Surah Ya Sin
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰسۤ ۚ١
Yā sīn.
[1]
Ya, Sin, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono iku mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi Kuran kang isi kawicaksanan.
وَالْقُرْاٰنِ الْحَكِيْمِۙ٢
Wal-qur'ānil-ḥakīm(i).
[2]
(He Mukhammad) sira iku ewone para utusan Ingsun.
اِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۙ٣
Innaka laminal-mursalīn(a).
[3]
Nêtêpi lan mêmulang dalan kang bênêr.
عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۗ٤
‘Alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[4]
Iya iku Kuran, kang wis didhawuhake dening Allah kang Mahamulya lan Maha-asih.
تَنْزِيْلَ الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِۙ٥
Tanzīlal-‘azīzir-raḥīm(i).
[5]
Supaya sira mêmêdènana marang wong akèh kalawan siksaning Allah. Para luhure biyèn, salowonge para nabi, ora ana kang mêmêdèni, mulane padha lali ngabêkti ing Allah.
لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اُنْذِرَ اٰبَاۤؤُهُمْ فَهُمْ غٰفِلُوْنَ٦
Litunżira qaumam mā unżira ābā'uhum fahum gāfilūn(a).
[6]
Wong mau kang akèh padha tinamtokake nandhang siksa awit wong mau padha ora iman.
لَقَدْ حَقَّ الْقَوْلُ عَلٰٓى اَكْثَرِهِمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٧
Laqad ḥaqqal-qaulu ‘alā akṡarihim fahum lā yu'minūn(a).
[7]
Gulune wong mau padha Ingsun trapi balênggu têkan ing uwang, mulane wong mau padha andhangak.
اِنَّا جَعَلْنَا فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ اَغْلٰلًا فَهِيَ اِلَى الْاَذْقَانِ فَهُمْ مُّقْمَحُوْنَ٨
Innā ja‘alnā fī a‘nāqihim aglālan fa hiya ilal-ażqāni fahum muqmaḥūn(a).
[8]
Ing ngarêpe lan ing burine wong mau Ingsun dokoki tutup kang mêpêti ênggone arêp ngandêl ing Allah pandêlênge, Ingsun gawe pêtêng, mulane padha ora andêlêng dalan kang bênêr.
وَجَعَلْنَا مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ سَدًّا وَّمِنْ خَلْفِهِمْ سَدًّا فَاَغْشَيْنٰهُمْ فَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ٩
Wa ja‘alnā mim baini aidīhim saddaw wa min khalfihim saddan fa agsyaināhum fahum lā yubṣirūn(a).
[9]
Wong mangkono mau sanadyan sira wêwêdèni siksa utawa ora, padha bae, mêsthi ora gêlêm pracaya ing Allah.
وَسَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠
Wa sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[10]
Enggonira mêmêdèni manungsa iku, kang mêsthi tumama lan migunani mung tumrap marang wong kang ngèstokake dhawuhing Kuran, sarta wêdi ing Pangeran kang Mahamurah, sanadyan ana ing pasêpèn, wong mangkono mau sira bêbungaha bakal olèh pangapuraning Allah lan olèh ganjaran mulya iya iku suwarga.
اِنَّمَا تُنْذِرُ مَنِ اتَّبَعَ الذِّكْرَ وَخَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِۚ فَبَشِّرْهُ بِمَغْفِرَةٍ وَّاَجْرٍ كَرِيْمٍ١١
Innamā tunżiru manittaba‘aż-żikra wa khasyiyar-raḥmāna bil-gaib(i), fa basysyirhu bimagfiratiw wa ajrin karīm(in).
[11]
Ingsun iki kang ing besuk bakal nguripake [nguripa....ke] sarupane wong kang wis padha mati, sarta nyathêti laku ala lan bêcik kang wis padha dilakoni dening wong mau, apadene lêlabêtane wong mau. Samubarang iku kabèh Ingsun cacahake gêmêt,[9] lan Ingsun têrangake, tinulisan ana ing Lohmahphul.
اِنَّا نَحْنُ نُحْيِ الْمَوْتٰى وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوْا وَاٰثَارَهُمْۗ وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ فِيْٓ اِمَامٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١٢
Innā naḥnu nuḥyil-mautā wa naktubu mā qaddamū wa āṡārahum, wa kulla syai'in aḥṣaināhu fī imāmim mubīn(in).
[12]
Lan sira anggêlara upama marang para umatira, kang sira ênggo upama, wong ing nagara Intakiyah, nalikane ditêkani para kongkonane Nabi Ngisa.
