Surah Sad

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
صۤ ۗوَالْقُرْاٰنِ ذِى الذِّكْرِۗ١
Ṣād, wal-qur'āni żiż-żikr(i).
[1] Sod iku araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kuran kang têrang lan mulya, tur kang nyata, ora kaya pangucape wong kaphir ênggone nganggêp Pangeran iku ora mung siji bae, wong kaphir ing Mêkah iku gumêdhe, nyulayani ing Allah lan Rasulullah.

بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ عِزَّةٍ وَّشِقَاقٍ٢
Balil-lażīna kafarū fī ‘izzatiw wa syiqāq(in).
[2] Pira bae kèhe umat ing jaman kuna, sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, padha Ingsun tumpês marga saka dosane. Nalika tumêmpuh ing siksa, para umat mau padha sêsambat: Saiki ora ana pangungsèn.

كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ قَرْنٍ فَنَادَوْا وَّلَاتَ حِيْنَ مَنَاصٍ٣
Kam ahlaknā min qablihim min qarnin fanādaw wa lāta ḥīna manāṣ(in).
[3] Wong kaphir ing Mêkah padha gumun lan jègèg, dene têka ana kancane padha wong Mêkah ngaku utusaning Allah, mêmêdèni bakal ana siksa naraka, pangucape wong kaphir mangkene: Nabi Mukhammad iku juru sikir kang goroh.

وَعَجِبُوْٓا اَنْ جَاۤءَهُمْ مُّنْذِرٌ مِّنْهُمْ ۖوَقَالَ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا سٰحِرٌ كَذَّابٌۚ٤
Wa ‘ajibū an jā'ahum munżirum minhum, wa qālal-kāfirūna hāżā sāḥirun każżāb(un).
[4] Yagene panêmune Nabi Mukhammad, Pangeran iku têka mung siji bae. Prakara iki anggumunake bangêt.

اَجَعَلَ الْاٰلِهَةَ اِلٰهًا وَّاحِدًا ۖاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ٥
Aja‘alal-ālihata ilāhaw wāḥidā(n), inna hāżā lasyai'un ‘ujāb(un).
[5] Panggêdhene wong Ngarab banjur padha nglungani Nabi Mukhammad, pangucape: Ayo wis padha bubaran bae, ora liwat, kowe dipadha mantêp ênggonmu padha sumungkêm marang Pangeranmu brahala. Panêmune Nabi Mukhammad iki wis karsaning Pangeran. Ora ana manèh kang prayoga kajaba mung dikêncêngi ênggonku padha mantêp.

وَانْطَلَقَ الْمَلَاُ مِنْهُمْ اَنِ امْشُوْا وَاصْبِرُوْا عَلٰٓى اٰلِهَتِكُمْ ۖاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ يُّرَادُ ۖ٦
Wanṭalaqal-mala'u minhum animsyū waṣbirū ‘alā ālihatikum, inna hāżā lasyai'uy yurād(u).
[6] Agama kang kari dhewe iki, iya iku agamane Nabi Ngisa, aku ora krungu yèn mulangake kang kaya mangkono. Ora liwat Nabi Mukhammad iku goroh.

مَا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِى الْمِلَّةِ الْاٰخِرَةِ ۖاِنْ هٰذَآ اِلَّا اخْتِلَاقٌۚ٧
Mā sami‘nā bihāżā fil-millatil-ākhirah(ti), in hāżā illakhtilāq(un).
[7] Apa Nabi Mukhammad iku diparingi Kuran dening Allah, kang măngka Nabi Mukhammad iku mung sapapake wong Ngarab bae, pangandikaning Allah: Wong Mêkah iku padha mamang marang Kuran kang Ingsun dhawuhake, apa dupèh durung ngrasakake siksaningsun.

اَؤُنْزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِنْۢ بَيْنِنَا ۗبَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْ ذِكْرِيْۚ بَلْ لَّمَّا يَذُوْقُوْا عَذَابِ ۗ٨
A'unzila ‘alaihiż-żikru mim baininā, bal hum fī syakkim min żikrī, bal lammā yażūqū ‘ażāb(i).
[8] Apa wong Mêkah iku nyêkêl gêdhong pasimpênane rahmating Pangeranira kang mênang tur wênang pêparing marang wong kang dadi parênging karsane.

اَمْ عِنْدَهُمْ خَزَاۤىِٕنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيْزِ الْوَهَّابِۚ٩
Am ‘indahum khazā'inu raḥmati rabbikal-‘azīzil-wahhāb(i).
[9] Apa wong kaphir ing Mêkah iku duwe karaton bumi lan langit, nguwasani barang kang ana antarane bumi lan langit, (mêsthi ora) yèn padha ngaku duwe karaton bumi lan langit, mara padha munggaha ing ăndha mênyang langit, banjur dhawuha sakarêpe.

اَمْ لَهُمْ مُّلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۗفَلْيَرْتَقُوْا فِى الْاَسْبَابِ١٠
Am lahum mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, falyartaqū fil-asbāb(i).
[10] Wong Mêkah iku kawula kang asor, ana ing kana bakal kalah jurite.

جُنْدٌ مَّا هُنَالِكَ مَهْزُوْمٌ مِّنَ الْاَحْزَابِ١١
Jundum mā hunālika mahzūmum minal-aḥzāb(i).
[11] Biyèn sadurunge wong Mêkah iku, akèh umat padha maido ing rasul, umate Nabi Nuh maido ing Nabi Nuh, wong Ngad maido ing Nabi Hud, Raja Phirngon kang duwe pamênthangan maido ing Nabi Musa.

