Surah Al-Mu’min
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Kha lan Mim iku araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Tumurune Kuran iki têrang saka Allah kang Mahamulya tur nguningani samubarang.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۙ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-‘alīm(i).
[2]
Kang kawasa ngapura dosa, lan kang kaparêng narima tobat, tur kang siksane abot.
غَافِرِ الذَّنْۢبِ وَقَابِلِ التَّوْبِ شَدِيْدِ الْعِقَابِ ذِى الطَّوْلِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ٣
Gāfiriż-żambi wa qābilit-taubi syadīdil-‘iqābi żiṭ-ṭaul(i), lā ilāha illā huw(a), ilaihil-maṣīr(u).
[3]
Kang kagungan kasugihan tur kaparêng paring kabungahan warna-warna. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah piyambak. Samubarang iki ing têmbe padha bali marang ngarsane Allah.
مَا يُجَادِلُ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ اِلَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَلَا يَغْرُرْكَ تَقَلُّبُهُمْ فِى الْبِلَادِ٤
Mā yujādilu fī āyātillāhi illal-lażīna kafarū falā yagrurka taqallubuhum fil-bilād(i).
[4]
Ora ana wong madoni Kuran ayating Allah, kajaba wong kang padha kaphir, mulane sira aja kêlorop marga andêlêng wong kaphir mau ênggone sêmpulur ana ing ngêndi-êndi nagara (awit iku panglulu).
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّالْاَحْزَابُ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۖوَهَمَّتْ كُلُّ اُمَّةٍۢ بِرَسُوْلِهِمْ لِيَأْخُذُوْهُ وَجَادَلُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ فَاَخَذْتُهُمْ ۗفَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ٥
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wal-aḥzābu mim ba‘dihim, wa hammat kullu ummatim birasūlihim liya'khużūhu wa jādalū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa fa'akhażtuhum, fa kaifa kāna ‘iqāb(i).
[5]
Biyèn sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, para umate Nabi Nuh padha maido marang Nabi Nuh, lan para pakumpulan sawise Nabi Nuh iya padha maido marang rasule, siji-sijining para umat mau padha nêdya ngrok matèni marang rasule, lan padha madoni kalawan padu nasar, murih sirnane agama kang bênêr. Wusana para umat mau padha Ingsun tumpês. Mara sira pikira, kapriye kaanane siksaningsun.
وَكَذٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّهُمْ اَصْحٰبُ النَّارِۘ٦
Wa każālika ḥaqqat kalimatu rabbika ‘alal-lażīna kafarū annahum aṣḥābun-nār(i).
[6]
Wis mangkono pangandikaning Allah Pangeranira, namtokake sarupane wong kaphir padha dadi isèn-isèning Naraka Jahanam.
اَلَّذِيْنَ يَحْمِلُوْنَ الْعَرْشَ وَمَنْ حَوْلَهٗ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۚ رَبَّنَا وَسِعْتَ كُلَّ شَيْءٍ رَّحْمَةً وَّعِلْمًا فَاغْفِرْ لِلَّذِيْنَ تَابُوْا وَاتَّبَعُوْا سَبِيْلَكَ وَقِهِمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِ٧
Allażīna yaḥmilūnal-‘arsya wa man ḥaulahū yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yu'minūna bihī wa yastagfirūna lil-lażīna āmanū, rabbanā wasi‘ta kulla syai'ir raḥmataw wa ‘ilman fagfir lil-lażīna tābū wattaba‘ū sabīlaka wa qihim ‘ażābal-jaḥīm(i).
[7]
Para malaikat kang padha mikul ngaras lan kang padha baris kupêng ana kiwa têngêning ngaras, kabèh padha nêbut Mahasuci amêmuji ing Allah Pangerane, padha sêtya tuhu pracaya ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha pracaya ing Allah, têmbunge: Dhuh Allah Pangeran kawula, pangawikan saha rahmat Tuwan langkung dening jêmbar, maradini samukawis, Tuwan mugi ngapuraa kalêpatanipun para kawula Tuwan ingkang sami tobat, sarta sami manut anglampahi agimi[3] Tuwan Islam. Sadaya wau mugi Tuwan rêksaa sampun ngantos kacêmplung ing Naraka Jakhim.
رَبَّنَا وَاَدْخِلْهُمْ جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدْتَّهُمْ وَمَنْ صَلَحَ مِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَاَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُۙ٨
Rabbanā wa adkhilhum jannāti ‘adninil-latī wa‘attahum wa man ṣalaḥa min ābā'ihim wa azwājihim wa żurriyyātihim, innaka antal ‘azīzul-ḥakīm(u).
[8]
Dhuh Pangeran kawula, para tiyang mukmin punika dalah para lêluhuripun, bojonipun saha para turunipun ingkang sami sae, mugi sami Tuwan parêngakên malêbêt ing suwarga, ingkang sampun Tuwan prasêtyakakên, badhe Tuwan paringakên dhumatêng para tiyang mukmin. Tuwan punika Mahamulya tur Wicaksana.
وَقِهِمُ السَّيِّاٰتِۗ وَمَنْ تَقِ السَّيِّاٰتِ يَوْمَىِٕذٍ فَقَدْ رَحِمْتَهٗ ۗوَذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٩
Wa qihimus-sayyi'āt(i), wa man taqis-sayyi'āti yauma'iżin faqad raḥimtah(ū), wa żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[9]
Para lêluhuripun tiyang mukmin, para turunipun saha para bojonipun wau mugi Tuwan rêksa sampun ngantos kenging patrapanipun tiyang nglampahi awon, patrapan ing dintên punika, sintên ingkang ngatos-atos, botên anglampahi piawon, tamtu angsal sihipun. Makatên punika nama kabêgjan agêng.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنَادَوْنَ لَمَقْتُ اللّٰهِ اَكْبَرُ مِنْ مَّقْتِكُمْ اَنْفُسَكُمْ اِذْ تُدْعَوْنَ اِلَى الْاِيْمَانِ فَتَكْفُرُوْنَ١٠
Innal-lażīna kafarū yunādauna lamaqtullāhi akbaru mim maqtikum anfusakum iż tad‘ūna ilal-īmāni fatakfurūn(a).
[10]
Besuk dina kiyamat, sarupane wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka, padha didhawuhi mangkene: Siksaning Allah marang kowe, luwih abot tinimbang ênggonmu niksa marang awakmu dhewe, awit biyèn, kowe didhawuhi pracaya [praca...ya] ing Allah, nanging kowe padha maido.
قَالُوْا رَبَّنَآ اَمَتَّنَا اثْنَتَيْنِ وَاَحْيَيْتَنَا اثْنَتَيْنِ فَاعْتَرَفْنَا بِذُنُوْبِنَا فَهَلْ اِلٰى خُرُوْجٍ مِّنْ سَبِيْلٍ١١
Qālū rabbanā amattanaṡnataini wa aḥyaitanaṡnataini fa‘tarafnā biżunūbinā fa hal ilā khurūjim min sabīl(in).
