Surah Saba’

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِى الْاٰخِرَةِۗ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa lahul-ḥamdu fil-ākhirah(ti), wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[1] Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang kagungan samubarang isining bumi lan langit. Besuk ana ing akhirat, Allah uga kagungan sakèhing puji, ora beda kaya ana ing dunya. Allah iku Wicaksana tur Waspada.

يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى الْاَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاۤءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيْهَاۗ وَهُوَ الرَّحِيْمُ الْغَفُوْرُ٢
Ya‘lamu mā yaliju fil-arḍi wa mā yakhruju minhā wa mā yanzilu minas-samā'i wa mā ya‘ruju fīhā, wa huwar-raḥīmul-gafūr(u).
[2] Allah iku nguningani samubarang kang malêbu marang bumi sarana dipêndhêm utawa liyane, lan barang kang mêtu saka ing bumi sarana thukul utawa [u...tawa] liyane, apadene barang kang tumurun saka ing langit, kaya ta udan, lan barang kang munggah marang langit, kaya ta lakuning para kawulaning Allah lan liya -liyane. Allah iku Maha-asih tur kaparêng ngapura.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَأْتِيْنَا السَّاعَةُ ۗقُلْ بَلٰى وَرَبِّيْ لَتَأْتِيَنَّكُمْۙ عٰلِمِ الْغَيْبِۙ لَا يَعْزُبُ عَنْهُ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِ وَلَآ اَصْغَرُ مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْبَرُ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍۙ٣
Wa qālal-lażīna kafarū lā ta'tīnas-sā‘ah(tu), qul balā wa rabbī lata'tiyannakum, ‘ālimul-gaib(i), lā ya‘zubu ‘anhu miṡqālu żarratin fis-samāwāti wa lā fil-arḍi wa lā aṣgaru min żālika wa lā akbaru illā fī kitābim mubīn(in).
[3] Wong kaphir padha calathu: Dina kiyamat iku măngsa kêlakona (he Mukhammad) sira mangsulana: Iya, dêmi Pangeranku, kang nguningani barang kang samar-samar, ora pisan kasamaran saboboting sêmut kang cilik dhewe, ana ing bumi lan ana ing langit, apadene barang kang luwih cilik utawa luwih gêdhe tinimbang lan sêmut mau, uga ora kasamaran. Kabèh wis tinulisan ana ing Lohmahphul, dina kiyamat mêsthi kêlakon têka ing kowe.

لِّيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٤
Liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), ulā'ika lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[4] Kalakone dina kiyamat mau, Allah bakal angganjar para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, kabèh padha diapura kaluputane lan diparingi rijêkang[4] kang mulya, iya iku suwarga.

وَالَّذِيْنَ سَعَوْ فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ٥
Wal-lażīna sa‘au fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[5] Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare [jugar...e] Kuran ayat Ingsun, ngira yèn Ingsun iki apês, ora bisa niksa. Wong mangkono mau bakal padha Ingsun patrapi siksa kang ala dhewe tur nglarani.

وَيَرَى الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ هُوَ الْحَقَّۙ وَيَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِ٦
Wa yaral-lażīna ūtul-‘ilmal-lażī unzila ilaika mir rabbika huwal-ḥaqq(a), wa yahdī ilā ṣirāṭil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[6] Wong mukmin kang padha pinaringan kawruh surasane kitab kuna, padha wêruh yèn Kuran kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata têmên, lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang Mahamulya tur pinuji.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا هَلْ نَدُلُّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ يُّنَبِّئُكُمْ اِذَا مُزِّقْتُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍۙ اِنَّكُمْ لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍۚ٧
Wa qālal-lażīna kafarū hal nadullukum ‘alā rajuliy yunabbi'ukum iżā muzziqtum kulla mumazzaq(in), innakum lafī khalqin jadīd(in).
[7] Wong kaphir padha calathu marang kancane padha wong kaphir, mara kowe tak tuduhake sawijining lanang, iya iku Nabi Mukhammad kang pitutur marang kowe, ing besuk yèn kowe wis mati ajur dadi lêmah, ing têmbe kowe bakal diuripake manèh dadi titah anyar.

اَفْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَمْ بِهٖ جِنَّةٌ ۗبَلِ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ فِى الْعَذَابِ وَالضَّلٰلِ الْبَعِيْدِ٨
Aftarā ‘alallāhi każiban am bihī jinnah(tun), balil-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati fil-‘ażābi waḍ-ḍalālil-ba‘īd(i).
[8] Nabi Mukhammad têka pitutur mangkono mau, apa pancèn jaragan, gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka Allah, lan apa duwe lara owah. (Nabi Mukhammad ora gawe-gawe lan ora owah), nanging wong kang padha ora ngandêl bakal anane [a....nane] akhirat, iku wong kêsasar bangêt, ing têmbe bakal padha dipatrapi siksa.

