Surah Al-Ahzab

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اتَّقِ اللّٰهَ وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ١
Yā ayyuhan-nabiyyuttaqillāha wa lā tuṭi‘il-kāfirīna wal-munāfiqīn(a), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[1] He nabi kang ngundhangake parentah Ingsun, sira tulusa ênggonira wêdi ing Allah, aja manut marang para wong kaphir lan wong maro tingal. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang tur wicaksana.

وَّاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًاۙ٢
Wattabi‘ mā yūḥā ilaika mir rabbik(a), innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[2] Sira manuta Kuran kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha dilakoni.

وَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٣
Wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[3] Sira pasraha ing Allah, samubarang prakaranira, awit wis cukup Allah piyambak kang ngrêksa ing sira.

مَا جَعَلَ اللّٰهُ لِرَجُلٍ مِّنْ قَلْبَيْنِ فِيْ جَوْفِهٖ ۚوَمَا جَعَلَ اَزْوَاجَكُمُ الّٰـِٕۤيْ تُظٰهِرُوْنَ مِنْهُنَّ اُمَّهٰتِكُمْ ۚوَمَا جَعَلَ اَدْعِيَاۤءَكُمْ اَبْنَاۤءَكُمْۗ ذٰلِكُمْ قَوْلُكُمْ بِاَفْوَاهِكُمْ ۗوَاللّٰهُ يَقُوْلُ الْحَقَّ وَهُوَ يَهْدِى السَّبِيْلَ٤
Mā ja‘alallāhu lirajulim min qalbaini fī jaufih(ī), wa mā ja‘ala azwājakumul-lā'ī tuẓāhirūna minhunna ummahātikum, wa mā ja‘ala ad‘iyā'akum abnā'akum, żālikum qaulukum bi'afwāhikum, wallāhu yaqūlul-ḥaqqa wa huwa yahdis-sabīl(a).
[4] Allah ora andokoki ati loro ana ing wêtênge wong lanang siji, lan ora nêtêpake rabinira kang sira liari[11] (sira èmpêrake biyungira) iku dadi biyungira, apadene ora andadèkake anakira angkat dadi anakira têmên. He wong Yahudi, kang nêtêpake dadi anak iku mung pangucaping cangkêmira, iku luput. Dene pangandikaning Allah iku têmên lan nyata. Allah iku paring pituduh dalan kang bênêr.

اُدْعُوْهُمْ لِاٰبَاۤىِٕهِمْ هُوَ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِ ۚ فَاِنْ لَّمْ تَعْلَمُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِ وَمَوَالِيْكُمْ ۗوَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ فِيْمَآ اَخْطَأْتُمْ بِهٖ وَلٰكِنْ مَّا تَعَمَّدَتْ قُلُوْبُكُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥
Ud‘ūhum li'ābā'ihim huwa aqsaṭu ‘indallāh(i), fa illam ta‘lamū ābā'ahum fa ikhwānukum fid-dīni wa mawālīkum, wa laisa ‘alaikum junāḥun fīmā akhṭa'tum bihī wa lākim mā ta‘ammadat qulūbukum, wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[5] Sira padha ngaranana sadhengah wong anaking bapakne têmên, (ora anaking bapa angkat) iku mungguh Allah luwih dening bênêr, dene yèn sira ora wêruh bapakne têmên, sira akua mitra utawa sadulur tunggal agama (yèn wong iku Islam) dene sadurunge ana pêpacak iki, ênggonira ngarani wong anake bapakne angkat, iku ora dadi apa, nanging sawise ana pêpacak iki, ênggonira ngarani wong anaking bapa angkat, kalawan jaragan, iku sira kaluputan, Allah iku kaparêng [kapa...rêng] ngapura dosa tur Maha-asih.

اَلنَّبِيُّ اَوْلٰى بِالْمُؤْمِنِيْنَ مِنْ اَنْفُسِهِمْ وَاَزْوَاجُهٗٓ اُمَّهٰتُهُمْ ۗوَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ اِلَّآ اَنْ تَفْعَلُوْٓا اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕكُمْ مَّعْرُوْفًا ۗ كَانَ ذٰلِكَ فِى الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٦
An-nabiyyu aulā bil-mu'minīna min anfusihim wa azwājuhū ummahātuhum, wa ulul-arḥāmi ba‘ḍuhum aulā biba‘ḍin fī kitābillāhi minal-mu'minīna wal-muhājirīna illā an taf‘alū ilā auliyā'ikum ma‘rūfā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[6] Nabi Mukhammad iku nguwasani marang para wong mukmin ing prakara dunya lan prakara agama, ngungkuli wong mukmin ênggone nguwasani marang awake dhewe, dalah para rabine Nabi Mukhammad iku manjing dadi biyunge para wong mukmin kabèh, dene para sanake wong mukmin, iku siji-sijining sanak ênggone nguwasani marang wong mukmin mau ngungkuli sanak liyane bab ênggone olèh panduman waris, mawa-mawa doh cêdhake. Kasêbut ing kukuming kitab, ngungkuli waris para wong mukmin lan para sakabat kang andhèrèk ngalih marang Madinah, iku kajaba yèn sira nêja gawe kabêcikan, wasiyat marang wong kang sira sihi kang ora kalêbu aliwaris, iku kêna. Pranatan kang mangkono iku wis tinulis ana ing Lohmahphul.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِنَ النَّبِيّٖنَ مِيْثَاقَهُمْ وَمِنْكَ وَمِنْ نُّوْحٍ وَّاِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۖوَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًاۙ٧
Wa iż akhażnā minan-nabiyyīna mīṡāqahum wa minka wa min nūḥiw wa ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsabni maryam(a), wa akhażnā minhum mīṡāqan galīẓā(n).
[7] (He Mukhammad) sira nyaritakna ênggon Ingsun mundhut sêsanggêmane para nabi (nalikane padha mêtu saka lêmpènge Nabi Adam, kaya sêmut kang cilik) sira, Nabi Nuh, Nabi Ibrahim, [Ibra...him,] Nabi Musa lan Nabi Ngisa anake Maryam, kabèh padha ngaturake sêsanggêmane, sarta padha Ingsun ugêri kukuh sêsanggêmane.

لِّيَسْـَٔلَ الصّٰدِقِيْنَ عَنْ صِدْقِهِمْ ۚوَاَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٨
Liyas'alaṣ-ṣādiqīna ‘an ṣidqihim, wa a‘adda lil-kāfirīna ‘ażāban alīmā(n).
[8] Ing têmbe Allah bakal andangu para rasul bab têmêne, ênggone wis ngundhangake parentahing Allah, Allah ngancam siksa naraka kang nglarani para wong kaphir.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ جَاۤءَتْكُمْ جُنُوْدٌ فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا وَّجُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًاۚ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż jā'atkum junūdun fa'arsalnā ‘alaihim rīḥaw wa junūdal lam tarauhā, wa kānallāhu bimā ta‘malūna baṣīrā(n).
[9] He para wong mukmin, sira padha elinga pêparinging Allah kabungahan marang sira (iya iku nalika pêrang ing Khandak) sira tinêmpuh ing mungsuh kang gêgolongan. Ingsun banjur ngididake angin, kanthi bala malaikat kang tanpa wilangan, nanging sira ora wêruh, Allah iku mirsani samubarang kang sira lakoni.

