Surah Fatir
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ جَاعِلِ الْمَلٰۤىِٕكَةِ رُسُلًاۙ اُولِيْٓ اَجْنِحَةٍ مَّثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَۗ يَزِيْدُ فِى الْخَلْقِ مَا يَشَاۤءُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١
Al-ḥamdu lillāhi fāṭiris-samāwāti wal-arḍi jā‘ilil-malāikati rusulā(n), ulī ajniḥatim maṡnā wa ṡulāṡa wa rubā‘(a), yazīdu fil-khalqi mā yasyā'(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1]
Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang gawe bumi lan langit, sarta kang ngutus para malaikat, para malaikat mau padha mawa suwiwi, ana kang ngloro, nêlu lan mapat, lan ana kang diwuwuhi suwiwi manèh saka parênge karsaning Allah. Satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.
مَا يَفْتَحِ اللّٰهُ لِلنَّاسِ مِنْ رَّحْمَةٍ فَلَا مُمْسِكَ لَهَا ۚوَمَا يُمْسِكْۙ فَلَا مُرْسِلَ لَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢
Mā yaftaḥillāhu lin-nāsi mir raḥmatin falā mumsika lahā, wa mā yumsik falā mursila lahū mim ba‘dih(ī), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[2]
Sadhengah rahmat kang diparingake dening Allah marang manungsa, (kaya ta rijêki, banyu udan lan sapêpadhane) iku ora ana kang bisa ngalang-alangi. Dene mênawa Allah karsa mêpêt rahmat, mêsthi ora ana kang bisa nulungake rahmat mau. Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْۗ هَلْ مِنْ خَالِقٍ غَيْرُ اللّٰهِ يَرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۖ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٣
Yā ayyuhan-nāsużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum, hal min khāliqin gairullāhi yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍ(i), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tu'fakūn(a).
[3]
He para manungsa, sira padha elinga pêparinging Allah kabungahan marang sira. Apa ana ta, liyane Allah kang bisa gawe utawa nganakake barang-barang kang dumadi, utawa awèh rijêki marang sira saka ing langit utawa saka thêthukulaning bumi, (măngsa anaa) ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, lah kapriye ênggonira nyelaki.
وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٤
Wa iy yukażżibūka faqad kużżibat rusulum min qablik(a), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[4]
Mênawa wong kaphir padha maido marang sira, iku ora andhèwèki, para rasul sadurunge sira, iya dipaido dening para umate. Samubarang prakara iku, besuk ana ing akhirat, dibalèkake konjuk ing Allah, Allah kang kawasa ngrampungi.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ٥
Yā ayyuhan-nāsu inna wa‘dallāhi ḥaqqun falā tagurrannakumul-ḥayātud-dun-yā, wa lā yagurrannakum billāhil-garūr(u).
[5]
He para manungsa, prasêtyaning Allah bakal anane dina kiyamat, iku mêsthi kêlakon têmênan, [têmênan,] mulane sira aja kajalomprong dening kasêngsêm kabungahan ing dunya, lan aja kajalomprong manut panggodhaning setan, nglirwakake parentahing Allah.
اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوْهُ عَدُوًّاۗ اِنَّمَا يَدْعُوْا حِزْبَهٗ لِيَكُوْنُوْا مِنْ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِۗ٦
Innasy-syaiṭāna lakum ‘aduwwun fattakhiżūhu ‘aduwwā(n), innamā yad‘ū ḥizbahū liyakūnū min aṣḥābis-sa‘īr(i).
[6]
Satêmêne setan iku satrunira, mulane iya sira satrua, kang mêsthi setan mau ngajak-ajak wong kang dikumpuli, supaya dadia isèn-isène Naraka Sangir.
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ەۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ ࣖ٧
Allażīna kafarū lahum ‘ażābun syadīd(un), wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[7]
Sarupane wong kaphir iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot.