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا اَصْحٰبَ الْقَرْيَةِۘ اِذْ جَاۤءَهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ١٣
Waḍrib lahum maṡalan aṣḥābal-qaryah(ti), iż jā'ahal-mursalūn(a).
[13]
Dhèk samana Ingsun ngutus wong loro, aran: Yokhana lan Baulus, nyurup-nyurupake marang wong ing Intakiyah. Wong ing kono padha maido marang utusan Ingsun loro mau, mulane Ingsun banjur ngutus wong siji manèh aran Simngon, dadi wong têlu. Wong têlu mau banjur padha pratela marang wong ing Intakiyah, aku iki utusaning Allah, dikarsakake mêmulang marang kowe kabèh.
اِذْ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمُ اثْنَيْنِ فَكَذَّبُوْهُمَا فَعَزَّزْنَا بِثَالِثٍ فَقَالُوْٓا اِنَّآ اِلَيْكُمْ مُّرْسَلُوْنَ١٤
Iż arsalnā ilaihimuṡnaini fa każżabūhumā fa ‘azzaznā biṡāliṡin faqālū innā ilaikum mursalūn(a).
[14]
Wong Intakiyah padha mangsuli: Pamanggih kula, sampeyan punika inggih tiyang kados kula [ku....la] kemawon, Pangeran ingkang Maha-asih botên dhawuh punapa-punapa, dados sampeyan punika têtela dora.
قَالُوْا مَآ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ وَمَآ اَنْزَلَ الرَّحْمٰنُ مِنْ شَيْءٍۙ اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَكْذِبُوْنَ١٥
Qālū mā antum illā basyarum miṡlunā, wa mā anzalar-raḥmānu min syai'(in), in antum illā takżibūn(a).
[15]
Rasul têlu padha mangsuli: Sanajan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani ênggonku têmên diutus ing Allah nyurup-nyurupake marang kowe.
قَالُوْا رَبُّنَا يَعْلَمُ اِنَّآ اِلَيْكُمْ لَمُرْسَلُوْنَ١٦
Qālū rabbunā ya‘lamu innā ilaikum lamursalūn(a).
[16]
Wajibku ora ana manèh mung andhawuhake parentahing Allah.
وَمَا عَلَيْنَآ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٧
Wa mā ‘alainā illal-balāgul-mubīn(u).
[17]
Wong Intakiyah padha mangsuli: Sapunika kula sami kenging wêwêlak kabêthatan jawah jalaran saking pandamêl sampeyan. Mila mênawi botên sampeyan mantuni anggèn sampeyan makatên punika, sampeyan mêsthi kula balangi ing sela ngantos pêjah, sarta mêsthi kula sakiti.
قَالُوْٓا اِنَّا تَطَيَّرْنَا بِكُمْۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهُوْا لَنَرْجُمَنَّكُمْ وَلَيَمَسَّنَّكُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٨
Qālū innā taṭayyarnā bikum, la'il lam tantahū lanarjumannakum wa layamassannakum minnā ‘ażābun alīm(un).
[18]
Rasul têlu padha mangsuli: Wruhanamu, ênggonmu padha kêna ing wêwêlak, iku marga saka awakmu dhewe, iya iku ênggonmu padha kaphir, ora saka ênggonmu tak elingake tak jak Islam, nanging kowe iku pancèn kêbangêtên ênggonmu [êng...gonmu] duraka.
قَالُوْا طَاۤىِٕرُكُمْ مَّعَكُمْۗ اَىِٕنْ ذُكِّرْتُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ١٩
Qālū ṭā'irukum ma‘akum, a'in żukkirtum, bal antum qaumum musrifūn(a).
[19]
Dumadakan ana wong lanang aran Kabibunajar, iku barêng krungu yèn wong Intakiyah padha maido marang rasul, banjur gêgancangan mlayu saka panggonane ing watêsing nagara Intakiyah. Têkan ing kono banjur calathu: He para kancaku wong Intakiyah, kowe padha ngèstokna para rasul iku.
وَجَاۤءَ مِنْ اَقْصَا الْمَدِيْنَةِ رَجُلٌ يَّسْعٰى قَالَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوا الْمُرْسَلِيْنَۙ٢٠
Wa jā'a min aqṣal-madīnati rajuluy yas‘ā qāla yā qaumittabi‘ul-mursalīn(a).
[20]
Padha manuta bae marang wong kang ora amrih pituwas saka ing kowe, rasul têlu iku têtela nêtêpi pituduh bênêr.
اتَّبِعُوْا مَنْ لَّا يَسْـَٔلُكُمْ اَجْرًا وَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ ۔٢١
Ittabi‘ū mal lā yas'alukum ajraw wa hum muhtadūn(a).
