Surah As-Sajdah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1]
Aliph, Lam, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Ora sumêlang yèn tumurune Kitab Kuran iku saka Allah Pangeraning jagad saisine.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٢
Tanzīlul-kitābi lā raiba fīhi mir rabbil-‘ālamīn(a).
[2]
Wong kaphir padha calathu: Kuran iki gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe. Calathune wong kaphir mau goroh. Kuran iku nyata saka Allah Pangeranira, supaya sira ênggo mêmêdèni wong Mêkah, murih wong Mêkah mau padha olèha pituduh bênêr. Sadurunge sira, wong Mêkah mau ora ana kang mêmêdèni.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۚ بَلْ هُوَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اَتٰىهُمْ مِّنْ نَّذِيْرٍ مِّنْ قَبْلِكَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣
Am yaqūlūnaftarāhu balhuwal-ḥaqqu mir rabbika litunżira qaumam mā atāhum min nażīrim min qablika la‘allahum yahtadūn(a).
[3]
Allah iku kang gawe bumi lan langit, sarta barang kang ana antarane bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung, sawise dadi, Allah banjur jumênêng ana dhuwuring ngaras, (ênggone jumênêng mau ora kêna digagas). Sira ora duwe andêl-andêl liyane Allah, kang bakal mitulungi utawa anggênêpi kakuranganira, [kakurangani....ra,] murungake siksaning Allah. He wong Mêkah yagene sira padha ora ngrasak-ngrasakake kang mangkono mau.
اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ مَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا شَفِيْعٍۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ٤
Allāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), mā lakum min dūnihī miw waliyyiw wa lā syafī‘(in), afalā tatażakkarūn(a).
[4]
Allah nindakake lan niti pariksa samubarang prakara ing bumi lan ing langit, besuk dina kiyamat, samubarang prakara mau konjuk ing Allah, dina kiyamat iku dina kang dawane padha lan sèwu taun ing dunya.
يُدَبِّرُ الْاَمْرَ مِنَ السَّمَاۤءِ اِلَى الْاَرْضِ ثُمَّ يَعْرُجُ اِلَيْهِ فِيْ يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهٗٓ اَلْفَ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّوْنَ٥
Yudabbirul-amra minas-samā'i ilal-arḍi ṡumma ya‘ruju ilaihi fī yaumin kāna miqdāruhū alfa sanatim mimmā ta‘uddūn(a).
[5]
Allah iku nguningani samubarang kang samar-samar, apa manèh barang kang kasat mata, tur Mahamulya lan Maha-asih.
ذٰلِكَ عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُۙ٦
Żālika ‘ālimul-gaibi wasy-syahādatil-‘azīzur-raḥīm(u).
[6]
Allah iku kang ambêcikake wangune samubarang dêdamêlane, sarta murwani gawe manungsa, iya iku Nabi Adam, digawe saka ing êndhut.
الَّذِيْٓ اَحْسَنَ كُلَّ شَيْءٍ خَلَقَهٗ وَبَدَاَ خَلْقَ الْاِنْسَانِ مِنْ طِيْنٍ٧
Allażī aḥsana kulla syai'in khalaqahū wa bada'a khalqal-insāni min ṭīn(in).
[7]
Sawise Nabi Adam dadi, banjur gawe turune, iya iku sarupaning manungsa, digawe saka gêtih kênthêl, kang kadadian saka banyu kang limprêk-limprêk, iya iku mani.
ثُمَّ جَعَلَ نَسْلَهٗ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍ ۚ٨
Ṡumma ja‘ala naslahū min sulālatim mim mā'im mahīn(in).
[8]
Allah gawe Nabi Adam rupa manungsa, lan banjur dipanjingi roh ing Allah, wusana banjur urip, sarta sira kabèh padha diparingi pangrungu lan pandêlêng, apadene pikir, ewadene sira iku kang sukur ing Allah têka mung sathithik.
ثُمَّ سَوّٰىهُ وَنَفَخَ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِهٖ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٩
Ṡumma sawwāhu wa nafakha fīhi mir rūḥihī wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), qalīlam mā tasykurūn(a).
