêmêne Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa marang para wong kaphir, kalawan siksa kang nglarani.
وَلَوْ جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا اَعْجَمِيًّا لَّقَالُوْا لَوْلَا فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ ۗ ءَاَ۬عْجَمِيٌّ وَّعَرَبِيٌّ ۗ قُلْ هُوَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هُدًى وَّشِفَاۤءٌ ۗوَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرٌ وَّهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًىۗ اُولٰۤىِٕكَ يُنَادَوْنَ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ ࣖ٤٤
Wa lau ja‘alnāhu qur'ānan a‘jamiyyal laqālū lau lā fuṣṣilat āyātuh(ū), a'a‘jamiyyuw wa ‘arabiyy(un), qul huwa lil-lażīna āmanū hudaw wa syifā'(un), wal-lażīna lā yu'minūna fī āżānihim waqruw wa huwa ‘alaihim ‘amā(n), ulā'ika yunādauna mim makānim ba‘īd(in).
[44]
Upama Kuran iki Ingsun gawe têmbung Ngajam, (dudu têmbung Ngarab) wong kaphir ing Mêkah mêsthi calathu: [cala...thu:] Yagene Kuran iku têka ora ditêrangake têmbunge. Yagene nabi Ngarab têka anggêlarake Kuran dudu têmbung Ngarab, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kuran iku tumrap wong mukmin, pituduh kang bênêr. Lan dadi tambaning lara bodho. Wong kang padha ora ngandêl Kuran, iku kupinge abot. Kuran mau tumrap wong kaphir prasasat pêpêtêng, wong kaphir mau prasasat diundang saka panggonan kang adoh, ora krungu lan ora wêruh.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ٤٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba fakhtulifa fīh(i), wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum, wa innahum lafī syakkim minhu murīb(in).
[45]
Ingsun têmên wis paring Kitab Torèt marang Nabi Musa, para umate banjur padha sulaya, ana kang ngandêl, lan ana kang maido, ora beda lan Kuran iki. Upama aja wis ana pangandikaning Allah Pangeranira, kang surasane Allah bakal nyarantèkake siksa, wong Bani Srail mêsthi wis dirampungi prakarane ana ing dunya, satêmêne wong Bani Srail padha mamang sumêlang marang Kitab Torèt.
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖ ۙوَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۗوَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ۔٤٦
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, wa mā rabbuka biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[46]
Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, ganjarane bakal ditampani dhewe. Dene sing sapa nglakoni panggawe ala, patrapane iya bakal disăngga dhewe. Allah Pangeranira ora pisan [pisa.....n] nganiaya marang para kawulane.
۞ اِلَيْهِ يُرَدُّ عِلْمُ السَّاعَةِ ۗوَمَا تَخْرُجُ مِنْ ثَمَرٰتٍ مِّنْ اَكْمَامِهَا وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖ ۗوَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيْۙ قَالُوْٓا اٰذَنّٰكَ مَا مِنَّا مِنْ شَهِيْدٍ ۚ٤٧
Ilaihi yuraddu ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa mā takhruju min ṡamarātim min akmāmihā wa mā taḥmilu min unṡā wa lā taḍa‘u illā bi‘ilmih(ī), wa yauma yunādīhim aina syurakā'ī, qālū āżannāka mā minnā min syahīd(in).
[47]
Kawruh bakal kêlakone dina kiyamat iku disumanggakake ing Allah, mangkono manèh babaring wowohan saka ing kêmbange lan enggal lawase wêtêngane wong wadon, apadene dina lairing bêbayi, iku kabèh Allah mêsthi nguningani, ing besuk dina kiyamat, Allah andangu marang para wong maro tingal: Endi rupane brahala kang jarene dadi têtimbanganku. Wong kaphir padha munjuk: Unjuk kawula: Kawula sadaya botên sami mastani bilih Tuwan punika wontên ingkang nimbangi.
وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَدْعُوْنَ مِنْ قَبْلُ وَظَنُّوْا مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٤٨
Wa ḍalla ‘anhum mā kānū yad‘ūna min qablu wa ẓannū mā lahum mim maḥīṣ(in).
[48]
Sarupane brahala kang padha disêmbah dening wong kaphir biyèn, nalika ana ing dunya, padha ora ana, ing kono wong kaphir padha rumasa ora bisa mlayu.