[21]
Yagene aku ora nyêmbah marang Pangeran kang gawe awakku. Ing têmbe yèn kowe wis padha mati, mêsthi padha bali marang ngarsaning Allah.
وَمَا لِيَ لَآ اَعْبُدُ الَّذِيْ فَطَرَنِيْ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٢
Wa mā liya lā a‘budul-lażī faṭaranī wa ilaihi turja‘ūn(a).
[22]
Apa aku ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala, (măngsa gêlêma) manawa Allah Pangeran kang Mahamurah ngarsakake kamlaratan marang aku, brahala kang kokira bisa nyupangati iku măngsa migunanana apa-apa marang aku, lan măngsa bisa agawe slamêt marang aku.
ءَاَتَّخِذُ مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً اِنْ يُّرِدْنِ الرَّحْمٰنُ بِضُرٍّ لَّا تُغْنِ عَنِّيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يُنْقِذُوْنِۚ٢٣
A'attakhiżu min dūnihī ālihatan iy yuridnir-raḥmānu biḍurril lā tugni ‘annī syafā‘atuhum syai'aw wa lā yunqiżūn(i).
[23]
Mênawa aku nganti mangkono têtela aku iki wong kêsasar.
اِنِّيْٓ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Innī iżal lafī ḍalālim mubīn(in).
[24]
(Dhuh para rasul) mugi sampeyan sêksèni, kula punika pitados dhatêng Allah Pangeran sampeyan.
اِنِّيْٓ اٰمَنْتُ بِرَبِّكُمْ فَاسْمَعُوْنِۗ٢٥
Innī āmantu birabbikum fasma‘ūn(i).
[25]
(Wong mau banjur dipatèni dening wong Intakiyah, barêng wis mati) wong mau tămpa dhawuh: He sira malêbua ing suwarga. Wong mau banjur calathu: Para kancaku wong Intakiyah, sapungkurku muga padha wêruha.
قِيْلَ ادْخُلِ الْجَنَّةَ ۗقَالَ يٰلَيْتَ قَوْمِيْ يَعْلَمُوْنَۙ٢٦
Qīladkhulil-jannah(ta), qāla yā laita qaumī ya‘lamūn(a).
[26]
Allah ênggone wis ngapura marang aku, lan ênggone wis andadèkake aku ewone wong mulya.
بِمَا غَفَرَ لِيْ رَبِّيْ وَجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُكْرَمِيْنَ٢٧
Bimā gafaralī rabbī wa ja‘alanī minal-mukramīn(a).
[27]
Sawise mati Khabibunajar, Ingsun numpês wong Intakiyah tanpa nurunake bala malaikat saka ing langit, mulane Ingsun iya ora nurunake malaikat.
۞ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى قَوْمِهٖ مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ جُنْدٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَمَا كُنَّا مُنْزِلِيْنَ٢٨
Wa mā anzalnā ‘alā qaumihī mim ba‘dihī min jundim minas-samā'i wa mā kunnā munzilīn(a).
[28]
Panumpêse wong Intakiyah mung sarana pêtake Malaikat Jabarail sapisan bae [ba....e] wong Intakiyah wis mati kabèh.
اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ خٰمِدُوْنَ٢٩
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum khāmidūn(a).
[29]
He para kawulaning Allah kang gêtun sajêge, marga sabên katêkan rasul, mêsthi padha anggêguyu marang rasul mau.
يٰحَسْرَةً عَلَى الْعِبَادِۚ مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٠
Yā ḥasratan ‘alal-‘ibād(i), mā ya'tīhim mir rasūlin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[30]
Wong Mêkah apa padha ora andêlêng, pira bae kèhe para umat ing jaman kuna, sadurunge wong Mêkah iku kang padha Ingsun tumpês.
اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ اَنَّهُمْ اِلَيْهِمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٣١
Alam yarau kam ahlaknā qablahum minal-qurūni annahum ilaihim lā yarji‘ūn(a).
[31]
Wong kang wis Ingsun tumpês mau ora pisan bali marang dunya katêmu lan wong Mêkah.
وَاِنْ كُلٌّ لَّمَّا جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ ࣖ٣٢
Wa in kullul lammā jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[32]
Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabèh mau ing têmbe bakal padha diimpun marang ngarsaningsun.
وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الْاَرْضُ الْمَيْتَةُ ۖاَحْيَيْنٰهَا وَاَخْرَجْنَا مِنْهَا حَبًّا فَمِنْهُ يَأْكُلُوْنَ٣٣
Wa āyatul lahumul-arḍul-maitah(tu), aḥyaināhā wa akhrajnā minhā ḥabban faminhu ya'kulūn(a).
