Surah As-Saffat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالصّٰۤفّٰتِ صَفًّاۙ١
Waṣ-ṣāffāti ṣaffā(n).
[1] Dêmi para malaikat kang padha baris sap-sapan.

فَالزّٰجِرٰتِ زَجْرًاۙ٢
Faz-zājirāti zajrā(n).
[2] Dêmi para malaikat kang padha ngimpun mega.

فَالتّٰلِيٰتِ ذِكْرًاۙ٣
Fat-tāliyāti żikrā(n).
[3] Dêmi kang padha maca Kuran, kalawan eling.

اِنَّ اِلٰهَكُمْ لَوَاحِدٌۗ٤
Inna ilāhakum lawāḥid(un).
[4] (He wong Mêkah) sêsêmbahanira kalawan bênêr iku mung siji Allah.

رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَرَبُّ الْمَشَارِقِۗ٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā wa rabbul-masyāriq(i).
[5] Iya iku Pangeraning bumi lan langit, lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit, sarta Pangeraning panggonan malêthèke lan suruping srêngenge.

اِنَّا زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِزِيْنَةِ ِۨالْكَوَاكِبِۙ٦
Innā zayyannas-samā'ad-dun-yā bizīnatinil-kawākib(i).
[6] Ingsun angrêngga-ngrêngga langit dunya, iya iku langit kang ngisor dhewe, kalawan lintang pirang-pirang kang padha sumorot.

وَحِفْظًا مِّنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ مَّارِدٍۚ٧
Wa ḥifẓam min kulli syaiṭānim mārid(in).
[7] Lan manèh Ingsun angrêksa langit dunya mau, aja nganti kalêbon setan, Ingsun rêksa kalawan sihab, iya iku gêni, kang lumrahe diarani lintang alihan, kanggo ambalangi setan.

لَا يَسَّمَّعُوْنَ اِلَى الْمَلَاِ الْاَعْلٰى وَيُقْذَفُوْنَ مِنْ كُلِّ جَانِبٍۖ٨
Lā yassammā‘ūna ilal-mala'il-a‘lā wa yuqżafūna min kulli jānib(in).
[8] Dadi setan mau padha ora bisa ngrungokake gunême para malaikat, kang ana ing langit dhuwur, awit padha dibalangi kalawan sihab, saka ing ngêndi-êndi panggonan ing langit.

دُحُوْرًا وَّلَهُمْ عَذَابٌ وَّاصِبٌ٩
Duḥūraw wa lahum ‘ażābuw wāṣib(un).
[9] Bêbalang sihab mau ngêdohake setan, ing têmbe ana ing akhirat, setan mau dipatrapi siksa kang langgêng.

اِلَّا مَنْ خَطِفَ الْخَطْفَةَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ ثَاقِبٌ١٠
Illā man khaṭifal-khaṭfata fa'atba‘ahū syihābun ṡāqib(un).
[10] Kajaba setan sawatara bisa ngrungokake sakêcap rong kêcap, kalawan rêrikatan, ewadene banjur ditungka balang sihab kang mubyar-mubyar lan natoni.

فَاسْتَفْتِهِمْ اَهُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمْ مَّنْ خَلَقْنَا ۗاِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّنْ طِيْنٍ لَّازِبٍ١١
Fastaftihim ahum asyaddu khalqan am man khalaqnā, innā khalaqnāhum min ṭīnil lāzib(in).
[11] Mara takona marang wong kaphir ing Mêkah, Allah ênggone gawe wong kaphir ing Mêkah, angèl êndi karo ênggone gawe bumi

بَلْ عَجِبْتَ وَيَسْخَرُوْنَ ۖ١٢
Bal ‘ajibta wa yaskharūn(a).
[12] lan langit, malaikat lan sapanunggalane. Enggon Ingsun gawe wong kaphir ing Mêkah mung saka êndhut kang lumèng bae.

وَاِذَا ذُكِّرُوْا لَا يَذْكُرُوْنَ ۖ١٣
Wa iżā żukkirū lā yażkurūn(a).
[13] Balik sira Mukhammad, banjur gumun, têka wong kaphir ing Mêkah ora bisê[3] nêrangake, mung anggêguyu.

وَاِذَا رَاَوْا اٰيَةً يَّسْتَسْخِرُوْنَۖ١٤
Wa iżā ra'au āyatay yastaskhirūn(a).
[14] Mênawa padha dipituturi surasaning Kuran, ora manut.

وَقَالُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ١٥
Wa qālū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[15] Mênawa padha andêlêng tăndha yêkti kaelokan, kaya ta sigaring rêmbulan, padha anggêguyu.

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ١٦
A'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[16] Pangucape: Iki apa ta, ora liwat mung têtela sikir.

اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَۗ١٧
Awa ābā'unal-awwalūn(a).
[17] Apa nyata besuk yèn aku wis mati sarta wis dadi lêmah lan dadi balung, aku bakal diuripake dadi wong manèh.

قُلْ نَعَمْ وَاَنْتُمْ دٰخِرُوْنَۚ١٨
Qul na‘am wa antum dākhirūn(a).
[18] Apa para lêluhurku ing jaman kuna biyèn uga padha diuripake kabèh.

فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌ فَاِذَا هُمْ يَنْظُرُوْنَ١٩
Fa'innamā hiya zajratuw wāḥidatun fa'iżā hum yanẓurūn(a).
[19] (He Mukhammad) sira dhawuha: Iya padha diuripake kabèh, dene kowe bakal padha asor bangêt.

وَقَالُوْا يٰوَيْلَنَا هٰذَا يَوْمُ الدِّيْنِ٢٠
Wa qālū yā wailanā hāżā yaumud-dīn(i).
[20] Dene tangine wonge kang wis padha mati [ma.....ti] iku, mung sarana pêtake Malaikat Israphisan[4] bae. Wong kang wis padha mati urip kabèh. Sarta andêlêng ala bêcike lakune.

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ ࣖ٢١
Hāżā yaumul-faṣlil-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[21] Wong kaphir padha ngucap: Adhuh cilaka têmên aku. Banjur ana malaikat dhawuh: Iki kakanyataane[5] dina kiyamat.

