Surah Az-Zumar

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ١
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[1] Tumuruning kitab Kuran iku têrang saka Allah kang Mulya tur Wicaksana.

اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ فَاعْبُدِ اللّٰهَ مُخْلِصًا لَّهُ الدِّيْنَۗ٢
Innā anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi fa‘budillāha mukhliṣal lahud-dīn(a).
[2] (He Mukhammad) Ingsun andhawuhake Kitab Kuran kalawan nyata marang sira, mulane sira nêmbaha lan ngèstokna ing Allah kalawan ati rêsik, nglakoni agama sumungkêm ing Allah.

اَلَا لِلّٰهِ الدِّيْنُ الْخَالِصُ ۗوَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۘ مَا نَعْبُدُهُمْ اِلَّا لِيُقَرِّبُوْنَآ اِلَى اللّٰهِ زُلْفٰىۗ اِنَّ اللّٰهَ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ فِيْ مَا هُمْ فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ ەۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ هُوَ كٰذِبٌ كَفَّارٌ٣
Alā lillāhid-dīnul-khāliṣ(u), wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'(a), mā na‘buduhum illā liyuqarribūnā ilallāhi zulfā, innallāha yaḥkumu bainahum fī mā hum fīhi yakhtalifūn(a), innallāha lā yahdī man huwa kāżibun kaffār(un).
[3] Agama Islam kang rêsik, iku apa dudu kagunganing Allah, (mêsthi kagunganing Allah).

لَوْ اَرَادَ اللّٰهُ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا لَّاصْطَفٰى مِمَّا يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۙ سُبْحٰنَهٗ ۗهُوَ اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ٤
Wa lau arādallāhu ay yattakhiża waladal laṣṭafā mimmā yakhluqu mā yasyā'(u), subḥānah(ū), huwallāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[4] Sarupaning wong kang ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala, pangucape: Enggonku nyêmbah brahala iki, karêpku ora liwat, supaya dadia jalarane ênggonku kacêdhak ing Allah. Ing têmbe Allah bakal mancas pasulayane wong nyêmbah brahala lan wong Islam.

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۚ يُكَوِّرُ الَّيْلَ عَلَى النَّهَارِ وَيُكَوِّرُ النَّهَارَ عَلَى الَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اَلَا هُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ٥
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), yukawwirul-laila ‘alan-nahāri wa yukawwirun nahāra ‘alal-laili wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), alā huwal-‘azīzul-gaffār(u).
[5] Satêmêne Allah ora karsa paring pituduh marang wong kang goroh tur kaphir.

خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَاَنْزَلَ لَكُمْ مِّنَ الْاَنْعَامِ ثَمٰنِيَةَ اَزْوَاجٍ ۗ يَخْلُقُكُمْ فِيْ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْ خَلْقًا مِّنْۢ بَعْدِ خَلْقٍ فِيْ ظُلُمٰتٍ ثَلٰثٍۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ فَاَنّٰى تُصْرَفُوْنَ٦
Khalaqakum min nafsiw wāḥidatin ṡumma ja‘ala minhā zaujahā wa anzala lakum minal-an‘āmi ṡamāniyata azwāj(in), yakhluqukum fī buṭūni ummahātikum khalqam mim ba‘di khalqin fī ẓulumātin ṡalāṡ(in), żālikumullāhu rabbukum lahul-mulk(u), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tuṣrafūn(a).
[6] Saupama Allah iku karsa pêputra, lan upama ora mokhal,[12] amêsthi Allah milih dêdamêlane kang dadi parênging karsane, (Ora saka pamilihing wong mangkono. Nanging Allah pêputra iku mokhal) Allah iku Mahasuci. Iya iku Allah kang Esa tur Misesa.

اِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنْكُمْ ۗوَلَا يَرْضٰى لِعِبَادِهِ الْكُفْرَۚ وَاِنْ تَشْكُرُوْا يَرْضَهُ لَكُمْۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٧
In takfurū fa'innallāha ganiyyun ‘ankum, wa lā yarḍā li‘ibādihil-kufr(a), wa in tasykurū yarḍahu lakum, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, ṡumma ilā rabbikum marji‘ukum fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[7] Allah iku nyata gawe bumi lan langit, sarta kang nglojokake wêngi marang awan lan anglojokake awan marang wêngi, apadene nyungkêmake srêngenge lan rêmbulan, padha ngèstokake karsaning Allah, kabèh padha mlaku ana cakrawalane dhewe-dhewe, nganti têkan wêwangên kang tinamtokake, iya iku têkan dina kiyamat. Pangeran kang mangkono iku apa dudu Pangeran kang mênang tur wênang ngapura dosa.

۞ وَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ ضُرٌّ دَعَا رَبَّهٗ مُنِيْبًا اِلَيْهِ ثُمَّ اِذَا خَوَّلَهٗ نِعْمَةً مِّنْهُ نَسِيَ مَا كَانَ يَدْعُوْٓا اِلَيْهِ مِنْ قَبْلُ وَجَعَلَ لِلّٰهِ اَنْدَادًا لِّيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖ ۗ قُلْ تَمَتَّعْ بِكُفْرِكَ قَلِيْلًا ۖاِنَّكَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِ٨
Wa iżā massal-insāna ḍurrun da‘ā rabbahū munīban ilaihi ṡumma iżā khawwalahū ni‘matan minhu nasiya mā kāna yad‘ū ilaihi min qablu wa ja‘ala lilllāhi andādal liyuḍilla ‘an sabīlih(ī), qul tamatta‘ bikufrika qalīlā(n), innaka min aṣḥābin-nār(i).
[8] Allah gawe awakira, wite saka awak siji bae, (iya iku Nabi Adam) banjur gawe jodhone Nabi Adam mau, kang digawe iya perangane Nabi Adam, (igane wêkas) sarta gawe rajakaya maidahi ing sira, cacah wolu, lanang lan wadon, Allah gawe awakira ana guwa garbane biyungira, dadi titah sawise dadi titah liyane, ana ing pêpêtêng têlung warna. Pangeran kang kaya mangkono kuwasane iku Allah Pangeranira kang kagungan karaton. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah. Sawise ditêrangake mangkene iki, manungsa kapriye ênggone arêp nyimpang saka dalan kang bênêr.