[33]
Wong Mêkah duwe tăndha yêkti yèn wong kang wis padha mati bakal padha diuripake manèh. Iya iku bumi kang mati, (bêra) Ingsun uripake sarta Ingsun wêtokake pamêtune, wiji kang padha dipangan dening para wong Mêkah.
وَجَعَلْنَا فِيْهَا جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ وَّفَجَّرْنَا فِيْهَا مِنَ الْعُيُوْنِۙ٣٤
Wa ja‘alnā fīhā jannātim min nakhīliw wa a‘nābiw wa fajjarnā fīhā minal-‘uyūn(i).
[34]
Bumi mau Ingsun dèkèki pakêbonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wêtokake sumbêrane pirang-pirang.
لِيَأْكُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖۙ وَمَا عَمِلَتْهُ اَيْدِيْهِمْ ۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٣٥
Liya'kulū min ṡamarihī wa mā ‘amilathu aidīhim, afalā yasykurūn(a).
[35]
Supaya wong Mêkah padha mangana wohe wit kurma [kur....ma] sapanunggalane, tur wong Mêkah ora gawe wowohan mau. Yagene wong Mêkah têka gêlêm mangan wowohan, nanging ora gêlêm sukur ing Allah.
سُبْحٰنَ الَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ وَمِنْ اَنْفُسِهِمْ وَمِمَّا لَا يَعْلَمُوْنَ٣٦
Subḥānal-lażī khalaqal-azwāja kullahā mimmā tumbitul-arḍu wa min anfusihim wa mimmā lā ya‘lamūn(a).
[36]
Mahasuci Allah kang wis gawe sakèhing thêthukulan ing bumi warna-warna, lan uga wis gawe awake manungsa kabèh, warna-warna, lanang lan wadon, apadene wis gawe samubarang kang wong ora wêruh.
وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الَّيْلُ ۖنَسْلَخُ مِنْهُ النَّهَارَ فَاِذَا هُمْ مُّظْلِمُوْنَۙ٣٧
Wa āyatul lahumul-lailu naslakhu minhun-nahāra fa'iżā hum muẓlimūn(a).
[37]
Wong Mêkah duwe tăndha yêkti manèh, kang mratandhani yèn kawasaning Allah iku sampurna, iya iku ananing wêngi Ingsun ênggo nyalini awan, ing kono wong ing Mêkah padha kapêtêngan.
وَالشَّمْسُ تَجْرِيْ لِمُسْتَقَرٍّ لَّهَا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۗ٣٨
Wasy-syamsu tajrī limustaqarril lahā, żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[38]
Lan manèh srêngenge ênggone lumaku têkan panggonane kang têtêp, iya iku katoge ênggone munggah lan mudhun ana ing măngsa têrangan lan rêndhêng, kalakone mangkono mau, saka kawasaning Allah kang Mahamulya tur nguningani samubarang.
وَالْقَمَرَ قَدَّرْنٰهُ مَنَازِلَ حَتّٰى عَادَ كَالْعُرْجُوْنِ الْقَدِيْمِ٣٩
Wal-qamara qaddarnāhu manāzila ḥattā ‘āda kal-‘urjūnil-qadīm(i).
[39]
Lan manèh rêmbulan Ingsun tamtokake mlaku ana ing manajil (iya iku sapara wolulikuring buwêngan dalaning rêmbulan) nganti bali wangune kaya mancunging kurma kang wis tuwa lan garing.
لَا الشَّمْسُ يَنْۢبَغِيْ لَهَآ اَنْ تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا الَّيْلُ سَابِقُ النَّهَارِ ۗوَكُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٤٠
Lasy-syamsu yambagī lahā an tudrikal-qamara wa lal-lailu sābiqun-nahār(i), wa kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[40]
Srêngenge ora bisa nututi rêmbulan banjur kumpul ing wayah wêngi, mangkono manèh wêngi ora bisa nêngah-nêngahi awan. Dene srêngenge, rêmbulan lintang-lintang, iku padha lumaku kalangan ana ing cakrawalane dhewe-dhewe.
وَاٰيَةٌ لَّهُمْ اَنَّا حَمَلْنَا ذُرِّيَّتَهُمْ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ٤١
Wa āyatul lahum annā ḥamalnā żurriyyatahum fil-fulkil-masyḥūn(i).
[41]
Lan manèh wong Mêkah duwe tăndha yêktining kawasaningsun, iya iku ênggon Ingsun ngêmot para lêluhure ana ing prau kang kêbak, dhèk jamane Nabi Nuh biyèn.