اُحْشُرُوا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا وَاَزْوَاجَهُمْ وَمَا كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ ۙ٢٢
Uḥsyurul-lażīna ẓalamū wa azwājahum wa mā kānū ya‘budūn(a).
[22] Iya iki dina pancasaning prakara, kang padha kopaido biyèn.

مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَاهْدُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطِ الْجَحِيْمِ٢٣
Min dūnillāhi fahdūhum ilā ṣirāṭil-jaḥīm(i).
[23] (Malaikat banjur padha tămpa dhawuh): Sarupane wong kaphir dalah para setan kang dadi panuntun, apadene brahala kang padha disêmbah iku padha sira kalumpukna kabèh.

وَقِفُوْهُمْ اِنَّهُمْ مَّسْـُٔوْلُوْنَ ۙ٢٤
Waqifūhum innahum mas'ūlūn(a).
[24] Wong kaphir padha nyêmbah liyane Allah, iku padha sira giringa marang dalan kang anjog marang Naraka Jakhim.

مَا لَكُمْ لَا تَنَاصَرُوْنَ٢٥
Mā lakum lā tanāṣarūn(a).
[25] Kabèh padha sira dhawuhana ngadêg ana pinggiring naraka, pêrlu bakal padha ditakoni samubarang kang wis padha dilakoni.

بَلْ هُمُ الْيَوْمَ مُسْتَسْلِمُوْنَ٢٦
Bal humul-yauma mustaslimūn(a).
[26] Malaikat kang rumêksa naraka banjur takon: Yagene kowe ora padha tulung-tinulung lan kancamu.

وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٧
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[27] Ing dina iku wong kaphir padha ora mangsuli, mung asrah bongkokan.

قَالُوْٓا اِنَّكُمْ كُنْتُمْ تَأْتُوْنَنَا عَنِ الْيَمِيْنِ٢٨
Qālū innakum kuntum ta'tūnanā ‘anil-yamīn(i).
[28] Wong kaphir padha pandêng-pinandêng lan tutuh-tinutuh padha kancane.

قَالُوْا بَلْ لَّمْ تَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَۚ٢٩
Qālū bal lam takūnū mu'minīn(a).
[29] Panutuhe wong manut marang kang dinut: Enggonku manut marang kowe biyèn, marga ênggonmu ambujuk marang aku, kobandhani supata.

وَمَا كَانَ لَنَا عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۚ بَلْ كُنْتُمْ قَوْمًا طٰغِيْنَ٣٠
Wa mā kāna lanā ‘alaikum min sulṭān(in), bal kuntum qauman ṭāgīn(a).
[30] Wong kang dinut mangsuli: Iya bênêr, nanging kowe ora pracaya marang rasul, saka karêpmu dhewe, upama kowe pracaya marang rasul, aku ora bisa nyêgah marang kowe. Dadi têtela kowe kêsasar saka karêpmu dhewe.

فَحَقَّ عَلَيْنَا قَوْلُ رَبِّنَآ ۖاِنَّا لَذَاۤىِٕقُوْنَ٣١
Fa ḥaqqa ‘alainā qaulu rabbinā, innā lażā'iqūn(a).
[31] Dadi saiki aku lan kowe kêpêksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyèn, têtêp kaya pangandikaning Allah Pangeranku.

فَاَغْوَيْنٰكُمْ اِنَّا كُنَّا غٰوِيْنَ٣٢
Fa agwainākum innā kunnā gāwīn(a).
[32] Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe iya kêsasar uga.

فَاِنَّهُمْ يَوْمَىِٕذٍ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٣
Fa innahum yauma'iżin fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[33] (Pangandikaning Allah): Dadi ing dina iku wong kaphir mau kang manut lan kang dinut, kabèh padha disiksa.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ٣٤
Innā każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[34] Kaya mangkono ênggon Ingsun nindakke pangadilan marang para wong kaphir.

اِنَّهُمْ كَانُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ يَسْتَكْبِرُوْنَ ۙ٣٥
Innahum kānū iżā qīla lahum lā ilāha illallāhu yastakbirūn(a).
[35] Wong kang padha nyêmbah brahala mau, mênawa krungu pangucap: La ilaha illallah, têgêse: Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, banjur padha gumêdhe.

وَيَقُوْلُوْنَ اَىِٕنَّا لَتَارِكُوْٓا اٰلِهَتِنَا لِشَاعِرٍ مَّجْنُوْنٍ ۗ٣٦
Wa yaqūlūna a'innā latārikū ālihatinā lisyā‘irim majnūn(in).
[36] Pangucape: Apa aku padha marèni nyêmbah Pangeran kabrahala,[6] mung marga manut marang juru nganggit têmbang edan (la măngsa gêlêma).

بَلْ جَاۤءَ بِالْحَقِّ وَصَدَّقَ الْمُرْسَلِيْنَ٣٧
Bal jā'a bil-ḥaqqi wa ṣaddaqal-mursalīn(a).
[37] (Pangandikaning Allah): Nabi Mukhammad iku andhawuhake barang kang nyata, têmên saka Ingsun, cocog lan kang didhawuhake dening para rasul kang kuna-kuna.

اِنَّكُمْ لَذَاۤىِٕقُوا الْعَذَابِ الْاَلِيْمِ ۚ٣٨
Innakum lażā'iqul-‘ażābil-alīm(i).
[38] (He wong kaphir): Sira kabèh ora wurung bakal padha ngrasakake siksa kang nglarani.

وَمَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ٣٩
Wa mā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[39] Ora liwat kang mangkono mau tumănja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ٤٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[40] Kajaba para kawulaning Allah kang rêsik maligi pracaya ing Allah.

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ رِزْقٌ مَّعْلُوْمٌۙ٤١
Ulā'ika lahum rizqum ma‘lūm(un).
[41] Iku ana ing suwarga padha olèh rijêki kang tinamtokake.

فَوَاكِهُ ۚوَهُمْ مُّكْرَمُوْنَۙ٤٢
Fawākihu wa hum mukramūn(a).
[42] Iya iku woh-wohan pirang-pirang lan nyênyamikan. Wong mukmin mau padha kajèn bangêt.

فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِۙ٤٣
Fī jannātin na‘īm(i).
[43] Ana ing Suwarga Nangim.