[11]
Wong kaphir banjur padha matur: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika Tuwan pêjahi rambah kaping kalih, sarta Tuwan gêsangakên ugi kaping kalih, sapunika kawula ngakêni kalêpatan kawula sadaya. Punapa kaparêng kawula sapunika nyuwun mêdal saking naraka, lajêng wangsul dhatêng ing dunya. Kawula sagah ngèstokakên dhawuh Tuwan.
ذٰلِكُمْ بِاَنَّهٗٓ اِذَا دُعِيَ اللّٰهُ وَحْدَهٗ كَفَرْتُمْۚ وَاِنْ يُّشْرَكْ بِهٖ تُؤْمِنُوْا ۗفَالْحُكْمُ لِلّٰهِ الْعَلِيِّ الْكَبِيْرِ١٢
Żālikum bi'annahū iżā du‘iyallāhu waḥdahū kafartum, wa iy yusyrak bihī tu'minū, fal-ḥukmu lillāhil-‘aliyyil-kabīr(i).
[12]
Anane siksa kang mangkono mau, amarga manawa Allah piyambak disêbut, tanpa nyêbut brahala, sira padha maido, nanging manawa ênggone nyêbut Allah mau diwori nyêbut brahala, sira padha pracaya. Dene khukum siksa iku ana pangawasaning Allah kang Mahaluhur tur Maha-agung.
هُوَ الَّذِيْ يُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ وَيُنَزِّلُ لَكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ رِزْقًا ۗوَمَا يَتَذَكَّرُ اِلَّا مَنْ يُّنِيْبُ١٣
Huwal-lażī yurīkum āyātihī wa yunazzilu lakum minas-samā'i rizqā(n), wa mā yatażakkaru illā may yunīb(u).
[13]
13. Allah iku kang nontonake sira, ditontonake tăndha yêkti pirang-pirang, kang padha mracihnani yèn Pangeran iku mung siji Allah, sarta Allah nurunake rijêki saka ing langit. Dene kang ngèstokake pitutur iki ora ana manèh kajaba wong kang suthik maro tingal.
فَادْعُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ١٤
Fad‘ullāha mukhliṣīna lahud-dīna wa lau karihal-kāfirūn(a).
[14]
Sira padha nêmbaha ing Allah, ênggonira nglakoni [nglako...]..ni] agama Islam kalawan ati suci, ora maro tingal. Sanadyan wong kaphir padha gêthing, iya karêbèn.
رَفِيْعُ الدَّرَجٰتِ ذُو الْعَرْشِۚ يُلْقِى الرُّوْحَ مِنْ اَمْرِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ لِيُنْذِرَ يَوْمَ التَّلَاقِۙ١٥
Rafī‘ud-darajāti żul-‘arsy(i), yulqir-rūḥa min amrihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādihī liyunżira yaumat-talāq(i).
[15]
Allah iku kang anjunjung darajate wong mukmin ana ing suwarga, tur kang yasa ngaras, kang nurunake wahyu pangandikaning Allah marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane, supaya kang diparingi wahyu mau banjur mêmêdèni marang manungsa, diwêdèni bakal kêlakone dina kiyamat.
يَوْمَ هُمْ بٰرِزُوْنَ ۚ لَا يَخْفٰى عَلَى اللّٰهِ مِنْهُمْ شَيْءٌ ۗلِمَنِ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ۗ لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ١٦
Yauma hum bārizūn(a), lā yakhfā ‘alallāhi minhum syai'(un), limanil-mulkul-yaum(a), lillāhil-wāḥidil-qahhār(i).
[16]
Iya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi, mêtu saka ing pakuburane, ing kono Allah ora kêsamaran sathithik-thithika marang wong kang padha tangi saka ing kubur mau. Ing dina iku sapa ta kang jumênêng ratu. Ora liya mung Allah kang Esa tur Misesa.
اَلْيَوْمَ تُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ ۗ لَا ظُلْمَ الْيَوْمَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٧
Al-yauma tujzā kullu nafsim bimā kasabat, lā ẓulmal-yaum(a), innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[17]
Ing dina iku sarupaning wong padha diwalês, miturut apa kang wis dilakèni[4] nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik. Ing dina iku ora ana wong kinaniaya. Satêmêne Allah iku rikat panimbange.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْاٰزِفَةِ اِذِ الْقُلُوْبُ لَدَى الْحَنَاجِرِ كٰظِمِيْنَ ەۗ مَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ حَمِيْمٍ وَّلَا شَفِيْعٍ يُّطَاعُۗ١٨
Wa anżirhum yaumal-āzifati iżil-qulūbu ladal-ḥanājiri kāẓimīn(a), mā liẓ-ẓālimīna min ḥamīmiw wa lā syafī‘iy yuṭā‘(u).
[18]
Manungsa iku padha sira wêdènana dina kiyamat, nalikane wong atine padha manjuluk têkan ing gulu saking dening wêdine. Sakèhing wong padha nêkêm gulune.
يَعْلَمُ خَاۤىِٕنَةَ الْاَعْيُنِ وَمَا تُخْفِى الصُّدُوْرُ١٩
Ya‘lamu khā'inatal-a‘yuni wa mā tukhfiṣ-ṣudūr(u).
[19]
19. Sarupane wong kaphir ora duwe mitra, lan ora duwe andêl-andêl kang makolèhake marang si kaphir tur dianggêp paturane ing Allah.
وَاللّٰهُ يَقْضِيْ بِالْحَقِّ ۗوَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَقْضُوْنَ بِشَيْءٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ ࣖ٢٠
Wallāhu yaqḍī bil-ḥaqq(i), wal-lażīna yad‘ūna min dūnihī lā yaqḍūna bisyai'(in), innallāha huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[20]
20. Allah iku nguningani dalèrènging ulat andêlêng laranganing Allah, lan nguningani karêntêking ati.
۞ اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ كَانُوْا مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ كَانُوْا هُمْ اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاٰثَارًا فِى الْاَرْضِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْ ۗوَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ وَّاقٍ٢١
Awalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna kānū min qablihim, kānū hum asyaddu minhum quwwataw wa āṡāran fil-arḍi fa'akhażahumullāhu biżunūbihim, wa mā kāna lahum minallāhi miw wāq(in).
[21]
Allah iku ngukumi kalawan ngadil, dene brahala kang disêmbah dening wong kaphir, iku ora bisa ngukumi apa-apa, satêmêne Allah iku miyarsa tur ningali saparipolahe lan pangucape si kaphir.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانَتْ تَّأْتِيْهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَكَفَرُوْا فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢٢
Żālika bi'annahum kānat ta'tīhim rusuluhum bil-bayyināti fakafarū fa'akhażahumullāh(u), innahū qawiyyun syadīdul-‘iqāb(i).