وَخَلَقْنَا لَهُمْ مِّنْ مِّثْلِهٖ مَا يَرْكَبُوْنَ٤٢
Wa khalaqnā lahum mim miṡlihī mā yarkabūn(a).
[42]
Wong Mêkah Ingsun gawèkake têtunggangan kang ngèmpêri praune Nabi Nuh, kaya ta prau-prau ing jaman saiki, lan jaran sapêpadhane.
وَاِنْ نَّشَأْ نُغْرِقْهُمْ فَلَا صَرِيْخَ لَهُمْ وَلَاهُمْ يُنْقَذُوْنَۙ٤٣
Wa in nasya' nugriqhum falā ṣarīkha lahum wa lā hum yunqażūn(a).
[43]
Mênawa ana parênging karsaningsun, wong Mêkah Ingsun kêlêm ana ing sagara, mêsthi kêlakon, sarta ora ana kang bisa nulungi. Wong mau ora bisa slamêt.
اِلَّا رَحْمَةً مِّنَّا وَمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ٤٤
Illā raḥmatam minnā wa matā‘an ilā ḥīn(in).
[44]
Kajaba marga saka rahmat Ingsun, lan Ingsun paringi kabungahan nganti têkan wêwangêning patine.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّقُوْا مَا بَيْنَ اَيْدِيْكُمْ وَمَا خَلْفَكُمْ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٤٥
Wa iżā qīla lahumuttaqū mā baina aidīkum wa mā khalfakum la‘allakum turḥamūn(a).
[45]
Wong Mêkah nalikane padha didhawuhi mangkene: Sira padha wêdia patrapaning dosa kang ana ngarêpira, iya iku patrapan kêncengan, ana ing dunya, lan patrapan kang ana ing burinira, iya iku patrapan besuk ana ing akhirat, supaya sira padha olèh sihing Allah.
وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ٤٦
Wa mā ta'tīhim min āyatim min āyāti rabbihim illā kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[46]
(Wong Mêkah padha maido) wong Mêkah sabên didhawuhi ayat pangandikaning Pangerane, mêsthi padha malengos.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ ۙقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنُطْعِمُ مَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ اَطْعَمَهٗٓ ۖاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٧
Wa iżā qīla lahum anfiqū mimmā razaqakumullāh(u), qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū anuṭ‘imu mal lau yasyā'ullāhu aṭ‘amah(ū), in antum illā fī ḍalālim mubīn(in).
[47]
Wong Mêkah nalikane didhawuhi mangkene: Kowe padha mèwèhna rijêki kang wis diparingake dening Allah marang kowe. Wong Mêkah kang padha kaphir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, yagene aku awèh pangan marang sawijining wong, kang mênawa ana parênge karsaning Allah, Allah paring rijêki marang wong mau, ênggonmu akon wèwèh marang wong mau, têtela kêsasar.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[48]
Wong kaphir padha calathu marang wong mukmin: Mênawa kandhamu yèn wong kang wis padha mati bakal padha diuripake manèh iku têmên, mara besuk apa kêlakone.
مَا يَنْظُرُوْنَ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً تَأْخُذُهُمْ وَهُمْ يَخِصِّمُوْنَ٤٩
Mā yanẓurūna illā ṣaiḥataw wāḥidatan ta'khużuhum wa hum yakhiṣṣimūn(a).
[49]
Wong kaphir mau ora liwat mung ngêntèni pêtake Malaikat Israphil, pêtak kang sapisan bae wong saisining jagad mati kabèh. Wong kaphir ora [o....ra] nglêgewa, kêtungkul ênggone padha garêjêgan ênggone padha nyambut gawe.
فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ تَوْصِيَةً وَّلَآ اِلٰٓى اَهْلِهِمْ يَرْجِعُوْنَ ࣖ٥٠
Falā yastaṭī‘ūna tauṣiyataw wa lā ilā ahlihim yarji‘ūn(a).
[50]
Mulane padha ora bisa mêmêksa apa -apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang dunya katêmu lan sanak sadulure.
وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَاِذَا هُمْ مِّنَ الْاَجْدَاثِ اِلٰى رَبِّهِمْ يَنْسِلُوْنَ٥١
Wa nufikha fiṣ-ṣūri fa'iżā hum minal-ajdāṡi ilā rabbihim yansilūn(a).
[51]
Sawise wong sajagad padha mati, Malaikat Israphil banjur andamu sêmpronge kang isi nyawane para manungsa, ing kono wong kang wis mati padha tangi kabèh, mêtu saka ing pakuburane, padha digiring seba ing pangayunaning Pangerane.
