Surah Ali `Imran
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ١
Alif lām mīm.
[1]
Aliph, lam, mim. (Alip, lam, mim, iku araning aksara Ngarab. Kang mirsa karêpe mung Allah piyambak. Jalalèn.) Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, kang gêsang tur kang jumênêng angrèh ulahing para titahe.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُۗ٢
Allāhu lā ilāha illā huwal-ḥayyul-qayyūm(u).
[2]
Kang wis andhawuhake kitab Kuran marang sira Mukhamad, kalawan nyata, tètès lan surasaning kitab kuna-kuna. Ing sadurunge andhawuhake Kitab Kuran, Allah andhawuhake Kitab Torèt lan Kitab Injil minăngka pituduh marang manungsa, lan uga andhawuhake sarupaning kitab kang ambedakake bênêr lan luput.
نَزَّلَ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَاَنْزَلَ التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۙ٣
Nazzala ‘alaikal-kitāba bil-ḥaqqi muṣaddiqal limā baina yadaihi wa anzalat-taurāta wal-injīl(a).
[3]
Sarupane wong kang padha maido ayating Allah, iku bakal dipatrapi siksa kang abot. Dene Allah iku mulya tur kagungan siksa kang abot.
مِنْ قَبْلُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَاَنْزَلَ الْفُرْقَانَ ەۗ اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍۗ٤
Min qablu hudal lin-nāsi wa anzalal-furqān(a), innal-lażīna kafarū bi āyātillāhi lahum ‘ażābun syadīd(un), wallāhu ‘azīzun żuntiqām(in).
[4]
Allah iku ora kasamaran ênggone nguningani samubarang kang ana ing bumi lan kang ana ing langit. Allah iku kang namtokake rupanira ana ing pranakaning biyung miturut sakarsane. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang mulya tur kang wicaksana.
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَخْفٰى عَلَيْهِ شَيْءٌ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ٥
Innallāha lā yakhfā ‘alaihi syai'un fil-arḍi wa lā fis-samā'(i).
[5]
Iya iku kang andhawuhake kitab marang sira, ing kono ana ayat kang cêtha pirang-pirang. Kabèh iku dadi baboning kitab, lan uga akèh ayat kang surasane samar. Dene wong kang atine ambêlasar banjur padha milih ayat kang surasane samar mau, pamrihe diênggo maeka nasarake wong, lan disurasa sakarêpe dhewe, kang măngka ora ana kang sumurup surasane ayat kang samar mau kajaba mung Allah. Dene wong kang wis padha kukuh kawruhe padha ngucap: Aku mung ngandêl yèn ayat kang surasane samar iku têrang saka ngarsaning Pangeranku. Kang mangkono iku ora ana kang ngelingi kajaba wong kang padha ganêp akale.
هُوَ الَّذِيْ يُصَوِّرُكُمْ فِى الْاَرْحَامِ كَيْفَ يَشَاۤءُ ۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٦
Huwal-lażī yuṣawwirukum fil-arḥāmi kaifa yasyā'(u), lā ilāha illā huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[6]
Dhuh Pangeran kawula, sasampunipun Tuwan nêdahakên dhumatêng kawula, mugi sampun lajêng ambêlasarakên manah kawula, punapadene Tuwan mugi paringa sih saking ngarsa Tuwan dhumatêng kawula, Tuwan punika dat. (Dat iku têgêse: awak. Takriphat.) Ingkang karêng[10] sangêt pêparing.
هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ مِنْهُ اٰيٰتٌ مُّحْكَمٰتٌ هُنَّ اُمُّ الْكِتٰبِ وَاُخَرُ مُتَشٰبِهٰتٌ ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ زَيْغٌ فَيَتَّبِعُوْنَ مَا تَشَابَهَ مِنْهُ ابْتِغَاۤءَ الْفِتْنَةِ وَابْتِغَاۤءَ تَأْوِيْلِهٖۚ وَمَا يَعْلَمُ تَأْوِيْلَهٗٓ اِلَّا اللّٰهُ ۘوَالرّٰسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ يَقُوْلُوْنَ اٰمَنَّا بِهٖۙ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ رَبِّنَا ۚ وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ٧
Huwal-lażī anzala ‘alaikal-kitāba minhu āyātum muḥkamātun hunna ummul-kitābi wa ukharu mutasyābihāt(un), fa'ammal-lażīna fī qulūbihim zaigun fayattabi‘ūna mā tasyābaha minhubtigā'al-fitnati wabtigā'a ta'wīlih(ī), wa mā ya‘lamu ta'wīlahū illallāh(u), war-rāsikhūna fil-‘ilmi yaqūlūna āmannā bih(ī), kullum min ‘indi rabbinā, wa mā yażżakkaru illā ulul-albāb(i).
[7]
Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika ingkang ngimpun sakathahing manungsa benjing dintên kiyamat, ingkang sampun botên sumê[11] badhe kêlampahanipun, Allah punika mêsthi botên nyidrani.
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً ۚاِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ٨
Rabbanā lā tuzig qulūbanā ba‘da iż hadaitanā wa hab lanā mil ladunka raḥmah(tan), innaka antal-wahhāb(u).
[8]
Sarupane wong kang padha kaphir iku bandhane lan anak putune ora ana bisa nulak siksaning Allah saka ing awake sathithik-thithika, dene wong kaphir iku kabèh dadi urub-urubing naraka.
رَبَّنَآ اِنَّكَ جَامِعُ النَّاسِ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيْهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَ ࣖ٩
Rabbanā innaka jāmi‘un-nāsi liyaumil lā raiba fīh(i), innallāha lā yukhliful-mī‘ād(a).
[9]
Kaya kalakuaning wadyabalane Raja Pirngon lan para umat sadurunge Raja Pirngon: ana, iku padha maido ayating Allah, Allah nuli ngrusak wong mau kabèh marga saka dosane. Dene Allah iku siksane abot.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ وَقُوْدُ النَّارِۗ١٠
Innal-lażīna kafarū lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), wa ulā'ika hum waqūdun-nār(i).
[10]
(He Mukhamad): Sira dhawuha marang sarupane wong kang padha kaphir yèn bakal padha dikalahake lan padha digiring marang naraka jahanam, iya iku ala-alane lèmèk.
كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْ ۗ وَاللّٰهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ١١
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, każżabū bi'āyātinā, fa'akhażahumullāhu biżunūbihim, wallāhu syadīdul-‘iqāb(i).
[11]
Satêmêne sira wis padha duwe lupiya, iya iku wong rong golongan kang padha arêp-arêpan pêrang, (nalika pêrang ing Badar) kang sagolongan mangsah sabilullah, dene kang sagolongan liyane iku wong kaphir. Golonganing wong Islam andêlêng golonganing wong kaphir kalawan pandêlêng mata udakara kèhe tikêl loro, ewadene Allah nyantosakake wong kang dadi kaparênging karsane sarana pitulunge. Kang mangkono iku mêsthi dadi lupiya tumrap marang wong kang padha duwe pikir.
قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَتُغْلَبُوْنَ وَتُحْشَرُوْنَ اِلٰى جَهَنَّمَ ۗ وَبِئْسَ الْمِهَادُ١٢
Qul lil-lażīna kafarū satuglabūna wa tuḥsyarūna ilā jahannam(a), wa bi'sal-mihād(u).
[12]
Manungsa iku diiming-imingi dhêmên sarupaning pêpenginan, [pêpenginan,] iya iku wong wadon ayu, lan anak akèh lan sugih băndha kang nglumpuk, sugih êmas lan salaka, lan sugih jaran kang bêcik, lan sugih rajakaya, lan sugih têtanduran, kang mangkono mau kabèh padha kabungahaning kauripan ing dunya. Dene Allah iku kagungan bêcik ing wêkasan.
قَدْ كَانَ لَكُمْ اٰيَةٌ فِيْ فِئَتَيْنِ الْتَقَتَا ۗفِئَةٌ تُقَاتِلُ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَاُخْرٰى كَافِرَةٌ يَّرَوْنَهُمْ مِّثْلَيْهِمْ رَأْيَ الْعَيْنِ ۗوَاللّٰهُ يُؤَيِّدُ بِنَصْرِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّاُولِى الْاَبْصَارِ١٣
Qad kāna lakum āyatun fī fi'atainil taqatā, fi'atun tuqātilu fī sabīlillāhi wa ukhrā kāfiratuy yaraunahum miṡlaihim ra'yal-‘ain(i), wallāhu yu'ayyidu binaṣrihī may yasyā'(u), inna fī żālika la‘ibratal li'ulil-abṣār(i).
[13]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha tak kandhani barang kang luwih ngungkuli kabèh mau. Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah iku besuk ana pangayunaning Pangerane, duwe suwarga kang sangisoring kêkayone ana bêngawane mili, ênggone manggon ing suwarga padha langgêng, lan padha duwe bojo widadari pirang-pirang kang padha suci, lan padha olèh karilaning Allah. Dene Allah iku mirsani para kawulane.
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوٰتِ مِنَ النِّسَاۤءِ وَالْبَنِيْنَ وَالْقَنَاطِيْرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالْاَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ۗ ذٰلِكَ مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَاللّٰهُ عِنْدَهٗ حُسْنُ الْمَاٰبِ١٤
Zuyyina lin-nāsi ḥubbusy-syahawāti minan-nisā'i wal-banīna wal-qanāṭīril-muqanṭarati minaż-żahabi wal-fiḍḍati wal-khailil-musawwamati wal-an‘āmi wal-ḥarṡ(i), żālika matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wallāhu ‘indahū ḥusnul-ma'āb(i).
[14]
Iya iku wong kang padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika ngandêl ing Tuwan, mila Tuwan mugi ngapuraa dosa kawula, sarta Tuwan anglêpatna siksa naraka dhumatêng kawula.
۞ قُلْ اَؤُنَبِّئُكُمْ بِخَيْرٍ مِّنْ ذٰلِكُمْ ۗ لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَاَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّرِضْوَانٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِۚ١٥
Qul a'unabbi'ukum bikhairim min żālikum, lil-lażīnattaqau ‘inda rabbihim jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa azwājum muṭahharatuw wa riḍwānum minallāh(i), wallāhu baṣīrum bil-‘ibād(i).
[15]
Tur kang padha sabar lan padha têmên pangandêle ing Allah lan padha ngabêkti ing Allah lan padha wèwèh, lan padha nyuwun pangapuraning Allah ing wayah lingsir wêngi.
اَلَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اِنَّنَآ اٰمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِۚ١٦
Allażīna yaqūlūna rabbanā innanā āmannā fagfir lanā żunūbanā wa qinā ‘ażāban-nār(i).
[16]
Allah nêksèni yèn satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, apadene [apadene] para malaikat lan para wong kang duwe kawruh uga padha nêksèni mangkono. Allah jumênêng kalawan ngadil. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang mulya tur kang wicaksana.
اَلصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالْقٰنِتِيْنَ وَالْمُنْفِقِيْنَ وَالْمُسْتَغْفِرِيْنَ بِالْاَسْحَارِ١٧
Aṣ-ṣābirīna waṣ-ṣādiqīna wal-qāniṭīna wal-munfiqīna wal-mustagfirīna bil-asḥār(i).
[17]
Mungguhing Allah kang dianggêp agama iku mung agama Islam. Dene pasulayaning wong akèh kang wis padha diparingi cêcêkêlan kitab kuna, iku kêlakone mung sawise padha kalêbon kawruh, pamrihe mung padha têtukaran, dene sing sapa maido ayating Allah iku wêruha yèn Allah iku panimbange rikat bangêt.
شَهِدَ اللّٰهُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَاُولُوا الْعِلْمِ قَاۤىِٕمًاۢ بِالْقِسْطِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١٨
Syahidallāhu annahū lā ilāha illā huw(a), wal-malā'ikatu wa ulul-‘ilmi qā'imam bil-qisṭ(i), lā ilāha illā huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[18]
(He Mukhamad) manawa wong kaphir mau padha madoni ing sira, sira banjur mangsulana, aku ngênutake raiku ing Allah, wong kang padha manut ing aku iya mangkono uga.
اِنَّ الدِّيْنَ عِنْدَ اللّٰهِ الْاِسْلَامُ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٩
Innad-dīna ‘indallāhil-islām(u), wa makhtalafal-lażīna ūtul-kitāba illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, wa may yakfur bi'āyātillāhi fa innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[19]
Lan manèh sira dhawuha marang wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab lan kang ora duwe cêcêkêlan kitab. Sira padha Islama. Dene yèn wong kaphir mau banjur padha Islam, mêsthi padha olèh pituduh, nanging yèn padha mlengos, iku kang mêsthi kuwajibanira mung andhawuhake. Dene Allah iku mirsani para kawula kabèh.
فَاِنْ حَاۤجُّوْكَ فَقُلْ اَسْلَمْتُ وَجْهِيَ لِلّٰهِ وَمَنِ اتَّبَعَنِ ۗوَقُلْ لِّلَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْاُمِّيّٖنَ ءَاَسْلَمْتُمْ ۗ فَاِنْ اَسْلَمُوْا فَقَدِ اهْتَدَوْا ۚ وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِ ࣖ٢٠
Fa'in ḥājjūka fa qul aslamtu wajhiya lillāhi wa manittaba‘an(i), wa qul lil-lażīna ūtul-kitāba wal-ummiyyīna a'aslamtum, fa'in aslamū faqadihtadau, wa in tawallau fa'innamā ‘alaikal-balāg(u), wallāhu baṣīrum bil-‘ibād(i).
[20]
Dene wong kang padha maido ayating Allah lan padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, lan padha matèni wong kang padha akon ngadil, iku padha surupna yèn bakal padha dipatrapi siksa kang nglarani.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِحَقٍّۖ وَّيَقْتُلُوْنَ الَّذِيْنَ يَأْمُرُوْنَ بِالْقِسْطِ مِنَ النَّاسِۙ فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٢١
Innal-lażīna yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnan nabiyyīna bigairi ḥaqq(in), wa yaqtulūnal-lażīna ya'murūna bil-qisṭi minan-nās(i), fabasysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[21]
Wong kang padha mangkono iku sakèhing kabêcikane [kabêcikane] larut kabèh ana ing dunya lan ana ing akhirat, lan ora ana kang bakal nulungi ing wong mau.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۖ وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٢٢
Ulā'ikal-lażīna ḥabiṭat a‘māluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[22]
Sira apa ora wêruh wong kang padha diparingi panduman Kitab Torèt, supaya khukum pranataning Torèt mau tumindaka marang wong mau. Ing kono banjur ana wong sagolongan amlengos, lan padha mopo.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يُدْعَوْنَ اِلٰى كِتٰبِ اللّٰهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ يَتَوَلّٰى فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ وَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٣
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yud‘auna ilā kitābillāhi liyaḥkuma bainahum ṡumma yatawallā farīqum minhum wa hum mu‘riḍūn(a).
[23]
Enggone mangkono iku amarga wong mau padha ngucap: Aku bakal ora kacêmplung naraka langgêng, satêmêne mung sawatara dina bae, kang karuwan cacahe, dene ênggone padha ngamandaka mangkono mau nasarake marang awake bab agamane.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍ ۖ وَّغَرَّهُمْ فِيْ دِيْنِهِمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢٤
Żālika bi'annahum qālū lan tamassanan nāru illā ayyāmam ma‘dūdāt(in), wa garrahum fī dīnihim mā kānū yaftarūn(a).
[24]
Lah kapriye kadadiane wong iku, ing besuk nalikane padha Ingsun impun ana ing dina kiyamat kang wis ora sumêlang bakal kêlakone, sarta sakèhing awak padha ditindakake wêwalêse barang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe, tur ora padha dikaniaya.