اَفَمَنْ زُيِّنَ لَهٗ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ فَرَاٰهُ حَسَنًاۗ فَاِنَّ اللّٰهَ يُضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۖ فَلَا تَذْهَبْ نَفْسُكَ عَلَيْهِمْ حَسَرٰتٍۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَصْنَعُوْنَ٨
Afaman zuyyina lahū sū'u ‘amalihī fara'āhu ḥasanā(n), fa'innallāha yuḍillu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), falā tażhab nafsuka ‘alaihim ḥasarāt(in), innallāha ‘alīmum bimā yaṣna‘ūn(a).
[8]
Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha olèh pangapura kaluputane lan olèh ganjaran gêdhe.
وَاللّٰهُ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَسُقْنٰهُ اِلٰى بَلَدٍ مَّيِّتٍ فَاَحْيَيْنَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ كَذٰلِكَ النُّشُوْرُ٩
Wallāhul-lażī arsalar-riyāḥa fatuṡīru saḥāban fasuqnāhu ilā baladim mayyitin fa'aḥyainā bihil-arḍa ba‘da mautihā, każālikan-nusyūr(u).
[9]
Wong kang kêna panggodhaning setan, banjur kasêngsêm marang lakune kang ala, pangrasane iku prayoga, (wong mangkono mau apa padha bae lan wong kang olèh pituduh bênêr, mêsthi beda) satêmêne Allah iku nasarake wong kang dadi parênging karsane, lan uga paring pituduh marang wong kang dadi parênging karsane, mulane sira dingati-ati, aja nganti karusakan awakira dening cilaka. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang kang padha dilakoni dening manungsa.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعِزَّةَ فَلِلّٰهِ الْعِزَّةُ جَمِيْعًاۗ اِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهٗ ۗوَالَّذِيْنَ يَمْكُرُوْنَ السَّيِّاٰتِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۗوَمَكْرُ اُولٰۤىِٕكَ هُوَ يَبُوْرُ١٠
Man kāna yurīdul-‘izzata falillāhil-‘izzatu jamī‘ā(n), ilaihi yaṣ‘adul-kalimuṭ-ṭayyibu wal-‘amaluṣ-ṣāliḥu yarfa‘uh(ū), wal-lażīna yamkurūnas-sayyi'āti lahum ‘ażābun syadīd(un), wa makru ulā'ika huwa yabūr(u).
[10]
Allah iku kang ngididake angin, ngimpun mega kang banjur dadi udan. Udan mau Ingsun siramake marang nagara utawa palêmahan kang mati (bêra) iku Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang maune bêra. Besuk ênggon Ingsun nguripake wong kang wis padha mati, iya kaya mangkono.
وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ جَعَلَكُمْ اَزْوَاجًاۗ وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖۗ وَمَا يُعَمَّرُ مِنْ مُّعَمَّرٍ وَّلَا يُنْقَصُ مِنْ عُمُرِهٖٓ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍۗ اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ١١
Wallāhu khalaqakum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma ja‘alakum azwājā(n), wa mā taḥmilu min unṡā wa lā taḍa‘u illā bi‘ilmih(ī), wa mā yu‘ammaru mim mu‘ammariw wa lā yunqaṣu min ‘umurihī illā fī kitāb(in), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[11]
Sing sapa kapengin mulya, nyuwuna kamulyan ing Allah, awit kamulyan iku kabèh kagunganing Allah. Dene pangucap kang bêcik, (iya iku la ilaha illah)[7] iku konjuk ing Allah, pangucap bêcik mau ngunjukake kabêcikan ing Allah, dene sarupane wong kang nglakoni panggawe ala, iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot, pialane wong mau ana ing akhirat bakal jugar.