[22]
Apa wong kaphir iku padha ora anjajah ing bumi, yèn anjajah mêsthi wêruh patilasane wong kuna pirang-pirang, kang padha dirusak dening Allah marga saka dosane, kapriye ta wêkasane para umat ing jaman kuna sadurunge wong Mêkah iku, tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli wong Mêkah iku, lan padha duwe gêdhong panggung apadene balumbang, ewadene [ewa....dene] Allah ngrusak marang wong mau marga saka dosane, wong kaphir tanpa daya, lan ora duwe mitra, kang ngrêksa awake nulak siksaning Allah.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٢٣
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[23]
Anane siksa mangkono mau, awit para umat kuna katêkan rasule kanthi tăndha yêkti pirang -pirang, nanging para umat mau padha maido, mulane Allah ngrusak marang para umat mau. Satêmêne Allah iku santosa sarta siksane abot.
اِلٰى فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَقَارُوْنَ فَقَالُوْا سٰحِرٌ كَذَّابٌ٢٤
Ilā fir‘auna wa hāmāna wa qārūna faqālū sāḥirun każżāb(un).
[24]
Ingsun têmên wis ngutus Nabi Musa kanthi tăndha yêkti pirang-pirang saka Ingsun lan wêwaton kang nyata.
فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوا اقْتُلُوْٓا اَبْنَاۤءَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ وَاسْتَحْيُوْا نِسَاۤءَهُمْ ۗوَمَا كَيْدُ الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ٢٥
Falammā jā'ahum bil-ḥaqqi min ‘indinā qāluqtulū abnā'al-lażīna āmanū ma‘ahū wastaḥyū nisā'ahum, wa mā kaidul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[25]
Ingsun utus nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon lan Patih Aman, apadene marang Si Karun, nanging kabèh mau pangucape: Nabi Musa iku juru sikhir, pangucape iku kabèh goroh.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ ذَرُوْنِيْٓ اَقْتُلْ مُوْسٰى وَلْيَدْعُ رَبَّهٗ ۚاِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّبَدِّلَ دِيْنَكُمْ اَوْ اَنْ يُّظْهِرَ فِى الْاَرْضِ الْفَسَادَ٢٦
Wa qāla fir‘aunu żarūnī aqtul mūsā walyad‘u rabbah(ū), innī akhāfu ay yubaddila dīnakum au ay yuẓhira fil-arḍil-fasād(a).
[26]
26. Barêng Nabi Musa nganani tăndha yêkti saka ngarsaningsun, Raja Phirngon lan Patih Aman mau banjur padha parentah marang balane. Sarupane wong kang padha pracaya marang Nabi Musa iku, anake lanang padha patènana, nanging anake wadon aja, karêbèn padha urip, ewadene paekane wong kaphir mau tanpa gawe.
وَقَالَ مُوْسٰىٓ اِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ مِّنْ كُلِّ مُتَكَبِّرٍ لَّا يُؤْمِنُ بِيَوْمِ الْحِسَابِ ࣖ٢٧
Wa qāla mūsā innī ‘użtu birabbī wa rabbikum min kulli mutakabbiril lā yu'minu biyaumil-ḥisāb(i).
[27]
Raja Phirngon dhawuh: Aku togna bae, Nabi Musa iku tak patènane, iya sambata marang Pangerane, aku măngsa wêdia, awit aku kuwatir bokmanawa Nabi Musa iku bakal nyalini agamamu, utawa bokmanawa gawe rusak ana ing bumi.
وَقَالَ رَجُلٌ مُّؤْمِنٌۖ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَكْتُمُ اِيْمَانَهٗٓ اَتَقْتُلُوْنَ رَجُلًا اَنْ يَّقُوْلَ رَبِّيَ اللّٰهُ وَقَدْ جَاۤءَكُمْ بِالْبَيِّنٰتِ مِنْ رَّبِّكُمْ ۗوَاِنْ يَّكُ كَاذِبًا فَعَلَيْهِ كَذِبُهٗ ۚوَاِنْ يَّكُ صَادِقًا يُّصِبْكُمْ بَعْضُ الَّذِيْ يَعِدُكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ كَذَّابٌ٢٨
Wa qāla rajulum mu'min(um), min āli fir‘auna yaktumu īmānahū ataqtulūna rajulan ay yaqūla rabbiyallāhu wa qad jā'akum bil-bayyināti mir rabbikum, wa iy yaku kāżiban fa ‘alaihi każibuh(ū), wa iy yaku ṣādiqay yuṣibkum ba‘ḍul-lażī ya‘idukum, innallāha lā yahdī man huwa musrifun każżāb(un).
[28]
Nabi Musa wêwarah marang wong Bani Srail. Aku iki ngungsi Allah Pangeranku lan Pangeranmu, supaya aja nganti kêna paekane wong kang padha gumêdhe, tur ora pracaya marang anane dina kiyamat.
يٰقَوْمِ لَكُمُ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ظٰهِرِيْنَ فِى الْاَرْضِۖ فَمَنْ يَّنْصُرُنَا مِنْۢ بَأْسِ اللّٰهِ اِنْ جَاۤءَنَا ۗقَالَ فِرْعَوْنُ مَآ اُرِيْكُمْ اِلَّا مَآ اَرٰى وَمَآ اَهْدِيْكُمْ اِلَّا سَبِيْلَ الرَّشَادِ٢٩
Yā qaumi lakumul-mulkul-yauma ẓāhirīna fil-arḍ(i), famay yanṣurunā mim ba'sillāhi in jā'anā, qāla fir‘aunu mā urīkum illā mā arā wa mā ahdīkum illā sabīlar-rasyād(i).
[29]
Ing kono ana wong lanang mukmin, kalêbu santanane Raja Phirngon, pracaya Allah kalawan dhêdhêmitan, iku matur marang Raja Phirngon, punapa sampeyan badhe mêjahi tiyang jalêr dupèh wicantên: Pangeranku Allah, kang măngka sowanipun Nabi Musa ing sampeyan, kanthi tăndha yêkti kaelokan pintên-pintên saking Pangeran sampeyan. Manawi Nabi Musa wau dora, tamtu badhe tinêmpuh ing siksa, patrapanipun anggènipun dora, dene manawi Nabi Musa [Mu.....sa] wau têmên, kang măngka sampeyan paibên, punika sampeyan badhe tinêmpuh ing siksa, ingkang dipun ancamakên dening Allah utawi Nabi Musa. Sayêktosipun, Allah punika botên karsa nêdahakên margi ingkang lêrês, dhatêng tiyang ingkang kêsangêtên anggènipun maibên dhatêng Allah.