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّعَادٌ وَّفِرْعَوْنُ ذُو الْاَوْتَادِۙ١٢
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa ‘āduw wa fir‘aunu żul-autād(i).
[12] Lan wong Samud maido ing Nabi Salèh, umate Nabi Lut maido ing Nabi Lut, wong ing Aikah maido ing Nabi Sungèb. Kabèh kang kasêbut mau padha bala akèh.

وَثَمُوْدُ وَقَوْمُ لُوْطٍ وَّاَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الْاَحْزَابُ١٣
Wa ṡamūdu wa qaumu lūṭiw wa aṣḥābul-aikah(ti), ulā'ikal-aḥzāb(u).
[13] Siji-sijine umat samono mau padha maido para rasul, mulane wis bênêre ngrasakake siksaningsun.

اِنْ كُلٌّ اِلَّا كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ عِقَابِ ࣖ١٤
In kullun illā każżabar-rusula faḥaqqa ‘iqāb(i).
[14] Wong kaphir ing Mêkah iku padha ngêntèni pêtake malaikat sapisan besuk dina kiyamat, banjur mati, ora bisa bali marang dunya.

وَمَا يَنْظُرُ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً مَّا لَهَا مِنْ فَوَاقٍ١٥
Wa mā yanẓuru hā'ulā'i illā ṣaiḥataw wāḥidatam mā lahā min fawāq(in).
[15] Wong kaphir ing Mêkah padha anggêguyu, pangucape: Dhuh Pangeran kawula, sêrat cathêtanipun awon sae kawula mugi Tuwan paringakên dhumatêng kawula sapunika kalayan enggal, (wontên ing dunya) sadèrèngipun dintên kiyamat.

وَقَالُوْا رَبَّنَا عَجِّلْ لَّنَا قِطَّنَا قَبْلَ يَوْمِ الْحِسَابِ١٦
Wa qālū rabbanā ‘ajjil lanā qiṭṭanā qabla yaumil-ḥisāb(i).
[16] (Pangandikaning Allah: He Mukhammad) pangucape wong kaphir ing Mêkah iku sira togna bae, saiki sira nyaritakna lêlakone kawulaningsun Nabi Dawud, kang rosa ênggone ngabêkti marang Ingsun. Satêmêne Nabi Dawud mau sêtya tuhu ênggone murih kaparêng Ingsun.

اِصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَاذْكُرْ عَبْدَنَا دَاوٗدَ ذَا الْاَيْدِۚ اِنَّهٗٓ اَوَّابٌ١٧
Iṣbir ‘alā mā yaqūlūna ważkur ‘abdanā dāwūda żal-aid(i), innahū awwāb(un).
[17] Sarupaning gunung Ingsun sungkêmake marang Nabi Dawud, padha milu nêbut Mahasuci marang Ingsun ing wayah esuk lan sore.

اِنَّا سَخَّرْنَا الْجِبَالَ مَعَهٗ يُسَبِّحْنَ بِالْعَشِيِّ وَالْاِشْرَاقِۙ١٨
Innā sakhkharnal-jibāla ma‘ahū yusabbiḥna bil-‘asyiyyi wal-isyrāq(i).
[18] Apadene manuk, padha ngalumpuk milu Nabi Dawud, mêmuji ing Allah, kabèh padha murih kaparênging Allah.

وَالطَّيْرَمَحْشُوْرَةً ۗ كُلٌّ لَّهٗٓ اَوَّابٌ١٩
Waṭ-ṭaira maḥsyūrah(tan), kullul lahū awwāb(un).
[19] Ingsun nyantosakake karatone Nabi Dawud, lan Ingsun paringi pangkat nabi, sarta kabênêran samubarang kang dilakoni, apadene Ingsun paringi kawêruh bisa ngrampungi pasulayaning wong.

وَشَدَدْنَا مُلْكَهٗ وَاٰتَيْنٰهُ الْحِكْمَةَ وَفَصْلَ الْخِطَابِ٢٠
Wa syadadnā mulkahū wa ātaināhul-ḥikmata wa faṣlal-khiṭāb(i).
[20] (He Mukhammad) sira apa wis wêruh carita lêlakone Nabi Dawud, nalikane ana malaikat loro, mindha-mindha wong prakaran, munggah ing panggung panêpène Nabi Dawud.

۞ وَهَلْ اَتٰىكَ نَبَؤُا الْخَصْمِۘ اِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَۙ٢١
Wa hal atāka naba'ul-khaṣm(i), iż tasawwarul-miḥrāb(a).
[21] Dhèk samana wong prakaran mau padha malêbu ing panggungane Nabi Dawud. Nabi Dawud wêdi dene têka ana wong bisa malêbu ing panggungan saka ing dhuwur, kang măngka ing ngisor dijaga ing wong, wong mau padha matur: He Nabi Dawud, sampeyan sampun ajrih, kula punika tiyang pasulayan, ingkang satunggal nandukakên panganiaya dhatêng satunggalipun, sampeyan mugi andhawuhna karampunganing pangadilan, dhatêng kula, kalayan lêrês, sampun ngantos malèncèng saking lêrês, kula mugi sampeyan têdahakên margi ingkang lêrês, (dhèk samana Nabi Dawud mêntas anglakoni kang kurang prayoga, iya iku Nabi Dawud wis duwe bojo sangang puluh sanga. Punggawane Nabi Dawud, aran Oriya, duwe bojo mung siji endah warnane, Nabi Dawud wêruh ing gaib, bakal duwe anak Nabi Suleman, patutan saka bojone Oriya mau. Banjur murih supaya olèha bojo rabine Oriya mau, nganti kêlakon ngrabèni bojone Oriya).