اِذْ جَاۤءُوْكُمْ مِّنْ فَوْقِكُمْ وَمِنْ اَسْفَلَ مِنْكُمْ وَاِذْ زَاغَتِ الْاَبْصَارُ وَبَلَغَتِ الْقُلُوْبُ الْحَنَاجِرَ وَتَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ الظُّنُوْنَا۠ ۗ١٠
Iż jā'ūkum min fauqikum wa min asfala minkum wa iż zāgatil-abṣāru wa balagatil-qulūbul-ḥanājira wa taẓunnūna billāhiẓ-ẓunūnā.
[10] Dhèk samana mungsuh nêmpuh ing sira, saka dhuwuring jurang lan saka jurang kang ngisor. Sira kinêpung ing mungsuh, marêp ing ngêndi bae andêlêng mungsuh, saking bangêting kuwatir, atining wong kaya manjuluk têkan ing tênggok, panyananing wong marang Allah warna-warna, ana kang nyipta olèh pitulung, lan ana kang nyipta bilai.

هُنَالِكَ ابْتُلِيَ الْمُؤْمِنُوْنَ وَزُلْزِلُوْا زِلْزَالًا شَدِيْدًا١١
Hunālikabtuliyal-mu'minūna wa zulzilū zilzālan syadīdā(n).
[11] Ing kono para wong mukmin padha dicoba dening Allah, para wong mukmin saka bangêting kuwatir polahe warna-warna.

وَاِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ مَّا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اِلَّا غُرُوْرًا١٢
Wa iż yaqūlul-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍum mā wa‘adanallāhu wa rasūluhū illā gurūrā(n).
[12] Lan manèh sira nyaritakna nalikane para wong maro tingal sarta wong kang atine ana lêlarane, lara kêndho kapracayane, padha calathu mangkene: Prasêtyaning Allah lan Rasulullah aku baku bakal mênang pêrang iku ora liya mung lalawora.

وَاِذْ قَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ يٰٓاَهْلَ يَثْرِبَ لَا مُقَامَ لَكُمْ فَارْجِعُوْا ۚوَيَسْتَأْذِنُ فَرِيْقٌ مِّنْهُمُ النَّبِيَّ يَقُوْلُوْنَ اِنَّ بُيُوْتَنَا عَوْرَةٌ ۗوَمَا هِيَ بِعَوْرَةٍ ۗاِنْ يُّرِيْدُوْنَ اِلَّا فِرَارًا١٣
Wa iż qālat ṭā'ifatum minhum yā ahla yaṡriba lā muqāma lakum farji‘ū, wa yasta'żinu farīqum minhumun-nabiyya yaqūlūna inna buyūtanā ‘aurah(tun), wa mā hiya bi‘aurah(tin), iy yurīdūna illā firārā(n).
[13] Apadene nalikane wong maro tingal sapăntha padha calathu, he wong Madinah, kowe padha muliha mênyang ngomahmu ing Madinah bae, awit ana ing paprangan kana saking akèhing mungsuh, kowe wis ora duwe panggonan. Ing kono banjur ana wong sapăntha padha nyuwun pamit marang Nabi Mukhammad. Ature: Kula nyuwun pamit mantuk, amargi griya kula botên santosa, sakalangkung anguwatosi, nanging satêmêne omahe wong mau ora kurang santosa, dene ênggone matur mangkono mau, karêpe ora liya mung mingkuh ora [o...ra] gêlêm andhèrèk pêrang.

وَلَوْ دُخِلَتْ عَلَيْهِمْ مِّنْ اَقْطَارِهَا ثُمَّ سُىِٕلُوا الْفِتْنَةَ لَاٰتَوْهَا وَمَا تَلَبَّثُوْا بِهَآ اِلَّا يَسِيْرًا١٤
Wa lau dukhilat ‘alaihim min aqṭārihā ṡumma su'ilul-fitnata la'ātauhā wa mā talabbaṡū bihā illā yasīrā(n).
[14] Manawa wong kang padha mingkuh pêrang mau nagarane dilêboni ing mungsuh saka ing kiwa têngên. Banjur dipêksa dadi kaphir, mêsthi nurut dadi kaphir, nanging ênggone têntrêm iya ora nganti lawas. Banjur nêmahi rusak.

وَلَقَدْ كَانُوْا عَاهَدُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ لَا يُوَلُّوْنَ الْاَدْبَارَ ۗوَكَانَ عَهْدُ اللّٰهِ مَسْـُٔوْلًا١٥
Wa laqad kānū ‘āhadullāha min qablu lā yuwallūnal-adbār(a), wa kāna ‘ahdullāhi mas'ūlā(n).
[15] Sadurunge kêlakon pêrang ing Khandak, wong mau padha wis prasêtya ing Allah, ora bakal malayu saka ing paprangan, kang măngka wong prasêtya ing Allah iku bakal didangu, apa wis nuhoni prasêtyane apa cidra.

قُلْ لَّنْ يَّنْفَعَكُمُ الْفِرَارُ اِنْ فَرَرْتُمْ مِّنَ الْمَوْتِ اَوِ الْقَتْلِ وَاِذًا لَّا تُمَتَّعُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا١٦
Qul lay yanfa‘akumul-firāru in farartum minal-mauti awil-qatli wa iżal lā tumatta‘ūna illā qalīlā(n).
[16] (He Mukhammad) sira dhawuha, mênawa kowe mlayu nêja nguncati pati utawa kêsambut ing paprangan, iku ora pisan migunani, ênggonmu urip mung sawatara măngsa bae.

قُلْ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَعْصِمُكُمْ مِّنَ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَ بِكُمْ سُوْۤءًا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ رَحْمَةً ۗوَلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٧
Qul man żal-lażī ya‘ṣimukum minallāhi in arāda bikum sū'an au arāda bikum raḥmah(tan), wa lā yajidūna lahum min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[17] (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa Allah ngarsakake ala marang kowe, sapa kang bisa ngrêksa awakmu, utawa yèn Allah karsa paring rahmat marang kowe, sapa kang bisa murungake rahmat mau, manungsa ora bisa olèh andêl-andêl liyane Allah kang bisa murungake [murunga.....ke] siksaning Allah.

۞ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الْمُعَوِّقِيْنَ مِنْكُمْ وَالْقَاۤىِٕلِيْنَ لِاِخْوَانِهِمْ هَلُمَّ اِلَيْنَا ۚوَلَا يَأْتُوْنَ الْبَأْسَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ١٨
Qad ya‘lamullāhul-mu‘awwiqīna minkum wal-qā'ilīna li'ikhwānihim halumma ilainā, wa lā ya'tūnal-ba'sa illā qalīlā(n).
[18] Allah nguningani wong kang padha ambêbujuk wong Islam, pangucape marang para kancane, padha marenea, aja mèlu pêrang Nabi Mukhammad, wong mau iya ana kang mèlu pêrang, nanging pamrihe mung golèk alêm.

اَشِحَّةً عَلَيْكُمْ ۖ فَاِذَا جَاۤءَ الْخَوْفُ رَاَيْتَهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ تَدُوْرُ اَعْيُنُهُمْ كَالَّذِيْ يُغْشٰى عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۚ فَاِذَا ذَهَبَ الْخَوْفُ سَلَقُوْكُمْ بِاَلْسِنَةٍ حِدَادٍ اَشِحَّةً عَلَى الْخَيْرِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يُؤْمِنُوْا فَاَحْبَطَ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا١٩
Asyiḥḥatan ‘alaikum, fa iżā jā'al-khaufu ra'aitahum yanẓurūna ilaika tadūru a‘yunuhum kal-lażī yugsyā ‘alaihi minal-maut(i), fa iżā żahabal-khaufu salaqūkum bi'alsinatin ḥidādin asyiḥḥatan ‘alal-khair(i), ulā'ika lam yu'minū fa aḥbaṭallāhu a‘mālahum, wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[19] Padha kumêt: Suthik mêtokake bandhane kanggo mragadi pêrang, nalikane katêkan kuwatir, padha andêlêng ing sira, matane julalatan kaya wong sêkarat arêp mati. Barêng wis ilang kuwatire, mênang ênggone pêrang, banjur padha ngladaki ing sira kalawan pangucap kang tanpa kering. Padha suthik, nglakoni kabêcikan. Satêmêne wong mau padha ora pracaya ing Allah, mulane Allah ora nganggêp ênggone rewa-rewa nglakoni kabêcikan. Allah tanpa pakewuh ênggone nyirnakake kabêcikane wong mau.

