Surah Ar-Rum

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۚ١
Alif lām mīm.
[1] Aliph, Lam, Mim, iku kabèh arane aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe, ing dina iki wong Rum kalah pêrange mungsuh lan wong Pèrsi.

غُلِبَتِ الرُّوْمُۙ٢
Gulibatir-rūm(u).
[2] Enggone pêrang ana ing bumine kang cêdhak dhewe lan tanah Pèrsi. Wong Rum mau sawise kalah pêrang, ing têmbe bakal mênang, ngalahake wong Pèrsi.

فِيْٓ اَدْنَى الْاَرْضِ وَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ غَلَبِهِمْ سَيَغْلِبُوْنَۙ٣
Fī adnal-arḍi wa hum mim ba‘di galabihim sayaglibūn(a).
[3] Mênange besuk yèn wis pitung taun. Sadurunge wong Rum mênang lan sawise, samubarang prakara iku kagunganing Allah, ing dina mênange wong Rum, wong mukmin padha bungah.

فِيْ بِضْعِ سِنِيْنَ ەۗ لِلّٰهِ الْاَمْرُ مِنْ قَبْلُ وَمِنْۢ بَعْدُ ۗوَيَوْمَىِٕذٍ يَّفْرَحُ الْمُؤْمِنُوْنَۙ٤
Fī biḍ‘i sinīn(a), lillāhil-amru min qablu wa mim ba‘d(u), wa yauma'iżiy yafraḥul-mu'minūn(a).
[4] Mênange wong Rum mau kalawan olèh pitulunging Allah. Allah iku paring pitulung marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku Mahamulya tur Maha-asih.

بِنَصْرِ اللّٰهِ ۗيَنْصُرُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ٥
Binaṣrillāh(i), yanṣuru may yasyā'(u), wa huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[5] Allah wis prasêtya bakal paring pitulung marang wong Rum, Allah ora pisan nyidrani janjine. Ewadene wong kaphir ing Mêkah, kang akèh padha ora wêruh prasêtyane Allah mau.

وَعْدَ اللّٰهِ ۗ لَا يُخْلِفُ اللّٰهُ وَعْدَهٗ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٦
Wa‘dallāh(i), lā yukhlifullāhu wa‘dahū wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[6] Kang padha diwêruhi mung gumêlare ing lair prakara kabungahan ing dunya. Dene marang prakara akhirat, wong kaphir mau padha ora mikir.

يَعْلَمُوْنَ ظَاهِرًا مِّنَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ وَهُمْ عَنِ الْاٰخِرَةِ هُمْ غٰفِلُوْنَ٧
Ya‘lamūna ẓāhiram minal-ḥayātid-dun-yā, wa hum ‘anil-ākhirati hum gāfilūn(a).
[7] Yagene wong kaphir ing Mêkah têka ora padha ngrasak-ngrasakake kaananing awake, Allah ênggone gawe bumi lan langit lan saisine kabèh, iku ora dolanan, nanging nyata akèh paidahe lan ana karsane, apadene ana wêwangêne kang tinamtokake bakal sirnane bumi lan langit mau. Nanging manungsa mau kang akèh padha maido yèn ing besuk sawise mati bakal padha disebakake ing ngarsane Pangerane.

اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۗ مَا خَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ بِلِقَاۤئِ رَبِّهِمْ لَكٰفِرُوْنَ٨
Awalam yatafakkarū fī anfusihim, mā khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqqi wa ajalim musammā(n), wa inna kaṡīram minan-nāsi biliqā'i rabbihim lakāfirūn(a).
[8] Yagene wong kaphir ing Mêkah padha ora anjajah ing bumi, upama anjajaha, mêsthi padha wêruh patilasan pirang-pirang lan wêruh kapriye kadadiane para wong kuna sadurunge wong Mêkah mau. Wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli wong ing Mêkah. Sarta padha ngolah bumi, gawe gêmah arjaning nagara luwih akèh, ngungkuli wong ing Mêkah, wusana wong kuna mau disurup-surupake dening para rasule, kanthi tăndha yêkti mukjijat kaelokan pirang-pirang (nanging wong kuna padha wangkot, mulane banjur padha dirusak dening Allah), dene Allah ênggone ngrusak mau, dudu panganiaya, nanging wong kuna kang ngrusak tata, nganiaya marang awake dhewe.

اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاَثَارُوا الْاَرْضَ وَعَمَرُوْهَآ اَكْثَرَ مِمَّا عَمَرُوْهَا وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۗ فَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَۗ٩
Awalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, kānū asyadda minhum quwwataw wa aṡārul-arḍa wa ‘amarūhā akṡara mimmā ‘amarūhā wa jā'athum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[9] Sabanjure naraka iku diênggo matrapi wong kang padha nglakoni panggawe ala, maido Kuran pangandikaning Allah, sarta padha anggêguyu Kuran.

ثُمَّ كَانَ عَاقِبَةَ الَّذِيْنَ اَسَاۤءُوا السُّوْۤاٰىٓ اَنْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَكَانُوْا بِهَا يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ١٠
Ṡumma kāna ‘āqibatal-lażīna asā'us-sū'ā an każżabū bi'āyātillāhi wa kānū bihā yastahzi'ūn(a).
[10] Allah iku murwani nganakake manungsa, sawise padha mati, banjur diuripake manèh, sabanjure padha dibalèkake marang ngarsaning Allah.

اَللّٰهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ١١
Allāhu yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[11] Besuk dina kiyamat, wong kaphir padha thilêk-thilêk.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُبْلِسُ الْمُجْرِمُوْنَ١٢
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yublisul-mujrimūn(a).
[12] Brahala kang padha disêmbah ora ana siji-sijia kang bisa nulungi, malah padha nyelaki marang wong kaphir mau.

وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ مِّنْ شُرَكَاۤىِٕهِمْ شُفَعٰۤؤُا وَكَانُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ كٰفِرِيْنَ١٣
Wa lam yakul lahum min syurakā'ihim syufa‘ā'u wa kānū bisyurakā'ihim kāfirīn(a).
[13] Lan manèh besuk dina kiyamat, wong kaphir padha pisah lan pilah karo wong Islam.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَفَرَّقُوْنَ١٤
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yatafarraqūn(a).
[14] Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha bungah-bungah ana ing suwarga.

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَهُمْ فِيْ رَوْضَةٍ يُّحْبَرُوْنَ١٥
Fa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fahum fī rauḍatiy yuḥbarūn(a).
[15] Dene sarupane wong kaphir kang padha maido Kuran ayat Ingsun, lan maido bakal anane [a.....nane] akhirat, iku padha lêstari disiksa.

وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَلِقَاۤئِ الْاٰخِرَةِ فَاُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ١٦
Wa ammal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā wa liqā'il-ākhirati fa'ulā'ika fil-‘ażābi muḥḍarūn(a).
[16] Sira padha sêmbayanga lan nyêbuta Mahasuci ing Allah, ing wayah Subuh lan wayah Mahrib.

فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ حِيْنَ تُمْسُوْنَ وَحِيْنَ تُصْبِحُوْنَ١٧
Fa subḥānallāhi ḥīna tumsūna wa ḥīna tuṣbiḥūn(a).
[17] Apadene ing wayah Ngasar lan wayah Luhur. Saisining bumi lan langit, padha mêmuji ing Allah.

وَلَهُ الْحَمْدُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَعَشِيًّا وَّحِيْنَ تُظْهِرُوْنَ١٨
Wa lahul-ḥamdu fis-samāwāti wal-arḍi wa ‘asyiyyaw wa ḥīna tuẓhirūn(a).
[18] Allah iku mêtokake barang kang urip saka barang kang ora urip, lan mêtokake barang kang ora urip saka barang kang urip, apadene nguripake palêmahan kang bêra, mangkono uga sira iya bakal diwêtokake saka ing pati, banjur urip manèh.

يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَيُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۗوَكَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ ࣖ١٩
Yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa yukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, wa każālika tukhrajūn(a).
[19] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mracihnani kawasa lan kapangerananing Allah, iya iku Allah ênggone gawe awakira saka ing lêmah, sabanjure sira dadi manungsa kang babranahan ngêbaki bumi.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ اِذَآ اَنْتُمْ بَشَرٌ تَنْتَشِرُوْنَ٢٠
Wa min āyātihī an khalaqakum min turābin ṡumma iżā antum basyarun tantasyirūn(a).
[20] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku Allah ênggone anggawèkake bojo marang sira, digawe saka ing awakira dhewe, supaya sira trêsnaa marang lakinira, sarta andadèkake sira iku sih-sinihan lan rabinira. Kang mangkono iku tumrap wong kang gêlêm ngrasak-ngrasakake, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةً ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٢١
Wa min āyātihī an khalaqa lakum min anfusikum azwājal litaskunū ilaihā wa ja‘ala bainakum mawaddataw wa raḥmah(tan), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[21] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku Allah ênggone yasa bumi lan langit, lan ênggène gawe beda-beda têtêmbunganira lan warna-warnaning kêkulitanira. Kang mangkono iku tumrap wong kang ana ngakale lan ana kawruhe, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافُ اَلْسِنَتِكُمْ وَاَلْوَانِكُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّلْعٰلِمِيْنَ٢٢
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfu alsinatikum wa alwānikum, inna fī żālika la'āyātil lil-‘ālimīn(a).
[22] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku ênggonira padha turu ing wayah wêngi, lan ênggonira padha ngupa jiwa ing wayah awan, ngupaya pêparinging Allah rijêki. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngrungokake lan ngrasak-ngrasakake pitutur, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ مَنَامُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاۤؤُكُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ٢٣
Wa min āyātihī manāmukum bil-laili wan-nahāri wabtigā'ukum min faḍlih(ī), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yasma‘ūn(a).
[23] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku ênggonira ditontonake kilat dening Allah, wong kang pinuju mlaku banjur kuwatir yèn ana balêdhèg, wong kang ana ngomah banjur ngarêp-arêp tumuruning udan. Apadene Allah ênggone nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake palêmahan kang bêra. Kang mangkono mau, tumrap wong kang ana ngakale, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا وَّيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَيُحْيٖ بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٢٤
Wa min āyātihī yurīkumul-barqa khaufaw wa ṭama‘aw wa yunazzilu minas-samā'i mā'an fa yuḥyī bihil-arḍa ba‘da mautihā, inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[24] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mracihnani kawasaning Allah, iya iku adêging bumi lan langit, maligi saka parentahing Allah, tanpa cagak. Ing besuk nalikane Allah nimbali marang sira, sira banjur pating jarêdhul mêtu saka ing pakuburanira.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ تَقُوْمَ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُ بِاَمْرِهٖۗ ثُمَّ اِذَا دَعَاكُمْ دَعْوَةًۖ مِّنَ الْاَرْضِ اِذَآ اَنْتُمْ تَخْرُجُوْنَ٢٥
Wa min āyātihī an taqūmas-samā'u wal-arḍu bi'amrih(ī), ṡumma iżā da‘ākum da‘watam minal-arḍi iżā antum takhrujūn(a).
[25] Samubarang isining bumi lan langit, malaikat lan manungsa lan liya-liyane, iku kabèh kagunganing Allah, kabèh padha ngèstokake parentahing Allah.

وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قٰنِتُوْنَ٢٦
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), kullul lahū qānitūn(a).
[26] Allah iku kang murwani gawe manungsa, sawise padha mati, banjur padha dibalèkake urip manèh. Dene ênggone nguripake wong kang wis mati iku luwih gampang tinimbang lan ênggone murwani gawe. Allah iku kagungan sipat luhur ana ing bumi lan ana ing langit. Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