وَقَالَ الَّذِيْٓ اٰمَنَ يٰقَوْمِ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ مِّثْلَ يَوْمِ الْاَحْزَابِۙ٣٠
Wa qālal-lażī āmana yā qaumi innī akhāfu ‘alaikum miṡla yaumil-aḥzāb(i).
[30]
He para sadhèrèk, ing dintên punika sampeyan sami luhur, mênang wontên bumi ing Mêsir. Kaluhuran saha kamênangan ingkang samantên wau, mugi sampun sampeyan risak piyambak, bokmanawi kadhatêngan siksaning Allah, sintên ingkang kuwawi têtulung dhatêng kula. Raja Phirngon mangsuli: He para santanaku, ênggonku anggêlarake rêmbug marang kowe iki, mêtu saka pamikir kang bêning, Nabi Musa bêcik dipatèni bae, rêmbugku kang mangkono mau, aku ora nasarake, nanging nuduhake dalan bênêr.
مِثْلَ دَأْبِ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ وَالَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗوَمَا اللّٰهُ يُرِيْدُ ظُلْمًا لِّلْعِبَادِ٣١
Miṡla da'bi qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūda wal-lażīna mim ba‘dihim, wa mallāhu yurīdu ẓulmal lil-‘ibād(i).
[31]
Wong mukmin mau calathu: He para sadhèrèk, kula kuwatos bokmanawi sampeyan tinêmpuh siksa kados para umat kina rumiyin.
وَيٰقَوْمِ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ يَوْمَ التَّنَادِۙ٣٢
Wa yā qaumi innī akhāfu ‘alaikum yaumat-tanād(i).
[32]
Kados siksaning para umatipun Nabi Nuh lan tiyang Ngad, punapadene siksanipun [siksani....pun] tiyang Samud rumiyin.
يَوْمَ تُوَلُّوْنَ مُدْبِرِيْنَۚ مَا لَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ عَاصِمٍۚ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٣٣
Yauma tuwallūna mudbirīn(a), mā lakum minallāhi min ‘āṣim(in), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[33]
Sarta siksanipun para tiyang kaphir sasampunipun, umat kina ingkang kasêbut wau, Allah punika botên pisan rêmên nganiaya para kawulanipun.
وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ يُوْسُفُ مِنْ قَبْلُ بِالْبَيِّنٰتِ فَمَا زِلْتُمْ فِيْ شَكٍّ مِّمَّا جَاۤءَكُمْ بِهٖ ۗحَتّٰىٓ اِذَا هَلَكَ قُلْتُمْ لَنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ مِنْۢ بَعْدِهٖ رَسُوْلًا ۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ مُّرْتَابٌۙ٣٤
Wa laqad jā'akum yūsufu min qablu bil-bayyināti famā ziltum fī syakkim mimmā jā'akum bih(ī), ḥattā iżā halaka qultum lay yab‘aṡallāhu mim ba‘dihī rasūlā(n), każālika yuḍillullāhu man huwa musrifum murtāb(un).
[34]
He para sadhèrèk, kula punika nguwatosakên dhatêng sampeyan, kadospundi polah sampeyan benjing dintên kiyamat.
ۨالَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ بِغَيْرِ سُلْطٰنٍ اَتٰىهُمْۗ كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللّٰهِ وَعِنْدَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۗ كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ قَلْبِ مُتَكَبِّرٍ جَبَّارٍ٣٥
Allażīna yujādilūna fī āyātillāhi bigairi sulṭānin atāhum, kabura maqtan ‘indallāhi wa ‘indal-lażīna āmanū, każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā kulli qalbi mutakabbirin jabbār(in).
[35]
Nalikanipun sampeyan mundur saking tampi karampunganing Allah, nuntên dipun cêmplungakên ing naraka, sampeyan botên gadhah andêl-andêl ingkang nulak siksaning Allah. Sintên ingkang dipun pêsthi kêsasar dening Allah, mêsthi botên wontên ingkang sagêd nêdahakên margi lêrês.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ يٰهَامٰنُ ابْنِ لِيْ صَرْحًا لَّعَلِّيْٓ اَبْلُغُ الْاَسْبَابَۙ٣٦
Wa qāla fir‘aunu yā hāmānubni lī ṣarḥal la‘allī ablugul-asbāb(a).
[36]
Kala rumiyin sampeyan sampun kadhatêngan rasul nama Nabi Yusup, kanthi tăndha yêkti pintên-pintên, nanging sampeyan namung maibên thok, dhatêng dhawuhipun Nabi Yusup wau, sarêng Nabi Yusup sampun seda, sampeyan sami wicantên: Sanadyan sapungkure Nabi Yusup, Allah iya ora bakal ngutus rasul. Inggih makatên punika Allah [A...llah] anggènipun nasarakên tiyang ingkang kasangêtên anggènipun mamang dhatêng agama.
اَسْبَابَ السَّمٰوٰتِ فَاَطَّلِعَ اِلٰٓى اِلٰهِ مُوْسٰى وَاِنِّيْ لَاَظُنُّهٗ كَاذِبًا ۗوَكَذٰلِكَ زُيِّنَ لِفِرْعَوْنَ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ وَصُدَّ عَنِ السَّبِيْلِ ۗوَمَا كَيْدُ فِرْعَوْنَ اِلَّا فِيْ تَبَابٍ ࣖ٣٧
Asbābas-samāwāti fa aṭṭali‘a ilā ilāhi mūsā wa innī la'aẓunnuhū kāżibā(n), wa każālika zuyyina lifir‘auna sū'u ‘amalihī wa ṣudda ‘anis-sabīl(i), wa mā kaidu fir‘auna illā fī tabāb(in).
[37]
Inggih punika tiyang ingkang sami mabêni ayating Allah tanpa wêwaton tăndha yêkti pêparinging Allah. Pabênipun ingkang makatên wau, mênggahing Allah utawi mênggahing para tiyang mukmin, badhe agêng siksanipun. Kados makatên punika Allah anggènipun mêsthi dhatêng manahipun para tiyang gumêdhe sadaya.
وَقَالَ الَّذِيْٓ اٰمَنَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوْنِ اَهْدِكُمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِۚ٣٨
Wa qālal-lażī āmana yā qaumittabi‘ūni ahdikum sabīlar-rasyād(i).
[38]
Raja Phirngon banjur dhawuh: He Aman, aku gawèkna panggung kang dhuwur, supaya aku bisa munggah têkan lawang pirang-pirang.
يٰقَوْمِ اِنَّمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ ۖوَّاِنَّ الْاٰخِرَةَ هِيَ دَارُ الْقَرَارِ٣٩
Yā qaumi innamā hāżihil-ḥayātud-dun-yā matā‘(un), wa innal-ākhirata hiya dārul-qarār(i).
