Surah Luqman

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1] Aliph, Lam, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang uninga têgêse lan karêpe. Ayate surat iki iya ayating Kitab Kuran, kang isi kawicaksanan.

تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِۙ٢
Tilka āyātul-kitābil-ḥakīm(i).
[2] Iya iku pituduh minăngka rahmating Allah marang wong kang nglakoni panggawe bêcik.

هُدًى وَّرَحْمَةً لِّلْمُحْسِنِيْنَۙ٣
Hudaw wa raḥmatal lil-muḥsinīn(a).
[3] Kang padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar jakat, sarta ngandêl bakal ana akhirat.

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ٤
Allażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[4] Wong mangkono mau padha nêtêpi pituduhing [pitu..duhing] Pangerane, mulane wong mangkono mau padha bêgja.

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥
Ulā'ika ‘alā hudam mir rabbihim wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[5] Sawênèhing wong Mêkah ana kang milih carita kang dilagokake, tur têmbunge nêngsêmake, diênggo nasarake wong liyane saka dalaning Allah agama Islam. Pamilihe mau ngawur bae, tanpa katêrangan bênêr lan lupute. Ayating Allah banjur diênggo gêguyon, wong mangkono mau bakal padha dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْتَرِيْ لَهْوَ الْحَدِيْثِ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍۖ وَّيَتَّخِذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ٦
Wa minan-nāsi may yasytarī lahwal-ḥadīṡi liyuḍilla ‘an sabīlillāhi bigairi ‘ilmiw wa yattakhiżahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[6] Wong mangkono mau manawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, banjur malengos lan gumêdhe, api-api ora krungu, kupinge kaya disumpêli banjur budhêg, wong mangkono mau sira surup-surupna yèn bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا وَلّٰى مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَا كَاَنَّ فِيْٓ اُذُنَيْهِ وَقْرًاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٧
Wa iżā tutlā ‘alaihi āyātunā wallā mustakbiran ka'allam yasma‘hā ka'anna fī użunaihi waqrā(n), fabasyyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[7] Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha diganjar Suwarga Nangim.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ جَنّٰتُ النَّعِيْمِۙ٨
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum jannātun na‘īm(i).
[8] Enggone ana ing suwarga padha langgêng, nètèsi prasêtyaning Allah kang dituhoni kalawan [kala....wan] nyata. Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٩
Khālidīna fīhā, wa‘dallāhi ḥaqqā(n), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[9] Allah gawe langit nganggrang ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira dêlêng iku, lan andokoki gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi mau gonjang- ganjing ngobah-obah sira, sarta andokoki sawarnaning khewan kang gumrayah ana ing bumi, apadene Ingsun nurunake banyu udan saka ing langit, sabanjure bumi mau Ingsun wêtokake thêthukulane warna-warna kang becik-bêcik.

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍۗ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ١٠
Khalaqas-samāwāti bigairi ‘amadin taraunahā wa alqā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bikum wa baṡṡa fīhā min kulli dābbah(tin), wa anzalnā minas-samā'i mā'an fa ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[10] Kang wis kasêbut iki kabèh gêgaweaning Allah, (He wong kaphir) mara Ingsun tuduhna, brahala kang padha sira aku Pangeran liyane Allah iku, êndi gêgaweane. Wong kaphir iku têtela wong kêsasar.

هٰذَا خَلْقُ اللّٰهِ فَاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ بَلِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١١
Hāżā khalqullāhi fa arūnī māżā khalaqal-lażīna min dūnih(ī), baliẓ-ẓālimūna fī ḍalālim mubīn(in).
[11] Ingsun wus paring kawicaksanan marang Lukman, dhawuh Ingsun: (He Lukman) sira sukura ing Allah marga ênggonira diparingi kawicaksanan. Sing sapa sukur ing Allah, iku ganjarane tumrap marang awake dhewe. Dene sing sapa ora ngendahake pêparinging Allah, iku wêruh- [wêruh.-] a yèn Allah iku ora butuh marang titahe, tur pantês ingalêmbana.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ١٢
Wa laqad ātainā luqmānal-ḥikmata anisykur lillāh(i), wa may yasykur fa'innamā yasykuru linafsih(ī), wa man kafara fa'innallāha ganiyyun ḥamīd(un).
[12] (He Mukhammad) sira nyaritakna Lukman nalika mêmulang lan mituturi marang anake. He anakku, kowe aja pisan maro tingal ênggonmu mangeran ing Allah, awit maro tingal iku duraka gêdhe.

وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ١٣
Wa iż qāla luqmānu libnihī wa huwa ya‘iẓuhū yā bunayya lā tusyrik billāh(i), innasy-syirka laẓulmun ‘aẓīm(un).
[13] Ingsun dhawuh marang manungsa, padha ngabêktia marang wong tuwane loro, awit nalika ana sajroning wêtêngan, biyunge nandhang rêribêd, saya tuwa wêtêngane, awake sangsaya abot. Sawise lair jabang bayi, ênggone nusoni nganti lawas, panyapihe nganti umur rong taun. He manungsa, sira padha sukura marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro. Ing têmbe sira bakal bali disebakake marang ngarsaningsun.

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِۚ حَمَلَتْهُ اُمُّهٗ وَهْنًا عَلٰى وَهْنٍ وَّفِصَالُهٗ فِيْ عَامَيْنِ اَنِ اشْكُرْ لِيْ وَلِوَالِدَيْكَۗ اِلَيَّ الْمَصِيْرُ١٤
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaih(i), ḥamalathu ummuhū wahnan ‘alā wahniw wa fiṣāluhū fī ‘āmaini anisykur lī wa liwālidaik(a), ilayyal-maṣīr(u).
[14] Ewadene mênawa wong tuwanira loro mau akon maro tingal marang sira, nyêmbah marang barang kang sira ora wêruh katêrangane yèn iku Pangeran, iku sira aja manut marang wong tuwanira loro mau. Dene liyane bab agama, sira dadia kancane wong tuwanira loro ana ing dunya kalawan bêcik, sira manuta laku jantrane wong kang sêtya tuhu ngabêkti marang Ingsun. Ing têmbe sira bakal bali, disebakake marang Ingsun. Ingsun bakal anjalèntrèhake samubarang kang padha sira lakoni.

وَاِنْ جَاهَدٰكَ عَلٰٓى اَنْ تُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا وَصَاحِبْهُمَا فِى الدُّنْيَا مَعْرُوْفًا ۖوَّاتَّبِعْ سَبِيْلَ مَنْ اَنَابَ اِلَيَّۚ ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٥
Wa in jāhadāka ‘alā an tusyrika bī mā laisa laka bihī ‘ilmun falā tuṭi‘humā wa ṣāḥibhumā fid-dun-yā ma‘rūfā(n), wattabi‘ sabīla man anāba ilayya(a), ṡumma ilayya marji‘ukum fa unabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[15] Wêwulange Lukman: He anakku, panggawe ala iku sanajan mung saboboting wiji sawi siji, sarta panggonane ana sajroning watu kang diancik-anciki sapi kang nyăngga bumi, utawa ana ing langit, utawa ana ing bumi, mêsthi ditêkakake dening Allah, sarta banjur ditimbang, Allah iku alus tur waspada.

يٰبُنَيَّ اِنَّهَآ اِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِيْ صَخْرَةٍ اَوْ فِى السَّمٰوٰتِ اَوْ فِى الْاَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ١٦
Yā bunayya innahā in taku miṡqāla ḥabbatim min khardalin fatakun fī ṣakhratin au fis-samāwāti au fil-arḍi ya'ti bihallāh(u), innallāha laṭīfun khabīr(un).
[16] He anakku, kowe nglakonana sêmbayang, lan ajak-ajaka nglakoni panggawe bêcik lan mênginga nglakoni panggawe ala, lan ditêtêg atimu kêtaman piala kang tumanduk ing kowe, awit kang mangkono iku prakara kang diwajibake dening Allah tumrap ing kowe.

يٰبُنَيَّ اَقِمِ الصَّلٰوةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوْفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَاصْبِرْ عَلٰى مَآ اَصَابَكَۗ اِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ١٧
Yā bunayya aqimiṣ-ṣalāta wa'mur bil-ma‘rūfi wanha ‘anil-munkari waṣbir ‘alā mā aṣābak(a), inna żālika min ‘azmil-umūr(i).
[17] Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa, gumêdhe, rupa ngrèmèhake marang wong, lan yèn malaku ana ing bumi aja gêmbelengan, awit Allah iku ora rêmên wong kang mlaku gêmbelengan, ngrèmèhake marang wong.

وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ١٨
Wa lā tuṣa‘‘ir khaddaka lin-nāsi wa lā tamsyi fil-arḍi maraḥā(n), innallāha lā yuḥibbu kulla mukhtālin fakhūr(in).
[18] Enggonmu mlaku, mlakua kang prasaja lan sêdhêngan, lan yèn kowe nyuwara, nyuwaraa kang alon lan aris, awit suwara kang kasar iku suwaraning kimar.

وَاقْصِدْ فِيْ مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِنْ صَوْتِكَۗ اِنَّ اَنْكَرَ الْاَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيْرِ ࣖ١٩
Waqṣid fī masy-yika wagḍuḍ min ṣautik(a), inna ankaral-aṣwāti laṣautul-ḥamīr(i).
[19] (Pangandikaning Allah): He wong kaphir, sira apa ora padha andêlêng Allah ênggone maringake isèn-isèning langit marang sira, (kaya ta srêngenge, rêmbulan lan lintang) apadene isèn-isèning bumi, (kaya ta: sagara, khewan, wowohan lan liya-liyane) lan manèh Allah paring kabungahan kang sampurna lair batin marang sira. Ewadene sawênèhing wong Mêkah ana kang madoni bab kaananing Allah, awur-awuran bae, tanpa wêwaton kawruh lan tanpa wêwaton pituduhing rasul, lan tanpa wêwaton [wê....waton] kitab kang têrang.