اَمَّنْ هُوَ قَانِتٌ اٰنَاۤءَ الَّيْلِ سَاجِدًا وَّقَاۤىِٕمًا يَّحْذَرُ الْاٰخِرَةَ وَيَرْجُوْا رَحْمَةَ رَبِّهٖۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الَّذِيْنَ يَعْلَمُوْنَ وَالَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ۗ اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِ ࣖ٩
Amman huwa qānitun ānā'al-laili sājidaw wa qā'imay yaḥżarul-ākhirata wa yarjū raḥmata rabbih(ī), qul hal yastawil-lażīna ya‘lamūna wal-lażīna lā ya‘lamūn(a), innamā yatażakkaru ulul-albāb(i).
[9] Mênawa sira padha kaphir, iku tumraping Allah ora dadi apa. Awit Allah ora butuh marang sira, ewadene Allah ora parêng yèn para kawulane padha kaphir. Dene yèn sira padha sukur, ngèstokake parentahing Allah, Allah kaparêng marang sira. Wong kang nandhang dosa, iku kang mêsthi disăngga patrapane, iya mung dosane dhewe, ora bakal nyăngga dosane wong liyane. Besuk ana ing akhirat, sira bakal padha bali marang ngarsaning Allah Pangeranira. Ing kono Allah bakal anjalèntrèhake samubarang kang wis padha sira lakoni, ala lan bêcik.

قُلْ يٰعِبَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوْا رَبَّكُمْ ۗلِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۗوَاَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةٌ ۗاِنَّمَا يُوَفَّى الصّٰبِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ١٠
Qul yā ‘ibādil-lażīna āmanuttaqū rabbakum, lil-lażīna aḥsanū fī hāżihid-dun-yā ḥasanah(tun), wa arḍullāhi wāsi‘ah(tun), innamā yuwaffaṣ-ṣābirūna ajrahum bigairi ḥisāb(in).
[10] Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

قُلْ اِنِّيْٓ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ اللّٰهَ مُخْلِصًا لَّهُ الدِّيْنَ١١
Qul innī umirtu an a‘budallāha mukhliṣal lahud-dīn(a).
[11] Manungsa iku manawa pinuju kambah ing rêribêt, banjur nyênyuwun ing Allah Pangerane, manthêng panyuwune, sawise mangkono, mênawa banjur diparingi kabungahan saka Pangerane, banjur lali ênggone konjêm nyênyuwun ing Allah mau, lan banjur ngadêgake Pangeran brahala, ginawe ngêmbari Allah, dadi banjur nasarake wong saka dalaning Allah (he Mukhammad) sira dhawuha marang wong kang mangkono mau, iya ta padha bungah-bungaha ênggonmu padha kaphir sadhela. Besuk ana ing akhirat, kowe iku padha dadi wong ing naraka.

وَاُمِرْتُ لِاَنْ اَكُوْنَ اَوَّلَ الْمُسْلِمِيْنَ١٢
Wa umirtu li'an akūna awwalal-muslimīn(a).
[12] Wong kang ngabêkti ing Allah ana ing wayah wêngi, ngadêg lan sujud (sêmbayang) saking dening wêdi marang akhirat, anyênyadhang rahmating Pangerane, iku apa padha bae lan wong kang duraka kaphir, (mêsthi beda bangêt) sira andangua, wong kang padha duwe kawruh iku apa padha bae lan wong kang padha ora duwe kawruh, (mêsthi beda [be....da] bangêt). Sira andangua, wong kang padha duwe kawruh iku apa padha bae lan wong kang padha ora duwe kawruh, (mêsthi beda bangêt) dene wong kang kêtaman piwulang iki banjur eling, iku mung wong kang pêpak ngakale.

قُلْ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٣
Qul innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[13] (He Mukhammad) sira dhawuha: Pangandikaning Allah mangkene: He para kawulaningsun, sira padha wêdia ing Allah Pangeranira, sarupane wong kang padha nglakoni panggawe bêcik ana ing dunya iki, besuk ana ing akhirat iya olèh bêcik, diganjar suwarga. Bumining Allah iku jêmbar, sing sapa ora bisa gawe bêcik ana ing panggonane, ngaliha marang panggonan liyane: Wong kang têguh atine mêsthi diparingi ganjaran kang tanpa kira-kira.

قُلِ اللّٰهَ اَعْبُدُ مُخْلِصًا لَّهٗ دِيْنِيْۚ١٤
Qulillāha a‘budu mukhliṣal lahū dīnī.
[14] Sira dhawuha: Aku iki didhawuhi dening Allah, ingandikakake nêmbah ing Allah nglakoni agama Islam kalawan ati rêsik, maligi nglakoni parentahing Allah. Apadene aku didhawuhi dadia kawitane para wong Islam.

فَاعْبُدُوْا مَا شِئْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖۗ قُلْ اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اَلَا ذٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِيْنُ١٥
Fa‘budū mā syi'tum min dūnih(ī), qul innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā żālika huwal-khusrānul-mubīn(u).
[15] Sira dhawuha: Mênawa aku duraka ing Allah Pangeranku, aku wêdi patrapaning Allah besuk dina kiyamat.

لَهُمْ مِّنْ فَوْقِهِمْ ظُلَلٌ مِّنَ النَّارِ وَمِنْ تَحْتِهِمْ ظُلَلٌ ۗذٰلِكَ يُخَوِّفُ اللّٰهُ بِهٖ عِبَادَهٗ ۗيٰعِبَادِ فَاتَّقُوْنِ١٦
Lahum min fauqihim ẓulalum minan-nāri wa min taḥtihim ẓulal(un), żālika yukhawwifullāhu bihī ‘ibādah(ū), yā ‘ibādi fattaqūn(i).
[16] Sira dhawuha: Aku iki nêmbah ing Allah, nglakoni agamaku Islam kalawan ati rêsik, konjuk ing Allah.

وَالَّذِيْنَ اجْتَنَبُوا الطَّاغُوْتَ اَنْ يَّعْبُدُوْهَا وَاَنَابُوْٓا اِلَى اللّٰهِ لَهُمُ الْبُشْرٰىۚ فَبَشِّرْ عِبَادِۙ١٧
Wal-lażīnajtanabuṭ-ṭāgūta ay ya‘budūhā wa anābū ilallāhi lahumul-busyrā, fabasysyir ‘ibād(i).
[17] Iya ta, padha nyêmbaha liyane Allah sakarêpmu, (he Mukhammad) sira dhawuha: Wong kang padha kapitunan kang nêmaha gawe kapitunaning awake dhewe lan para batihe besuk dina kiyamat, iku apa ora wis têtela kapitunan têmênan.

الَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ اَحْسَنَهٗ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدٰىهُمُ اللّٰهُ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ اُولُوا الْاَلْبَابِ١٨
Allażīna yastami‘ūnal-qaula fa yattabi‘ūna aḥsanah(ū), ulā'ikal-lażīna hadāhumullāhu wa ulā'ika hum ulul-albāb(i).
[18] Besuk ana ing akhirat, ing dhuwure lan ing ngisore wong mau ana gêni kang tumpa-tumpa, Allah mêmêdèni marang para kawulane kalawan gêni mau, pangandikane: He para kawulaningsun, mulane sira padha wêdia marang Ingsun.

اَفَمَنْ حَقَّ عَلَيْهِ كَلِمَةُ الْعَذَابِۗ اَفَاَنْتَ تُنْقِذُ مَنْ فِى النَّارِ ۚ١٩
Afaman ḥaqqa ‘alaihi kalimatul-‘ażāb(i), afa'anta tunqiżu man fin-nār(i).
[19] Sarupaning wong kang nyingkiri godhaning setan, suthik nyêmbah brahala, mung sumungkêm nêmbah ing Allah, wong mangkono mau padha dibêbungah bakal olèh ganjaran suwarga. (He Mukhammad) sira ambêbungaha para kawulaningsun kang padha ngrungokake dhawuhing Kuran, banjur milih nglakoni dhawuh kang utama dhewe, iya iku rupane wong kang padha diparingi pituduh bênêr dening Allah. Wong kang mangkono mau têtêp wong kang ana ngakale.

لٰكِنِ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ لَهُمْ غُرَفٌ مِّنْ فَوْقِهَا غُرَفٌ مَّبْنِيَّةٌ ۙتَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ەۗ وَعْدَ اللّٰهِ ۗ لَا يُخْلِفُ اللّٰهُ الْمِيْعَادَ٢٠
Lākinil-lażīnattaqau rabbahum lahum gurafum min fauqihā gurafum mabniyyah(tun), tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa‘dallāh(i), lā yukhlifullāhul-mī‘ād(a).
[20] Wong kang wis dirampungi kabênêr nandhang patrapan siksa, apa sira bisa minangkani slamête ngluwari wong kang ana sajroning naraka.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَسَلَكَهٗ يَنَابِيْعَ فِى الْاَرْضِ ثُمَّ يُخْرِجُ بِهٖ زَرْعًا مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَجْعَلُهٗ حُطَامًا ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ ࣖ٢١
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'an fasalakahū yanābī‘a fil-arḍi ṡumma yaj‘aluhū ḥuṭāmā(n), ina fī żālika lażikrā li'ulil-albāb(i).
[21] Nanging sarupane wong kang wêdi ing Pangerane, iku duwe panggonan mulya ana ing swarga, kang ing dhuwure ana panggonan manèh. Ing ngisore panggonan mau ana bêngawane mili. Kang mangkono mau, wis diprasêtyakake dening Allah. Allah ora pisan nyidrani janjine.

اَفَمَنْ شَرَحَ اللّٰهُ صَدْرَهٗ لِلْاِسْلَامِ فَهُوَ عَلٰى نُوْرٍ مِّنْ رَّبِّهٖ ۗفَوَيْلٌ لِّلْقٰسِيَةِ قُلُوْبُهُمْ مِّنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٢
Afaman syaraḥallāhu ṣadrahū lil-islāmi fahuwa ‘alā nūrim mir rabbih(ī), fawailul lil-qāsiyati qulūbuhum min żikrillāh(i), ulā'ika fī ḍalālim mubīn(in).
[22] Apa sira ora andêlêng ênggone Allah anurunake banyu udan saka ing langit, banjur nglakokake banyu mau, wusana dadi tuk pirang-pirang ana ing bumi, iku banjur diênggo lantaran uriping têtanduran utawa wit-witan kang beda-beda warnane lan wohe. Sawise tuwa, nuli sira dêlêng warnane malih kuning, [ku.....ning,] ora antara suwe nuli runtuh saka ing wit, kang mangkono mau, tumrap wong kang ana ngakale, mêsthi dadi wêwulang bêcik.

اَللّٰهُ نَزَّلَ اَحْسَنَ الْحَدِيْثِ كِتٰبًا مُّتَشَابِهًا مَّثَانِيَۙ تَقْشَعِرُّ مِنْهُ جُلُوْدُ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ ۚ ثُمَّ تَلِيْنُ جُلُوْدُهُمْ وَقُلُوْبُهُمْ اِلٰى ذِكْرِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُدَى اللّٰهِ يَهْدِيْ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٢٣
Allāhu nazzala aḥsanal-ḥadīṡi kitābam mutasyābiham maṡāniy(a), taqsya‘irru minhu julūdul-lażīna yakhsyauna rabbahum, ṡumma talīnu julūduhum wa qulūbuhum ilā żikrillāh(i), żālika hudallāhi yahdī bihī may yasyā'(u), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[23] (Manungsa iku apa padha bae, mêsthi beda) wong kang diparingi padhang atine dening Allah dhangan anglakoni agama Islam, iku têtela wong ngambah pêpadhang saka Pangerane, nanging wong kang atine wangkot, ora eling ing Allah, suthik ngèstokake Kuran, iku têtela wong cilaka, sarta têtela kêsasar saka dalan kang bênêr.

اَفَمَنْ يَّتَّقِيْ بِوَجْهِهٖ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗوَقِيْلَ لِلظّٰلِمِيْنَ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ٢٤
Afamay yattaqī biwajhihī sū'al-‘ażābi yaumal-qiyāmah(ti), wa qīla liẓ-ẓālimīna żūqū mā kuntum taksibūn(a).
[24] Allah iku andhawuhake carita bêcik, iya iku Kitab Kuran, kang rampak bêcike, sarta siji-sijining carita, wêwulang, pangancam, pangêbang, lan sapanunggalane, nganggo dipindhoni utawa diping têloni. Wong kang padha wêdi ing Pangerane, manawa ngrungokake pangancam, padha mangkirig githok lan nyabe kulite, dene yèn ngrungokake pangêbang, kulite padha pulih lêmês, sarta eling atine ing Allah, Kuran iku pituduhing Allah, kanggo nuduhake dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, mêsthi ora ana kang bisa nuduhake dalan bênêr marang wong iku.

كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَاَتٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَ٢٥
Każżabal-lażīna min qablihim fa'atāhumul-‘ażābu mi ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[25] Wong kang ing besuk dina kiyamat raine disugokake marang siksa naraka kang abot, (apa padha bae lan wong kang salamêt saka siksa, mêsthi beda bangêt), wong kaphir ing Mêkah bakal padha didhawuhi: Mara padha rasakna patrapane kaluputan kang padha sira lakoni biyèn.

فَاَذَاقَهُمُ اللّٰهُ الْخِزْيَ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُ ۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٢٦
Fa ażāqahumullāhul-khizya fil-ḥayātid-dun-yā, wa la‘ażābul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[26] Para wong kuna sadurunge wong kaphir ing Mêkah, iku padha maido para rasul, banjur padha tinêmpuh ing siksa kang ngagètake, ora kanyanan.

وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍ لَّعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَۚ٢٧
Wa laqad ḍarabnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡalil la‘allahum yatażakkarūn(a).
[27] Wong kaphir mau padha diparingi wêruh rasaning siksa dening Allah kêncengan ana ing dunya. Dene siksane besuk ana ing akhirat, luwih abot manèh, upama wong kaphir wêruh kang mangkono mau, kaya-kaya ora gêlêm maido.

قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا غَيْرَ ذِيْ عِوَجٍ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٢٨
Qur'ānan ‘arabiyyan gaira żī ‘iwajil la‘allahum yattaqūn(a).
[28] Ingsun wis anggêlar sakèhing upama marang manungsa, ing bab Kuran iki, supaya manungsa mau padha elinga, ngèstokake dhawuhing Kuran.

ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلًا فِيْهِ شُرَكَاۤءُ مُتَشٰكِسُوْنَ وَرَجُلًا سَلَمًا لِّرَجُلٍ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًا ۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٩
Ḍaraballāhu maṡalar rajulan fīhi syurakā'u mutasyākisūna wa rajulan salamal lirajulin hal yastawiyāni maṡalā(n), al-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[29] Iya iku Kuran basa Ngarab, surasane ora ana kang cêngkah, supaya manungsa padha wêdia ing Allah.

اِنَّكَ مَيِّتٌ وَّاِنَّهُمْ مَّيِّتُوْنَ ۖ٣٠
Innaka mayyituw wa innahum mayyitūn(a).
[30] Allah anggêlar upama tumrap wong maro tingal lan wong mukmin mangkene: Ana wong lanang duwe kănca akèh kang padha diya-diniya, (siji-sijining kănca anjaluk dirakêti ijèn, ora gêlêm dimaru lan liyane, barêng wong lanang mau nandhang rêribêd, kănca mau selak kabèh, ora ana kang gêlêm têtulung) lan ana manèh wong lanang duwe kănca mung siji. Wong lanang loro mau apa padha bae. Sakèhing puji iku konjuk ing Allah piyambak, (wong lanang loro mau mêsthi beda), ewadene wong ing Mêkah kang akèh padha ora wêruh kang mangkono mau.

ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عِنْدَ رَبِّكُمْ تَخْتَصِمُوْنَ ࣖ ۔٣١
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati ‘inda rabbikum takhtaṣimūn(a).
[31] (He Mukhammad) sira iku bakal mati, wong kaphir iku uga bakal padha mati.

۞ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَبَ عَلَى اللّٰهِ وَكَذَّبَ بِالصِّدْقِ اِذْ جَاۤءَهٗۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ٣٢
Faman aẓlamu mimman każaba ‘alallāhi wa każżaba biṣ-ṣidqi iż jā'ah(ū), alaisa fī jahannama maṡwal lil-kāfirīn(a).
[32] (He manungsa), sawise mangkono besuk dina kiyamat, sira bakal paprakaran.

وَالَّذِيْ جَاۤءَ بِالصِّدْقِ وَصَدَّقَ بِهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ٣٣
Wal-lażī jā'a biṣ-ṣidqi wa ṣaddaqa bihī ulā'ika humul-muttaqūn(a).
[33] Ora ana wong kang luwih duraka, nganiaya awake dhewe, tinimbang lan wong kang goroh, ngarani utawa nganggêp yèn Allah iku ana kang ngêmbari, apadene mênawa didhawuhi barang kang mêsthi têmên, iya iku surasaning Kuran, banjur maido. Panggonane wong kaphir apa ora ana ing Naraka Jahanam, (mêsthi ana ing Naraka Jahanam).

لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ ذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَۚ٣٤
Lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika jazā'ul-muḥsinīn(a).
[34] Nabi Mukhammad kang andhawuhake Kuran kang mêsthi têmên, lan wong kang padha pracaya sarta ngèstokake dhawuhing Kuran, iku kabèh wong wêdi ing Allah.

لِيُكَفِّرَ اللّٰهُ عَنْهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ عَمِلُوْا وَيَجْزِيَهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٣٥
Liyukaffirallāhu ‘anhum aswa'al-lażī ‘amilū wa yajziyahum ajrahum bi'aḥsanil-lażī kānū ya‘malūn(a).
[35] Wong mangkono mau bakal padha tămpa ganjaran suwarga ana ngarsaning Pangerane. Ana ing kono katutugan samubarang kang dikarêpake. Iya iku ganjarane wong kang padha gawe bêcik marang awake dhewe sarana pracaya ing Allah.

اَلَيْسَ اللّٰهُ بِكَافٍ عَبْدَهٗۗ وَيُخَوِّفُوْنَكَ بِالَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍۚ٣٦
Alaisallāhu bikāfin ‘abdah(ū), wa yukhawwifūnaka bil-lażīna min dūnih(ī), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[36] Allah paring pitulung marang wong mau, dhangan anglakoni panggawe bêcik, wêkasan Allah nutupi ênggone wong mau nglakoni sakèhing piala, sarta angganjar lakune kang bêcik, kalawan ganjarn[1] kang luwih saka takêring kabêcikane.

وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ مُّضِلٍّ ۗ اَلَيْسَ اللّٰهُ بِعَزِيْزٍ ذِى انْتِقَامٍ٣٧
Wa may yahdillāhu famā lahū min muḍill(in), alaisallāhu bi‘azīzin żintiqām(in).
[37] Allah apa ora wis paring pitulung marang Nabi Mukhammad kawulane, kalis saka pialaning satrune, (iya wis paring pitulung) dalasan saka pangancame para wong kaphir sira diwêca bakal kêna sêsikuning brahala, (iku sira uga dirêksa dening Allah). Dene sing sapa dipêsthi kêsasar dening Allah, ora ana kang bisa nuduhake dalan bênêr marang wong iku.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗ قُلْ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَنِيَ اللّٰهُ بِضُرٍّ هَلْ هُنَّ كٰشِفٰتُ ضُرِّهٖٓ اَوْ اَرَادَنِيْ بِرَحْمَةٍ هَلْ هُنَّ مُمْسِكٰتُ رَحْمَتِهٖۗ قُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ ۗعَلَيْهِ يَتَوَكَّلُ الْمُتَوَكِّلُوْنَ٣٨
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunnallāh(u), qul afara'aitum mā tad‘ūna min dūnillāhi in arādaniyallāhu biḍurrin hal hunna kāsyifātu ḍurrihī au arādanī biraḥmatin hal hunna mumsikātu raḥmatih(ī), qul ḥasbiyallāh(u), ‘alaihi yatawakkalul-mutawakkilūn(a).
[38] Dene sing sapa dipêsthi dening Allah olèh pituduh bênêr, iku ora ana kang bisa nasarake. Yèn ora mangkono, apa Allah iku dudu Pangeran kang mênang tur kawasa niksa.

قُلْ يٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌ ۚفَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ٣٩
Qul yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), fa saufa ta‘lamūn(a).
[39] Upama sira andangu marang para wong kaphir iku: Sapa kang gawe bumi lan langit iki, para wong kaphir mau mêsthi padha matur, ingkang damêl inggih Allah. [A.....llah.] Sira dhawuha: Saiki kapriye mungguh panêmumu, barang liyane Allah kang padha kosêmbah, iya iku brahala, manawa aku diparingi rêribêt dening Allah, brahala apa bisa nyingkirake rêribêt mau. Utawa mênawa aku diparingi kabungahan dening Allah, brahala apa bisa murungake kabungahan mau, (mêsthi ora bisa) he Mukhammad, sira dhawuha: Kang nyukupi aku mung Allah piyambak, wong kang padha ngandêl mêsthi padha nyumanggakake sakarsaning Allah.

مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٤٠
May ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa yaḥillu ‘alaihi ‘ażābum muqīm(un).
[40] (He Mukhammad) sira dhawuha: He para umatku, iya ta, padha banjur-banjurna ênggonmu padha nglakoni kaphir, aku uga nglêstarèkake ênggonku nglakoni agama Islam. Ing têmbe kowe mêsthi padha wêruh.

اِنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ لِلنَّاسِ بِالْحَقِّۚ فَمَنِ اهْتَدٰى فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۚوَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ ࣖ٤١
Innā anzalnā ‘alaikal-kitāba lin-nāsi bil-ḥaqq(i), fa manihtadā fa linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[41] Pangeran kang nêkakake siksa kang ngrèmèhake marang wong kaphir, si kaphir bakal manggon ana ing siksa kang langgêng.

اَللّٰهُ يَتَوَفَّى الْاَنْفُسَ حِيْنَ مَوْتِهَا وَالَّتِيْ لَمْ تَمُتْ فِيْ مَنَامِهَا ۚ فَيُمْسِكُ الَّتِيْ قَضٰى عَلَيْهَا الْمَوْتَ وَيُرْسِلُ الْاُخْرٰىٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٤٢
Allāhu yatawaffal-anfusa ḥīna mautihā wal-latī lam tamut fī manāmihā, fayumsikul-latī qaḍā ‘alaihal-mauta wa yursilul-ukhrā ilā ajalim musammā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[42] Ingsun nurunake Kitab Kuran marang sira Mukhammad, kalawan nyata, kanggo nyurup-nyurupake marang manungsa, sing sapa olèh pituduh bênêr, [bê....nêr,] ngèstokake Kuran, iku pakolèhe tumrap marang awake dhewe. Dene sing sapa milih kêsasar, iku patrapane iya tumrap marang awake dhewe. Sira ora kawajiban nanggung manut miturut ing para umatira.

اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ شُفَعَاۤءَۗ قُلْ اَوَلَوْ كَانُوْا لَا يَمْلِكُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَعْقِلُوْنَ٤٣
Amittakhażū min dūnillāhi syufa‘ā'(a), qul awalau kānū lā yamlikūna syai'aw wa lā ya‘qilūn(a).
[43] Allah iku nglolos nyawa, nalika matine kang duwe nyawa mau, dene tumrap wong kang durung wayahe mati, ênggone nglolos nalikane turu, Allah banjur nyimpêni nyawane wong kang wis dikarsakake mati, dene wong kang durung dikarsakake mati, nyawane dibalèkake manèh, nganti têkan wêwangên kang tinamtokake matine. Kang mangkono mau tumrap wong kang ngêmpakake pikire, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

قُلْ لِّلّٰهِ الشَّفَاعَةُ جَمِيْعًا ۗ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٤٤
Qul lillāhisy-syafā‘atu jamī‘ā(n), lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[44] Wong kaphir padha ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala, dikira ing têmbe bisa mitulungi ana ngarsaning Allah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa nyata brahala iku padha bisa mitulungi, sanadyan [sanadya.....n] ora duwe barang-barang lan ora duwe ngakal.

وَاِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَحْدَهُ اشْمَـَٔزَّتْ قُلُوْبُ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِۚ وَاِذَا ذُكِرَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَ٤٥
Wa iżā żukirallāhu waḥdahusyma'azzat qulūbul-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirah(ti), wa iżā żukiral-lażīna min dūnihī iżā hum yastabsyirūn(a).
[45] Sira dhawuha: Pitulung iku kabèh kang kagungan mung Allah piyambak. Allah kagungan karaton bumi lan langit. Ing têmbe kowe bakal padha diimpun bali marang ngarsaning Allah.