[39]
Iya iku lawang-lawanging langit, bokmanawa aku bisa katêmu lan Pangerane Nabi Musa, nanging kiraku kandhane Nabi Musa iku goroh.
مَنْ عَمِلَ سَيِّئَةً فَلَا يُجْزٰىٓ اِلَّا مِثْلَهَاۚ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ يُرْزَقُوْنَ فِيْهَا بِغَيْرِ حِسَابٍ٤٠
Man ‘amila sayyi'atan falā yujzā illā miṡlahā, wa man ‘amila ṣāliḥam min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa'ulā'ika yadkhulūnal-jannata yurzaqūna fīhā bigairi ḥisāb(in).
[40]
Wis mangkono karsaning Allah, Raja Phirngon kêna ing godha, dhêmên bangêt anglêstarèkake ênggone nglakoni panggawe ala, Raja Phirngon disasarake saka ing dalan bênêr. Lêkase Raja Phirngon ênggone ngarah sirnane agamane Nabi Musa, iku tanpa gawe, nanging malah tumiba ing kapitunan.
۞ وَيٰقَوْمِ مَا لِيْٓ اَدْعُوْكُمْ اِلَى النَّجٰوةِ وَتَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَى النَّارِۗ٤١
Wa yā qaumi mā lī ad‘ūkum ilan-najāti wa tad‘ūnanī ilan-nār(i).
[41]
Wong kang pracaya marang Nabi Musa mau calathu: He para sadhèrèk, sampeyan manut dhatêng kula, sampeyan kula têdahakên margi ingkang lêrês.
تَدْعُوْنَنِيْ لِاَكْفُرَ بِاللّٰهِ وَاُشْرِكَ بِهٖ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ وَّاَنَا۠ اَدْعُوْكُمْ اِلَى الْعَزِيْزِ الْغَفَّارِ٤٢
Tad‘ūnanī li'akfura billāhi wa usyrika bihī mā laisa lī bihī ‘ilmuw wa ana ad‘ūkum ilal-‘azīzil-gaffār(i).
[42]
He para sadhèrèk, gêsang wontên ing dunya punika kabingahan namung sawatawis măngsa, dene gêsang wontên ing akhirat punika panggenan ingkang têtêp sayêktos.
لَا جَرَمَ اَنَّمَا تَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَيْهِ لَيْسَ لَهٗ دَعْوَةٌ فِى الدُّنْيَا وَلَا فِى الْاٰخِرَةِ وَاَنَّ مَرَدَّنَآ اِلَى اللّٰهِ وَاَنَّ الْمُسْرِفِيْنَ هُمْ اَصْحٰبُ النَّارِ٤٣
Lā jarama annamā tad‘ūnanī ilaihi laisa lahū da‘watun fid-dun-yā wa lā fil-ākhirati wa anna maraddanā ilallāhi wa annal-musrifīna hum aṣḥābun-nār(i).
[43]
Sintên ingkang nglampahi awon, patrapanipun botên langkung samurwating kalêpatanipun. Nanging sintên ingkang nglampahi kasaenan, jalêra, èstria, ugêripun tiyang mukmin, mêsthi malêbêt ing suwarga, wontên ing ngriku sami dipun paringi rijêki tanpa kintên-kintên.
فَسَتَذْكُرُوْنَ مَآ اَقُوْلُ لَكُمْۗ وَاُفَوِّضُ اَمْرِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ بَصِيْرٌ ۢبِالْعِبَادِ٤٤
Fa satażkurūna mā aqūlu lakum, wa ufawwiḍu amrī ilallāh(i), innallāha baṣīrum bil-‘ibād(i).
[44]
He para sadhèrèk, sampeyan sami kula jak wilujêng, kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhatêng naraka.
فَوَقٰىهُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِ مَا مَكَرُوْا وَحَاقَ بِاٰلِ فِرْعَوْنَ سُوْۤءُ الْعَذَابِۚ٤٥
Fa waqāhullāhu sayyi'āti mā makarū wa ḥāqa bi'āli fir‘auna sū'al-‘ażāb(i).
[45]
Sampeyan sami ngajak-ajak dhatêng kula supados kula dados kaphir, maibên dhatêng Allah sarta malih tingal ing Allah, nyêmbah brahala ingkang kula botên sumêrêp katêranganipun yèn punika Pangeran, kang măngka kula ngajak-ajak [nga....jak-ajak] dhatêng sampeyan supados sumungkêm nêmbah ing Allah, ingkang Mahamulya tur ngapura dosa.
اَلنَّارُ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا غُدُوًّا وَّعَشِيًّا ۚوَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ ۗ اَدْخِلُوْٓا اٰلَ فِرْعَوْنَ اَشَدَّ الْعَذَابِ٤٦
An-nāru yu‘raḍūna ‘alaihā guduwwaw wa ‘asyiyyā(n), wa yauma taqūmus-sā‘ah(tu), adkhilū āla fir‘auna asyaddal-‘ażāb(i).
[46]
Sampun mêsthi kemawon anggèn sampeyan ngajak kula nyêmbah brahala punika tanpa guna, awit pun brahala punika wontên ing dunya botên nêdha dipun sêmbah, wontên ing akhirat badhe nyelaki panyêmbah sampeyan. Ing benjing kula lan sampeyan punika sami badhe wangsul dhatêng ngarsaning Allah. Dene para tiyang kaphir sami dipun cêmplungakên ing naraka.
وَاِذْ يَتَحَاۤجُّوْنَ فِى النَّارِ فَيَقُوْلُ الضُّعَفٰۤؤُا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ اَنْتُمْ مُّغْنُوْنَ عَنَّا نَصِيْبًا مِّنَ النَّارِ٤٧
Wa iż yataḥājjūna fin-nāri fayaqūluḍ-ḍu‘afā'u lil-lażīnastakbarū innā kunnā lakum taba‘an fahal antum mugnūna ‘annā naṣībam minan-nār(i).
[47]
Benjing yèn sampeyan sampun ningali naraka, mêsthi kèngêtan atur kula dhatêng sampeyan punika. Kula nyumanggakakên kawontênanipun badan kula punika dhatêng Allah. Sayêktosipun Allah punika mirsani dhatêng para kawulanipun.
قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُلٌّ فِيْهَآ اِنَّ اللّٰهَ قَدْ حَكَمَ بَيْنَ الْعِبَادِ٤٨
Qālal-lażīnastakbarū innā kullun fīhā innallāha qad ḥakama bainal-‘ibād(i).
[48]
Allah ngrêksa marang wong lanang mukmin mau, kalis saka pialane Raja Phirngon ênggone ngancam arêp matèni. Raja Phirngon sabalane padha tinêmpuh ing siksa kang ala.