اَفَلَمْ يَرَوْا اِلٰى مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ اِنْ نَّشَأْ نَخْسِفْ بِهِمُ الْاَرْضَ اَوْ نُسْقِطْ عَلَيْهِمْ كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيْبٍ ࣖ٩
Afalam yarau ilā mā baina aidīhim wa mā khalfahum minas-samā'i wal-arḍ(i), in nasya' nakhsif bihimul-arḍa au nusqiṭ ‘alaihim kisafam minas-samā'(i), inna fī żālika la'āyatal likulli ‘abdim munīb(in).
[9] Yagene wong kaphir mau padha ora andêlêng bumi lan langit, kang ana ing ngarêpe lan ing burine, iku kabèh kagungan Ingsun. Mênawa ana parênge karsaningsun, wong kaphir mau diuntal ing bumi kaya Si Karun biyèn, utawa Ingsun udani gêmpalaning langit, mêsthi kêlakon. Kang mangkono mau tumrap kawulaningsun kang sumungkêm marang Ingsun, mêsthi dadi tăndha yêktine kawasaningsun.

۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَا دَاوٗدَ مِنَّا فَضْلًاۗ يٰجِبَالُ اَوِّبِيْ مَعَهٗ وَالطَّيْرَ ۚوَاَلَنَّا لَهُ الْحَدِيْدَۙ١٠
Wa laqad ātainā dāwūda minnā faḍlā(n), yā jibālu awwibī ma‘ahū waṭ-ṭair(a), wa alannā lahul-ḥadīd(a).
[10] Ingsun wis maringi kaluwihan marang Nabi Dawud (pangandikaningsun): He gunung-gunung lan manuk kabèh, sira padha milua Nabi Dawud nyêbut Mahasuci marang Ingsun. Lan manèh Ingsun anglêmêsake wêsi ana ing tangane Nabi Dawud. (He Dawud) sira gawea kulambi kêre wêsi, trancangane kêre mau kang rapêt. Sira lan kancanira padha nglakonana panggawe bêcik. Ingsun iki mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

اَنِ اعْمَلْ سٰبِغٰتٍ وَّقَدِّرْ فِى السَّرْدِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١
Ani‘mal sābigātiw wa qaddir fis-sardi wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[11] Ingsun maringi bala angin marang Nabi Suleman, lakune angin mau satêngah dina wiwit esuk, padha lan lêlakon sêsasi, awit têngange têkan surup uga lêlakon sêsasi. Lan manèh Ingsun dalèdèkake têmbaga, mili saka pêlikane kaya kali, kanggo butuhe Nabi Suleman. Apadene Nabi Suleman Ingsun wênangake marentah sarupaning jin, sawênèhing jin mau ana kang nyambut gawe nglakoni parentahe Nabi Suleman, kalawan idining Pangerane, jin mau sing sapa suthik anglakoni parentah Ingsun, ambangkang parentahe Nabi Suleman, banjur Ingsun wêruhake rasane siksa Naraka Sangir.

وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ غُدُوُّهَا شَهْرٌ وَّرَوَاحُهَا شَهْرٌۚ وَاَسَلْنَا لَهٗ عَيْنَ الْقِطْرِۗ وَمِنَ الْجِنِّ مَنْ يَّعْمَلُ بَيْنَ يَدَيْهِ بِاِذْنِ رَبِّهٖۗ وَمَنْ يَّزِغْ مِنْهُمْ عَنْ اَمْرِنَا نُذِقْهُ مِنْ عَذَابِ السَّعِيْرِ١٢
Wa lisulaimānar-rīḥa guduwwuhā syahruw wa rawāḥuhā syahr(un), wa asalnā lahū ‘ainal-qiṭr(i), wa minal-jinni may ya‘malu baina yadaihi bi'iżni rabbih(ī), wa may yazig minhum ‘an amrinā nużiqhu min ‘ażābis-sa‘īr(i).
[12] Jin mau padha ngèstokake dhawuhe Nabi Suleman, anggawèkake masjid pirang- pirang, rêca pirang-pirang, balumbang pirang-pirang, lan kêndhil gêdhe bangêt, nganti ora kêna diêlih. He para kulawargane Nabi Dawud, sira padha nglakonana sukur ing Allah, para kawulaningsun kang sukur mung sathithik.