[9]
Wong kang padha maido dina kiyamat, padha ngucap: Besuk yèn aku wis ajur dadi lêmah, apa nyata ing besuk aku bakal diuripake manèh dadi titah anyar.
وَقَالُوْٓا ءَاِذَا ضَلَلْنَا فِى الْاَرْضِ ءَاِنَّا لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ەۗ بَلْ هُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّهِمْ كٰفِرُوْنَ١٠
Wa qālū a'iżā ḍalalnā fil-arḍi a'innā lafī khalqin jadīd(in), bal hum biliqā'i rabbihim kāfirūn(a).
[10]
Wong mangkono mau têtêp padha maido ênggone bakal diuripake saka ing pati. Lan disebakake ing ngarsaning Pangerane.
۞ قُلْ يَتَوَفّٰىكُمْ مَّلَكُ الْمَوْتِ الَّذِيْ وُكِّلَ بِكُمْ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ ࣖ١١
Qul yatawaffākum malakul-mautil-lażī wukkila bikum ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[11]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong kaphir, malaikat pati kang tinanggênah dening Allah, bakal anglolos nyawamu, wusana ing têmbe kowe bakal padha bali disebakake ana ngarsaning Allah Pangeranmu.
وَلَوْ تَرٰىٓ اِذِ الْمُجْرِمُوْنَ نَاكِسُوْا رُءُوْسِهِمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ رَبَّنَآ اَبْصَرْنَا وَسَمِعْنَا فَارْجِعْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا اِنَّا مُوْقِنُوْنَ١٢
Wa lau tarā iżil-mujrimūna nākisū ru'ūsihim ‘inda rabbihim, rabbanā abṣarnā wa sami‘nā farji‘nā na‘mal ṣāliḥan innā mūqinūn(a).
[12]
(He manungsa) besuk dina kiyamat, sira bakal andêlêng para wong kaphir padha anjungkêl ana ngarsaning Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, sapunika kawula sampun sumêrêp piyambak kalampahanipun dintên kiyamat, saha sampun mirêng piyambak dhawuh Tuwan bab têmênipun [têmêni.....pun] para rasul. Sapunika panyuwun kawula, mugi wontêna kaparêng Tuwan mangsulakên kawula dhatêng ing dunya malih, kawula sanggêm badhe nglampahi pandamêl sae wontên ing dunya, sapunika kawula ngandêl sayêktos dhatêng para rasul.
وَلَوْ شِئْنَا لَاٰتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدٰىهَا وَلٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّيْ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ١٣
Wa lau syi'nā la'ātainā kulla nafsin hudāhā wa lākin ḥaqqal-qaulu minnī la'amla'anna jahannama minal-jinnati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[13]
Upama ana parênge karsaningsun, manungsa iku kabèh Ingsun paringi pituduh bênêr, mêsthi kêlakon ora ana wong kaphir, nanging karsaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun: Naraka Jahanam iku bakal Ingsun kêbaki isi jin lan manungsa, iku mêsthi kêlakon, ora cidra.
فَذُوْقُوْا بِمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۚ اِنَّا نَسِيْنٰكُمْ وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٤
Fa żūqū bimā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, innā nasīnākum wa żūqū ‘ażābal-khuldi bimā kuntum ta‘malūn(a).
[14]
Nalikane wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka, malaikat kang jaga naraka ngucap: Mara pêpadha[10] ngrasakna siksa, patrapane ênggonmu padha ora praduli lan ora pracaya anane akhirat iki, aku uga ora praduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgêng, patrapane ênggonmu padha nglakoni kaphir.
اِنَّمَا يُؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِهَا خَرُّوْا سُجَّدًا وَّسَبَّحُوْا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ۩١٥
Innamā yu'minu bi'āyātinal-lażīna iżā żukkirū bihā kharrū sujjadaw wa sabbaḥū biḥamdi rabbihim wa hum lā yastakbirūn(a).