قُلِ اللّٰهُمَّ فَاطِرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ عٰلِمَ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ اَنْتَ تَحْكُمُ بَيْنَ عِبَادِكَ فِيْ مَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٤٦
Qulillāhumma fāṭiras-samāwāti wal-arḍi ‘ālimal-gaibi wasy-syahādati anta taḥkumu baina ‘ibādika fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[46] Mênawa asmaning Allah piyambak disêbut, tanpa nyêbut brahala, ing kono wong kang padha ora ngandêl bakal anane akhirat, atine padha ewa, dene yèn liyane Allah kang disêbut, wong mau padha bungah.

وَلَوْ اَنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لَافْتَدَوْا بِهٖ مِنْ سُوْۤءِ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ وَبَدَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مَا لَمْ يَكُوْنُوْا يَحْتَسِبُوْنَ٤٧
Wa lau anna lil-lażīna ẓalamū mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū laftadau bihī min sū'il-‘ażābi yaumal-qiyāmah(ti), wa badā lahum minallāhi mā lam yakūnū yaḥtasibūn(a).
[47] (He Mukhammad) sira munjuka marang Ingsun mangkene: Dhuh Allah ingkang damêl bumi kalihan langit, tur ingkang nguningani samukawis ingkang samar saha kasat mata. Tuwan punika ingkang kawasa ngrampungi prakawisipun para kawula Tuwan, anggènipun sami pasulayan.

وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٤٨
Wa badā lahum sayyi'ātu mā kasabū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[48] Ing besuk dina kiyamat, nalikane wong kaphir padha andêlêng siksaning Allah kang ora pisan dikira bakal ana siksa kang mangkono, upama wong kaphir mau duwea [du....wea] barang saisining bumi iki, sarta duwe barang samene êngkas, mêsthi kaduga ngulungake, diênggo nêbusi awake, supaya aja nganti kacêmplung ing siksa kang samono abote.

فَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ ضُرٌّ دَعَانَاۖ ثُمَّ اِذَا خَوَّلْنٰهُ نِعْمَةً مِّنَّاۙ قَالَ اِنَّمَآ اُوْتِيْتُهٗ عَلٰى عِلْمٍ ۗبَلْ هِيَ فِتْنَةٌ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٩
Fa'iżā massal-insāna ḍurrun da‘ānā ṡumma iżā khawwalnāhu ni‘matam minnā, qāla innamā ūtītuhū ‘alā ‘ilm(in), bal hiya fitnatuw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[49] Ing dina iku wong kaphir padha wêruh alane barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya, sarta tinêmpuh ing siksa kang padha digêguyu nalika ana ing dunya.

قَدْ قَالَهَا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٥٠
Qad qālahal-lażīna min qablihim famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[50] Manungsa iku manawa kambah ing rêribêd, banjur sumungkêm nyênyuwun marang Ingsun, barêng wis luwar saka ing rêribêd mau, sarta banjur Ingsun paringi kabungahan, manungsa mau banjur ngucap: Enggonku olèh kabungahan iki marga aku wis diparingi kawruh dening Allah, dadi wis bênêre aku olèh kabungahan. Pangucap mangkono mau ewoning coba, ewadene manungsa iku kang akèh padha ora krasa yèn pêparinging Allah kabungahan iku panglulu.

فَاَصَابَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا ۗوَالَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ سَيُصِيْبُهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا ۙوَمَا هُمْ بِمُعْجِزِيْنَ٥١
Fa'aṣābahum sayyi'ātu mā kasabū, wal-lażīna ẓalamū min hā'ulā'i sayuṣībuhum sayyi'ātu mā kasabū, wa mā hum bimu‘jizīn(a).
[51] Kang ngucap mangkono mau para umat kuna, sadurunge wong kaphir ing Mêkah, (iya iku Karun sakancane) băndha kang dikalumpuka ora bisa murungake siksa.

اَوَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ٥٢
Awalam ya‘lamū annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[52] Karun sakancane mau banjur padha tinêmpuh siksa, patrapaning piala kang wis padha dilakoni, dene wong turun Kurès kang padha kaphir, uga bakal padha tinêmpuh ing siksa, patrapaning piala kang wis padha dilakoni, ora ana kang bisa ngoncati siksaningsun.

۞ قُلْ يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اَسْرَفُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوْا مِنْ رَّحْمَةِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ جَمِيْعًا ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥٣
Qul yā ‘ibādiyal-lażīna asrafū ‘alā anfusihim lā taqnaṭū mir raḥmatillāh(i), innallāha yagfiruż-żunūba jamī‘ā(n), innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[53] Wong kaphir apa padha ora wêruh yèn Allah iku paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan ana uga wong kang diparingi rijêki sathithik, mung cumpèn bae. Kang mangkono mau tumrap wong kang padha pracaya ing Allah, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

وَاَنِيْبُوْٓا اِلٰى رَبِّكُمْ وَاَسْلِمُوْا لَهٗ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ الْعَذَابُ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ٥٤
Wa anībū ilā rabbikum wa aslimū lahū min qabli ay ya'tiyakumul-‘ażābu ṡumma lā tunṣarūn(a).
[54] (He Mukhammad) sira dhawuha: Pangandikaning Allah mangkene: He para kawulaningsun, kang wis padha kabangêtên ênggone nglakoni panggawe ala, sira aja padha mutung, ora ngarêp-arêp rahmating Allah, satêmêne Allah iku kawasa ngapura dosa kabèh. Allah iku kaparêng [ka....parêng] ngapura dosa tur Maha-asih.

وَاتَّبِعُوْٓا اَحْسَنَ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ الْعَذَابُ بَغْتَةً وَّاَنْتُمْ لَا تَشْعُرُوْنَ ۙ٥٥
Wattabi‘ū aḥsana mā unzila ilaikum mir rabbikum min qabli ay ya'tiyakumul ‘ażābu bagtataw wa antum lā tasy‘urūn(a).
[55] Sira padha balia marang ngarsaning Allah Pangeranira kalawan tobat, manut mituruta dhawuhing Allah kalawan ati rêsik, mupung durung katêkan siksa, yèn nganti kasèp tobatira, sira bakal ora olèh pitulung.