يَعْمَلُوْنَ لَهٗ مَا يَشَاۤءُ مِنْ مَّحَارِيْبَ وَتَمَاثِيْلَ وَجِفَانٍ كَالْجَوَابِ وَقُدُوْرٍ رّٰسِيٰتٍۗ اِعْمَلُوْٓا اٰلَ دَاوٗدَ شُكْرًا ۗوَقَلِيْلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُوْرُ١٣
Ya‘malūna lahū mā yasyā'u mim maḥārība wa tamāṡīla wa jifānin kal-jawābi wa qudūrir-rāsiyāt(in), i‘malū āla dāwūda syukrā(n), wa qalīlum min ‘ibādiyasy-syakūr(u).
[13] Barêng Nabi Suleman wus Ingsun karsakake mati, (ana ing Baitul Mukadas, matine Nabi Suleman kalawan ngadêg, leyangan têkêne, lawase [lawa...se] nganti sataun, ora ana kang wêruh yèn Nabi Suleman iku wis mati) konangane yèn Nabi Suleman wis mati, awit têkêne dipangan ing rayap. Barêng têkêne tugêl, Nabi Suleman ambruk. Ing kono jin kang ngaku wêruh barang kang gaib, têtela goroh, awit upama jin wêruha barang kang gaib, mêsthi wêruh yèn Nabi Suleman wis mati, lan banjur ora gêlêm anglakoni pagawean kang abot, prasasat ana sajroning siksa kang ngrèmèhake.

فَلَمَّا قَضَيْنَا عَلَيْهِ الْمَوْتَ مَا دَلَّهُمْ عَلٰى مَوْتِهٖٓ اِلَّا دَاۤبَّةُ الْاَرْضِ تَأْكُلُ مِنْسَاَتَهٗ ۚفَلَمَّا خَرَّ تَبَيَّنَتِ الْجِنُّ اَنْ لَّوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ الْغَيْبَ مَا لَبِثُوْا فِى الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۗ١٤
Falammā qaḍainā ‘alaihil-mauta mā dallahum ‘alā mautihī illā dābbatul-arḍi ta'kulu minsa'atah(ū), falammā kharra tabayyanatil-jinnu allau kānū ya‘lamūnal-gaiba mā labiṡū fil-‘ażābil-muhīn(i).
[14] Palêmahan ing tanah Yaman kang diênggoni para turune Kyai Saba, ana tăndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah. Ing kono ana palêmahan rong panggonan, kang siji ana sisih têngên, sijine ana sisih kiwa, wong ing kono padha didhawuhi dening nabine têrang saka Allah, kowe padha mangana rijêki pêparinging Allah Pangeranmu, lan padha sukura ing Pangeranmu. Nagara Yaman iki nagara bêcik, (eman yèn nganti rusak marga dening kaluputanmu). Allah iku Pangeran kang ngapura dosa.

لَقَدْ كَانَ لِسَبَاٍ فِيْ مَسْكَنِهِمْ اٰيَةٌ ۚجَنَّتٰنِ عَنْ يَّمِيْنٍ وَّشِمَالٍ ەۗ كُلُوْا مِنْ رِّزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوْا لَهٗ ۗبَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَّرَبٌّ غَفُوْرٌ١٥
Laqad kāna lisaba'in fī maskanihim āyah(tun), jannatāni ‘ay yamīniw wa syimāl(in), kulū mir rizqi rabbikum wasykurū lah(ū), baldatun ṭayyibatuw wa rabbun gafūr(un).
[15] Wong ing kono padha malengos, suthik sukur ing Allah, mulane banjur Ingsun têkani banjir saka udan gêdhe lan bêdhahing bêndungan gaweaning Ratu Bulkis, palêmahane kang loh rong panggonan mau, Ingsun dadèkake palêmahan cêngkar kang mêtokake wowohan pait, lan woh atsal, apadene widara mung sathithik.

فَاَعْرَضُوْا فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ سَيْلَ الْعَرِمِ وَبَدَّلْنٰهُمْ بِجَنَّتَيْهِمْ جَنَّتَيْنِ ذَوَاتَيْ اُكُلٍ خَمْطٍ وَّاَثْلٍ وَّشَيْءٍ مِّنْ سِدْرٍ قَلِيْلٍ١٦
Fa a‘raḍū fa arsalnā ‘alaihim sailal-‘arimi wa baddalnāhum bijannataihim jannataini żawātai ukulin khamṭiw wa aṡliw wa syai'im min sidrin qalīl(in).
[16] Kang mangkono mau Ingsun ênggo matrapi para turune Saba, marga ênggone padha kaphir. Sapa ta kang Ingsun patrapi mangkono kajaba para wong kaphir.

ذٰلِكَ جَزَيْنٰهُمْ بِمَا كَفَرُوْاۗ وَهَلْ نُجٰزِيْٓ اِلَّا الْكَفُوْرَ١٧
Żālika jazaināhum bimā kafarū, wa hal nujāzī illal-kafūr(a).
[17] Ingsun andokoki desa pirang-pirang kang urut-urutan, ana antarane desa panggonane wong turun Saba lan nagara kang Ingsun barkahi, iya iku nagara Sam. Doh cêdhake siji-sijining desa lan liyane, watara sapalèrènane wong malaku. He para turune Saba, sira padha mlakua ana ing dalan iku pirang-pirang dina lan pirang-pirang wêngi kalawan têntrêm.

وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ الْقُرَى الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا قُرًى ظَاهِرَةً وَّقَدَّرْنَا فِيْهَا السَّيْرَۗ سِيْرُوْا فِيْهَا لَيَالِيَ وَاَيَّامًا اٰمِنِيْنَ١٨
Wa ja‘alnā bainahum wa bainal-qural-latī bāraknā fīhā quran ẓāhirataw wa qaddarnā fihas-sair(a), sīrū fīhā layāliya wa ayyāman āminīn(a).
[18] Wong Saba banjur padha munjuk ing Allah. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nêbihna lêlampahan [lêlampah...an] kawula punika, wong Saba mau padha nganiaya awake dhewe kalawan kaphir, mulane banjur Ingsun buyarake, dadi padha pating balêsar marang nagara liyan, lêlakone Ingsun dadèkake lupiya tumrap wong-wong sapungkure. Kang mangkono iku tumrap wong kang têguh atine sarta sukur ing Allah, mêsthi dadi tăndha yêktining kawasaningsun.

فَقَالُوْا رَبَّنَا بٰعِدْ بَيْنَ اَسْفَارِنَا وَظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَ وَمَزَّقْنٰهُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ١٩
Fa qālū rabbanā bā‘id baina asfārinā wa ẓalamū anfusahum fa ja‘alnāhum aḥādīṡa wa mazzaqnāhum kulla mumazzaq(in), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[19] Iblis wis gawe kanyataan, têtela kaya panyanane wong Saba. Wong Saba banjur padha manut laku jantrane iblis, kajaba mung wong mukmin sathithik kang ora manut iblis.

وَلَقَدْ صَدَّقَ عَلَيْهِمْ اِبْلِيْسُ ظَنَّهٗ فَاتَّبَعُوْهُ اِلَّا فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٠
Wa laqad ṣaddaqa ‘alaihim iblīsu ẓannahū fattaba‘ūhu illā farīqam minal-mu'minīn(a).
[20] Iblis ênggone Ingsun gadhuhi pangawasa bisa anggodha manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kalawan gumêlar, sapa kang têmên pracaya bakal ananing akhirat, lan sapa kang atine mamang bakal anane akhirat mau. Allah Pangeranira iku nyathêti samubarang.

وَمَا كَانَ لَهٗ عَلَيْهِمْ مِّنْ سُلْطَانٍ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يُّؤْمِنُ بِالْاٰخِرَةِ مِمَّنْ هُوَ مِنْهَا فِيْ شَكٍّ ۗوَرَبُّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ ࣖ٢١
Wa mā kāna lahū ‘alaihim min sulṭānin illā lina‘lama may yu'minu bil-ākhirati mimman huwa minhā fī syakk(in), wa rabbuka ‘alā kulli syai'in ḥafīẓ(un).
[21] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah: Mara padha anjêjaluka marang brahala kang padha koanggêp Pangeran liyane Allah, brahala mau ora duwe isining bumi lan langit, [la.....ngit,] saboboting sêmut bae, milu duwe bae ora. Allah ênggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala.

قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِۚ لَا يَمْلِكُوْنَ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِ وَمَا لَهُمْ فِيْهِمَا مِنْ شِرْكٍ وَّمَا لَهٗ مِنْهُمْ مِّنْ ظَهِيْرٍ٢٢
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnillāh(i), lā yamlikūna miṡqāla żarratin fis-samāwāti wa lā fil-arḍi wa mā lahum fīhimā min syirkiw wa mā lahū minhum min ẓahīr(in).
[22] Sarupaning paturan ana ngarsaning Allah kang makolèhake sawijining wong, ora ana kang migunani, kajaba paturaning wong kang wis diparêngake dening Allah, malah besuk yèn wong kang arêp duwe paturan mau wis ilang wêdine lan girising ati, banjur padha takon-tinakon: Allah Pangeran sampeyan ngandika punapa, kang tinakonan mangsuli: Allah ngandika kalayan nyata, sampun marêngakên kula sami darbe paturan. Allah punika Mahaluhur tur Maha-agung.

وَلَا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا لِمَنْ اَذِنَ لَهٗ ۗحَتّٰىٓ اِذَا فُزِّعَ عَنْ قُلُوْبِهِمْ قَالُوْا مَاذَاۙ قَالَ رَبُّكُمْۗ قَالُوا الْحَقَّۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ٢٣
Wa lā tanfa‘usy-syafā‘atu ‘indahū illā liman ażina lah(ū), ḥattā iżā fuzzi‘a ‘an qulūbihim qālū māżā, qāla rabbukum, qālul-ḥaqq(a), wa huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[23] (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang awèh rijêki marang kowe, rupa banyu udan saka ing langit, lan rupa thêthukulan saka ing bumi, wong kaphir mêsthi ora mangsuli. Sira banjur dhawuha: Kang paring rijêki iku Allah, dene aku lan kowe iki, salah siji olèh pituduh bênêr, sijine kêsasar têmênan.