اِذْ دَخَلُوْا عَلٰى دَاوٗدَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ قَالُوْا لَا تَخَفْۚ خَصْمٰنِ بَغٰى بَعْضُنَا عَلٰى بَعْضٍ فَاحْكُمْ بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَآ اِلٰى سَوَاۤءِ الصِّرَاطِ٢٢
Iż dakhalū ‘alā dāwūda fafazi‘a minhum qālū lā takhaf, khaṣmāni bagā ba‘ḍunā ‘alā ba‘ḍin faḥkum bainanā bil-ḥaqqi wa lā tusyṭiṭ wahdinā ilā sawā'iṣ-ṣirāṭ(i).
[22] Sayêktos sadhèrèk kula punika gadhah menda sangang dasa sanga, kula namung gadhah menda satunggal. Pundi wontên menda kula satunggal wau tansah dipun dhih-dhih, wicantênipun: Wêdhusmu siji iku takpèke bae, panêdhanipun anggujêg, kula kawon, menda lajêng dipun bêkta. Dene wong kang digugat ngaku kaya ature kang anggugat mau.

اِنَّ هٰذَآ اَخِيْ ۗ لَهٗ تِسْعٌ وَّتِسْعُوْنَ نَعْجَةً وَّلِيَ نَعْجَةٌ وَّاحِدَةٌ ۗفَقَالَ اَكْفِلْنِيْهَا وَعَزَّنِيْ فِى الْخِطَابِ٢٣
Inna hāżā akhī, lahū tis‘uw wa tis‘ūna na‘jataw wa liya na‘jatuw wāḥidah(tun), faqāla aqfilnīhā wa ‘azzanī fil-khiṭāb(i).
[23] Nabi Dawud nibakake bêbênêran: He wong kang anggugat, sadulurmu iku nakal, nganiaya marang kowe, iya iku ênggone makiklik nuruti budi murka, anjaluk wêdhusmu kang mung siji, kudu dikumpulake lan wêdhuse sangang puluh sanga. Wong bathon ngêmorake bandhane, ingkang akèh ana kang nakal, kajaba wong kang pracaya ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku ora nakal, nanging wong kang mangkono mau arang-arang. Nabi Dawud banjur kelingan ênggone ngêpèk rabine Oriya, sarta rumasa kêna ing cobaningsun, sanalika Nabi Dawud anjungkêl, rukuk lan sujud, tobat ing Allah nganti patang puluh dina lawase.

قَالَ لَقَدْ ظَلَمَكَ بِسُؤَالِ نَعْجَتِكَ اِلٰى نِعَاجِهٖۗ وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ الْخُلَطَاۤءِ لَيَبْغِيْ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَقَلِيْلٌ مَّا هُمْۗ وَظَنَّ دَاوٗدُ اَنَّمَا فَتَنّٰهُ فَاسْتَغْفَرَ رَبَّهٗ وَخَرَّ رَاكِعًا وَّاَنَابَ ۩٢٤
Qāla laqad ẓalamaka bisu'āli na‘jatika ilā ni‘ājih(ī), wa inna kaṡīram minal-khulaṭā'i layabgī ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍin illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa qalīlum mā hum, wa ẓanna dāwūdu annamā fatannāhu fastagfara rabbahū wa kharra rāki‘aw wa anāb(a).
[24] Ingsun banjur ngapura kaluputane Nabi Dawud, kajaba pangapura, besuk dina kiyamat, Nabi Dawud Ingsun paringi panggonan ing suwarga, sarta cêdhak lan Ingsun, iya iku kawusanan bêcik.

فَغَفَرْنَا لَهٗ ذٰلِكَۗ وَاِنَّ لَهٗ عِنْدَنَا لَزُلْفٰى وَحُسْنَ مَاٰبٍ٢٥
Fa gafarnā lahū żālik(a), wa inna lahū ‘indanā lazulfā wa ḥusna ma'āb(in).
[25] He Dawud, sira iku Ingsun dadèkake sêsulih Ingsun ana ing bumi, mulane sira nindakna khukum ngadil marang manungsa. Aja mung nuruti karêpira dhewe. Awit karêpira iku nasarake sira saka dalaning Allah, sarupane wong kêsasar saka dalaning Allah, iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot, marga ênggone padha lali, ora praduli dina kiyamat.

يٰدَاوٗدُ اِنَّا جَعَلْنٰكَ خَلِيْفَةً فِى الْاَرْضِ فَاحْكُمْ بَيْنَ النَّاسِ بِالْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوٰى فَيُضِلَّكَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَضِلُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۢبِمَا نَسُوْا يَوْمَ الْحِسَابِ ࣖ٢٦
Yā dāwūdu innā ja‘alnāka khalīfatan fil-arḍi faḥkum bainan nāsi bil-ḥaqqi wa lā tattabi‘il-hawā fa yuḍillaka ‘an sabīlillāh(i), innal-lażīna yaḍillūna ‘an sabīlillāhi lahum ‘ażābun syadīdum bimā nasū yaumal-ḥisāb(i).
[26] Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, apadene samubarang kang ana antarane bumi lan langit, iku ora dolanan. Panêmune wong kaphir mung dolanan bae, wong kaphir iku padha cilaka, marga bakal padha kacêmplung ing naraka.

وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا بَاطِلًا ۗذٰلِكَ ظَنُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنَ النَّارِۗ٢٧
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā bāṭilā(n), żālika ẓannul-lażīna kafarū, fawailul lil-lażīna kafarū minan-nār(i).
[27] Para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku apa Ingsun gawe padha bae lan wong kang padha gawe rusak ana ing bumi kalawan kaphir. Apa wong kang padha wêdi ing Ingsun, iku Ingsun gawe padha bae lan wong ala, panêmune wong kaphir iku mèmpêr bae ora.

اَمْ نَجْعَلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَالْمُفْسِدِيْنَ فِى الْاَرْضِۖ اَمْ نَجْعَلُ الْمُتَّقِيْنَ كَالْفُجَّارِ٢٨
Am naj‘alul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kal-mufsidīna fil-arḍ(i), am naj‘alul-muttaqīna kal-fujjār(i).
[28] Kuran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, bêcike lan pigunane akèh. Supaya manungsa padha ngrasak-ngrasakna surasaning ayate, wong kang duwe ngakal padha ngèstokna.

كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ اِلَيْكَ مُبٰرَكٌ لِّيَدَّبَّرُوْٓا اٰيٰتِهٖ وَلِيَتَذَكَّرَ اُولُوا الْاَلْبَابِ٢٩
Kitābun anzalnāhu ilaika mubārakul liyaddabbarū āyātihī wa liyatażakkara ulul-albāb(i).
[29] Nabi Dawud Ingsun paringi anak lanang aran Nabi Suleman, kawulaning Allah kang bêcik iku iya Nabi Suleman. Awit bangêt sumungkême ing Allah.

وَوَهَبْنَا لِدَاوٗدَ سُلَيْمٰنَۗ نِعْمَ الْعَبْدُ ۗاِنَّهٗٓ اَوَّابٌۗ٣٠
Wa wahabnā lidāwūda wa sulaimān(a), ni‘mal-‘abd(u), innahū awwāb(un).
[30] Dhèk samana nuju wayah lingsir kulon, Nabi Suleman mariksa jaran jarahan saka nagara Dimaski, cacah sèwu, padha jaran bêcik kabèh, yèn mênêng, mênêng antêng, yèn malayu luwih dening rikat, (Nabi Suleman mau kêtungkul ênggone mariksa jaran, nganti surup srêngenge, kêlalèn ora sêmbayang Ngasar, ênggone mariksa lagi olèh sangang atus jaran).

اِذْ عُرِضَ عَلَيْهِ بِالْعَشِيِّ الصّٰفِنٰتُ الْجِيَادُۙ٣١
Iż ‘uriḍa ‘alaihi bil-‘asyiyyiṣ-ṣāfinātul-jiyād(u).
[31] Nabi Suleman bangêt nalăngsa ing Pangeran, pangucape: Aku iki arêp dhêmên jaran, nganti kêlimput elingku ing Pangeranku. Ora sêmbayang Ngasar nganti surup srêngenge.

فَقَالَ اِنِّيْٓ اَحْبَبْتُ حُبَّ الْخَيْرِ عَنْ ذِكْرِ رَبِّيْۚ حَتّٰى تَوَارَتْ بِالْحِجَابِۗ٣٢
Fa qāla innī aḥbabtu ḥubbal-khairi ‘an żikri rabbī, ḥattā tawārat bil-ḥijāb(i).
[32] Nuli ana malaikat dhawuh: He Nabi Suleman, kapal ingkang sampun kêlajêng sampeyan pariksa ngantos nyupèkakên salat Ngasar, punika enggal sampeyan wangsulakên. Sampeyan saosakên ing Allah. Nabi Suleman nuli ambêlèh jaran sangang atus mau, sarta dikêthoki sikile, minăngka kurban. Srêngenge kang wis surup, nuli dibalèkake, dadi [da.....di] awan manèh, Nabi Suleman nuli sêmbayang Ngasar nêtêpi wêktune.

رُدُّوْهَا عَلَيَّ ۚفَطَفِقَ مَسْحًا ۢبِالسُّوْقِ وَالْاَعْنَاقِ٣٣
Ruddūhā ‘alayy(a), faṭafiqa masḥam bis-sūqi wal-a‘nāq(i).
[33] Ingsun nyoba marang Nabi Suleman, (marga ênggone ngrabèni wong wadon aran: Jaradah, nêmbah brahala ana ing kadhatone, Nabi Suleman ora wêruh, Nabi Suleman banjur kelangan pusakane ali-ali mamlukat, kang marakake disungkêmi sarupaning dumadi. Ali-ali mau tiba ana tangane Jin Sakhar). Sakhar mau banjur rupa Nabi Suleman, lungguh ana dhampare Nabi Suleman (sineba ing para ratu, para punggawa jin lan manungsa manuk lan khewan liya-liyane. Barêng Nabi Suleman mêtu, wêruh Jin Sakha[9] mau linggih ana ing dhampare, banjur dhawuh marang kang padha seba. Aku iki Nabi Suleman, ing kono sarupane kang seba padha selak marang Nabi Suleman. Nabi Suleman Ingsun lungsur saka karatone, banjur lunga sawatara dina, barêng ali-ali mamlukat mau wis tiba ana tangane Nabi Suleman manèh), Nabi Suleman banjur bali marang karatone linggih ana ing dhampare. [dhampar.....e.]