يَحْسَبُوْنَ الْاَحْزَابَ لَمْ يَذْهَبُوْا ۚوَاِنْ يَّأْتِ الْاَحْزَابُ يَوَدُّوْا لَوْ اَنَّهُمْ بَادُوْنَ فِى الْاَعْرَابِ يَسْاَلُوْنَ عَنْ اَنْۢبَاۤىِٕكُمْ ۗوَلَوْ كَانُوْا فِيْكُمْ مَّا قٰتَلُوْٓا اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٢٠
Yaḥsabūnal-aḥzāba lam yażhabū, wa iy ya'til aḥzābu yawaddū lau annahum bādūna fil a‘rābi yas'alūna ‘an ambā'ikum, wa lau kānū fīkum mā qātalū illā qalīlā(n).
[20] Mungsuh kang nêmpuh marang wong Islam mau wis padha kêplayu, nanging wong munaphèk saking dening jêrihe, rumasane mungsuh mau durung kêplayu, barêng wêruh yèn mungsuh wis kêplayu rantamane: Upama mungsuh mau bali nêmpuh manèh wong munapèk nêja nyalimpêti mênyang alas. Mêrtakake kaananira saka ing alas. Upama wong munaphèk mau isih awor lan sira, gêlême mangsah pêrang iya mung murih dialêm.

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ٢١
Laqad kāna lakum fī rasūlillāhi uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal yaumal ākhira wa żakarallāha kaṡīrā(n).
[21] (He wong Madinah) satêmêne sira iku duwe panutan bêcik, iya iku Rasulullah, iku bêcik tumrap wong kang ngarêp-arêp ganjaraning Allah, sarta wêdi siksane dina kiyamat, apadene wong kang akèh elinge ing Allah.

وَلَمَّا رَاَ الْمُؤْمِنُوْنَ الْاَحْزَابَۙ قَالُوْا هٰذَا مَا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَصَدَقَ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ ۖوَمَا زَادَهُمْ اِلَّآ اِيْمَانًا وَّتَسْلِيْمًاۗ٢٢
Wa lammā ra'al-mu'minūnal-aḥzāb(a), qālū hāżā mā wa‘adanallāhu wa rasūluhū wa ṣadaqallāhu wa rasūluh(ū), wa mā zādahum illā īmānaw wa taslīmā(n).
[22] Wong mukmin barêng padha andêlêng mungsuh banjur padha ngucap: Baya iki kanyataaning prasêtyaning Allah lan Rasulullah, aku bakal tinêmpuh ing mungsuh, nanging ora dadi apa, awit prasêtyaning Allah lan Rasulullah, aku bakal ditulungi, mêsthi têmên. Têkaning mungsuh mau malah muwuhi pracayane para wong mukmin lan pasraha marang Allah.

مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ رِجَالٌ صَدَقُوْا مَا عَاهَدُوا اللّٰهَ عَلَيْهِ ۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ قَضٰى نَحْبَهٗۙ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْتَظِرُ ۖوَمَا بَدَّلُوْا تَبْدِيْلًاۙ٢٣
Minal-mu'minīna rijālun ṣadaqū mā ‘āhadullāha ‘alaih(i), faminhum man qaḍā naḥbah(ū), wa minhum may yantaẓir(u), wa mā baddalū tabdīlā(n).
[23] Sawênèhe wong mukmin ana kang sêtya tuhu, nêtêpi sêsanggêmane marang Allah, dene wong kang sêtya tuhu ana kang banjur mati ana [a....na] ing paprangan, lan ana uga kang isih ngêntèni lan ngarêp-arêp: Besuk apa ênggone mati pêrang, ora ana kang ambalik ngudhari sêsanggêmane.

لِّيَجْزِيَ اللّٰهُ الصّٰدِقِيْنَ بِصِدْقِهِمْ وَيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ اِنْ شَاۤءَ اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ٢٤
Liyajziyallāhuṣ-ṣādiqīna biṣidqihim wa yu‘ażżibal-munāfiqīna in syā'a au yatūba ‘alaihim, innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[24] Allah bakal angganjar wong kang padha sêtya tuhu, marga ênggone sêtya tuhu, sarta niksa marang para wong lamis, utawa ngapura marang wong mau, manut apa parênging karsane. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

وَرَدَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِغَيْظِهِمْ لَمْ يَنَالُوْا خَيْرًا ۗوَكَفَى اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ الْقِتَالَ ۗوَكَانَ اللّٰهُ قَوِيًّا عَزِيْزًاۚ٢٥
Wa raddallāhul-lażīna kafarū bigaiẓihim lam yanālū khairā(n), wa kafallāhul-mu'minīnal-qitāl(a), wa kānallāhu qawiyyan ‘azīzā(n).
[25] Allah anjugarake pamrihe para mungsuh kaphir mau, kang urip padha mundur kalawan muring-muring, ora pisan mênang pêrange, Allah nulungi para wong mukmin ana ing paprangan. Allah iku santosa tur mulya.

وَاَنْزَلَ الَّذِيْنَ ظَاهَرُوْهُمْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ صَيَاصِيْهِمْ وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ فَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ وَتَأْسِرُوْنَ فَرِيْقًاۚ٢٦
Wa anzalal-lażīna ẓāharūhum min ahlil-kitābi min ṣayāṣīhim wa qażafa fī qulūbihimur-ru‘ba farīqan taqtulūna wa ta'sirūna farīqā(n).
[26] Allah ngudhunake para wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kang padha biyantu marang para mungsuh kaphir mau, diudhunake saka lotèng pandhêlikane, sarta padha didunungi ati giris, wong mau kang sagolongan padha mati, lan kang sagolongan manèh padha dadi boyongan.

وَاَوْرَثَكُمْ اَرْضَهُمْ وَدِيَارَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ وَاَرْضًا لَّمْ تَطَـُٔوْهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا ࣖ٢٧
Wa auraṡakum arḍahum wa diyārahum wa amwālahum wa arḍal lam taṭa'ūhā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'in qadīrā(n).
[27] Sawise mangkono, Allah ngêdumi warisan marang sira rupa palêmahan lan omah apadene băndha, têlas darbèke wong kaphir mau, mangkono manèh palêmahan kang durung sira ambah ing têmbe bakal sira rêbut kalawan pêrang, Allah iku nguwasani samubarang.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ اِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا فَتَعَالَيْنَ اُمَتِّعْكُنَّ وَاُسَرِّحْكُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا٢٨
Yā ayyuhan-nabiyyu qul li'azwājika in kuntunna turidnal-ḥayātad-dun-yā wa zīnatahā fa ta‘ālaina umatti‘kunna wa usarriḥkunna sarāḥan jamīlā(n).
[28] He Nabi Mukhammad, sira dhawuha marang para rabinira mênawa kowe dhêmên kabungahan ing dunya, lan rêrênggane ing dunya, mara padha mrenea, tak wèhi apa kang dadi panjalukmu, nanging kowe padha tak pêgat kalawan bêcik.

وَاِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالدَّارَ الْاٰخِرَةَ فَاِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْمُحْسِنٰتِ مِنْكُنَّ اَجْرًا عَظِيْمًا٢٩
Wa in kuntunna turidnallāha wa rasūlahū wad-dāral-ākhirata fa innallāha a‘adda lil-muḥsināti minkunna ajran ‘aẓīmā(n).
[29] Dene yèn kowe padha dhêmên ing Allah, lan dhêmên marang Rasulullah, apadene dhêmên ganjaran suwarga ana ing akhirat, kowe padha wêruha, Allah wis nyawisi marang kowe, êndi kang pracaya ing Allah sarta nglakoni panggawe bêcik, padha dicawisi ganjaran gêdhe iya iku suwarga.

يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ مَنْ يَّأْتِ مِنْكُنَّ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ يُّضٰعَفْ لَهَا الْعَذَابُ ضِعْفَيْنِۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا ۔٣٠
Yā nisā'an-nabiyyi may ya'ti minkunna bifāḥisyatim mubayyinatiy yuḍā‘af lahal-‘ażābu ḍi‘fain(i), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[30] (Pangandikaning Allah) he para rabine Nabi Mukhammad, sira iku sing sapa nglakoni ala jina kang têtela, iku siksane tikêl tinimbang lan wong wadon liyane, kang mangkono mau ingatase Allah gampang bangêt kêlakone.

۞ وَمَنْ يَّقْنُتْ مِنْكُنَّ لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتَعْمَلْ صَالِحًا نُّؤْتِهَآ اَجْرَهَا مَرَّتَيْنِۙ وَاَعْتَدْنَا لَهَا رِزْقًا كَرِيْمًا٣١
Wa may yaqnut minkunna lillāhi wa rasūlihī wa ta‘mal ṣāliḥan nu'tihā ajrahā marratain(i), wa a‘tadnā lahā rizqan karīmā(n).
[31] Sira kabèh sing sapa manut miturut ing Allah lan marang Rasulullah sarta nglakoni panggawe bêcik, Ingsun paringi ganjaran tikêl tinimbang wong wadon liyane, apadene Ingsun sadhiyani rijêki kang mulya ana ing suwarga.

يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ لَسْتُنَّ كَاَحَدٍ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِنِ اتَّقَيْتُنَّ فَلَا تَخْضَعْنَ بِالْقَوْلِ فَيَطْمَعَ الَّذِيْ فِيْ قَلْبِهٖ مَرَضٌ وَّقُلْنَ قَوْلًا مَّعْرُوْفًاۚ٣٢
Yā nisā'an-nabiyyi lastunna ka'aḥadim minan-nisā'i inittaqaitunna falā takhḍa‘na bil-qauli fa yaṭma‘al-lażī fī qalbihī maraḍuw wa qulna qaulam ma‘rūfā(n).
[32] He para rabine Nabi Mukhammad, sira iku ora mung padha bae lan para wong wadon kang dudu rabine Nabi Mukhammad, mênawa sira wêdi ing Allah, aja nandukake gandês luwêse pangucapira marang wong lanang liya. Yèn sira nandukake sêdhêp luwêsing pangucap, wong kang atine ana lêlarane lamis, mundhak padha kapencut marang sira, ora liwat sira mung ngucapa kang aris bae, ora susah sêdhêp lan luwês.

وَقَرْنَ فِيْ بُيُوْتِكُنَّ وَلَا تَبَرَّجْنَ تَبَرُّجَ الْجَاهِلِيَّةِ الْاُوْلٰى وَاَقِمْنَ الصَّلٰوةَ وَاٰتِيْنَ الزَّكٰوةَ وَاَطِعْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗاِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُذْهِبَ عَنْكُمُ الرِّجْسَ اَهْلَ الْبَيْتِ وَيُطَهِّرَكُمْ تَطْهِيْرًاۚ٣٣
Wa qarna fī buyūtikunna wa lā tabarrajna tabarrujal-jāhiliyyatil-ūlā wa aqimnaṣ-ṣalāta wa ātīnaz-zakāta wa aṭi‘nallāha wa rasūlah(ū), innamā yurīdullāhu liyużhiba ‘ankumur-rijsa ahlal-baiti wa yuṭahhirakum taṭhīrā(n).
[33] Lan padha ngandhap dhingkêla ana ing omahira, aja niru kalakuane wong buda biyèn, ênggone padha ngadi busana ngêdhèng marang wong lanang liya. Sira padha nglakonana sêmbayang lan padha bayara jakat, sarta padha manut mituruta [mitu.....ruta] ing Allah lan marang Rasulullah. He wong isining omahe Nabi Mukhammad, satêmêne karsaning Allah iku murih sira iku padha rêsika saka ing dosa, lan kudu nucèkake marang sira.

وَاذْكُرْنَ مَا يُتْلٰى فِيْ بُيُوْتِكُنَّ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ وَالْحِكْمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ لَطِيْفًا خَبِيْرًا ࣖ٣٤
Ważkurna mā yutlā fī buyūtikunna min āyātillāhi wal-ḥikmah(ti), innallāha kāna laṭīfan khabīrā(n).
[34] Lan padha elinga surasaning Kuran ayating Allah, lan kawicaksanan kang wis diwaca ana ing omahira, satêmêne Allah iku wêlas asih marang para kêkasihe sarta waspada saparipolahe.

اِنَّ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمٰتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ وَالْقٰنِتِيْنَ وَالْقٰنِتٰتِ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالصّٰدِقٰتِ وَالصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰبِرٰتِ وَالْخٰشِعِيْنَ وَالْخٰشِعٰتِ وَالْمُتَصَدِّقِيْنَ وَالْمُتَصَدِّقٰتِ وَالصَّاۤىِٕمِيْنَ وَالصّٰۤىِٕمٰتِ وَالْحٰفِظِيْنَ فُرُوْجَهُمْ وَالْحٰفِظٰتِ وَالذّٰكِرِيْنَ اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّالذّٰكِرٰتِ اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا٣٥
Innal-muslimīna wal-muslimāti wal-mu'minīna wal-mu'mināti wal-qānitīna wal-qānitāti waṣ-ṣādiqīna waṣ-ṣādiqāti waṣ-ṣābirīna waṣ-ṣābirāti wal-khāsyi‘īna wal-khāsyi‘āti wal-mutaṣaddiqīna wal-mutaṣaddiqāti waṣ-ṣā'imīna waṣ-ṣā'imāti wal-ḥāfiẓīna furūjahum wal-ḥāfiẓāti waż-żākirīnallāha kaṡīraw waż-żākirāti a‘addallāhu lahum magfirataw wa ajran ‘aẓīmā(n).
[35] Satêmêne para wong lanang Islam, wong wadon Islam, wong lanang mukmin, wong wadon mukmin, wong lanang manut dhawuhing Allah, wong wadon manut dhawuhing Allah, wong lanang sêtya tuhu pracayane ing Allah, wong wadon sêtya tuhu pracayane ing Allah, wong lanang têguh antêpe ênggone ngabêkti ing Allah, wong wadon têguh antêpe ênggone ngabêkti ing Allah, wong lanang sumungkêm ing Allah, wong wadon sumungkêm ing Allah, wong lanang dhêmên sidêkah, wong wadon dhêmên sidêkah, wong lanang dhêmên puwasa, wong wadon dhêmên puwasa, wong lanang bisa rumêksa durakaning kawirangan, [kawi...rangan,] wong wadon bisa rumêksa durakaning kawirangan, wong lanang nêmên nyêbut asmaning Allah, lan wong wadon nêmên nyêbut asmaning Allah. Allah prasêtya bakal ngapura lan maringi ganjaran gêdhe marang wong kang wis kisêbut[1] mau kabèh.