وَهُوَ الَّذِيْ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ وَهُوَ اَهْوَنُ عَلَيْهِۗ وَلَهُ الْمَثَلُ الْاَعْلٰى فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٢٧
Wa huwal-lażī yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū wa huwa ahwanu ‘alaih(i), wa lahul-maṡalul-a‘lā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[27] Allah anggêlar upama marang sira, kang diênggo upama iya awakira dhewe, upama kawulanira tukon kang kadarbe ing tanganira, milu anduwèni barang darbèkira kang wus Ingsun paringake marang sira, dadi kawula mau ênggone andarbèni barang padha bae lan sira. Kang mangkono mau sira mêsthi ora narima, padha bae lan ênggonira ora narima manawa ana sapêpadhaning wong mardika kudu milu anduwèni rajadarbèkira, (sarèhning sira ora narima mênawa kawulanira mêmadhani marang sira, yagene têka sira wani-wani anjunjung brahala, brahala iku kawulaning Allah, sira junjung amadhani Allah). Kaya mangkono iku ênggon Ingsun nêrangake ayat Ingsun [Ing..sun] marang wong kang padha ana ngakale.

ضَرَبَ لَكُمْ مَّثَلًا مِّنْ اَنْفُسِكُمْۗ هَلْ لَّكُمْ مِّنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ شُرَكَاۤءَ فِيْ مَا رَزَقْنٰكُمْ فَاَنْتُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌ تَخَافُوْنَهُمْ كَخِيْفَتِكُمْ اَنْفُسَكُمْۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٢٨
Ḍaraba lakum maṡalam min anfusikum, hal lakum mim mā malakat aimānukum min syurakā'a fī mā razaqnākum fa'antum fīhi sawā'un takhāfūnahum kakhīfatikum anfusakum, każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘qilūn(a).
[28] Nanging wong kaphir padha gugu karêpe dhewe, tanpa kawruh kang nyata. Dene wong kang dikarsakake kêsasar dening Allah, sapa kang kaconggah nuduhake dalan marang kaslamêtan, sarta ora ana kang bisa nulungi.

بَلِ اتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ فَمَنْ يَّهْدِيْ مَنْ اَضَلَّ اللّٰهُ ۗوَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٢٩
Balittaba‘al-lażīna ẓalamū ahwā'ahum bigairi ‘ilm(in), famay yahdī man aḍallallāh(u), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[29] (He Mukhammad) sira ditêmên ênggonira nglakoni agama, sumungkêm maligi konjuk ing Allah, nêtêpana agamaning Allah, Allah nitahake manungsa nêtêpi agama mau, manungsa ora kêna ngowahi agamaning Allah iya iku agama kang bênêr. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora bênêr.

فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۗ فِطْرَتَ اللّٰهِ الَّتِيْ فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَاۗ لَا تَبْدِيْلَ لِخَلْقِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُۙ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٣٠
Fa aqim wajhaka lid-dīni ḥanīfā(n), fiṭratallāhil-latī faṭaran-nāsa ‘alaihā, lā tabdīla likhalqillāh(i), żālikad-dīnul-qayyim(u), wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[30] Sira lan para umatira ênggonira nglakoni agama, dipadha sumungkêm seba ngabêkti ing Allah, lan padha wêdia ing Allah, apadene padha nglakonana sêmbayang, lan aja padha dadi wong kaphir.

۞ مُنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ وَاتَّقُوْهُ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ٣١
Munībīna ilaihi wattaqūhu wa aqīmuṣ-ṣalāta wa lā takūnū minal-musyrikīn(a).
[31] Kang agamane beda-beda, nurut sadhêmêne dhewe-dhewe, nganti dadi pirang-pirang golongan, sabên sagolongan, padha bungah atine ênggone nglakoni agama kang disungkêmi.

مِنَ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًا ۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٣٢
Minal-lażīna farraqū dīnahum wa kānū syiya‘ā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[32] Wong kaphir ing Mêkah iku mênawa kambah ing rêribêd, banjur padha eling nyuwun marang Pangerane, luwara saka rêribêd mau. Sawise luwar, mênawa diparingi kabungahan dening Allah, banjur ana wong sagolongan padha maro tingal.

وَاِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُّنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ ثُمَّ اِذَآ اَذَاقَهُمْ مِّنْهُ رَحْمَةً اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ٣٣
Wa iżā massan-nāsa ḍurrun da‘au rabbahum munībīna ilaihi ṡumma iżā ażāqahum minhu raḥmatan iżā farīqum minhum birabbihim yusyrikūn(a).
[33] Iya ta, padha nyelakana ênggon Ingsun paring kabungahan, lan padha bungah-bungaha, ing têmbe ora wurung padha wêruh kadadiane awake.

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ فَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٣٤
Liyakfurū bimā ātaināhum, fatamatta‘ū, fasaufa ta‘lamūn(a).
[34] Apa Ingsun nurunake kitab lan tăndha yêkti marang wong kaphir maro tingal. Ora wurung kitab mau muni lan mratelakake prakara kang marakake kaphir wong mau.

اَمْ اَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوْا بِهٖ يُشْرِكُوْنَ٣٥
Am anzalnā ‘alaihim sulṭānan fahuwa yatakallamu bimā kānū bihī yusyrikūn(a).
[35] Wong kaphir ing Mêkah iku mênawa Ingsun paringi kabungahan, banjur padha lêga atine, nanging munyal-munyal. Dene yèn kasandhung barang kang ala, marga saka panggawe kang wis dilakoni dhewe, ing kono banjur padha mutung, ora duwe pangarêp-arêp marang rahmating Allah.

وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً فَرِحُوْا بِهَاۗ وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ اِذَا هُمْ يَقْنَطُوْنَ٣٦
Wa iżā ażaqnan-nāsa raḥmatan fariḥū bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim iżā hum yaqnaṭūn(a).
[36] Wong kaphir ing Mêkah mau, apa ora padha [pa...dha] andêlêng yèn Allah iku paring rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan uga ana wong kang diparingi rijêki mung cumpèn bae. Kang mangkono iku tumrap para wong mukmin, dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٣٧
Awalam yarau annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[37] Mulane sira mèwèhana marang para sanakira, minăngka tăndha sih katrêsnan, apadene marang para wong miskin lan wong kang mlaku ana ing dêdalan, iku sira wèhana apa bênêre. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngarêp-arêp ganjaraning Allah, luwih dening bêcik. Wong kang mangkono mau bakal padha bêgja.

فَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللّٰهِ ۖوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٣٨
Fa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīl(i), żālika khairul lil-lażīna yurīdūna wajhallāh(i), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[38] Dene ênggonira padha wèwèh marang wong mawa pamrih, supaya diwalêsa kang luwih saka pawèwèhira, iku iya kêna, nanging sira têtêp nêja nèthèli bandhaning wong, mulane kang wèwèh ora bakal diganjar dening Allah. Dene yèn sira wèwèh marang wong, karêpira maligi ngèstokake dhawuhing Allah, iku sira bakal olèh ganjaran tikêl pirang-pirang.

وَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ رِّبًا لِّيَرْبُوَا۟ فِيْٓ اَمْوَالِ النَّاسِ فَلَا يَرْبُوْا عِنْدَ اللّٰهِ ۚوَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ زَكٰوةٍ تُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُضْعِفُوْنَ٣٩
Wa mā ātaitum mir ribal liyarbuwa fī amwālin-nāsi falā yarbū ‘indallāh(i), wa mā ātaitum min zakātin turīdūna wajhallāhi fa'ulā'ika humul-muḍ‘ifūn(a).
[39] He wong kaphir ing Mêkah, Allah iku kang gawe awakira, sawise dadi, banjur paring rijêki marang sira, yèn wis têkan mangsane, banjur matèni marang sira, besuk dina kiyamat, nguripake marang sira. Brahala kang padha sira ênggo têtimbanganing Allah, apa ana kang bisa mangkono mau, (măngsa anaa). Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panganggêpe wong maro tingal.