[15]
Kang mêsthi ngandêl marang Kuran ayat Ingsun, iku mung wong kang yèn dipituturi kalawan surasaning Kuran, banjur sumungkêm sujud ing Allah, sarta nyêbut Mahasuci ing Allah kalawan mêmuji ing Allah Pangerane, apadene ora gumêdhe.
تَتَجَافٰى جُنُوْبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَّطَمَعًاۖ وَّمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ١٦
Tatajāfā junūbuhum ‘anil-maḍāji‘i yad‘ūna rabbahum khaufaw wa ṭama‘ā(n), wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[16]
Ing wayah wêngi padha nglilir, ambênggang awake saka ing paturone, banjur sêmbayang lan nyênyuwun ing Pangerane, wêdi siksane lan kapengin ganjarane, apadene padha dhangan mèwèhake rijêki pêparing Ingsun.
فَلَا تَعْلَمُ نَفْسٌ مَّآ اُخْفِيَ لَهُمْ مِّنْ قُرَّةِ اَعْيُنٍۚ جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٧
Falā ta‘lamu nafsum mā ukhfiya lahum min qurrati a‘yun(in), jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[17]
Siji-sijining wong kang wis kasêbut mau, ora ana kang wêruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mau, minăngka ganjaraning pangabêkti kang wis dilakoni.
اَفَمَنْ كَانَ مُؤْمِنًا كَمَنْ كَانَ فَاسِقًاۗ لَا يَسْتَوٗنَ١٨
Afaman kāna mu'minan kaman kāna fāsiqā(n), lā yastawūn(a).
[18]
Wong kang pracaya lan ngèstokake ing Allah, kawusanane apa padha bae karo wong kang duraka kaphir, mêsthi ora padha.
اَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَلَهُمْ جَنّٰتُ الْمَأْوٰىۖ نُزُلًا ۢبِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٩
Ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti falahum jannātul-ma'wā, nuzulam bimā kānū ya‘malūn(a).
[19]
Dene wong padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha olèh ganjaran Suwarga Makwa (kang disadhiyakake marang dhayohing Allah) minăngka ganjaraning pangabêkti kang wis padha dilakoni.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ فَسَقُوْا فَمَأْوٰىهُمُ النَّارُ كُلَّمَآ اَرَادُوْٓا اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَآ اُعِيْدُوْا فِيْهَا وَقِيْلَ لَهُمْ ذُوْقُوْا عَذَابَ النَّارِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ٢٠
Wa ammal-lażīna fasaqū fa ma'wākumun nāru kullamā arādū ay yakhrujū minhā u‘īdū fīhā wa qīla lahum żūqū ‘ażāban nāril-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[20]
Dene wong kang duraka kaphir, iku panggonane ana ing naraka, sabên arêp mêtu saka ing naraka, dibalèkake ana ing panggonane ing naraka, malah padha didhawuhi, sira padha ngrasakna siksa naraka, kang padha sira paido biyèn.
وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنَ الْعَذَابِ الْاَدْنٰى دُوْنَ الْعَذَابِ الْاَكْبَرِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٢١
Wa lanużīqannahum minal-‘ażābil-adnā dūnal-‘ażābil-akbari la‘allahum yarji‘ūn(a).
[21]
Wong kaphir mau ana ing dunya Ingsun wêruhake rasaning siksa kang mayar, (iya iku diboyang lan pailan sapêpadhane) sadurunge Ingsun wêruhake rasaning siksa kang gêdhe ana ing akhirat, kang mangkono mau supaya padha marènana ênggone kaphir.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ ثُمَّ اَعْرَضَ عَنْهَا ۗاِنَّا مِنَ الْمُجْرِمِيْنَ مُنْتَقِمُوْنَ ࣖ٢٢
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī ṡumma a‘raḍa ‘anhā, innā minal-mujrimīna muntaqimūn(a).
[22]
Ora ana wong kang luwih duraka tinimbang lan wong kang dipituturi kalawan surasaning Kuran, ayating Pangerane, nanging banjur malengos marang Kuran, satêmêne Ingsun mêsthi niksa para wong kaphir.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَلَا تَكُنْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤىِٕهٖ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ٢٣
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba falā takun fī miryatim mil liqā'ihī wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īl(a).