فَكَيْفَ اِذَا جَمَعْنٰهُمْ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٢٥
Fakaifa iżā jama‘nāhum liyaumil lā raiba fīh(i), wa wuffiyat kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[25]
(He Mukhamad) sira munjuka: Dhuh Allah, dhuh kang ngratoni para ratu, Tuwan punika ingkang maringi karaton dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan, saha ingkang mundhut karatonipun tiyang ingkang Tuwan karsakakên, punapadene Tuwan punika paring kamulyan dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan, saha nitahakên asor dhumatêng tiyang ingkang Tuwan karsakakên. Awon kalihan sae [sae] punika wontên ngasta Tuwan, sayêktosipun Tuwan punika nguwasani samukawis.
قُلِ اللّٰهُمَّ مٰلِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِى الْمُلْكَ مَنْ تَشَاۤءُ وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاۤءُۖ وَتُعِزُّ مَنْ تَشَاۤءُ وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاۤءُ ۗ بِيَدِكَ الْخَيْرُ ۗ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٦
Qulillāhumma mālikal-mulki tu'til-mulka man tasyā'u wa tanzi‘ul-mulka mim man tasyā'(u), wa tu‘izzu man tasyā'u wa tużillu man tasyā'(u), biyadikal-khair(u), innaka ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[26]
Tuwan punika ingkang nglêbêtikên[12] dalu wontên i[13] siyang saha nglêbêtakên siyang wontên ing dalu, (Têtelane mangkene: manawa srêngenge pinuju ana ing lor, iku sarupaning panggonan kang ana saloring garis têngah bênêring jagad, awane dawa, wêngine cêndhak, iya iku Allah ênggone nglêbokake wêngi ana ing awan, nanging sarupaning panggonan kang ana sakiduling garis têngah bênêring jagad kosokbali, awane cêndhak, bêngine dawa, iya iku Allah ênggone nglêbokake awan ana ing wêngi. Dene yèn srêngenge pinuju ana kidul, kosokbali karo kang wis kasêbut mau. Jalalèn, wasilatuttullab.) punapadene Tuwan punika ingkang ngwêdalan[14] barang gêsang saking barang pêjah saha ngwêdalakên barang pêjah saking barang gêsang, (Mêtokake barang kang urip saka barang kang mati iku kaya ta nitahake manungsa kadadian saka kama, utawa manuk saka ing êndhog sapêpadhane, dene mêtokake barang kang mati saka barang kang urip iku kaya ta: andadèkake êndhog mêtu saka ing khewan, lan sapêpadhane. Jamal.) makatên ugi Tuwan punika paring rêjêki tanpa takêr dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan.
تُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَتُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَتُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَتُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَتَرْزُقُ مَنْ تَشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٢٧
Tūlijul-laila fin-nahāri wa tūlijun-nahāra fil-laili wa tukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa tukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa tarzuqu man tasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[27]
Para wong mukmin aja padha asih utawa pitaya marang wong kaphir, sanajan uga pitaya marang wong mukmin, iya ora kêna, sing sapa nglakoni mangkono mêsthi ora kawilang barang-barang, (warga) tumrap agamaning Allah, kajaba yèn sira mawa kuwatir, wêdi marang si kaphir mau. Allah mêdèkake sira kabèh, diwêdèkake marang sarirane. Sira kabèh bakal padha diimpun bali marang pangayunaning Allah, (He Mukhammad) sira dhawuha, Allah iku nguningani sakrêntêging atinira kabèh, sanadyan sira êndhêm bae utawa sira wêdharake ora beda, lan uga nguningani samubarang isining langit lan isining bumi kabèh, Allah iku nguwasani samubarang.
لَا يَتَّخِذِ الْمُؤْمِنُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَلَيْسَ مِنَ اللّٰهِ فِيْ شَيْءٍ اِلَّآ اَنْ تَتَّقُوْا مِنْهُمْ تُقٰىةً ۗ وَيُحَذِّرُكُمُ اللّٰهُ نَفْسَهٗ ۗ وَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ٢٨
Lā yattakhiżil-mu'minūnal-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), wa may yaf‘al żālika falaisa minallāhi fī syai'(in), illā an tattaqū minhum tuqāh(tan), wa yuḥażżirukumullāhu nafsah(ū), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[28]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono sarupaning awak padha nêmu kabêcikan kang wis padha dilakoni, cumawis ana ing ngarêpe, dene piala kang wis padha dilakoni, iku karêpe kang duwe piala, adoha kang nganti katon nyamut-nyamut. Allah mêdèkake sira kabèh marang sarirane, dene Allah iku wêlas marang para kawula.
قُلْ اِنْ تُخْفُوْا مَا فِيْ صُدُوْرِكُمْ اَوْ تُبْدُوْهُ يَعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗوَيَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٩
Qul in tukhfū mā fī ṣudūrikum au tubdūhu ya‘lamhullāh(u), wa ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[29]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Manawa kowe padha dhêmên ing Allah, iya padha manuta marang Aku, Allah mêsthi asih marang kowe, lan uga ngapura sakèhing dosamu. Dene Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih. Lan manèh dhawuha: Kowe padha manuta ing Allah lan Rasul, dene manawa kowe padha mlengos, kowe padha wêruha,yèn Allah iku ora rêmên wong kang padha kaphir.
يَوْمَ تَجِدُ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ مِنْ خَيْرٍ مُّحْضَرًا ۛوَمَا عَمِلَتْ مِنْ سُوْۤءٍ ۛ تَوَدُّ لَوْ اَنَّ بَيْنَهَا وَبَيْنَهٗٓ اَمَدًاۢ بَعِيْدًا ۗوَيُحَذِّرُكُمُ اللّٰهُ نَفْسَهٗ ۗوَاللّٰهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ ࣖ٣٠
Yauma tajidu kullu nafsim mā ‘amilat min khairim muḥḍarā(n), wa mā ‘amilat min sū'(in), tawaddu lau anna bainahā wa bainahū amadam ba‘īdā(n), wa yuḥażżirukumullāhu nafsah(ū), wallāhu ra'ūfum bil-‘ibād(i).
[30]
Satêmêne Allah milih Nabi Adam lan Nabi Nuh lan sarirane Nabi Ibrahim lan sarirane Kyai Ngimran, ngungkuli wong sajagad, turune sawênèhing nabi samono mau dipilih ngungkuli turuning liyan, Allah iku miyarsa tur nguningani.
قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣١
Qul in kuntum tuḥibbūnallāha fattabi‘ūnī yuḥbibkumullāhu wa yagfir lakum żunūbakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[31]
(He Mukhammad) sira nyaritakna wong wadon bojone Ngimran, nalikane munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula aprasêtya ing Tuwan, bayi ingkang kawula kandhut punika kawula saosakên mardika ngladosi ing Tuwan, mila Tuwan mugi nêmbadanana sacipta kawula, saèstu Tuwan punika miyarsa tur nguningani. Bojone Ngimran mau barêng manak mêtu wadon, Allah wis nguningani lairing bayi wau,[15] bojone Ngimran banjur munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, anggèn kawula manak têka mêdal èstri, kang măngka tiyang jalêr punika kêkiyatanipun botên namung kados tiyang èstri kemawon, dene anak kawula èstri punika kawula namakakên pun Maryam, pun Maryam wau dalah saturun-turunipun kawula ungsèkakên ing Tuwan, sampun ngantos kenging panggodhanipun setan ingkang tinulak saking ngarsaning Pangeran.
قُلْ اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ ۚ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ٣٢
Qul aṭī‘ullāha war-rasūl(a), fa'in tawallau fa innallāha lā yuḥibbul-kāfirīn(a).
[32]
Pangeran nuli nampèni Maryam sarta diprênahake lêlakon kang utama, apadene diwêlagangake awake lan kautamane. Maryam banjur diopèni dening Nabi Zakhariya, dene Nabi Zakariya mau sabên malêbu ing pangimaman, wêruh ing sandhinge Maryam ana pêpanganan, banjur takon: He Maryam, pêpanganan iki saka ngêndi. Maryam mangsuli: Têtêdhan punika pêparingipun Allah. Satêmêne Allah iku maringi rêjêki tanpa takêr marang wong kang dadi kaparênging karsane.
۞ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىٓ اٰدَمَ وَنُوْحًا وَّاٰلَ اِبْرٰهِيْمَ وَاٰلَ عِمْرٰنَ عَلَى الْعٰلَمِيْنَۙ٣٣
Innallāhaṣṭafā ādama wa nūḥaw wa āla ibrāhīma wa āla ‘imrāna ‘alal-‘ālamīn(a).
[33]
Nabi Zakariya barêng wêruh kang mangkono mau banjur nyênyuwun ing Pangerane, unjuke: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa anak ingkang sae dhumatêng kawula saking ngarsa Tuwan, sayêktosipun Tuwan punika miyarsa tur nêmbadani panyuwun. Malaikat Jabarail banjur nguwuh marang Nabi Zakariya kang lagi sêmbayang ana ing pangimaman.
ذُرِّيَّةً ۢ بَعْضُهَا مِنْۢ بَعْضٍۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۚ٣٤
Żurriyyatam ba‘ḍuhā mim ba‘ḍ(in), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[34]
Panguwuhe mangkene: Dhawuhing Allah saèstu ambêbingah dhatêng ing sampeyan, sampeyan dipun paringi putra jalêr nama Yahya, wadat saha dados panutaning tiyang, dhasar nalurinipun tiyang ingkang sami sae, punika ingkang nêksèni jumênêngipun kalimah (Kalimah saking Allah têgêse: pangandikaning Allah, dene kang diarani pangandikaning Allah iku Kangjêng Nabi Ngisa, awit sarirane Kangjêng Nabi Ngisa iku pangawak pangandikaning Allah. Jamal.) saking Allah.
اِذْ قَالَتِ امْرَاَتُ عِمْرٰنَ رَبِّ اِنِّيْ نَذَرْتُ لَكَ مَا فِيْ بَطْنِيْ مُحَرَّرًا فَتَقَبَّلْ مِنِّيْ ۚ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٥
Iż qālatimra'atu ‘imrāna rabbi innī nażartu laka mā fī baṭnī muḥarraran fataqabbal minnī, innaka antas-samī‘ul-‘alīm(u).
[35]
Nabi Zakariya munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kadospundi anggèn kawula sagêd nuwuhakên anak, awit kawula sampun pikun sayêktos, sarta tiyang èstri kawula pancèn gabug. Allah ngandika: Mêsthi kalêksanan [kalêksanan] kaya dhawuh Ingsun, Allah kuwasa nindakake sakarsane.
فَلَمَّا وَضَعَتْهَا قَالَتْ رَبِّ اِنِّيْ وَضَعْتُهَآ اُنْثٰىۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا وَضَعَتْۗ وَلَيْسَ الذَّكَرُ كَالْاُنْثٰى ۚ وَاِنِّيْ سَمَّيْتُهَا مَرْيَمَ وَاِنِّيْٓ اُعِيْذُهَا بِكَ وَذُرِّيَّتَهَا مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ٣٦
Falammā waḍa‘athā qālat rabbi innī waḍa‘tuhā unṡā, wallāhu a‘lamu bimā waḍa‘at, wa laisaż-żakaru kal-unṡā, wa innī sammaituhā maryama wa innī u‘īżuhā bika wa żurriyyatahā minasy-syaiṭānir-rajīm(i).
[36]
Nabi Zakariya munjuk manèh: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi maringana tăndha yêkti dhumatêng kawula. Allah ngandika: Tăndha yêktinira yèn bakal duwe anak, sira ora bisa cêcaturan karo manungsa lawase nganti têlung dina, kajaba mung bisa tudang-tuding bae. He Zakariya, diakèh ênggonira nyêbut asmaning Pangeranira lan macaa tasbèh (Maca tasbèh iku têgêse: nyêbut Mahasuci marang Allah. Kamus.) utawa sêmbayang ing wayah sore lan esuk.
فَتَقَبَّلَهَا رَبُّهَا بِقَبُوْلٍ حَسَنٍ وَّاَنْۢبَتَهَا نَبَاتًا حَسَنًاۖ وَّكَفَّلَهَا زَكَرِيَّا ۗ كُلَّمَا دَخَلَ عَلَيْهَا زَكَرِيَّا الْمِحْرَابَۙ وَجَدَ عِنْدَهَا رِزْقًا ۚ قَالَ يٰمَرْيَمُ اَنّٰى لَكِ هٰذَا ۗ قَالَتْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٧
Fataqabbalahā rabbuhā biqabūlin ḥasaniw wa ambatahā nabātan ḥasanā(n), wa kaffalahā zakariyyā, kullamā dakhala ‘alaihā zakariyyal-miḥrāba wajada ‘indahā rizqā(n), qāla yā maryama annā laki hāżā, qālat huwa min ‘indillāh(i), innallāha yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[37]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Malaikat Jabarail dhawuh marang Maryam: Dèwi Maryam, Allah milih dhatêng sampeyan. Sarta nucèkakên dhatêng sampeyan. Sampeyan dipun pilih dening Allah ngungkuli tiyang èstri sajagad.
هُنَالِكَ دَعَا زَكَرِيَّا رَبَّهٗ ۚ قَالَ رَبِّ هَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ ذُرِّيَّةً طَيِّبَةً ۚ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاۤءِ٣٨
Hunālika da‘ā zakariyyā rabbahū qāla rabbi hab lī mil ladunka żurriyyatan ṭayyibah(tan), innaka samī‘ud-du‘ā'(i).
[38]
Dèwi Maryam, sampeyan ngabêkti dhatêng Pangeran sampeyan, lan sujuda lan rukuka sêsarêngan kalihan tiyang ingkang sami rukuk.
فَنَادَتْهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَهُوَ قَاۤىِٕمٌ يُّصَلِّيْ فِى الْمِحْرَابِۙ اَنَّ اللّٰهَ يُبَشِّرُكَ بِيَحْيٰى مُصَدِّقًاۢ بِكَلِمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ وَسَيِّدًا وَّحَصُوْرًا وَّنَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ٣٩
Fanādathul-malā'ikatu wa huwa qā'imuy yuṣallī fil-miḥrāb(i), annallāha yubasysyiruka biyaḥyā muṣaddiqam bikalimatim minallāhi wa sayyidaw wa ḥaṣūraw wa nabiyyam minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[39]
Caritane Zakariya lan Maryam mau kalêbu pamêdharing gaib kang Ingsun wahyakake marang sira Mukhammad, awit sira durung tumitah nalika para Bani Srail padha nyêmplungake kalame ana ing banyu, (Têtelane mangkene: nalikane Dèwi Maryam dipasrahake dening biyunge marang Baitul Mukaddas, disaosake ngladèni ana ing ngarsaning Allah, ing kono pangrèhing Baitul Mukaddas cacah wong sanga likur padha rêbutan [rêbutan] ngopèni Dèwi Maryam, mungguh pancasaning pasulayan mau disumanggakake ing Allah. Wong samono mau padha golong gawe tăndha yêkti, sarana padha nyêmplungake kalame têmbaga dhewe-dhewe, ana ing bangawan Ardan. Sing sapa kalame kumambang sarta ora bisa kèli, iya iku kang diparêngake dening Allah ngopèni Dèwi Maryam. Wusana barêng wong sanga likur mau bêbarêngan nyêmplungake kalame, kang kumambang sarta ora kèli mung kalame Nabi Zakariya, kabèh padha silêm. Jamal.) diênggo tăndha yêkti sapa kang diparêngake dening Allah ngopèni Si Maryam. Nalika wong Bani Srail padha rêrêbutan ngopèni Si Maryam mau, sira iya durung tumitah.