وَلَقَدْ فَتَنَّا سُلَيْمٰنَ وَاَلْقَيْنَا عَلٰى كُرْسِيِّهٖ جَسَدًا ثُمَّ اَنَابَ٣٤
Wa laqad fatannā sulaimāna wa alqainā ‘alā kursiyyihī jasadan ṡumma anāb(a).
[34] Nabi Suleman nalăngsa munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula, saha paringa karaton agêng dhumatêng kawula, ingkang ing têmbe sapêngkêr kawula botên wontên satunggaling tiyang gadhah karaton ingkang samantên agêngipun. Saèstunipun Tuwan punika kawasa pêparing.

قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَهَبْ لِيْ مُلْكًا لَّا يَنْۢبَغِيْ لِاَحَدٍ مِّنْۢ بَعْدِيْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ٣٥
Qāla rabbigfir lī wa hab lī mulkal lā yambagī li'aḥadim mim ba‘dī, innaka antal-wahhāb(u).
[35] Ingsun banjur nyungkêmake angin marang Nabi Suleman, angin mau mlaku ngidid, ngèstokake saparentahe Nabi Suleman.

فَسَخَّرْنَا لَهُ الرِّيْحَ تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖ رُخَاۤءً حَيْثُ اَصَابَۙ٣٦
Fasakhkharnā lahur-rīḥa tajrī bi'amrihī rukhā'an ḥaiṡu aṣāb(a).
[36] Sarupaning setan padha ngèstokake saparentahe Nabi Suleman.Satu baris ini tidak perlu dibaca.

وَالشَّيٰطِيْنَ كُلَّ بَنَّاۤءٍ وَّغَوَّاصٍۙ٣٧
Wasy-syayāṭīna kulla bannā'iw wa gawwāṣ(in).
[37] Sarupaning setan padha ngèstokake parentahe Nabi Suleman, ana kang dikon gawe sarupaning yêyasan, lan ana kang dikon salulup ing sagara golèk mutyara.

وَّاٰخَرِيْنَ مُقَرَّنِيْنَ فِى الْاَصْفَادِ٣٨
Wa ākharīna muqarranīna fil-aṣfād(i).
[38] Lan ana manèh setan liya-liyane padha dibalênggu ana ing bêlokan.

هٰذَا عَطَاۤؤُنَا فَامْنُنْ اَوْ اَمْسِكْ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٩
Hāżā ‘aṭā'unā famnun au amsik bigairi ḥisāb(in).
[39] Besuk dina kiyamat, Nabi Suleman Ingsun paringi panggonan ing suwarga, cêdhak lan Ingsun, iya iku kawusanan bêcik.

وَاِنَّ لَهٗ عِنْدَنَا لَزُلْفٰى وَحُسْنَ مَاٰبٍ ࣖ٤٠
Wa inna lahū ‘indanā lazulfā wa ḥusna ma'āb(in).
[40] (He Mukhammad), sira nyaritakna lêlakone kawulaningsun Nabi Ayub, nalikane munjuk ing Pangerane. (Dhuh Allah Pangeran kawula) kawula punika dipun paeka ing setan, gêsang kawula sarwa rêkaos, saha badan kawula sakit.

وَاذْكُرْ عَبْدَنَآ اَيُّوْبَۘ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الشَّيْطٰنُ بِنُصْبٍ وَّعَذَابٍۗ٤١
Ważkur ‘abdanā ayyūb(a), iż nādā rabbahū annī massaniyasy-syaiṭānu binuṣbiw wa ‘ażāb(in).
[41] (Pangandikaning Allah: He Ayub) sira anggêjugna sikilira ing lêmah. Barêng Nabi Ayub anggêjugake sikile ing lêmah, nuli dadi sumbêr kang ngêtuk banyu, (pangandikaning Allah) iki banyu anyêp, sadhiyan sira ênggo adus lan ngombe. Nabi Ayub nuli adus lan ngombe, ing kono Nabi Ayub larane banjur waras padha sanalika.

اُرْكُضْ بِرِجْلِكَۚ هٰذَا مُغْتَسَلٌۢ بَارِدٌ وَّشَرَابٌ٤٢
Urkuḍ birijlik(a), hāżā mugtasalum bāriduw wa syarāb(un).
[42] Anake Nabi Ayub, cacah nênêm, kang wis padha mati, Ingsun paringake marang Nabi Ayub, padha urip manèh, lan Ingsun wuwuhi samono manèh, minăngka rahmat saka Ingsun, lan kang mangkono mau dadia wêwulang marang wong kang ana ngakale. [nga.....kale.]

وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنَّا وَذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ٤٣
Wa wahabnā lahū ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam minnā wa żikrā li'ulil-albāb(i).
[43] Nalikane Nabi Ayub nandhang lêlara, nadzar kalawan supata, samăngsa larane waras, bakal anggitik rabine kalawan satus gitik. Barêng Nabi Ayub wis waras, Allah ngandika: He Ayub, sira anjupuka sukêt satêkêm, nuli sira gitikna ing rabinira, minăngka ngluwari nadzarira kanthi supata. Sira aja nyidrani nadzar lan aja nrajang supata. Nabi Ayub ngèstokake dhawuhing Allah. Pangandikaning Allah: Ingsun nguningani nyata yèn Nabi Ayub iku wong sabar têmênan.

وَخُذْ بِيَدِكَ ضِغْثًا فَاضْرِبْ بِّهٖ وَلَا تَحْنَثْ ۗاِنَّا وَجَدْنٰهُ صَابِرًا ۗنِعْمَ الْعَبْدُ ۗاِنَّهٗٓ اَوَّابٌ٤٤
Wa khuż biyadika ḍigṡan faḍrib bihī wa lā taḥnaṡ, innā wajadnāhu ṣābirā(n), ni‘mal-‘abd(u), innahū awwāb(un).
[44] Kawula kang bêcik iku iya Nabi Ayub, awit bangêt ênggone murih kaparêng Ingsun.

وَاذْكُرْ عِبٰدَنَآ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ اُولِى الْاَيْدِيْ وَالْاَبْصَارِ٤٥
Ważkur ‘ibādanā ibrāhīma wa isḥāqa wa ya‘qūba ulil-aidī wal-abṣār(i).
[45] (He Mukhammad) sira nyaritakna kasabarane para kawulaningsun, Nabi Ibrahim lan Nabi Iskak, apadene Nabi Yakkub, kang padha rosa ênggone ngabêkti marang Ingsun lair batin.

اِنَّآ اَخْلَصْنٰهُمْ بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِۚ٤٦
Innā akhlaṣnāhum bikhāliṣatin żikrad-dār(i).
[46] Ingsun ngrêsikake atine Nabi têlu mau, maligi marang prakara eling akhirat.

وَاِنَّهُمْ عِنْدَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْاَخْيَارِۗ٤٧
Wa innahum ‘indanā laminal-muṣṭafainal-akhyār(i).
[47] Nabi têlu mau mungguhe Ingsun, kalêbu wong pilihan, kang suci saka rêrêgêd.

وَاذْكُرْ اِسْمٰعِيْلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۗوَكُلٌّ مِّنَ الْاَخْيَارِۗ٤٨
Ważkur ismā‘īla wal-yasa‘a wa żal-kifl(i), wa kullum minal-akhyār(i).
[48] Lan sira nyaritakna kasabaran lan kautamane Nabi Ismangil lan Nabi Ilyasak, apadene Nabi Dzulkiphil, para nabi kang wis kasêbut mau kabèh kalêbu wong pêpilihan Ingsun.

هٰذَا ذِكْرٌ ۗوَاِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ لَحُسْنَ مَاٰبٍۙ٤٩
Hāżā żikr(un), wa inna lil-muttaqīna laḥusna ma'āb(in).
[49] Kang wis kasêbut iki carita isi wêwulang bêcik, sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku bakal bêcik wêkasane.

جَنّٰتِ عَدْنٍ مُّفَتَّحَةً لَّهُمُ الْاَبْوَابُۚ٥٠
Jannāti ‘adnim mufattaḥatal lahumul-abwāb(u).
[50] Iya iku bakal olèh ganjaran Suwarga Ngadan, kang lawang-lawange padha mênga, nyadhiyani malêbune wong kang padha wêdi ing Allah.

مُتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِفَاكِهَةٍ كَثِيْرَةٍ وَّشَرَابٍ٥١
Muttaki'īna fīhā yad‘ūna fīhā bifākihatin kaṡīratiw wa syarāb(in).
[51] Wong mau ana ing suwarga padha linggih sèndhèn, tur padha diladèni sawarnaning wowohan akèh sarta ombèn-ombèn.

۞ وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ اَتْرَابٌ٥٢
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi atrāb(un).
[52] Sarta padha nyandhing bejo[11] widadari pirang-pirang, kang padha endah warnane, rampak ênome, kabèh wayah umur têlung puluh têlu taun. Widadari mau tansah padha nyawang marang wong kang padha olèh ganjaran suwarga mau.

هٰذَا مَا تُوْعَدُوْنَ لِيَوْمِ الْحِسَابِ٥٣
Hāżā mā tū‘adūna liyaumil-ḥisāb(i).
[53] Iya iki ganjaran kang wis dijanjèkake dening Allah bakal diparingake marang sira besuk dina kiyamat.

اِنَّ هٰذَا لَرِزْقُنَا مَا لَهٗ مِنْ نَّفَادٍۚ٥٤
Ina hāżā larizqunā mā lahū min nafād(in).
[54] Isining suwarga iki rijêki pêparing Ingsun kang ora bisa êntèk.

هٰذَا ۗوَاِنَّ لِلطّٰغِيْنَ لَشَرَّ مَاٰبٍۙ٥٥
Hāżā, wa inna liṭ-ṭāgīna lasyarra ma'āb(in).
[55] Kang wis kasêbut mau ganjaran marang para wong mukmin. Dene wong kaphir iku kabèh bakal ana wêkasane.

جَهَنَّمَۚ يَصْلَوْنَهَاۚ فَبِئْسَ الْمِهَادُ٥٦
Jahannam(a), yaṣlaunahā, fabi'sal-mihād(u).
[56] Iya iku bakal padha kacêmplung ing Naraka Jahanam, iya iku panggonan kang ala bangêt.