وَمَا يَسْتَوِى الْبَحْرٰنِۖ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ سَاۤىِٕغٌ شَرَابُهٗ وَهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۗ وَمِنْ كُلٍّ تَأْكُلُوْنَ لَحْمًا طَرِيًّا وَّتَسْتَخْرِجُوْنَ حِلْيَةً تَلْبَسُوْنَهَا ۚوَتَرَى الْفُلْكَ فِيْهِ مَوَاخِرَ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٢
Wa mā yastawil-baḥrān(i), hāżā ‘ażbun furātun sā'igun syarābuhū wa hāżā milḥun ujāj(un), wa min kullin ta'kulūna laḥman ṭariyyaw wa tastakhrijūna ḥilyatan talbasūnahā, wa taral-fulka fīhi mawākhira litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12]
Allah iku kang gawe lêluhurira Nabi Adam, saka ing lêmah, banjur gawe awakira saka ing mani, sira iku digawe warna-warna, lanang lan wadon, dene wong wadon ênggone mêtêng lan ênggone nglairake bayi, iku mêsthi tètès lan kawruhe Allah, dene umure siji-sijining wong, lan suda wuwuhing umure, iku mêsthi tinulis ana ing Lohmahphul, kang mangkono mau ingatasing Allah gampang bae.
يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِۚ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُۗ وَالَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مَا يَمْلِكُوْنَ مِنْ قِطْمِيْرٍۗ١٣
Yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-lail(i), wa sakhkharasy-syamsa wal-qamara kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), żālikumullāhu rabbukum lahul-mulk(u), wal-lażīna tad‘ūna min dūnihī mā yamlikūna min qiṭmīr(in).
[13]
Sagara loro tawa lan asin, iku ora padha, mara ta sira dêlênga, iki banyu tawa kang bêning, sêgêr diombe. Dene iki banyu asin kang lêtih, sira bisa olèh pangan iwak loh saka siji-sijining sagara mau. Lan uga bisa olèh rajapèni kanggo rêrênggan, kaya ta mutyara lan mrêjan sapêpadhane. Mangkono manèh sira andêlêng prau padha mlaku ana ing sagara, sira ênggo laku dagang, ngupaya sih pêparinging Allah rijêki, iku supaya sira padha sukur ing Allah.
اِنْ تَدْعُوْهُمْ لَا يَسْمَعُوْا دُعَاۤءَكُمْۚ وَلَوْ سَمِعُوْا مَا اسْتَجَابُوْا لَكُمْۗ وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُوْنَ بِشِرْكِكُمْۗ وَلَا يُنَبِّئُكَ مِثْلُ خَبِيْرٍ ࣖ١٤
In tad‘ūhum lā yasma‘ū du‘ā'akum, wa lau sami‘ū mastajābū lakum, wa yaumal-qiyāmati yakfurūna bisyirkikum, wa lā yunabbi'uka miṡlu khabīr(in).
[14]
Allah iku nglojokake wêngi marang awan, sarta nglojokake awan marang wêngi,apadene marentah srêngenge lan rêmbulan, kabèh padha mlaku ana ing cakrawalane, nganti têkan dina kiyamat, iya iku Allah Pangeranira kang kagungan karaton. Dene brahala kang padha sira anggêp Pangeran liyane Allah, iku ora duwe apa-apa, sanajan mung klamudaning isi bae iya ora duwe.
۞ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اَنْتُمُ الْفُقَرَاۤءُ اِلَى اللّٰهِ ۚوَاللّٰهُ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ١٥
Yā ayyuhan-nāsu antumul-fuqarā'u ilallāh(i), wallāhu huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[15]
Brahala mau mênawa sira undang, ora bisa krungu pangundangira, ing besuk dina kiyamat, brahala mau padha nyelaki ênggonira maro tingal nyêmbah brahala mau. Apadene ora bisa pitutur apa-apa marang sira. Ora kaya Allah kang waspada marang samubarang.
اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيْدٍۚ١٦
Iy yasya' yużhibkum wa ya'ti bikhalqin jadīd(in).
[16]
He manungsa, sira iku butuh marang kabêcikaning Allah. Dene Allah ora pisan butuh apa-apa marang liyane. Wis bênêre Allah ingalêmbana kabêcikane.
وَمَا ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ بِعَزِيْزٍ١٧
Wa mā żālika ‘alallāhi bi‘azīz(in).
[17]
Mênawa ana parênge karsaning Allah sira iku disirnakake kabèh, Allah banjur nganakake titah anyar mêsthi kêlakon.