۞ قُلْ مَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلِ اللّٰهُ ۙوَاِنَّآ اَوْ اِيَّاكُمْ لَعَلٰى هُدًى اَوْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Qul may yarzuqukum minas-samāwāti wal-arḍ(i), qulillāh(u), wa innā au iyyākum la‘alā hudan au fī ḍalālim mubīn(in).
[24] Sira dhawuha manèh: Kowe ora bakal [ba...kal] didangu dening Allah bab kaluputanku, aku iya ora bakal didangu prakara kang wis padha kolakoni.

قُلْ لَّا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّآ اَجْرَمْنَا وَلَا نُسْـَٔلُ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٢٥
Qul lā tus'alūna ‘ammā ajramnā wa lā nus'alu ‘ammā ta‘malūn(a).
[25] Lan sira dhawuha manèh: Besuk dina kiyamat, Pangeranku ambètèhake aku lan kowe, banjur ngrampungi prakaraku lan kowe kalawan bênêr. Allah iku kang kawasa ngrampungi prakara tur nguningani kang diagêm mancas prakara.

قُلْ يَجْمَعُ بَيْنَنَا رَبُّنَا ثُمَّ يَفْتَحُ بَيْنَنَا بِالْحَقِّۗ وَهُوَ الْفَتَّاحُ الْعَلِيْمُ٢٦
Qul yajma‘u bainanā rabbunā ṡumma yaftaḥu bainanā bil-ḥaqq(i), wa huwal-fattāḥul-‘alīm(u).
[26] (He Mukhammad) sira dhawuha: Mara aku tuduhna barang kang padha kogolongake ing Allah kanggo maro tingal, ora ta, wis ora bae yèn padha lan Allah, Allah iku Mahamulya, mênang dhewe, ora ana kang madhani tur wicaksana.

قُلْ اَرُوْنِيَ الَّذِيْنَ اَلْحَقْتُمْ بِهٖ شُرَكَاۤءَ كَلَّا ۗبَلْ هُوَ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢٧
Qul arūniyal-lażīna alḥaqtum bihī syurakā'a kallā, bal huwallāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[27] Enggon Ingsun ngutus sira Mukammad, sumarambah marang manungsa sajagad, ambêbungah kalawan olèh ganjaran suwarga, sarta mêmêdèni bakal disiksa ana naraka. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora wêruh.

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا كَاۤفَّةً لِّلنَّاسِ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٨
Wa mā arsalnāka illā kāffatal lin-nāsi basyīraw wa nażīraw wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[28] Wong kaphir ing Mêkah padha calathu: Mênawi dhawuh sampeyan punika têmên, benjing punapa kalampahanipun siksa naraka ingkang dipun ancamakên punika.

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٩
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[29] Sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah, kowe wis padha diwangêni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sajam bae.

قُلْ لَّكُمْ مِّيْعَادُ يَوْمٍ لَّا تَسْتَأْخِرُوْنَ عَنْهُ سَاعَةً وَّلَا تَسْتَقْدِمُوْنَ ࣖ٣٠
Qul lakum mī‘ādu yaumil lā tasta'khirūna ‘anhu sā‘ataw wa lā tastaqdimūn(a).
[30] Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap: Aku ora ngandêl unine Kuran iki, lan unine kitab-kitab sadurunge Kuran, kang padha mratelakake dina kiyamat lan kaanane Nabi Mukhammad. (He Mukhammad) besuk ana ing akhirat, sira andêlêng para wong kaphir nalikane padha dijèjèr ana ngarsaning Pangerane, siji-sijining wong padha tutuh-tinutuh lan kancane. Panutuhe kang cilik marang panggêdhene: Aku ajaa kojak kaphir, mêsthi ngandêl ing Allah lan Rasulullah.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ بِهٰذَا الْقُرْاٰنِ وَلَا بِالَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِۗ وَلَوْ تَرٰىٓ اِذِ الظّٰلِمُوْنَ مَوْقُوْفُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْۖ يَرْجِعُ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضِ ِۨالْقَوْلَۚ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا لَوْلَآ اَنْتُمْ لَكُنَّا مُؤْمِنِيْنَ٣١
Wa qālal-lażīna kafarū lan nu'mina bihāżal-qur'āni wa lā bil-lażī baina yadaih(i), wa lau tarā iżiẓ-ẓālimūna mauqūfūna ‘inda rabbihim, yarji‘u ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍinil-qaul(a), yaqūlul-lażīnastuḍ‘ifū lil-lażīnastakbarū lau lā antum lakunnā mu'minīn(a).
[31] Para panggêdhene mangsuli panutuhing wong cilik: Apa aku nyêgah ênggonmu arêp anglakoni pituduh bênêr sawise kowe didhawuhi ing rasul (aku ora rumasa) nanging kowe padha kaphir saka karêpmu dhewe.

قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْٓا اَنَحْنُ صَدَدْنٰكُمْ عَنِ الْهُدٰى بَعْدَ اِذْ جَاۤءَكُمْ بَلْ كُنْتُمْ مُّجْرِمِيْنَ٣٢
Qālal-lażīnastakbarū lil-lażīnastuḍ‘ifū anaḥnu ṣadadnākum ‘anil-hudā ba‘da iż jā'akum bal kuntum mujrimīn(a).
[32] Calathune wong cilik marang panggêdhene: Kang nyêgah ênggonku arêp anglakoni pituduh bênêr pambujukmu marang aku tanpa kêndhat, rina lan wêngi aku tansah kopurih maido ing Allah kopurih nyêmbah brahala, mangeran liyane Allah, ewadene wong kaphir mau nalikane padha andêlêng siksa, padha nutupi kaduwunge. Gulune wong kaphir padha Ingsun balênggu. Kang mangkono iku dudu panganiaya, mung tumănja patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا بَلْ مَكْرُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ اِذْ تَأْمُرُوْنَنَآ اَنْ نَّكْفُرَ بِاللّٰهِ وَنَجْعَلَ لَهٗٓ اَنْدَادًا ۗوَاَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَۗ وَجَعَلْنَا الْاَغْلٰلَ فِيْٓ اَعْنَاقِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ هَلْ يُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٣٣
Wa qālal-lażīnastuḍ‘ifū lil-lażīnastakbarū bal makrul-laili wan-nahāri iż ta'murūnanā an nakfura billāhi wa naj‘ala lahū andādā(n), wa asarrun-nadāmata lammā ra'awul-‘ażāb(a), wa ja‘alnal-aglāla fī a‘nāqil-lażīna kafarū, hal yujzauna illā mā kānū ya‘malūn(a).
[33] Mênawa Ingsun ngutus rasul ana sawijining desa, panggêdhene ing desa kono mêsthi calathu: Parentah ingkang sampeyan dhawuhakên punika, kula maibên.

وَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٤
Wa mā arsalnā min qaryatim min nażīrin illā qāla mutrafūhā, innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[34] Wong kaphir padha ngucap: Kula sami sugih băndha sarta sugih anak, punika tăndha yèn lampah kula punika sampun dipun parêngakên dening Pangeran, sampun botên kemawon kula badhe dipun siksa.

وَقَالُوْا نَحْنُ اَكْثَرُ اَمْوَالًا وَّاَوْلَادًاۙ وَّمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٣٥
Wa qālū naḥnu akṡaru amwālaw wa aulādā(n), wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[35] (He Mukhammad) sira mangsulana: Iku dudu tăndha yêkti, satêmêne Allah Pangeranku iku paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang diparingi mung cumpèn bae, ewadene wong kaphir ing Mêkah, iku kang akèh padha ora wêruh.

قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٣٦
Qul inna rabbī yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdiru wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[36] Kang nyêdhakake sira marang Ingsun iku dudu bandhanira lan dudu para anakira, kajaba wong kang pracaya marang Ingsun lan anglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha olèh ganjaran tikêl tinimbang lan murwating kabêcikan kang wis padha dilakoni, wong mau ana ing suwarga padha têntrêm atine.

وَمَآ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ بِالَّتِيْ تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفٰىٓ اِلَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًاۙ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَزَاۤءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوْا وَهُمْ فِى الْغُرُفٰتِ اٰمِنُوْنَ٣٧
Wa mā amwālukum wa lā aulādukum bil-latī tuqarribukum ‘indanā zulfā illā man āmana wa ‘amila ṣāliḥā(n), fa'ulā'ika lahum jazā'uḍ-ḍi‘fi bimā ‘amilū wa hum fil-gurufāti āminūn(a).
[37] Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare Kuran ayat Ingsun, ngira yèn Ingsun iki apês, ora bisa niksa marang wong mau, wong mau ing têmbe bakal diajokake marang naraka, panggonaning siksa.

وَالَّذِيْنَ يَسْعَوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ٣٨
Wal-lażīna yas‘auna fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika fil-‘ażābi muḥḍarūn(a).
[38] (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne Allah Pangeranku paring rijêki akèh marang para kawulane. Endi kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang mung dicumpèni bae. Samubarang kang kowèwèhake marang wong, Allah bakal paring lirune barang mau. Allah iku bêcik-bêcike kang paring [pa..ring] rijêki.

قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗ ۗوَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهٗ ۚوَهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٣٩
Qul inna rabbī yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdiru lah(ū), wa mā anfaqtum min syai'in fahuwa yukhlifuh(ū), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[39] Lan sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun ngimpun para wong kaphir, padha nglumpuk dadi siji, Allah banjur andangu marang para malaikat: Wong kaphir iku apa dha[5] nyêmbah marang sira.

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ يَقُوْلُ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اَهٰٓؤُلَاۤءِ اِيَّاكُمْ كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ٤٠
Wa yauma yaḥsyuruhum jamī‘an ṡumma yaqūlu lil-malā'ikati ahā'ulā'i iyyākum kānū ya‘budūn(a).
[40] Para malaikat padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika Mahasuci. Tujuning manah kawula punika dhatêng Tuwan, botên dhatêng tiyang kaphir punika. Saèstunipun tiyang kaphir punika sami nyêmbah setan, tiyang kaphir punika ingkang kathah sami ngandêl dhatêng setan.