قَالُوْا يٰوَيْلَنَا مَنْۢ بَعَثَنَا مِنْ مَّرْقَدِنَا ۜهٰذَا مَا وَعَدَ الرَّحْمٰنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُوْنَ٥٢
Qālū yā wailanā mam ba‘aṡanā mim marqadinā…hāżā mā wa‘adar-raḥmānu wa ṣadaqal-mursalūn(a).
[52]
Wong kaphir banjur padha calathu, adhuh cilaka têmên aku, sapa kang nangèkake aku saka ênggonku turu, baya iki kang diprasêtyakake dening Pangeran kang Mahamurah, saiki têtela pangandikaning para rasul biyèn têmên, saiki kanyataan.
اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ٥٣
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[53]
Pandamune sêmprong Malaikat Israphil mau mung sakêmpusan bae. Sarupaning manungsa têka kabèh padha seba ing ngarsaningsun.
فَالْيَوْمَ لَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔا وَّلَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٤
Fal-yauma lā tuẓlamu nafsun syai'aw wa lā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[54]
Ing dina iku ora ana wong dinakali sathik-thithika,[1] lan sira ora diwalês apa-apa, [a.....pa-apa,] kajaba diwalês samubarang kang wis padha sira lakoni.
اِنَّ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ الْيَوْمَ فِيْ شُغُلٍ فٰكِهُوْنَ ۚ٥٥
Inna aṣḥābal-jannatil-yauma fī syugulin fākihūn(a).
[55]
Ing dina iku wong ing suwarga padha mangun suka.
هُمْ وَاَزْوَاجُهُمْ فِيْ ظِلٰلٍ عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ مُتَّكِـُٔوْنَ ۚ٥٦
Hum wa azwājuhum fī ẓilālin ‘alal-arā'iki muttaki'ūn(a).
[56]
Wong ing suwarga kabèh dalah para rabine padha linggih sèndhèn ing rêsban, kang ana ing eyuban.
لَهُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّلَهُمْ مَّا يَدَّعُوْنَ ۚ٥٧
Lahum fīhā fākihatuw wa lahum mā yadda‘ūn(a).
[57]
Ana ing suwarga padha duwe sawarnaning wowohan, sarta kêtêkan samubarang kang dipengini.
سَلٰمٌۗ قَوْلًا مِّنْ رَّبٍّ رَّحِيْمٍ٥٨
Salāmun qaulam mir rabbir raḥīm(in).
[58]
Wong ing suwarga padha dibagèkake salamêt, kalawan pangandikaning Pangeran kang Maha-asih.
وَامْتَازُوا الْيَوْمَ اَيُّهَا الْمُجْرِمُوْنَ٥٩
Wamtāzul-yauma ayyuhal-mujrimūn(a).
[59]
He wong kaphir kabèh, ing dina iki sira andhewea, aja amor lan para wong mukmin.
۞ اَلَمْ اَعْهَدْ اِلَيْكُمْ يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اَنْ لَّا تَعْبُدُوا الشَّيْطٰنَۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٠
Alam a‘had ilaikum yā banī ādama allā ta‘budusy-syaiṭān(a), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[60]
He para turune Adam, Ingsun apa ora wis macuhi marang sira, aja padha nyêmbah setan, awit setan iku wis têtela satrunira.
وَاَنِ اعْبُدُوْنِيْ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa ani‘budūnī, hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61]
Lan Ingsun parentahi: Sira padha nyêmbah Ingsun, iki dalan kang bênêr.
وَلَقَدْ اَضَلَّ مِنْكُمْ جِبِلًّا كَثِيْرًا ۗاَفَلَمْ تَكُوْنُوْا تَعْقِلُوْنَ٦٢
Wa laqad aḍalla minkum jibillan kaṡīrā(n), afalam takūnū ta‘qilūn(a).
[62]
Setan iku wis nasarake wong akèh panunggalanira, yagene sira padha ora mikir, kang mangkono mau.
هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٦٣
Hāżihī jahannamul-latī kuntum tū‘adūn(a).
[63]
Iki Naraka Jahanam, kang diancamake marang sira biyèn.
اِصْلَوْهَا الْيَوْمَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٦٤
Iṣlauhal-yauma bimā kuntum takfurūn(a).
[64]
Ing dina iki sira padha nyêmplunga ing Naraka Jahanam, minăngka patrapane ênggonira padha maido marang Ingsun.
اَلْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلٰٓى اَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَآ اَيْدِيْهِمْ وَتَشْهَدُ اَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٦٥
Al-yauma nakhtimu ‘alā afwāhihim wa tukallimunā aidīhim wa tasyhadu arjuluhum bimā kānū yaksibūn(a).