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰى ۗوَاِنْ تَدْعُ مُثْقَلَةٌ اِلٰى حِمْلِهَا لَا يُحْمَلْ مِنْهُ شَيْءٌ وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۗ اِنَّمَا تُنْذِرُ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ ۗوَمَنْ تَزَكّٰى فَاِنَّمَا يَتَزَكّٰى لِنَفْسِهٖ ۗوَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ١٨
Wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa in tad‘u muṡqalatun ilā ḥimlihā lā yuḥmal minhu syai'uw wa lau kāna żā qurbā, innamā tunżirul-lażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa aqāmuṣ-ṣalāh(ta), wa man tazakkā fa innamā yatazakkā linafsih(ī), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[18]
Kêlakone kang mangkono mau mungguhing [mungguh...ing] Allah ora angèl.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ۙ١٩
Wa mā yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u).
[19]
Besuk dina kiyamat, siji-sijining wong mung mikul dosane dhewe-dhewe, ora mikul dosaning liyan. Mênawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe, banjur anjaluk tulung marang wong lanang liyane, supaya direwangana mikul, sanajan kang dijaluki tulung mau kalêbu sanak sadulure, mêsthi ora gêlêm angrewangi mikul sathithik-thithika (he Mukhammad) wong kang wêdi sira wêwêdèni mangkene iki, mung wong kang wêdi ing Allah Pangerane, sanadyan siksane ora katon, sarta padha nglakoni sêmbayang. Dene sing sapa ngarah suci kalawan ngabêkti ing Allah, iku nucèkake awake dhewe, ing besuk manungsa iki padha bali marang ngarsaning Allah.
وَلَا الظُّلُمٰتُ وَلَا النُّوْرُۙ٢٠
Wa laẓ-ẓulumātu wa lan-nūr(u).
[20]
Wong picak lan wong andêlêng mêsthi ora padha, padhang lan pêtêng iya ora padha, apadene eyub lan panas iya măngsa padhaa.
وَلَا الظِّلُّ وَلَا الْحَرُوْرُۚ٢١
Wa laẓ-ẓillu wa lal-ḥarūr(u).
[21]
Wong urip lan wong mati mêsthi ora padha, (kaya mangkono sanepane wong mukmin, mêsthi beda lan wong kaphir, he Mukhammad) satêmêne Allah iku gawe pangrungune wong kang dadi parênging karsane, nanging sira ora bisa gawe pangrungune wong kang ana sajroning kubur. Sira iku ora liwat mung nyurup-nyurupake lan mêmêdèni siksaningsun.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَحْيَاۤءُ وَلَا الْاَمْوَاتُۗ اِنَّ اللّٰهَ يُسْمِعُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَمَآ اَنْتَ بِمُسْمِعٍ مَّنْ فِى الْقُبُوْرِ٢٢
Wa mā yastawil-aḥyā'u wa lal-amwāt(u), innallāha yusmi‘u may yasyā'(u), wa mā anta bimusmi‘im man fil-qubūr(i).
[22]
Satêmêne ênggon Ingsun ngutus sira iki pêrlune mêmêdèni siksaningsun lan ngêbang-êbang kalawan ganjaran Ingsun. Dene sarupaning umat ing jaman kuna biyèn, wis mêsthi ana nabine dhewe-dhewe kang nyurup-nyurupake.
اِنْ اَنْتَ اِلَّا نَذِيْرٌ٢٣
In anta illā nażīr(un).
[23]
Mênawa wong Mêkah padha maido ing sira Mukhammad, iku ora andhèwèki. Para umat sadurunge wong Mêkah iku biyèn, uga padha maido marang rasule, tur para rasule ênggone andhawuhake kitab, ora kurang têrang sarta kanthi mukjijat kaelokan.
اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا ۗوَاِنْ مِّنْ اُمَّةٍ اِلَّا خَلَا فِيْهَا نَذِيْرٌ٢٤
Innā arsalnāka bil-ḥaqqi basyīraw wa nażīrā(n), wa im min ummatin illā khalā fīhā nażīr(un).
[24]
Ingsun banjur niksa marang wong kaphir kang padha maido mau, mara ta kapriye bêbênduningsun marang wong kaphir mau.
وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ وَبِالزُّبُرِ وَبِالْكِتٰبِ الْمُنِيْرِ٢٥
Wa iy yukażżibūka faqad każżabal-lażīna min qablihim, jā'athum rusuluhum bil-bayyināti wa biz-zuburi wa bil-kitābil-munīr(i).
[25]
Apa sira ora andêlêng Allah ênggone nurunake banyu udan saka ing langit, banyu udan mau banjur Ingsun ênggo mêtokake wowohan kang warnane beda-beda. Dene dalan kang pating jalarèh ana ing gunung, iku uga warna-warna, ana kang putih lan ana kang abang lan ana uga kang irêng bangêt, mangkono uga manungsa lan gêgrêmêtan, apadene rajakaya iya warna-warna, dene para kawulaning Allah kang mêsthi wêdi ing Allah iku mung para ngulama. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur ngapura dosa.
ثُمَّ اَخَذْتُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ ࣖ٢٦
Ṡumma akhażtul-lażīna kafarū fakaifa kāna nakīr(i).
[26]
Sarupane wong kang tabêri maca Kuran kitabing Allah lan anglakoni sêmbayang, apadene mèwèh pêparing Ingsun rijêki marang wong mau, kalawan wêruh wong akèh utawa ora, iku padha ngarêp-arêp mungguh lakune kang mangkono mau dadia dagangan kang ora kêna tuna.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ ثَمَرٰتٍ مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهَا ۗوَمِنَ الْجِبَالِ جُدَدٌ ۢبِيْضٌ وَّحُمْرٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَانُهَا وَغَرَابِيْبُ سُوْدٌ٢٧
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa'akhrajnā bihī ṡamarātim mukhtalifan alwānuhā, wa minal-jibāli judadum bīḍuw wa khumrum mukhtalifun alwānuhā wa garābību sūd(un).
[27]
Supaya Allah maringana ganjaran marang wong mau, lan muwuhana sih kanugrahan. Satêmêne Allah iku ngapura dosa tur paring sukur.
وَمِنَ النَّاسِ وَالدَّوَاۤبِّ وَالْاَنْعَامِ مُخْتَلِفٌ اَلْوَانُهٗ كَذٰلِكَۗ اِنَّمَا يَخْشَى اللّٰهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمٰۤؤُاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ غَفُوْرٌ٢٨
Wa minan-nāsi wad-dawābbi wal-an‘āmi mukhtalifun alwānuhū każālik(a), innamā yakhsyallāha min ‘ibādihil-ulamā'(u), innallāha ‘azīzun gafūr(un).
[28]
Kitab Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, iku nyata bênêr, cocog lan [la....n] surasane kitab kuna cêcêkêlane wong Yahudi. Satêmêne Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَتْلُوْنَ كِتٰبَ اللّٰهِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً يَّرْجُوْنَ تِجَارَةً لَّنْ تَبُوْرَۙ٢٩
Innal-lażīna yatlūna kitāballāhi wa aqāmuṣ-ṣalāta wa anfaqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyatay yarjūna tijāratal lan tabūr(a).
[29]
Ingsun banjur andhawuhake kitab Kuran marang para kawulaningsun kang pilihan, iya iku umat Mukhammad, ewadene umat Mukhammad mau ana kang nganiaya awake dhewe, iya iku wong kang sêmbrana ênggone ngèstokake dhawuh, lan ana uga kang akèh sêtya tuhune, apadene ana kang kaduk kabêcikane, ora pisan anglakoni ala, iku kalawan idining Allah, kang mangkono mau aran kanugrahan gêdhe.
لِيُوَفِّيَهُمْ اُجُوْرَهُمْ وَيَزِيْدَهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٣٠
Liyuwaffiyahum ujūrahum wa yazīdahum min faḍlih(ī), innahū gafūrun syakūr(un).
[30]
Wong têlung warna mau besuk padha malêbu ing Suwarga Ngadan, ana ing kono padha dianggon-anggoni gêlang mas lan mutyara, dene sandhangan sarwa sutra.
وَالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ هُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِۗ اِنَّ اللّٰهَ بِعِبَادِهٖ لَخَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٣١
Wal-lażī auḥainā ilaika minal-kitābi huwal-ḥaqqu muṣaddiqal limā baina yadaih(i), innallāha bi‘ibādihī lakhabīrum baṣīr(un).
[31]
Wong ing suwarga padha mêmuji ing Allah: Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang wis ngalangake kasusahanku, satêmêne Allah Pangeranku iku ngapura dosa tur paring sukur.
ثُمَّ اَوْرَثْنَا الْكِتٰبَ الَّذِيْنَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَاۚ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ ۚوَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌ ۚوَمِنْهُمْ سَابِقٌۢ بِالْخَيْرٰتِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُۗ٣٢
Ṡumma auraṡnal-kitābal-lażīnaṣṭafainā min ‘ibādinā, fa minhum ẓālimul linafsih(ī), wa minhum muqtaṣid(un), wa minhum sābiqum bil-khairāti bi'iżnillāh(i), żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[32]
Kang wis mrênahake marang aku manggon ana [a...na] ing suwarga aku ora tau kangelan, lan ora tau sayah, iya iku kanugrahaning Allah.
جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّلُؤْلُؤًا ۚوَلِبَاسُهُمْ فِيْهَا حَرِيْرٌ٣٣
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa lu'lu'ā(n), wa libāsuhum fīhā ḥarīr(un).
[33]
Dene para wong kaphir iku padha dipatrapi siksa Naraka Jahanam, ora dipungkasi sarana mati, lan ora diparingi kamayaran siksane, sarupane wong kaphir iya padha Ingsun patrapi kaya mangkono uga.
وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَذْهَبَ عَنَّا الْحَزَنَۗ اِنَّ رَبَّنَا لَغَفُوْرٌ شَكُوْرٌۙ٣٤
Wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī ażhaba ‘annal-ḥazan(a), inna rabbanā lagafūrun syakūr(un).
[34]
Wong kaphir ana ing naraka padha ngadhuh-adhuh, sêsambate: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan êntasakên saking naraka, kawula sagah nglampahi pandamêl sae, botên malih-malih badhe nglampahi pandamêl awon kados ingkang sampun kawula lampahi rumiyin. (Allah banjur mêlèhake): Ingsun apa ora wis maringi umur dawa marang sira, kang cukup diênggo eling dening wong kang gêlêm eling, sarta sira wis tămpa dhawuhing nabi.
ۨالَّذِيْٓ اَحَلَّنَا دَارَ الْمُقَامَةِ مِنْ فَضْلِهٖۚ لَا يَمَسُّنَا فِيْهَا نَصَبٌ وَّلَا يَمَسُّنَا فِيْهَا لُغُوْبٌ٣٥
Allażī aḥallanā dāral-muqāmati min faḍlih(ī), lā yamassunā fīhā naṣabuw wa lā yamassunā fīhā lugūb(un).
[35]
Mulane saiki padha ngrasakna siksa, wong kaphir măngsa duwea andêl-andêl, kang bisa murungake siksaningsun.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ نَارُ جَهَنَّمَۚ لَا يُقْضٰى عَلَيْهِمْ فَيَمُوْتُوْا وَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ مِّنْ عَذَابِهَاۗ كَذٰلِكَ نَجْزِيْ كُلَّ كَفُوْرٍ ۚ٣٦
Wal-lażīna kafarū lahum nāru jahannam(a), lā yuqḍā ‘alaihim fayamūtū wa lā yukhaffafu ‘anhum min ‘ażābihā, każālika najzī kulla kafūr(in).
[36]
Satêmêne Allah iku nguningani kang samar-samar [samar-sa....mar] ana ing bumi lan langit. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêking ati.