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ ثُمَّ رَزَقَكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّفْعَلُ مِنْ ذٰلِكُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٤٠
Allāhul-lażī khalaqakum ṡumma razaqakum ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum, hal min syurakā'ikum may yaf‘alu min żālikum min syai'(in), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[40] Ing bumi kang cêngkar lan kang loh têtela padha karusakan, larang udan, tanduran arang kang urip, marga saka durakaning manungsa. Wusana manungsa padha kêpêksa ngrasakake patrapan sawatara, iya iku pailan, wêwalêse duraka kang wis padha dilakoni, supaya padha tobatang[1] ing Allah.

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤١
Żaharal-fasādu fil-barri wal-baḥri bimā kasabat aidin-nāsi liyużīqahum ba‘ḍal-lażī ‘amilū la‘allahum yarji‘ūn(a).
[41] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah, mara padha anjajaha ing bumi, andêlênga patilasane para wong kuna sadurunge kowe, kapriye kadadiane, padha dirusak dening Allah, awit wong kuna mau akèh [a....kèh] kang padha maro tingal.

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلُۗ كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّشْرِكِيْنَ٤٢
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qabl(u), kāna akṡaruhum musyrikīn(a).
[42] (He Mukhammad) sira lan para umatira masrana[2] awak, nêja ngèstokake agama Islam, iya iiku[3] agama kang bênêr, mupung durung têkan dina kiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kêna diundurake, lan ing dina iku para manungsa padha sewangan, ana kang mênyang suwarga lan ana kang mênyang naraka.

فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ الْقَيِّمِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ يَوْمَىِٕذٍ يَّصَّدَّعُوْنَ٤٣
Fa aqim wajhaka lid-dīnil-qayyimi min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāhi yauma'iżiy yaṣṣadda‘ūn(a).
[43] Sing sapa kaphir, bakal nyăngga patrapane ênggone kaphir. Dene sing sapa mukmin, iku ganjarane tumrap marang awake dhewe, sarta bakal padha manggon ana ing suwarga.

مَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۚ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِاَنْفُسِهِمْ يَمْهَدُوْنَۙ٤٤
Man kafara fa ‘alaihi kufruh(ū), wa man ‘amila ṣāliḥan fali'anfusihim yamhadūn(a).
[44] Iku kanugrahaning Allah, tumănja ganjaran marang wong kang padha pracaya ing Allah sarta nglakoni panggawe bêcik, satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha kaphir, mulane padha disiksa.

لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ٤٥
Liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti min faḍlih(ī), innahū lā yuḥibbul-kāfirīn(a).
[45] Lan ana manèh tăndha yêkti kang mratandhani kawasaning Allah, iya iku Allah ênggone ngididake angin, ambêbungah marang sira bakal têkaning udan, sabanjure sira diparingi wêruh rasaning rahmating Allah murah pangan, mangkono[4] [mang....kono] manèh lakune angin mau, kanggo nglakokake prau ana ing sagara kalawan parentahing Allah, supaya sira padha bisaa laku dagang ngupaya pêparinging Allah rijêki. He wong kaphir ing Mêkah, kabèh mau karsaning Allah supaya kowe padha sukur ing Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ يُّرْسِلَ الرِّيٰحَ مُبَشِّرٰتٍ وَّلِيُذِيْقَكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَلِتَجْرِيَ الْفُلْكُ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٤٦
Wa min āyātihī ay yursilar-riyāḥa mubasysyirātiw wa liyużīqakum mir raḥmatihī wa litajriyal-fulka bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[46] Biyèn sadurunge sira, Ingsun wis ngutus para rasul, mêmulang lan nyurup-nyurupake marang para umate. Enggone mêmulang kanthi tăndha yêkti pirang-pirang, sarupane wong kang maido marang rasul, padha Ingsun tumpês, awit wis bênêre Ingsun kudu nulungi para wong mukmin, ngalahake para wong kaphir.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَانْتَقَمْنَا مِنَ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْاۗ وَكَانَ حَقًّاۖ عَلَيْنَا نَصْرُ الْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa laqad arsalnā min qablika rusulan ilā qaumihim fajā'ūhum bil-bayyināti fantaqamnā minal-lażīna ajramū, wa kāna ḥaqqan ‘alainā naṣrul-mu'minīn(a).
[47] Allah iku kang ngididake angin, angin mau banjur mratakake mega, Allah banjur anggêlar mega ana sangisoring langit, ana kang kandêl ana kang tipis, manut sakarsaning Allah. Mega mau banjur didadèkake mêndhung. Sira banjur andêlêng banyu udan, mêtu saka têngahing mêndhung mau. Samăngsa mêndhung mau nyiram marang para kawulaning Allah kang dadi parênge karsane [karsa....ne] para kawula mau banjur padha bungah.

