Surah An-Nisa`

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَّنِسَاۤءً ۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْ تَسَاۤءَلُوْنَ بِهٖ وَالْاَرْحَامَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا١
Yā ayyuhan-nāsuttaqū rabbakumul-lażī khalaqakum min nafsiw wāḥidatiw wa khalaqa minhā zaujahā wa baṡṡa minhumā rijālan kaṡīraw wa nisā'ā(n), wattaqullāhal-lażī tasā'alūna bihī wal-arḥām(a), innallāha kāna ‘alaikum raqībā(n).
[1] He manungsa ing Mêkah kabèh, sira padha wêdia ing Pangeranira, kang wis nitahake sira, uwite saka awak siji bae (Iya iku Nabi Adam. Jalalèn.) lan banjur nitahake bojone, (Iya iku Siti Khawa. Jalalèn.) dititahake saka cêcuwilaning awak siji mau, (Iya iku igane wêkas Nabi Adam kang kiwa, dititahake dadi Siti Khawa. Jalalèn.) Allah ngarsakake wong sakaloron mau banjur babranahan dadi wong lanang pirang-pirang lan wong wadon pirang-pirang, lan sira padha wêdia ing Allah kang sira anggo gêgaraning anjêjaluk, (Adate wong ing Mêkah yèn anjêjaluk, nganggo nyêbut asmaning Allah, kaya ta: alantaran Allah, aku anjaluk dhuwit limang sèn bae, lan manèh wong Mêkah yèn papriman tanpa nêmbung apa-apa, mung ngucap (ya Allahu ya karimu), têgêse: dhuh Allah, dhuh dzat ingkang mulya tur loma. Sarèhning wis dadi ngadat, wong kang diprimani iya ngêrti, banjur mènèhi. Jalalèn. Rabingul Abrar.) lan aja padha mêdhot sih, satêmêne Allah iku nyathêti samubarang lakunira kabèh.

وَاٰتُوا الْيَتٰمٰىٓ اَمْوَالَهُمْ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيْثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَهُمْ اِلٰٓى اَمْوَالِكُمْ ۗ اِنَّهٗ كَانَ حُوْبًا كَبِيْرًا٢
Wa ātul-yatāmā amwālahum wa lā tatabaddalul-khabīṡa biṭ-ṭayyib(i), wa lā ta'kulū amwālahum ilā amwālikum, innahū kāna ḥūban kabīrā(n).
[2] Lan sira padha mènèhna bandhane bocah yatim, (Bocah yatim iku bocah kang durung balèg tininggal mati ing bapakne. Jalalèn.) marang bocah yatim kang anduwèni băndha mau, lan aja nglironi bandhane kang bêcik, sira lironi barang kang ala, lan aja mangan bandhane bocah yatim mau sira wor lan bandhanira, satêmêne kang mangkono iku dosa gêdhe.

وَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تُقْسِطُوْا فِى الْيَتٰمٰى فَانْكِحُوْا مَا طَابَ لَكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ مَثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَ ۚ فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تَعْدِلُوْا فَوَاحِدَةً اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَلَّا تَعُوْلُوْاۗ٣
Wa in khiftum allā tuqsiṭū fil-yatāmā fankiḥū mā ṭāba lakum minan-nisā'i maṡnā wa ṡulāṡa wa rubā‘(a), fa in khiftum allā ta‘dilū fa wāḥidatan au mā malakat aimānukum, żālika adnā allā ta‘ūlū.
[3] Dene yèn sira padha kuwatir bokmanawa ora bisa adil tumrap bandhaning bocah yatim, (lan kuwatir bokmênawa ora bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha wong wadon kang dadi condhonging atinira, kèhe ngloro lan nêlu utawa mapat bae, dene yèn sira mêksa isih kuwatir bokmanawa ora bisa adil, iya nikaha wong wadon mung siji bae, utawa narimaa mung wong wadon tukon darbèking tanganira bae. Kabèh iku mau akèh lèrège marang kalisira saka ing panganiaya (adil). Lan sira padha ambayara maskawining wong wadon, minăngka pawèwèh. Dene mênawa wong wadon mau wis rila maskawine marang sira, maskawin mau sira pangana kalawan anak.

وَاٰتُوا النِّسَاۤءَ صَدُقٰتِهِنَّ نِحْلَةً ۗ فَاِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِّنْهُ نَفْسًا فَكُلُوْهُ هَنِيْۤـًٔا مَّرِيْۤـًٔا٤
Wa ātun-nisā'a ṣaduqātihinna niḥlah(tan), fa in ṭibna lakum ‘an syai'im minhu nafsan fa kulūhu hanī'am marī'ā(n).
[4] He wong kang padha nguwasani bandhaning bocah sapêpadhane, bocah kang padha ngêbrèh bandhane, aja sira wènèhake, karsaning Allah băndha mau dicêkêlake ing sira, kanggo ngopèni bocah mau, sira padha ngingonana lan nyandhangana bocah mau kalawan bandhane. Lan sira padha nandukna têmbung manis tur kapenak marang bocah mau.

وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاۤءَ اَمْوَالَكُمُ الَّتِيْ جَعَلَ اللّٰهُ لَكُمْ قِيٰمًا وَّارْزُقُوْهُمْ فِيْهَا وَاكْسُوْهُمْ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا٥
Wa lā tu'tus-sufahā'a amwālakumul-latī ja‘alallāhu lakum qiyāmaw warzuqūhum fīhā waksūhum wa qūlū lahum qaulam ma‘rūfā(n).
[5] Lan sira padha nitipriksaa kaananing bocah yatim, nganti têkan balèg, kêna nikahan dhewe, ing kono yèn panimbangira yèn bocah yatim mau wis pintêr, bandhane nuli sira wènèhna marang bocah mau, sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kalawan ora bênêr, lan aja anggege êntèking băndha mau.

وَابْتَلُوا الْيَتٰمٰى حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَۚ فَاِنْ اٰنَسْتُمْ مِّنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوْٓا اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ ۚ وَلَا تَأْكُلُوْهَآ اِسْرَافًا وَّبِدَارًا اَنْ يَّكْبَرُوْا ۗ وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ ۚ وَمَنْ كَانَ فَقِيْرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوْفِ ۗ فَاِذَا دَفَعْتُمْ اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ فَاَشْهِدُوْا عَلَيْهِمْ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا٦
Wabtalul-yatāmā ḥattā iżā balagun-nikāḥ(a), fa in ānastum minhum rusydan fadfa‘ū ilaihim amwālahum, wa lā ta'kulūhā isrāfaw wa bidāran ay yakbarū, wa man kāna ganiyyan falyasta‘fif, wa man kāna faqīran falya'kul bil-ma‘rūf(i), fa iżā dafa‘tum ilaihim amwālahum fa asyhidū ‘alaihim, wa kafā billāhi ḥasībā(n).
[6] Kuwatir yèn bocah mau sêlak gêdhe. Dene wong kang nguwasani mau yèn wong cukup, aja mangan babar pisan marang bandhaning bocah yatim, nanging yèn wong kêkurangan, iya mangana bandhaning bocah yatim mau kalawan bênêr.

لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَۖ وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ مِمَّا قَلَّ مِنْهُ اَوْ كَثُرَ ۗ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًا٧
Lir-rijāli naṣībum mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūn(a), wa lin-nisā'i naṣībum mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūna mimmā qalla minhu au kaṡur(a), naṣībam mafrūḍā(n).
[7] Dene yèn sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang anduwèni băndha mau, iku sira padha nêksèkna têmêne bocah yatim mau wis tămpa bandhane, Allah ênggone nyathêti laku-lakuning kawulane wis cukup.

وَاِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ اُولُوا الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنُ فَارْزُقُوْهُمْ مِّنْهُ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا٨
Wa iżā ḥaḍaral-qismata ulul-qurbā wal-yatāmā wal-masākīnu farzuqūhum minhu wa qūlū lahum qaulam ma‘rūfā(n).
[8] Para wong lanang padha duwe panduman barang têtinggalane bapa biyunge utawa sanak sadulure kang wis padha mati. Apadene para wong wadon iya padha duwe panduman barang têtinggalane bapa biyunge lan sanak sadulure kang wis padha mati, ana kang akèh lan ana kang sathithik, mangkono iku panduman kang wis tinamtokake.

وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا٩
Walyakhsyal-lażīna lau tarakū min khalfihim żurriyyatan ḍi‘āfan khāfū ‘alaihim, falyattaqullāha walyaqūlū qaulan sadīdā(n).
[9] He wong kang padha tămpa panduman waris, manawa ana sanak sadulur kang bênêre ora olèh panduman, lan bocah yatim, apadene para wong miskin, padha amêruhi pangêduming barang tinggalan, iku padha sira ujurana, (sadurunge barang mau diêdum) lan padha sira tandukana têmbung kang manis.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ الْيَتٰمٰى ظُلْمًا اِنَّمَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ نَارًا ۗ وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيْرًا ࣖ١٠
Innal-lażīna ya'kulūna amwālal-yatāmā ẓulman innamā ya'kulūna fī buṭūnihim nārā(n), wa sayaṣlauna sa‘īrā(n).
[10] Lan sira nguwatirna wong kang padha lara bangêt, kang mênawa mati sarta ing sapungkure tinggal anak cilik, anak cilik mau nguwatirake bokmênawa bakal ora kopèn, mulane sira padha wêdia ing Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kalawan pitutur kang bênêr bêcik. (Karêpe: mituturana marang wong kang lara mau, yèn kudu gawe kabêcikan, wèwèh marang sapa-sapa, aja nganti luwih saka pratêloning bandhane, dene rong pratêlon kang isih, iku bakal dadi tinggalan, didumake marang para ahli warise. Jamal.)

يُوْصِيْكُمُ اللّٰهُ فِيْٓ اَوْلَادِكُمْ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِ ۚ فَاِنْ كُنَّ نِسَاۤءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۚ وَاِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۗ وَلِاَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ اِنْ كَانَ لَهٗ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلَدٌ وَّوَرِثَهٗٓ اَبَوٰهُ فَلِاُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَاِنْ كَانَ لَهٗٓ اِخْوَةٌ فَلِاُمِّهِ السُّدُسُ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْۚ لَا تَدْرُوْنَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۗ فَرِيْضَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١١
Yūṣīkumullāhu fī aulādikum liż-żakari miṡlu ḥaẓẓil-unṡayain(i), fa in kunna nisā'an fauqaṡnataini fa lahunna ṡuluṡā mā tarak(a), wa in kānat wāḥidatan fa lahan-niṣf(u), wa li abawaihi likulli wāḥidim minhumas-sudusu mimmā taraka in kāna lahū walad(un), fa illam yakul lahū waladuw wa wariṡahū abawāhu fa li'ummihiṡ-ṡuluṡ(u), fa in kāna lahū ikhwatun fa li'ummihis-sudusu mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣī bihā au dain(in), ābā'ukum wa abnā'ukum, lā tadrūna ayyuhum aqrabu lakum naf‘ā(n), farīḍatam minallāh(i), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[11] Sarupaning wong kang padha mangan bandhaning bocah yatim, kalawan panganiaya, iku mêsthi dumunung marêgi [ma...][...rêgi] wêtênge kalawan gêni naraka, lire: ing besuk bakal kêcêmplung ing naraka kang aran naraka Sangir.

۞ وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ اَزْوَاجُكُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهُنَّ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّكُمْ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوْصُوْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ وَاِنْ كَانَ رَجُلٌ يُّوْرَثُ كَلٰلَةً اَوِ امْرَاَةٌ وَّلَهٗٓ اَخٌ اَوْ اُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُۚ فَاِنْ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَهُمْ شُرَكَاۤءُ فِى الثُّلُثِ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصٰى بِهَآ اَوْ دَيْنٍۙ غَيْرَ مُضَاۤرٍّ ۚ وَصِيَّةً مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَلِيْمٌۗ١٢
Wa lakum niṣfu mā taraka azwājukum illam yakul lahunna walad(un), fa in kāna lahunna waladun fa lakumur-rubu‘u mimmā tarakna mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣīna bihā au dain(in), wa lahunnar-rubu‘u mimmā taraktum illam yakul lakum walad(un), fa in kāna lakum waladun fa lahunnaṡ-ṡumunu mimmā taraktum mim ba‘di waṣiyyatiy tūṣūna bihā au dain(in), wa in kāna rajuluy yūraṡu kalālatan awimra'atuw wa lahū akhun au ukhtun fa likulli wāḥidatim minhumas-sudus(u), fa in kānū akṡara min żālika fa hum syurakā'u fiṡ-ṡuluṡi mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣā bihā au dain(in), gaira muḍārr(in), waṣiyyatam minallāh(i), wallāhu ‘alīmun ḥalīm(un).
[12] Dhawuhing Allah marang sira kabèh tumrap anak têtinggalanira, iku pandumaning anak lanang siji padha lan pandumaning anak wadon loro. Dene yèn anak mau wadon kabèh, kèhe loro sapandhuwur, iku pandumane rong pratêloning barang têtinggalan. Dene yèn anak wadon mau mung siji, iku pandumane olèh saparoning barang têtinggalan. Dene bapa biyunge wong kang mati, siji-sijine olèh panduman sapranême barang têtinggalan, samono iku manawa kang mati mau tinggal anak, dene yèn ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung bae (utawa nganggo tinggal bojo), iku pandumaning biyung olèh sapratêloning barang tinggalan. Dene mênawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon, loro sapandhuwur) iku pandumaning biyung olèh sapranêman, samono iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang diwêkasake wong kang mati utawa diênggo mundhati utange wong mati mau. Bapakira sapandhuwur lan para anakira ora ana kang wêruh mungguh bapa lan anak mau êndi kang akèh lèrège [lè...][...rège] makolèhi marang sira, pangêdum kang mangkono mau ditamtokake dening Allah, satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١٣
Tilka ḥudūdullāh(i), wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[13] Sira padha duwe panduman saparoning barang têtinggalane rabinira kang mati, iku mênawa rabinira mau ora tinggal anak, dene yèn tinggal anak, sira mung olèh panduman saprapating barang têtinggalane rabinira. Iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang diwêkasake dening rabinira, sarta diênggo mundhati utange.

وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَتَعَدَّ حُدُوْدَهٗ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيْهَاۖ وَلَهٗ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ ࣖ١٤
Wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū wa yata‘adda ḥudūdahū yudkhilhu nāran khālidan fīhā, wa lahū ‘ażābum muhīn(un).
[14] Para rabinira duwe panduman saprapating barang têtinggalanira yèn sira mati, iku mênawa sira ora tinggal anak, dene yèn sira tinggal anak, rabinira mung olèh panduman sapara woluning barang têtinggalanira, iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang sira wêkasake, sarta diênggo mundhati utangira.

وَالّٰتِيْ يَأْتِيْنَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِّسَاۤىِٕكُمْ فَاسْتَشْهِدُوْا عَلَيْهِنَّ اَرْبَعَةً مِّنْكُمْ ۚ فَاِنْ شَهِدُوْا فَاَمْسِكُوْهُنَّ فِى الْبُيُوْتِ حَتّٰى يَتَوَفّٰىهُنَّ الْمَوْتُ اَوْ يَجْعَلَ اللّٰهُ لَهُنَّ سَبِيْلًا١٥
Wal-lātī ya'tīnal-fāḥisyata min nisā'ikum fastasyhidū ‘alaihinna arba‘atam minkum, fa in syahidū fa amsikūhunna fil-buyūti ḥattā yatawaffāhunnal-mautu au yaj‘alallāhu lahunna sabīlā(n).
[15] Dene mênawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaki utawa anak, kang măngka tinggal sadulur kang mung tunggal biyung bae lanang utawa wadon, iku yèn sadulur tunggal biyung mau mung siji, pandumane sapranêming barang têtinggalan, nanging yèn sadulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane [pandu...][...mane] sapratêloning barang têtinggalan, diêdum rampak sakancane padha sadulur tunggal biyung, (lanang wadon padha bae), mangkono iku saturahe diênggo nglêstarèkake wêwêkas kang diwêkasake dening kang mati mau, apadene diênggo mundhati utange.

وَالَّذٰنِ يَأْتِيٰنِهَا مِنْكُمْ فَاٰذُوْهُمَا ۚ فَاِنْ تَابَا وَاَصْلَحَا فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا١٦
Wal-lażāni ya'tiyānihā minkum fa āżūhumā, fa in tābā wa aṣlaḥā fa a‘riḍū ‘anhumā, innallāha kāna tawwābar raḥīmā(n).
[16] Tur wêwêkas mau ora andadèkake pitunaning ahli waris, (Wêwêkas kang andadèkake kapitunaning ahli waris iku kaya ta: yèn mêkas mèwèhake bandhane nganti luwih saka sapratêlon. Jalalèn.) kang wis kasêbut mau dhawuh panduming Allah, dene Allah iku nguningani tur wêlasan.

اِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللّٰهِ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوْبُوْنَ مِنْ قَرِيْبٍ فَاُولٰۤىِٕكَ يَتُوْبُ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١٧
Innamat-taubatu ‘alallāhi lil-lażīna ya‘malūnas-sū'a bijahālatin ṡumma yatūbūna min qarībin fa ulā'ika yatūbullāhu ‘alaihim, wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[17] Kabèh kang wis kasêbut mau anggêr-anggêring Allah, dene sing sapa manut miturut ing Allah lan marang utusaning Allah, Allah angganjar marang wong mau, dilêbokake ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng, iya iku kabêgjan gêdhe.

وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۚ حَتّٰىٓ اِذَا حَضَرَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ اِنِّيْ تُبْتُ الْـٰٔنَ وَلَا الَّذِيْنَ يَمُوْتُوْنَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۗ اُولٰۤىِٕكَ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٨
Wa laisatit-taubatu lil-lażīna ya‘malūnas-sayyi'āt(i), ḥattā iżā ḥaḍara aḥadahumul-mautu qāla innī tubtul-āna wa lal-lażīna yamūtūna wa hum kuffār(un), ulā'ika a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[18] Dene sing sapa duraka ing Allah lan marang utusaning Allah, apadene nêrak anggêr-anggêring Allah, Allah bakal niksa marang wong mau, dicêmplungake ing naraka, ênggone ana ing kono langgêng, sarta dipatrapi siksa kang nyamahake.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَرِثُوا النِّسَاۤءَ كَرْهًا ۗ وَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ لِتَذْهَبُوْا بِبَعْضِ مَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيْنَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ ۚ وَعَاشِرُوْهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ ۚ فَاِنْ كَرِهْتُمُوْهُنَّ فَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّيَجْعَلَ اللّٰهُ فِيْهِ خَيْرًا كَثِيْرًا١٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā yaḥillu lakum an tariṡun-nisā'a karhā(n), wa lā ta‘ḍulūhunna litażhabū biba‘ḍi mā ātaitumūhunna illā ay ya'tīna bifāḥisyatim mubayyinah(tin), wa ‘āsyirūhunna bil-ma‘rūf(i), fa in karihtumūhunna fa ‘asā an takrahū syai'aw wa yaj‘alallāhu fīhi khairan kaṡīrā(n).
[19] He wong kang padha nyêkêl bêbênêran, mungguh para kancanira wong wadon kang padha nglakoni ala (jina) iku padha sira golèkna saksi kancanira wong Islam lanang papat, yèn wong papat mau wis padha nêksèni ênggone jina, wong wadon mau banjur sira kunjaraa ana sajroning omah. Nganti dipulung dening malaikat pati, utawa nganti ana dhawuhing Allah paring dêdalan mêtune saka ing kunjara. (Dhawuhing ayat iki nalika adêging agama Islam anyar-anyaran, durung ana pranataning agama bab patrapane wong jina, ing buri bakal ana pranatan pane[7] wong jina. Iya iku Allah ênggone paring dalan mêtune wong wadon mau saka ing kunjaran. Jalalèn. Jamal. Khazin.)