وَهُمْ يَصْطَرِخُوْنَ فِيْهَاۚ رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِيْ كُنَّا نَعْمَلُۗ اَوَلَمْ نُعَمِّرْكُمْ مَّا يَتَذَكَّرُ فِيْهِ مَنْ تَذَكَّرَ وَجَاۤءَكُمُ النَّذِيْرُۗ فَذُوْقُوْا فَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ ࣖ٣٧
Wa hum yaṣṭarikhūna fīhā, rabbanā akhirjnā na‘mal ṣāliḥan gairal-lażī kunnā na‘mal(u), awalam nu‘ammirkum mā yatażakkaru fīhi man tażakkara wa jā'akumun nażīr(u), fa żūqū famā liẓ-ẓālimīna min naṣīr(in).
[37]
(He wong Mêkah) Allah iku kang paring panggonan marang sira ana ing bumi, anggêntèni wong kang wis padha mati. Sing sapa kaphir, iku patrapane ênggone kaphir bakal disăngga dhewe. Enggone kaphir mau mung bakal muwuhi siksa marang awake ana ngarsaning Pangerane, lan manèh ênggone kaphir mau bakal muwuhi kapitunan marang awake.
اِنَّ اللّٰهَ عَالِمُ غَيْبِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٣٨
Innallāha ‘ālimu gaibis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[38]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah, apa kowe wis padha andêlêng brahala kang koanggêp Pangeran liyane Allah. Mara aku tuduhna isèn-isèning bumi iki kang gêgaweaning brahala kang êndi. Utawa apa brahala mau diparingi cêcêkêlan kitab kang mratelakake yèn brahala mau milu jumênêng Pangeran lan Allah. (Mokal yèn mangkonoa) wong kaphir padha golong lan kancane, ngarani yèn brahala iku bakal bisa ambombong prakara ana ngarsanig Allah, iku luput.
هُوَ الَّذِيْ جَعَلَكُمْ خَلٰۤىِٕفَ فِى الْاَرْضِۗ فَمَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۗ وَلَا يَزِيْدُ الْكٰفِرِيْنَ كُفْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ اِلَّا مَقْتًا ۚوَلَا يَزِيْدُ الْكٰفِرِيْنَ كُفْرُهُمْ اِلَّا خَسَارًا٣٩
Huwal-lażī ja‘alakum khalā'ifa fil-arḍ(i), faman kafara fa‘alaihi kufruh(ū), wa lā yazīdul-kāfirīna kufruhum ‘inda rabbihim illā maqtā(n), wa lā yazīdul-kāfirīna kufruhum illā khasārā(n).
[39]
Allah iku ngukuhake adêging bumi lan langit, kalawan kuwasane, dadi ora pisan bisa rubuh utawa anjomplang, upama bumi lan langit iku rubuh utawa anjomplang, mêsthi ora ana kang bisa ngukuhake liyane Allah. Satêmêne Allah iku wêlas asih tur ngapura dosa.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ شُرَكَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقُوْا مِنَ الْاَرْضِ اَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِى السَّمٰوٰتِۚ اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا فَهُمْ عَلٰى بَيِّنَتٍ مِّنْهُۚ بَلْ اِنْ يَّعِدُ الظّٰلِمُوْنَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا اِلَّا غُرُوْرًا٤٠
Qul ara'aitum syurakā'akumul-lażīna tad‘ūna min dūnillāh(i), arūnī māżā khalaqū minal-arḍi am lahum syirkun fis-samāwāt(i), am ātaināhum kitāban fahum ‘alā bayyinatim minh(u), bal iy ya‘iduẓ-ẓālimūna ba‘ḍuhum ba‘ḍan illā gurūrā(n).
[40]
Wong kaphir ing Mêkah padha supata pathênthêngan, nyêbut asmaning Allah, sanggêm mênawa ana rusul[8] têka mêmulang marang wong mau, mêsthi bakal nêtêpi pituduh bênêr, ngungkuli wong Yahudi lan wong Nasara. Ewadene barêng padha ditêkani Rasul Nabi Mukhammad, wong Mêkah malah padha mundhak munyal-munyale.