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّقَدْ بَلَغَنِيَ الْكِبَرُ وَامْرَاَتِيْ عَاقِرٌ ۗ قَالَ كَذٰلِكَ اللّٰهُ يَفْعَلُ مَا يَشَاۤءُ٤٠
Qāla rabbi annā yakūnu lī gulāmuw wa qad balaganīyal-kibaru wamra'atī ‘āqir(un), qāla każālikallāhu yaf‘alu mā yasyā'(u).
[40]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Jabarail dhawuh marang Maryam: Dèwi Maryam, Allah ambêbingah dhatêng sampeyan, sampeyan badhe kagungan putra kakung kadadosan saking pangandikaning Allah, nama: masih Ngisa, putranipun Dèwi Maryam. Ngisa wau darbe kamulyan wontên ing dunya lan wontên ing akhirat, lan kalêbêt ewonipun tiyang ingkang sami kacêlak ing Allah.
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةً ۗ قَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍ اِلَّا رَمْزًا ۗ وَاذْكُرْ رَّبَّكَ كَثِيْرًا وَّسَبِّحْ بِالْعَشِيِّ وَالْاِبْكَارِ ࣖ٤١
Qāla rabbij‘al lī āyah(tan), qāla āyatuka allā tukalliman-nāsa ṡalāṡata ayyāmin illā ramzā(n), ważkur rabbaka kaṡīraw wa sabbiḥ bil-‘asyiyyi wal-ibkār(i).
[41]
Sarta taksih timur (bayi) kemawon sampun sagêd ngandikan kalihan manungsa, sarêng sampun wanci mêmpêng, pangandikanipun sapangandikaning para nabi, punapadene kalêbêt ewonipun tiyang sae.
وَاِذْ قَالَتِ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يٰمَرْيَمُ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىكِ وَطَهَّرَكِ وَاصْطَفٰىكِ عَلٰى نِسَاۤءِ الْعٰلَمِيْنَ٤٢
Wa iż qālatil-malā'ikatu yā maryama innallāhaṣṭafāki wa ṭahharaki waṣṭafāki ‘alā nisā'il-‘ālamīn(a).
[42]
Dèwi Marya [16] munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, [kawula,] kadospundi sagêdipun kêlampahan kawula manak, dening kawula botên pisan-pisan dipun wori ing tiyang jalêr. Dhawuhing Allah: Mêsthi kalêksanan kaya dhawuh Ingsun mau. Allah kuwasa nitahake sakarsane, manawa Allah namtokake sawijining prakara, mêsthi banjur ngandika, sira anaa. Ing kono barang kang dikarsakake banjur ana padha sanalika.
يٰمَرْيَمُ اقْنُتِيْ لِرَبِّكِ وَاسْجُدِيْ وَارْكَعِيْ مَعَ الرّٰكِعِيْنَ٤٣
Yā maryamuqnutī lirabbiki wasjudī warka‘ī ma‘ar-rāki‘īn(a).
[43]
Lan manèh Ingsun mintêrake têtulisan marang Ngisa, lan mêruhake kawicaksanan, apadene Kitab Torèt lan Kitab Injil, mangkono manèh Ngisa Ingsun piji dadi utusan tumrap marang para Bani Srail. (Barêng Nabi Ngisa wis têtêp dadi Rasul, banjur dhawuh: He wong Bani Srail kabèh) satêmêne têkaku iki anggawa tăndha yêkti saka Pangeranira, kaya ta: Aku ngêndhèg-êndhèg lêmpung tak gawe rêrupan manuk, nuli tak damoni, ing kono banjur dadi manuk têmênan, kalawan idining Allah, lan manèh aku bisa marasake wong kang picak lair mula, lan bisa marasake wong bêlang, apadene aku bisa nguripake wong kang wis padha mati, kalawan idining Allah, lan aku bisa nêrangake samubarang kang padha kopangan utawa kang padha kosimpên ana sajroning omahmu, yèn kowe pinasthi dhasar duwe iman, kang mangkono iku mêsthi dadi tăndha yêkti tumrap marang kowe kabèh.
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهِ اِلَيْكَ ۗوَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ يُلْقُوْنَ اَقْلَامَهُمْ اَيُّهُمْ يَكْفُلُ مَرْيَمَۖ وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ يَخْتَصِمُوْنَ٤٤
Żālika min ambā'il-gaibi nūḥīhi ilaik(a), wa mā kunta ladaihim iż yulqūna aqlāmahum ayyuhum yakfulu maryam(a), wa mā kunta ladaihim iż yakhtaṣimūn(a).
[44]
Lan manèh têkaku iki nêmênake samubarang kang kasêbut [kasêbut] ing Kitab Torèt kang wis tumindak saprene, lan ana uga barang sawatara kang biyèn dilarangi saiki tak kênakake. Lan manèh têkaku iki mawa tăndha yêkti saka Pangeranmu, mulane padha wêdia ing Allah lan padha manuta marang aku. Satêmêne Allah iku Pangeranku lan uga Pangeranmu, mulane padha nêmbaha ing Allah, iki dêdalan kang bênêr.
اِذْ قَالَتِ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يٰمَرْيَمُ اِنَّ اللّٰهَ يُبَشِّرُكِ بِكَلِمَةٍ مِّنْهُۖ اسْمُهُ الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ وَجِيْهًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَۙ٤٥
Iż qālatil-malā'ikatu yā maryama innallāha yubasysyiruki bikalimatim minhusmuhul-masīḥu ‘īsabnu maryama wajīhan fid-dun-yā wal-ākhirati wa minal-muqarrabīn(a).
[45]
Barêng Nabi Ngisa mirsa yèn wong Bani Srail padha kaphir lan maido, banjur ngandika: Lah sapa kancaku seba ing Allah. Para khawari (Para khawari, têgêse: para sakabate Kangjêng Nabi Ngisa kang pêpilihan, cacah wong rolas. Jamal.) banjur padha matur: Kula ingkang sami biyantu dhatêng agamaning Allah, kula sami ngandêl ing Allah, sampeyan mugi nêksènana yèn kula punika sami Islam.
وَيُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًا وَّمِنَ الصّٰلِحِيْنَ٤٦
Wa yukallimun nāsa fil-mahdi wa kahlaw wa minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[46]
Dhuh Pangeran kawula, kawula sami ngandêl Kitab Injil ingkang sampun Tuwan dhawuhakên, saha kawula sami manut ing Rasul Kangjêng Nabi Ngisa, mila kawula mugi Tuwan sêrati golonganipun tiyang ingkang sami nêksèni têmênipun para Rasul.
قَالَتْ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ وَلَدٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌ ۗ قَالَ كَذٰلِكِ اللّٰهُ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٤٧
Qālat rabbi annā yakūnu lī waladuw wa lam yamsasnī basyar(un), qāla każālikillāhu yakhluqu mā yasyā'(u), iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fayakūn(u).
[47]
Wong Bani Srail kang kaphir padha gawe paekan, nanging Allah iya nyidrani marang wong mau. Allah iku baud bangêt mumpuni kridhaning paekan.
وَيُعَلِّمُهُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۚ٤٨
Wa ya‘allimuhul-kitāba wal-ḥikmata wat-taurāta wal-injīl(a).
[48]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Allah dhawuh marang Nabi Ngisa: He Ngisa, Ingsun iki [iki] ing têmbe bakal matèni sira, lan uga kang anjunjung ing si[17] marang ngarsaningsun, lan kang ngêdohake ing sira saka wong kang padha kaphir, lan sarupane wong kang padha manut ing sira Ingsun karsakake ngungkuli wong kang padha kaphir, nganti têkan besuk dina kiyamat. Sawise mangkono sira nuli padha diimpun bali marang ngarsaningsun, ing kono Ingsun ngadili marang sira kabèh prakara ênggonira padha pasulayan.
وَرَسُوْلًا اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ اَنِّيْ قَدْ جِئْتُكُمْ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۙاَنِّيْٓ اَخْلُقُ لَكُمْ مِّنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ فَاَنْفُخُ فِيْهِ فَيَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚوَاُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ وَاُحْيِ الْمَوْتٰى بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚوَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا تَأْكُلُوْنَ وَمَا تَدَّخِرُوْنَ ۙفِيْ بُيُوْتِكُمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَۚ٤٩
Wa rasūlan ilā banī isrā'īl(a), annī qad ji'tukum bi'āyatim mir rabbikum, annī akhluqu lakum minaṭ-ṭīni kahai'atiṭ-ṭairi fa'anfukhu fihi fayakūnu ṭairam bi'iżnillāh(i), wa ubarri'ul-akmaha wal-abraṣa wa uḥyil-mautā bi'iżnillāh(i), wa unabbi'ukum bimā ta'kulūna wa mā taddakhirūna fī buyūtikum, inna fī żālika la'āyatal lakum in kuntum mu'minīn(a).
[49]
Dene wong kang padha kaphir iku mêsthi Ingsun siksa kalawan siksa kang abot, ana ing dunya lan ana ing akhirat, lan ora ana kang bisa nulungi marang wong kaphir mau.
وَمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَلِاُحِلَّ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ حُرِّمَ عَلَيْكُمْ وَجِئْتُكُمْ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ٥٠
Wa muṣaddiqal limā baina yadayya minat-taurāti wa li'uḥilla lakum ba‘ḍal-lażī ḥurrima ‘alaikum wa ji'tukum bi'āyatim mir rabbikum, fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[50]
Dene wong kang padha mukmin, sarta padha nglakoni kabêcikan, Allah mêsthi nglêksanani paring ganjarane wong mau, dene Allah iku ora rêmên wong kang padha nganiaya.
اِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٥١
Innallāha rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[51]
Lêlakone Ngisa kang Ingsun caritakake marang sira iku ewone tăndha yêkti lan pitutur kang patitis.
۞ فَلَمَّآ اَحَسَّ عِيْسٰى مِنْهُمُ الْكُفْرَ قَالَ مَنْ اَنْصَارِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗ قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ نَحْنُ اَنْصَارُ اللّٰهِ ۚ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ ۚ وَاشْهَدْ بِاَنَّا مُسْلِمُوْنَ٥٢
Falammā aḥassa ‘īsā minhumul-kufra qāla man anṣārī ilallāh(i), qālal-ḥawāriyyūna naḥnu anṣārullāh(i), āmannā billāh(i), wasyhad bi'annā muslimūn(a).
[52]
Mungguhing Allah Nabi Ngisa iku anèhe kaya upamane Nabi Adam, Allah nitahake Nabi Adam bakale lêmpung, Allah banjur ngandika marang lêmpung, sira dadia manungsa, sanalika lêmpung mau dadi manungsa.
رَبَّنَآ اٰمَنَّا بِمَآ اَنْزَلْتَ وَاتَّبَعْنَا الرَّسُوْلَ فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ٥٣
Rabbanā āmannā bimā anzalta wattaba‘nar-rasūla faktubnā ma‘asy-syāhidīn(a).
[53]
Kaanane Nabi Ngisa iku têmên saka Pangeranira, mulane sira aja nganti kalêbu ewoning wong kang padha mamang.
وَمَكَرُوْا وَمَكَرَ اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ ࣖ٥٤
Wa makarū wa makarallāh(u), wallāhu khairul-mākirīn(a).
[54]
Sawise sira kadunungan kawruh iki, yèn ana wong madoni ing sira prakara anane Nabi Ngisa, sira banjur dhawuha: He kowe padha mrenea. Ayo padha kalumpukan, para anakku lan anakmu, bojoku lan bojomu, apadene aku dhewe lan kowe, ing kono banjur tak suwunake ngadil, sing sapa goroh muga dipatrapana bêbênduning Allah.
اِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسٰٓى اِنِّيْ مُتَوَفِّيْكَ وَرَافِعُكَ اِلَيَّ وَمُطَهِّرُكَ مِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَجَاعِلُ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْكَ فَوْقَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ ۚ ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاَحْكُمُ بَيْنَكُمْ فِيْمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٥٥
Iż qālallāhu yā ‘īsā innī mutawaffīka wa rāfi‘uka ilayya wa muṭahhiruka minal-lażīna kafarū wa jā‘ilul-lażīnattaba‘ūka fauqal-lażīna kafarū ilā yaumil-qiyāmah(ti), ṡumma ilayya marji‘ukum fa aḥkumu bainakum fīmā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[55]
Carita kang wis kasêbut mau mêsthi nyata, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, dene Allah iku têmên mulya tur wicaksana.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَاُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٥٦
Fa ammal-lażīna kafarū fa u‘ażżibuhum ‘ażāban syadīdan fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[56]
Dene yèn sira padha mlengos, sira wêruha yèn Allah iku nguningani wong kang padha gawe rusak.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ ۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ٥٧
Wa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fa yuwaffīhim ujūrahum, wallāhu lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[57]
(He Mukhammad) sira dhawuha, he wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kowe padha marenea, sumungkêma marang pranatan, iya iku aku lan kowe padha ora nyêmbah sapa -sapa kajaba mung nyêmbah ing Allah lan ora kêna ngrangkêp nyêmbah liyane, aku lan kowe padha bae, sawijining wong ora mangeran marang wong liyane, ora mangeran marang liyaning Allah. Dene manawa wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau padha mlengos, sira sakancanira wong Islam padha ngucapa, kowe padha nêksènana yèn aku iki padha Islam.
ذٰلِكَ نَتْلُوْهُ عَلَيْكَ مِنَ الْاٰيٰتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ٥٨
Żālika natlūhu ‘alaika minal-āyāti waż-żikril-ḥakīm(i).
[58]
He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene sira padha madoni prakara na[18] Ibrahim, sira arani nganggo agamanira, (Yahudi utawa Nasarani) kang măngka tibaning Kitab Torèt lan Injil iku sapungkure Nabi Ibrahim, sira iku apa tanpa pikir.
اِنَّ مَثَلَ عِيْسٰى عِنْدَ اللّٰهِ كَمَثَلِ اٰدَمَ ۗ خَلَقَهٗ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ قَالَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٥٩
Inna maṡala ‘īsā ‘indallāhi kamaṡali ādam(a), khalaqahū min turābin ṡumma qāla lahū kun fayakūn(u).
[59]
He sarupane wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, sira wis madoni ing bab kang wis sira wêruhi têrang, yagene saiki sira wani ing bab kang sira ora wêruh, Allah iku nguningani, nanging sira padha ora wêruh.
اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُنْ مِّنَ الْمُمْتَرِيْنَ٦٠
Al-ḥaqqu mir rabbika falā takum minal-mumtarīn(a).
[60]
Nabi Ibrahim iku ora agama Yahudi lan ora agama Nasarani, agamane Nabi Ibrahim iku mènglèng marang agama kang bênêr, nganggêp yèn Allah iku mung siji, Nabi Brahim dudu ewone wong musrik, (Wong musrik, têgêse wong kang ngrangkêp mangeran marang liyaning Allah. Jalalèn.).
فَمَنْ حَاۤجَّكَ فِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ فَقُلْ تَعَالَوْا نَدْعُ اَبْنَاۤءَنَا وَاَبْنَاۤءَكُمْ وَنِسَاۤءَنَا وَنِسَاۤءَكُمْ وَاَنْفُسَنَا وَاَنْفُسَكُمْۗ ثُمَّ نَبْتَهِلْ فَنَجْعَلْ لَّعْنَتَ اللّٰهِ عَلَى الْكٰذِبِيْنَ٦١
Faman ḥājjaka fīhi mim ba‘di mā jā'aka minal-‘ilmi faqul ta‘ālau nad‘u abnā'anā wa abnā'akum wa nisā'anā wa nisā'akum wa anfusanā wa anfusakum, ṡumma nabtahil fanaj‘al la‘natallāhi ‘alal-kāżibīn(a).