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ اَنْتَ وَلِيُّنَا مِنْ دُوْنِهِمْ ۚبَلْ كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ الْجِنَّ اَكْثَرُهُمْ بِهِمْ مُّؤْمِنُوْنَ٤١
Qālū subḥānaka anta waliyyunā min dūnihim, bal kānū ya‘budūnal-jinna akṡaruhum bihim mu'minūn(a).
[41] Ing dina iku ora ana wong bisa makolèhake utawa maeka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang wong kaphir: Mara padha ngrasakna siksa naraka, kang padha sira paido biyèn.

فَالْيَوْمَ لَا يَمْلِكُ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ نَّفْعًا وَّلَا ضَرًّا ۗوَنَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذُوْقُوْا عَذَابَ النَّارِ الَّتِيْ كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ٤٢
Fal-yauma lā yamliku ba‘ḍukum liba‘ḍin naf‘aw wa ḍarrā(n), wa naqūlu lil-lażīna ẓalamū żūqū ‘ażāban-nāril-latī kuntum bihā tukażżibūn(a).
[42] Wong kaphir mau mênawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, kalawan cêtha têrang, banjur padha ngucap: Nabi Mukhammad iki ora liwat mung wong lanang sumêja ngalang-alangi ênggonmu padha nyêmbah brahala sêsêmbahane para lêluhurmu biyèn. Kuran iki ora liwat [li...wat] mung ngucap goroh lan gawe-gawe, wong kaphir mau nalikane didhawuhi Kuran kang nyata bênêr padha ngucap: Kuran kang diawadake têmên lan bênêr iki, ora liwat mung sikhir kang wis têtela.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّا رَجُلٌ يُّرِيْدُ اَنْ يَّصُدَّكُمْ عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُكُمْ ۚوَقَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّآ اِفْكٌ مُّفْتَرًىۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۙ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٤٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālū mā hāżā illā rajuluy yurīdu ay yaṣuddakum ‘ammā kāna ya‘budu ābā'ukum, wa qālū mā hāżā illā ifkum muftarā(n), wa qālal-lażīna kafarū lil-ḥaqqi lammā jā'ahum, in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[43] Wong kaphir ing Mêkah ora Ingsun paringi kitab wêwacan kang mratelakake yèn mare[6] tingal iku bênêr, lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang andhawuhake yèn maro tingal iku bênêr.

وَمَآ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ كُتُبٍ يَّدْرُسُوْنَهَا وَمَآ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ قَبْلَكَ مِنْ نَّذِيْرٍۗ٤٤
Wa mā ātaināhum min kutubiy yadrusūnahā wa mā arsalnā ilaihim qablaka min nażīr(in).
[44] Para umat ing jaman kuna sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, iya padha maido para rasul. Pêparing Ingsun marang wong kaphir ing Mêkah durung madhani sapara sapuluhe pêparing Ingsun marang para umat ing jaman kuna, bab dawaning umure, sugihe băndha lan sugihe anak, nanging para umat ing jaman kuna padha maido utusan Ingsun. Kapriye ta dêdukaningsun marang wong mau, mêsthi padha Ingsun siksa kang bangêt.

وَكَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۙ وَمَا بَلَغُوْا مِعْشَارَ مَآ اٰتَيْنٰهُمْ فَكَذَّبُوْا رُسُلِيْۗ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ ࣖ٤٥
Wa każżabal-lażīna min qablihim, wa mā balagū mi‘syāra mā ātaināhum fakażżabū rusulī, fakaifa kāna nakīr(i).
[45] (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku pitutur marang kowe mung saprakara bae, iya iku, saiki padha mundura saka ing kene, nanging banjur padha marsudia kang bênêr mungguhing [mungguh...ing] Allah, rêrêmbugana wong loro utawa mikir ijèn. Sawise olèh panêmu, banjur pakumpulana, mupakat bab ênggonmu ngarani yèn Nabi Mukhammad iku duwe lara owah, kapriye katêrangane. Mêsthi ora nyata. Nabi Mukhammad iku nabi kang mêmêdèni marang kowe ana ngarêping siksa kang abot.

۞ قُلْ اِنَّمَآ اَعِظُكُمْ بِوَاحِدَةٍۚ اَنْ تَقُوْمُوْا لِلّٰهِ مَثْنٰى وَفُرَادٰى ثُمَّ تَتَفَكَّرُوْاۗ مَا بِصَاحِبِكُمْ مِّنْ جِنَّةٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا نَذِيْرٌ لَّكُمْ بَيْنَ يَدَيْ عَذَابٍ شَدِيْدٍ٤٦
Qul innamā a‘iẓukum biwāḥidah(tin), an taqūmū lillāhi maṡnā wa furādā ṡumma tatafakkarū, mā biṣāḥibikum min jinnah(tin), in huwa illā nażīrul lakum baina yadai ‘ażābin syadīd(in).
[46] (He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe, kang mêsthi paring ganjaran marang aku mung Allah piyambak. Allah iku mirsani samubarang.