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَّلَا مُؤْمِنَةٍ اِذَا قَضَى اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَمْرًا اَنْ يَّكُوْنَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ اَمْرِهِمْ ۗوَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا مُّبِيْنًاۗ٣٦
Wa mā kāna limu'miniw wa lā mu'minatin iżā qaḍallāhu wa rasūluhū amran ay yakūna lahumul-khiyaratu min amrihim, wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū faqad ḍalla ḍalālam mubīnā(n).
[36] Wong lanang mukmin lan wong wadon mukmin, mênawa ditamtokake dening Allah lan Rasulullah kudu nglakoni sawijining prakara, ora kêna mingkuh nganggo sakarêpe dhewe. Sing sapa ambangkang parentahing Allah lan Rasulullah, têtela wong mau kêsasar têmênan.

وَاِذْ تَقُوْلُ لِلَّذِيْٓ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَاَنْعَمْتَ عَلَيْهِ اَمْسِكْ عَلَيْكَ زَوْجَكَ وَاتَّقِ اللّٰهَ وَتُخْفِيْ فِيْ نَفْسِكَ مَا اللّٰهُ مُبْدِيْهِ وَتَخْشَى النَّاسَۚ وَاللّٰهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشٰىهُ ۗ فَلَمَّا قَضٰى زَيْدٌ مِّنْهَا وَطَرًاۗ زَوَّجْنٰكَهَا لِكَيْ لَا يَكُوْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ حَرَجٌ فِيْٓ اَزْوَاجِ اَدْعِيَاۤىِٕهِمْ اِذَا قَضَوْا مِنْهُنَّ وَطَرًاۗ وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا٣٧
Wa iż taqūlu lil-lażī an‘amallāhu ‘alaihi wa an‘amta ‘alaihi amsik ‘alaika zaujaka wattaqillāha wa tukhfī fī nafsika mallāhu mubdīhi wa takhsyan-nās(a), wallāhu aḥaqqu an takhsyāh(u), falammā qaḍā zaidum minhā waṭaran zawwajnākahā likai lā yakūna ‘alal-mu'minīna ḥarajun fī azwāji ad‘iyā'ihim iżā qaḍau minhunna waṭarā(n), wa kāna amrullāhi maf‘ūlā(n).
[37] (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane sira dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam, sarta sira wèhi kabungahan dadi wong mardika, iya iku Jahèd,[2] anakira angkat: Kowe mêngkua rabimu Jaenab, lan wêdia ing Allah, aja mêgat bojomu. (He Mukhammad) sira nyimpên wadi ana ing atinira, Allah ora bakal mêdharake wadi mau. Mangkono manèh sira isin marang manungsa, diarani ngrabèni mantunira dhewe. Bênêre [Bênêr...e] sira luwih wêdi ing Allah, ngungkuli wêdinira marang manungsa. Barêng Zaèd wis katêkan karêpe marang rabine, sarta rabine wis dipêgat lan wis kaliwat ngidahe, sira Ingsun dhaupake olèh Zaenab randhane Zaèd mau, supaya para wong mukmin aja duwe pakewuh ngrabèni randhaning anak angkat kang wis atut. Parentahing Allah iku kudu dilakoni.

مَا كَانَ عَلَى النَّبِيِّ مِنْ حَرَجٍ فِيْمَا فَرَضَ اللّٰهُ لَهٗ ۗسُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُ ۗوَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ قَدَرًا مَّقْدُوْرًاۙ٣٨
Mā kāna ‘alan-nabiyyi min ḥarajin fīmā faraḍallāhu lah(ū), sunnatallāhi fil-lażīna khalau min qabl(u), wa kāna amrullāhi qadaram maqdūrā(n).
[38] Nabi Mukhammad ora pakewuh nindakake barang kang wis diparentahake dening Allah. Para nabi ing jaman kuna biyèn, uga ora pakewuh nindakake samubarang kang wis diparentahake dening Allah. Parentahing Allah wis pinasthi lan tinamtokake.

ۨالَّذِيْنَ يُبَلِّغُوْنَ رِسٰلٰتِ اللّٰهِ وَيَخْشَوْنَهٗ وَلَا يَخْشَوْنَ اَحَدًا اِلَّا اللّٰهَ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا٣٩
Allażīna yuballigūna risālātillāhi wa yakhsyaunahū wa lā yakhsyauna aḥadan illallāh(a), wa kafā billāhi ḥasībā(n).
[39] Para nabi iku wong kang diutus dening Allah ngundhangake parentahing Allah, kabèh padha wêdi ing Allah, ora wêdi marang sapa-sapa, mung wêdi ing Allah. Wis cukup Allah piyambak kang nyathêti lakune para manungsa, sarta nimbang ala lan bêcike.

مَا كَانَ مُحَمَّدٌ اَبَآ اَحَدٍ مِّنْ رِّجَالِكُمْ وَلٰكِنْ رَّسُوْلَ اللّٰهِ وَخَاتَمَ النَّبِيّٖنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا ࣖ٤٠
Mā kāna muḥammadun abā aḥadim mir rijālikum wa lākir rasūlallāhi wa khātaman-nabiyyīn(a), wa kānallāhu bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[40] Nabi Mukhammad iku sajatine dudu bapakne wong lanang panunggalanira, nanging sajatine Nabi Mukhammad iku utusaning Allah lan panutuping para nabi kabèh. Allah iku nguningani samubarang.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوا اللّٰهَ ذِكْرًا كَثِيْرًاۙ٤١
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurullāha żikran kaṡīrā(n),
[41] He para wong mukmin, sira padha nêmêna nyêbut asmaning Allah, lan padha nyêbuta Mahasuci ing Allah, ing wayah esuk lan sore.

وَّسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٤٢
Wa sabbiḥūhu bukrataw wa aṣīlā(n).
[42] Allah iku kang wêlas asih marang sira, para malaikate Allah iya padha nyuwunake sih piwêlasing Allah tumrap marang sira, supaya Allah mêtokake marang sira saka pêpêtênging duraka marang padhanging pangabêkti. Allah iku wêlas asih marang para wong mukmin.

هُوَ الَّذِيْ يُصَلِّيْ عَلَيْكُمْ وَمَلٰۤىِٕكَتُهٗ لِيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَكَانَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَحِيْمًا٤٣
Huwal-lażī yuṣallī ‘alaikum wa malā'ikatahū liyukhrijakum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa kāna bil-mu'minīna raḥīmā(n).
[43] Kurmating Allah marang para wong mukmin nalika padha seba ana ngarsaning Allah, iku (ambagèkake) sira padha slamêt. Allah nyadhiyani ganjaran suwarga kang mulya marang para wong mukmin.

تَحِيَّتُهُمْ يَوْمَ يَلْقَوْنَهٗ سَلٰمٌ ۚوَاَعَدَّ لَهُمْ اَجْرًا كَرِيْمًا٤٤
Taḥiyyatuhum yauma yalqaunahū salām(un), wa a‘adda lahum ajran karīmā(n).
[44] He Nabi Mukhammad, Ingsun ngutus sira nêksèni têmêne para rasul ing jaman kuna, lan nêksèni ala bêcike para titahing Allah kabèh, apadene ambêbungah marang para wong mukmin bakal padha olèh ganjaran suwarga, sarta mêmêdèni marang wong kang padha maido dhawuhing Allah bakal padha disiksa ana ing naraka.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ٤٥
Yā ayyuhan-nabiyyu innā arsalnāka syāhidaw wa mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[45] Lan ngajak-ajak ngèstokake parentahing Allah kalawan kaparênging Allah, lan minăngka obor kang madhangi ana dêdalaning Allah.