[65]
Ing dina iku Ingsun ngunci cangkême wong kaphir kabèh, (dadi padha ora bisa matur selak), dene tangane padha munjuk marang Ingsun, sarta sikile padha nêksèni anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya.
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَطَمَسْنَا عَلٰٓى اَعْيُنِهِمْ فَاسْتَبَقُوا الصِّرَاطَ فَاَنّٰى يُبْصِرُوْنَ٦٦
Wa lau nasyā'u laṭamasnā ‘alā a‘yunihim fastabaquṣ-ṣirāṭa fa annā yubṣirūn(a).
[66]
Upama ana parênging karsaningsun, wong kaphir mau padha Ingsun cuplaki matane, iya kêlakon, ing kono banjur padha mlaku ana ing dalan, kapriye ênggone bisa wêruh ing dalan.
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَمَسَخْنٰهُمْ عَلٰى مَكَانَتِهِمْ فَمَا اسْتَطَاعُوْا مُضِيًّا وَّلَا يَرْجِعُوْنَ ࣖ٦٧
Wa lau nasyā'u lamasakhnāhum ‘alā makānatihim famastaṭā‘ū muḍiyyaw wa lā yarji‘ūn(a).
[67]
Lan upama ana parênge karsaningsun, wong kaphir mau Ingsun salini rupa dadi kêthèk, utawa cèlèng apadene dadi watu, iya mêsthi kêlakon, ing kono banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong manèh.
وَمَنْ نُّعَمِّرْهُ نُنَكِّسْهُ فِى الْخَلْقِۗ اَفَلَا يَعْقِلُوْنَ٦٨
Wa man nu‘ammirhu nunakkishu fil-khalq(i), afalā ya‘qilūn(a).
[68]
Sing sapa Ingsun paringi dawa ngumure, sawise katog karosane lan samubarange, banjur Ingsun balèkake dadi kaya bocah manèh. Yagene wong kaphir têka padha ora anggagas yèn Ingsun kawasa nguripake wong kang wis padha mati.
وَمَا عَلَّمْنٰهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهٗ ۗاِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ وَّقُرْاٰنٌ مُّبِيْنٌ ۙ٦٩
Wa mā ‘allamnāhusy-syi‘ra wa mā yambagī lah(ū), in huwa illā żikruw wa qur'ānum mubīn(un).
[69]
Ingsun ora mulang têmbang marang Nabi Mukhammad, sarta Nabi Mukhammad ora bisa nganggit têmbang. Dene kang didhawuhake iki dudu têmbang, nanging kitab saka ing langit, aran Kuran, isi dhawuhing Allah marang manungsa.
لِّيُنْذِرَ مَنْ كَانَ حَيًّا وَّيَحِقَّ الْقَوْلُ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧٠
Liyunżira man kāna ḥayyaw wa yaḥiqqal-qaulu ‘alal-kāfirīn(a).
[70]
Kanggo mêmêdèni wong kang ngakale urip, lan majibake siksa marang wong kang atine mati, iya iku para wong kaphir.
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا خَلَقْنَا لَهُمْ مِّمَّا عَمِلَتْ اَيْدِيْنَآ اَنْعَامًا فَهُمْ لَهَا مٰلِكُوْنَ٧١
Awalam yarau annā khalaqnā lahum mimmā ‘amilat aidīnā an‘āman fahum lahā mālikūn(a).
[71]
Wong kaphir apa padha ora andêlêng yèn sarupane rajakaya iku gêgaweaningsun dhewe, măngka Ingsun paringake migunani marang manungsa. Manungsa banjur padha andarbèni rajakaya mau.
وَذَلَّلْنٰهَا لَهُمْ فَمِنْهَا رَكُوْبُهُمْ وَمِنْهَا يَأْكُلُوْنَ٧٢
Wa żallalnāhā lahum fa minhā rakūbuhum wa minhā ya'kulūn(a).
[72]
Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi têtungganganing manungsa, lan ana kang dibêlèh, daginge dipangan ing manungsa.
وَلَهُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَمَشَارِبُۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa lahum fīhā manāfi‘u wa masyārib(u), afalā yasykurūn(a).
[73]
Peranganing rajakaya akèh kang migunani marang manungsa, kaya ta wulune kêna ginawe sandhangan, puwane dadi èmbèn-ombèn,[2] lan sapanunggalane, yagene manungsa têka padha ora sukur [su....kur] ing Allah.
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لَّعَلَّهُمْ يُنْصَرُوْنَ ۗ٧٤
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal la‘allahum yunṣarūn(a).