قُلْ مَا سَاَلْتُكُمْ مِّنْ اَجْرٍ فَهُوَ لَكُمْۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ٤٧
Qul mā sa'altukum min ajrin fahuwa lakum, in ajriya illā ‘alallāh(i), wa huwa ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[47] (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne Allah Pangeranku andhawuhake parentah kang bênêr tur nguningani samubarang kang samar- samar.

قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَقْذِفُ بِالْحَقِّۚ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ٤٨
Qul inna rabbī yaqżifu bil-ḥaqq(i), ‘allāmul-guyūb(i).
[48] (He Mukhammad) sira dhawuha: Saiki Kuran kang anggêlarake agama Islam, wis dhumawuh. Dene barang kang luput, saiki sirna lan ora bakal thukul manèh.

قُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَمَا يُبْدِئُ الْبَاطِلُ وَمَا يُعِيْدُ٤٩
Qul jā'al-ḥaqqu wa mā yubdi'ul-bāṭilu wa mā yu‘īd(u).
[49] (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa aku nasar, sangsarane mêsthi mlarati marang awakku dhewe, dene yèn aku nêtêpi pituduh bênêr, iku marga saka Kuran kang wis didhawuhake dening Allah Pangeranku marang aku. Satêmêne Allah iku miyarsa tur cêdhak.

قُلْ اِنْ ضَلَلْتُ فَاِنَّمَآ اَضِلُّ عَلٰى نَفْسِيْۚ وَاِنِ اهْتَدَيْتُ فَبِمَا يُوْحِيْٓ اِلَيَّ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ٥٠
Qul in ḍalaltu fa'innamā aḍillu ‘alā nafsī, wa inihtadaitu fabimā yūḥī ilayya rabbī, innahū samī‘un qarīb(un).
[50] (He Mukhammad) mênawa sira andêlêng nalikane wong kaphir padha giris wêruh siksa naraka, iku sira wêruh prakara gêdhe. Wong kaphir wis ora bisa mlayu ngoncati siksa. Wong kaphir padha kapikut saka panggonan kang cêdhak.

وَلَوْ تَرٰىٓ اِذْ فَزِعُوْا فَلَا فَوْتَ وَاُخِذُوْا مِنْ مَّكَانٍ قَرِيْبٍۙ٥١
Wa lau tarā iż fazi‘ū falā fauta wa ukhiżū mim makānin qarīb(in).
[51] Wong kaphir padha ngucap: Sapunika kula ngandêl dhatêng Nabi Mukhammad, saha dhatêng Kuran, pangucape mangkono mau tanpa gawe. Kapriye bisane katarima tobate saka panggonan kang adohe tanpa wangênan, (têgêse katarimane tobat iku ana ing dunya, kang măngka wong kaphir mau wis ana ing akhirat).

وَّقَالُوْٓا اٰمَنَّا بِهٖۚ وَاَنّٰى لَهُمُ التَّنَاوُشُ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍۚ٥٢
Wa qālū āmannā bih(ī), wa annā lahumut-tanāwusyu mim makānim ba‘īd(in).
[52] Sadurunge andêlêng siksa, wong kaphir wis padha maido Kuran lan Nabi Mukhammad, apadene padha nandukake pangala-ala marang Nabi Mukhammad nganggo barang kang gaib, (calathune: ora ana suwarga lan naraka). Calathune mangkono mau, [ma...u,] adoh bangêt yèn wêruha katêrangane.

وَقَدْ كَفَرُوْا بِهٖ مِنْ قَبْلُۚ وَيَقْذِفُوْنَ بِالْغَيْبِ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍۚ٥٣
Wa qad kafarū bihī min qabl(u), wa yaqżifūna bil-gaibi mim makānim ba‘īd(in).
[53] Wong kaphir mau padha dialing-alingi, ora bisa kêlakon samubarang kang dipengini, kaya ta iman, katarima tobate, bali marang ing dunya lan sapanunggalane.

وَحِيْلَ بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ مَا يَشْتَهُوْنَۙ كَمَا فُعِلَ بِاَشْيَاعِهِمْ مِّنْ قَبْلُۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا فِيْ شَكٍّ مُّرِيْبٍ ࣖ٥٤
Wa ḥīla bainahum wa baina mā yasytahūn(a), kamā fu‘ila bi'asy-yā‘ihim min qabl(u), innahum fī syakkim murīb(in).
[54] Wong kaphir padha ditindakake kaya kănca-kancane wong kaphir ing jaman kuna, ora ditarima tobate, awit padha mamang marang rasul lan anane dina kiyamat.