اَنْ تَقُوْلَ نَفْسٌ يّٰحَسْرَتٰى عَلٰى مَا فَرَّطْتُّ فِيْ جَنْۢبِ اللّٰهِ وَاِنْ كُنْتُ لَمِنَ السّٰخِرِيْنَۙ٥٦
An taqūla yā ḥasratā ‘alā mā farraṭṭu fī jambillāhi wa in kuntu laminas-sākhirīn(a).
[56] Sira padha nglakonana dhawuhing Kuran kang tinurunake marang sira saka Allah Pangeranira, sira piliha kang bêcik dhewe, mupung sira durung kêtêkan siksa kalawan ngagètake, sira padha ora nyana têkaning siksa mau.

اَوْ تَقُوْلَ لَوْ اَنَّ اللّٰهَ هَدٰىنِيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ ۙ٥٧
Au taqūla lau annallāha hadānī lakuntu minal-muttaqīn(a).
[57] Supaya aja ana wong sêsambat mangkene: Adhuh cilaka têmên aku, marga ênggonku kainan, ora ngèstokake dhawuhing Allah, biyèn aku mung padha anggêguyu bae.

اَوْ تَقُوْلَ حِيْنَ تَرَى الْعَذَابَ لَوْ اَنَّ لِيْ كَرَّةً فَاَكُوْنَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٨
Au taqūla ḥīna taral-‘ażāba lau anna lī karratan fa akūna minal-muḥsinīn(a).
[58] Utawa ngucap mangkene: Upama Allah iku paring pituduh bênêr marang aku, mêsthi aku kalêbu ewone wong kang padha wêdi ing Allah.

بَلٰى قَدْ جَاۤءَتْكَ اٰيٰتِيْ فَكَذَّبْتَ بِهَا وَاسْتَكْبَرْتَ وَكُنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٥٩
Balā qad jā'atka āyātī fa każżabta bihā wastakbarta wa kunta minal-kāfirīn(a).
[59] Utawa barêng andêlêng siksa, banjur ngucap mangkene: Upama aku diparêngake bali marang dunya, mêsthi aku kalêbu golongane [golonga.....ne] wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ تَرَى الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلَى اللّٰهِ وُجُوْهُهُمْ مُّسْوَدَّةٌ ۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْمُتَكَبِّرِيْنَ٦٠
Wa yaumal-qiyāmati taral-lażīna każabū ‘alallāhi wujūhuhum muswaddah(tun), alaisa fī jahannama maṡwal lil-mutakabbirīn(a).
[60] Ing kono banjur ana dhawuhing Allah mangkene: Iya, sira wis kawaratan Kuran ayat Ingsun, nanging sira maido ayat Ingsun, sarta gumêdhe, suthik pracaya. Sira banjur dadi golongane wong kaphir.

وَيُنَجِّى اللّٰهُ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا بِمَفَازَتِهِمْۖ لَا يَمَسُّهُمُ السُّوْۤءُ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦١
Wa yunajjillāhul-lażīnattaqau bimafāzatihim, lā yamassuhumus-sū'u wa lā hum yaḥzanūn(a).
[61] Ing besuk dina kiyamat, sira andêlêng sarupane wong kang calathu goroh ngarani Allah iku ana kang ngêmbari, raine padha irêng. Panggonane wong kang padha gumêdhe, apa ora ana ing Naraka Jahanam.

اَللّٰهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ ۙوَّهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ٦٢
Allāhu khāliqu kulli syai'(in), wa huwa ‘alā kulli syai'iw wakīl(un).
[62] [2] Allah paring salamêt marang para wong wêdi ing Allah. Marga saka bêgjane dadi ora kambah ing barang kang ala, (siksa) sarta ora ana kang kasusahan.

لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٦٣
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), wal-lażīna kafarū bi'āyātillāhi ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[63] Allah iku kang agawe samubarang, iya kang ngrêksa samubarang lan nindakake sakarsa-karsane. Allah iku kang ngasta soroge gêdhong pasimpênan ing bumi lan langit. Dene sarupane wong kang maido ayating Allah, iku têtêp wong kapitunan.

قُلْ اَفَغَيْرَ اللّٰهِ تَأْمُرُوْۤنِّيْٓ اَعْبُدُ اَيُّهَا الْجٰهِلُوْنَ٦٤
Qul afagairallāhi ta'murūnnī a‘budu ayyuhal-jāhilūn(a).
[64] (He Mukhammad) sira dhawuha: He para wong bodho, apa kowe padha murih marang aku supaya aku nyêmbah liyane Allah, (la măngsa gêlêma).

وَلَقَدْ اُوْحِيَ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۚ لَىِٕنْ اَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٦٥
Wa laqad ūḥiya ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), la'in asyrakta layaḥbaṭanna ‘amaluka wa latakūnanna minal-khāsirīn(a).
[65] Sira lan para umat sadurunge sira wis padha diparingi dhawuh: Mênawa sira maro tingal, lakunira kang bêcik sirna larut kabèh, sira mêsthi dadi wong kapitunan.

بَلِ اللّٰهَ فَاعْبُدْ وَكُنْ مِّنَ الشّٰكِرِيْنَ٦٦
Balillāha fa‘bud wa kum minasy-syākirīn(a).
[66] Balik sira mung nêmbaha ing Allah bae, lan sira kalêbua ewone wong kang padha sukur.

وَمَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖۖ وَالْاَرْضُ جَمِيْعًا قَبْضَتُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَالسَّمٰوٰتُ مَطْوِيّٰتٌۢ بِيَمِيْنِهٖ ۗسُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٧
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrih(ī), wal-arḍu jamī‘an qabḍatuhū yaumal-qiyāmati was-samāwātu maṭwiyyātum biyamīnih(ī), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[67] Manungsa ora bisa ngluhurake lan ngagungake ing Allah kang kêplok lan sayêktine luhuring Allah. Bumi iki kabèh besuk dina kiyamat, katêkêm ana pangawasaning Allah, langit iku digulung kalawan pangawasaning Allah. Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune para wong maro tingal.

وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَصَعِقَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اللّٰهُ ۗ ثُمَّ نُفِخَ فِيْهِ اُخْرٰى فَاِذَا هُمْ قِيَامٌ يَّنْظُرُوْنَ٦٨
Wa nufikha fiṣ-ṣūri faṣa‘iqa man fis-samāwāti wa man fil-arḍi illā man syā'allāh(u), ṡumma nufikha fīhi ukhrā fa'iżā hum qiyāmuy yanẓurūn(a).
[68] Besuk dina kiyamat, sêmpronge Malaikat Israphil didamu, ing kono saisining bumi lan langit banjur padha mati kabèh, kajaba kang dikarsakake [dikarsaka....ke] dening Allah ora mati, kaya ta, widadari sapanunggalane. Sawise mangkono sêmpronge Malaikat Israphil didamu manèh, ing kono kang wis padha mati mau banjur padha tangi urip manèh, lan padha andêlêng kaanane ing kono.