وَقَالَ الَّذِيْنَ فِى النَّارِ لِخَزَنَةِ جَهَنَّمَ ادْعُوْا رَبَّكُمْ يُخَفِّفْ عَنَّا يَوْمًا مِّنَ الْعَذَابِ٤٩
Wa qālal-lażīna fin-nāri likhazanati jahannamad‘ū rabbakum yukhaffif ‘annā yaumam minal-‘ażāb(i).
[49]
(Pangandikaning Allah): Raja Phirngon sabalane sawise padha mati, sabên esuk lan sore padha dikon ngicipi siksa naraka, nganti têkan dina kiyamat. Ing besuk dina kiyamat ana dhawuhing Allah: Raja Phirngon sabalane iku padha cêmplungna ing naraka siksa kang luwih dening abot.
قَالُوْٓا اَوَلَمْ تَكُ تَأْتِيْكُمْ رُسُلُكُمْ بِالْبَيِّنٰتِ ۗقَالُوْا بَلٰىۗ قَالُوْا فَادْعُوْا ۚوَمَا دُعٰۤؤُا الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ ࣖ٥٠
Qālū awalam taku ta'tīkum rusulukum bil-bayyināt(i), qālū balā, qālū fad‘ū, wa mā du‘ā'ul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[50]
(He Mukhammad) sira nyaritakna ananing akhirat, nalikane wong naraka padha garêjêgan lan padha kancane. Wong kang mung ila-ilu bae padha calathu marang wong kang padha gumêdhe: Enggonku kaphir biyèn mung manut marang kowe bae. Saiki kapriye, apa kowe bisa nulak naraka iki, aja nglarani marang aku.
اِنَّا لَنَنْصُرُ رُسُلَنَا وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَيَوْمَ يَقُوْمُ الْاَشْهَادُۙ٥١
Innā lananṣuru rusulanā wal-lażīna āmanū fil-ḥayātid-dun-yā wa yauma yaqūmul-asyhād(u).
[51]
Wong kang gumêdhe padha mangsuli: Apa kang koucap. Kowe wêruh dhewe, aku lan kowe padha ana ing naraka. Satêmêne Allah wis nindakake bêbênêran marang para kawulane.
يَوْمَ لَا يَنْفَعُ الظّٰلِمِيْنَ مَعْذِرَتُهُمْ وَلَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ٥٢
Yauma lā yanfa‘uẓ-ẓālimīna ma‘żiratuhum wa lahumul-la‘natu wa lahum sū'ud-dār(i).
[52]
Wong kang ana ing naraka padha matur marang para malaikat kang rumêksa naraka, kula mugi sampeyan suwunakên dhatêng Pangeran sampeyan, supados kula dipun paringana mayar sadintên kemawon, kula botên kuwawi awrating siksa punika.
وَلَقَدْاٰتَيْنَا مُوْسَى الْهُدٰى وَاَوْرَثْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَۙ٥٣
Wa laqad ātainā mūsal-hudā wa auraṡnā banī isrā'īlal-kitāb(a).
[53]
Para malaikat mau padha mangsuli: Apa biyèn kowe ora disurup-surupake dening rasulmu kanthi tăndha yêkti pirang-pirang. Wong kaphir padha mangsuli: Inggih sampun dipun sêrêp-sêrêpakên, nanging kula maibên. Malaikat mangsuli: Yèn mangkono, padha nyuwuna dhewe-dhewe ing Allah, aku ora wani nyuwunake wong kaphir, nanging panyuwune wong kaphir ora bakal diparêngake.
هُدًى وَّذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ٥٤
Hudaw wa żikrā li'ulil-albāb(i).
[54]
(Pangandikaning Allah): Ingsun paring pitulung marang para utusan Ingsun lan marang para wong mukmin ana ing dunya iki lan besuk ana ing akhirat.
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاسْتَغْفِرْ لِذَنْۢبِكَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ بِالْعَشِيِّ وَالْاِبْكَارِ٥٥
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqquw wastagfir liżambika wa sabbiḥ biḥamdi rabbika bil-‘asyiyyi wal-ibkār(i).
[55]
Iya iku dina nalikane para wong kaphir padha ora dianggêp ênggone ngaturake sabab kang murih wurunge utawa ènthènging siksa, wong kaphir padha kêna bêbênduning Allah, lan padha dicêmplungake ing naraka, iya iku panggonan kang ala dhewe.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ بِغَيْرِ سُلْطٰنٍ اَتٰىهُمْ ۙاِنْ فِيْ صُدُوْرِهِمْ اِلَّا كِبْرٌ مَّا هُمْ بِبَالِغِيْهِۚ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ٥٦
Innal-lażīna yujādilūna fī āyātillāhi bigairi sulṭānin atāhum, in fī ṣudūrihim illā kibrum mā hum bibāligīh(i), fasta‘iż billāh(i), innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[56]
Ingsun wis paring pituduh bênêr marang Nabi Musa, iya iku Kitab Torèt, lan kaelokan. Sapungkure Nabi Musa, wong Bani Srail padha Ingsun parêngake lêstari nganggo wêwaton Kitab Torèt, minăngka pituduh bênêr lan dadi wêwulang tumrap wong kang ana akale.
لَخَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اَكْبَرُ مِنْ خَلْقِ النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٧
Lakhalqus-samāwāti wal-arḍi akbaru min khalqin-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[57]
(He Mukhammad), sira sabara bae, prasêtyane Allah bakal paring pitulung marang para kêkasihe, iku têmên. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira, lan nyêbuta Mahasuci mêmuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ەۙ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَلَا الْمُسِيْۤئُ ۗقَلِيْلًا مَّا تَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Wa mā yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa lal-musī'(u), qalīlam mā tatażakkarūn(a).
[58]
Sarupane wong kang padha madoni ayating Allah, tanpa tăndha yêkti pêparinging Allah, wong mangkono mau atine mêsthi kisèn gumêdhe kumudu ngungkuli sira, nanging măngsa kêlakona ngungkuli. Sira banjur ngungsia ing Allah, nyuwuna dikalisake saka pialane wong gumêdhe mau. Allah iku miyarsa tur mirsani.
اِنَّ السَّاعَةَ لَاٰتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيْهَا ۖوَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ٥٩
Innas-sā‘ata la'ātiyatul lā raiba fīhā, wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[59]
Gawe bumi lan langit kang samono gêdhene iku luwih angèl tinimbang gawe manungsa [ma.....nungsa] utawa nguripake manungsa kang wis mati, ewadene Allah kalêksanan gawe bumi lan langit. Dadi mêsthi kuwasa nguripake wong kang wis mati. Nanging akèh-akèhing wong, ora wêruh kang mangkono mau.
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ ࣖ٦٠
Wa qāla rabbukumud‘ūnī astajib lakum, innal-lażīna yastakbirūna ‘an ‘ibādatī sayadkhulūna jahannama dākhirīn(a).