لَا يَسْـَٔمُ الْاِنْسَانُ مِنْ دُعَاۤءِ الْخَيْرِۖ وَاِنْ مَّسَّهُ الشَّرُّ فَيَـُٔوْسٌ قَنُوْطٌ٤٩
Lā yas'amul-insānu min du‘ā'il-khair(i), wa im massahusy-syarru fa ya'ūsun qanūṭ(un).
[49]
Para manungsa tansah nyênyuwun kabêgjan, manawa kambah ing rêribêd, banjur sirna panga[1]
وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ رَحْمَةً مِّنَّا مِنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ هٰذَا لِيْۙ وَمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةًۙ وَّلَىِٕنْ رُّجِعْتُ اِلٰى رَبِّيْٓ اِنَّ لِيْ عِنْدَهٗ لَلْحُسْنٰىۚ فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِمَا عَمِلُوْاۖ وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ٥٠
Wa la'in ażaqnāhu raḥmatam minnā mim ba‘di ḍarrā'a massathu layaqūlunna hāżā lī, wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imah(tan), wa la'ir ruji‘tu ilā rabbī inna lī ‘indahū lal-ḥusnā, fa lanunabbi'annal-lażīna kafarū bimā ‘amilū, wa lanużīqannahum min ‘ażābin galīẓ(in).
[50]
Manungsa iku mênawa mêntas nandhang sangsara, banjur Ingsun paringi wêruh rasaning kabêgjan saka Ingsun, banjur ngucap: Iki wis bênêre bubuhanku. Aku ora ngandêl yèn dina kiyamat iku bakal kêlakon. Mênawa aku diimpun marang ngarsane Pangeranku, bubuhanku ana ngarsaning Pangeranku, mêsthi mung bêcik. (Pangandikaning Allah): Para wong kaphir mêsthi bakal Ingsun wêlèh-wêlèhake ênggone padha nglakoni panggawe ala ana ing dunya, lan bakal Ingsun paringi wêruh rasaning siksa kang abot.
وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُوْ دُعَاۤءٍ عَرِيْضٍ٥١
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru fażū du‘ā'in ‘arīḍ(in).
[51]
Nalikane Ingsun paring kabungahan maring manungsa, manungsa mau ora gêdhe panrimane, malah suthik sukur marang Ingsun, mung gumêdhe, kabungahan mau diaku duwèke dhewe. Dene manawa manungsa mau kambah ing rêribêd, banjur nyênyuwun ing Allah kalawan akèh-akèh.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ثُمَّ كَفَرْتُمْ بِهٖ مَنْ اَضَلُّ مِمَّنْ هُوَ فِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ٥٢
Qul ara'aitum in kāna min ‘indillāhi ṡumma kafartum bihī man aḍallu mimman huwa fī syiqāqim ba‘īd(in).
[52]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Mara padha pikirên, mênawa Kuran iku têmên têrang saka ngarsaning Allah, kang măngka kowe padha maido Kuran, sapa kang luwih kêsasar, tinimbang lan [la.....n] kowe. Awit kalêbu wong kang nulayani bangêt marang bênêr.
سَنُرِيْهِمْ اٰيٰتِنَا فِى الْاٰفَاقِ وَفِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُ الْحَقُّۗ اَوَلَمْ يَكْفِ بِرَبِّكَ اَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ٥٣
Sanurīhim āyātinā fil-āfāqi wa fī anfusihim ḥattā yatabayyana lahum annahul-ḥaqq(u), awalam yakfi birabbika annahū ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[53]
Ingsun bakal nontonake marang wong kaphir ing Mêkah, ayat Ingsun pirang-pirang kang ana salumahing bumi, lan kang ana awake dhewe, nganti têrang gamblang-gamblang yèn Kuran iku têmên saka Allah. Mungguh Pangeranira ênggone mirsani samubarang, iku bae apa ora wis cukup kanggo tăndha.
اَلَآ اِنَّهُمْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤءِ رَبِّهِمْ ۗ اَلَآ اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطٌ ࣖ٥٤
Alā innahum fī miryatim mil liqā'i rabbihim, alā innahū bikulli syai'im muḥīṭ(un).
[54]
Wong kaphir ing Mêkah apa ora bangêt ênggone mamang yèn ing têmbe bakal disowanake ana ngarsaning Allah Pangerane. Kawruhing Allah apa ora nglimputi samubarang.