وَاِنْ اَرَدْتُّمُ اسْتِبْدَالَ زَوْجٍ مَّكَانَ زَوْجٍۙ وَّاٰتَيْتُمْ اِحْدٰىهُنَّ قِنْطَارًا فَلَا تَأْخُذُوْا مِنْهُ شَيْـًٔا ۗ اَتَأْخُذُوْنَهٗ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا٢٠
Wa in arattumustibdāla zaujim makāna zauj(in), wa ātaitum iḥdāhunna qinṭāran falā ta'khużū minhu syai'ā(n), ata'khużūnahū buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[20] Dene yèn ana kancanira wong lanang loro kang padha nglakoni ala (jina) iku padha sira laranana, (Enggone nglarani mau sarana disrêngêni kang bangêt, diwirangake, lan dikêpruki kalawan gamparan. Patrapan iku tumindake nalika adêge agama Islam kang kawitan, ing buri bakal disalini pranatan anyar. Jalalèn. Jamal. Khazin.) dene yèn wong loro mau banjur padha tobat, lan padha ambêcikake kalakuane, iya wis nêngna bae. Satêmêne Allah iku marêngake tobating kawula tur Maha-asih.

وَكَيْفَ تَأْخُذُوْنَهٗ وَقَدْ اَفْضٰى بَعْضُكُمْ اِلٰى بَعْضٍ وَّاَخَذْنَ مِنْكُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا٢١
Wa kaifa ta'khużūnahū wa qad afḍā ba‘ḍukum ilā ba‘ḍiw wa akhażna minkum mīṡāqan galīẓā(n).
[21] Tobat iku cêpak diparêngake dening Allah tumrap wong kang padha kêlimput atine, nglakoni piala, kang ora antara suwe (Ora antara suwe, têgêse durung têkan sakarat pati. Jalalèn.) banjur tobat, wong kang mangkono iku mêsthi diparêngake tobate dening Allah. Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَلَا تَنْكِحُوْا مَا نَكَحَ اٰبَاۤؤُكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً وَّمَقْتًاۗ وَسَاۤءَ سَبِيْلًا ࣖ٢٢
Wa lā tankiḥū mā nakaḥa ābā'ukum minan-nisā'i illā mā qad salaf(a), innahū kāna fāḥisyataw wa maqtā(n), wa sā'a sabīlā(n).
[22] Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni piala pirang-pirang, kang nganti têkan sakarat pati lagi matur: Ing sapunika kawula tobat, lan ora tumrap wong kang padha mati kaphir. Wong kang mangkono mau padha Ingsun ancam kalawan siksa kang nglarani.

حُرِّمَتْ عَلَيْكُمْ اُمَّهٰتُكُمْ وَبَنٰتُكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ وَعَمّٰتُكُمْ وَخٰلٰتُكُمْ وَبَنٰتُ الْاَخِ وَبَنٰتُ الْاُخْتِ وَاُمَّهٰتُكُمُ الّٰتِيْٓ اَرْضَعْنَكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ مِّنَ الرَّضَاعَةِ وَاُمَّهٰتُ نِسَاۤىِٕكُمْ وَرَبَاۤىِٕبُكُمُ الّٰتِيْ فِيْ حُجُوْرِكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕكُمُ الّٰتِيْ دَخَلْتُمْ بِهِنَّۖ فَاِنْ لَّمْ تَكُوْنُوْا دَخَلْتُمْ بِهِنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ ۖ وَحَلَاۤىِٕلُ اَبْنَاۤىِٕكُمُ الَّذِيْنَ مِنْ اَصْلَابِكُمْۙ وَاَنْ تَجْمَعُوْا بَيْنَ الْاُخْتَيْنِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ۔٢٣
Ḥurrimat ‘alaikum ummahātukum wa banātukum wa akhawātukum wa ‘ammātukum wa khālātukum wa banātul-akhi wa banātul-ukhti wa ummahātukumul-lātī arḍa‘nakum wa akhawātukum minar-raḍā‘ati wa ummahātu nisā'ikum wa rabā'ibukumul-lātī fī ḥujūrikum min nisā'ikumul-lātī dakhaltum bihinn(a), fa illam takūnū dakhaltum bihinna falā junāḥa ‘alaikum, wa ḥalā'ilu abnā'ikumul-lażīna min aṣlābikum, wa an tajma‘ū bainal-ukhtaini illā mā qad salaf(a), innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[23] He para wong mukmin, sira padha ora kêna ngukup warisan wong wadon (bojo) kalawan paksan, lan sira aja padha ngèngèr wong wadon (bojo) pamurihira supaya sira bisa ngilangake maskawin sawatara kang sira wèhake marang wong wadon mau. Kajaba mênawa wong wadon mau nglakoni panggawe ala, kang ana tăndha yêktine. Lan sira padha woworana karo wong wadon mau kalawan bêcik. Dene mênawa sira ora dhêmên marang wong wadon mau (sira antèkna dhisik) bokmênawa sira gêthing marang sawijining barang nanging Allah nitahake kabêcikan pirang-pirang ana ing barang kang sira gêthingi mau.

۞ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۚ كِتٰبَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ ۚ وَاُحِلَّ لَكُمْ مَّا وَرَاۤءَ ذٰلِكُمْ اَنْ تَبْتَغُوْا بِاَمْوَالِكُمْ مُّحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسٰفِحِيْنَ ۗ فَمَا اسْتَمْتَعْتُمْ بِهٖ مِنْهُنَّ فَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ فَرِيْضَةً ۗوَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا تَرَاضَيْتُمْ بِهٖ مِنْۢ بَعْدِ الْفَرِيْضَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا٢٤
Wal-muḥṣanātu minan-nisā'i illā mā malakat aimānukum, kitāballāhi ‘alaikum, wa uḥilla lakum mā warā'a żālikum an tabtagū bi'amwālikum muḥṣinīna gaira musāfiḥīn(a), famastamta‘tum bihī minhunna fa ātūhunna ujūrahunna farīḍah(tan), wa lā junāḥa ‘alaikum fīmā tarāḍaitum bihī mim ba‘dil-farīḍah(ti), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[24] Mênawa sira arêp salin bojo, kang măngka sira wis ambayar utawa nyanggêmi maskawin băndha akèh marang bojo kang ora sira dhêmêni, iku sira aja pisan ngêlongi maskawin mau sathithik-thithika (yèn sira nganti ngêlongi) apa sira ngêpèk maskawin mau kalawan panganiaya lan dosa kang wis têtela.

وَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ مِنْكُمْ طَوْلًا اَنْ يَّنْكِحَ الْمُحْصَنٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ فَمِنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ فَتَيٰتِكُمُ الْمُؤْمِنٰتِۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِكُمْ ۗ بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۚ فَانْكِحُوْهُنَّ بِاِذْنِ اَهْلِهِنَّ وَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ مُحْصَنٰتٍ غَيْرَ مُسٰفِحٰتٍ وَّلَا مُتَّخِذٰتِ اَخْدَانٍ ۚ فَاِذَآ اُحْصِنَّ فَاِنْ اَتَيْنَ بِفَاحِشَةٍ فَعَلَيْهِنَّ نِصْفُ مَا عَلَى الْمُحْصَنٰتِ مِنَ الْعَذَابِۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ الْعَنَتَ مِنْكُمْ ۗ وَاَنْ تَصْبِرُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٥
Wa mal lam yastaṭi‘ minkum ṭaulan ay yankiḥal-muḥṣanātil-mu'mināti fa mim mā malakat aimānukum min fatayātikumul-mu'mināt(i), wallāhu a‘lamu bi'īmānikum, ba‘ḍukum mim ba‘ḍ(in), fankiḥūhunna bi'iżni ahlihinna wa ātūhunna ujūrahunna bil-ma‘rūfi muḥṣanātin gaira musāfiḥātiw wa lā muttakhiżāti akhdān(in), fa iżā uḥṣinna fa in ataina bifāḥisyatin fa ‘alaihinna niṣfu mā ‘alal-muḥṣanāti minal-‘ażāb(i), żālika limay khasyial-‘anata minkum, wa an taṣbirū khairul lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[25] Kapriye yèn sira nganti padha ngêlongi maskawine, kang măngka sira iku wis kêlakon sarêsmi lan bojonira, apadene wong wadon mau wis nyêkêl sêsanggêmanira kang abot.

يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَيَتُوْبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٢٦
Yurīdullāhu liyubayyina lakum wa yahdiyakum sunanal-lażīna min qablikum wa yatūba ‘alaikum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[26] Lan manèh sira aja padha ningkah wong wadon kang wis tau diningkah ing bapa utawa kakèkira, kajaba kang wis kêbanjur biyèn, awit kang mangkono iku ala lan dosa, lan ala-alaning dêdalan.

وَاللّٰهُ يُرِيْدُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَيُرِيْدُ الَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الشَّهَوٰتِ اَنْ تَمِيْلُوْا مَيْلًا عَظِيْمًا٢٧
Wallāhu yurīdu ay yatūba ‘alaikum, wa yurīdul-lażīna yattabi‘ūnasy-syahawāti an tamīlū mailan ‘aẓīmā(n).
[27] Sira kabèh padha dilarangi ngrabèni biyungira, lan anakira wadon, lan sadulure wadon bapakira, lan sadulure wadon biyungira, lan anake wadon sadulur lanang, lan anake wadon sadulur wadon, lan biyungira inya kang wis nusoni ing sira, lan sadulurira [sa...][...dulurira] wadon saka pasuson, lan biyunge rabinira, lan anakira kuwalon kang kalumrahane ana ing pangkonira, mêtu saka rabinira kang wis sira cumbana, dene yèn sira durung cumbana lan rabinira, ora ana pakewuhe sira angrabèni anakira kuwalon, lan dilarangi manèh ngrabèni tilas rabine anakira lanang kang patutan saka sira dhewe, lan manèh sira padha dilarangi wayuh wong wadon loro kang padha sadulur, mangkono mau kajaba kang wis kêbanjur biyèn, satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْاِنْسَانُ ضَعِيْفًا٢٨
Yurīdullāhu ay yukhaffifa ‘ankum, wa khuliqal-insānu ḍa‘īfā(n).
[28] Lan manèh sira padha dilarangi ngrabèni wong wadon kang somahan, kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing sira. Allah namtokake kang mangkono mau marang sira kabèh, lan sira padha dililani ngupaya bojo wong wadon liyane kang kalêbu ing larangan mau, sarana maskawin bandhanira, dadi sira padha ora aran jina, aran: sêsomahan. Endi wong wadon kang sira ênggo kabungahan karabi, iku sira bayara maskawine kang kasêbut ing nikah. Sawise maskawin mau ditamtokake kèh sathithike, mênawa sira sarta wong wadon mau padha narima mundhaking maskawin [maska...][...win] utawa sudane, iya ora ana pakewuhe. Satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِّنْكُمْ ۗ وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٢٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā ta'kulū amwālakum bainakum bil-bāṭili illā an takūna tijāratan ‘an tarāḍim minkum, wa lā taqtulū anfusakum, innallāha kāna bikum raḥīmā(n).
[29] Sira kabèh sing sapa ora kêlar ambayar maskawin kanggo nikah wong wadon mardika kang mukmin, iya nikaha wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan, Allah iku nguningani sêtya lan orane ênggonira mukmin, yèn laire sira lan wong wadon kawula mau padha bae, mulane iya banjur nikaha wong wadon kawula kang rêsik, ora gêlêm jina, ngèdhèng utawa dhêlikan. Sira nikaha kalawan rilaning bêndarane, lan sira ambayara maskawine kalawan ganêp.

وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ عُدْوَانًا وَّظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيْهِ نَارًا ۗوَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا٣٠
Wa may yaf‘al żālika ‘udwānaw wa ẓulman fa saufa nuṣlīhi nārā(n), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[30] Mênawa wong wadon kawula mau wis kêlakon laki, kang măngka banjur nglakoni jina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon mardika. Dene kênane ngrabèni wong wadon kawula kang jalaran ora kêlar ambayar maskawine wong wadon mardika, iku tumrap wong kang kuwatir bokmênawa nglakoni jina, ewadene yèn sira kêlar sabar ora ngrabèni wong wadon kawula lan uga ora jina, iku tumrap ing sira luwih dening bêcik. Allah iku ngapura tur Maha-asih.

اِنْ تَجْتَنِبُوْا كَبَاۤىِٕرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُّدْخَلًا كَرِيْمًا٣١
In tajtanibū kabā'ira mā tunhauna ‘anhu nukaffir ‘ankum sayyi'ātikum wa nudkhilkum mudkhalan karīmā(n).
[31] Allah karsa nêrangake laku-lakuning agama marang sira kabèh, lan paring tuduh laku-lakuning para nabi [na...][...bi] sadurungira, lan ngapokake marang sira, Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللّٰهُ بِهٖ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍ ۗ لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبُوْا ۗ وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبْنَ ۗوَسْـَٔلُوا اللّٰهَ مِنْ فَضْلِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا٣٢
Wa lā tatamannau mā faḍḍalallāhu bihī ba‘ḍakum ‘alā ba‘ḍ(in), lir-rijāli naṣībum mimmaktasabū, wa lin-nisā'i naṣībum mimmaktasabn(a), was'alullāha min faḍlih(ī), innallāha kāna bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[32] Karsaning Allah kudu ngapokake marang sira kabèh. Dene karêpe wong Yahudi lan wong Nasara kang padha nguja pêpenginane, sira iku padha nyalèwènga kang bangêt saka ing bênêr. Allah karsa mayarake agamanira, awit manungsa iku tinitahake apês.

وَلِكُلٍّ جَعَلْنَا مَوَالِيَ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ ۗ وَالَّذِيْنَ عَقَدَتْ اَيْمَانُكُمْ فَاٰتُوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا ࣖ٣٣
Wa likullin ja‘alnā mawāliya mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūn(a), wal-lażīna ‘aqadat aimānukum fa ātūhum naṣībahum, innallāha kāna ‘alā kulli syai'in syahīdā(n).
[33] He wong kang padha mukmin, sira aja padha tămpa utawa nampakake băndha kalawan ora bênêr, kajaba yèn băndha mau dagangan kang wis têrang krana lila. Lan sira aja padha matèni awakira dhewe. Satêmêne Allah iku asih marang sira kabèh.

اَلرِّجَالُ قَوَّامُوْنَ عَلَى النِّسَاۤءِ بِمَا فَضَّلَ اللّٰهُ بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍ وَّبِمَآ اَنْفَقُوْا مِنْ اَمْوَالِهِمْ ۗ فَالصّٰلِحٰتُ قٰنِتٰتٌ حٰفِظٰتٌ لِّلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللّٰهُ ۗوَالّٰتِيْ تَخَافُوْنَ نُشُوْزَهُنَّ فَعِظُوْهُنَّ وَاهْجُرُوْهُنَّ فِى الْمَضَاجِعِ وَاضْرِبُوْهُنَّ ۚ فَاِنْ اَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوْا عَلَيْهِنَّ سَبِيْلًا ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيْرًا٣٤
Ar-rijālu qawwāmūna ‘alan-nisā'i bimā faḍḍalallāhu ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍiw wa bimā anfaqū min amwālihim, faṣ-ṣāliḥātu qānitātun ḥāfiẓātul lil-gaibi bimā ḥafiẓallāh(u), wal-lātī takhāfūna nusyūzahunna fa ‘iẓūhunna wahjurūhunna fil-maḍāji‘i waḍribūhunn(a), fa in aṭa‘nakum falā tabgū ‘alaihinna sabīlā(n), innallāha kāna ‘aliyyan kabīrā(n).
[34] Sing sapa nglakoni mangkono mau kalawan jaragan kasêngitan panganiaya, ing besuk bakal Ingsun cêmplungake ing naraka, dene nyêmplungake ing naraka ingatase Allah gampang bae.

وَاِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَابْعَثُوْا حَكَمًا مِّنْ اَهْلِهٖ وَحَكَمًا مِّنْ اَهْلِهَا ۚ اِنْ يُّرِيْدَآ اِصْلَاحًا يُّوَفِّقِ اللّٰهُ بَيْنَهُمَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا خَبِيْرًا٣٥
Wa in khiftum syiqāqa bainihimā fab‘aṡū ḥakamam min ahlihī wa ḥakamam min ahlihā, iy yurīdā iṣlāḥay yuwaffiqillāhu bainahumā, innallāha kāna ‘alīman khabīrā(n).
[35] Mênawa sira padha nyingkiri larangan gêdhe kang tumrap marang sira kabèh, mêsthi pialanira pirang-pirang padha Ingsun tutupi. Lan sira bakal padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang mulya.

۞ وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ٣٦
Wa‘budullāha wa lā tusyrikū bihī syai'aw wa bil-wālidaini iḥsānaw wa biżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wal-jāri żil-qurbā wal-jāril-junubi waṣ-ṣāḥibi bil-jambi wabnis-sabīl(i), wa mā malakat aimānukum, innallāha lā yuḥibbu man kāna mukhtālan fakhūrā(n).
[36] Lan sira aja padha kêmèrèn, ngarêp-arêp kabêgjan kang wis diparingake dening Allah marang sawijining kancanira ngungkuli ing liyane. Para wong lanang padha duwe [du...][...we] panduman pituwase barang kang wis padha dilakoni. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha dilakoni. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ وَيَكْتُمُوْنَ مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ وَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًاۚ٣٧
Al-lażīna yabkhalūna wa ya'murūnan-nāsa bil-bukhli wa yaktumūna mā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), wa a‘tadnā lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[37] Sabên wong mati mêsthi Ingsun dokoki ahli waris kang ngêdum barang têtinggalane, iya iku bapa biyunge lan anak sadulure. Dene wong liya kang wis padha prajanjian lan sira sarana tali supata, bakal olèh panduman, iku ing saiki iya padha wèhana pandumane. Satêmêne Allah iku mirsani samubarang.

وَالَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ۗ وَمَنْ يَّكُنِ الشَّيْطٰنُ لَهٗ قَرِيْنًا فَسَاۤءَ قَرِيْنًا٣٨
Wal-lażīna yunfiqūna amwālahum ri'ā'an-nasi wa lā yu'minūna billāhi wa lā bil-yaumil ākhir(i), wa may yakunisy-syaiṭānu lahū qarīnan fasā'a qarīnā(n).
[38] Para wong lanang iku padha nguwasani marang para wong wadon, amarga Allah wis angluwihake wong lanang ngungkuli wong wadon, lan manèh wong lanang iku ngingoni wong wadon kalawan bandhane, mulane wong wadon kang bêcik iku mêsthi manut miturut marang lakine, tur rumêksa ing wêwadine (ora sèdhèng) kalawan pangrêksaning Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kira wangkal, iku sira pituturana kang bêcik, yèn mêksa wangkal, singkirana ing paturon, yèn mêksa isih wangkal, sira gitika, dene yèn banjur manut miturut marang sira, aja sira golèk-golèkake prakara, satêmêne Allah iku luhur tur agêng.

وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللّٰهُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِهِمْ عَلِيْمًا٣٩
Wa māżā ‘alaihim lau āmanū billāhi wal-yaumil-ākhiri wa anfaqū mimmā razaqahumullāh(u), wa kānallāhu bihim ‘alīmā(n).
[39] (He wong kang padha nyêkêl bêbênêran) manawa sira padha wêruh pasulayaning wong bêbojoan, nuli nuduha pitaya wong loro, (Wong kang nyêkêl bêbênêran ênggone nuduh pitaya wong loro iku wajib. Jamal.) kang siji miliha sanake kang lanang, sijine miliha sanake kang wadon (Ananing pitaya loro kudu milih sanake lanang sarta sanake kang wadon, iku mung sunat bae. Kêna uga milih sadhengah wong kang dipikir prayoga. Karêpe kaol kang sapisan, pitaya loro mau manjing dadi wakile wong sakaloron kang padha pasulayan, dadi kang nyêkêl bêbênêran ênggone nuduh pitaya loro mau kudu sarêmbug lan kang pasulayan sakaloron, kang lanang pasraha marang sanake kang dadi pitaya nibakake talak sarta nampani pamancal utawa tanpa pamancal. Dene kang wadon iya pasraha marang sanake kang dadi pitaya, nampani talak sarta bayar pamancal. Jalalèn. Karêpe kaol kang kapindho, pitaya wong loro mau minăngka awake kang nyêkêl bêbênêran, wênang nguwasani, dadi kang nyêkêl bêbênêran ênggone nuduh pitaya wong loro mau ora susah nganggo palilahe wong sakaloron kang pasulayan, sarta pitaya pambombonge kang lanang manawa panêmune[1] [pa...][...nêmune] kêncêng kudu nibakake talak, kêna banjur nibakake talak saka wawênange dhewe, nanging ora kêna luwih saka talak siji. Mangkono uga manawa panêmune kêncêng kudu nindakake khuluk, (jugaring nikah sarana pamancal, tanpa nyudakake talak) kang măngka wis dicondhongi marang pitaya pambombonge kang wadon, iku iya kêna banjur nindakake khuluk kalawên[2] wêwênange dhewe. Makhalli.) manawa kênthêling rêmbuge pitaya loro mau kudu mancas prakara, Allah anggolongake marang wong loro mau, satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۚوَاِنْ تَكُ حَسَنَةً يُّضٰعِفْهَا وَيُؤْتِ مِنْ لَّدُنْهُ اَجْرًا عَظِيْمًا٤٠
Innallāha lā yaẓlimu miṡqāla żarrah(tin), wa in taku ḥasanatay yuḍā‘ifhā wa yu'ti mil ladunhu ajran ‘aẓīmā(n).
[40] Lan sira padha nyêmbaha ing Allah, aja nyêmbah liyane Allah. Lan padha ngajènana wong tuwanira loro, lan sanak sadulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan tăngga cêdhak utawa isih sanak, lan tăngga kang adoh, lan kănca ana ing paran, utawa tunggal pagawean, lan anak ing dêdalan, (Anak ing dêdalan iku wong kang pinuju ana ing paran. Jalalèn.) apadene kawula kang kadarbe ing sira. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang gumêdhe ngunggul-unggulake kaluwihane.