[60]
Wong picak lan wong awas mêsthi ora padha, mangkono manèh wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iya ora padha lan wong ala. Ewadene wong kang pasah dening pitutur iki sathithik bangêt.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٦١
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-laila litaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), innallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[61]
Dina kiyamat iku enggal lawas mêsthi kêlakon, ora sumêlang bakal kalêksanane, ewadene akèh wong kang ora ngandêl.
ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍۘ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۖفَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٦٢
Żālikumullāhu rabbukum khāliqu kulli syai'(in), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tu'fakūn(a).
[62]
Allah Pangeranira ngandika: Sira padha nyênyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marêngake panyuwunira. Sarupane wong kang gumêdhe, suthik nêmbah marang Ingsun, iku bakal dicêmplungake ing Naraka Jahanam tanpa aji.
كَذٰلِكَ يُؤْفَكُ الَّذِيْنَ كَانُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٦٣
Każālika yu'fakul-lażīna kānū bi'āyātillāhi yajḥadūn(a).
[63]
Allah iku kang nganakake wêngi, kanggo palerenan, sarta nganakake awan padhang, kanggo nindakake sabarang panggawean. [panggawe....an.] Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, ewadene akèh wong kang ora sukur ing Allah.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ قَرَارًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً وَّصَوَّرَكُمْ فَاَحْسَنَ صُوَرَكُمْ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ ۚ فَتَبٰرَكَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ٦٤
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-arḍa qarāraw was-samā'a binā'aw wa ṣawwarakum fa'aḥsana ṣuwarakum wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāt(i), żālikumullāhu rabbukum, fatabārakallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[64]
Kang mangkono iku Allah Pangeranira, iya iku kang gawe samubarang iki kabèh. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, kapriye ênggonira arêp suthik nêmbah ing Allah.
هُوَ الْحَيُّ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ فَادْعُوْهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٥
Huwal-ḥayyu lā ilāha illā huwa fad‘ūhu mukhliṣīna lahud-dīn(a), al-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[65]
Mangkono manèh wong kang padha maido ayating Allah iya padha disingkirake saka rahmating Allah.
۞ قُلْ اِنِّيْ نُهِيْتُ اَنْ اَعْبُدَ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَمَّا جَاۤءَنِيَ الْبَيِّنٰتُ مِنْ رَّبِّيْ وَاُمِرْتُ اَنْ اُسْلِمَ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٦
Qul innī nuhītu an a‘budal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi lammā jā'aniyal-bayyinātu mir rabbī wa umirtu an uslima lirabbil-‘ālamīn(a).
[66]
Allah iku kang nganakake bumi, kanggo papan panggonanira, apadene nganakake langit prasasat dadi payon. Allah wis nganakake sira, sarta gawe bêcik rupanira, mangko[5] manèh paring rijêki panganan kang enak-enak marang sira. Kang mangkono iku Allah Pangeranira. Allah Pangerane ngalam kabèh iku Mahaluhur.
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ يُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوْٓا اَشُدَّكُمْ ثُمَّ لِتَكُوْنُوْا شُيُوْخًا ۚوَمِنْكُمْ مَّنْ يُّتَوَفّٰى مِنْ قَبْلُ وَلِتَبْلُغُوْٓا اَجَلًا مُّسَمًّى وَّلَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٦٧
Huwal-lażī khalaqakum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma min ‘alaqatin ṡumma yukhrijukum ṭiflan ṡumma litablugū asyuddakum ṡumma litakūnū syuyūkhā(n), wa minkum may yutawaffā min qablu wa litablugū ajalam musammaw wa la‘allakum ta‘qilūn(a).
[67]
Allah iku kang gêsang, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, sira padha nêmbaha lan nyênyuwuna ing Allah, nglakonana agama [a.gama] maligi konjuk ing Allah, Pangeraning ngalam kabèh.
هُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۚ فَاِذَا قَضٰىٓ اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ࣖ٦٨
Huwal-lażī yuḥyī wa yumīt(u), fa'iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[68]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Sawise aku diparingi tăndha yêkti yèn Allah iku mung siji, aku dilarangi nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala kang padha kosêmbah, lan aku didhawuhi manut ing Allah, Pangeraning ngalam kabèh.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗاَنّٰى يُصْرَفُوْنَۚ٦٩
Alam tara ilal-lażīna yujādilūna fī āyātillāh(i), annā yuṣrafūn(a).
[69]
Allah iku kang gawe awakira saka ing lêmah, iya iku ênggone gawe lêluhurira Nabi Adam, nuli gawe awakira saka ing mani, mani mau nuli dadi gêtih kênthêl, nuli mêtokake sira dadi bayi. Bayi mau banjur dadi wong tuwa. Sawênèhing wong ana uga kang mati sadurunge tuwa. Mulane ditindakake mangkono. Supaya sira têkan ing titimăngsa kang tinamtokake patinira. Kang mangkono mau, supaya sira padha ngrasakake.
اَلَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِالْكِتٰبِ وَبِمَآ اَرْسَلْنَا بِهٖ رُسُلَنَا ۗفَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَۙ٧٠
Allażīna każżabū bil kitābi wa bimā arsalnā bihī rusulanā, fasaufa ya‘lamūn(a).
[70]
Allah iku kang nguripi lan matèni. Manawa Allah ngarsakake kêlakone sawijining prakara, Allah mung ngandika: Sira anaa. Sanalika barang kang dikarsakake banjur ana.
اِذِ الْاَغْلٰلُ فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ وَالسَّلٰسِلُۗ يُسْحَبُوْنَۙ٧١
Iżil-aglālu fī a‘nāqihim was-salāsil(u), yusḥabūn(a).
[71]
Apa sira ora andêlêng wong kang padha madoni Kuran ayating Allah, kapriye ênggone padha sumingkir saka agama kang bênêr.
فِى الْحَمِيْمِ ەۙ ثُمَّ فِى النَّارِ يُسْجَرُوْنَۚ٧٢
Fil-ḥamīm(i), ṡumma fin-nāri yusjarūn(a).
[72]
Kang padha maido Kitab Kuran, lan maido barang kang didhawuhake dening para utusan Ingsun, ing têmbe wong mau bakal wêruh patrapane ênggone padha maido.
ثُمَّ قِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تُشْرِكُوْنَۙ٧٣
Ṡumma qīla lahum aina mā kuntum tusyrikūn(a).
[73]
Ing besuk, balêngguning Allah ana ing gulune wong kaphir, dene rante sinambung lan balênggu mau, ana ing Naraka Jahanam, banjur diurubake ana ing naraka.
مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالُوْا ضَلُّوْا عَنَّا بَلْ لَّمْ نَكُنْ نَّدْعُوْا مِنْ قَبْلُ شَيْـًٔاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ الْكٰفِرِيْنَ٧٤
Min dūnillāh(i), qālū ḍallū ‘annā bal lam nakun nad‘ū min qablu syai'ā(n), każālika yuḍillullāhul-kāfirīn(a).
[74]
Wong kaphir mau banjur padha didhawuhi: Endi rupane barang liyane Allah kang sira ênggo maro tingal biyèn. Wong kaphir padha mangsuli, sami botên katingal, malah kala rumiyin, kula botên rumaos nyêmbah punapa-punapa, kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kaphir.
ذٰلِكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَفْرَحُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَمْرَحُوْنَ٧٥
Żālikum bimā kuntum tafraḥūna fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa bimā kuntum tamraḥūn(a).
[75]
Siksa mangkono mau, amarga sira padha bungah-bungah kalawan barang kang ora bênêr ana-ana[6] [ana-..ana] ing bumi, lan marga ênggonira padha bangêt bungah nglakoni duraka.
اُدْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚفَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٧٦
Udkhlulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fabi'sa maṡwal-mutakabūbirīn(a).
[76]
Mara padha malêbua lawanging Naraka Jahanam, sira padha langgêng ana ing kono. Ala têmên panggonane wong kang padha gumêdhe.
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ ۚفَاِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ٧٧
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqq(un), fa'immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa'ilainā yurja‘ūn(a).
[77]
(He Mukhammad) sira sabara, prasêtya lan pangancaming Allah iku mêsthi nyata. Têrkadhang sawênèhe kang wis Ingsun ancamake mau, ana uga kang Ingsun tontonake marang sira, lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge. Besuk dina kiyamat, wong kaphir padha diimpun bali marang ngarsaningsun.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّنْ قَبْلِكَ مِنْهُمْ مَّنْ قَصَصْنَا عَلَيْكَ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّمْ نَقْصُصْ عَلَيْكَ ۗوَمَا كَانَ لِرَسُوْلٍ اَنْ يَّأْتِيَ بِاٰيَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚفَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُ اللّٰهِ قُضِيَ بِالْحَقِّ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْمُبْطِلُوْنَ ࣖ٧٨
Wa laqad arsalnā rusulam min qablika minhum man qaṣaṣnā ‘alaika wa minhum mal lam naqṣuṣ ‘alaik(a), wa mā kāna lirasūlin ay ya'tiya bi'āyatin illā bi'iżnillāh(i), fa'iżā jā'a amrullāhi quḍiya bil-ḥaqqi wa khasira hunālikal-mubṭilūn(a).
[78]
Sadurunge sira, Ingsun têmên wis ngutus rasul pirang-pirang, rasul mau ana kang Ingsun kandhakake marang sira, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake marang sira. Siji-sijining rasul mau, ora gêlêm andhawuhake ayat, kajaba yèn wis olèh dhawuhing Allah. Pasulayaning rasul lan kang maido, banjur dirampungi kalawan bênêr. Pangandikaning Allah: Para wong kang maido iku, têtela padha kapitunan.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَنْعَامَ لِتَرْكَبُوْا مِنْهَا وَمِنْهَا تَأْكُلُوْنَۖ٧٩
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-an‘āma litarkabū minhā wa minhā ta'kulūn(a).
[79]
Allah iku kang anggawèkake rajakaya marang sira, supaya sira tunggangi, lan kêna sira pangan daginge.
وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَلِتَبْلُغُوْا عَلَيْهَا حَاجَةً فِيْ صُدُوْرِكُمْ وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَۗ٨٠
Wa lakum fīhā manāfi‘u wa litablugū ‘alaihā ḥājatan fī ṣudūrikum wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[80]
Rajakaya mau paidahe akèh tumraping sira, iya iku kêna sira anggo nêkani kêkarêpanira kang ana ing atinira, kaya ta anggawa barang kang abot marang nagara liya, sira bisa nunggang rajakaya ana ing dharatan, utawa nunggang prau ana ing sagara.
وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖۖ فَاَيَّ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُنْكِرُوْنَ٨١
Wa yurīkum āyātih(ī), fa ayya āyātillāhi tunkirūn(a).
[81]
Allah nontonake ayate marang sira, kang nuduhake yèn Allah iku mung siji, lah ta êndi ayating Allah kang sira paido.
اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْهُمْ وَاَشَدَّ قُوَّةً وَّاٰثَارًا فِى الْاَرْضِ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨٢
Afalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, kānū akṡara minhum wa asyadda quwwataw wa āṡāran fil-arḍi famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[82]
Manungsa apa ora padha anjajah ing bumi, banjur padha andêlêng patilasane wong kuna pirang- pirang. Kapriye wêkasane wong kang padha duraka kaphir biyèn. Tur iku luwih akèh cacahe, lan luwih gagah prakosa, apadene luwih akèh gêgaweane, ewadene dirusak dening Allah, gêgaweane ora bisa nulak siksaning Allah.
فَلَمَّا جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَرِحُوْا بِمَا عِنْدَهُمْ مِّنَ الْعِلْمِ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٨٣
Falammā jā'athum rusuluhum bil-bayyināti fariḥū bimā ‘indahum minal-‘ilmi wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[83]
Barêng wong kaphir mau katêkan rasul, kanthi [ka...nthi] mukjizat kaelokan, banjur padha bungah, nanging bungahe bungah anggêguyu kawruhe rasul mau. Banjur tinêmpuh ing siksa ênggone padha anggêguyu.
فَلَمَّا رَاَوْا بَأْسَنَاۗ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَحْدَهٗ وَكَفَرْنَا بِمَا كُنَّا بِهٖ مُشْرِكِيْنَ٨٤
Falammā ra'au ba'sanā qālū āmannā billāhi waḥdahū wa kafarnā bimā kunnā bihī musyrikīn(a).
[84]
Barêng wong kaphir padha wêruh siksaningsun, banjur ngucap mangkene: Kula sapunika ngandêl ing Allah piyambak, sarta maibên dhatêng brahala ingkang sami kula angge malih tingal.
فَلَمْ يَكُ يَنْفَعُهُمْ اِيْمَانُهُمْ لَمَّا رَاَوْا بَأْسَنَا ۗسُنَّتَ اللّٰهِ الَّتِيْ قَدْ خَلَتْ فِيْ عِبَادِهٖۚ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٥
Falam yaku yanfa‘uhum īmānuhum lammā ra'au ba'sanā, sunnatallāhil latī qad khalat fī ‘ibādih(ī), wa khasira hunālikal-kāfirūn(a).
[85]
Sarèhne wong kaphir mau wis andêlêng siksaningsun, mulane pangandêle marang Ingsun wis ora migunani apa-apa. Iya iku pranataning Allah kang wis tumindak marang para kawulane kuna-kumuna. Ing kono wong kaphir padha kapitunan.