[61]
Manungsa kang cêdhak dhewe lan Nabi Ibrahim iku mêsthi wong kang dhèk samana manut marang Nabi Ibrahim, apadene Nabi Mukhammad iki lan para umate kang padha mukmin, (Mulane Nabi Mukhammad lan para umate kang padha mukmin diewokake cêdhak lan Nabi Ibrahim, awit agamane akèh kang condhong lan agamane Nabi Ibrahim. Jamal.) dene Allah iku nulungi wong kang padha mukmin.
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْقَصَصُ الْحَقُّ ۚ وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّا اللّٰهُ ۗوَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٦٢
Inna hāżā lahuwal-qaṣaṣul-ḥaqq(u), wa mā min ilāhin illallāh(u), wa innallāha lahuwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[62]
Ana wong kaphir sagolongan, ewone kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kapengin bisa nasarake marang sira Mukhammad lan sakancanira, nanging ênggone kudu nasarake mau katêmahane nasarake marang awake dhewe, ewadene padha ora kêrasa.
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِالْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٦٣
Fa in tawallau fa innallāha ‘alīmum bil-mufsidīn(a).
[63]
He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene sira padha maido ayating Allah, kang măngka sira wêruh yèn iku [iku] bênêr.
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ تَعَالَوْا اِلٰى كَلِمَةٍ سَوَاۤءٍۢ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ اَلَّا نَعْبُدَ اِلَّا اللّٰهَ وَلَا نُشْرِكَ بِهٖ شَيْـًٔا وَّلَا يَتَّخِذَ بَعْضُنَا بَعْضًا اَرْبَابًا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُوْلُوا اشْهَدُوْا بِاَنَّا مُسْلِمُوْنَ٦٤
Qul yā ahlal-kitābi ta‘ālau ilā kalimatin sawā'im bainanā wa bainakum allā na‘buda illallāha wa lā nusyrika bihī syai'aw wa lā yattakhiża ba‘ḍunā ba‘ḍan arbābam min dūnillāh(i), fa in tawallau fa qūlusyhadū bi'annā muslimūn(a).
[64]
He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene sira padha nyarub barang kang têmên, (kitab Torèt utawa Injil kang tulèn) karo barang kang goroh (kitab kang wis diowahi), sarta sira padha nyilêp barang kang têmên, (Pamêcaning Kitab Torèt Injil bakal jumênênge Nabi Mukhammad), kang măngka sira padha wêruh yèn iku bênêr.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تُحَاۤجُّوْنَ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَمَآ اُنْزِلَتِ التَّوْرٰىةُ وَالْاِنْجِيْلُ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِهٖۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٦٥
Yā ahlal-kitābi lima tuḥājjūna fī ibrāhīma wa mā unzilatit-taurātu wal-injīlu illā mim ba‘dih(ī), afalā ta‘qilūn(a).
[65]
Lan ana wong kaphir sagolongan kang padha duwe cêcêkêlan kitab, calathu marang kancane: Kowe padha lamisa, ing wayah esuk kowe padha anggêlara pangandêl ing Kitab Kuran kang wis didhawuhake marang para wong mukmin, nanging yèn wayah sore kowe padha maidoa, bokmanawa para wong mukmin banjur padha ambalik saka agamane Islam.
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ حَاجَجْتُمْ فِيْمَا لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ فَلِمَ تُحَاۤجُّوْنَ فِيْمَا لَيْسَ لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٦٦
Hā antum hā'ulā'i ḥājajtum fīmā lakum bihī ‘ilmun falima tuḥājjūna fīmā laisa lakum bihī ‘ilm(un), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[66]
Lan kowe aja ngandêl marang sapa-sapa, kajaba marang wong kang manut ing agamanira Yahudi. Aja ngandêl yèn ana sawijining wong diparingi pituduh dening Allah kang madhani pêparinge marang kowe kabèh, utawa ana wong bisa padu ngalahake marang kowe ana ngarsaning Pangeranmu. (Pangandikaning Allah: He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne pituduh kang bênêr iku mung pituduhing Allah. Lan sira dhawuha: Kaluwihan iku ana ngastaning Allah, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku jêmbar (Têgêse: akèh pêparinge kanugrahan.) tur nguningani sapa kang pantês diparingi kanugrahan.
مَاكَانَ اِبْرٰهِيْمُ يَهُوْدِيًّا وَّلَا نَصْرَانِيًّا وَّلٰكِنْ كَانَ حَنِيْفًا مُّسْلِمًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ٦٧
Wa mā kāna ibrāhīmu yahūdiyyaw wa lā naṣrāniyyaw wa lākin kāna ḥanīfam muslimā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[67]
Allah namtokake sihe marang wong kang dadi parênging karsane. Allah iku kagungan kanugrahan, tur kang agung.
اِنَّ اَوْلَى النَّاسِ بِاِبْرٰهِيْمَ لَلَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ وَهٰذَا النَّبِيُّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۗ وَاللّٰهُ وَلِيُّ الْمُؤْمِنِيْنَ٦٨
Inna aulan-nāsi bi'ibrāhīma lal-lażīnattaba‘ūhu wa hāżan-nabiyyu wal-lażīna āmanū, wallāhu waliyyul-mu'minīn(a).
[68]
Gêgolongane wong kaphir kang duwe cêcêkêlan kitab, ana sawênèhing wong kang manawa sira pracaya prakara băndha akèh ora cidra, ambalèkake băndha mau marang sira. Lan ana uga wong kang manawa sira pracaya dinar siji bae cidra, ora ambalèkake dinar mau marang sira. Enggone têmên mung sasuwene sira tunggoni bae.
وَدَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يُضِلُّوْنَكُمْۗ وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ٦٩
Waddaṭ-ṭā'ifatum min ahlil-kitābi lau yuḍillūnakum, wa mā yuḍillūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[69]
Dene ênggone ora gêlêm ambalèkake dinar siji mau, amarga duwe pangucap mangkene: Aku mêsthi ora katêtêpan dosa marga anggêgampang bandhane wong bodho kang ora tunggal agama lan aku. Wong kaphir mau padha awad-awad yèn pangucape kang mangkono mau têrang saka dhawuhing Allah, kang măngka iya wis padha wêruh yèn pangucape mau jaragan goroh.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ٧٠
Yā ahlal-kitābi lima takfurūna bi'āyātillāhi wa antum tasyhadūn(a).
[70]
O, iya kêna ing dosa ênggone anggêgampang bandhaning wong kang ora tunggal agama. Dene sing sapa nuhoni janjine sarta wêdi ing Allah, iku padha wêruha yèn Allah iku rêmên marang wong kang padha wêdi ing Allah.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَلْبِسُوْنَ الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ࣖ٧١
Yā ahlal-kitābi lima talbisūnal-ḥaqqa bil-bāṭili wa taktumūnal-ḥaqqa wa antum ta‘lamūn.
[71]
Dene wong kang padha wani ngowahi prajanjianing Allah utawa nêrak supatane dhewe, melik marang dunya kang sathithik ajine, wong kang mangkono iku besuk ana ing akhirat bakal ora kêduman kabêgjan, lan besuk dina kiyamat Allah [Allah] ora karsa ngandika marang wong mau, mirsani bae ora, luwih manèh ngrêsikake dosane iku ora pisan-pisan karsa, wong mau bakal kapatrapan siksa kang nglarani.
وَقَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اٰمِنُوْا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَجْهَ النَّهَارِ وَاكْفُرُوْٓا اٰخِرَهٗ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۚ٧٢
Wa qālaṭ-ṭā'ifatum min ahlil-kitābi āminū bil-lażī unzila ‘alal-lażīna āmanū wajhan-nahāri wakfurū ākhirahū la‘allahum yarji‘ūn(a).
[72]
Sawênèhing wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau mêsthi ana sagolongan kang nylèwèngake cangkême ênggone maca kitab. Karêpe supaya sira ngaranana yèn ora nylèwèng, kang măngka iku dudu unining kitab satêmêne, apadene padha awad-awad yèn kang diwaca nylèwèng mau têrang saka dhawuhing Allah, kang măngka satêmêne iku dudu kang têrang saka dhawuhing Allah, dadi wong mau padha calathu goroh diawadake pangandikaning Allah, tur wong mau padha wêruh yèn calathune iku satêmêne goroh.
وَلَا تُؤْمِنُوْٓا اِلَّا لِمَنْ تَبِعَ دِيْنَكُمْ ۗ قُلْ اِنَّ الْهُدٰى هُدَى اللّٰهِ ۙ اَنْ يُّؤْتٰىٓ اَحَدٌ مِّثْلَ مَآ اُوْتِيْتُمْ اَوْ يُحَاۤجُّوْكُمْ عِنْدَ رَبِّكُمْ ۗ قُلْ اِنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللّٰهِ ۚ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ ۚ٧٣
Wa lā tu'minū illā liman tabi‘a dīnakum, qul innal-hudā hudallāh(i), ay yu'tā aḥadum miṡla mā ūtītum au yuḥājjūkum ‘inda rabbikum, qul innal-faḍla biyadillāh(i), yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[73]
Manungsa kang wis diparingi kitab dening Allah lan diparing[19] kawicaksanan, apadene diparingi pangkat kanabean, mêsthi ora bisa kalakon ngucap marang manungsa liyane: Sira padha nyêmbaha marang aku, ora susah nyêmbah marang Allah. Dene kang mêsthi pangucape mangkene, sira padha dadia wong pintêr tur nglakoni kawruhmu, marga sira wis padha wêruh surasaning kitab, lan wis padha maca kitab.
يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٧٤
Yakhtaṣṣu biraḥmatihī may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[74]
Lan manèh wong kang wis diparingi kitab lan kawicaksanan utawa pangkat kanabean mau mêsthi ora[20] marang sira kabèh, supaya sira mangerana marang para malaikat lan para nabi, sawise sira padha Islam, apa banjur diparentahi ambalik kaphir, iku ora.
۞ وَمِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مَنْ اِنْ تَأْمَنْهُ بِقِنْطَارٍ يُّؤَدِّهٖٓ اِلَيْكَۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ اِنْ تَأْمَنْهُ بِدِيْنَارٍ لَّا يُؤَدِّهٖٓ اِلَيْكَ اِلَّا مَا دُمْتَ عَلَيْهِ قَاۤىِٕمًا ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لَيْسَ عَلَيْنَا فِى الْاُمِّيّٖنَ سَبِيْلٌۚ وَيَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٥
Wa min ahlil-kitābi man in ta'manhu bi qinṭārin yu'addīhi ilaik(a), wa minhum man in ta'manhu bidīnāril lā yu'addīhi ilaika illā mā dumta ‘alaihi qā'imā(n), żālika bi'annahum qālū laisa ‘alainā fil-ummiyyīna sabīl(un), wa yaqūlūna ‘alallāhil-każiba wa hum ya‘lamūn(a).
[75]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Allah mundhut sêsanggêmaning para nabi, (pangandikaning Allah): Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira ana ing kitab, utawa kawicaksanan kang Ingsun paringake marang sira kabèh, iku kudu sira èstokake. Dene ing têmbe banjur ana rasul nêkani ing sira kabèh, nètèsi kaya kang kasêbut ing kitab cêcêkêlanira, iku sira kudu padha ngandêl sarta biyantu marang rasul mau. Allah ngandika manèh: Lah kapriye apa sira padha sandika sarta sanggêm ngèstokake dhawuh Ingsun mau. Para nabi padha munjuk: Kawula sami sandika. Allah ngandika manèh: Yèn mangkono sira padha nêksèkna prasêtyanira lan pa[21] umatira, dene Ingsun iya uga dadi kancanira nêksèni.
بَلٰى مَنْ اَوْفٰى بِعَهْدِهٖ وَاتَّقٰى فَاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ٧٦
Balā man aufā bi‘ahdihī wattaqā fa innallāha yuḥibbul-muttaqīn(a).
[76]
Sawise kalêksanan prasêtya iki, sing sapa banjur malengos, iku têtêp padha pasèk, (duruka).[22]
اِنَّ الَّذِيْنَ يَشْتَرُوْنَ بِعَهْدِ اللّٰهِ وَاَيْمَانِهِمْ ثَمَنًا قَلِيْلًا اُولٰۤىِٕكَ لَا خَلَاقَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللّٰهُ وَلَا يَنْظُرُ اِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٧
Innal-lażīna yasytarūna bi‘ahdillāhi wa aimānihim ṡamanan qalīlan ulā'ika lā khalāqa lahum fil-ākhirati wa lā yukallimuhumullāhu wa lā yanẓuru ilaihim yaumal-qiyāmati wa lā yuzakkīhim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[77]
Wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab apa padha dhêmên agama liyane agamaning Allah. Saisining langit kabèh lan isining bumi sawatara padha manut ing Allah kalawan karêpe dhewe utawa kalawan dipêksa. Kabèh mau bakal padha diimpun bali marang ngarsaning Allah.
وَاِنَّ مِنْهُمْ لَفَرِيْقًا يَّلْوٗنَ اَلْسِنَتَهُمْ بِالْكِتٰبِ لِتَحْسَبُوْهُ مِنَ الْكِتٰبِ وَمَا هُوَ مِنَ الْكِتٰبِۚ وَيَقُوْلُوْنَ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ وَمَا هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۚ وَيَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٨
Wa inna minhum lafarīqay yalwūna alsinatahum bil-kitābi litaḥsabūhu minal-kitābi wa mā huwa minal-kitāb(i), wa yaqūlūna huwa min ‘indillāhi wa mā huwa min ‘indillāh(i), wa yaqūlūna ‘alallāhil-każiba wa hum ya‘lamūn(a).
[78]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Aku sakancaku wong Islam kabèh padha ngandêl ing Allah, lan ngèstokake samubarang kang wis didhawuhake marang aku, lan samubarang kang wis didhawuhake Nabi Ibrahim, lan Nabi Ismangil, lan Nabi Iskhak, lan Nabi Yakub, apadene marang para pancêring Israil, lan samubarang kang wis didhawuhake marang Nabi Musa lan Nabi Ngisa, apadene kang wis didhawuhake marang para nabi liya- liyane saka ing Pangerane, kabèh mau ora ana kang tak beda lan liyane, mangkono uga aku kabèh padha sumungkêm ngabêkti ing Allah.
مَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّؤْتِيَهُ اللّٰهُ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ثُمَّ يَقُوْلَ لِلنَّاسِ كُوْنُوْا عِبَادًا لِّيْ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلٰكِنْ كُوْنُوْا رَبَّانِيّٖنَ بِمَا كُنْتُمْ تُعَلِّمُوْنَ الْكِتٰبَ وَبِمَا كُنْتُمْ تَدْرُسُوْنَ ۙ٧٩
Mā kāna libasyarin ay yu'tiyahullāhul-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwata ṡumma yaqūla lin-nāsi kūnū ‘ibādal lī min dūnillāhi wa lākin kūnū rabbāniyyīna bimā kuntum tu‘allimūnal-kitāba wa bimā kuntum tadrusūn(a).
[79]
Dene sing sapa dhêmên agama liyane agama Islam, mêsthi bakal ora tinarima dening Allah. Ing besuk ana ing akhirat wong mau dadi ewoning wong kang padha kapitunan.