[74]
Wong kaphir padha ngadêgake Pangeran liyane Allah. Iya iku brahala, padha ngarêp-arêp ing têmbe olèh pitulunging brahala, murungake siksaning Allah.
لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَهُمْۙ وَهُمْ لَهُمْ جُنْدٌ مُّحْضَرُوْنَ٧٥
Lā yastaṭī‘ūna naṣrahum, wa hum lahum jundum muḥḍarūn(a).
[75]
Brahala mau ing têmbe ora bisa têtulung marang wong kaphir, ing besuk ana ing akhirat, wong kaphir padha digiring marang naraka, ngêtutake brahala, mèmpêr kaya balaning brahala.
فَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْ ۘاِنَّا نَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٦
Falā yaḥzunka qauluhum, innā na‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[76]
(He Mukhammad) sira aja sêdhih utawa miris dening sêsumbaring wong kaphir ing Mêkah, Ingsun nguningani samubarang kang padha dibatin utawa dilairake dening wong kaphir ing Mêkah mau.
اَوَلَمْ يَرَ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ نُّطْفَةٍ فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ٧٧
Awalam yaral-insānu annā khalaqnāhu min nuṭfatin fa'iżā huwa khaṣīmum mubīn(un).
[77]
Manungsa apa padha ora andêlêng ênggon Ingsun gawe manungsa mau saka ing mani. Barêng wis dadi manungsa têka banjur têtela padha madoni dhawuh Ingsun.
وَضَرَبَ لَنَا مَثَلًا وَّنَسِيَ خَلْقَهٗۗ قَالَ مَنْ يُّحْيِ الْعِظَامَ وَهِيَ رَمِيْمٌ٧٨
Wa ḍaraba lanā maṡalaw wa nasiya khalqah(ū), qāla may yuḥyil-‘iẓāma wa hiya ramīm(un).
[78]
Wong kaphir lali kawitane, ênggone Ingsun dadèkake manungsa, malah padha anggêlar upama ênggone maido yèn ing têmbe bakal Ingsun tangèkake saka ing pati. Pangucape: [P...angucape:] sapa kang bisa nguripake balung kang wis ajur, dadi wong manèh.
قُلْ يُحْيِيْهَا الَّذِيْٓ اَنْشَاَهَآ اَوَّلَ مَرَّةٍ ۗوَهُوَ بِكُلِّ خَلْقٍ عَلِيْمٌ ۙ٧٩
Qul yuḥyīhal-lażī ansya'ahā awwala marrah(tin), wa huwa bikulli khalqin ‘alīm(un).
[79]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kang bakal nguripake balung kang wis ajur, dadi wong manèh, iku Pangeran kang murwani gawe balung mau, diuripake dadi wong. Pangeran kang mangkono mau nguningani samubarang kang dumadi.
ۨالَّذِيْ جَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الشَّجَرِ الْاَخْضَرِ نَارًاۙ فَاِذَآ اَنْتُمْ مِّنْهُ تُوْقِدُوْنَ٨٠
Allażī ja‘ala lakum minasy-syajaril-akhḍari nārā(n), fa'iżā antum minhu tūqidūn(a).
[80]
Kang mêtokake gêni, migunani marang kowe, diwêtokake saka kayu kang têlês tur ijo, ing kono kowe banjur padha ngurubake gêni mau.
اَوَلَيْسَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ ۗبَلٰى وَهُوَ الْخَلّٰقُ الْعَلِيْمُ٨١
Awa laisal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa biqādirin ‘alā ay yakhluqa miṡlahum, balā wa huwal-khallāqul-‘alīm(u).
[81]
Pangeran kang gawe bumi lan langit kang samene gêdhene, apa ora kuwasa gawe barang kang cilik bae, (iya iku manungsa). Iya kuwasa bangêt. Allah iku kang gawe samubarang kang dumadi, tur nguningani samubarang.
اِنَّمَآ اَمْرُهٗٓ اِذَآ اَرَادَ شَيْـًٔاۖ اَنْ يَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٨٢
Innamā amruhū iżā arāda syai'an ay yaqūla lahū kun fa yakūn(u).
[82]
Kanyataaning Allah, mênawa karsa gawe sadhengah barang, mung ngandika bae, sira anaa. Sanalika banjur ana barang, tètès lan karsaning Allah.
فَسُبْحٰنَ الَّذِيْ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ ࣖ٨٣
Fa subḥānal-lażī biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa ilaihi turja‘ūn(a).
[83]
Allah iku Mahasuci, panguwasane samubarang [samu.....barang] iku kawêngku ing Allah. Ing besuk ana ing akhirat, samubarang iku padha bali marang ngarsaning Allah.