۞ اِنَّ اللّٰهَ يُمْسِكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ اَنْ تَزُوْلَا ەۚ وَلَىِٕنْ زَالَتَآ اِنْ اَمْسَكَهُمَا مِنْ اَحَدٍ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗاِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤١
Innallāha yumsikus-samāwāti wal-arḍa an tazūlā, wa la'in zālatā in amsakahumā min aḥadim mim ba‘dih(ī), innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[41]
Padha gumêdhe ana ing bumi sarta padha anglakoni panggawe ala, maeka marang Rasulullah, nanging paekane ora pisan malarati marang Rasulullah, malah mlarati marang awake dhewe lan marang para wangsane. Wong kaphir ing Mêkah mau mung ngêntèni siksaning Allah, kaya kang wis ditindakake marang para umat ing jaman kuna, awit sira wis wêruh yèn pranataning Allah ora kêna diowahi.
وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ جَاۤءَهُمْ نَذِيْرٌ لَّيَكُوْنُنَّ اَهْدٰى مِنْ اِحْدَى الْاُمَمِۚ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ نَذِيْرٌ مَّا زَادَهُمْ اِلَّا نُفُوْرًاۙ٤٢
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in jā'ahum nażīrul layakūnunna ahdā min iḥdal-umam(i), falammā jā'ahum nażīrum mā zādahum illā nufūrā(n).
[42]
Lan sira uga wis wêruh yèn siksaning Allah iku ora kêna dilironi wong.
ۨاسْتِكْبَارًا فِى الْاَرْضِ وَمَكْرَ السَّيِّئِۗ وَلَا يَحِيْقُ الْمَكْرُ السَّيِّئُ اِلَّا بِاَهْلِهٖ ۗفَهَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا سُنَّتَ الْاَوَّلِيْنَۚ فَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّتِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا ەۚ وَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّتِ اللّٰهِ تَحْوِيْلًا٤٣
Istikbāran fil-arḍi wa makras-sayyi'(i), wa lā yaḥīqul-makrus-sayyi'u illā bi'ahlih(ī), fahal yanẓurūna illā sunnatal-awwalīn(a), falan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n), wa lan tajida lisunnatillāhi taḥwīlā(n).
[43]
Wong kaphir ing Mêkah apa ora anjajah ing bumi, sarèhne wis padha anjajah ing bumi, wis wêruh patilasane wong kuna pirang-pirang, sadurunge wong Mêkah, kang padha ditumpês dening Allah marga ênggone maido rasule, tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli wong Mêkah. Isèn-isèning bumi lan langit ora ana kang bisa ngapêsake Allah, murungake ênggone niksa wong kang dadi parênging karsane. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur kuwasa.
اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَكَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعْجِزَهٗ مِنْ شَيْءٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ عَلِيْمًا قَدِيْرًا٤٤
Awalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim wa kānū asyadda minhum quwwah(tan), wa mā kānallāhu liyu‘jizahū min syai'in fis-samāwāti wa lā fil-arḍ(i), innahū kāna ‘alīman qadīrā(n).
[44]
Upama Allah matrapi manungsa kalawan sabênêring kaluputan kang wis padha dilakoni, amêsthi ora ana gêgrêmêtan ana lumahing bumi kang kêliwatan, kabèh sirna. Ewadene karsaning Allah ora mangkono, paniksaning manungsa disarantèkake têkan ing wêwangên kang tinamtokake. Iya iku besuk dina kiyamat.
وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللّٰهُ النَّاسَ بِمَا كَسَبُوْا مَا تَرَكَ عَلٰى ظَهْرِهَا مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّلٰكِنْ يُّؤَخِّرُهُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِعِبَادِهٖ بَصِيْرًا ࣖ٤٥
Wa lau yu'ākhiżullāhun-nāsa bimā kasabū mā taraka ‘alā ẓahrihā min dābbatiw wa lākiy yu'akhkhiruhum ilā ajalim musammā(n), fa iżā jā'a ajaluhum fa innallāha kāna bi‘ibādihī baṣīrā(n).
[45]
Ing besuk manawa wis têkan wangêne, Allah mêsthi mirsani para kawulane, sapa kang bênêre disiksa [disi....ksa] lan sapa kang bênêre diganjar.