وَلَا يَأْمُرَكُمْ اَنْ تَتَّخِذُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ وَالنَّبِيّٖنَ اَرْبَابًا ۗ اَيَأْمُرُكُمْ بِالْكُفْرِ بَعْدَ اِذْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ࣖ٨٠
Wa lā ya'murakum an tattakhiżul-malā'ikata wan-nabiyyīna arbābā(n), aya'murukum bil-kufri ba‘da iż antum muslimūn(a).
[80]
Kapriye Allah ênggone karsa nuduhake marang wong kang padha ambalik kaphir sawise pracaya, kang măngka wong mau wis padha nêksèni yèn rasul iku bênêr, uga wis padha digêlari tăndha yêkti pirang-pirang, Alah [23] iku ora karsa nuduhake wong kang padha nganiaya.
وَاِذْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ النَّبِيّٖنَ لَمَآ اٰتَيْتُكُمْ مِّنْ كِتٰبٍ وَّحِكْمَةٍ ثُمَّ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مُّصَدِّقٌ لِّمَا مَعَكُمْ لَتُؤْمِنُنَّ بِهٖ وَلَتَنْصُرُنَّهٗ ۗ قَالَ ءَاَقْرَرْتُمْ وَاَخَذْتُمْ عَلٰى ذٰلِكُمْ اِصْرِيْ ۗ قَالُوْٓا اَقْرَرْنَا ۗ قَالَ فَاشْهَدُوْا وَاَنَا۠ مَعَكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ٨١
Wa iż akhażallāhu mīṡāqan-nabiyyīna lamā ātaitukum min kitābiw wa ḥikmatin ṡumma jā'akum rasūlum muṣaddiqul limā ma‘akum latu'minunna bihī wa latanṣurunnah(ū), qāla a'aqrartum wa akhażtum ‘alā żālikum iṣrī, qālū aqrarnā, qāla fasyhadū wa ana ma‘akum minasy-syāhidīn(a).
[81]
Dene wêwalês kang tumrap marang wong mangkono mau iku mêsthi padha kêna ing bêbênduning Allah lan disuwunake bêbêndu dening para malaikat lan para manungsa kabèh.
فَمَنْ تَوَلّٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٨٢
Faman tawallā ba‘da żālika fa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[82]
Enggone ana sajroning bêbêndu mau padha langgêng, ora pisan diparingi kamayaran siksane, lan uga ora disarantèkake paniksane.
اَفَغَيْرَ دِيْنِ اللّٰهِ يَبْغُوْنَ وَلَهٗ ٓ اَسْلَمَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ طَوْعًا وَّكَرْهًا وَّاِلَيْهِ يُرْجَعُوْنَ٨٣
Afagaira dīnillāhi yabgūna wa lahū aslama man fis-samāwāti wal-arḍi ṭau‘aw wa ilaihi yurja‘ūn(a).
[83]
Kajaba wong kang sawise ambalik kaphir mau banjur padha tobat sarta ambêcikake kalakuane iku padha [padha] diapura, awit Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.
قُلْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَالنَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۖ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ٨٤
Qul āmannā billāhi wa mā unzila ‘alainā wa mā unzila ‘alā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa mā ūtiya mūsā wa ‘īsā wan-nabiyyūna mir rabbihim, lā nufarriqu baina aḥadim minhum, wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[84]
Dene wong kang padha ambalik kaphir sawise pracaya, sarta banjur andadra wuwuh-wuwuh kaphire, iku bakal ora padha ditarima tobate, wong kang mêngkono mau têtêp padha kasasar.
وَمَنْ يَّبْتَغِ غَيْرَ الْاِسْلَامِ دِيْنًا فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْهُۚ وَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٨٥
Wa may yabtagi gairal-islāmi dīnan falay yuqbala minh(u), wa huwa fil-ākhirati minal khāsirīn(a).
[85]
Dene wong kang padha kaphir sarta banjur padha mati kaphir, iku sanadyan sawiji-wijining wong mau nêbusi awake kalawan êmas kang ngêbaki lumahing bumi, iya mêksa ora kêtampan, wong kang mangkono mau bakal dipatrapi siksa kang nglarani, sarta ora ana wong kang bisa nulungi marang wong mau.
كَيْفَ يَهْدِى اللّٰهُ قَوْمًا كَفَرُوْا بَعْدَ اِيْمَانِهِمْ وَشَهِدُوْٓا اَنَّ الرَّسُوْلَ حَقٌّ وَّجَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُ ۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٨٦
Kaifa yahdillāhu qauman kafarū ba‘da īmānihim wa syahidū annar-rasūla ḥaqquw wa jā'ahumul-bayyināt(u), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[86]
Sira padha ora bisa nampani ganjaraning kabêcikan, kajaba yèn sira lêgawa mèwèhake barang kang sira dhêmêni, dene ênggonira mèwèhake sadhengah barang, iku Allah mêsthi nguningani.
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ اَنَّ عَلَيْهِمْ لَعْنَةَ اللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ٨٧
Ulā'ika jazā'uhum anna ‘alaihim la‘natallāhi wal-malā'ikati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[87]
Sarupaning pêpanganan iku tumrap para turuning Israil khabèh,[1] (ora ana larangane), kajaba pêpanganan sawatara kang disirik dening Israil dhewe nalika durung dhumawuh ing Kitab Torèt. He Mukhammad, sira dhawuha: Manawa kowe padha têmên, lah mara anjupuka Kitab Torèt, nuli wacanên dhewe.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَۙ٨٨
Khālidīna fihā, lā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunẓarūn(a).
[88]
Sawise ditêrangake yèn larangan bab pêpanganan iku uwite saka sirikane Nabi Yakub dhewe, sing sapa wani-wani calathu goroh awad-awad têrang saka ing Allah, wong mangkono mau têtêp wong nganiaya.
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْاۗ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٨٩
Illal-lażīna tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū, fa'innallāha gafūrur raḥīm(un).
[89]
He Mukhammad, sira dhawuha: Pangandikaning Allah iku têmên, mulane kowe padha manuta agamane Nabi Ibrahim, (kang uga tak tindakake iki) akèh condhonge lan agama Islam, Nabi Ibrahim iku dudu golongane wong musrik. (Wong kang musrik iku wong kang ngrangkêp mangeran marang liyaning Allah. Jalalèn.).
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْدَ اِيْمَانِهِمْ ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا لَّنْ تُقْبَلَ تَوْبَتُهُمْ ۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الضَّاۤلُّوْنَ٩٠
Innal-lażīna kafarū ba‘da īmānihim ṡummazdādū kufral lan tuqbala taubatuhum, wa ulā'ika humuḍ-ḍāllūn(a).
[90]
Satêmêne padalêman kang disadhiyakake dadi keblate wong sêmbayang kang dhisik dhewe, iku Kakbah kang ana ing nagara Mêkah, iya iku keblat kang ambrêkahi lan minăngka pituduh marang wong sajagad
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْ اَحَدِهِمْ مِّلْءُ الْاَرْضِ ذَهَبًا وَّلَوِ افْتَدٰى بِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ وَّمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ ࣖ ۔٩١
Innal-lażīna kafarū wa mātū wa hum kuffārun falay yuqbala min aḥadihim mil'ul-arḍi żahabaw wa lawiftadā bih(ī), ulā'ika lahum ‘ażābun alīmuw wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[91]
Ing Kakbah kono ana tăndha yêkti pirang-pirang kang cêtha, kaya ta: sacêdhaking Kakbah ana makam Ibrahim. (Makam Ibrahim, têgêse: ênggon pangadêge Nabi Ibrahim, iya iku watu gilang dumunung sacêdhaking Kakbah, kacarita nalika Nabi Ibrahim angyasani Kakbah, watu iku didokoki wêdhi lan gamping lan bata lan sabarang pirantining tukang batu, sarta Nabi Ibrahim ngadêg ana ing kono, watu banjur mumbul têkan ênggone kang arêp dipasangi bata, yèn wêdhi gamping lan bata mau wis kapasang, watu mudhun manèh, mangkono sabanjure, nganti têkan sarampunge adêging Kakbah. Jamal.) lan sing sapa malêbu ing Kakbah mêsthi têntrêm atine. Allah majibake marang manungsa, sapa kang sêmbada wragad lan awake kudu padha munggah kaji marang padalêman Kakbah.
لَنْ تَنَالُوا الْبِرَّ حَتّٰى تُنْفِقُوْا مِمَّا تُحِبُّوْنَ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ٩٢
Lan tanālul-birra ḥattā tunfiqū mimmā tuḥibbūn(a), wa mā tunfiqū min syai'in fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[92]
Dene sing sapa maido, iku wêruha yèn Allah iku ora butuh marang isining jagad kabèh.
۞ كُلُّ الطَّعَامِ كَانَ حِلًّا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِلَّا مَا حَرَّمَ اِسْرَاۤءِيْلُ عَلٰى نَفْسِهٖ مِنْ قَبْلِ اَنْ تُنَزَّلَ التَّوْرٰىةُ ۗ قُلْ فَأْتُوْا بِالتَّوْرٰىةِ فَاتْلُوْهَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٩٣
Kulluṭ-ṭa‘āmi kāna ḥillal libanī isrā'īla illā mā ḥarrama isrā'īlu ‘alā nafsihī min qabli an tunazzalat-taurāh(tu), qul fa'tū bit-taurāti fatlūhā in kuntum ṣādiqīn(a).
[93]
He Mukhammad, sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene kowe padha maido ayating Allah, kang măngka Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.
فَمَنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٩٤
Fa maniftarā ‘alallāhil-każiba mim ba‘di żālika fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[94]
He Mukammad,[2] sira dhawuha: He wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab, yagene kowe padha kudu ngenggokake wong kang wis iman saka dêdalan agamaning Allah, duwe pamurih supaya nyimpanga saka ing bênêr, kang măngka kowe padha wêruh yèn agamaning Allah iku bênêr, Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha kolakoni.
قُلْ صَدَقَ اللّٰهُ ۗ فَاتَّبِعُوْا مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ٩٥
Qul ṣadaqallāh(u), fattabi‘ū millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[95]
He wong kang padha mukmin, manawa sira padha anggugu wong sagolongan kang padha duwe cêcêkêlan kitab, mêsthi wong sagolongan mau padha ambalikake marang sira dadi kaphir sawise sira padha iman
اِنَّ اَوَّلَ بَيْتٍ وُّضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِيْ بِبَكَّةَ مُبٰرَكًا وَّهُدًى لِّلْعٰلَمِيْنَۚ٩٦
Inna awwala baitiw wuḍi‘a lin-nāsi lal-lażī bibakkata mubārakaw wa hudal lil-‘ālamīn(a).
[96]
Anggumunake yèn sira padha kaphir, awit sira wis padha diwacakake ayating Allah, sarta ditunggoni utusaning Allah. Dene sing sapa gondhelan ing Allah, mêsthi dituduhake dalan kang bênêr.
فِيْهِ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ مَّقَامُ اِبْرٰهِيْمَ ەۚ وَمَنْ دَخَلَهٗ كَانَ اٰمِنًا ۗ وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ اِلَيْهِ سَبِيْلًا ۗ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٩٧
Fīhi āyātum bayyinātum maqāmu ibrāhīm(a), wa man dakhalahū kāna āminā(n), wa lillāhi ‘alan-nāsi ḥijjul-baiti manistaṭā‘a ilaihi sabīlā(n), wa man kafara fa innallāha ganiyyun ‘anil-‘ālamīn(a).
[97]
He wong kang padha mukmin, sira padha wêdia ing Allah kalawan sajatining wêdi, lan aja padha mati kajaba mati Islam.
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَاللّٰهُ شَهِيْدٌ عَلٰى مَا تَعْمَلُوْنَ٩٨
Qul yā ahlal-kitābi lima takfurūna bi'āyātillāh(i), wallāhu syahīdun ‘alā mā ta‘malūn(a).
[98]
Lan padha gondhèlana talining Allah, sarta aja padha pisah pasulayan, apadene padha elinga nikmat pêparinging Allah marang sira kabèh, nalikane sira durung Islam padha sêsatron, Allah nuli anggolongake atinira kabèh, wusana saiki sira padha dadi sadulur marga saka nikmat pêparinging Allah (iya iku agama Islam).
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ تَبْغُوْنَهَا عِوَجًا وَّاَنْتُمْ شُهَدَاۤءُ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٩٩
Qul yā ahlal-kitābi lima taṣuddūna ‘an sabīlillāhi man āmana tabgūnahā ‘iwajaw wa antum syuhadā'(u), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[99]
Biyèn sira padha mèngkrèng-mèngkrèng ana pinggiring jurang naraka, Allah nuli nylamêtake sira saka ing naraka. Mangkono iku Allah ênggone nêrangake ayate marang sira kabèh, supaya sira padha olèha pituduh.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تُطِيْعُوْا فَرِيْقًا مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ يَرُدُّوْكُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ كٰفِرِيْنَ١٠٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tuṭī‘ū farīqam minal-lażīna ūtul-kitāba yaruddūkum ba‘da īmānikum kāfirīn(a).
[100]
Prayogane anaa wong sagolongan saka sira kabèh, kang padha nênuntun marang kabêcikan (Islam), lan padha akon anglakoni panggawe bêcik, apadene padha nyêgah panggawe ala, wong kang mangkono iku têtêp padha bêgja.
وَكَيْفَ تَكْفُرُوْنَ وَاَنْتُمْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ اٰيٰتُ اللّٰهِ وَفِيْكُمْ رَسُوْلُهٗ ۗ وَمَنْ يَّعْتَصِمْ بِاللّٰهِ فَقَدْ هُدِيَ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ࣖ١٠١
Wa kaifa takfurūna wa antum tutlā ‘alaikum āyātullāhi wa fīkum rasūluh(ū), wa may ya‘taṣim billāhi faqad hudiya ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[101]
Lan aja padha kaya wong kang agamane pradondi, (wong Yahudi lan wong Nasarani) sawise padha digêlari tăndha pirang-pirang banjur padha sulaya, wong kang mangkono iku bakal padha dipatrapi siksa kang gêdhe.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٠٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha ḥaqqa tuqātihī wa lā tamūtunna illā wa antum muslimūn(a).
[102]
He Mukhammad, sira nyaritakna dina kiyamat, kang ing kono raining manungsa ana kang putih lan ana kang irêng, dene wong kang raine irêng, (iku padha diwêlèhake): [diwêlèha...] [...ke):] Yagene sira padha ambalik kaphir sawise iman. Lah saiki sira padha ngicipana siksa, minăngka wêwalêse ênggonira padha maido.
وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖوَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَا ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ١٠٣
Wa‘taṣimū biḥablillāhi jamī‘aw wa lā tafarraqū, ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż kuntum a‘dā'an fa allafa baina qulūbikum fa aṣbaḥtum bi ni‘matihī ikhwānā(n), wa kuntum ‘alā syafā ḥufratim minan-nāri fa anqażakum minhā, każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum tahtadūn(a).
[103]
Dene wong kang padha putih raine iku padha ana sawarganing Allah, ana ing kono padha langgêng.
وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٠٤
Waltakum minkum ummatuy yad‘ūna ilal-khairi wa ya'murūna bil-ma‘rūfi wa yanhauna ‘anil-munkar(i), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[104]
Kang wis kasêbut mau ayating Allah kang nyata, Ingsun dhawuhake marang sira Mukhammad, karsaning Allah ora kudu nganiaya marang isining jagad kabèh.
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ تَفَرَّقُوْا وَاخْتَلَفُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ۙ١٠٥
Wa lā takūnū kal-lażīna tafarraqū wakhtalafū mim ba‘di mā jā'ahumul-bayyināt(u), wa ulā'ika lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[105]
Samubarang isining langit lan samubarang isining bumi iku kabèh kagunganing Allah, dene samubarang prakara iku bakal diimpun bali marang Allah.
يَّوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوْهٌ وَّتَسْوَدُّ وُجُوْهٌ ۚ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْوَدَّتْ وُجُوْهُهُمْۗ اَ كَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ١٠٦
Yauma tabyaḍḍu wujūhuw wa taswaddu wujūh(un), fa ammal-lażīnaswaddat wujūhuhum, akafartum ba‘da īmānikum fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[106]
He para umat Mukhammad, sira iku bêcik-bêciking umat kang tinitahake, makolèhi marang para manungsa, sira padha akon anglakoni panggawe bêcik, lan padha nyêgah panggawe ala. Lan padha pracaya ing Allah, manawa wong padha duwe cêcêkêlan kitab iku padha ngandêl sarta manut, mêsthi luwih bêcik tumrap ing awake, ewadene wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau ana uga kang padha ngandêl sarta manut, nanging kang akèh padha phasèk (kaphir utawa duraka).
وَاَمَّا الَّذِيْنَ ابْيَضَّتْ وُجُوْهُهُمْ فَفِيْ رَحْمَةِ اللّٰهِ ۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١٠٧
Wa ammal lażīnabyaḍḍat wujūhuhum fafī raḥmatillāh(i), hum fīhā khālidūn(a).
[107]
Para wong Yahudi iku padha ora bisa ambêbayani ing sira umat Mukhammad kabèh, bisane mung nglarakake ati, dene yèn padha mêrangi marang sira, mêsthi padha kêplayu kêbalik marang buri, banjur ora olèh pitulungan saka sapa-sapa.
تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۗ وَمَا اللّٰهُ يُرِيْدُ ظُلْمًا لِّلْعٰلَمِيْنَ١٠٨
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), wa mallāhu yurīdu ẓulmal lil-‘ālamīn(a).
[108]
Ana ing ngêndi bae wong Yahudi mau padha digawe asor, (dipatèni utawa diboyong lan dijarah bandhane) kajaba yèn banjur gondhelan talining Allah (manjing Islam) utawi gondhelan talining manungsa kang Islam (sarana prajanjean), wêkasan wong Yahudi mau padha kêna bêbênduning Allah, lan padha digawe asor. Kang mangkono mau amarga wong Yahudi padha maido ayating Allah sarta nyedani para nabi kalawan ora bênêr. Enggone mangkono mau tuwuh saka ênggone padha duraka lan padha anjarag.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗوَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ١٠٩
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[109]
Wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku ora kabèh padha bae, sawênèhe wong kang duwe cêcêkêlan kitab ana uga kang ngadêg nganciki bênêr, yèn wayah bêngi padha maca ayating Allah sarta padha sujud.
كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ ۗ وَلَوْ اٰمَنَ اَهْلُ الْكِتٰبِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ وَاَكْثَرُهُمُ الْفٰسِقُوْنَ١١٠
Kuntum khaira ummatin ukhrijat lin-nāsi ta'murūna bil-ma‘rūfi wa tanhauna ‘anil-munkari wa tu'minūna billāh(i), wa lau āmana ahlul-kitābi lakāna khairal lahum, minhumul-mu'minūna wa akṡaruhumul-fāsiqūn(a).
[110]
Padha ngandêl ing Allah lan ngandêl ananing dina kiyamat, lan padha akon anglakoni panggawe bêcik, lan padha nyêgah panggawe ala, lan padha gêgancangan anglakoni sakèhing kabêcikan, wong Yahudi kang mangkono iku kalêbu ewone wong kang padha bêcik.
لَنْ يَّضُرُّوْكُمْ اِلَّآ اَذًىۗ وَاِنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ يُوَلُّوْكُمُ الْاَدْبَارَۗ ثُمَّ لَا يُنْصَرُوْنَ١١١
Lay yaḍurrūkum illā ażā(n), wa iy yuqātilūkum yuwallūkumul-adbār(a), ṡumma lā yunṣarūn(a).
[111]
Dene samubarang kabêcikan kang padha sira lakoni [la...][...koni] iku sira ora bakal padha dicidrani ganjarane, dene Allah iku nguningani wong kang padha wêdi ing Allah.
ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ اَيْنَ مَا ثُقِفُوْٓا اِلَّا بِحَبْلٍ مِّنَ اللّٰهِ وَحَبْلٍ مِّنَ النَّاسِ وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُ ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ الْاَنْبِۢيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّۗ ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ١١٢
Ḍuribat ‘alaihimuż-żillatu aina mā ṡuqifū illā biḥablim minallāhi wa ḥablim minan-nāsi wa bā'ū bigaḍabim minallāhi wa ḍuribat ‘alaihimul-maskanah(tu), żālika bi'annahum kānū yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnal-ambiyā'a bigairi ḥaqq(in), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[112]
Dene wong kang padha kaphir iku bandhane lan para anake ora ana bisa ngluputake saka siksane Allah sathithik-thithika, para wong kaphir mau bakal padha kacêmplung ing naraka, ana ing kono padha langgêng.
۞ لَيْسُوْا سَوَاۤءً ۗ مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اُمَّةٌ قَاۤىِٕمَةٌ يَّتْلُوْنَ اٰيٰتِ اللّٰهِ اٰنَاۤءَ الَّيْلِ وَهُمْ يَسْجُدُوْنَ١١٣
Laisū sawā'ā(n), min ahlil-kitābi ummatun qā'imatuy yatlūna āyātillāhi ānā'al-laili wa hum yasjudūn(a).
[113]
Para wong kaphir ênggone padha mêtokake bandhane ana ing kauripan dunya iki, sanepane kaya upamane angin kang mawa panas bantêr utawa adhêm bangêt, nêmpuh têtandurane wong kang padha nganiaya awake dhewe, kang mêsthi banjur ngrusakake têtanduran mau. Allah ora pisan nganiaya marang wong kaphir mau. Nanging si kaphir kang nganiaya marang awake dhewe.
يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِۗ وَاُولٰۤىِٕكَ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ١١٤
Yu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhiri wa ya'murūna bil-ma‘rūfi wa yanhauna ‘anil-munkari wa yusāri‘ūna fil-khairāt(i), wa ulā'ika minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[114]
He wong kang padha mukmin, sira aja padha apèk mitra sinarawèdi wong kang dudu kancanira Islam, awit wong mau ora kandhêg samono bae ênggone nêdya gawe rusakira, tansah padha marsudi kamlaratanira kang bangêt, lan wis têtela kawêtu saka cangkême ênggone gêthing marang sira, malah kang diêndhêm ana sajroning atine iku luwih gêdhe manèh. Manawa sira padha duwe akal, mêsthi ngrasakake ênggon Ingsun wis mratelakake marang sira kabèh, mungguh tăndha yêktining panyatrune.
وَمَا يَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلَنْ يُّكْفَرُوْهُ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِالْمُتَّقِيْنَ١١٥
Wa mā yaf‘alūna min khairin falay yukfarūh(u), wallāhu ‘alīmum bil-muttaqīn(a).
[115]
He wong kang padha mukmin kabèh, sira padha dhêmên marang [marang] wong kang dudu kancanira Islam, kang măngka kabèh iku padha ora dhêmên marang sira, sira padha ngandêl sakèhing kitab, (kang măngka kabèh iku ora ngandêl marang kitabira Kuran) wong kang ora Islam mau manawa katêmu lan sira pangucape: Aku ngandêl marang Kitab Kuran. Nanging barêng wis dhewekan lan kancane, saking bangêting nêpsune marang sira, prasasat padha kêrot, kaya nyakot-nyakota darijine. He Mukhammad, sira dhawuha: Sira padha tulusa nêpsu nganti têkan ing patinira. Allah iku nguningani sakarêntêging ati.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١١٦
Innal-lażīna kafarū lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[116]
Manawa sira padha nêmu bêcik, iku andadèkake susahe wong kaphir mau, yèn sira pinuju kasandhung rêribêd, wong kaphir mau padha bungah, dene yèn sira padha sabar saka pialane si kaphir mau sarta padha wêdi ing Allah, iku samubarang pialane wong kaphir mau ora bakal ambêbayani marang sira sathithik-thithika, Alah iku nguningani samubarang kang padha dilakoni si kaphir kabèh.
مَثَلُ مَا يُنْفِقُوْنَ فِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَثَلِ رِيْحٍ فِيْهَا صِرٌّ اَصَابَتْ حَرْثَ قَوْمٍ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَاَهْلَكَتْهُ ۗ وَمَا ظَلَمَهُمُ اللّٰهُ وَلٰكِنْ اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ١١٧
Maṡalu mā yunfiqūna fī hāżihil-ḥayātid-dun-yā kamaṡali rīḥin fihā ṣirrun aṣābat ḥarṡa qaumin ẓalamū anfusahum fa ahlakath(u), wa mā ẓalamahumullāhu wa lākin anfusahum yaẓlimūn(a).
[117]
He Mukhammad, sira elinga nalikane sira mêtu saka nagaranira Madinah ing wayah esuk, nata barise para wong mukmin, bakal mangsah pêrang, Allah iku miyarsa tur nguningani.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْا بِطَانَةً مِّنْ دُوْنِكُمْ لَا يَأْلُوْنَكُمْ خَبَالًاۗ وَدُّوْا مَا عَنِتُّمْۚ قَدْ بَدَتِ الْبَغْضَاۤءُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۖ وَمَا تُخْفِيْ صُدُوْرُهُمْ اَكْبَرُ ۗ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْاٰيٰتِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ١١٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū biṭānatam min dūnikum lā ya'lūnakum khabālā(n), waddū mā ‘anittum, qad badatil-bagḍā'u min afwāhihim, wa mā tukhfī ṣudūruhum akbar(u), qad bayyannā lakumul-āyāti in kuntum ta‘qilūn(a).
[118]
Nalika samana ana kancanira rong golongan padha sumêja ngucira, nanging Allah nulungi marang wong rong golongan mau, mulane para wong mukmin padha pasraha ing Allah.
هٰٓاَنْتُمْ اُولَاۤءِ تُحِبُّوْنَهُمْ وَلَا يُحِبُّوْنَكُمْ وَتُؤْمِنُوْنَ بِالْكِتٰبِ كُلِّهٖۚ وَاِذَا لَقُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّاۖ وَاِذَا خَلَوْا عَضُّوْا عَلَيْكُمُ الْاَنَامِلَ مِنَ الْغَيْظِ ۗ قُلْ مُوْتُوْا بِغَيْظِكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ١١٩
Hā antum ulā'i tuḥibbūnahum wa lā yuḥibbūnakum wa tu'minūna bil-kitābi kullih(ī), wa iżā laqūkum qālū āmannā, wa iżā khalau ‘aḍḍū ‘alaikumul-anāmila minal-gaiẓ(i), qul mūtū bigaiẓikum, innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[119]
Allah têmên wis nulungi ing sira kabèh wong Islam, nalikane pêrang ana ing Badar, (iya iku panggonan antarane nagara Mêkah lan Madinah), kang măngka sira sarwa kalah santosa, mulane sira padha wêdia ing Allah supaya sira padha ngaturna panuwun.
اِنْ تَمْسَسْكُمْ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْۖ وَاِنْ تُصِبْكُمْ سَيِّئَةٌ يَّفْرَحُوْا بِهَا ۗ وَاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا لَا يَضُرُّكُمْ كَيْدُهُمْ شَيْـًٔا ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ ࣖ١٢٠
In tamsaskum ḥasanatun tasu'hum, wa in tuṣibkum sayyi'atuy yafraḥū bihā, wa in taṣbirū wa tattaqū lā yaḍurrukum kaiduhum syai'ā(n), innallāha bimā ya‘malūna muḥīṭ(un).
[120]
He Mukhammad, dhèk samana sira dhawuh marang para wong mukmin: Allah Pangeranmu nulungi ing kowe kabèh sarana malaikat têlung èwu kang padha diturunake, apa ora wis cukup.
وَاِذْ غَدَوْتَ مِنْ اَهْلِكَ تُبَوِّئُ الْمُؤْمِنِيْنَ مَقَاعِدَ لِلْقِتَالِ ۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ١٢١
Wa iż gadauka min ahlika tubawwi'ul-mu'minīna maqā‘ida lil-qitāl(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[121]
O, iya wis cukup, malah manawa sira padha têtêg sarta padha wêdi ing Allah, kang măngka mungsuh kaphir padha nêmpuh ing sira sanalika iki, Allah mêsthi nulungi ing sira kabèh sarana malaikat limang èwu kang padha mawa têtêngêr.
اِذْ هَمَّتْ طَّۤاىِٕفَتٰنِ مِنْكُمْ اَنْ تَفْشَلَاۙ وَاللّٰهُ وَلِيُّهُمَا ۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٢٢
Iż hammat-ṭā'ifatāni minkum an tafsyalā, wallāhu waliyyuhumā, wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[122]
Allah ênggone nulungi mau karsane ora ana manèh kajaba mung ambêbungah marang sira kabèh, lan supaya atinira padha têntrêm, marga dening pitulung mau. Pitulung iku ora ana manèh kajaba mung saka ngarsaning Allah kang mulya tur wicaksana. Pitulung mau pêrlune ngrusak wong kaphir sawatara kèhe utawa ngasorake wong kaphir sawatara, wusana padha kapitunan.
وَلَقَدْ نَصَرَكُمُ اللّٰهُ بِبَدْرٍ وَّاَنْتُمْ اَذِلَّةٌ ۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٢٣
Wa laqad naṣarakumullāhu bibadriw wa antum ażillah(tun), fattaqullāha la‘allakum tasykurūn(a).
[123]
Prakara ambêciki utawa niksa wong kaphir apadene nganggêp tobate, iku sira Mukhammad ora kuwasa apa-apa. Satêmêne wong kaphir iku padha nganiaya.
اِذْ تَقُوْلُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ اَلَنْ يَّكْفِيَكُمْ اَنْ يُّمِدَّكُمْ رَبُّكُمْ بِثَلٰثَةِ اٰلَافٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُنْزَلِيْنَۗ١٢٤
Iż taqūlu lil-mu'minīna alay yakfiyakum ay yumiddakum rabbukum biṡalāṡati ālāfim minal-malā'ikati munzalīn(a).
[124]
Samubarang isining langit lan samubarang isining bumi iku kagunganing Allah, Allah ngapura wong kang dadi parênging karsane, Allah iku ngapura tur Maha-asih.
بَلٰٓى ۙاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا وَيَأْتُوْكُمْ مِّنْ فَوْرِهِمْ هٰذَا يُمْدِدْكُمْ رَبُّكُمْ بِخَمْسَةِ اٰلَافٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُسَوِّمِيْنَ١٢٥
Balā, in taṣbirū wa tattaqū wa ya'tūkum min faurihim hāżā yumdidkum rabbukum bikhamsati ālāfim minal-malā'ikati musawwimīn(a).
[125]
He wong kang padha mukmin, sira aja padha mangan riba, (barang kêlajuk saka wong liya) tikêl- matikêl, (anakan dianakake). Lan sira padha wêdia ing Allah supaya sira padha bêgja.
وَمَا جَعَلَهُ اللّٰهُ اِلَّا بُشْرٰى لَكُمْ وَلِتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُكُمْ بِهٖ ۗ وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِۙ١٢٦
Wa mā ja‘alahullāhu illā busyrā lakum wa litaṭma'inna qulūbukum bih(ī), wa man-naṣru illā min ‘indillāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[126]
Lan padha wêdia naraka kang diancamake marang para wong kaphir. Lan padha manut mituruta ing Allah lan marang utusaning Allah, supaya sira padha disihi dening Allah.