عَلٰى سُرُرٍ مُّتَقٰبِلِيْنَ٤٤
‘Alā sururim mutaqābilīn(a).
[44] Padha linggih ana ing risban adhêp-adhêpan.

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۢ ۙ٤٥
Yuṭāfu ‘alaihim bika'sim mim ma‘īn(in).
[45] Padha dilarihi gêlas isi sajêng.

بَيْضَاۤءَ لَذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَۚ٤٦
Baiḍā'a lażżatil lisy-syāribīn(a).
[46] Rupane putih, diombe enak bangêt.

لَا فِيْهَا غَوْلٌ وَّلَا هُمْ عَنْهَا يُنْزَفُوْنَ٤٧
Lā fīhā gauluw wa lā hum ‘anhā yunzafūn(a).
[47] Sajêng mau ora marakake ngêlu, wong ing suwarga ora mêndêm marga ngombe sajêng mau.

وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ عِيْنٌ ۙ٤٨
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi ‘īn(un).
[48] Wong ing suwarga padha marêm andêlêng rabine, saking dening endah rupane, matane ămba lan kocak, kêkulitane putih sêmu kuning, mèmpêr êndhog suwari, kêtutupan ing wulune.

كَاَنَّهُنَّ بَيْضٌ مَّكْنُوْنٌ٤٩
Ka'annahum baiḍum maknūn(un).
[49] Wong ing suwarga pandêng-pinandêng lan takon-tinakon padha kancane, bab lêlakone nalika ana ing dunya.

فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٥٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[50] Ing kono ana kang calathu mangkene: Kala wontên ing dunya kula gadhah kănca, maibên bab badhe tanginipun tiyang ingkang sampun sami pêjah.

قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ اِنِّيْ كَانَ لِيْ قَرِيْنٌۙ٥١
Qāla qā'ilum minhum innī kāna lī qarīn(un).
[51] Wicantên: Apa kowe ngandêl bakal tangine wong kang wis padha mati.

يَّقُوْلُ اَءِنَّكَ لَمِنَ الْمُصَدِّقِيْنَ٥٢
Yaqūlu a'innaka laminal-muṣaddiqīn(a).
[52] Besuk yèn aku wis mati, sarta wis dadi lêmah lan balung apa nyata aku bakal tămpa ganjaran utawa nandhang siksa, (layak ora).

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَدِيْنُوْنَ٥٣
A'iżā mitnā wa kunnā turāban a'innā lamadīnūn(a).
[53] Wong ing suwarga mau calathu marang kancane: Punapa kula kalihan sampeyan kenging sami angyêktosakên, badhe sumêrêp kawontênanipun tiyang ingkang maibên wau dhatêng ing naraka, kabèh padha mangsuli: Kados botên kenging.

قَالَ هَلْ اَنْتُمْ مُّطَّلِعُوْنَ٥٤
Qāla hal antum muṭṭali‘ūn(a).
[54] Wong ing suwarga banjur ngungak ing jandhelaning suwarga, ing kono banjur andêlêng wong kang maido mau ana têlênging Naraka Jakhim.

فَاطَّلَعَ فَرَاٰهُ فِيْ سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِ٥٥
Faṭṭala‘a fa ra'āhu fī sawā'il-jaḥīm(i).
[55] Wong ing suwarga banjur calathu: Dêmi Allah, upama aku kênaa kobujuk, kojalomprongake, mêsthi aku kêcêmplung ing naraka kaya kowe.

قَالَ تَاللّٰهِ اِنْ كِدْتَّ لَتُرْدِيْنِ ۙ٥٦
Qāla tallāhi in kitta laturdīn(i).
[56] Wong ing suwarga mau calathu marang kancane: Punapa kula punika badhe pêjah malih.

وَلَوْلَا نِعْمَةُ رَبِّيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُحْضَرِيْنَ٥٧
Wa lau lā ni‘matu rabbī lakuntu minal-muḥḍarīn(a).
[57] Kajawi pêjah sapisan ingkang sampun kula lampahi rumiyin, punapa kula botên badhe dipun siksa.

اَفَمَا نَحْنُ بِمَيِّتِيْنَۙ٥٨
Afamā naḥnu bimayyitīn(a).
[58] Banjur ana malaikat dhawuh: Sampeyan botên [bo....tên] badhe pêjah malih, langgêng wontên ing suwarga. Punika kabêgjan agêng.

اِلَّا مَوْتَتَنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٥٩
Illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[59] Wong kang padha nglakoni kabêcikan, dimantêp, murih olèha kabêgjan kang mangkene iki.

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٦٠
Inna hāżā lahuwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[60] Sêsuguhing Allah suwarga mangkono mau, bêcik êndi lan sêsuguh woh Zakkum, iya iku wowohan ing naraka.

لِمِثْلِ هٰذَا فَلْيَعْمَلِ الْعٰمِلُوْنَ٦١
Limiṡli hāżā falya‘malil-‘āmilūn(a).
[61] Woh Zakkum mau Ingsun sadhiyakake kanggo matrapi para wong kaphir.

اَذٰلِكَ خَيْرٌ نُّزُلًا اَمْ شَجَرَةُ الزَّقُّوْمِ٦٢
Ażālika khairun nuzulan am syajaratuz-zaqqūm(i).
[62] Kayu Zakkum iku thukul ana têlênging Naraka Jakhim.

اِنَّا جَعَلْنٰهَا فِتْنَةً لِّلظّٰلِمِيْنَ٦٣
Innā ja‘alnāhā fitnatal liẓ-ẓālimīn(a).
[63] Mancunge Zakkum mau mèmpêr êndhasing setan, dadi anggigokake.

اِنَّهَا شَجَرَةٌ تَخْرُجُ فِيْٓ اَصْلِ الْجَحِيْمِۙ٦٤
Innahā syajaratun takhruju fī aṣlil-jaḥīm(i).
[64] Wong kaphir padha kêpêksa mangan woh Zakkum mau, nganti kêbak wêtênge.

طَلْعُهَا كَاَنَّهٗ رُءُوْسُ الشَّيٰطِيْنِ٦٥
Ṭal‘uhā ka'annahū ru'ūsusy-syayāṭīn(i).
[65] Sawise mangan woh Zakkum, banjur ngêlak bangêt, nuli padha ngombe wedang kang luwih dening panas, wedang mau ana ing wêtêng awor lan woh Zakkum.