هٰذَاۙ فَلْيَذُوْقُوْهُ حَمِيْمٌ وَّغَسَّاقٌۙ٥٧
Hāżā, falyażūqūhu ḥamīmuw wa gassāq(un).
[57] Wong kaphir padha ngrasakna wedang panas kang mlonyohake iki, sarta nanah iki.

وَّاٰخَرُ مِنْ شَكْلِهٖٓ اَزْوَاجٌۗ٥٨
Wa ākharu min syaklihī azwāj(un).
[58] Apadene siksa liya-liyane warna-warna sapêpadhane.

هٰذَا فَوْجٌ مُّقْتَحِمٌ مَّعَكُمْۚ لَا مَرْحَبًا ۢبِهِمْ ۗ اِنَّهُمْ صَالُوا النَّارِ٥٩
Hāżā faujum muqtaḥimum ma‘akum, lā marḥabam bihim, innahum ṣālun-nār(i).
[59] Ing kono ana dhawuh: Iki wong akèh, uga padha dicêmplungake ing naraka, barêng lan kowe. Para pangarêpe wong kaphir padha calathu: Saiki wong iku ora olèh papan kang ombèr, wis mêsthi padha dicêmplungake ing naraka.

قَالُوْا بَلْ اَنْتُمْ لَا مَرْحَبًاۢ بِكُمْ ۗ اَنْتُمْ قَدَّمْتُمُوْهُ لَنَاۚ فَبِئْسَ الْقَرَارُ٦٠
Qālū bal antum lā marḥabam bikum, antum qaddamtumūhu lanā, fabi'sal-qarār(u).
[60] Wong kang manut dadi kaphir padha mangsuli: Kowe saiki kang ora olèh papan ombèr, kowe andhisiki kaphir, aku kang kari, saiki panggonanmu lan panggonanku ala bangêt.

قَالُوْا رَبَّنَا مَنْ قَدَّمَ لَنَا هٰذَا فَزِدْهُ عَذَابًا ضِعْفًا فِى النَّارِ٦١
Qālū rabbanā man qaddama lanā hāżā fazidhu ‘ażāban ḍi‘fan fin-nār(i).
[61] Wong kang manut mau banjur padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, tiyang ingkang mêmarahi kawula dados kaphir punika siksanipun wontên ing naraka, mugi Tuwan wêwahi tikêl katimbang kalihan kawula.

وَقَالُوْا مَا لَنَا لَا نَرٰى رِجَالًا كُنَّا نَعُدُّهُمْ مِّنَ الْاَشْرَارِ٦٢
Wa qālū mā lanā lā narā rijālan kunnā na‘udduhum minal-asyrār(i).
[62] Pangarêpe wong kaphir ing Mêkah, ana ing naraka padha calathu: Yagene aku ana ing kene têka ora wêruh wong lanang kang nalika ana ing dunya padha tak anggêp wong ala lan asor, iya iku para sakhabate Nabi Mukhammad.

اَتَّخَذْنٰهُمْ سِخْرِيًّا اَمْ زَاغَتْ عَنْهُمُ الْاَبْصَارُ٦٣
Attakhażnāhum sikhriyyan am zāgat ‘anhumul-abṣār(u).
[63] Dhèk ana ing dunya, wong mau tak ênggo gêguyon. Saiki wong mau apa ora ana ing naraka kene, apa iya ana ing kene, nanging pandêlêngku kêtilapan, dadi ora wêruh.

اِنَّ ذٰلِكَ لَحَقٌّ تَخَاصُمُ اَهْلِ النَّارِ ࣖ٦٤
Inna żālika laḥaqqun takhāṣumu ahlin-nār(i).
[64] Kang wis kasêbut bab padune wong ing naraka mau dhasar nyata.

قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ مُنْذِرٌ ۖوَّمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّا اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ٦٥
Qul innamā ana munżir(un), wa mā min ilāhin illallāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[65] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah: Aku iki mêmêdèni marang kowe ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang Esa tur Misesa.

رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ٦٦
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumal-‘azīzul-gaffār(u).
[66] Iya iku Pangerane bumi lan langit lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit. Kang mênang tur kaparêng ngapura dosa.

قُلْ هُوَ نَبَؤٌا عَظِيْمٌۙ٦٧
Qul huwa naba'un ‘aẓīm(un).
[67] Sira dhawuha: Kuran iki carita gêdhe.

اَنْتُمْ عَنْهُ مُعْرِضُوْنَ٦٨
Antum ‘anhu mu‘riḍūn(a).
[68] Ewadene kowe padha malengos marang Kuran.

مَا كَانَ لِيَ مِنْ عِلْمٍۢ بِالْمَلَاِ الْاَعْلٰٓى اِذْ يَخْتَصِمُوْنَ٦٩
Mā kāna liya min ‘ilmim bil-mala'il-a‘lā iż yakhtaṣimūn(a).
[69] Aku ora manoni ngalam dhuwur nalikane para malaikat padha diya-diniya prakara Nabi Adam biyèn.

اِنْ يُّوْحٰىٓ اِلَيَّ اِلَّآ اَنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٧٠
Iy yūḥā ilayya illā annamā ana nażīrum mubīn(un).
[70] Ewadene aku bisa nyaritakake jalèntrèh, iku saka apa, kajaba saka olèh dhawuhing Allah, aku iki nabi têmênan, nabi kang diutus mêmêdèni marang kowe.

اِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ خَالِقٌۢ بَشَرًا مِّنْ طِيْنٍ٧١
Iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī khāliqum basyaram min ṭīn(in).
[71] Para malaikat ênggone padha diya-diniya mau caritane mangkene: Dhawuhing Allah: Dhèk samana Pangeranira ngandika marang para malaikat, Ingsun gawe manungsa saka ing êndhut.

فَاِذَا سَوَّيْتُهٗ وَنَفَخْتُ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِيْ فَقَعُوْا لَهٗ سٰجِدِيْنَ٧٢
Fa'iżā sawwaituhū wa nafakhtu fīhi mir rūḥī faqa‘ū lahū sājidīn(a).
[72] Barêng ênggon Ingsun gawe manungsa wis dadi, sarta wis Ingsun panjingi roh Ingsun, manungsa banjur urip, Ingsun banjur dhawuh marang para malaikat, sira padha sumungkêma sujud marang manungsa, (Nabi Adam).

فَسَجَدَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ كُلُّهُمْ اَجْمَعُوْنَۙ٧٣
Fasajadal-malā'ikatu kulluhum ajma‘ūn(a).
[73] Para malaikat kabèh banjur padha sumungkêm, sujud marang Nabi Adam.

اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اِسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٧٤
Illā iblīs(a), istakbara wa kāna minal-kafirīn(a).
[74] Kajaba mung iblis, iku gumêdhe, mopo sujud, banjur dadi kaphir.

قَالَ يٰٓاِبْلِيْسُ مَا مَنَعَكَ اَنْ تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۗ اَسْتَكْبَرْتَ اَمْ كُنْتَ مِنَ الْعَالِيْنَ٧٥
Qāla yā iblīsu mā mana‘aka an tasjuda limā khalaqtu biyadayy(a), astakbarta am kunta minal-‘ālīn(a).
[75] Allah duka, pangandikane: He iblis, apa sababe dene sira têka mopo sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kalawan astaningsun pribadi.

قَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُ خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ٧٦
Qāla ana khairum minhu khalaqtanī min nāriw wa khalaqtahū min ṭīn(in).
[76] Sira rumasa gêdhe, apa sira iku luhur, ngungkuli liyane sira.

قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَاِنَّكَ رَجِيْمٌۖ٧٧
Qāla fakhruj minhā fa'innaka rajīm(un).
[77] Iblis munjuk: Kawula punika langkung sae, ngungkuli manungsa, awit Tuwan andadosakên kawula saking latu, wangsul anggèn Tuwan andadosakên manungsa saking êndhut.

وَّاِنَّ عَلَيْكَ لَعْنَتِيْٓ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ٧٨
Wa inna ‘alaika la‘natī ilā yaumid-dīn(i).
[78] Allah ngandika: He iblis, sira lungaa saka ing langit, sira kêna dêdukaningsun.

قَالَ رَبِّ فَاَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ٧٩
Qāla rabbi fa'anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[79] Lan sira kêna bêbênduningsun, sanadyan têkan dina kiyamat, sira bakal nandhang siksaningsun.

قَالَ فَاِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَۙ٨٠
Qāla fa'innaka minal-munẓarīn(a).
[80] Iblis munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan sarantosakên dumugi dintên kiyamat.

اِلٰى يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُوْمِ٨١
Ilā yaumil-waqtil-ma‘lūm(i).
[81] Allah ngandika: Iya, sira Ingsun sarantèkake.

قَالَ فَبِعِزَّتِكَ لَاُغْوِيَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٨٢
Qāla fabi‘izzatika la'ugwiyannahum ajma‘īn(a).
[82] Nganti têkan dina kiyamat, kang wis tinamtokake.

اِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِيْنَ٨٣
Illā ‘ibādaka minhumul-mukhlaṣīn(a).
[83] Iblis munjuk: Dêmi kamulyan Tuwan, kawula mêsthi anggodha dhatêng Adam saturun-turunipun sadaya.

قَالَ فَالْحَقُّۖ وَالْحَقَّ اَقُوْلُۚ٨٤
Qāla fal-ḥaqq(u), wal-ḥaqqa aqūl(u).
[84] Kajawi para kawula Tuwan ingkang sami rêsik manahipun, anggènipun pitados ing Tuwan.

لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنْكَ وَمِمَّنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ اَجْمَعِيْنَ٨٥
La'amla'anna jahannama minka wa mimman tabi‘aka minhum ajma‘īn(a).
[85] Allah ngandika: Pangandikaningsun yêkti têmên. Sira lan wong kang padha manut ing sira bakal Ingsun ênggo ngêbaki Naraka Jahanam.

قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُتَكَلِّفِيْنَ٨٦
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajriw wa mā ana minal-mutakallifīn(a).
[86] (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe, lan aku ora gawe-gawe.

اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ٨٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[87] Kuran iku dudu barang-barang, nanging pitutur bêcik marang wong sajagad.

وَلَتَعْلَمُنَّ نَبَاَهٗ بَعْدَ حِيْنٍ ࣖ٨٨
Wa lata‘lamunna naba'ahū ba‘da ḥīn(in).
[88] Dene caritaning Kuran iki, ing têmbe sira bakal wêruh kanyataane sawise măngsa iki.