اَلَمْ تَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَاَسْبَغَ عَلَيْكُمْ نِعَمَهٗ ظَاهِرَةً وَّبَاطِنَةً ۗوَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ٢٠
Alam tarau annallāha sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa asbaga ‘alaikum ni‘amahū ẓāhirataw wa bāṭinah(tan), wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa lā hudaw wa lā kitābim munīr(in).
[20] Wong kaphir mau mênawa didhawuhi: Kowe padha ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake dening Allah. Wangsulane: Kula kêdah nglêluri samukawis ingkang sampun lampahi[5] para lêluhur kula. Pangandikaning Allah: Apa sanajan setan iku ngajak malêbu ing Naraka Sangir, si kaphir mêksa manut bae.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَاۗ اَوَلَوْ كَانَ الشَّيْطٰنُ يَدْعُوْهُمْ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ٢١
Wa iżā qīla lahumuttabi‘ū mā anzalallāhu qālū bal nattabi‘u mā wajadnā ‘alaihi ābā'anā, awalau kānasy-syaiṭānu yad‘ūhum ilā ‘ażābis-sa‘īr(i).
[21] Sing sapa ngadhêpake awake ngabêkti ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku wis cêk[6] lan tali kang kukuh lan miyatani. Samubarang prakara iku karampungane ana ngastaning Allah.

۞ وَمَنْ يُّسْلِمْ وَجْهَهٗٓ اِلَى اللّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰىۗ وَاِلَى اللّٰهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ٢٢
Wa may yuslim wajhahū ilallāhi wa huwa muḥsinun faqadistamsaka bil-‘urwatil-wuṡqā, wa ilallāhi ‘āqibatul-umūr(i).
[22] (He Mukhammad) sira aja sêdhih marga dening wong Mêkah padha puguh kaphir, awit kabèh iku ing têmbe bakal padha bali disebakake marang ngarsaningsun, Ingsun bakal mêlèhake samubarang kang wis padha dilakoni. Allah iku nguningani sakarêntêging ati.

وَمَنْ كَفَرَ فَلَا يَحْزُنْكَ كُفْرُهٗۗ اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ فَنُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٣
Wa man kafara falā yaḥzunka kufruh(ū), ilainā marji‘uhum fanunabbi'uhum bimā ‘amilū, innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[23] Ingsun paring kabungahan marang wong kaphir mung sawatara suwene, iya iku mung sajrone ana ing dunya bae, ing têmbe ana ing akhirat, wong kaphir mau padha Ingsun pêksa malêbu ing naraka, siksa kang abot.

نُمَتِّعُهُمْ قَلِيْلًا ثُمَّ نَضْطَرُّهُمْ اِلٰى عَذَابٍ غَلِيْظٍ٢٤
Numatti‘uhum qalīlan ṡumma naḍṭarruhum ilā ‘ażābin galīẓ(in).
[24] Mênawa sira takon marang wong kaphir mau, sapa kang gawe bumi lan langit. Wong kaphir mêsthi padha mangsuli, ingkang damêl inggih Allah, ing kono sira gênti mangsulana: Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, aku bungah dene kowe wêruh kang mangkono mau, nanging cuwa dene wong kaphir padha ora wêruh wajibe kang tumrap ing awake.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٥
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunnallāh(u), qulil-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[25] Samubarang isine langit lan bumi iki kabèh kagunganing Allah. Satêmêne Allah iku sugih tur wis bênêre kudu ingalêmbana.

لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ٢٦
Lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[26] Upama isining bumi iki kang rupa kayu digawe kalam, dene banyu sagara kang samono kèhe iku wujud mangsi, diênggo nulisi pangandikaning Allah lan kawruhing Allah, êntèking banyu sagara diwuwuhi sagara mangsi pitung mono êngkas, mêsthi ora paja-paja ngêntèkake pangandikaning Allah lan kawruhing Allah. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

وَلَوْ اَنَّ مَا فِى الْاَرْضِ مِنْ شَجَرَةٍ اَقْلَامٌ وَّالْبَحْرُ يَمُدُّهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖ سَبْعَةُ اَبْحُرٍ مَّا نَفِدَتْ كَلِمٰتُ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٧
Wa lau anna mā fil-arḍi min syajaratin aqlāmuw wal-baḥru yamudduhū mim ba‘dihī sab‘atu abḥurim mā nafidat kalimātullāh(i), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[27] (He manungsa) Allah ênggone gawe awakira lan ênggone nguripake saka ing pati marang sira wong sajagad kalawan barêng, iku ora kangelan, mung kaya gawe lan nguripake wong siji bae. Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