فَاِنَّهُمْ لَاٰكِلُوْنَ مِنْهَا فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۗ٦٦
Fa innahum la'ākilūna minhā fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[66] Sawise mangan kang mangkono mau, banjur padha [pa....dha] bali marang panggonane lawas, ana ing Naraka Jakhim.

ثُمَّ اِنَّ لَهُمْ عَلَيْهَا لَشَوْبًا مِّنْ حَمِيْمٍۚ٦٧
Ṡumma inna lahum ‘alaihā lasyaubam min ḥamīm(in).
[67] Wong kaphir mau padha katêmu lan para lêluhure, kang uga padha kêsasar.

ثُمَّ اِنَّ مَرْجِعَهُمْ لَاِلَى الْجَحِيْمِ٦٨
Ṡumma inna marji‘ahum la'ilal-jaḥīm(i).
[68] Wong kaphir mau ênggone manut para lêluhure kalawan rêrikatan, tanpa dipikir.

اِنَّهُمْ اَلْفَوْا اٰبَاۤءَهُمْ ضَاۤلِّيْنَۙ٦٩
Innahum alfau ābā'ahum ḍāllīn(a).
[69] Para wong kuna sadurunge wong kaphir mau, kang akèh padha kêsasar.

فَهُمْ عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ يُهْرَعُوْنَ٧٠
Fahum ‘alā āṡārihim yuhra‘ūn(a).
[70] Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup-nyurupake lan mêmêdèni marang para wong kaphir mau nanging ora dipaèlu.

وَلَقَدْ ضَلَّ قَبْلَهُمْ اَكْثَرُ الْاَوَّلِيْنَۙ٧١
Wa laqad ḍalla qablahum akṡarul-awwalīn(a).
[71] Mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kaphir kang wis diwêwêdèni mêksa ora maèlu.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا فِيْهِمْ مُّنْذِرِيْنَ٧٢
Wa laqad arsalnā fīhim munżirīn(a).
[72] Kajaba para kawulaning Allah kang mukmin lan rêsik atine, iku kalis saka ing siksa.

فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَۙ٧٣
Fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-munżarīn(a).
[73] Nabi Nuh wis matur marang Ingsun, nyuwunake patrapaning para umate kang padha maido. Ingsun iki kang marêngake panyuwun, kang bêcik dhewe.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ ࣖ٧٤
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[74] Ingsun paring slamêt marang Nabi Nuh dalah para wargane, slamêt saka kasusahan gêdhe.

وَلَقَدْ نَادٰىنَا نُوْحٌ فَلَنِعْمَ الْمُجِيْبُوْنَۖ٧٥
Wa laqad nādānā nūḥun falani‘mal-mujībūn(a).
[75] Ingsun andadèkake turune Nabi Nuh iku wong kang kari (isih urip ana ing dunya, liyane turune Nabi Nuh tumpês kêlêm ing banjir topan).

وَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۖ٧٦
Wa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76] Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Nuh lan kautamane, ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

وَجَعَلْنَا ذُرِّيَّتَهٗ هُمُ الْبَاقِيْنَ٧٧
Wa ja‘alnā żurriyyatahū humul-bāqīn(a).
[77] Saisining alam kabèh padha mêmuji, Allah muga paringa salamêt marang Nabi Nuh.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ٧٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[78] Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

سَلٰمٌ عَلٰى نُوْحٍ فِى الْعٰلَمِيْنَ٧٩
Salāmun ‘alā nūḥin fil-‘ālamīn(a).
[79] Nabi Nuh iku ewone para kawulaningsun kang padha pracaya marang Ingsun.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٨٠
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[80] Liyane Nabi Nuh dalah para wargane, kabèh padha Ingsun tumpês sarana banjir topan.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ٨١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[81] Dene kang kalêbu nglêluri uwiting agamane Nabi Nuh, iku Nabi Ibrahim.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ٨٢
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[82] Awit Nabi Ibrahim iku madhêp ing Pangerane kalawan ati kang mulus, ora kaworan maro tingal.

۞ وَاِنَّ مِنْ شِيْعَتِهٖ لَاِبْرٰهِيْمَ ۘ٨٣
Wa inna min syī‘atihī la'ibrāhīm(a).
[83] Dhèk samana Nabi Ibrahim matur marang bapakne [ba....pakne] lan pitutur marang para umate, sampeyan punika sami nyêmbah punapa.

اِذْ جَاۤءَ رَبَّهٗ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍۙ٨٤
Iż jā'a rabbahū biqalbin salīm(in).
[84] Kenging punapa sampeyan anjarag wicantên dora, nyêmbah sanèsipun Allah, inggih punika brahala.

اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَاذَا تَعْبُدُوْنَ ۚ٨٥
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī māżā ta‘budūn(a).
[85] Kadospundi pangintên sampeyan, punapa Pangeraning jagad punika badhe kèndêl kemawon, botên niksa dhatêng sampeyan.

اَىِٕفْكًا اٰلِهَةً دُوْنَ اللّٰهِ تُرِيْدُوْنَۗ٨٦
A'ifkan ālihatan dūnallāhi turīdūn(a).
[86] Nabi Ibrahim banjur andêlêng lintang, karêpe supaya dinyana yèn nyatakake barang kang gaib saka ing kawruh palintangan.

فَمَا ظَنُّكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٧
Famā ẓannukum birabbil-‘ālamīn(a).
[87] Sawise andêlêng lintang, nuli calathu: Kula punika badhe sakit ingkang nênulari.

فَنَظَرَ نَظْرَةً فِى النُّجُوْمِۙ٨٨
Fa naẓara naẓratan fin-nujūm(i).
[88] Para umate Nabi Ibrahim banjur padha ninggal lunga, ngungkurake Nabi Ibrahim.

فَقَالَ اِنِّيْ سَقِيْمٌ٨٩
Fa qāla innī saqīm(un).
[89] Nabi Ibrahim nuli nolih marang brahala sêsêmbahaning para umate, kang padha disajèni pêpanganan, sarta nyalathoni: Yagene kowe padha ora gêlêm mêmangan.