اَللّٰهُ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَيَبْسُطُهٗ فِى السَّمَاۤءِ كَيْفَ يَشَاۤءُ وَيَجْعَلُهٗ كِسَفًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ فَاِذَآ اَصَابَ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَۚ٤٨
Allāhul-lażī yursilur-riyāḥa fatuṡīru saḥāban fayabsuṭuhū fis-samā'i kaifa yasyā'u wa yaj‘aluhū kisafan fataral-wadqa yakhruju min khilālih(ī), fa'iżā aṣāba bihī may yasyā'u min ‘ibādihī iżā hum yastabsyirūn(a).
[48] Para kawula mau sadurunge dituruni udan, wis bosên pangarêp-arêpe udan.

وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْهِمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمُبْلِسِيْنَۚ٤٩
Wa in kānū min qabli ay yunazzala ‘alaihim min qablihī lamublisīn(a).
[49] Mara sira dêlênga labête rahmating Allah kang rupa udan, Allah nguripake bumi kang wis mati, (bêra) banjur thukul kêkayone kang padha awoh. Pangeran kang kawasa nguripake bumi kang wis mati mau, mêsthi kawasa nguripake manungsa kang wis padha mati. Allah iku nguwasani samubarang.

فَانْظُرْ اِلٰٓى اٰثٰرِ رَحْمَتِ اللّٰهِ كَيْفَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ ذٰلِكَ لَمُحْيِ الْمَوْتٰىۚ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٥٠
Fanẓur ilā āṡāri raḥmatillāhi kaifa yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, inna żālika lamuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[50] Mênawa Ingsun ngididake angin kang dadi wisaning têtanduran, manungsa banjur andêlêng têtandurane padha kuning, ing kono pêparing Ingsun kabungahan kang wis kalakon, padha digawe sirna tanpa gawe.

وَلَىِٕنْ اَرْسَلْنَا رِيْحًا فَرَاَوْهُ مُصْفَرًّا لَّظَلُّوْا مِنْۢ بَعْدِهٖ يَكْفُرُوْنَ٥١
Wa la'in arsalnā rīḥan fara'auhu muṣfarral laẓallū mim ba‘dihī yakfurūn(a).
[51] (He Mukhammad) sira aja sêdhih dipaido dening wong kaphir, awit sira ora bisa andokoki pangrungu marang wong kang atine mati, lan ora bisa andokoki pangrungu marang wong budhêg kang malengos mungkur.

فَاِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتٰى وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاۤءَ اِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٢
Fa innaka lā tusmi‘ul-mautā wa lā tusmi‘uṣ-ṣummad-du‘ā'a iżā wallau mudbirīn(a).
[52] Lan sira ora bisa nuduhake dalan bênêr marang wong kang atine picak, supaya [supa.ya] marèni ênggone kêsasar. Ora ana wong bisa krungu lan ngêrti pitutur bêcik, kajaba wong kang ngandêl ing Kuran ayat Ingsun, iya iku wong Islam, awit iku padha ngèstokake parentahing Allah.

وَمَآ اَنْتَ بِهٰدِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلٰلَتِهِمْۗ اِنْ تُسْمِعُ اِلَّا مَنْ يُّؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ مُّسْلِمُوْنَ ࣖ٥٣
Wa mā anta bihādil-‘umyi ‘an ḍalālatihim, in tusmi‘u illā may yu'minu bi'āyātinā fahum muslimūn(a).
[53] Allah iku kang gawe awakira saka barang kang apês, (iya iku mani) barang apês mau banjur didadèkake kuwat, (dadi manungsa) sawise kuwat banjur didadèkake apês manèh sarta pikun. Allah kuwasa gawe barang kang dadi parênging karsane, Allah iku nguningani samubarang tur kuwasa.

۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ ضَعْفٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ ضَعْفٍ قُوَّةً ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ ضَعْفًا وَّشَيْبَةً ۗيَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْقَدِيْرُ٥٤
Allāhul-lażī khalaqakum min ḍa‘fin ṡumma ja‘ala mim ba‘di ḍa‘fin quwwatan ṡumma ja‘ala mim ba‘di quwwatin ḍa‘faw wa syaibah(tan), yakhluqu mā yasyā'(u), wa huwal-‘alīmul-qadīr(u).
[54] Besuk dina kiyamat, para wong kaphir padha supata.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُقْسِمُ الْمُجْرِمُوْنَ ەۙ مَا لَبِثُوْا غَيْرَ سَاعَةٍ ۗ كَذٰلِكَ كَانُوْا يُؤْفَكُوْنَ٥٥
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yuqsimul-mujrimūn(a), mā labiṡū gaira sā‘ah(tin), każālika kānū yu'fakūn(a).
[55] Pangakune, ênggone urip ana ing dunya utawa ênggone ana ing kubur ora luwih saka sajam, para wong kaphir padha dipaido pangakune mau. Kaya ênggone padha maido bakal tangine wong kang wis mati, nalika ana ing dunya.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ وَالْاِيْمَانَ لَقَدْ لَبِثْتُمْ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ اِلٰى يَوْمِ الْبَعْثِۖ فَهٰذَا يَوْمُ الْبَعْثِ وَلٰكِنَّكُمْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٥٦
Wa qālal-lażīna ūtul-‘ilma wal-īmāna laqad labiṡtum fī kitābillāhi ilā yaumil-ba‘ṡ(i), fa hāżā yaumul-ba‘ṡi wa lākinnakum kuntum lā ta‘lamūn(a).
[56] Dene kang padha diparingi iman lan kawruh nyata, [nya....ta,] iya iku para malaikat lan para nabi, padha mangsuli: Kang kasêbut ing kitabing Allah, katulis ana ing Lohmaphul, ênggonmu padha ana ing dunya utawa ana ing kubur, wis lawas bangêt, nganti têkan dina tangine wong kang wis mati, iya iki dina tangine wong kang wis padha mati, nanging nalika ana ing dunya, kowe padha ora wêruh.

فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَعْذِرَتُهُمْ وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٥٧
Fa yauma'iżil lā yanfa‘ul-lażīna ẓalamū ma‘żiratuhum wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[57] Ing dina iku para wong kaphir ênggone murih ampanging kaluputan, wis tanpa gawe, panyuwune bali marang dunya, saguh ngèstokake dhawuhing Allah, ora pisan diparêngake.

وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَلَىِٕنْ جِئْتَهُمْ بِاٰيَةٍ لَّيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُبْطِلُوْنَ٥٨
Wa laqad ḍarabnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), wa la'in ji'tahum bi'āyatil layaqūlannal-lażīna kafarū in antum illā mubṭilūn(a).
[58] Ana sajroning Kuran iki Ingsun anggêlar sakèhing upama marang manungsa. (He Mukhammad) upama sira nganani tăndha yêkti kaelokan, wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha calathu mangkene: Sampeyan lan para sakabat sampeyan punika tiyang lêpat.

كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٩
Każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā qulūbil-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[59] Allah ngêcap atine wong kaphir ing Mêkah, padha karo ênggone ngêcap atine wong kang padha ora wêruh yèn Allah iku Esa.

فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلَا يَسْتَخِفَّنَّكَ الَّذِيْنَ لَا يُوْقِنُوْنَ ࣖ٦٠
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lā yastakhiffannakal-lażīna lā yūqinūn(a).
[60] (He Mukhammad) ditêguh atinira, awit [awi...t] prasêtyaning Allah iku têmên, ora cidra. Aja kêmba marga digodha dening wong kang padha ora ngandêl bakal tangine wong kang wis padha mati.