مَا خَلْقُكُمْ وَلَا بَعْثُكُمْ اِلَّا كَنَفْسٍ وَّاحِدَةٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ٢٨
Mā khalqukum wa lā ba‘ṡukum illā kanafsiw wāḥidah(tin), innallāha samī‘um baṣīr(un).
[28] Apa sira ora andêlêng Allah ênggone nglojokake wêngi marang awan sarta nglojokake awan marang wêngi, apadene ênggone marentah srêngenge lan rêmbulan, loro pisan padha mlaku ana ing sacakralane[7] dhewe-dhewe, nganti têkan ing wangên kang tinamtokake, iya iku dina kiyamat. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۖ كُلٌّ يَّجْرِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى وَّاَنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٩
Alam tara annallāha yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-laili wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī ilā ajalim musammaw wa annallāha bimā ta‘malūna khabīr(un).
[29] Mulane mangkono, awit Allah iku langgêng tan kêna owah, sarta bênêre kudu disêmbah, dene brahala kang padha diaku Pangeran liyane Allah, iku ora bênêr. Satêmêne Allah iku Mahaluhur lan Maha-agung.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الْبَاطِلُۙ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ ࣖ٣٠
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa anna mā yad‘ūna min dūnihil-bāṭil(u), wa annallāha huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[30] Sira apa ora andêlêng prau ênggone mlaku ana ing sagara sarana angin, minăngka pêparinging Allah kabungahan, iku ayating Allah kaelokan, ditontonake marang sira. Kaelokan mau tumrap wong kang têguh atine, sarta sukur ing Allah, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ الْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِنِعْمَتِ اللّٰهِ لِيُرِيَكُمْ مِّنْ اٰيٰتِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ٣١
Alam tara annal-fulka tajrī fil-baḥri bini‘matillāhi liyuriyakum min āyātih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[31] Wong kaphir nalikane tinêmpuh ing angin ribut ana ing sagara, ombake molak-malik, gêdhe sagunung-gunung, banjur padha nyênyuwun salamêt ing Allah, kaya wong suci atine sumungkêm marang agama. Barêng Allah wis paring slamêt têkan ing dharatan, wong mau iya ana kang lêstari pracaya ing Allah. Dene wong kang maido ayat Ingsun, iku ora ana manèh kajaba wong kang cidra lan kaphir.

وَاِذَا غَشِيَهُمْ مَّوْجٌ كَالظُّلَلِ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ فَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا كُلُّ خَتَّارٍ كَفُوْرٍ٣٢
Wa iżā gasyiyahum maujun kaẓ-ẓulali da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), falammā najjāhum ilal-barri faminhum muqtaṣid(un), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illā kullu khattārin kafūr(in).
[32] He manungsa, sira padha wêdia ing Allah Pangeranira, lan wêdia dina kiyamat, ing kono bapa ora praduli marang anake, sarta anak iya ora praduli marang bapakne, ora bisa mitulungi sathithik-thithika.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لَّا يَجْزِيْ وَالِدٌ عَنْ وَّلَدِهٖۖ وَلَا مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَّالِدِهٖ شَيْـًٔاۗ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ٣٣
Ya ayyuhan-nāsuttaqū rabbakum wakhsyau yaumal lā yajzī wālidun ‘aw waladih(ī), wa lā maulūdun huwa jāzin ‘aw wālidihī syai'ā(n), inna wa‘dallāhi ḥaqqun falā tagurrannakumul-ḥayātud-dun-yā, wa lā yagurrannakum billāhil-garūr(u).
[33] Prasêtyaning Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan angganjar apadene niksa, iku kabèh bakal kalêksanan têmênan. Sira dingati-ati, aja nganti kajalomprong dening kabungahan ing dunya, lan sungkêmira ing Allah, aja nganti dijalomprongake ing setan.

اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ ࣖ٣٤
Innallāha ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa yunazzilul-gaiṡ(a), wa ya‘lamu mā fil-arḥām(i), wa mā tadrī nafsum māżā taksibu gadā(n), wa mā tadrī nafsum bi'ayyi arḍin tamūt(u), innallāha ‘alīmun khabīr(un).
[34] Allah iku nguni[8] besuk apa kêlakone dina kiyamat, lan mêngko apa tumuruning udan, sarta nguningani baya[9] kang ana ing wêtêngan, lanang lan wadone. Dene wong ora ana kang wêruh apa kang bakal dilakoni ing dina sesuk, lan uga ora wêruh ênggone bakal mati ana ing bumi ngêndi. Satêmêne Allah iku nguningani tur waspada samubarang.