فَتَوَلَّوْا عَنْهُ مُدْبِرِيْنَ٩٠
Fa tawallau ‘anhu mudbirīn(a).
[90] Yagene kowe padha ora tau calathu.

فَرَاغَ اِلٰٓى اٰلِهَتِهِمْ فَقَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَۚ٩١
Farāga ilā ālihatihim faqāla alā ta'kulūn(a).
[91] Nabi Ibrahim nuli anggêbug sêru marang brahala, nganti pêcah.

مَا لَكُمْ لَا تَنْطِقُوْنَ٩٢
Mā lakum lā tanṭiqūn(a).
[92] Para umate Nabi Ibrahim banjur padha bali rêrikatan, ngarêpake lan nudingi marang Nabi Ibrahim, marga ana kang wadul.

فَرَاغَ عَلَيْهِمْ ضَرْبًا ۢبِالْيَمِيْنِ٩٣
Farāga ‘alaihim ḍarbam bil-yamīn(i).
[93] Nabi Ibrahim calathu: Yagene kowe têka padha nyêmbah brahala, gêgaweane tanganmu dhewe.

فَاَقْبَلُوْٓا اِلَيْهِ يَزِفُّوْنَ٩٤
Fa aqbalū ilaihi yaziffūn(a).
[94] Allah iku kang gawe awakmu lan samubarang gêgaweanmu.

قَالَ اَتَعْبُدُوْنَ مَا تَنْحِتُوْنَۙ٩٥
Qāla ata‘budūna mā tanḥitūn(a).
[95] Para umate Nabi Ibrahim calathu, sarèhne Nabi Ibrahim iku makewuhi ênggonku padha nyêmbah brahala, saiki gawèkna pancaka, nuli cêmplungna ing gêni.

وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ وَمَا تَعْمَلُوْنَ٩٦
Wallāhu khalaqakum wa mā ta‘malūn(a).
[96] Karêpe para umate Nabi Ibrahim, gêni mau diênggo maeka Nabi Ibrahim, nanging para umat mau wêkasane Ingsun dadèkake asor, paekane ora tumama, gêni dadi anyêb, Nabi Ibrahim mêtu saka ing gêni kalawan salamêt.

قَالُوا ابْنُوْا لَهٗ بُنْيَانًا فَاَلْقُوْهُ فِى الْجَحِيْمِ٩٧
Qālubnū lahū bun-yānan fa'alqūhu fil-jaḥīm(i).
[97] Sawise mêtu saka ing gêni, Nabi Ibrahim [Ibra....him] calathu: Aku mlayu marang ngarsaning Allah Pangeranku. Ing têmbe Allah paring pituduh dalan bênêr marang aku.

فَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَسْفَلِيْنَ٩٨
Fa arādū bihī kaidan faja‘alnāhumul-asfalīn(a).
[98] Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa anak sae dhumatêng kawula.

وَقَالَ اِنِّيْ ذَاهِبٌ اِلٰى رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٩٩
Wa qāla innī żāhibun ilā rabbī sayahdīn(i).
[99] Ingsun banjur ambêbungah marang Nabi Ibrahim, Ingsun paringi wêruh yèn bakal duwe anak lanang kang bêcik kalakuane, aran Ismangil, bêkti marang wong tuwane tur wêlasan.

رَبِّ هَبْ لِيْ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠٠
Rabbi hab lī minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[100] Barêng Nabi Ismangil wisa[7] mlaku andhêdhèrèk marang Nabi Ibrahim.

فَبَشَّرْنٰهُ بِغُلٰمٍ حَلِيْمٍ١٠١
Fa basysyarnāhu bigulāmin ḥalīm(in).
[101] Nabi Ibrahim tutur marang Nabi Ismangil. He anakku, wruhanamu aku tămpa dhawuhing Allah ana ing pangimpèn. Aku ingandikakake ambêlèh kowe. Mara kapriye panêmumu.

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ١٠٢
Falammā balaga ma‘ahus-sa‘ya qāla yā bunayya innī arā fil-manāmi annī ażbaḥuka fanẓur māżā tarā, qāla yā abatif‘al mā tu'mar(u), satajidunī in syā'allāhu minaṣ-ṣābirīn(a).
[102] Nabi Ismangil matur: Dhuh bapak, prayoginipun lajêng sampeyan èstokakên dhawuhing Allah wau, amragat kula. Manawi Allah marêngakên, sampeyan badhe sumêrêp têtêkipun manah kula nglampahi sampeyan pragat.

فَلَمَّآ اَسْلَمَا وَتَلَّهٗ لِلْجَبِيْنِۚ١٠٣
Falammā aslamā wa tallahū lil-jabīn(i).
[103] Barêng Nabi Ibrahim lan Nabi Ismangil wis padha nyumanggakake apa sakarsaning Allah, sarta Nabi Ibrahim wis nurokake miring Nabi Ismangil, abantal pipine, apadene wis namakake lading ing gulune Nabi Ismangil, nanging ora têdhas.

وَنَادَيْنٰهُ اَنْ يّٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۙ١٠٤
Wa nādaināhu ay yā ibrāhīm(u).
[104] Ingsun banjur nimbali Nabi Ibrahim: He Ibrahim.

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّءْيَا ۚاِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٠٥
Qad ṣaddaqtar-ru'yā, innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[105] Têmên sira wis ngèstokake parentah Ingsun kang Ingsun dhawuhake ana ing pangimpènira. Mangkono uga sarupane wong kang nglakoni kabêcikan, ngèstokake parentah Ingsun, iya padha Ingsun paringi ganjaran.

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْبَلٰۤؤُا الْمُبِيْنُ١٠٦
Inna hāżā lahuwal-balā'ul-mubīn(u).
[106] Parentah Ingsun kang mangkono iki, têtela coba kang gêdhe.

وَفَدَيْنٰهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ١٠٧
Wa fadaināhu biżibḥin ‘aẓīm(in).
[107] Nabi Ismangil kang mêsthi kudu dibêlèh, banjur Ingsun lironi wêdhus gêdhe, dadi wis cukup ambêlèh wêdhus mau.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١٠٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[108] Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Ibrahim lan kautamane, ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

سَلٰمٌ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ١٠٩
Salāmun ‘alā ibrāhīm(a).
[109] Kabèh padha mêmuji: Allah muga paringa salamêt marang Nabi Ibrahim.

كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١١٠
Każālika najzil-muḥsinīn(a).
[110] Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١١١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[111] Satêmêne Nabi Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha pracaya marang Ingsun.

وَبَشَّرْنٰهُ بِاِسْحٰقَ نَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١١٢
Wa basysyarnāhu bi'isḥāqa nabiyyam minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[112] Ingsun ambêbungah Nabi Ibrahim, Ingsun paringi wêruh yèn anake kang aran Iskak, Ingsun junjung dadi nabi, kalêbu ewone wong bêcik.

وَبٰرَكْنَا عَلَيْهِ وَعَلٰٓى اِسْحٰقَۗ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِمَا مُحْسِنٌ وَّظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ مُبِيْنٌ ࣖ١١٣
Wa bāraknā ‘alaihi wa ‘alā isḥāq(a), wa min żurriyyatihimā muḥsinuw wa ẓālimul linafsihī mubīn(un).
[113] Ingsun ambarkahi Nabi Ibrahim, turune Ingsun gawe bêbranahan, lan uga ambarkahi Nabi Iskak, para nabi iku kang akèh padha turune Nabi Iskak. Turune nabi loro mau, ana kang bêcik, pracaya marang Ingsun, lan ana kang kaphir, têtela nganiaya marang awake dhewe.

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ ۚ١١٤
Wa laqad manannā ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[114] Lan manèh Ingsun wis paring kabungahan marang Nabi Musa lan Nabi Harun, sakarone Ingsun junjung dadi nabi.

وَنَجَّيْنٰهُمَا وَقَوْمَهُمَا مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۚ١١٥
Wa najjaināhumā wa qaumahumā minal-karbil-‘aẓīm(i).
[115] Ingsun paring salamêt marang Nabi Musa lan Nabi Harun, apadene marang wong Bani Srail, sanake Nabi Musa lan Nabi Harun mau, padha kalis saka pakewuh gêdhe. Iya iku luwar saka pangawulan marang Raja Phirngon.

وَنَصَرْنٰهُمْ فَكَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَۚ١١٦
Wa naṣarnāhum fakānū humul-gālibīn(a).
[116] Ingsun nulungi wong Bani Srail kabèh, ngalahake pêrange Raja Phirngon sabalane.

وَاٰتَيْنٰهُمَا الْكِتٰبَ الْمُسْتَبِيْنَ ۚ١١٧
Wa ātaināhumal-kitābal-mustabīn(a).
[117] Lan Ingsun maringi Kitab Torèt kang luwih dening cêtha marang Nabi Musa lan Nabi Harun.

وَهَدَيْنٰهُمَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۚ١١٨
Wa hadaināhumaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[118] Lan Ingsun paring pituduh dalan bênêr marang Nabi Musa lan Nabi Harun.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِمَا فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١١٩
Wa taraknā ‘alaihimā fil-ākhirīn(a).
[119] Lan Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Musa lan Nabi Harun, lan kautamane ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

سَلٰمٌ عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ١٢٠
Salāmun ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[120] Kabèh padha mêmuji: Allah mugi paringa salamêt marang Nabi Musa lan Nabi Harun.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٢١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[121] Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

اِنَّهُمَا مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٢٢
Innahumā min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[122] Satêmêne Nabi Musa lan Nabi Harun mau ewone para kawulaningsun kang pracaya marang Ingsun.

وَاِنَّ اِلْيَاسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٢٣
Wa inna ilyāsa laminal-mursalīn(a).
[123] Lan satêmêne Nabi Ilyas iku ewone para utusan Ingsun.

اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَلَا تَتَّقُوْنَ١٢٤
Iż qāla liqaumihī alā tattaqūn(a).
[124] Iku sira caritakna lêlakone, nalikane pitutur marang para umate, yagene kowe ora padha wêdi ing Allah.

اَتَدْعُوْنَ بَعْلًا وَّتَذَرُوْنَ اَحْسَنَ الْخٰلِقِيْنَۙ١٢٥
Atad‘ūna ba‘law wa tażarūna aḥsanal-khāliqīn(a).
[125] Yagene kowe padha nyêmbah brahala kang aran Ba'al, ora gêlêm nyêmbah Pangeran kang gawe sarupane kang dumadi kalawan sampurna, ngungkuli kang padha gêgawean kabèh.

اللّٰهَ رَبَّكُمْ وَرَبَّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ١٢٦
Allāha rabbakum wa rabba ābā'ikumul-awwalīn(a).
[126] Iya iku Allah Pangeranmu lan Pangerane para lêluhurmu ing jaman kuna.

فَكَذَّبُوْهُ فَاِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٢٧
Fakażżabūhu fa'innahum lamuḥḍarūn(a).
[127] Para umat mau padha maido marang Nabi Ilyas, mulane ing têmbe bakal padha dicêmplungake ing naraka.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٢٨
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[128] Mung para kawulaning Allah kang padha rêsik atine, pracaya ing Allah, iku padha slamêt saka siksa naraka.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ١٢٩
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[129] Ingsun anglêstarèkake jênênge Nabi Ilyas, lan kautamane: Ingalêmbana dening para nabi lan para umat kang kari-kari.

سَلٰمٌ عَلٰٓى اِلْ يَاسِيْنَ١٣٠
Salāmun ‘alā ilyāsīn(a).
[130] Kabèh padha mêmuji: Allah muga paringa slamêt marang Nabi Ilyas lan para wargane.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٣١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[131] Kaya mangkono ênggon Ingsun malês marang wong kang padha gawe kabêcikan.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٣٢
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[132] Satêmêne Nabi Ilyas iku ewone kawulaningsun kang padha pracaya marang Ingsun.

وَاِنَّ لُوْطًا لَّمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٣
Wa inna lūṭal laminal-mursalīn(a).
[133] Lan manèh Nabi Lut iku ewone para utusan Ingsun.

اِذْ نَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَۙ١٣٤
Iż najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[134] Sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane Ingsun paringi slamêt dalah para wargane kabèh. Kalis saka siksaningsun.

اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ١٣٥
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[135] Kajaba wong wadon tuwa rabine Nabi Lut, iku kari, milu nandhang siksa.

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ١٣٦
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[136] Ingsun nuli numpês para umate Nabi Lut liya-liyane.

وَاِنَّكُمْ لَتَمُرُّوْنَ عَلَيْهِمْ مُّصْبِحِيْنَۙ١٣٧
Wa innakum latamurrūna ‘alaihim muṣbiḥīn(a).
[137] (He wong Mêkah) sira mêsthi wis padha andêlêng patilasane para umate Nabi Lut mau nalikane sira mlaku ngliwati panggonan mau ing wayah awan.

وَبِالَّيْلِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٣٨
Wa bil-lail(i), afalā ta‘qilūn(a).
[138] Lan ing wayah wêngi. Yagene sira padha ora anggagas.

وَاِنَّ يُوْنُسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٩
Wa inna yūnusa laminal-mursalīn(a).
[139] Lan satêmêne Nabi Yunus iku eewone[8] para utusan Ingsun.

اِذْ اَبَقَ اِلَى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ١٤٠
Iż abaqa ilal-fulkil-masyḥūn(i).
[140] Dhèk samana Nabi Yunus mutung, marga dipaido ing umate, banjur lunga saka panggonane (ing nagara Ninuwe) lakune pêlayaran, nunggang prau kang kêbak momotan.

فَسَاهَمَ فَكَانَ مِنَ الْمُدْحَضِيْنَۚ١٤١
Fa sāhama fakāna minal-mudḥaḍīn(a).
[141] Ana ing sagara katêmpuh ing angin ribut, wong ing prau padha diundhèni, sapa kang kabênêr dicêmplungake ing sagara, Nabi Yunus kêtiban undhi, banjur dicêmplungake ing sagara.

فَالْتَقَمَهُ الْحُوْتُ وَهُوَ مُلِيْمٌ١٤٢
Faltaqamahul-ḥūtu wa huwa mulīm(un).
[142] Nuli ana iwak Nun nguntal Nabi Yunus, minăngka matrapi Nabi Yunus ênggone mutung, lunga tanpa idining Pangerane.

فَلَوْلَآ اَنَّهٗ كَانَ مِنَ الْمُسَبِّحِيْنَ ۙ١٤٣
Falau lā annahū kāna minal-musabbiḥīn(a).
[143] Upama Nabi Yunus mau ora banjur eling, nêbut Mahasuci ing Allah.

لَلَبِثَ فِيْ بَطْنِهٖٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَۚ١٤٤
Lalabiṡa fī baṭnihī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[144] Mêsthi tulus ana ing wêtênge iwak Nun, nganti têkan dina kiyamat.

۞ فَنَبَذْنٰهُ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ سَقِيْمٌ ۚ١٤٥
Fa nabażnāhu bil-‘arā'i wa huwa saqīm(un).
[145] Tujune Nabi Yunus eling, nêbut Mahasuci ing Pangerane, mulane banjur Ingsun wêtokake saka wêtênging iwak Nun, diisingake ana ing gisiking sagara, awake Nabi Yunus ngalumpruk.

وَاَنْۢبَتْنَا عَلَيْهِ شَجَرَةً مِّنْ يَّقْطِيْنٍۚ١٤٦
Wa ambatnā ‘alaihi syajaratam miy yaqṭīn(in).
[146] Ingsun banjur nukulake wit yagtin (waluh) kanggo ngeyubi Nabi Yunus, lan banjur ana kidang têka sabên esuk lan sore, nusoni Nabi Yunus.

وَاَرْسَلْنٰهُ اِلٰى مِائَةِ اَلْفٍ اَوْ يَزِيْدُوْنَۚ١٤٧
Wa arsalnāhu ilā mi'ati alfin au yazīdūn(a).
[147] Nabi Yunus nuli Ingsun dhawuhi mulih marang nagara Ninuwe, mêmulang lan nyurupake marang wong Ninuwe kang cacahe sakêthi utawa luwih.

فَاٰمَنُوْا فَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ١٤٨
Fa'āmanū famatta‘nāhum ilā ḥīn(in).
[148] Wong ing Ninuwe banjur padha ngèstokake dhawuhing Allah kang diêmban ing Nabi Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti têkan ing matine.

فَاسْتَفْتِهِمْ اَلِرَبِّكَ الْبَنَاتُ وَلَهُمُ الْبَنُوْنَۚ١٤٩
Fastaftihim alirabbikal-banātu wa lahumul-banūn(a).
[149] (He Mukhammad) sira andangua marang wong ing Mêkah: Apa iya, Pangeranmu pêputra putri lan kowe padha duwe anak lanang.

اَمْ خَلَقْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِنَاثًا وَّهُمْ شٰهِدُوْنَ١٥٠
Am khalaqnal-malā'ikata ināṡaw wa hum syāhidūn(a).
[150] Apa nyata Ingsun gawe malaikat wadon, sarta wong Mêkah padha andêlêng dhewe ênggon Ingsun gawe malaikat wadon mau.

اَلَآ اِنَّهُمْ مِّنْ اِفْكِهِمْ لَيَقُوْلُوْنَۙ١٥١
Alā innahum min ifkihim layaqūlūn(a).
[151] Wêwatone wong Mêkah mung goroh, awit saka iku, wong Mêkah padha ngucap.

وَلَدَ اللّٰهُ ۙوَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَۙ١٥٢
Waladallāh(u), wa innahum lakāżibūn(a).
[152] Allah iku apêputra. Pangucape mangkono iku goroh.

اَصْطَفَى الْبَنَاتِ عَلَى الْبَنِيْنَۗ١٥٣
Aṣṭafal-banāti ‘alal-banīn(a).
[153] Yagene wong Mêkah padha milih anak wadon, ngungkuli anak lanang.

مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ١٥٤
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[154] Yagene kowe padha nganggêp barang kang ora bênêr mau.

اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَۚ١٥٥
Afalā tażakkarūn(a).
[155] Yagene kowe padha ora ngèstokake pitutur bênêr.