لِيَقْطَعَ طَرَفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْ يَكْبِتَهُمْ فَيَنْقَلِبُوْا خَاۤىِٕبِيْنَ١٢٧
Liyaqṭa‘a ṭarafam minal-lażīna kafarū au yakbitahum fa yanqalibū khā'ibīn(a).
[127]
Lan padha gêgancangana marsudi pangapura saka Pangeranira, lan marsudi ganjaran suwarga kang jêmbare sajêmbaring langit lan bumi, kang disadhiyakake dadi ganjarane wong kang padha wêdi ing Allah.
لَيْسَ لَكَ مِنَ الْاَمْرِ شَيْءٌ اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْ اَوْ يُعَذِّبَهُمْ فَاِنَّهُمْ ظٰلِمُوْنَ١٢٨
Laisa laka minal-amri syai'un au yatūba ‘alaihim au yu‘ażżibahum fa innahum ẓālimūn(a).
[128]
Kang padha wèwèh sajrone kacukupan lan sajrone nandhang kamlaratan, lan kang padha ngampêt napsune lan kang padha ngapura kaluputane sapadha-padhaning manungsa. Allah iku rêmên wong kang padha gawe kabêcikan.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٢٩
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[129]
Lan para wong kang nalikane nglakoni ala utawa [uta...][...wa] nganiaya awake dhewe banjur padha eling ing Allah, nuli padha nyuwun pangapuraning dosane. Ora ana kang bisa ngapura dosa kajaba mung Allah, sarta wong mau ora kêbanjur-banjur ênggone nglakoni ala, tur wêruh yèn kang dilakoni iku duraka.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَأْكُلُوا الرِّبٰوٓا اَضْعَافًا مُّضٰعَفَةً ۖوَّاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ١٣٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā ta'kulur-ribā aḍ‘āfam muḍā‘afah(tan), wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[130]
Ganjarane wong kang mangkono mau, diparingi pangapura saka Pangerane, lan suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayone, wong mau ana ing suwarga padha langgêng, iba prayoga lan endahe ganjarane wong kang padha nglakoni parentahing Allah.
وَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْٓ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ ۚ١٣١
Wattaqun-nāral latī u‘iddat lil-kāfirīn(a).
[131]
Wis kalêksanan ping pirang-pirang lêlakone para wong kaphir dhèk jaman sadurungira, (Maune disarantèkake, barêng wis tita banjur dipatrapi) mulane padha anjajaha ana ing bumi, andêlênga sarupane patilasan, kapriye wêkasane wong kang padha maido ing para rasul.
وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۚ١٣٢
Wa aṭī‘ullāha war-rasūla la‘allakum turḥamūn(a).
[132]
Kang wis kasêbut iki dadi katêrangan marang manungsa lan dadi pituduh apadene dadi piwulang marang wong kang padha wêdi ing Allah.
۞ وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ١٣٣
Wa sāri‘ū ilā magfiratim mir rabbikum wa jannatin ‘arḍuhas-samāwātu wal-arḍ(u), u‘iddat lil-muttaqīn(a).
[133]
Manawa sira padha ngandêl ing Allah, aja padha wêgah mangsah pêrang, lan aja padha miris, awit sira iku padha unggul ing pêrang.
الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ١٣٤
Al-lażīna yunfiqūna fis-sarrā'i waḍ-ḍarrā'i wal-kāẓimīnal gaiẓa wal-‘āfīna ‘anin-nās(i), wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[134]
Manawa sira padha kêtaton, (Nalika pêrang ana ing gunung Ukhud) wong kaphir iya mangkono uga padha [pa...][...dha] kêtaton, cakraning dina Ingsun ênggo nindakake gilir, gumantine bêgja cilakaning manungsa. Lan manèh kang mangkono mau supaya Allah nguningani kalawan gumêlar marang wong kang padha sêtya tuhu pangandêle, lan supaya patitis ênggone nêtêpake sira mati said sabillullah, (yèn mati pêrang) dene Allah iku ora rêmên wong kang padha nganiaya.
وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللّٰهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْۗ وَمَنْ يَّغْفِرُ الذُّنُوْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗ وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٣٥
Wal-lażīna iżā fa‘alū fāḥisyatan au ẓalamū anfusahum żakarullāha fastagfarū liżunūbihim, wa may yagfiruż-żunūba illallāh(u), wa lam yuṣirrū ‘alā mā fa‘alū wa hum ya‘lamūn(a).
[135]
Lan manèh supaya Allah ngrêsikake wong kang padha mukmin saka ing dosane, sarta ngrusak wong kang padha kaphir.
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ مَّغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَجَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۗ١٣٦
Ulā'ika jazā'uhum magfiratum mir rabbihim wa jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa ni‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[136]
Yagene sira padha rumasa bakal malêbu ing suwarga, kang măngka Allah ora nguningani gumêlare wong kang padha têmên-têmên ênggone mangsah pêrang, lan ora nguningani wong kang têtêg atine.
قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ سُنَنٌۙ فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ١٣٧
Qad khalat min qablikum sunan(un), fa sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[137]
Têmên ing sadurunge tumibaning pati sira padha ngajap pati saka pêrang sabilullah, saiki sira padha andêlêng jalaraning pati (iya iku pêrang) kang măngka pandêlêngira padha kanthi pamikir.
هٰذَا بَيَانٌ لِّلنَّاسِ وَهُدًى وَّمَوْعِظَةٌ لِّلْمُتَّقِيْنَ١٣٨
Hāżā bayānul lin-nāsi wa hudaw wa mau‘iẓatul lil-muttaqīn(a).
[138]
Nabi Mukhammad iku dudu sapa-sapa, satêmêne utusaning Allah, saupama Nabi Mukhammad iku mati, utawa kasambut ing payudan, apa sira banjur padha ambalik marang tungkakira (ambalik dadi kaphir). Dene sing sapa ambalik marang tungkake loro, iku ora ambêbayani apa-apa marang Allah. Ing besuk Allah bakal angganjar marang wong kang padha ngaturake [nga...][...turake] gêdhening panuwune.
وَلَا تَهِنُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَنْتُمُ الْاَعْلَوْنَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣٩
Wa lā tahinū wa lā taḥzanū wa antumul-a‘launa in kuntum mu'minīn(a).
[139]
Sawijining awak ora bisa mati kajaba kalawan parênge karsaning Allah kang wis digantungi kalawan pêpêsthèn kang ditamtokake mangsane. Dene sing sapa murih ganjaran ana ing dunya iya Ingsun paringi ganjaran ana ing dunya, apadene sing sapa nyuwun ganjaran ana ing akhirat iya Ingsun paringa[3] ganjaran ana ing akhirat. Ing besuk Ingsun bakal angganjar wong kang padha ngaturake gêdhene panuwune.
اِنْ يَّمْسَسْكُمْ قَرْحٌ فَقَدْ مَسَّ الْقَوْمَ قَرْحٌ مِّثْلُهٗ ۗوَتِلْكَ الْاَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِۚ وَلِيَعْلَمَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَيَتَّخِذَ مِنْكُمْ شُهَدَاۤءَ ۗوَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَۙ١٤٠
Iy yamsaskum qarḥun faqad massal-qauma qarḥum miṡluh(ū), wa tilkal-ayyāmu nudāwiluhā binan-nās(i), wa liya‘lamallāhul-lażīna āmanū wa yattakhiża minkum syuhadā'(u), wallāhu lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[140]
Pira bae kèhing para nabi kang padha mangun pêrang, kang amilu luwih dening akèh, kabèh ora ana kang jirih utawa ngêdhap atine, kang marga dening padha kawruhan ana ing pêpêrangan sabilullah, lan uga ora ana kang banjur wêgah, lan ora ana kang banjur nungkul marang mungsuh. Allah iku rêmên wong kang padha têtêg atine.
وَلِيُمَحِّصَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَيَمْحَقَ الْكٰفِرِيْنَ١٤١
Wa liyumaḥḥiṣallāhul-lażīna āmanū wa yamḥaqal-kāfirīn(a).
[141]
Wong mau padha ora duwe pangucap apa-apa, kajaba padha ngucap: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dosa kawula sadaya, utawi anggèn kawula sami kasangêtên pandadra kawula, saha Tuwan mugi ngêkahana tumapaking dêlamakan kawula wontên ing payudan, punapadene Tuwan mugi nulungana kawula ngawonakên tiyang kaphir sadaya. Allah nuli matêdhani marang wong kang mangkono mau, diparingi ganjaran ana ing dunya, (mênang pêrang lan anjêjarah ambêboyong) sarta ganjaran ing akhirat kang luwih bêcik. Allah iku rêmên marang wong kang padha nglakoni kabêcikan.
اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَعْلَمِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا مِنْكُمْ وَيَعْلَمَ الصّٰبِرِيْنَ١٤٢
Am ḥasibtum an tadkhulul-jannata wa lammā ya‘lamillāhul-lażīna jāhadū minkum wa ya‘lamaṣ-ṣābirīn(a).
[142]
He wong mukmin kabèh, manawa sira padha manut mirut marang wong kang padha kaphir, mêsthi wong kaphir mau ambalikake ing sira marang tungkakira, (dadi kaphir) yèn kêlakon mangkono, mêsthi sira padha kêbalik dadi kapitunan.
وَلَقَدْ كُنْتُمْ تَمَنَّوْنَ الْمَوْتَ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَلْقَوْهُۖ فَقَدْ رَاَيْتُمُوْهُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ ࣖ١٤٣
Wa laqad kuntum tamannaunal-mauta min qabli an talqauh(u), faqad ra'aitumūhu wa antum tanẓurūn(a).
[143]
Nanging Allah iku bandaranira kang nulungi sira, Allah iku bêcik-bêcike kang têtulung.
وَمَا مُحَمَّدٌ اِلَّا رَسُوْلٌۚ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُ ۗ اَفَا۟ىِٕنْ مَّاتَ اَوْ قُتِلَ انْقَلَبْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ ۗ وَمَنْ يَّنْقَلِبْ عَلٰى عَقِبَيْهِ فَلَنْ يَّضُرَّ اللّٰهَ شَيْـًٔا ۗوَسَيَجْزِى اللّٰهُ الشّٰكِرِيْنَ١٤٤
Wa mā muḥammadun illā rasūl(un), qad khalat min qablihir-rusul(u), afa'im māta au qutilanqalabtum ‘alā a‘qābikum, wa may yanqalib ‘alā ‘aqibaihi falay yaḍurrallāha syai'ā(n), wa sayajzillāhusy-syākirīn(a).
[144]
Ingsun bakal anggirisake atine wong kang padha kaphir mau, amarga ênggone padha mangeran liyane Allah, mangeran marang barang kang ora didhawuhake dening Allah, tăndha yêktine yèn iku Pangeran, dene panggonane wong kang mangkono iku ana ing naraka, iba alane panggonane wong kang padha nganiaya awake dhewe.
وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ اَنْ تَمُوْتَ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ كِتٰبًا مُّؤَجَّلًا ۗ وَمَنْ يُّرِدْ ثَوَابَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۚ وَمَنْ يُّرِدْ ثَوَابَ الْاٰخِرَةِ نُؤْتِهٖ مِنْهَا ۗ وَسَنَجْزِى الشّٰكِرِيْنَ١٤٥
Wa mā kāna linafsin an tamūta illā bi'iżnillāhi kitābam mu'ajjalā(n), wa may yurid ṡawābad-dun-yā nu'tihī minhā, wa may yurid ṡawābal-ākhirati nu'tihī minhā, wa sanajzisy-syākirīn(a).
[145]
Allah têmên wis anuhoni janjine nulungi marang sira kabèh nalikane sira padha mangsah mêrangi wong kaphir kalawan kaparênging karsane Allah, nganti sira padha ngêdhap atinira, banjur padha irèn anglakoni pangrèhe Nabi Mukhammad, lan sira padha duraka, tur Ingsun wis anggêlari pitulung marang sira kang padha sira arêp-arêp.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ نَّبِيٍّ قٰتَلَۙ مَعَهٗ رِبِّيُّوْنَ كَثِيْرٌۚ فَمَا وَهَنُوْا لِمَآ اَصَابَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَمَا ضَعُفُوْا وَمَا اسْتَكَانُوْا ۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الصّٰبِرِيْنَ١٤٦
Wa ka'ayyim min nabiyyin qātal(a), ma‘ahū ribbiyyūna kaṡīr(un), famā wahanū limā aṣābahum fī sabīlillāhi wa mā ḍa‘ufū wa mastakānū, wallāhu yuḥibbuṣ-ṣābirīn(a).
[146]
Sawênèhe ana kang amburu dunya, (ninggal pabarisan [paba...][...risan] banjur anjêjarah) lan ana kang amburu ganjaran ing akhirat, (têtêg atine nutugake pêrang nganti mati ing payudan) Allah banjur ngalahake pêrangira kêplayu saka tandange wong kaphir, iku supaya dadi coba marang sira kabèh, Allah iku kagungan kanugrahan, diparingake marang para wong mukmin.
وَمَا كَانَ قَوْلَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوْا رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْٓ اَمْرِنَا وَثَبِّتْ اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ١٤٧
Wa mā kāna qauluhum illā an qālū rabbanagfir lanā żunūbanā wa isrāfanā fī amrinā wa ṡabbit aqdāmanā wanṣurnā ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[147]
Sira padha elinga nalika sira padha kêplayu, ing kono ora ana sawijining wong kang nolih utawa ngadêg ngêntèni marang kancane, dene Rasullullah ana ing burinira nimbali akon mandhêg marang sira kabèh. Allah banjur malês marang sira kabèh, padha diparingi kasusahan kêplayu, marga ênggonira padha nglirwakake parentahing rasul. Mangkono iku supaya sira padha gêtuna ênggonira ora sida olèh jarahan, lan ênggonira padha kêcurnan, Allah iku waspada bangêt marang samubarang kang padha sira lakoni.
فَاٰتٰىهُمُ اللّٰهُ ثَوَابَ الدُّنْيَا وَحُسْنَ ثَوَابِ الْاٰخِرَةِ ۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ١٤٨
Fa ātāhumullāhu ṡawābad-dun-yā wa ḥusna ṡawābil-ākhirah(ti), wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[148]
Sawise sira padha nandhang susah, Allah banjur maringi têntrêm marang sira kabèh, nganti kancanira wong sagolongan kang padha mukmin padha ngantuk, ewadene ana wong sagolongan kang munaphèk, (lamis) iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yèn ora bakal nyata ênggone saguh têtulung marang Rasullullah, kaya panyanane wong kaphir kang bodho, pangucape: Aku măngsa padha ditulungana ing Allah sathithik-thithika. He Mukhammad, sira dhawuha: Samubarang prakara iku kagunganing Allah kabèh. Wong munaphèk mau padha ambatin ana [a...][...na] sajroning atine, ora kêwêtu marang sira Mukhammad, pangunandikane: Saupama aku iki padha duwea panduman pitulunging Allah sathithik bae, mêsthi măngsa kêlakona aku diangsahake pêrang kang wêkasane mati, kaya kang kêlakon iki. He Mukhammad, sira dhawuha, sanadyan sira padha ngundhêr ana ing omahira bae, ewadene wong kang wis tinakdir mati, iku mêsthi kalakon mêtu marang panggonan kang wis ditamtokake wong mau bakal mati ana ing kono. Karsaning Allah dhawuh pêrang mau diênggo nyoba têmên lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kalawan gumêlar. Allah iku nguningani sakarêntêging ati.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تُطِيْعُوا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَرُدُّوْكُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ١٤٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tuṭī‘ul-lażīna kafarū yaruddūkum ‘alā a‘qābikum fa tanqalibū khāsirīn(a).