فَكَيْفَ اِذَا جِئْنَا مِنْ كُلِّ اُمَّةٍۢ بِشَهِيْدٍ وَّجِئْنَا بِكَ عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ شَهِيْدًاۗ٤١
Fa kaifa iżā ji'nā min kulli ummatim bisyahīdiw wa ji'nā bika ‘alā hā'ulā'i syahīdā(n).
[41] Iya iku wong kang padha kumêt lan ngajak-ajak kumêt marang manungsa, lan padha nyingidake pêparinging Allah kang wis diparingake [di...][...paringake] marang wong mau. Ingsun ngancam marang sarupaning wong kaphir kalawan siksa kang ngasorake.

يَوْمَىِٕذٍ يَّوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَعَصَوُا الرَّسُوْلَ لَوْ تُسَوّٰى بِهِمُ الْاَرْضُۗ وَلَا يَكْتُمُوْنَ اللّٰهَ حَدِيْثًا ࣖ٤٢
Yauma'iżiy yawaddul-lażīna kafarū wa ‘aṣawur-rasūla lau tusawwā bihimul-arḍ(u), wa lā yaktumūnallāha ḥadīṡā(n).
[42] (Kajaba wong kaphir) Ingsun uga ngancam wong kang padha mèwèhake bandhane nganggo diwêruh-wêruhake ing wong (murih dialêm) lan ora pracaya ing Allah, apadene ora ngandêl bakal anane dina kiyamat. Dene sing sapa duwe kănca setan, iku wêruha yèn setan iku kănca kang ala dhewe.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْرَبُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْتُمْ سُكٰرٰى حَتّٰى تَعْلَمُوْا مَا تَقُوْلُوْنَ وَلَا جُنُبًا اِلَّا عَابِرِيْ سَبِيْلٍ حَتّٰى تَغْتَسِلُوْا ۗوَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُوْرًا٤٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqrabuṣ-ṣalāta wa antum sukārā ḥattā ta‘lamū mā taqūlūna wa lā junuban illā ‘ābirī sabīlin ḥattā tagtasilū, wa in kuntum marḍā au ‘alā safarin au jā'a aḥadum minkum minal-gā'iṭi au lāmastumun-nisā'a falam tajidū mā'an fa tayammamū ṣa‘īdan ṭayyiban famsaḥū biwujūhikum wa aidīkum, innnallāha kāna ‘afuwwan gafūrā(n).
[43] Manawa wong mau padha pracaya ing Allah, lan ngandêl anane dina kiyamat, sarta padha mèwèhake băndha kang wis diparingake dening Allah marang wong mau murih kaparênging Allah, (iku bêcik), apa ta pakewuhe upama nglakoni mangkono, Allah iku nguningani marang wong mau kabèh.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يَشْتَرُوْنَ الضَّلٰلَةَ وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ تَضِلُّوا السَّبِيْلَۗ٤٤
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yasytarūnaḍ-ḍalālata wa yurīdūna an taḍillus-sabīl(a).
[44] Satêmêne Allah ora nindakake panganiaya pisan -pisan, sanadyan mung sabobote sêmut kang cilik dhewe iya ora. Dene yèn barang kang bobot samono mau rupa kabêcikan, Allah paring ganjaran tikêl-matikêl, sarta maringi ganjaran gêdhe saka ngarsaning Allah.

وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِاَعْدَاۤىِٕكُمْ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَلِيًّا ۙوَّكَفٰى بِاللّٰهِ نَصِيْرًا٤٥
Wallāhu a‘lamu bi'a‘dā'ikum, wa kafā billāhi waliyyaw wa kafā billāhi naṣīrā(n).
[45] Wong kaphir iku besuk kapriye bakal kadadiane yèn Ingsun urugi para nabi dalah umate. Sarta sira Mukhammad uga Ingsun têkakake supaya nêksèni. Ing dina iku sarupaning wong kaphir lan wong kang padha duraka ing Rasul, luwih bungah awake sirnaa dadi lêmah, lan padha ora bisa duwe paturan marang Allah nyelaki pialane.

مِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖ وَيَقُوْلُوْنَ سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاسْمَعْ غَيْرَ مُسْمَعٍ وَّرَاعِنَا لَيًّاۢ بِاَلْسِنَتِهِمْ وَطَعْنًا فِى الدِّيْنِۗ وَلَوْ اَنَّهُمْ قَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا وَاسْمَعْ وَانْظُرْنَا لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَقْوَمَۙ وَلٰكِنْ لَّعَنَهُمُ اللّٰهُ بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا٤٦
Minal-lażīna hādū yuḥarrifūnal-kalima ‘am mawāḍi‘ihī wa yaqūlūna sami‘nā wa ‘aṣainā wasma‘ gaira musmi‘iw wa rā‘inā layyam bi'alsinatihim wa ṭa‘nan fid-dīn(i), wa lau annahum qālū sami‘nā wa aṭa‘nā wasma‘ wanẓurnā lakāna khairal lahum wa aqwam(a), wa lākil la‘anahumullāhu bikufrihim falā yu'minūna illā qalīlā(n).
[46] He wong kang padha mukmin, sira aja padha sêmbayang karo mêndêm, kajaba yèn sira wis waras, wêruh barang kang sira ucapake, iku lagi kêna sêmbayang. Lan wong junub (mêntas cumbana utawa mêtu kamane durung adus) iya aja padha sêmbayang, kajaba wong kang pinuju lêlungan, lumaku ana ing dêdalan, nganti sira wis padha adus, iku lagi kêna sêmbayang. Dene yèn sira pinuju lara utawa ana sajroning lêlungan, kang măngka salah sawijining kancanira têka saka ing jumblêng, utawa sira senggolan karo wong wadon, iku yèn sira padha ora olèh banyu, banjur tayammumma (Tayammum iku ngusap rai lan tangan loro nganggo lêbu, kanthi niyat, minăngka liruning wulu utawa adus, nalikane ora ana banyu utawa ana alangane ora bisa nganggo banyu. Ing kono banjur kêna sêmbayang utawa anggêpok Kuran, lan sapanunggalane. Takrib.) nganggo lêbu kang rêsik. Ing kono sira ngusapa rainira lan tanganira loro. Satêmêne Allah iku karsa muwung lan ngapura.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اٰمِنُوْا بِمَا نَزَّلْنَا مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّطْمِسَ وُجُوْهًا فَنَرُدَّهَا عَلٰٓى اَدْبَارِهَآ اَوْ نَلْعَنَهُمْ كَمَا لَعَنَّآ اَصْحٰبَ السَّبْتِ ۗ وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا٤٧
Yā ayyuhal-lażīna ūtul-kitāba āminū bimā nazzalnā muṣaddiqal limā ma‘akum min qabli an naṭmisa wujūhan fa naruddahā ‘alā adbārihā au nal‘anahum kamā la‘annā aṣḥābas-sabt(i), wa kāna amrullāhi maf‘ūlā(n).
[47] Apa sira ora andêlêng wong kang padha diparingi panduman kitab (wong Yahudi) malah padha milih panasaran. Lan padha marsudi supaya bisa anasarake marang sira saka dêdalan kang bênêr. Allah iku nguningani marang para satrunira, ewadene pangrêksaning Allah marang sira wis cukup, apadene pitulunging Allah marang sira uga wis cukup.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدِ افْتَرٰٓى اِثْمًا عَظِيْمًا٤٨
Innallāha lā yagfiru ay yusyraka bihī wa yagfiru mā dūna żālika limay yasyā'(u), wa may yusyrik billāhi fa qadiftarā iṡman ‘aẓīmā(n).
[48] Sawênèhing wong kang padha agama Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi têtêmbunganing Kitab Torèt, ana têtêmbungan kang dibuwang saka panggonane, (banjur disalini têtêmbungan liyane) lan padha matur marang Kangjêng Rasul: Pangandika sampeyan sampun kula mirêngakên, nanging kula sami mopo, sampeyan mugi mirênga sae kula, sampun ngantos mirêng awon kula, sampeyan punika gêndhêng. Pangucape mangkono mau disalèwèngake kalawan cangkême, [cangkê...][...me,] lan nacad agama Islam.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُزَكُّوْنَ اَنْفُسَهُمْ ۗ بَلِ اللّٰهُ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٤٩
Alam tara ilal-lażīna yuzakkūna anfusahum, balillāhu yuzakkī may yasyā'u wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[49] Saupama wong Yahudi mau padha matura mangkene bae: Kula sampun mirêng pangandika sampeyan, saha kula sami manut miturut ing sampeyan, sampeyan mugi mirênga saha mugi nyarantosna dhumatêng kula. Upama padha matura mangkono bae mêsthi bêcik tumrap wong Yahudi mau, sarta iya wis nêtêpi sabênêre. Nanging sarèhning Allah ambêndoni para wong Yahudi mau marga ênggone padha kaphir, mulane wong Yahudi iku kang kêlakon dadi mukmin mung sathithik.

اُنْظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ وَكَفٰى بِهٖٓ اِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ٥٠
Unẓur kaifa yaftarūna ‘alallāhil-każib(a), wa kafā bihī iṡmam mubīnā(n).
[50] He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira padha ngandêla Kuran kang wis Ingsun dhawuhake, cocog lan kitab cêcêkêlanira, mupung Ingsun durung ngrusak rai pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun ingêr marêp marang ing buri, utawa mupung Ingsun durung ambêndoni marang para wong mau kaya ênggon Ingsun ambêndoni para turuning Israil kang padha kaluputan nyambut gawe ana ing dina Sêtu, (Ingsun salini rupa kêthèk) dene parentahing Allah iku mêsthi kalêksanan.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يُؤْمِنُوْنَ بِالْجِبْتِ وَالطَّاغُوْتِ وَيَقُوْلُوْنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا هٰٓؤُلَاۤءِ اَهْدٰى مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا سَبِيْلًا٥١
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yu'minūna bil-jibti waṭ-ṭāgūti wa yaqūlūna lil-lażīna kafarū hā'ulā'i ahdā minal-lażīna āmanū sabīlā(n).
[51] Satêmêne Allah iku ora ngapura dosane wong musrik (kaphir), nanging ngapura dosa liya-liyane marang wong kang dadi parênging karsane. Dene sing sapa ngrangkêp nyêmbah liyaning Allah, wong iku têtêp anglakoni dosa gêdhe.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ ۗوَمَنْ يَّلْعَنِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ نَصِيْرًا٥٢
Ulā'ikal-lażīna la‘anahumullāh(u), wa may yal‘anillāhu falan tajida lahū naṣīrā(n).
[52] (He Mukhammad): Apa sira ora andêlêng wong Yahudi lan wong Nasara, kang padha sumuci-suci nucèkake awake dhewe, (iku ora bênêr, dene kang bênêr) Allah iku nucèkake wong kang dadi parênging karsane, (wong Yahudi lan wong Nasara kaya mangkono mau mêsthi padha disiksa), ewadene padha ora dikaniaya sathithik-thithika.

اَمْ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّنَ الْمُلْكِ فَاِذًا لَّا يُؤْتُوْنَ النَّاسَ نَقِيْرًاۙ٥٣
Am lahum naṣībum minal-mulki fa iżal lā yu'tūnan-nāsa naqīrā(n).
[53] Lah mara sira dêlênga ênggone padha calathu goroh diawadake têrang saka ing Allah, dene ênggone gawe-gawe mau wis cukup diênggo nêtêpake dosane kang wis têtela.

اَمْ يَحْسُدُوْنَ النَّاسَ عَلٰى مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۚ فَقَدْ اٰتَيْنَآ اٰلَ اِبْرٰهِيْمَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَاٰتَيْنٰهُمْ مُّلْكًا عَظِيْمًا٥٤
Am yaḥsudūnan-nāsa ‘alā mā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), faqad ātainā āla ibrāhīmal-kitāba wal-ḥikmata wa ātaināhum mulkan ‘aẓīmā(n).
[54] Sira apa ora andêlêng wong kang padha diparingi panduman kitab, ewadene padha ngandêl lan sumungkêm marang brahala kang aran jibit lan taghut. Pangucape marang wong kang padha kaphir mangkene: Sira kabèh luwih dening olèh pituduh marang dêdalan kang bênêr, ngungkuli wong kang padha mukmin iku kabèh.

فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ صَدَّ عَنْهُ ۗ وَكَفٰى بِجَهَنَّمَ سَعِيْرًا٥٥
Fa minhum man āmana bihī wa minhum man ṣadda ‘anh(u), wa kafā bijahannama sa‘īrā(n).
[55] Wong kang mangkono iku têtêp padha dibêndoni dening Allah, dene sing sapa dibêndoni dening Allah, mêsthi ora ana kang bisa nulungi.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا سَوْفَ نُصْلِيْهِمْ نَارًاۗ كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُوْدُهُمْ بَدَّلْنٰهُمْ جُلُوْدًا غَيْرَهَا لِيَذُوْقُوا الْعَذَابَۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَزِيْزًا حَكِيْمًا٥٦
Innal-lażīna kafarū bi'āyātinā sanuṣlīhim nārā(n), kullamā naḍijat julūduhum baddalnāhum julūdan gairahā liyażūqul-‘ażāb(a), innallāha kāna ‘azīzan ḥakīmā(n).
[56] Apa wong mangkono mau padha duwe panduman karatoning [kara...][...toning] Allah (ora) wong mangkono mau ora pisan gêlêm wèwèh sathithik-thithika marang manungsa.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ لَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ ۙ وَّنُدْخِلُهُمْ ظِلًّا ظَلِيْلًا٥٧
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sanudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), lahum fīhā azwājum muṭahharah(tun), wa nudkhiluhum ẓillan ẓalīlā(n).
[57] Apa malah padha drêngki marang manungsa, mèri ênggone padha diparingi kanugrahaning Allah, (o, iku ala bangêt) Ingsun têmên wis maringi kitab lan kawicaksanan, apadene karaton gêdhe marang para turune Ibrahim.

۞ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تُؤَدُّوا الْاَمٰنٰتِ اِلٰٓى اَهْلِهَاۙ وَاِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ اَنْ تَحْكُمُوْا بِالْعَدْلِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٥٨
Innallāha ya'murukum an tu'addul-amānāti ilā ahlihā, wa iżā ḥakamtum bainan-nāsi an taḥkumū bil-‘adl(i), innallāha ni‘immā ya‘iẓukum bih(ī), innallāha kāna samī‘am baṣīrā(n).
[58] Sawênèhing wong Yahudi ana uga kang banjur pracaya marang Nabi Mukhammad, lan sawênèhe manèh ana kang mung malengos marang Nabi Mukhammad. Wong kang malengos mau bakal mi[3] siksa kalawan naraka Jahanam.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاُولِى الْاَمْرِ مِنْكُمْۚ فَاِنْ تَنَازَعْتُمْ فِيْ شَيْءٍ فَرُدُّوْهُ اِلَى اللّٰهِ وَالرَّسُوْلِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا ࣖ٥٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla wa ulil-amri minkum, fa in tanāza‘tum fī syai'in fa rudd­hu ilallāhi war-rasūli in kuntum tu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[59] Dene sarupane wong kang padha maido ing ayat Ingsun, iku ing besuk bakal padha Ingsun cêmplungake ing naraka. Kulite wong mau sabên wis kobong (dadi awu) nuli Ingsun salini kulit anyar liyane, supaya bisa angrasakake laraning siksa naraka. Satêmêne Allah iku mulya tur wicaksana.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يَزْعُمُوْنَ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَحَاكَمُوْٓا اِلَى الطَّاغُوْتِ وَقَدْ اُمِرُوْٓا اَنْ يَّكْفُرُوْا بِهٖ ۗوَيُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّضِلَّهُمْ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا٦٠
Alam tara ilal-lażīna yaz‘umūna annahum āmanū bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablika yurīdūna ay yataḥākamū ilaṭ-ṭāgūti wa qad umirū ay yakfurū bih(ī), wa yurīdusy-syaiṭānu ay yuḍillahum ḍalālam ba‘īdā(n).
[60] Dene sarupane wong kang padha mukmin sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku ing besuk padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayone, ana ing kono padha langgêng salawase, sarta padha mêngku bojo widadari pirang-pirang kang padha suci (ora sukêr) sarta padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang eyub salawase.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ رَاَيْتَ الْمُنٰفِقِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْكَ صُدُوْدًاۚ٦١
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau ilā mā anzalallāhu wa ilar-rasūli ra'aital-munāfiqīna yaṣuddūna ‘anka ṣudūdā(n).
[61] Satêmêne Allah dhawuh, sira kabèh padha ingandikakake ngulihake titipan marang wong kang duwe barang titipan mau. Lan manèh yèn sira mancas prakaraning manungsa, ingandikakake mancas kalawan ngadil, (bênêr), satêmêne bêcik-bêciking barang iku mung kang diwulangake dening Allah, (iya iku ngulihake titipan lan mancas prakara kalawan ngadil) satêmêne Allah iku miyarsa tur mirsani.

فَكَيْفَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ ثُمَّ جَاۤءُوْكَ يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ ۖاِنْ اَرَدْنَآ اِلَّآ اِحْسَانًا وَّتَوْفِيْقًا٦٢
Fa kaifa iżā aṣābathum muṣībatum bimā qaddamat aidīhim ṡumma jā'ūka yaḥlifūna billāh(i), in aradnā illā iḥsānaw wa taufīqā(n).
[62] He para wong mukmin kabèh, manawa sira padha têmên pracaya ing Allah, sarta ngandêl bakal anane dina kiyamat, sira padha manut mituruta ing Allah, lan manut mituruta marang utusaning Allah, apadene marang para kancanira kang padha nyêkêl paprentahan, dene yèn sira padha pasulayan sadhengah prakarane, iku sira padha nyuwuna pancasan bêbênêrane Allah sarta utusaning Allah. Iku luwih dening prayoga, sarta bêcik kadadiane.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَعْلَمُ اللّٰهُ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ وَقُلْ لَّهُمْ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَوْلًا ۢ بَلِيْغًا٦٣
Ulā'ikal-lażīna ya‘lamullāhu mā fī qulūbihim fa a‘riḍ ‘anhum wa ‘iẓhum wa qul lahum fī anfusihim qaulam balīgā(n).
[63] (He Mukhammad), sira apa ora andêlêng wong kang padha rumasa pracaya marang Kuran kang wis didhawuhake marang sira, lan pracaya marang kitab kang wis didhawuhake marang nabi sadurungira, anggumunake dene wong mau têka padha duwe karêp anjaluk bêbênêran marang panggêdhening panasaran, kang măngka wong mau wis padha diparentahi, ingandikakake maido marang panasaran. Karêping setan, marsudi supaya bisa anasarake marang wong mau kang nganti adoh, bangêt saka ing bênêr.