اَمْ لَكُمْ سُلْطٰنٌ مُّبِيْنٌۙ١٥٦
Am lakum sulṭānum mubīn(un).
[156] Apa kowe padha duwe tăndha yêkti kang cêtha, ênggone mratandhani yèn Allah iku pêputra.

فَأْتُوْا بِكِتٰبِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٥٧
Fa'tū bikitābikum in kuntum ṣādiqīn(a).
[157] Yèn dhasar bênêr panêmumu iku, mara êndi kitabmu kang mratelakake kaya panêmumu mau.

وَجَعَلُوْا بَيْنَهٗ وَبَيْنَ الْجِنَّةِ نَسَبًا ۗوَلَقَدْ عَلِمَتِ الْجِنَّةُ اِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٥٨
Wa ja‘alū bainahū wa bainal-jinnati nasabā(n), wa laqad ‘alimatil-jinnatu innahum lamuḥḍarūn(a).
[158] Wong kaphir padha nganggêp yèn Allah lan malaikat iku tunggal băngsa, para malaikat wis padha wêruh yèn wong kaphir iku ing têmbe padha dicêmplungake naraka.

سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَۙ١٥٩
Subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[159] Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panganggêpe wong kaphir.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[160] Kajaba para kawulaning Allah kang padha rêsik atine ênggone pracaya ing Allah, iku ora dicêmplungake ing naraka.

فَاِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَۙ١٦١
Fa'innakum wa mā ta‘budūn(a).
[161] (He wong Mêkah) kowe lan brahala sêsêmbahanmu.

مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ بِفٰتِنِيْنَۙ١٦٢
Mā antum ‘alaihi bifātinīn(a).
[162] Kowe kabèh padha ora bisa anjalomprongake sawijining wong.

اِلَّا مَنْ هُوَ صَالِ الْجَحِيْمِ١٦٣
Illā man huwa ṣālil-jaḥīm(i).
[163] Kajaba wong kang wis pinasthi kêcêmplung ing naraka.

وَمَا مِنَّآ اِلَّا لَهٗ مَقَامٌ مَّعْلُوْمٌۙ١٦٤
Wa mā minnā illā lahū maqāmum ma‘lūm(un).
[164] (Pangucape malaikat) siji-sijining kancaku malaikat iki, mêsthi duwe panggonan [pang...gonan] ana ing langit kang tinamtokake, kanggo ngabêkti ing Allah.

وَّاِنَّا لَنَحْنُ الصَّۤافُّوْنَۖ١٦٥
Wa innā lanaḥnuṣ-ṣāffūn(a).
[165] Aku iki padha ngadêg sap-sapan, ngabêkti ing Allah.

وَاِنَّا لَنَحْنُ الْمُسَبِّحُوْنَ١٦٦
Wa innā lanaḥnul-musabbiḥūn(a).
[166] Aku iki padha nêbut Mahasuci ing Allah.

وَاِنْ كَانُوْا لَيَقُوْلُوْنَۙ١٦٧
Wa in kānū layaqūlūn(a).
[167] Sanadyan wong kaphir turun Kurès ing sadurunge jumênêng Kangjêng Rasul, padha calathu mangkene.

لَوْ اَنَّ عِنْدَنَا ذِكْرًا مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٦٨
Lau anna ‘indanā żikram minal-awwalīn(a).
[168] Upama aku nyêkêla kitabe para nabi ing jaman kuna.

لَكُنَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٩
Lakunnā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[169] Amêsthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabêkti ing Allah kalawan ati rêsik.

فَكَفَرُوْا بِهٖۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ١٧٠
Fa kafarū bih(ī), fasaufa ya‘lamūn(a).
[170] Wong kaphir mau banjur padha maido Kuran, mulane ing têmbe bakal padha wêruh kadadiane awake.

وَلَقَدْ سَبَقَتْ كَلِمَتُنَا لِعِبَادِنَا الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧١
Wa laqad sabaqat kalimatunā li‘ibādinal-mursalīn(a).
[171] Pêpêsthèn Ingsun tumrap marang kawulaningsun kang padha dadi utusan Ingsun, wis têtêp.

اِنَّهُمْ لَهُمُ الْمَنْصُوْرُوْنَۖ١٧٢
Innahum lahumul-manṣūrūn(a).
[172] Para utusan Ingsun mau bakal padha ditulungi ing Allah.

وَاِنَّ جُنْدَنَا لَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ١٧٣
Wa inna jundanā lahumul-gālibūn(a).
[173] Dene wadyabalaningsun iku bakal padha mênang.

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٤
Fatawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[174] Mulane wong kaphir ing Mêkah iku sira togna bae, nganti ana dhawuh Ingsun pêrang.

وَّاَبْصِرْهُمْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٥
Wa abṣirhum, fa saufa yubṣirūn(a).
[175] Wong kaphir mau sira dêlênga bae nalikane padha tinêmpuh siksa. Si kaphir uga padha andêlêng kawusananing awake.

اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ١٧٦
Afabi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[176] Yagene wong kaphir padha nantang panêmpuhe siksaningsun.

فَاِذَا نَزَلَ بِسَاحَتِهِمْ فَسَاۤءَ صَبَاحُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٧
Fa iżā nazala bisāḥatihim fa sā'a ṣabāḥul-munżarīn(a).
[177] Nalikane siksa nêmpuh marang si kaphir, ing dina iku dina sangar, ala bangêt, tumrap para wong kaphir kang wis diwêwêdèni siksa nanging ora nglêgewa.

وَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٨
Wa tawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[178] Saiki wong kaphir sira togna bae, nganti ana dhawuh Ingsun pêrang.

وَّاَبْصِرْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٩
Wa abṣir, fasaufa yubṣirūn(a).
[179] Ing têmbe yèn tinêmpuh ing siksa, sira dêlênga bae. Si kaphir uga andêlêng kawusanane awake.

سُبْحٰنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَۚ١٨٠
Subḥāna rabbika rabbil-‘izzati ‘ammā yaṣifūn(a).
[180] Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panganggêpe para wong kaphir.

وَسَلٰمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَۚ١٨١
Wa salāmun ‘alal-mursalīn(a).
[181] Para utusaning Allah muga padha diparingana slamêt.

وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٨٢
Wal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[182] Sakèhing puji iku konjuk ing Allah Pangerane ngalam kabèh.