وَّدَاعِيًا اِلَى اللّٰهِ بِاِذْنِهٖ وَسِرَاجًا مُّنِيْرًا٤٦
Wa dā‘iyan ilallāhi bi'iżnihī wa sirājam munīrā(n).
[46] (He Mukhammad) sira ambêbungaha para wong mukmin, ing têmbe bakal padha diparingi kanugrahan kang gêdhe dening Allah.

وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ بِاَنَّ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ فَضْلًا كَبِيْرًا٤٧
Wa basysyiril-mu'minīna bi'anna lahum minallāhi faḍlan kabīrā(n).
[47] Sira aja kèlu marang wong kaphir ing Mêkah, lan para wong miskin ing Madinah, ditêguh atinira, aja malês pialane wong kaphir mau, sira mung pasraha ing Allah bae. Wis cukup Allah bae kang rumêksa ing sira.

وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَدَعْ اَذٰىهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٤٨
Wa lā tuṭi‘il-kāfirīna wal-munāfiqīna wa da‘ ażāhum wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[48] He para wong mukmin, mênawa sira ngrabèni wong wadon mukmin, banjur sira pêgat sadurunge atut, iku sira ora kêna mangêni măngsa ênggone bakal laki wong wadon mau, banjur kêna laki padha sanalika. Dene wong wadon kang sira pêgat sadurunge atut mau, sira wèhana bêbungah samurwate, iya iku kang aran matak, lan sira pêgata kalawan bêcik.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَكَحْتُمُ الْمُؤْمِنٰتِ ثُمَّ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ فَمَا لَكُمْ عَلَيْهِنَّ مِنْ عِدَّةٍ تَعْتَدُّوْنَهَاۚ فَمَتِّعُوْهُنَّ وَسَرِّحُوْهُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا٤٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nakaḥtumul-mu'mināti ṡumma ṭallaqtumūhunna min qabli an tamassūhunna famā lakum ‘alaihinna min ‘iddatin ta‘taddūnahā, fa matti‘ūhunna wa sarriḥūhunna sarāḥan jamīlā(n).
[49] He Nabi Mukammad, Ingsun wis marêngake marang sira, sarêsmi lan para rabinira, kang wis sira bayar maskawine, apadene wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira, kang wis diparingake dening Allah marang sira dadi boyongan. Mangkono manèh anake wadon pamanira saka bapa, anake wadon bibèkira saka bapa, anake wadon pamanira saka biyung, anake wadon bibèkira saka biyung, kang padha milu ngalih marang Madinah, sarta wong wadon mukmin kang nyaosake awake marang sira, narima ora olèh maskawin, kang măngka sira iya condhong ngrabèni wong wadon mau tanpa maskawin. Mung sira dhewe Ingsun parêngake ngrabèni wong wadon kalawan mèwèhake awake tur tanpa maskawin. Wong mukmin liya-liyane ora Ingsun parêngake.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَحْلَلْنَا لَكَ اَزْوَاجَكَ الّٰتِيْٓ اٰتَيْتَ اُجُوْرَهُنَّ وَمَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَ مِمَّآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلَيْكَ وَبَنٰتِ عَمِّكَ وَبَنٰتِ عَمّٰتِكَ وَبَنٰتِ خَالِكَ وَبَنٰتِ خٰلٰتِكَ الّٰتِيْ هَاجَرْنَ مَعَكَۗ وَامْرَاَةً مُّؤْمِنَةً اِنْ وَّهَبَتْ نَفْسَهَا لِلنَّبِيِّ اِنْ اَرَادَ النَّبِيُّ اَنْ يَّسْتَنْكِحَهَا خَالِصَةً لَّكَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۗ قَدْ عَلِمْنَا مَا فَرَضْنَا عَلَيْهِمْ فِيْٓ اَزْوَاجِهِمْ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ لِكَيْلَا يَكُوْنَ عَلَيْكَ حَرَجٌۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥٠
Yā ayyuhan-nabiyyu innā aḥlalnā laka azwājakal-lātī ātaita ujūrahunna wa mā malakat yamīnuka mimmā afā'allāhu ‘alaika wa banāti ‘ammika wa banāti ‘ammātika wa banāti khālika wa banāti khālātikal-lātī hājarna ma‘ak(a), wamra'atam mu'minatan iw wahabat nafsahā lin-nabiyyi in arādan-nabiyyu ay yastankiḥahā, khāliṣatal laka min dūnil-mu'minīn(a), qad ‘alimnā mā faraḍnā ‘alaihim fī azwājihim wa mā malakat aimānuhum likailā yakūna ‘alaika ḥaraj(un), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[50] Ingsun wis nguningani kang wis Ingsun tamtokake [tamto...kake] dadi wajibe para wong lanang mukmin tumrap ing para rabine, lan tumrap wong wadon kawula kang kadarbe ing tangane, supaya sira aja pakewuh nglakoni kang wis Ingsun wênangake. Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

۞ تُرْجِيْ مَنْ تَشَاۤءُ مِنْهُنَّ وَتُـْٔوِيْٓ اِلَيْكَ مَنْ تَشَاۤءُۗ وَمَنِ ابْتَغَيْتَ مِمَّنْ عَزَلْتَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكَۗ ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ تَقَرَّ اَعْيُنُهُنَّ وَلَا يَحْزَنَّ وَيَرْضَيْنَ بِمَآ اٰتَيْتَهُنَّ كُلُّهُنَّۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَلِيْمًا٥١
Turjī man tasyā'u wa tu'wī ilaika man tasyā'(u), wa manibtagaita mimman ‘azalta falā junāḥa ‘alaik(a), żālika adnā an taqarra a‘yunuhunna wa lā yaḥzanna wa yarḍaina bimā ātaitahunna kulluhunn(a), wallāhu ya‘lamu mā fī qulūbikum, wa kānallāhu ‘alīman ḥalīmā(n).
[51] (He Mukammad) sira kêna nglowongake gilirane rabinira kang sira karêpake, lan kêna awor turu lan rabinira kang sira karêpake. Dene rabinira kang wis sira lowongi mau, mênawa banjur sira karêpake, iya ora ana pakewuhe. Kang mangkono mau akèh lèrège dadi bêcik, para rabinira padha têntrêm atine, ora susah, kabèh padha narima ing pandumira. Allah iku nguningani sakarêntêge atinira. Allah iku nguningani luguning atinira, tur ora kêsusu niksa.