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا لِيُطَاعَ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَلَوْ اَنَّهُمْ اِذْ ظَّلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ جَاۤءُوْكَ فَاسْتَغْفَرُوا اللّٰهَ وَاسْتَغْفَرَ لَهُمُ الرَّسُوْلُ لَوَجَدُوا اللّٰهَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا٦٤
Wa mā arsalnā mir rasūlin illā liyuṭā‘a bi'iżnillāh(i), wa lau annahum iẓ ẓalamū anfusahum jā'ūka fastagfarullāha wastagfara lahumur-rasūlu lawajadullāha tawwābar raḥīmā(n).
[64] Nalikane wong mau padha didhawuhi: He sira kabèh padha marenea, padha nyuwuna bêbênêran, awêwaton Kuran kang wis didhawuhake dening Allah, lan nyuwuna bêbênêran marang utusaning Allah. Ing kono sira andêlêng wong kang padha munapèk, (lamis) padha malengos marang sira.

فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُوْنَ حَتّٰى يُحَكِّمُوْكَ فِيْمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِّمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا٦٥
Falā wa rabbika lā yu'minūna ḥattā yuḥakkimūka fīmā syajara bainahum ṡumma lā yajidū fī anfusihim ḥarajam mimmā qaḍaita wa yusallimū taslīmā(n).
[65] Lah bakal kapriye polahe wong kang mangkono iku ing besuk dina kiyamat, nalikane padha katêmpuh ing pakewuh siksa, dumunung wêwalêsing kaluputane kang wis padha dilakoni kalawan tangane. Wong munaphèk mau sawise malengos, nuli padha seba ing sira Mukhammad, matur lamis nganggo dibandhani supata, nyêbut asmaning Allah, ature: Dêmi Allah, anggèn kula nyuwun lêlêrêsan dhatêng sanèsipun sampeyan punika botên saking punapa, pamrih kula [ku...][...la] namung supados sae sarta rukun.

وَلَوْ اَنَّا كَتَبْنَا عَلَيْهِمْ اَنِ اقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ اَوِ اخْرُجُوْا مِنْ دِيَارِكُمْ مَّا فَعَلُوْهُ اِلَّا قَلِيْلٌ مِّنْهُمْ ۗوَلَوْ اَنَّهُمْ فَعَلُوْا مَا يُوْعَظُوْنَ بِهٖ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَشَدَّ تَثْبِيْتًاۙ٦٦
Wa lau annā katabnā ‘alaihim aniqtulū anfusakum awikhrujū min diyārikum mā fa‘alūhu illā qalīlum minhum, wa lau annahum fa‘alū mā yū‘aẓūna bihī lakāna khairal lahum wa asyadda taṡbītā(n).
[66] Wong kang mangkono iku lamise kang ana sajroning atine wis padha diuningani dening Allah, mulane panyalondhohe mau sira tulaka bae, ewadene padha sira tuturana lan sira surup-surupna apa kang bakal tumrap ing awake kalawan têtêmbungan kang nuju prana.

وَّاِذًا لَّاٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ لَّدُنَّآ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ٦٧
Wa iżal la'ātaināhum mil ladunnā ajran ‘aẓīmā(n).
[67] Enggon Ingsun ngutus Rasul iku karsaningsun, ora liwat mung supaya dièstokna. Dene wong mau manawa padha seba ing sira Mukhammad jalaran wis rumasa nganiaya awake dhewe, (marga ênggone anjaluk bêbênêran marang panasaran) nuli padha nyuwun pangapuraning Allah, kang sarta utusaning Allah, iya nyuwunake pangapura kaluputane wong mau. Iku mêsthi padha wêruh nyatane yèn Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosa tur Maha-asih.

وَّلَهَدَيْنٰهُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًا٦٨
Wa lahadaināhum ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[68] Dêmi Pangeranira, wong kang padha rumasa pracaya marang Kuran mau durung têtêp mukmine, kajaba yèn banjur nyuwun bêbênêran marang sira Mukhammad, tumrap prakara kang dadi pasulayan antarane wong mau, (sawise sira bênêri) atine ora pisan sêsak marang [ma...][...rang] bêbênêranira, anane mung manut narima marang bêbênêranira, pamanute trus ing ati.

وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ وَالصِّدِّيْقِيْنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَالصّٰلِحِيْنَ ۚ وَحَسُنَ اُولٰۤىِٕكَ رَفِيْقًا٦٩
Wa may yuṭi‘illāha war-rasūla fa ulā'ika ma‘al-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna waṣ-ṣiddīqīna wasy-syuhadā'i waṣ-ṣāliḥīn(a), wa ḥasuna ulā'ika rafīqā(n).
[69] Saupama wong mau padha Ingsun dhawuhi mangkene: Sira padha matènana awakira, utawa sira padha minggata saka ing nagaranira, amêsthi padha ora gêlêm anglakoni, kajaba mung wong sathithik kang gêlêm, tur manawa padha gêlêma nglakoni barang kang Ingsun dhawuhake mau, mêsthi bêcik tumrap ing awake, sarta luwih bangêt nêtêpake pracayane.

ذٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ عَلِيْمًا ࣖ٧٠
Żālikal-faḍlu minallāh(i), wa kafā billāhi ‘alīmā(n).
[70] Ing kono mêsthi padha Ingsun paringi ganjaran kang gêdhe saka ngarsaningsun, apadene padha Ingsun tuduhake dêdalan kang bênêr.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا خُذُوْا حِذْرَكُمْ فَانْفِرُوْا ثُبَاتٍ اَوِ انْفِرُوْا جَمِيْعًا٧١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū khużū ḥiżrakum fanfirū ṡubātin awinfirū jamī‘ā(n).
[71] Dene wong kang padha manut miturut ing Allah lan marang utusaning Allah, wong kang mangkono iku padha dadi panunggalane wong kang padha diparingi kabungahan dening Allah, kaya ta: para nabi lan para sidik, lan para said, (Para sidik iku para sakabate Kangjêng Rasul kang padha pinunjul sêtya tuhune, dene para said iku sarupaning wong kang kasambut ing pêrang sabilullah. Jalalèn.) lan para salèh (Para salèh iku sarupaning wong kang nêtêpi wajibe tumrap ing Allah lan tumrap sapadha-padhaning kawula. Jamal.) iba bêcike ênggone padha kêkancan wong mau ana ing suwarga.

وَاِنَّ مِنْكُمْ لَمَنْ لَّيُبَطِّئَنَّۚ فَاِنْ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ قَالَ قَدْ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيَّ اِذْ لَمْ اَكُنْ مَّعَهُمْ شَهِيْدًا٧٢
Wa inna minkum lamal layubaṭṭi'ann(a), fa in aṣābatkum muṣībatun qāla qad an‘amallāhu ‘alayya iż lam akum ma‘ahum syahīdā(n).
[72] Kang mangkono iku kanugrahan saka pêparinging Allah, cukup Allah piyambak kang nguningani, (sira mung pracayaa bae).

وَلَىِٕنْ اَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِّنَ اللّٰهِ لَيَقُوْلَنَّ كَاَنْ لَّمْ تَكُنْۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهٗ مَوَدَّةٌ يّٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ مَعَهُمْ فَاَفُوْزَ فَوْزًا عَظِيْمًا٧٣
Wa la'in aṣābakum faḍlum minallāhi layaqūlanna ka'allam takum bainakum wa bainahū mawaddattuy yā laitanī kuntu ma‘ahum fa afūza fauzan ‘aẓīmā(n).
[73] He wong kang padha mukmin, sira padha masanga kaprayitnanira marang satrunira, mulane padha mangsaha pêrang sagolong-golongan, utawa mangsaha kabèh barêng bae.

۞ فَلْيُقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ الَّذِيْنَ يَشْرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِ ۗ وَمَنْ يُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَيُقْتَلْ اَوْ يَغْلِبْ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا٧٤
Falyuqātil fī sabīlillāhil-lażīna yasytarūnal-ḥayātad-dun-yā bil-ākhirah(ti), wa may yuqātil fī sabīlillāhi fa yuqtal au yaglib fa saufa nu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[74] Satêmêne sawênèhing kancanira ana uga wong kang ênggone mangsah pêrang kari. Dene manawa sira kêcurnan ana ing paprangan, wong mau banjur ngucap: Allah wis ngrêksa marang awakku, awit aku ora milu mangsah pêrang.

وَمَا لَكُمْ لَا تُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ الظَّالِمِ اَهْلُهَاۚ وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّاۚ وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ نَصِيْرًا٧٥
Wa mā lakum lā tuqātilūna fī sabīlillāhi wal-mustaḍ‘afīna minar-rijāli wan-nisā'i wal-wildānil-lażīna yaqūlūna rabbanā akhrijnā min hāżihil-qaryatiẓ-ẓālimi ahluhā, waj‘al lanā mil ladunka waliyyā(n), waj‘al lanā mil ladunka naṣīrā(n).
[75] Dene manawa sira padha olèh kanugrahaning Allah (mênang pêrang lan anjêjarah) wong kang kari pêrang mau padha ngucap: Ah, bok aku biyèn milu pêrang wong mukmin iku, dadi aku olèh kabêgjan gêdhe. Pangucape mau kaya pangucape wong kang ora pisan sih-sisihan[4] lan sira kabèh.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ الطَّاغُوْتِ فَقَاتِلُوْٓا اَوْلِيَاۤءَ الشَّيْطٰنِ ۚ اِنَّ كَيْدَ الشَّيْطٰنِ كَانَ ضَعِيْفًا ۚ ࣖ٧٦
Al-lażīna āmanū yuqātilūna fī sabīlillāh(i), wal-lażīna kafarū yuqātilūna fī sabīliṭ-ṭāgūti fa qātilū auliyā'asy-syaiṭān(i), inna kaidasy-syaiṭāni kāna ḍa‘īfā(n).
[76] Mulane wong kang padha milih kabungahan ing dunya nampik kabungahan ing akhirat mau (padha maria) banjur padha mangsaha pêrang sabilullah. Dene sing sapa mangsah pêrang sabilullah, kang măngka banjur kasambut ing prang utawa mênang, ing besuk wong mau Ingsun paringi ganjaran gêdhe.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ قِيْلَ لَهُمْ كُفُّوْٓا اَيْدِيَكُمْ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۚ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَخْشَوْنَ النَّاسَ كَخَشْيَةِ اللّٰهِ اَوْ اَشَدَّ خَشْيَةً ۚ وَقَالُوْا رَبَّنَا لِمَ كَتَبْتَ عَلَيْنَا الْقِتَالَۚ لَوْلَآ اَخَّرْتَنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۗ قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيْلٌۚ وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّمَنِ اتَّقٰىۗ وَلَا تُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧٧
Alam tara ilal-lażīna qīla lahum kuffū aidiyakum wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāt(a), fa lammā kutiba ‘alaihimul-qitālu iżā farīqum minhum yakhsyaunan-nāsa kakhasy-yatillāhi au asyadda khasy-yah(tan), wa qālū rabbanā lima katabta ‘alainal-qitāl(a), lau lā akhkhartanā ilā ajalin qarīb(in), qul matā‘ud-dun-yā qalīl(un), wal-ākhiratu khairul limanittaqā, wa lā tuẓlamūna fatīlā(n).
[77] Yagene sira padha ora gêlêm mangsah pêrang sabilullah. [sabi...][...lullah.] Lan ora gêlêm angluwari wong lanang lan wong wadon, lan bocah-bocah kang padha apês, kang padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan wêdalakên saking dhukuh Mêkah punika, ingkang isi tiyang sami nganiaya. Punapadene Tuwan mugi mijia tiyang mukmin ingkang nguwasani saha nulungi ing kawula.

اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يُدْرِكْكُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِيْ بُرُوْجٍ مُّشَيَّدَةٍ ۗ وَاِنْ تُصِبْهُمْ حَسَنَةٌ يَّقُوْلُوْا هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۚ وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّقُوْلُوْا هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِكَ ۗ قُلْ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ فَمَالِ هٰٓؤُلَاۤءِ الْقَوْمِ لَا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ حَدِيْثًا٧٨
Aina mā takūnū yudrikkumul-mautu wa lau kuntum fī burūjim musyayyadah(tin), wa in tuṣibhum ḥasanatuy yaqūlū hāżihī min ‘indillāh(i), wa in tuṣibhum sayyi'atuy yaqūlū hāżihī min ‘indik(a), qul kullum min ‘indillāh(i), famā lihā'ulā'il-qaumi lā yakādūna yafqahūna ḥadīṡā(n).
[78] Sarupane wong mukmin mêsthi padha mangsah pêrang sabilullah, (lumaku ana dêdalaning Allah) nanging para wong kaphir padha mangsah pêrang lumaku ana dêdalaning setan. Sira padha mêrangana para panulunging setan. Wruhanira kajuliganing setan iku ora sapira.

مَآ اَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ ۖ وَمَآ اَصَابَكَ مِنْ سَيِّئَةٍ فَمِنْ نَّفْسِكَ ۗ وَاَرْسَلْنٰكَ لِلنَّاسِ رَسُوْلًا ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا٧٩
Mā aṣābaka min ḥasanatin fa minallāh(i), wa mā aṣābaka min sayyi'atin fa min nafsik(a), wa arsalnāka lin-nāsi rasūlā(n), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[79] He Mukhammad, sira apa ora andêlêng wong kang padha didhawuhi mangkene: Saiki sira padha nganggurna tanganira, (aja mangsah pêrang) mung padha nglakonana sêmbayang lan bayar jakat bae, (wong mau banjur padha ngajap prang sabilullah) barêng padha ditamtokake wajib mangsah pêrang, ing kono banjur ana wong sagolongan kang miris, wêdi mapagake mungsuh manungsa kaphir, padha karo wêdine marang Allah, kapara malah ngungkuli wêdine marang Allah. Lan padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, margi saking punapa Tuwan têka namtokakên dhumatêng kawula wajib[5] [wa...][...jib] mangsah pêrang, bok inggih Tuwan nyarantosakên malih dhumatêng kawula sawatawis măngsa êngkas. He Mukhammad, sira dhawuha: Kabungahan ing dunya iku sapele bangêt, dene kabungahan ing akhirat iku tumrape wong kang wêdi ing Allah luwih dening bêcik. Sira kabèh ora padha dikaniaya sathithik-thithika.

مَنْ يُّطِعِ الرَّسُوْلَ فَقَدْ اَطَاعَ اللّٰهَ ۚ وَمَنْ تَوَلّٰى فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗ٨٠
May yuṭi‘ir-rasūla faqad aṭā‘allāh(a), wa man tawallā famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n).
[80] Sira kabèh anaa ing ngêndi bae amêsthi kêcandhak ing pati, sanadyan andhêlik ana ing gêdhong dhuwur kang apagêr tembok, iya mêksa kêcandhak ing pati. Wong Yahudi mau manawa nêmu bêcik, pangucape: Iki atas saka karsaning Allah. Dene yèn nêmu ala, pangucape: Punika saking piawon sampeyan Nabi Mukhammad, sira dhawuha: (Pangucapmu iku luput, bênêre) kabèh bae (alaa bêcika) sajatine saka karsaning Allah. Apa sababe wong Yahudi iku mèh padha ora ngêrti dhawuh.

وَيَقُوْلُوْنَ طَاعَةٌ ۖ فَاِذَا بَرَزُوْا مِنْ عِنْدِكَ بَيَّتَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ غَيْرَ الَّذِيْ تَقُوْلُ ۗ وَاللّٰهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُوْنَ ۚ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٨١
Wa yaqūlūna ṭā‘ah(tun), fa iżā barazū min ‘indika bayyata ṭā'ifatum minhum gairal-lażī taqūl(u), wallāhu yaktubu mā yubayyitūn(a), fa a‘riḍ ‘anhum wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[81] (He para manungsa): samubarang kang bêcik kang tumanduk ing sira, iku sajatine saka karsaning Allah, dene samubarang kang ala kang nêmpuh ing sira, iku laire marga saka awakira dhewe. (He Mukhammad) Ingsun wis ngutus sira, mratakake dhawuh marang manungsa. Dene têtêpira dadi utusan, iku cukup disêksèni ing Allah piyambak, (dikanthèni mukjijat [mukji...][...jat] kaelokan).

اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَ ۗ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللّٰهِ لَوَجَدُوْا فِيْهِ اخْتِلَافًا كَثِيْرًا٨٢
Afalā yatadabbarūnal-qur'ān(a), wa lau kāna min ‘indi gairillāhi lawajadū fīhikhtilāfan kaṡīrā(n).
[82] Sing sapa manut miturut marang utusaning Allah, iku têmên wis manut miturut ing Allah, dene sing sapa suthik manut miturut marang utusaning Allah, iku aja andadèkake susahira Mukhammad, awit ênggon Ingsun ngutus ing sira, ora anjibahake rumêksa lakuning para manungsa.

وَاِذَا جَاۤءَهُمْ اَمْرٌ مِّنَ الْاَمْنِ اَوِ الْخَوْفِ اَذَاعُوْا بِهٖ ۗ وَلَوْ رَدُّوْهُ اِلَى الرَّسُوْلِ وَاِلٰٓى اُولِى الْاَمْرِ مِنْهُمْ لَعَلِمَهُ الَّذِيْنَ يَسْتَنْۢبِطُوْنَهٗ مِنْهُمْ ۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَاتَّبَعْتُمُ الشَّيْطٰنَ اِلَّا قَلِيْلًا٨٣
Wa iżā jā'ahum amrum minal-amni awil-khaufi ażā‘ū bih(ī), wa lau ruddūhu ilar-rasūli wa ilā ulil-amri minhum la‘alimahul-lażīna yastambiṭūnahū minhum, wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū lattaba‘tumusy-syaiṭāna illā qalīlā(n).
[83] Wong munaphèk (lamis) padha matura marang sira Mukhammad: Kula punika sami manut miturut ing sampeyan, nanging barêng wis mundur saka ngarêpira, para panggêdhene wong mau sagolongan banjur padha ambatin kosokbaline kang diaturake ana ngarêpira. Allah nulisi barang kang padha dibatin mau. Sira nampika lêlamise mau, lan pasraha maring Allah, prakara iku cukup pasrah maring Allah.

فَقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚ لَا تُكَلَّفُ اِلَّا نَفْسَكَ وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّكُفَّ بَأْسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ۗوَاللّٰهُ اَشَدُّ بَأْسًا وَّاَشَدُّ تَنْكِيْلًا٨٤
Faqātil fī sabīlillāh(i), lā tukallafu illā nafsaka wa ḥarriḍil-mu'minīn(a), ‘asallāhu ay yakuffa ba'sal lażīna kafarū, wallāhu asyaddu ba'saw wa asyaddu tankīlā(n).
[84] Wong munaphèk (lamis) mau apa ora padha nitipariksa surasaning Kuran, saupama Kuran iku pangamandakaning wong, dudu gawean saka karsaning Allah, amêsthi wong munaphèk mau padha mrangguli prakara kang kosokbali pirang-pirang ana sajroning Kuran.

مَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَّكُنْ لَّهٗ نَصِيْبٌ مِّنْهَا ۚ وَمَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَّكُنْ لَّهٗ كِفْلٌ مِّنْهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقِيْتًا٨٥
May yasyfa‘ syafā‘atan ḥasanatay yakul lahū naṣībum minhā, wa may yasyfa‘ syafā‘atan sayyi'atay yakul lahū kiflum minhā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqītā(n).
[85] Nalikane para munaphèk mau padha olèh pawarta kaananing pêpêrangan, wong Islam mênang utawa [uta...][...wa] kalah, banjur padha mratak-mratakake pawarta mau. (Murih girise wong mukmin kang krungu pawarta kalahe wong Islam, kang mangkono iku luput, awit iku prakara wadi, saupama wong munaphèk mau mênêng bae ora mratak-mratakake warta) mung nyumanggakake marang Rasulullah lan marang para parentah Islam (apa pawarta mau prayoga diwratak-wratakake apa ora) wong munaphèk kang padha ngingsêp-ingsêp pawarta saka Rasulullah lan saka para parentah Islam mau mêsthi banjur padha wêruh yèn pawarta mau prayoga diwratak-wratakake utawa ora. Saupama ora ana sih kanugrahaning Allah marang sira kabèh, amêsthi sira padha manut ing setan, kajaba mung sathithik kang ora.

وَاِذَا حُيِّيْتُمْ بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوْا بِاَحْسَنَ مِنْهَآ اَوْ رُدُّوْهَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَسِيْبًا٨٦
Wa iżā ḥuyyītum bitaḥiyyatin fa ḥayyū bi'aḥsana minhā au ruddūhā, innallāha kāna ‘alā kulli syai'in ḥasībā(n).
[86] He Mukhammad, yèn mangkono sira ngawakana dhewe pêrang sabilullah, kang kêjibah pêrang dudu sapa-sapa, bênêre awakira dhewe, lan uga anggêgabaha para wong mukmin, Allah muga-muga ngapêsna pêrange wong kaphir. Dene Allah iku luwih dening santosa, lan siksane uga luwih dening santosa.