وَاَشْرَقَتِ الْاَرْضُ بِنُوْرِ رَبِّهَا وَوُضِعَ الْكِتٰبُ وَجِايْۤءَ بِالنَّبِيّٖنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٩
Wa asyraqatil-arḍu binūri rabbihā wa wuḍi‘al-kitābu wa jī'a bin-nabiyyīna wasy-syuhadā'i wa quḍiya bainahum bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[69] Salumahing bumi banjur padhang dening cahyaning Pangerane. Sarupaning wong banjur padha diparingi tulisan, cathêtane barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya. Nabi Mukhammad lan para umate banjur ditêkakake, padha nêksèni yèn para nabi ing jaman kuna wis ngundhangake dhawuhing Allah marang para umate. Manungsa banjur padha dirampungi prakarane kalawan ngadil, ora ana kang nandhang panganiaya.

وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ وَهُوَ اَعْلَمُ بِمَا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٧٠
Wa wuffiyat kullu nafsim mā ‘amilat wa huwa a‘lamu bimā yaf‘alūn(a).
[70] Siji- sijining wong padha diparingi wêwalês, pituwase barang kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik. Allah iku nguningani barang kang wis dilakoni ing manungsa nalika ana ing dunya.

وَسِيْقَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ زُمَرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءُوْهَا فُتِحَتْ اَبْوَابُهَا وَقَالَ لَهُمْ خَزَنَتُهَآ اَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَتْلُوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِ رَبِّكُمْ وَيُنْذِرُوْنَكُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَا ۗقَالُوْا بَلٰى وَلٰكِنْ حَقَّتْ كَلِمَةُ الْعَذَابِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧١
Wasīqal-lażīna kafarū ilā jahannama zumarā(n), ḥattā iżā jā'ūhā futiḥat abwābuhā wa qāla lahum khazanatuhā alam ya'tikum rusulum minkum yatlūna ‘alaikum āyāti rabbikum wa yunżirūnakum liqā'a yaumikum hāżā, qālū balā wa lākin ḥaqqat kalimatul-‘ażābi ‘alal-kāfirīn(a).
[71] Para wong kaphir padha dituntun marang Naraka Jahanam [Ja....hanam] agêgolongan. Barêng têkan pinggiring naraka, lawanging naraka dibukak. Ing kono malaikat kang rumêksa naraka takon marang wong kaphir mau: Apa kowe biyèn ora kêtêkan rasul, pêthilan saka kancamu, kang ngundhangake ayat dhawuhing Allah marang kowe, sarta mêmêdèni marang kowe, bakal kêlakone dina kiyamat iki. Para wong kaphir banjur padha mangsuli: Inggih sampun kadhatêngan rasul, nanging kula paibên, mila sampun lêrês pangandikaning Allah namtokakên siksa naraka dhatêng para tiyang kaphir.

قِيْلَ ادْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚفَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٧٢
Qīladkhulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fa bi'sa maṡwal-mutakabūbirīn(a).
[72] Para wong kaphir banjur padha didhawuhi: He, sira padha malêbua lawanging Naraka Jahanam. Sira ana ing naraka langgêng salawase. Ala têmên panggonane wong kaphir kang padha gumêdhe.

وَسِيْقَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ اِلَى الْجَنَّةِ زُمَرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءُوْهَا وَفُتِحَتْ اَبْوَابُهَا وَقَالَ لَهُمْ خَزَنَتُهَا سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ طِبْتُمْ فَادْخُلُوْهَا خٰلِدِيْنَ٧٣
Wasīqal-lażīnattaqau rabbahum ilal-jannati zumarā(n), ḥattā iżā jā'ūhā wa futiḥat abwābuhā wa qāla lahum khazanatuhā salāmun ‘alaikum ṭibtum fadkhulūhā khālidīn(a).
[73] Dene wong kang padha wêdi ing Allah Pangerane, padha diirid marang suwarga apanthan-panthan, barêng wis têkan pinggiring suwarga, lawanging suwarga diwêngakake. Malaikat kang rumêksa suwarga banjur ambagèkake: Sampeyan sami sugênga, bêgja [bê....gja] têmên sampeyan punika, sumăngga sampeyan sami malêbêta ing suwarga, wontên ing ngriku langgêng salaminipun.

وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ صَدَقَنَا وَعْدَهٗ وَاَوْرَثَنَا الْاَرْضَ نَتَبَوَّاُ مِنَ الْجَنَّةِ حَيْثُ نَشَاۤءُ ۚفَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَ٧٤
Wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī ṣadaqanā wa‘dahū wa auraṡanal-arḍa natabawwa'u minal-jannati ḥaiṡu nasyā'(u), fani‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[74] Wong kang padha wêdi ing Allah mau sawise padha malêbu ing suwarga, banjur padha mêmuji, sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang prasêtyane biyèn, saiki wis kanyataan têmên. Allah wis paring panduman bumi suwarga marang aku, saiki aku manggon ana ing suwarga sakarêp-karêpku. Bêcik têmên suwarga ganjarane wong kang padha ngèstokake dhawuhing Allah.

وَتَرَى الْمَلٰۤىِٕكَةَ حَاۤفِّيْنَ مِنْ حَوْلِ الْعَرْشِ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْۚ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَقِيْلَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٧٥
Wa taral-malā'ikata ḥāffīna min ḥaulil-‘arsyi yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim, wa quḍiya bainahum bil-ḥaqqi wa qīlal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[75] (He Mukhammad lan sarupane wong mukmin) besuk sira andêlêng para malaikat padha baris ana kiwa têngêning ngaras, padha nyêbut Mahasuci mêmuji ing Allah. Sarupaning titah padha dirampungi prakarane kalawan ngadil, diparingi wêwalês, pituwasing lakune dhewe-dhewe, ala utawa bêcik. Wong ing suwarga padha mêmuji ing Allah, têmbunge: Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, Pangerane ngalam kabèh.