لَا يَحِلُّ لَكَ النِّسَاۤءُ مِنْۢ بَعْدُ وَلَآ اَنْ تَبَدَّلَ بِهِنَّ مِنْ اَزْوَاجٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكَ حُسْنُهُنَّ اِلَّا مَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ رَّقِيْبًا ࣖ٥٢
Lā yaḥillu lakan-nisā'u mim ba‘du wa lā an tabaddala bihinna min azwājiw wa lau a‘jabaka ḥusnuhunna illā mā malakat yamīnuk(a), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'ir raqībā(n).
[52] (He Mukhammad) sawise sira rabi wong wadon sanga iki, ora kêna rabi wong wadon manèh, lan ora kêna mêgat salah sijine rabinira banjur sira salini bojo [bo....jo] wong wadon liyane, sanadyan sira kapencut marang ayune wong wadon mau. Kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira, iku kêna. Allah iku nyathêti samubarang.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتَ النَّبِيِّ اِلَّآ اَنْ يُّؤْذَنَ لَكُمْ اِلٰى طَعَامٍ غَيْرَ نٰظِرِيْنَ اِنٰىهُ وَلٰكِنْ اِذَا دُعِيْتُمْ فَادْخُلُوْا فَاِذَا طَعِمْتُمْ فَانْتَشِرُوْا وَلَا مُسْتَأْنِسِيْنَ لِحَدِيْثٍۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ يُؤْذِى النَّبِيَّ فَيَسْتَحْيٖ مِنْكُمْ ۖوَاللّٰهُ لَا يَسْتَحْيٖ مِنَ الْحَقِّۗ وَاِذَا سَاَلْتُمُوْهُنَّ مَتَاعًا فَسْـَٔلُوْهُنَّ مِنْ وَّرَاۤءِ حِجَابٍۗ ذٰلِكُمْ اَطْهَرُ لِقُلُوْبِكُمْ وَقُلُوْبِهِنَّۗ وَمَا كَانَ لَكُمْ اَنْ تُؤْذُوْا رَسُوْلَ اللّٰهِ وَلَآ اَنْ تَنْكِحُوْٓا اَزْوَاجَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖٓ اَبَدًاۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمًا٥٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tadkhulū buyūtan-nabiyyi illā ay yu'żana lakum ilā ṭa‘āmin gaira nāẓirīna ināhu wa lākin iżā du‘ītum fadkhulū fa iżā ṭa‘imtum fantasyirū wa lā musta'nisīna liḥadīṡ(in), inna żālikum kāna yu'żin-nabiyya fayastaḥyī minkum, wallāhu lā yastaḥyī minal-ḥaqq(i), wa iżā sa'altumūhunna matā‘an fas'alūhunna miw warā'i ḥijāb(in), żālikum aṭharu liqulūbikum wa qulūbihinn(a), wa mā kāna lakum an tu'żū rasūlallāhi wa lā an tankiḥū azwājahū mim ba‘dihī abadā(n), inna żālikum kāna ‘indallāhi ‘aẓīmā(n).
[53] He para wong mukmin, sira aja malêbu ngomahe Nabi Mukhammad, kajaba yèn sira dililani malêbu bakal disuguh panganan, sarta ora kêna tanpa ngêntèni wêtuning sêsuguh, nanging yèn sira diundang, banjur padha malêbua, mênawa sira wis mangan sêsuguh, banjur padha bubara, aja banjur jênak linggih cêcaturan lan padha kancanira, awit kang mangkono mau makewuhi marang Nabi Mukhammad, Nabi Mukhammad rikuh yèn nundhunga ing sira, nanging Allah ora pakewuh andhawuhake barang kang bênêr. Dene manawa sira arêp takon utawa anjaluk apa-apa marang rabine Nabi Mukhammad, sira takona utawa anjaluka saka jabaning warana bae. Kang mangkono iku suci bangêt tumrap marang atinira lan atine para rabine Nabi Mukhammad. Sira kabèh ora kêna gawe sêrike Nabi Mukhamad[3] Rasulullah, apadene ing têmbe sapungkure Rasulullah, sira ora kêna ngrabèni [ngra..bèni] randhane ing salawase, kang mangkono iku mungguhing Allah, prakara gêdhe.

اِنْ تُبْدُوْا شَيْـًٔا اَوْ تُخْفُوْهُ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا٥٤
In tubdū syai'an au tukhfūhu fa'innallāha kāna bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[54] Mênawa sira gawe sêrike Rasulullah kalawan dhêdhêmitan, apa manèh sira dhèng, iku Allah ora kêsamaran, Allah iku nguningani samubarang.

لَا جُنَاحَ عَلَيْهِنَّ فِيْٓ اٰبَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اَخَوٰتِهِنَّ وَلَا نِسَاۤىِٕهِنَّ وَلَا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّۚ وَاتَّقِيْنَ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا٥٥
Lā junāḥa ‘alaihinna fī ābā'ihinna wa lā abnā'ihinna wa lā ikhwānihinna wa lā abnā'i ikhwānihinna wa lā abnā'i akhawātihinna wa lā nisā'ihinna wa lā mā malakat aimānuhunn(a), wattaqīnallāh(a), innallāha kāna ‘alā kulli syai'in syahīdā(n).
[55] Para rabine Nabi Mukhammad, ora ana pakewuhe takon-tinakon tanpa warana, tumrap marang bapakne dhewe. Anake, para sadulure lanang, para anaking sadulur lanang, para anaking sadulur wadon, para wong wadon Islam, lan para wong wadon kawula kang kadarbe ing tangane, (kabèh mau kêna takon-tinakon lan rabine Nabi Mukhammad tanpa warana) para rabine Nabi Mukhammad padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku mirsani samubarang, ora pisan kêsamaran.

اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا٥٦
Innallāha wa malā'ikatahū yuṣallūna ‘alan-nabiyy(i), yā ayyuhal-lażīna āmanū ṣallū ‘alaihi wa sallimū taslīmā(n).
[56] Satêmêne Allah iku paring rahmat marang Nabi Mukhammad, para malaikating Allah uga padha nyuwunake rahmat, he para wong mukmin kabèh, sira padha macaa salawat, nyuwunake rahmating Allah marang Nabi Mukhammad, lan padha nyuwuna salaming Allah marang Nabi Mukhammad.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَاَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا مُّهِيْنًا٥٧
Innal-lażīna yu'żūnallāha wa rasūlahū la‘anahumullāhu fid-dun-yā wal-ākhirati wa a‘adda lahum ‘ażābam muhīnā(n).
[57] Sarupane wong kang nyêrikake ing Allah lan Rasulullah, (iya iku wong kaphir, padha ngarani kang ora bêcik marang Allah, lan maido marang Rasulullah) iku padha kêna bêbênduning Allah, ana ing dunya lan ing akhirat, lan padha diancam siksa naraka kang ngrèmèhake.

وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوْا فَقَدِ احْتَمَلُوْا بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ٥٨
Wal-lażīna yu'żūnal-mu'minīna wal-mu'mināti bigairi maktasabū faqadiḥtamalū buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[58] Sarupane wong kang nyêrikake wong lanang mukmin lan wong wadon mukmin, nêrka ala kang satêmêne ora, iku têtela padha mikul dosa goroh lan têtela padha duraka.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ وَبَنٰتِكَ وَنِسَاۤءِ الْمُؤْمِنِيْنَ يُدْنِيْنَ عَلَيْهِنَّ مِنْ جَلَابِيْبِهِنَّۗ ذٰلِكَ اَدْنٰىٓ اَنْ يُّعْرَفْنَ فَلَا يُؤْذَيْنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥٩
Yā ayyuhan-nabiyyu qul li'azwājika wa banātika wa nisā'il-mu'minīna yudnīna ‘alaihinna min jalābībihinn(a), żālika adnā ay yu‘rafna falā yu'żain(a), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[59] He Nabi Mukhammad, sira dhawuha marang para rabinira lan para anakira wadon, apadene marang para rabine wong mukmin, padha nutupana raine lawan mêkêna, iku luwih prayoga tinimbang umbar-umbaran bae dinêlêng ing wong, dadi ora dicacad ing wong. Allah iku ngapura tur Maha- asih.

۞ لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْمُرْجِفُوْنَ فِى الْمَدِيْنَةِ لَنُغْرِيَنَّكَ بِهِمْ ثُمَّ لَا يُجَاوِرُوْنَكَ فِيْهَآ اِلَّا قَلِيْلًا٦٠
La'il lam yantahil-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-murjifūna fil-madīnati lanugriyannaka bihim ṡumma lā yujāwirūnaka fīhā illā qalīlā(n).
[60] Wong kang padha lamis, lan wong kang atine ana lêlarane dhêmên jina. Apadene wong Madinah kang padha mratak-mratakake pawarta ala tur goroh, iku bakal padha Ingsun ulungake marang kawasanira. Sawise mangkono, wong mau kang isih lêstari awor lan sira ana ing Madinah, mung sathithik.