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗ وَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللّٰهِ حَدِيْثًا ࣖ٨٧
Allāhu lā ilāha illā huw(a), layajma‘annakum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīh(i), wa man aṣdaqu minallāhi ḥadīṡā(n).
[87] Sing sapa atêtulung kalawan pitulungan kang amrih bêcik, iku duwe panduman ganjaran saka ênggone têtulung mau. Dene sing sapa têtulung kalawan pitulungan kang amrih ala, iku duwe panduman kaluputan saka ênggone têtulung mau. Allah iku nguwasani samubarang.

۞ فَمَا لَكُمْ فِى الْمُنٰفِقِيْنَ فِئَتَيْنِ وَاللّٰهُ اَرْكَسَهُمْ بِمَا كَسَبُوْا ۗ اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَهْدُوْا مَنْ اَضَلَّ اللّٰهُ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا٨٨
Famā lakum fil-munāfiqīna fi'ataini wallāhu arkasahum bimā kasabū, aturīdūna an tahdū man aḍallallāh(u), wa may yuḍlilillāhu falan tajida lahū sabīlā(n).
[88] Manawa sira padha diuluki salam, (dibagèkake) ing wong, iku sira mangsulana kang luwih bêcik, ngungkuli ênggone uluk salam marang sira, utawa mangsulana mung sapadhane ênggone uluk salam bae. Satêmêne Allah iku ngetang samubarang.

وَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَ كَمَا كَفَرُوْا فَتَكُوْنُوْنَ سَوَاۤءً فَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ حَتّٰى يُهَاجِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْ ۖ وَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًاۙ٨٩
Waddū lau takfurūna kamā kafarū fa takūnūna sawā'an falā tattakhiżū minhum auliyā'a ḥattā yuhājirū fī sabīlillāh(i), fa in tawallau fa khużūhum waqtulūhum ḥaiṡu wajattumūhum, wa lā tattakhiżū minhum waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[89] Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, ing besuk dina kiyamat, Allah mêsthi nglêmpakake sira kabèh, kang mangkono iku ora kêna sêmang-sêmang, awit ora ana wong kang pangucape luwih têmên ngungkuli Allah.

اِلَّا الَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ اِلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ اَوْ جَاۤءُوْكُمْ حَصِرَتْ صُدُوْرُهُمْ اَنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ اَوْ يُقَاتِلُوْا قَوْمَهُمْ ۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَسَلَّطَهُمْ عَلَيْكُمْ فَلَقَاتَلُوْكُمْ ۚ فَاِنِ اعْتَزَلُوْكُمْ فَلَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ وَاَلْقَوْا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ ۙ فَمَا جَعَلَ اللّٰهُ لَكُمْ عَلَيْهِمْ سَبِيْلًا٩٠
Illal lażīna yaṣilūna ilā qaumim bainakum wa bainahum mīṡāqun au jā'ūkum ḥaṣirat ṣudūruhum ay yuqātilūkum au yuqātilū qaumahum, wa lau syā'allāhu lasallaṭahum ‘alaikum fa laqātalūkum, fa ini‘tazalūkum falam yuqātilūkum wa alqau ilaikumus-salam(a), famā ja‘alallāhu lakum ‘alaihim sabīlā(n).
[90] Yagene sira para wong Islam, padha gèsèh panêmunira mungguh kang bakal sira trapake marang para wong munaphèk, sira dadi golongan loro, (kang sagolongan kudu matèni para munaphèk, lan kang sagolongan manèh kudu nyarantèkake) Allah wis nampik marang panggawene wong munaphèk kabèh, apa sira kudu nuduhake dêdalan marang wong kang wis disasarake dening Allah. Dene sing sapa disasarake dening Allah, mêsthi ora bisa olèh dalan kang bênêr.

سَتَجِدُوْنَ اٰخَرِيْنَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّأْمَنُوْكُمْ وَيَأْمَنُوْا قَوْمَهُمْ ۗ كُلَّ مَا رُدُّوْٓا اِلَى الْفِتْنَةِ اُرْكِسُوْا فِيْهَا ۚ فَاِنْ لَّمْ يَعْتَزِلُوْكُمْ وَيُلْقُوْٓا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ وَيَكُفُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ ۗ وَاُولٰۤىِٕكُمْ جَعَلْنَا لَكُمْ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا ࣖ٩١
Satajidūna akharīna yurīdūna ay ya'manūkum wa ya'manū qaumahum, kullamā ruddū ilal-fitnati urkisū fīhā, fa illam ya‘tazilūkum wa yulqū ilaikumus-salama wa yakuffū aidiyahum fa khużūhum waqtulūhum ḥaiṡu ṡaqiftumūhum, wa ulā'ikum ja‘alnā lakum ‘alaihim sulṭānam mubīnā(n).
[91] Pangarêp-arêpe para munaphèk, sira iku padha kaphira kaya wong munaphèk mau, dadi sira banjur padha karo wong munaphèk. Mulane sira aja pisan-pisan padha nganggêp mitra wong munaphèk mau, kajaba yèn si munaphèk mau banjur gêlêm mangsah pêrang sabilullah kalawan sêtya tuhu. Dene yèn si munaphèk mau puguh ênggone malengos, banjur padha sira tawana, ing ngêndi ênggone katêmu banjur sira patènana, lan aja sira anggêp mitra utawa panulung.

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ اَنْ يَّقْتُلَ مُؤْمِنًا اِلَّا خَطَـًٔا ۚ وَمَنْ قَتَلَ مُؤْمِنًا خَطَـًٔا فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ وَّدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يَّصَّدَّقُوْا ۗ فَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍ عَدُوٍّ لَّكُمْ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۗوَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ فَدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖ وَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۚ فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِۖ تَوْبَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا٩٢
Wa mā kāna limu'minin ay yaqtula mu'minan illā khaṭa'ā(n), wa man qatala mu'minan khaṭa'an fa taḥrīru raqabatim mu'minatiw wa diyatum musallamatun ilā ahlihī illā ay yaṣṣaddaqū, fa in kāna min qaumim bainakum wa bainahum mīṡāqun fa diyatum musallamatun ilā ahlihī wa taḥrīru raqabatim mu'minah(tin), famal lam yajid fa ṣiyāmu syahraini mutatābi‘aini taubatam minallāh(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[92] Kajaba wong kang banjur padha ngungsi marang wong kaphir kang wis prajanjian lan sira, utawa banjur padha seba ing sira, matur yèn atine sêsak, rumasa ora kaconggah nglawan pêrang marang sira, utawa banjur ngumpul ing sira mêrangi kancane munaphèk, (iku aja sira patèni lan aja sira tawan) saupama ana kaparênging Allah, kêna uga Allah ngarsakake wong kang mangkono mau banjur wani manèh marang sira, nuli padha nglawan pêrang manèh marang sira, (ewadene Allah ora ngarsakake kang mangkono mau) dene manawa wong munaphèk mau wis padha[6] [pa...][...dha] ngucira, dadi ora nglawan pêrang marang sira, malah padha ngajak rukun marang sira, ing kono Allah ora maringi dalan marang sira ênggonira arêp matèni utawa nawan.

وَمَنْ يَّقْتُلْ مُؤْمِنًا مُّتَعَمِّدًا فَجَزَاۤؤُهٗ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيْهَا وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهٗ وَاَعَدَّ لَهٗ عَذَابًا عَظِيْمًا٩٣
Wa may yaqtul mu'minam muta‘ammidan fa jazā'uhū jahannamu khālidan fīhā wa gaḍiballāhu ‘alaihi wa la‘anahū wa a‘adda lahū ‘ażāban ‘aẓīmā(n).
[93] (He para wong Islam): Sira uga padha mrangguli wong munaphèk, liyane kang wis kasêbut mau, ênggone padha ulas-ulas Islam, karêpe supaya padha slamêta saka wasesanira, dene ênggone padha kaphir, karêpe supaya slamêta saka panyiya-nyiyaning para kancane, wong munaphèk kang mangkono iku sabên bali marang kaphir saya mundhak bangêt kaphire. Kang iku manawa si munaphèk mau ora banjur nungkul marang sira, lan ora banjur ngajak rukun, apadene ora padha nyêgah tangane ênggone nglawan pêrang ing sira, iku banjur sira tawana, ing ngêndi ênggone katêmu padha sira patènana. Wong munaphèk kang mangkono iku mêsthi Ingsun ênggo tăndha yêkti marang sira (ênggone mati pêrang utawa dadi tawanan).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا ضَرَبْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَتَبَيَّنُوْا وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ اَلْقٰىٓ اِلَيْكُمُ السَّلٰمَ لَسْتَ مُؤْمِنًاۚ تَبْتَغُوْنَ عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۖفَعِنْدَ اللّٰهِ مَغَانِمُ كَثِيْرَةٌ ۗ كَذٰلِكَ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلُ فَمَنَّ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ فَتَبَيَّنُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا٩٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā ḍarabtum fī sabīlillāhi fa tabayyanū wa lā taqūlū liman alqā ilaikumus-salāma lasta mu'minā(n), tabtagūna ‘araḍal-ḥayātid-dun-yā, fa ‘indallāhi magānimu kaṡīrah(tun), każālika kuntum min qablu fa mannallāhu ‘alaikum fa tabayyanū, innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[94] Wong mukin[7] ora kêna matèni kancane padha mukmin, kajaba yèn ênggone matèni ora dijarag, ewadene sing sapa matèni kancane padha mukmin, ora kalawan dijarag, iku kêna patrapan rong warna, kang siji kudu mardikakake kawula kang mukmin, sijine kudu bayar têtêmpuh (Dhawuhing Rasulullah, têtêmpuh mau kèhe unta satus iji. Jalalèn.) marang ali[8] warise wong kang dipatèni mau, kajaba yèn ali waris mau nglilakake. Dene yèn kang dipatèni iku wong mukmin, nanging nunggal lan sanak sadulure kang padha kaphir, tur kaphir mungsuh, iku kang matèni ora anjarag mau mung kapatrapan mardikakake kawula kang mukmin bae, dene yèn kang dipatèni ora dijarag mau ewone wong kaphir kang wis padha prajanjian lan sira, iku patrapane kêna ing têtêmpuh marang ali warise wong kang dipatèni, sarta mardikakake kawula kang mukmin. Dene sing sapa ora bisa olèh kawula kang mukin,[9] iku lirune kudu puwasa rong sasi kang tumaruntun tanpa pêdhot, minăngka pangruwating dosa saka Allah. Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

لَا يَسْتَوِى الْقٰعِدُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ غَيْرُ اُولِى الضَّرَرِ وَالْمُجٰهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ فَضَّلَ اللّٰهُ الْمُجٰهِدِيْنَ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ دَرَجَةً ۗ وَكُلًّا وَّعَدَ اللّٰهُ الْحُسْنٰىۗ وَفَضَّلَ اللّٰهُ الْمُجٰهِدِيْنَ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ٩٥
Lā yastawil-qā‘idūna minal-mu'minīna gairu uliḍ-ḍarari wal-mujāhidūna fī sabīlillāhi bi'amwālihim wa anfusihim, faḍḍalallāhul-mujāhidīna bi amwālihim wa anfusihim ‘alal-qā‘idīna darajah(tan), wa kullaw wa‘adallāhul-ḥusnā, wa faḍḍalallāhul-mujāhidīna ‘alal-qā‘idīna ajran ‘aẓīmā(n).
[95] Dene sing sapa matèni wong mukmin kalawan jaragan, iku wêwalêse disiksa ana naraka Jahanam, ana ing kono langgêng, (Enggone langgêng ana ing naraka mau, manawa ênggone matèni rumasa ora duraka, dene yèn wis andhadha yèn duraka, iya ora langgêng, awit isih têtêp Islame, sanadyan lawas bangêt ana ing naraka, samăngsa wis pundhat wêwangêning siksa iya diêntasake [di...][...êntasake] saka ing naraka, awit wong langgêng ana ing naraka iku mung wong kaphir, amarga ênggone maido kharame matèni wong Islam kalawan dijarag. Jamal.) sarta Allah ambêndoni marang mau. Apadene ngancam kalawan siksa kang gêdhe.

دَرَجٰتٍ مِّنْهُ وَمَغْفِرَةً وَّرَحْمَةً ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ٩٦
Darajātim minhu wa magfirataw wa raḥmah(tan), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[96] He wong kang padha mukmin, nalikane sira padha mangkat anglurug pêrang sabilullah, diawas nêrang-nêrangake (aja kliru matèni wong Islam) manawa ana wong nungkul marang sira saguh Islam, aja banjur sira calathoni, kowe iku dudu wong mukmin (lan banjur sira patèni) pamrahira[10] mung supaya olèha kabungahan ing dunya (anjarah raja darbèke) sira wêruha, ing ngarsaning Allah jarahan akèha pirang-pirang. Dhèk biyèn sira uga wis kêlakon ditampani panungkulira, Allah banjur nulungi marang sira, mulane sira padha disatiti nêrang-nêrangake: Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَالُوْا فِيْمَ كُنْتُمْ ۗ قَالُوْا كُنَّا مُسْتَضْعَفِيْنَ فِى الْاَرْضِۗ قَالُوْٓا اَلَمْ تَكُنْ اَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةً فَتُهَاجِرُوْا فِيْهَا ۗ فَاُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًاۙ٩٧
Innal-lażīna tawaffāhumul-malā'ikatu ẓālimī anfusihim qālū fīma kuntum, qālū kunnā mustaḍ‘afīna fil-arḍ(i), qālū alam takun arḍullāhi wāsi‘atan fa tuhājirū fīhā, fa ulā'ika ma'wāhum jahannam(u), wa sā'at maṣīrā(n).
[97] Para wong mukmin kang ora nandhang lêlara, nanging linggih ana ing omah bae, (ora milu pêrang) tinimbang wong mukmin kang mangsah pêrang sabilullah, mawa sangu băndha lan toh nyawa, iku ora padha bae pangkate, (akèh kacèke) Allah gawe unggul pangkate, wong mukmin kang mangsah pêrang sabilullah mawa sangu băndha lan toh nyawa, ngungkuli pangkate wong mukmin kang mung linggih ana ing omah bae amarga nandhang lêlara. Sanadyan mangkono, kabèh mau padha diêbang ganjaran suwarga. Sarta Allah gawe unggul pangkate wong mukmin kang mangsah pêrang kalawan diparingi ganjaran kang gêdhe, ngungkuli wong mukmin kang mung linggih ana ing omah bae.

اِلَّا الْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ حِيْلَةً وَّلَا يَهْتَدُوْنَ سَبِيْلًاۙ٩٨
Illal-mustaḍ‘afīna minar-rijāli wan-nisā'i wal-wildāni lā yastaṭī‘ūna ḥīlataw wa lā yahtadūna sabīlā(n).
[98] Iya iku pangkat pêparinging Allah, lan uga diparingi pangapura lan sih. Dene Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

فَاُولٰۤىِٕكَ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّعْفُوَ عَنْهُمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَفُوًّا غَفُوْرًا٩٩
Fa ulā'ika ‘asallāhu ay ya‘fuwa ‘anhum, wa kānallāhu ‘afuwwan gafūrā(n).
[99] Sarupane wong Islam kang padha dipatèni dening malaikat nalika pêrang ing Badar, iku têtêp wong nganiaya marang awake dhewe, (marga ênggone padha ora gêlêm andhèrèk Kangjêng Rasul ngalih marang Madinah, ing kono banjur padha awor lan para wong kaphir ing Mêkah) malaikat pati ngandika marang wong mau: Kowe iku apa wong kaphir apa sakabate Kangjêng Rasul, wong Islam mau banjur padha matur: Kula punika wontên ing bumi Mêkah sami dados tiyang apês, (botên kuwawi ngadêgakên agami Islam) malaikat pati ngandika manèh, bumining Allah apa ora jêmbar, kowe mêsthi padha bisa ngalih ngungsi marang nagara liyane, (kaya kănca-kancanira kae) wong kang mêngkono mau mêsthi manggon ana ing naraka. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.

۞ وَمَنْ يُّهَاجِرْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يَجِدْ فِى الْاَرْضِ مُرٰغَمًا كَثِيْرًا وَّسَعَةً ۗوَمَنْ يَّخْرُجْ مِنْۢ بَيْتِهٖ مُهَاجِرًا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ اَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ١٠٠
Wa may yuhājir fī sabīlillāhi yajid fil-arḍi murāgaman kaṡīraw wa sa‘ah(tan), wa may yakhruj mim baitihī muhājiran ilallāhi wa rasūlihī ṡumma yudrik-hul-mautu faqad waqa‘a ajruhū ‘alallāh(i), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[100] Kajaba wong kang têmên apês, wong lanang lan wong wadon, lan para bocah, kang padha ora bisa ngalih, lan ora duwe waragad, utawa ora wêruh dalane marang pangungsèn. Wong mangkono mau cêpak diwuwung dening Allah, Allah iku sipat ngapura lan karsa muwung.

وَاِذَا ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَقْصُرُوْا مِنَ الصَّلٰوةِ ۖ اِنْ خِفْتُمْ اَنْ يَّفْتِنَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اِنَّ الْكٰفِرِيْنَ كَانُوْا لَكُمْ عَدُوًّا مُّبِيْنًا١٠١
Wa iżā ḍarabtum fil-arḍi fa laisa ‘alaikum junāḥun an taqṣurū minaṣ-ṣalāh(ti), in khiftum ay yaftinakumul-lażīna kafarū, innal-kāfirīna kānū lakum ‘aduwwam mubīnā(n).
[101] Dene sing sapa ngalih nyungkêmi dêdalaning agamane Allah, amêsthi olèh panggonan pirang-pirang ana ing bumi lan gampang lakuning pangupajiwa, apadene sing sapa mêtu ninggal bale omahe, ngalih ngèstokake parentahing Allah lan parentahe utusaning Allah, kang măngka banjur mati ana ing dalan, iku Allah majibake marang sarirane piyambak, mêsthi angganjar marang wong mau, dene Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

وَاِذَا كُنْتَ فِيْهِمْ فَاَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلٰوةَ فَلْتَقُمْ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ مَّعَكَ وَلْيَأْخُذُوْٓا اَسْلِحَتَهُمْ ۗ فَاِذَا سَجَدُوْا فَلْيَكُوْنُوْا مِنْ وَّرَاۤىِٕكُمْۖ وَلْتَأْتِ طَاۤىِٕفَةٌ اُخْرٰى لَمْ يُصَلُّوْا فَلْيُصَلُّوْا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوْا حِذْرَهُمْ وَاَسْلِحَتَهُمْ ۚ وَدَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ تَغْفُلُوْنَ عَنْ اَسْلِحَتِكُمْ وَاَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيْلُوْنَ عَلَيْكُمْ مَّيْلَةً وَّاحِدَةً ۗوَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ كَانَ بِكُمْ اَذًى مِّنْ مَّطَرٍ اَوْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَنْ تَضَعُوْٓا اَسْلِحَتَكُمْ وَخُذُوْا حِذْرَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا١٠٢
Wa iżā kunta fīhim fa aqamta lahumuṣ-ṣalāta faltaqum ṭā'ifatum minhum ma‘aka walya'khużū asliḥatahum, fa iżā sajadū falyakūnū miw warā'ikum, walta'ti ṭā'ifatun ukhrā lam yuṣallū falyuṣallū ma‘aka walya'khużū ḥiżrahum wa asliḥatahum, waddal-lażīna kafarū lau tagfulūna ‘an asliḥatakum wa amti‘atikum, fa yamīlūna ‘alaikum mailataw wāḥidah(tan), wa lā junāḥa ‘alaikum in kāna bikum ażam mim maṭarin au kuntum marḍā an taḍa‘ū asliḥatakum wa khużū ḥiżrakum, innallāha a‘adda lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[102] Nalikane sira padha lêlungan ana ing bumi, ora ana pakewuhe sira padha nyêndhakake sêmbayang (Patrape nyêndhakke sêmbayang mangkene: kang pancèn patang rêkangat mung digawe rong rêkangat bae. Jalalèn.) iku yèn sira padha ngandhut kuwatir (Sanadyan tanpa ngandhut [ngandhu...][...t] kuwatir iya kêna nyêndhakake sêmbayang. Miturut kang wis dilakoni ing Kangjêng Rasul dhewe. Jamal.) bokmanawa ana paekane para wong kaphir, satêmêne wong kaphir iku têtela padha dadi satrunira.

فَاِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلٰوةَ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِكُمْ ۚ فَاِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ ۚ اِنَّ الصَّلٰوةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ كِتٰبًا مَّوْقُوْتًا١٠٣
Fa iżā qaḍaitumuṣ-ṣalāta fażkurullāha qiyāmaw wa qu‘ūdaw wa ‘alā junūbikum, fa iżaṭma'nantum fa aqīmuṣ-ṣalāh(ta), innaṣ-ṣalāta kānat ‘alal-mu'minīna kitābam mauqūtā(n).
[103] (He Mukhammad): Nalikane sira awor lan para sakabatira kang padha milu ngalih, (ana ing dalan kuwatir bokmanawa tinêmpuh ing satru) kang măngka sira arêp sêmbayang, iku kancanira kang sagolongan ngadêga sêmbayang barêng lan sira, sarta padha nyêkêla gêgamane dhewe-dhewe. Dene kang sagolongan ngèrènana, rumêksaa kancane sagolongan kang lagi sêmbayang mau saka ing burinira. (Wong sagolongan kang sêmbayang dhisik banjur nutugna sêmbayange dhewe, sawise rampung nuli gênti rumêksaa) dene wong sagolongan kang ngèrèni mau durung milu sêmbayang banjur majua sêmbayang lan sira, sarta padha prayitnaa, nyêkêla gêgamane. Pangarêp-arêpe para satru kaphir sajrone sira sêmbayang, kêlalèna gêgaman lan bandhanira, ing kono wong kaphir banjur nukup ing sira sapisan bae rampung. Dene yèn pinuju ana langan[11] udan utawa pinuju lara, iya ora ana pakewuhe sira nyèlèhake gêgamanira, nanging sira iya diprayitna. Satêmêne Allah ngancam siksa kang ngrèmèhake marang sarupane wong kaphir.

وَلَا تَهِنُوْا فِى ابْتِغَاۤءِ الْقَوْمِ ۗ اِنْ تَكُوْنُوْا تَأْلَمُوْنَ فَاِنَّهُمْ يَأْلَمُوْنَ كَمَا تَأْلَمُوْنَ ۚوَتَرْجُوْنَ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا يَرْجُوْنَ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا ࣖ١٠٤
Wa lā tahinū fibtigā'il-qaum(i), in takūnū ta'lamūna fa innahum ya'lamūna kamā ta'lamūn(a), wa tarjūna minallāhi mā lā yarjūn(a), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[104] Sawise rampung ênggonira padha sêmbayang, banjur padha nyêbuta asmaning Allah karo ngadêg, lan karo linggih. Lan karo têturon miring, dene yèn sira wis padha têntrêm, banjur nglakonana sêmbayang (kaya sabêne). Satêmêne sêmbayang iku diwajibake tumrap para wong mukmin, tur tinamtokake wayahe.

اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَآ اَرٰىكَ اللّٰهُ ۗوَلَا تَكُنْ لِّلْخَاۤىِٕنِيْنَ خَصِيْمًا ۙ١٠٥
Innā anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi litaḥkuma bainan-nāsi bimā arākallāh(u), wa lā takun lil-khā'inīna khaṣīmā(n).
[105] Lan manèh sira aja kêndho ênggonira marsudi kêkêndêlaning kancanira, manawa sira padha kêlaran, sira wêruha, sanadyan mungsuhira wong kaphir iya uga padha kêlaran, padha bae lan ênggonira kêlaran, aluwung sira padha duwe pangarêp-arêp ganjaran pêparinging Allah kang ora kêna diarêp-arêp dening wong kaphir. Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَّاسْتَغْفِرِ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ١٠٦
Wastagfirillāh(a), innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[106] Ingsun wis andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata marang sira Mukhammad, supaya sira ambêbênêrana pasulayaning manungsa, wêwaton barang kang wis diparingake sumurup dening Allah marang sira, lan sira aja madèni[12] wong kang satêmêne rêsik, mung marga nganggêp pangamandakane wong kang satêmêne cidra. Lan sira nyuwuna pangapuraning Allah. Satêmêne Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِيْنَ يَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا اَثِيْمًاۙ١٠٧
Wa lā tujādil ‘anil-lażīna yakhtānūna anfusahum, innallāha lā yuḥibbu man kāna khawwānan aṡīmā(n).
[107] Lan sira aja padu ambombong prakarane wong kang nyidrani marang awake dhewe. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang gawene cidra tur duraka.

يَّسْتَخْفُوْنَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُوْنَ مِنَ اللّٰهِ وَهُوَ مَعَهُمْ اِذْ يُبَيِّتُوْنَ مَا لَا يَرْضٰى مِنَ الْقَوْلِ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطًا١٠٨
Yastakhfūna minan-nāsi wa lā yastakhfūna minallāhi wa huwa ma‘ahum iż yubayyitūna mā lā yarḍā minal-qaul(i), wa kānallāhu bimā ya‘malūna muḥīṭā(n).
[108] Wong kang nyidrani marang awake dhewe mau padha salinthutan anglimpe marang manungsa, ora nglimpe marang Allah, nalikane padha ngrêrantam arêp ngucap kang ora diparêngake dening Allah, Allah anjênêngi, dene Allah iku waspada marang samubarang kang padha dilakoni dening wong mau.

هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ فَمَنْ يُّجَادِلُ اللّٰهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَمْ مَّنْ يَّكُوْنُ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا١٠٩
Hā'antum hā'ulā'i jādaltum ‘anhum fil-ḥayātid-dun-yā, famay yujādilullāha ‘anhum yaumal-qiyāmati am may yakūnu ‘alaihim wakīlā(n).
[109] He wong kang padha ngrojongi wong cidra, sira kabèh dipadha eling, sira ana ing kauripan dunya padha padu ngrewangi wong cidra, ing besuk dina kiyamat, sapa kang kaconggah madoni marang Allah ngrewangi si cidra, utawa sapa kang gêlêm ngukuhi si cidra nulak siksaning Allah.

وَمَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا اَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهٗ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللّٰهَ يَجِدِ اللّٰهَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١١٠
Wa may ya‘mal sū'an au yaẓlim nafsahū ṡumma yastagfirillāha yajidillāha gafūrar raḥīmā(n).
[110] Sing sapa nglakoni panggawe ala utawa nganiaya marang awake dhewe, banjur nyuwun pangapura ing Allah, amêsthi nêmu kanyataane yèn Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

وَمَنْ يَّكْسِبْ اِثْمًا فَاِنَّمَا يَكْسِبُهٗ عَلٰى نَفْسِهٖ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١١١
Wa may yaksib iṡman fa innamā yaksibuhū ‘alā nafsih(ī),wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[111] Sing sapa nglakoni dosa mau tumrap marang awake dhewe, (ora nglèpèti ing liyane). Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَمَنْ يَّكْسِبْ خَطِيْۤـَٔةً اَوْ اِثْمًا ثُمَّ يَرْمِ بِهٖ بَرِيْۤـًٔا فَقَدِ احْتَمَلَ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ١١٢
Wa may yaksib khaṭī'atan au iṡman ṡumma yarmi bihī barī'an fa qadiḥtamala buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[112] Sing sapa nglakoni sawijining kaluputan, dosa gêdhe utawa dosa cilik, banjur ngipatake kaluputane, [kalupu...][...tane,] dilèlètake marang wong kang satêmêne rêsik, ora magêpokan kaluputan mau, wong mangkono iku têtela anggendhong kaluputan loro, ngamandaka lan dosa kang dilakoni dhewe.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكَ وَرَحْمَتُهٗ لَهَمَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ اَنْ يُّضِلُّوْكَۗ وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَضُرُّوْنَكَ مِنْ شَيْءٍ ۗ وَاَنْزَلَ اللّٰهُ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَكَ مَا لَمْ تَكُنْ تَعْلَمُۗ وَكَانَ فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكَ عَظِيْمًا١١٣
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaika wa raḥmatuhū lahammaṭ-ṭā'ifatum minhum ay yuḍillūk(a), wa mā yuḍillūna illā anfusahum wa mā yaḍurrūnaka min syai'(in), wa anzalallāhu ‘alaikal-kitāba wal-ḥikmata wa ‘allamaka mā lam takun ta‘lam(u), wa kāna faḍlullāhi ‘alaika ‘aẓīmā(n).
[113] Saupama ora ana sih kanugrahaning Allah ngrêksa marang sira Mukhammad, (mêsthi ra[13] kajalomprong) awit wong sagolongan kang padha nganiaya awake dhewe, iku sumêdya anjalomprongake sira, ewadene ora ambêbayani apa-apa marang sira, lan ora bisa anjalomprongake sapa-sapa, malah awake dhewe kajalomprong. Lan manèh Allahllah[14] wis andhawuhake Kitab Kuran, kawicaksanan marang sira, sarta mulang marang sira ing samubarang kang sira durung wêruh. Dene sih kanugrahaning Allah marang sira iku dhasar gêdhe.

۞ لَا خَيْرَ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنْ نَّجْوٰىهُمْ اِلَّا مَنْ اَمَرَ بِصَدَقَةٍ اَوْ مَعْرُوْفٍ اَوْ اِصْلَاحٍۢ بَيْنَ النَّاسِۗ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا١١٤
Lā khaira fī kaṡīrim min najwāhum illā man amara biṣadaqatin au ma‘rūfin au iṣlāḥim bainan-nās(i), wa may yaf‘al żālikabtigā'a marḍātillāhi fa saufa nu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[114] Manungsa kang padha kakehan calathu iku ora bêcik, kajaba calathune wong kang akon sidêkah utawa akon anglakoni panggawe bêcik, apadene ngrukunake manungsa. Sing sapa nglakoni salah sawijine têlung prakara mau murih kaparênging Allah, ing besuk mêsthi Ingsun paringi ganjaran gêdhe.

وَمَنْ يُّشَاقِقِ الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُ الْهُدٰى وَيَتَّبِعْ غَيْرَ سَبِيْلِ الْمُؤْمِنِيْنَ نُوَلِّهٖ مَا تَوَلّٰى وَنُصْلِهٖ جَهَنَّمَۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا ࣖ١١٥
Wa may yusyāqiqir-rasūla mim ba‘di mā tabayyana lahul-hudā wa yattabi‘ gaira sabīlil-mu'minīna nuwallihī mā tawallā wa nuṣlihī jahannam(a), wa sā'at maṣīrā(n).
[115] Sing sapa sawise têrang sumurupe marang pituduh banjur nyulayani ing Rasul, lan ngambah dalan kang dudu dalane wong mukmin, iku Ingsun karsakake nguwasani barang kang dipilih mau, nanging bakal Ingsun cêmplungake ing naraka Jahanam, iba alane kawusanan kang mêngkono iku.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١١٦
Innallāha lā yagfiru ay yusyraka bihī wa yagfiru mā dūna żālika limay yasyā'(u), wa may yusyrik billāhi faqad ḍalla ḍalālam ba‘īdā(n).
[116] Satêmêne Allah iku ora karsa ngapura dosa musrik, (ngrangkêp mangeran liyane Allah) nanging ngapura dosa liyane musrik, marang wong kang dadi parênging karsane. Dene sing sapa ngrangkêp mangeran liyane Allah, iku têtêp wong kêsasar, nganti adoh kêsasare.

اِنْ يَّدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلَّآ اِنٰثًاۚ وَاِنْ يَّدْعُوْنَ اِلَّا شَيْطٰنًا مَّرِيْدًاۙ١١٧
Iy yad‘ūna min dūnihī illā ināṡā(n), wa iy yad‘ūna illā syaiṭānam marīdā(n).
[117] Barang liyane Allah kang disêmbah dening wong musrik iku dudu sapa-sapa, iya iku brahala, dene dununging panyêmbahe wong musrik mau, ora marang sapa-sapa, satêmêne nyêmbah marang setan kang katog alane.

لَّعَنَهُ اللّٰهُ ۘ وَقَالَ لَاَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًاۙ١١٨
La‘anahullāh(u), wa qāla la'attakhiżanna min ‘ibādika naṣībam mafrūḍā(n).
[118] Allah ambêndoni marang setan, setan munjuk ing Allah: Para kawula Tuwan tamtu kathah ingkang kawula pêndhêt dados panduman kawula (sami ngabêkti dhatêng kawula). Punapadene kawula mêsthi anjalomprongakên para kawula Tuwan, saha manahipun sami kawula isèni gagasan badhe panjang umuripun, botên badhe dipun tangèkakên [tangèka...][...kên] saking pêjah, lan botên badhe dipun timbang awon saening kalakuanipun, punapadene sami kawula parentahi sami nyigar kupinging rajakayanipun, (minăngka têngêr sumungkêmipun dhatêng kawula) saha sami ngewahi agamining Allah. (Dhawuhing Allah): Sing sapa ngadêgake setan dadi panutane, iku mêsthi kapitunan, têtela bangêt kapitunane.

وَّلَاُضِلَّنَّهُمْ وَلَاُمَنِّيَنَّهُمْ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُبَتِّكُنَّ اٰذَانَ الْاَنْعَامِ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُغَيِّرُنَّ خَلْقَ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يَّتَّخِذِ الشَّيْطٰنَ وَلِيًّا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَقَدْ خَسِرَ خُسْرَانًا مُّبِيْنًا١١٩
Wa la'uḍillannahum wa la'umanniyannahum wa la'āmurannahum fa layubattikunna āżānal-an‘āmi wa la'āmurannahum fa layugayyirunna khalqallāh(i), wa may yattakhiżisy-syaiṭāna waliyyam min dūnillāhi faqad khasira khusrānam mubīnā(n).
[119] Setan nyaguhi marang para wong musrik bakal dawa umure, lan ngisèni gagasan bakal olèh samubarang kang sinêdya. Dene kasaguhaning setan marang para wong musrik iku dudu barang-barang, mung ngapusi bae.

يَعِدُهُمْ وَيُمَنِّيْهِمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا١٢٠
Ya‘iduhum wa yumannīhim, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[120] Wong kang padha manut ing setan iku bakal panggonane ana ing naraka Jahanam, lan padha ora olèh pangungsèn.

اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۖ وَلَا يَجِدُوْنَ عَنْهَا مَحِيْصًا١٢١
Ulā'ika ma'wāhum jahannam(u), wa lā yajidūna ‘anhā maḥīṣā(n).
[121] Dene wong kang padha mukmin sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku bakal padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang ana bangawane mili ana sangisoring kêkayone, ana ing kono padha langgêng salawase, Allah wis anjanji kang mangkono mau kalawan têmên. Ora ana wong kang têmên pangucape ngungkuli Allah.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّا ۗوَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللّٰهِ قِيْلًا١٢٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sanudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), wa‘dallāhi ḥaqqā(n), wa man aṣdaqu minallāhi qīlā(n).
[122] Prakara tumibane ganjaran iku ora miturut pangarêp-arêpira, lan ora miturut pangarêp-arêpe wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab. Sing sapa nglakoni panggawe ala mêsthi diwalês marga ênggone nglakoni panggawe ala mau. Lan ora bisa olèh andêl-andêl liyane Allah kang ngrêksa awake lan ora ana kang bisa nulungi nulak wêwalês mau.

لَيْسَ بِاَمَانِيِّكُمْ وَلَآ اَمَانِيِّ اَهْلِ الْكِتٰبِ ۗ مَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا يُّجْزَ بِهٖۙ وَلَا يَجِدْ لَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٢٣
Laisa bi'amāniyyikum wa lā amāniyyi ahlil-kitāb(i), may ya‘mal sū'ay yujza bih(ī), wa lā yajid lahū min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[123] Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, lananga wadona anggêr mukmin bae, wong iku mêsthi padha munggah ing suwarga, sarta ganjarane wong mau ganêp, ora pisan diunthêt, sanadyan mung sasêntiling wiji bae iya ora.

وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ مِنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ نَقِيْرًا١٢٤
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna naqīrā(n).
[124] Ora ana wong luwih bêcik agamane nganti ngungkuli wong kang nyumanggakake raine marang Allah, kang sarta ngandêl yèn Allah iku mung siji, apadene manut agamane Nabi Ibrahim, kang condhong marang bênêr. Dene Allah iku miji Nabi Ibrahim dikarsakake dadi mitraning Allah.

وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَاتَّخَذَ اللّٰهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا١٢٥
Wa man aḥsanu dīnam mimman aslama wajhahū lillāhi wa huwa muḥsinuw wattaba‘a millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wattakhażallāhu ibrāhīma khalīlā(n).
[125] Samubarang isining bumi lan samubarang isining langit, iku kabèh kagunganing Allah, kawasa lan kawruhing Allah iku nglimputi samubarang.

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطًا ࣖ١٢٦
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kānallāhu bikulli syai'im muḥīṭā(n).
[126] He Mukhammad, para sakabatira padha nêrang marang sira [si...][...ra] ing bab pranatan kang tumrap marang para wong wadon, iku sira dhawuha: Allah wis paring katêrangan marang sira kabèh prakara wong wadon, apadene kang wus didhawuhake marang sira kabèh kasêbut ing Kitab Kuran prakara bocah yatim wadon kang padha ora sira dumi pandumane waris kang tinamtokake (Dhèk samana wis tumindak, mupakate wong akèh, sarupane wong wadon lan para bocah iku padha ora diolèhake panduman waris. Jamal.) lan ênggonira suthik ngrabèni bocah yatim wadon, sarta suthik anglakèkake, mangkono uga para bocah cilik, (padha ora sira wèhi rajadarbèke, kang mangkono mau kabèh ora parêng, dhawuhing Allah) sira padha ingandikakake nindakake ngadil tumrap marang para bocah yatim. Dene samubarang kabêcikan kang padha sira lakoni, iku Allah nguningani.

وَيَسْتَفْتُوْنَكَ فِى النِّسَاۤءِۗ قُلِ اللّٰهُ يُفْتِيْكُمْ فِيْهِنَّ ۙوَمَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ فِيْ يَتٰمَى النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا تُؤْتُوْنَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ وَتَرْغَبُوْنَ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الْوِلْدَانِۙ وَاَنْ تَقُوْمُوْا لِلْيَتٰمٰى بِالْقِسْطِ ۗوَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِهٖ عَلِيْمًا١٢٧
Wa yastaftūnaka fin-nisā'(i), qulillāhu yuftīkum fīhinn(a), wa mā yutlā ‘alaikum fil-kitābi fī yatāman-nisā'il-lātī lā tu'tūnahunna mā kutiba lahunna wa targabūna an tankiḥūhunna wal-mustaḍ‘afīna minal-wildān(i), wa an taqūmū lil-yatāmā bil-qisṭ(i), wa mā taf‘alū min khairin fa innallāha kāna bihī ‘alīmā(n).
[127] Manawa ana wong wadon kêlakon dikêbonake utawa dicuwani dening lakine, iku ora ana pakewuhe yèn wong sakaloron mau banjur padha rukun, (utawa pêgatan kalawan bêcik) dene kang luwih bêcik iku rukun. Nanging budining manungsa iku mêsthi kêjegan kumêd, (Kumêde wong wadon, abot bangêt ênggone arêp anglilahake [angli...][...lahake] barang darbèke kang wis disanggêmi ing lakine. Dene kumêde wong lanang samăngsa dhêmên marang wong wadon liya, banjur abot bangêt ênggone arêp andhanganake cumbana lan rabine kang wis dicuwani. Jalalèn.) dene yèn sira bêbrayan kalawan becik, lan nyingkiri panganiaya (iku luwih dening bêcik) sira wêruha yèn Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

وَاِنِ امْرَاَةٌ خَافَتْ مِنْۢ بَعْلِهَا نُشُوْزًا اَوْ اِعْرَاضًا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يُّصْلِحَا بَيْنَهُمَا صُلْحًا ۗوَالصُّلْحُ خَيْرٌ ۗوَاُحْضِرَتِ الْاَنْفُسُ الشُّحَّۗ وَاِنْ تُحْسِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١٢٨
Wa inimra'atun khāfat mim ba‘lihā nusyūzan au i‘rāḍan falā junāḥa ‘alaihimā ay yuṣliḥā bainahumā ṣulḥā(n), waṣ-ṣulḥu khair(un), wa uḥḍiratil-anfususy-syuḥḥ(a), wa in tuḥsinū wa tattaqū fa innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[128] Sira wis mêsthi ora bisa madha katrêsnanira marang para rabinira, sanadyan sira parsudia kalawan bangêt iya mêksa ora bisa, mulane wajibira mung aja mènglèng babar pisan (marang wong wadon kang sira dhêmêni) supaya wong wadon kang ora pati sira dhêmêni aja nganti kêplanggrang (ora răndha lan ora somahan) manawa sira mêngku kalawan adil sarta nyingkiri panganiaya (iku luwih dening bêcik) sira wêruha yèn Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

وَلَنْ تَسْتَطِيْعُوْٓا اَنْ تَعْدِلُوْا بَيْنَ النِّسَاۤءِ وَلَوْ حَرَصْتُمْ فَلَا تَمِيْلُوْا كُلَّ الْمَيْلِ فَتَذَرُوْهَا كَالْمُعَلَّقَةِ ۗوَاِنْ تُصْلِحُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١٢٩
Wa lan tastaṭī‘ū an ta‘dilū bainan-nisā'i wa lau ḥaraṣtum falā tamīlū kullal-maili fa tażarūhā kal-mu‘allaqah(ti), wa in tuṣliḥū wa tattaqū fa innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[129] Dene yèn wong sakaloron mau pêgatan, Allah mêsthi ngilangake kabutuhaning wong bêbojoan saka wong loro mau, (Kang lanang olèh rabi liya, kang wadon uga olèh laki liya. Jalalèn.) awit saka kanugrahaning Allah. Dene Allah iku kanugrahane jêmbar sumarambah, tur wicaksana. [wi...][...caksana.]