[23]
Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa. Sira aja sumêlang ênggonira patêmon lan Nabi Musa. (Nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit). Nabi Musa mau Ingsun dadèkake panuduh dalan bênêr marang para turune Israil.
وَجَعَلْنَا مِنْهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا لَمَّا صَبَرُوْاۗ وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يُوْقِنُوْنَ٢٤
Wa ja‘alnā minhum a'immatay yahdūna bi'amrinā lammā ṣabarū, wa kānū bi'āyātinā yūqinūn(a).
[24]
Wong Bani Israil iya ana kang Ingsun dadèkake pangarêping manungsa, iya iku para nabi, padha nuduhake wong akèh, ngèstokake parentah Ingsun, awit para nabi mau padha têguh atine, sarta ngandêl yèn ayat Ingsun iku têrang saka Ingsun.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٢٥
Inna rabbaka huwa yafṣilu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[25]
Satêmêne Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para nabi mau lan para umate kang padha maido besuk dina kiyamat.
اَوَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍۗ اَفَلَا يَسْمَعُوْنَ٢٦
Awalam yahdi lahum kam ahlaknā min qablihim minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyāt(in), afalā yasma‘ūn(a).
[26]
Wong kaphir ing Mêkah apa ora wis dituduhake dening Allah, pira bae kèhe para umat kuna sadurunge wong kaphir ing Mêkah mau, kang padha Ingsun tumpês marga ênggone kaphir. Wong kaphir ing Mêkah padha mlaku andêlêng patilasane umat kang tumpês mau. Kang mangkono iku mêsthi dadi tăndha yêkti. Yagene wong kaphir ing Mêkah padha ora ngrungokake lan ngrasak-ngrasakake.
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا نَسُوْقُ الْمَاۤءَ اِلَى الْاَرْضِ الْجُرُزِ فَنُخْرِجُ بِهٖ زَرْعًا تَأْكُلُ مِنْهُ اَنْعَامُهُمْ وَاَنْفُسُهُمْۗ اَفَلَا يُبْصِرُوْنَ٢٧
Awalam yarau annā nasūqul-mā'a ilal-arḍil juruzi fanukhriju bihī zar‘an ta'kulu minhu an‘āmuhum wa anfushum, afalā yubṣirūn(a).
[27]
Wong kaphir ing Mêkah apa ora padha andêlêng [andê.....lêng] ênggon Ingsun ngilèkake banyu marang palêmahan kang bêra, banjur Ingsun ênggo nukulake têtanduran ana ing palêmahan mau, wusana banjur dadi pangane wong Mêkah dalah ingon-ingone, wong kaphir ing Mêkah apa ora padha andêlêng kang mangkono mau.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْفَتْحُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-fatḥu in kuntum ṣādiqīn(a).
[28]
Wong kaphir ing Mêkah padha calathu marang wong mukmin: Yèn kandhamu iku têmên, mara besuk apa bêdhahe nagara Mêkah iki, prakara pasulayanmu lan aku besuk apa dipancas dening Allah.
قُلْ يَوْمَ الْفَتْحِ لَا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِيْمَانُهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٢٩
Qul yaumal-fatḥi lā yanfa‘ul-lażīna kafarū īmānuhum wa lā hum yunẓarūn(a).
[29]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Dina bakal bêdhahe nagara Mêkah utawa dina kiyamat, iku Allah piyambak kang wuninga. Ing kono tobate wong kaphir, saguh pracaya ing Allah, wis ora migunani, sarta wis ora disrantèkake manèh paniksane.
فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَانْتَظِرْ اِنَّهُمْ مُّنْتَظِرُوْنَ ࣖ٣٠
Fa a‘riḍ ‘anhum wantaẓir innahum muntaẓirūn(a).
[30]
Mulane sira malengosa marang wong kaphir, ngêntènana sarta ngarêp-arêpa pitulunging Allah, wong kaphir uga ngarêp-arêp [ngarêp-a.rêp] mênange.