مَلْعُوْنِيْنَۖ اَيْنَمَا ثُقِفُوْٓا اُخِذُوْا وَقُتِّلُوْا تَقْتِيْلًا٦١
Mal‘ūnīn(a), ainamā ṡuqifū ukhiżū wa quttilū taqtīlā(n).
[61] Ana ing ngêndi bae wong mau padha kêna bêbênduning Allah, padha dicêkêl lan dipatèni.

سُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُ ۚوَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا٦٢
Sunnatallāhi fil-lażīna khalau min qabl(u), wa lan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n).
[62] Kang mangkono mau wis dadi pranataning Allah tumrap para nabi ing jaman kuna biyèn lan para umate. Pranataning Allah ora ana kang bisa ngowahi.

يَسْـَٔلُكَ النَّاسُ عَنِ السَّاعَةِۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ تَكُوْنُ قَرِيْبًا٦٣
Yas'alukan-nāsu ‘anis-sā‘ah(ti), qul innamā ‘ilmuhā ‘indallāh(i), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata takūnu qarībā(n).
[63] Akèh wong padha takon marang sira Mukhammad, nakokake besuk apa kêlakone dina kiyamat. Iku sira wangsulana: Kang nguningani bakal kêlakone dina kiyamat iku mung Allah piyambak. Sapa ta: kang bisa nêrangake marang kowe. Nanging wajibing wong mung ngati-ati, bokmênawa dina kiyamat iku wis cêdhak kêlakone.

اِنَّ اللّٰهَ لَعَنَ الْكٰفِرِيْنَ وَاَعَدَّ لَهُمْ سَعِيْرًاۙ٦٤
Innallāha la‘anal-kāfirīna wa a‘adda lahum sa‘īrā(n).
[64] Satêmêne Allah iku ambêndoni marang para wong kaphir, sarta ngancam bakal niksa wong kaphir ana ing Naraka Sangir.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۚ لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا ۚ٦٥
Khālidīna fīhā abadā(n), lā yajidūna waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[65] Wong kaphir mau ana ing Naraka Sangir padha langgêng salawase, ora bisa olèh andêl-andêl utawa kang nulungi bisa murungake siksa mau.

يَوْمَ تُقَلَّبُ وُجُوْهُهُمْ فِى النَّارِ يَقُوْلُوْنَ يٰلَيْتَنَآ اَطَعْنَا اللّٰهَ وَاَطَعْنَا الرَّسُوْلَا۠٦٦
Yauma tuqallabu wujūhuhum fin-nāri yaqūlūna yā laitanā aṭa‘nallāha wa aṭa‘nar-rasūlā.
[66] Ing dina iku raine para wong kaphir padha dijungkêl- jungkêlake ana ing naraka, sêsambate: Adhuh, bok iya aku saiki diparêngake ngabêkti ing Allah, lan manut miturut marang para rasul.

وَقَالُوْا رَبَّنَآ اِنَّآ اَطَعْنَا سَادَتَنَا وَكُبَرَاۤءَنَا فَاَضَلُّوْنَا السَّبِيْلَا۠٦٧
Wa qālū rabbanā innā aṭa‘nā sādatanā wa kubarā'anā fa aḍallūnas-sabīlā.
[67] Wong kaphir mau padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula punika manut dhatêng para pangagêng, ingkang dados pangajêng kawula, wusana para pangajêng wau sami nasarakên dhumatêng kawula saking margi ingkang lêrês.

رَبَّنَآ اٰتِهِمْ ضِعْفَيْنِ مِنَ الْعَذَابِ وَالْعَنْهُمْ لَعْنًا كَبِيْرًا ࣖ٦٨
Rabbanā ātihim ḍi‘faini minal-‘ażābi wal‘anhum la‘nan kabīrā(n).
[68] Dhuh Pangeran kawula, para pangajêng wau mugi Tuwan patrapi siksa tikêl kalih tinimbang kalihan kawula, sarta mugi Tuwan dhawahi bêbêndu ingkang langkung dening agêng.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اٰذَوْا مُوْسٰى فَبَرَّاَهُ اللّٰهُ مِمَّا قَالُوْا ۗوَكَانَ عِنْدَ اللّٰهِ وَجِيْهًا ۗ٦٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takūnū kal-lażīna āżau mūsā fa barra'ahullāhu mimmā qālū, wa kāna ‘indallāhi wajīhā(n).
[69] He para wong mukmin, sira aja padha kaya Karun sakancane kang padha nêrka ala, nyêrik-nyêrikake marang Nabi Musa. Allah banjur anggêlarake tăndha yêkti rêsike Nabi Musa saka panêrkane Karun sakancane mau. Nabi Musa mau ana ngarsaning Allah pangkate gêdhe.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ٧٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa qūlū qaulan sadīdā(n).
[70] He para wong mukmin, sira padha wêdia ing Allah, lan padha calathua kang têmên lan bênêr.

يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا٧١
Yuṣliḥ lakum a‘mālakum wa yagfir lakum żunūbakum, wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū faqad fāza fauzan ‘aẓīmā(n).
[71] Allah bakal nganggêp lan angganjar lakunira kang bêcik, sarta ngapura kaluputanira. Sing sapa manut miturut ing Allah lan marang Rasulullah, iku têtêp wong olèh kabêgjan gêdhe.

اِنَّا عَرَضْنَا الْاَمَانَةَ عَلَى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالْجِبَالِ فَاَبَيْنَ اَنْ يَّحْمِلْنَهَا وَاَشْفَقْنَ مِنْهَا وَحَمَلَهَا الْاِنْسَانُۗ اِنَّهٗ كَانَ ظَلُوْمًا جَهُوْلًاۙ٧٢
Innā ‘araḍnal-amānata ‘alas-samāwāti wal-arḍi fa abaina ay yaḥmilnahā wa asyfaqna minhā wa ḥamalahal-insān(u), innahū kāna ẓalūman jahūlā(n).
[72] Ingsun nawakake titipan, (sêsanggêman, iya iku ngèstokake sabarang parentahing Allah, sarta nyirik sabarang laranganing Allah, sing sapa sêtya tuhu nêtêpi sêsanggêmane, bakal Ingsun ganjar, kosokbaline, sing sapa cidra marang sêsanggêmane, bakal Ingsun siksa), Ingsun tawakake marang bumi lan langit, apadene marang gunung-gunung, nanging kabèh mau padha ora sanggêm nampani, padha kuwatir bokmênawa ora bisa nêtêpi sêsanggêmane. Ewadene titipan mau banjur disanggêmi ing manungsa, iya iku Nabi Adam. Dadi manungsa iku têtêp nganiaya marang awake dhewe, awit ênggone wani nyanggêmi mikul barang kang awake ora kêlar, sarta têtêp bodho, ora wêruh bakal wêkasane.

لِّيُعَذِّبَ اللّٰهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ وَيَتُوْبَ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ٧٣
Liyu‘ażżiballāhul-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-musyrikīna wal-musyrikāti wa yatūballāhu ‘alal-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[73] Enggone nawakake titipan mau, karsaning Allah diênggo urusan ênggone bakal niksa wong lanang kang padha lamis lan wong wadon kang padha lamis, apadene wong lanang kang padha maro tingal lan wong wadon kang padha maro tingal, mangkono uga ênggone bakal ngapura marang [ma...rang] wong lanang mukmin lan wong wadon mukmin. Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.