وَاِنْ يَّتَفَرَّقَا يُغْنِ اللّٰهُ كُلًّا مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَكَانَ اللّٰهُ وَاسِعًا حَكِيْمًا١٣٠
Wa iy yatafarraqā yugnillāhu kullam min sa‘atih(ī), wa kānallāhu wāsi‘an ḥakīmā(n).
[130] Samubarang isining bumi lan samubarang isining langit iku kabèh kagunganing Allah. Ingsun têmên wis dhawuh marang sarupaning wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab sadurungira, lan uwis dhawuh marang sira kabèh. Sira padha wêdia ing Allah. Dene yèn sira padha kaphir, sira wêruha yèn samubarang isining bumi lan samubarang isining langit, iku kabèh kagunganing Allah, dene Allah iku ora butuh marang para kawulane tur pantês ingalêmbana.

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَاِيَّاكُمْ اَنِ اتَّقُوا اللّٰهَ ۗوَاِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَنِيًّا حَمِيْدًا١٣١
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa laqad waṣṣainal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wa iyyākum anittaqullāh(a), wa in takfurū fa inna lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kānallāhu ganiyyan ḥamīdā(n).
[131] Samubarang isining bumi lan samubarang isining langit iku kabèh kagunganing Allah, kang mangkono iku cukup disêksèni dening Allah piyambak.

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا١٣٢
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[132] He para manungsa, manawa Allah karsa nyirnakake sira kabèh sarta banjur anitahake kawula liyane, Allah mêsthi kuwasa nindakake kang mangkono mau.

اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ اَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِاٰخَرِيْنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى ذٰلِكَ قَدِيْرًا١٣٣
Iy yasya' yużhibkum ayyuhan-nāsu wa ya'ti bi'ākharīn(a), wa kānallāhu ‘alā żālika qadīrā(n).
[133] Sing sapa marsudi ganjaran ana ing dunya, iku wêruha yèn Allah iku kagungan ganjaran ana ing dunya lan ana ing akhirat, dene Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا فَعِنْدَ اللّٰهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا ࣖ١٣٤
Man kāna yurīdu ṡawābad-dun-yā fa ‘indallāhi ṡawābud-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa kānallāhu samī‘am baṣīrā(n).
[134] He para wong mukmin kabèh, sira padha dijêjêg tumindak kalawan ngadil, ênggonira dadi sêksi, (ngucap kalawan têmên) ngèstokake dhawuhing Allah, sanadyan ênggonira nêksèni mau bakal ngalahake marang awake dhewe, utawa ngalahake para sanak sadulurira, utawa kang bakal kalah mau wong sugih utawa wong miskin (ora pêrlu sira têtulung) awit kang bênêre têtulung marang si sugih lan si miskin mau Allah, mulane sira aja kudu nuruti karêpira dhewe, supaya sira aja nganti nyimpang saka ngadil. Dene yèn ênggonira nêksèni ora têmên, utawa sira suthik nêksèni, sira bakal disiksa dening Allah, awit Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاۤءَ لِلّٰهِ وَلَوْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ اَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ ۚ اِنْ يَّكُنْ غَنِيًّا اَوْ فَقِيْرًا فَاللّٰهُ اَوْلٰى بِهِمَاۗ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوٰٓى اَنْ تَعْدِلُوْا ۚ وَاِنْ تَلْوٗٓا اَوْ تُعْرِضُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١٣٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū qawwāmīna bil-qisṭi syuhadā'a lillāhi wa lau ‘alā anfusikum awil-wālidaini wal-aqrabīn(a), iy yakun ganiyyan au faqīran fallāhu aulā bihimā, falā tattabi‘ul-hawā an ta‘dilū, wa in talwū au tu‘riḍū fa innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[135] He para wong mukmin kabèh, ditulus ênggonira padha ngandêl ing Allah, lan ngandêl utusaning Allah, lan ngandêl Kitab Kuran kang wis didhawuhake dening Allah marang utusane, lan ngandêl kitab kuna kang wis didhawuhake dening Allah dhèk biyèn, dene sing sapa maido ing Allah lan maido para malaikate Allah, lan maido kitabe Allah, lan maido para utusaning Allah, lan maido bakal anane dina kiyamat, wong iku kêsasar [kêsa...][...sar] têmênan nganti adoh.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْ نَزَّلَ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنْ قَبْلُ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١٣٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū āminū billāhi wa rasūlihī wal-kitābil-lażī nazzala ‘alā rasūlihī wal-kitābil-lażī anzala min qabl(u), wa may yakfur billāhi wa malā'ikatihī wa kutubihī wa rusulihī wal-yaumil-ākhiri faqad ḍalla ḍalālam ba‘īdā(n).
[136] Sarupane wong mukmin kang banjur ambalik dadi kaphir, sawise kaphir banjur balik mukmin manèh, sawuse mukmin manèh banjur ambalik dadi kaphir manèh, iku Allah ora bakal ngapura marang wong mau, lan ora bakal nuduhake dalan kang bênêr.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا ثُمَّ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا لَّمْ يَكُنِ اللّٰهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ سَبِيْلًاۗ١٣٧
Innal-lażīna āmanū ṡumma kafarū ṡumma āmanū ṡumma kafarū ṡummazdādū kufral lam yakunillāhu liyagfira lahum wa lā liyahdiyahum sabīlā(n).
[137] (He Mukhammad): Sira andhawuhna sarupane wong munaphèk, (lamis) iku ing besuk bakal padha tămpa siksa kang nglarani.

بَشِّرِ الْمُنٰفِقِيْنَ بِاَنَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ١٣٨
Basysyiril-munāfiqīna bi'anna lahum ‘ażāban alīmā(n).
[138] Wong munaphèk mau padha mêmitran lan wong kaphir, ora mêmitran lan wong mukmin, apa pamrihe supaya olèha kamulyan saka wong kaphir, (luput pangarêp-arêpe) awit kamulyan iku kabèh kagunganing Allah.

ۨالَّذِيْنَ يَتَّخِذُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ اَيَبْتَغُوْنَ عِنْدَهُمُ الْعِزَّةَ فَاِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ١٣٩
Al-lażīna yattakhiżūnal-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), ayabtagūna ‘indahumul-‘izzata fa innal-‘izzata lillāhi jamī‘ā(n).
[139] (He para wong Islam) Allah têmên wis andhawuhake marang sira kabèh kasêbut ana ing Kitab Kuran, dhawuhe: Manawa sira padha krungu ayating Allah dipaido utawa digêguyu, iku sira aja lêlinggihan lan wong kang padha maido, utawa anggêguyu mau, nganti padha salin anggunêm liyane. Manawa sira gêlêm lêlinggihan, sira mêsthi padha lan wong kang maido utawa anggêguyu mau. Satêmêne besuk dina kiyamat, Allah bakal anggandhèng [angga...][...ndhèng] wong maido lan wong anggêguyu mau ana ing naraka Jahanam.

وَقَدْ نَزَّلَ عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ اَنْ اِذَا سَمِعْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ يُكْفَرُ بِهَا وَيُسْتَهْزَاُ بِهَا فَلَا تَقْعُدُوْا مَعَهُمْ حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖٓ ۖ اِنَّكُمْ اِذًا مِّثْلُهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ جَامِعُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْكٰفِرِيْنَ فِيْ جَهَنَّمَ جَمِيْعًاۙ١٤٠
Wa qad nazzala ‘alaikum fil-kitābi an iżā sami‘tum āyātillāhi yukfaru bihā wa yustahza'u bihā falā taq‘udū ma‘ahum ḥattā yakhūḍū fī ḥadīṡin gairih(ī), innakum iżam miṡlahum, innallāha jāmi‘ul-munāfiqīna wal-kāfirīna fī jahannama jamī‘ā(n).
[140] Wong munaphèk mau padha nitèni marang sira wong Islam kabèh, manawa sira diparingi kabêgjan dening Allah, wong munaphèk mau banjur padha calathu, kula punika sami kănca sampeyan (mugi sampeyan dumi kabêgjan sampeyan) dene yèn kang olèh kabêgjan iku wong kaphir, wong munaphèk banjur calathu, kula punika sami sabiyantu dhatêng sampeyan, sarta anjagi dhatêng sampeyan, sampun ngantos kawon kalihan tiyang mukmin. Kang mangkono mau besuk dina kiyamat, Allah bakal ngadili marang sira lan wong munaphèk mau. Allah ora maringi dalan supaya wong kaphir padune mênang lan wong mukmin.

ۨالَّذِيْنَ يَتَرَبَّصُوْنَ بِكُمْۗ فَاِنْ كَانَ لَكُمْ فَتْحٌ مِّنَ اللّٰهِ قَالُوْٓا اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْ ۖ وَاِنْ كَانَ لِلْكٰفِرِيْنَ نَصِيْبٌ قَالُوْٓا اَلَمْ نَسْتَحْوِذْ عَلَيْكُمْ وَنَمْنَعْكُمْ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ فَاللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَلَنْ يَّجْعَلَ اللّٰهُ لِلْكٰفِرِيْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ سَبِيْلًا ࣖ١٤١
Al-lażīna yatarabbaṣūna bikum, fa in kāna lakum fatḥum minallāhi qālū alam nakum ma‘akum, wa in kāna lil-kāfirīna naṣībun qālū alam nastaḥwiż ‘alaikum wa namna‘kum minal-mu'minīn(a), fallāhu yaḥkumu bainakum yaumal-qiyāmah(ti), wa lay yaj‘alallāhu lil-kāfirīna ‘alal-mu'minīna sabīlā(n).
[141] Satêmêne wong munaphèk iku padha ngapusi utusaning Allah, dene Allah bakal matrapi marang wong munaphèk mau, dene yèn padha nglakoni sêmbayang tandange aras-arasên, ênggone sêmbayang diwêruh-wêruhake ing wong, lan padha ora gêlêm sêmbayang nyêmbah ing Allah kajaba mung sathithik, tur pamrihe supaya dialêma ing wong.[15]

اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْۚ وَاِذَا قَامُوْٓا اِلَى الصَّلٰوةِ قَامُوْا كُسَالٰىۙ يُرَاۤءُوْنَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُوْنَ اللّٰهَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ١٤٢
Innal-munāfiqīna yukhādi‘ūnallāha wa huwa khādi‘uhum, wa iżā qāmū ilaṣ-ṣalāti qāmū kusālā, yurā'ūnan-nāsa wa lā yażkurūnallāha illā qalīlā(n).
[142] Wong munaphèk mau padha gajêg-gajêg antarane kaphir lan Islam, ora mêsthi mèlu wong kaphir lan ora mêsthi mèlu wong Islam, dene sing sapa disasarake dening Allah, amêsthi ora olèh dalan kang bênêr.

مُّذَبْذَبِيْنَ بَيْنَ ذٰلِكَۖ لَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ وَلَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ ۗ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا١٤٣
Mużabżabīna baina żālik(a), lā ilā ha'ulā'i wa lā ilā ha'ulā'(i), wa may yuḍlilillāhu falan tajida lahū sabīlā(n).
[143] He para wong mukmin kabèh, sira aja padha apèk mitra wong kaphir, ora apèk mitra wong mukmin, (yèn sira nglakoni mangkono) apa sira nêdya gawe tondha yêkti kawuningan ing Allah, kang mratandhani yèn sira iku munaphèk.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا١٤٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), aturīdūna an taj‘alū lillāhi ‘alaikum sulṭānam mubīnā(n).
[144] Satêmêne wong munaphèk iku panggonane ana ing naraka padha ana ing pangkat kang ngisor dhewe, sarta ora ana kang bisa nulungi marang awake dhewe.

اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ فِى الدَّرْكِ الْاَسْفَلِ مِنَ النَّارِۚ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيْرًاۙ١٤٥
Innal-munāfiqīna fid-darkil-asfali minan-nār(i), wa lan tajida lahum naṣīrā(n).
[145] Kajaba kang banjur padha tobat ênggone munaphèk, lan banjur padha ambêcikake kalakuane, lan banjur padha gendholan ing Allah, lan banjur padha ngrêsikake agamane, maligi nglakoni parentahing Allah (ora murih pangalêming wong) wong kang mangkono mau padha kagolong wong mukmin, ing besuk Allah maringi ganjaran gêdhe marang wong mukmin kabèh.

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَاعْتَصَمُوْا بِاللّٰهِ وَاَخْلَصُوْا دِيْنَهُمْ لِلّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَۗ وَسَوْفَ يُؤْتِ اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًا١٤٦
Illal-lażīna tābū wa aṣlaḥū wa‘taṣamū billāhi wa akhlaṣū dīnahum lillāhi fa ulā'ika ma‘al-mu'minīn(a), wa saufa yu'tillāhul mu'minīna ajran ‘aẓīmā(n).
[146] Apa pêrlune Allah niksa ing sira kabèh yèn sira dhasar sukur (Sukuring kawula iku nindakake sadhengah pêparinging Allah kabungahan, ditindakake kaya kaparênging Allah, kaya ta diparingi kabungahan sugih băndha banjur diênggo sidêkah sapêpadhane kang aran kabêcikan kang tumindake sarana băndha, ora diênggo botohan sapêpadhane kang aran duraka. Dene sukuring Allah iku kaparêng nganggêp kabêcin[16] mung sathithik. Jamal.) lan pracaya ing Alla,[17] dene Allah iku sukur tur nguningani.

مَا يَفْعَلُ اللّٰهُ بِعَذَابِكُمْ اِنْ شَكَرْتُمْ وَاٰمَنْتُمْۗ وَكَانَ اللّٰهُ شَاكِرًا عَلِيْمًا ۔١٤٧
Mā yaf‘alullāhu bi‘ażābikum in syakartum wa āmantum, wa kānallāhu syākiran ‘alīmā(n).
[147] Allah iku ora rêmên pangucap ala kang sêru, kajaba sêsambate wong kang dikaniaya, Allah iku miyarsa tur nguningani.

۞ لَا يُحِبُّ اللّٰهُ الْجَهْرَ بِالسُّوْۤءِ مِنَ الْقَوْلِ اِلَّا مَنْ ظُلِمَ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًا عَلِيْمًا١٤٨
Lā yuḥibbullāhul-jahra bis-sū'i minal-qauli illā man ẓulim(a), wa kānallāhu samī‘an ‘alīmā(n).
[148] Manawa sira nglakoni kabêcikan kalawan ngêdhèng utawa dhêlikan, utawa sira ngapura pialaning wong, (tur sira bisa nandukake piwalês, iku sira luwih utama ngapura tinimbang nandukake piwalês, awit) satêmêne Allah iku karsa ngapura tur kuwasa niksa.

اِنْ تُبْدُوْا خَيْرًا اَوْ تُخْفُوْهُ اَوْ تَعْفُوْا عَنْ سُوْۤءٍ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيْرًا١٤٩
In tubdū khairan au tukhfūhu au ta‘fū ‘an sū'in fa innallāha kāna ‘afuwwan qadīrā(n).
[149] Sarupane wong kang padha maido ing Allah [A...][...llah] lan maido para utusaning Allah sarta karêpe kudu nèjèkake kapracayan marang Allah lan marang utusaning Allah, (kaya ta: kêna pracaya marang Allah tanpa pracaya marang utusaning Allah) pangucape: Aku pracaya marang sawijining Rasul, nanging maido marang Rasul liyane. Karêpe kudu padha gawe dalan agama dhewe, antarane kaphir lan mukmin.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّفَرِّقُوْا بَيْنَ اللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَيَقُوْلُوْنَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَّنَكْفُرُ بِبَعْضٍۙ وَّيُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَّخِذُوْا بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًاۙ١٥٠
Innal-lażīna yakfurūna billāhi wa rusulihī wa yurīdūna ay yufarriqū bainallāhi wa rusulihī wa yaqūlūna nu'minu biba‘ḍin wa nakfuru biba‘ḍ(in), wa yurīdūna ay yattakhiżū baina żālika sabīlā(n).
[150] Wong kang padha mangkono iku wong kaphir lugu, Ingsun ngancam siksa kang ngrèmèhake marang sarupaning wong kaphir.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ حَقًّا ۚوَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا١٥١
Ulā'ika humul-kāfirūna ḥaqqā(n), wa a‘tadnā lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[151] Dene wong kang padha pracaya ing Allah lan pracaya marang para utusaning Allah kabèh, sarta ora ambedakake salah sawijining para Rasul, wong kang mangkono mau besuk padha Ingsun paringi ganjaran. Dene Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَلَمْ يُفَرِّقُوْا بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْ اُولٰۤىِٕكَ سَوْفَ يُؤْتِيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ١٥٢
Wal-lażīna āmanū billāhi wa rusulihī wa lam yufarriqū baina aḥadim minhum ulā'ika saufa nu'tīhim ujūrahum, wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[152] (He Mukhammad:) Wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, padha apêpanggil marang sira, supaya sira ngudhunana kitab tumurun saka ing langit marang wong mau. Sira wêruha wong kang mangkono mau dhèk biyèn wis tau pêpanggil marang Nabi Musa kang luwih gêdhe ngungkuli pêpanggile marang sira, ature: Kula mugi sami sampeyan sumêrêpakên sariraning Allah kalayan sat mata. Wong mau padha sanalika dipatrapi pati, marga ênggone padha nganiaya marang awake dhewe, (sawise diuripake manèh sarta) sawise digêlari mukjijat tăndha yêkti, wong mau banjur padha ngadêgake pangeran sapi, Ingsun iya nuli ngapura kaluputane kang mangkono mau, lan Ingsun maringi panguwasa utawa wasesa marang Nabi Musa.

يَسْـَٔلُكَ اَهْلُ الْكِتٰبِ اَنْ تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتٰبًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَقَدْ سَاَلُوْا مُوْسٰٓى اَكْبَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَقَالُوْٓا اَرِنَا اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْۚ ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ فَعَفَوْنَا عَنْ ذٰلِكَ ۚ وَاٰتَيْنَا مُوْسٰى سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا١٥٣
Yas'aluka ahlul-kitābi an tunazzila ‘alaihim kitābam minas-samā'i faqad sa'alū mūsā akbara min żālika fa qālū arinallāha jahratan fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu bi ẓulmihim, ṡummattakhażul-‘ijla mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu fa ‘afaunā ‘an żālik(a), wa ātainā mūsā sulṭānam mubīnā(n).
[153] Lan Ingsun ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana ing dhuwure wong mau, minăngka têtaline ênggone padha sanggêm ngèstokake parentah Ingsun. Lan Ingsun dhawuh marang wong mau: Sira padha malêbua lawanging nagara Arikha kalawan sujud. Lan Ingsun adhawuh marang wong mau: Sira aja padha anjarag mèmèt ana ing dina Sêtu. Ingsun wis angasta sêsanggêmane wong mau kang luwih dening abot.

وَرَفَعْنَا فَوْقَهُمُ الطُّوْرَ بِمِيْثَاقِهِمْ وَقُلْنَا لَهُمُ ادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُلْنَا لَهُمْ لَا تَعْدُوْا فِى السَّبْتِ وَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا١٥٤
Wa rafa‘nā fauqahumuṭ ṭūra bimīṡāqihim wa qulnā lahumudkhulul-bāba sujjadaw wa qulnā lahum lā ta‘dū fis-sabti wa akhażnā minhum mīṡāqan galīẓā(n).
[154] Wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlin [1] kitab mau padha Ingsun bêndoni, marga ênggone padha nyidrani sêsanggêmane, lan marga ênggone padha maido ayating Allah, lan ênggone padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, lan marga ênggone padha matur: Manah kula punika kodhêng. Allah malah wis angêcap atine wong mau, pinasthi akèh kang dadi kaphir, mulane padha ora gêlêm mukmin, kajaba mung sathithik.

فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ وَكُفْرِهِمْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَقَتْلِهِمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَّقَوْلِهِمْ قُلُوْبُنَا غُلْفٌ ۗ بَلْ طَبَعَ اللّٰهُ عَلَيْهَا بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ١٥٥
Fabimā naqḍihim mīṡāqahum wa kufrihim bi'āyātillāhi wa qatlihimul-ambiyā'a bigairi ḥaqqiw wa qaulihim qulūbunā gulf(un), bal ṭaba‘allāhu ‘alaihā bikufrihim falā yu'minūna illā qalīlā(n).
[155] Lan padha Ingsun bêndoni marga ênggone padha maido marang Nabi Ngisa, lan marga ênggone padha nyatur Dèwi Maryam, ditêrka nglakoni panggawe ala.

وَّبِكُفْرِهِمْ وَقَوْلِهِمْ عَلٰى مَرْيَمَ بُهْتَانًا عَظِيْمًاۙ١٥٦
Wa bikufrihim wa qaulihim ‘alā maryama buhtānan ‘aẓīmā(n).
[156] Lan marga ênggone padha ngucap: Aku wis matèni utusaning Allah Nabi Ngisa putrane Dèwi Maryam, tur satêmêne ora matèni Nabi Ngisa lan ora mênthang Nabi Ngisa, satêmêne wong mau padha dibawurake pandêlênge. Dene wong kang padha sulaya panêmune prakara Nabi Ngisa, iku kabèh isih padha sêmang-sêmang panêmune (Sawênèhing wong nalikane andêlêng bangke, pangucape: Yèn rai: raine Nabi Ngisa. Nanging awake, dudu awake Nabi Ngisa. Dadi bangke iku dudu bangkene Nabi Ngisa. Sawênèhing [Sa...][...wênèhing] wong manèh ngucap: Ah iya bangkene Nabi Ngisa têmênan. Jalalèn.) ora ana kang wêruh patine Nabi Ngisa kalawan nyata, kajaba mung wêwaton kira-kira bae. Dadi satêmêne wong mau ora matèni Nabi Ngisa, malah Nabi Ngisa mau dijunjung dening Allah marang ngarsane. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

وَّقَوْلِهِمْ اِنَّا قَتَلْنَا الْمَسِيْحَ عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ رَسُوْلَ اللّٰهِۚ وَمَا قَتَلُوْهُ وَمَا صَلَبُوْهُ وَلٰكِنْ شُبِّهَ لَهُمْ ۗوَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ ۗمَا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ اِلَّا اتِّبَاعَ الظَّنِّ وَمَا قَتَلُوْهُ يَقِيْنًاۢ ۙ١٥٧
Wa qaulihim innā qatalnal-masīḥa ‘īsabna maryama rasūlallāh(i), wa mā qatalūhu wa mā ṣalabūhu wa lākin syubbiha lahum, wa innal-lażīnakhtalafū fīhi lafī syakkim minh(u), mā lahum bihī min ‘ilmin illattibā‘aẓ-ẓanni wa mā qatalūhu yaqīnā(n).
[157] Sarupane wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sadurunge mati mêsthi padha kêlakon pracaya marang Nabi Ngisa, dene besuk dina kiyamat, Nabi Ngisa bakal dadi saksi anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni dening wong mau.

بَلْ رَّفَعَهُ اللّٰهُ اِلَيْهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٥٨
Bar rafa‘ahullāhu ilaih(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[158] Awit dene para wong Yahudi iku padha nganiaya awake dhewe, lan padha nyêgah para manungsa supaya aja padha ngambah dêdalaning Allah, mulane banjur padha Ingsun larangi mangan panganan kang ngrêsêpake kang maune ora Ingsun larangi.

وَاِنْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اِلَّا لَيُؤْمِنَنَّ بِهٖ قَبْلَ مَوْتِهٖ ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكُوْنُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًاۚ١٥٩
Wa im min ahlil-kitābi illā layu'minanna bihī qabla mautih(ī), wa yaumal-qiyāmati yakūnu ‘alaihim syahīdā(n).
[159] Lan manèh mulane padha Ingsun larangi mangan pêpanganan kang maune ora Ingsun larangi, iku awit wong Yahudi padha nampani riba (barang kêladuk) kang măngka wong Yahudi wis padha Ingsun larangi nampani riba. Lan manèh marga wong Yahudi padha mangan bandhaning manungsa kalawan [kalawa...][...n] dalan kang ora bênêr. Wong Yahudi kang padha kaphir mau padha Ingsun ancam siksa kang nglarani.

فَبِظُلْمٍ مِّنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ طَيِّبٰتٍ اُحِلَّتْ لَهُمْ وَبِصَدِّهِمْ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ كَثِيْرًاۙ١٦٠
Fa biẓulmim minal-lażīna hādū ḥarramnā ‘alaihim ṭayyibātin uḥillat lahum wa biṣaddihim ‘an sabīlillāhi kaṡīrā(n).
[160] Ananging wong Yahudi kang padha têguh ênggone nyungkêmi kawruhe, sarta wong kang padha mukmin, iku padha ngandêl kitab kang wis didhawuhake marang sira Mukhammad, lan ngandêl kitab kang wis didhawuhake sadurungira, mangkono uga wong kang padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar jakat, lan wong kang padha pracaya marang Allah, lan pracaya bakal anane dina kiyamat, wong kang mangkono mau kabèh ing besuk bakal padha Ingsun paringi ganjaran gêdhe.

وَّاَخْذِهِمُ الرِّبٰوا وَقَدْ نُهُوْا عَنْهُ وَاَكْلِهِمْ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ ۗوَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٦١
Wa akhżihimur-ribā wa qad nuhū ‘anhu wa aklihim amwālan-nāsi bil-bāṭil(i), wa a‘tadnā lil-kāfirīna minhum ‘ażāban alīmā(n).
[161] Ingsun wis paring wahyu (dhawuh) marang sira Mukhammad, kaya ênggoningsun paring wahyu marang Nabi Nuh lan marang para nabi liya-liyane sapungkure Nabi Nuh. Lan Ingsun uga wis paring wahyu marang Nabi Ibrahim lan marang Nabi Ismangil, lan marang Nabi Iskak, lan marang Nabi Yakub, lan marang para pancêring turun Israil, lan marang Nabi Ngisa, lan marang Nabi Ayub, lan marang Nabi Yunus, lan marang Nabi Harun, lan marang Nabi Suleman. Dene Nabi Dawud iku Ingsun paringi Kitab Jabur.

لٰكِنِ الرّٰسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ مِنْهُمْ وَالْمُؤْمِنُوْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ وَالْمُقِيْمِيْنَ الصَّلٰوةَ وَالْمُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَالْمُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ اُولٰۤىِٕكَ سَنُؤْتِيْهِمْ اَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ١٦٢
Lākinir-rāsikhūna fil-‘ilmi minhum wal-mu'minūna yu'minūna bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablika wal-muqīmīnaṣ-ṣalāta wal-mu'tūnaz-zakāta wal-mu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), ulā'ika sanu'tīhim ajran ‘aẓīmā(n).
[162] Lan Ingsun wis ngutus para Rasul, kang jênênge utawa lêlakone padha Ingsun caritakake marang sira, lan ana uga para Rasul kang jênênge utawa lêlakone ora Ingsun caritakake marang sira. Lan manèh Ingsun wis ngandika marang Nabi Musa kang tanpa lantaran.

۞ اِنَّآ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ كَمَآ اَوْحَيْنَآ اِلٰى نُوْحٍ وَّالنَّبِيّٖنَ مِنْۢ بَعْدِهٖۚ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَعِيْسٰى وَاَيُّوْبَ وَيُوْنُسَ وَهٰرُوْنَ وَسُلَيْمٰنَ ۚوَاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًاۚ١٦٣
Innā auḥainā ilaika kamā auḥainā ilā nūḥiw wan-nabiyyīna mim ba‘dih(ī), wa auḥainā ilā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa ‘īsā wa ayyūba wa yūnusa wa hārūna wa sulaimān(a), wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[163] Para Rasul mau kabèh padha ambêbungah lan mêmêdèni para umate, supaya ing têmbe rèhning Allah wis ngutus para Rasul, para manungsa aja ana kang bisa madoni marang Allah (Saupama Allah ora ngutus para Rasul, mêsthi para manungsa kang arêp disiksa jalaran saka kaluputane padha madoni mangkene: Dhuh Allah, awit saking punapa Tuwan botên nuduh utusan nyêrêp-nyêrêpakên dhumatêng kawula, dados kawula lajêng botên sumêrêp awon kalihan sae. Jamal.) dene Allah iku mulya tur wicaksana.

وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنٰهُمْ عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ وَرُسُلًا لَّمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَ ۗوَكَلَّمَ اللّٰهُ مُوْسٰى تَكْلِيْمًاۚ١٦٤
Wa rusulan qad qaṣaṣnāhum ‘alaika wa rusulal lam naqṣuṣhum ‘alaik(a), wa kallamallāhu mūsā taklīmā(n).
[164] Nanging Allah nêksèni ênggonira dadi nabi wêwaton Kuran kang wis didhawuhake marang sira, Allah andhawuhake Kuran kang isi kawruhing Allah, dene para malaikat kabèh uga padha nêksèni ênggonira dadi nabi, ewadene kang mangkono mau cukup saksi Allah bae.

رُسُلًا مُّبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَى اللّٰهِ حُجَّةٌ ۢ بَعْدَ الرُّسُلِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٦٥
Rusulam mubasysyirīna wa munżirīna li'allā yakūna lin-nāsi ‘alallāhi ḥujjatum ba‘dar-rusul(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[165] Dene wong kang padha kaphir, sarta padha murih supaya [su...][...paya] para manungsa iku aja padha ngambah dêdalaning Allah, iku mêsthi padha kêsasar, kêsasare nganti adoh bangêt saka dalan kang bênêr.

لٰكِنِ اللّٰهُ يَشْهَدُ بِمَآ اَنْزَلَ اِلَيْكَ اَنْزَلَهٗ بِعِلْمِهٖ ۚوَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَشْهَدُوْنَ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۗ١٦٦
Lākinillāhu yasyhadu bimā anzala ilaika anzalahū bi‘ilmih(ī), wal-malā'ikatu yasyhadūn(a), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[166] Dene wong kang padha kaphir lan padha nganiaya awake dhewe, iku Allah ora pisan bakal ngapura marang wong mau, lan uga ora bakal nuduhake dalan marang wong mau.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ قَدْ ضَلُّوْا ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١٦٧
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi qad ḍallū ḍalālam ba‘īdā(n).
[167] Kajaba dalan kang anjog marang naraka Jahanam, wong kaphir mau ana ing naraka kono padha langgêng salawase, Allah ênggone niksa wong mau ènthèng bae tanpa kogêl.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَظَلَمُوْا لَمْ يَكُنِ اللّٰهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ طَرِيْقًاۙ١٦٨
Innal-lażīna kafarū wa ẓalamū lam yakunillāhu liyagfira lahum wa lā liyahdiyahum ṭarīqā(n).
[168] He para manungsa, sira kabèh wis padha karawuhan Rasul, utusan kang nyata saka Pangeranira, mulane sira padha pracayaa marang Rasul mau, iku bêcik bangêt tumrap ing sira. Dene yèn sira padha maido marang Rasul mau, sira wêruha yèn bumi lan langit saisine kabèh iku kagunganing Allah. Dene Allah iku nguningani samubarang sarta wicaksana.

اِلَّا طَرِيْقَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗوَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا١٦٩
Illā ṭarīqa jahannama khālidīna fīhā abadā(n), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[169] He wong kang padha nyêkêl Kitab Injil, sira aja padha langkah saka agamanira. Lan aja padha ngrasani Allah kang ora nyata. Satêmêne [Satêmê...][...ne] Nabi Ngisa anake Maryam iku (dudu putraning Allah, têmêne) utusaning Allah, kadadian saka pangandikaning Allah, sarana didamokake dening Malaikat Jabarail marang Dèwi Maryam, lan manèh Nabi Ngisa iku mawa roh (nyawa) saka ngarsaning Allah, mulane sira padha pracayaa marang Allah lan marang para utusaning Allah, aja sok padha ngucap: Pangeran iku têlu. Iku padha sira marènana. Dadi bêcik bangêt tumrap ing sira, satêmêne Pangeran iku mung siji Allah. Allah iku Mahasuci, ora pisan pêputra. Samubarang isining bumi lan langit iku kabèh kagunganing Allah. Kang mangkono iku cukup disêksèni dening Allah piyambak.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الرَّسُوْلُ بِالْحَقِّ مِنْ رَّبِّكُمْ فَاٰمِنُوْا خَيْرًا لَّكُمْ ۗوَاِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١٧٠
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'akumur-rasūlu bil-ḥaqqi mir rabbikum fa āminū khairal lakum, wa in takfurū fa inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[170] Nabi Ngisa ora gumêdhe lan ora suthik diarani kawulaning Allah, mangkono uga para malaikat kang kêcêdhak ing Allah. Iya padha ora suthik disêbut kawulaning Allah.

يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ وَلَا تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّۗ اِنَّمَا الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ رَسُوْلُ اللّٰهِ وَكَلِمَتُهٗ ۚ اَلْقٰىهَآ اِلٰى مَرْيَمَ وَرُوْحٌ مِّنْهُ ۖفَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ وَلَا تَقُوْلُوْا ثَلٰثَةٌ ۗاِنْتَهُوْا خَيْرًا لَّكُمْ ۗ اِنَّمَا اللّٰهُ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۗ سُبْحٰنَهٗٓ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗ وَلَدٌ ۘ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا ࣖ١٧١
Yā ahlal-kitābi lā taglū fī dīnikum wa lā taqūlū ‘alallāhi illal-ḥaqq(a), innamal-masīḥu ‘īsabnu maryama rasūlullāhi wa kalimatuh(ū), alqāhā ilā maryama wa rūḥum minh(u), fa āminū billāhi wa rusulih(ī), wa lā taqūlū ṡalāṡah(tun), inntahū khairal lakum innamallāhu ilāhuw wāḥid(un), subḥānahū ay yakūna lahū walad(un), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[171] Dene sing sapa suthik diarani kawulaning Allah sarta gumêdhe, iku wêruha yèn ing besuk padha disebakake kabèh ana pangayunaning Allah.

لَنْ يَّسْتَنْكِفَ الْمَسِيْحُ اَنْ يَّكُوْنَ عَبْدًا لِّلّٰهِ وَلَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ وَمَنْ يَّسْتَنْكِفْ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَيَسْتَكْبِرْ فَسَيَحْشُرُهُمْ اِلَيْهِ جَمِيْعًا١٧٢
Lay yastankifal-masīḥu ay yakūna ‘abdal lillāhi wa lal-malā'ikatul-muqarrabūn(a), wa may yastankif ‘an ‘ibādatihī wa yastakbir fa sayaḥsyuruhum ilaihi jamī‘ā(n).
[172] Dene wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku Allah mêsthi nglaksanani maringi ganjarane wong mau, sarta bakal muwuhi ganjaran, luwih saka murwate kabêcikane wong mau, saka sih kanugrahaning Allah piyambak. Dene sing sapa gumêdhe suthik diarani kawulaning Allah, iku ing besuk Allah bakal niksa wong mau kalawan siksa kang nglarani.

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْتَنْكَفُوْا وَاسْتَكْبَرُوْا فَيُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ وَّلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٧٣
Fa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fa yuwaffīhim ujūrahum wa yazīduhum min faḍlih(ī), wa ammal-lażīnastankafū wastakbarū fa yu‘ażżibuhum ‘ażāban alīmā(n), wa lā yajidūna lahum min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[173] Lan padha ora olèh andêl-andêl sapa-sapa, sarta ora ana kang bisa nulungi marang wong mau, kajaba mung Allah kang sagêd nulungi.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمْ بُرْهَانٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ نُوْرًا مُّبِيْنًا١٧٤
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'akum burhānum mir rabbikum wa anzalnā ilaikum nūram mubīnā(n).
[174] He para manungsa, sirah[2] kabèh wis padha digêlari tăndha yêkti saka Pangeranira, lan Ingsun wis andhawuhake pêpadhang kang nyata (iya iku Kuran) marang sira kabèh. Dene sing sapa pracaya ing Allah, sarta gêgendholan ing Allah, ing besuk Allah bakal anglêbokake wong mau marang suwarga, dumunung sih kanugrahan saka ing Allah piyambak, lan manèh Allah bakal nuduhake dalan kang bênêr marang wong mau.

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَاعْتَصَمُوْا بِهٖ فَسَيُدْخِلُهُمْ فِيْ رَحْمَةٍ مِّنْهُ وَفَضْلٍۙ وَّيَهْدِيْهِمْ اِلَيْهِ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۗ١٧٥
Fa ammal-lażīna āmanū billāhi wa‘taṣamū bihī fa sayudkhiluhum fī raḥmatim minhu wa faḍl(in), wa yahdīhim ilaihi ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[175] (He Mukhammad) para umatira padha nêrang ing sira, iku sira dhawuha: Dhawuhing Allah prakara [praka...][...ra] wong mati kang ora tinggal bapa utawa biyung sapandhuwur sarta ora tinggal anak sapangisor mangkene: Manawa ana wong mati ora tinggal anak, (sapangisor utawa bapa biyung sapandhuwur) mung tinggal sadulur wadon siji, (tunggal bapa biyung utawa tunggal bapa seje biyung) iku sadulur wadon olèh panduman saparoning têtinggalane kang mati mau. Dene yèn sadulur wadon mau kang mati sarta ora tinggal anak, iku sadulure lanang ngukup têtinggalane kang mati mau kabèh. Dene yèn sadulur wadon mau ana loro sapandhuwur, ingku[3] pandumane rong pratêloning barang têtinggalane kang mati. Dene yèn sadulur mau ana kang lanang lan ana kang wadon, iku pandumane sadulur lanang siji, padha lan pandumane sadulur wadon loro. Allah nêrangake pranatan mau supaya sira aja nganti kêsasar, dene Allah iku nguningani samubarang.

يَسْتَفْتُوْنَكَۗ قُلِ اللّٰهُ يُفْتِيْكُمْ فِى الْكَلٰلَةِ ۗاِنِ امْرُؤٌا هَلَكَ لَيْسَ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَهٗٓ اُخْتٌ فَلَهَا نِصْفُ مَا تَرَكَۚ وَهُوَ يَرِثُهَآ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهَا وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَتَا اثْنَتَيْنِ فَلَهُمَا الثُّلُثٰنِ مِمَّا تَرَكَ ۗوَاِنْ كَانُوْٓا اِخْوَةً رِّجَالًا وَّنِسَاۤءً فَلِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِۗ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اَنْ تَضِلُّوْا ۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ١٧٦
Yastaftūnak(a), qulillāhu yuftīkum fil-kalālah(ti), inimru'un halaka laisa lahū waladuw wa lahū ukhtun fa lahā niṣfu mā tarak(a), wa huwa yariṡuhā illam yakul lahā walad(un), fa in kānataṡnataini fa lahumaṡ-ṡuluṡāni mimmā tarak(a), wa in kānū ikhwatar rijālaw wa nisā'an fa liż-żakari miṡlu ḥaẓẓil-unṡayain(i), yubayyinullāhu lakum an taḍillū, wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[176]