[149]
Dene para kancanira kang padha mlayu ngucira, nalika têmpuke ing golongan loro, (bala Islam lan bala kaphir) iku mêsthi saka panggodhaning setan marang wong mau, tuwuh saka dosa sawatara kang wis padha dilakoni. Satêmêne Allah wis ngapura marang wong mau. Dene Allah iku ngapura tur wêlas.
بَلِ اللّٰهُ مَوْلٰىكُمْ ۚ وَهُوَ خَيْرُ النّٰصِرِيْنَ١٥٠
Balillāhu maulākum, wa huwa khairun-nāṣirīn(a).
[150]
He wong kang padha mukmin, sira aja padha kaya wong kang padha kaphir, padha ngrasani marang para sadulure kang padha lêlungan ana ing bumi (banjur mati ana ing paran) utawa kang padha mangsah pêrang (banjur kasambut ing payudan) pangucape: Saupama sadulurku mau ana ing kene bae, mêsthi ora mati lan ora kasambut ing payudan. Wusana karsaning Allah, pangucap kang mangkono mau diênggo anjalari kaduwunging atine si kaphir kabèh, dene Allah iku kang nguripi lan matèni, Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.
سَنُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ بِمَٓا اَشْرَكُوْا بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا ۚ وَمَأْوٰىهُمُ النَّارُ ۗ وَبِئْسَ مَثْوَى الظّٰلِمِيْنَ١٥١
Sanulqī fī qulūbil-lażīna kafarur-ru‘ba bimā asyrakū billāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānā(n), wa ma'wāhumun nār(u), wa bi'sa maṡwaẓ-ẓālimīn(a).
[151]
Manawi sira padha kêsambut ing pêrang sabilullah, utawa mati ana ing paran, mêsthi pangapura sarta sihing Allah iku luwih bêcik tumrape ing sira, ngungkuli băndha dunya kang padha sira kalumpukake.
وَلَقَدْ صَدَقَكُمُ اللّٰهُ وَعْدَهٗٓ اِذْ تَحُسُّوْنَهُمْ بِاِذْنِهٖ ۚ حَتّٰىٓ اِذَا فَشِلْتُمْ وَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ وَعَصَيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَآ اَرٰىكُمْ مَّا تُحِبُّوْنَ ۗ مِنْكُمْ مَّنْ يُّرِيْدُ الدُّنْيَا وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرِيْدُ الْاٰخِرَةَ ۚ ثُمَّ صَرَفَكُمْ عَنْهُمْ لِيَبْتَلِيَكُمْ ۚ وَلَقَدْ عَفَا عَنْكُمْ ۗ وَاللّٰهُ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ١٥٢
Wa laqad ṣadaqakumullāhu wa‘dahū iż taḥussūnahum bi'iżnih(ī), ḥattā iżā fasyiltum wa tanāza‘tum fil-amri wa ‘aṣaitum mim ba‘di mā arākum mā tuḥibbūn(a), minkum may yurīdud-dun-yā wa minkum may yurīdul-ākhirah(ta), ṡumma ṣarafakum ‘anhum liyabtaliyakum, wa laqad ‘afā ‘ankum, wallāhu żū faḍlin ‘alal-mu'minīn(a).
[152]
Lan manawa sira mati utawa dipatèni, mêsthi ing têmbe ditangèkake, padha diimpun marang ngarsaning Allah.
۞ اِذْ تُصْعِدُوْنَ وَلَا تَلْوٗنَ عَلٰٓى اَحَدٍ وَّالرَّسُوْلُ يَدْعُوْكُمْ فِيْٓ اُخْرٰىكُمْ فَاَثَابَكُمْ غَمًّا ۢبِغَمٍّ لِّكَيْلَا تَحْزَنُوْا عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا مَآ اَصَابَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ١٥٣
Iż tuṣ‘idūna wa lā talwūna ‘alā aḥadiw war-rasūlu yad‘ūkum fī ukhrākum fa aṡābakum gammam bigammil likailā taḥzanū ‘alā mā fātakum wa lā mā aṣābakum, wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[153]
He Mukhammad, amarga saka rahmat sihing Allah mulane sira banjur lêmbah manah marang para kancanira kang padha kurang sêtya tuhu. Saupama sira iku si kontur bêngis ing ati, mêsthi para kancanira kang padha kurang sêtya mau padha bubar saka kiwa têngênira, mulane para kancanira kang mangkono mau, padha sira puwunga, lan sira suwuna pangapuraning dosane, lan padha sira ajaka rêrêmbugan prakara laku-lakuning pêrang. Dene yèn sira wis nêja nindakake kênthêling rêmbug, sira pasraha marang Allah, Allah iku rêmên wong kang padha pasrah marang sarirane.
ثُمَّ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ الْغَمِّ اَمَنَةً نُّعَاسًا يَّغْشٰى طَۤاىِٕفَةً مِّنْكُمْ ۙ وَطَۤاىِٕفَةٌ قَدْ اَهَمَّتْهُمْ اَنْفُسُهُمْ يَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ غَيْرَ الْحَقِّ ظَنَّ الْجَاهِلِيَّةِ ۗ يَقُوْلُوْنَ هَلْ لَّنَا مِنَ الْاَمْرِ مِنْ شَيْءٍ ۗ قُلْ اِنَّ الْاَمْرَ كُلَّهٗ لِلّٰهِ ۗ يُخْفُوْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ مَّا لَا يُبْدُوْنَ لَكَ ۗ يَقُوْلُوْنَ لَوْ كَانَ لَنَا مِنَ الْاَمْرِ شَيْءٌ مَّا قُتِلْنَا هٰهُنَا ۗ قُلْ لَّوْ كُنْتُمْ فِيْ بُيُوْتِكُمْ لَبَرَزَ الَّذِيْنَ كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقَتْلُ اِلٰى مَضَاجِعِهِمْ ۚ وَلِيَبْتَلِيَ اللّٰهُ مَا فِيْ صُدُوْرِكُمْ وَلِيُمَحِّصَ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ١٥٤
Ṡumma anzala ‘alaikum mim ba‘dil-gammi amanatan nu‘āsay yagsyā ṭā'ifatam minkum, wa ṭā'ifatun qad ahammathum anfusuhum yaẓunnūna billāhi gairal-ḥaqqi ẓanal-jāhiliyyah(ti), yaqūlūna hal lanā minal-amri min syai'(in), qul innal-amra kullahū lillāh(i), yukhfūna fī anfusihim mā lā yubdūna lak(a), yaqūlūna lau kāna lanā minal-amri syai'um mā qutilnā hāhunā, qul lau kuntum fī buyūtikum labarazal-lażīna kutiba ‘alaihimul-qatlu ilā maḍāji‘ihim, wa liyabtaliyallāhu mā fī ṣudūrikum wa liyumaḥḥiṣa mā fī qulūbikum, wallāhu ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[154]
Manawa Allah nulungi ing sira kabèh, mêsthi ora ana kang bisa ngalahake marang sira, dene yèn Allah ngulungake ing sira, lah sapa kang kuwagang nulungi ing sira. Para wong mukmin padha ngandêla ing Allah bae.
اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَلَّوْا مِنْكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۙ اِنَّمَا اسْتَزَلَّهُمُ الشَّيْطٰنُ بِبَعْضِ مَا كَسَبُوْا ۚ وَلَقَدْ عَفَا اللّٰهُ عَنْهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ ࣖ١٥٥
Innal-lażīna tawallau minkum yaumal-taqal-jam‘ān(i), innamastazallahumusy-syaiṭānu biba‘ḍi mā kasabū, wa laqad ‘afallāhu ‘anhum, innallāha gafūrun ḥalīm(un).
[155]
Ingatase nabi andupara bangêt yèn gêlêma cidra [4] pangêduming jarahan, awit sing sapa cidra prakara jarahan, ing besuk dina kiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake, (nuli disunggèkake marang wong kang cidra) sabanjure sarupaning awak padha ditêtêpake apa bênêre, miturut apa kang wis padha dilakoni, tur kabèh iku ora ana kang dikaniaya.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَقَالُوْا لِاِخْوَانِهِمْ اِذَا ضَرَبُوْا فِى الْاَرْضِ اَوْ كَانُوْا غُزًّى لَّوْ كَانُوْا عِنْدَنَا مَا مَاتُوْا وَمَا قُتِلُوْاۚ لِيَجْعَلَ اللّٰهُ ذٰلِكَ حَسْرَةً فِيْ قُلُوْبِهِمْ ۗ وَاللّٰهُ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١٥٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takūnū kal-lażīna kafarū wa qālū li'ikhwānihim iżā ḍarabū fil-arḍi au kānū guzzal lau kānū ‘indanā mā mātū wa mā qutilū, liyaj‘alallāhu żālika ḥasratan fī qulūbihim, wallāhu yuḥyī wa yumīt(u), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[156]
Apa iya wong kang manut kaparênging Allah (ora cidra) iku padha bae lan wong kang narajang dêdukaning Allah (cidra) măngsa padhaa. Panggonane wong kang cidra iku ana ing naraka Jahanam. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.
وَلَىِٕنْ قُتِلْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَوْ مُتُّمْ لَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرَحْمَةٌ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ١٥٧
Wa la'in qutiltum fī sabīlillāhi au muttum lamagfiratum minallāhi wa raḥmatun khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[157]
Wong kang padha manut kaparênging Allah mau, ana ngarsaning Allah padha duwe darajat, (pangkat) Allah iku mirsani samubarang kang padha dilakoni.
وَلَىِٕنْ مُّتُّمْ اَوْ قُتِلْتُمْ لَاِلَى اللّٰهِ تُحْشَرُوْنَ١٥٨
Wa la'im muttum au qutiltum la'ilallāhi tuḥsyarūn(a).
[158]
Allah têtela wis paring kanugrahan marang para wong mukmin, awit Allah wis mêthil kancane wong mukmin mau, ditêtêpake dadi rasul, dikarsakake mêmulang marang wong mukmin mau, maca lan andhawuhake Kuran ayating Allah marang para wong mukmin, sarta ngrêsikake wong mukmin kabèh saka ing dosane, mangkono uga mulang Kitab Kuran lan kawicaksanan. Sanadyan sadurunge têtêping rasul, wong mukmin mau isih padha ana sajroning panasaran kang têtela.
فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ لِنْتَ لَهُمْ ۚ وَلَوْ كُنْتَ فَظًّا غَلِيْظَ الْقَلْبِ لَانْفَضُّوْا مِنْ حَوْلِكَ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِى الْاَمْرِۚ فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ١٥٩
Fabimā raḥmatim minallāhi linta lahum, wa lau kunta faẓẓan galīẓal-qalbi lanfaḍḍū min ḥaulik(a), fa‘fu ‘anhum wastagfir lahum wa syāwirhum fil-amr(i), fa iżā ‘azamta fa tawakkal ‘alallāh(i), innallāha yuḥibbul-mutawakkilīn(a).
[159]
Dhèk pêrang ing Ukhud ana kancanira sawatara kang padha kêcurnan, barêng pêrang ing Badar kang kêcurnan kèhe tikêl, yagene sira padha kêwêtu matur: Sabab dening punapa têka makatên punika. He Mukhammad, sira dhawuha: Kang mangkono iku marga saka ing kowe dhewe, (awit kowe padha kurang sêtya, ninggal pabarisan) Allah iku nguwasani samubarang.
اِنْ يَّنْصُرْكُمُ اللّٰهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمْ ۚ وَاِنْ يَّخْذُلْكُمْ فَمَنْ ذَا الَّذِيْ يَنْصُرُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٦٠
Iy yanṣurkumullāhu falā gāliba lakum, wa iy yakhżulkum faman żal-lażī yanṣurukum mim ba‘dih(ī), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[160]
Dene ênggonira padha kêcurnan nalika têmpuking golongan loro, (bala Islam lan bala kaphir) ana ing gunung Ukhud, iku dhasar wis dadi kaparênge karsaning Allah, supaya Allah anguningani para wong mukmin kang sêtya tuhu kalawan gumêlar. Lan supaya Allah nguningani gumêlare wong kang padha munaphèk, (lamis) lan wong kang wis padha didhawuhi: Kowe kabèh padha mrenea, padha mangsaha pêrang sabilullah, manawa padha ora gêlêm pêrang, iya mung padha dadia wêwêdèn bae murih ngundurake mungsuh, (sabubaring pêrang) ature wong munaphèk: Saupami ing wau kula sumêrêpa yèn wontên pêrang, mêsthi kula sami andhèrèk pêrang ing sampeyan. Pangandikaning Allah: Ing dina iki têtela wong munaphèk iku luwih cêdhak marang kaphir katimbang marang iman.
وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّغُلَّ ۗوَمَنْ يَّغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١٦١
Wa mā kāna linabiyyin ay yagull(a), wa may yaglul ya'ti bimā galla yaumal-qiyāmah(ti), ṡumma tuwaffā kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[161]
Wong munaphèk padha matur lamis kalawan cangkême, ngaturake barang kang dudu luguning atine, Allah iku nguningani barang kang diênggo wadi marang si munaphèk kabèh.
اَفَمَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَ اللّٰهِ كَمَنْۢ بَاۤءَ بِسَخَطٍ مِّنَ اللّٰهِ وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٦٢
Afamanittaba‘a riḍwānallāhi kamam bā'a bisakhaṭim minallāhi wa ma'wāhu jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u),
[162]
Wong munaphèk iku kang padha linggih bae, ora milu pêrang, sarta calathu marang para kancane kang tunggal agama: Saupama kang padha mati pêrang ana ing Ukhud iku biyèn manuta marang aku bae mêsthi padha ora mati kêsambut ing pêrang. He Mukhammad, sira dhawuha marang para wong munaphèk mau: Yèn dhasar têmên pangucapmu iku, lah mara tulakên pati saka ing awakira, (Kacarita padha sanalika iku wong munaphèk padha mati tanpa pêrang, cacah wong pitung puluh. Jamal.)
هُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌ ۢبِمَا يَعْمَلُوْنَ١٦٣
Hum darajātun ‘indallāh(i), wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[163]
Sira aja ngira yèn wong kang padha kêsambut ing pêrang sabilullah iku padha mati, nanging kabèh mau padha urip, ana pangayunaning Pangerane padha diparingi rijêki.
لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَۚ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ١٦٤
Laqad mannallāhu ‘alal-mu'minīna iż ba‘aṡa fīhim rasūlam min anfusihim yatlū ‘alaihim āyātihī wa yuzakkīhim wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmah(ta), wa in kānū min qablu lafī ḍalālim mubīn(in).
[164]
Tur padha bungah-bungah marga saka olèh kanugrahaning Allah, kang diparingake dening Allah marang wong kang kêsambut ing pêrang sabilullah mau, lan padha girang-girang marga ngrasakake kănca-kancane kang sapungkure padha durung kêsambut ing pêrang sabilullah, kabèh mau mêsthi padha tanpa kuwatir lan padha ora kasusahan.
اَوَلَمَّآ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ قَدْ اَصَبْتُمْ مِّثْلَيْهَاۙ قُلْتُمْ اَنّٰى هٰذَا ۗ قُلْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اَنْفُسِكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٦٥
Awa lammā aṣābatkum muṣībatun qad aṣabtum miṡlaihā, qultum annā hāżā, qul huwa min ‘indi anfusikum, innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[165]
Padha bungah-bungah marga padha tămpa ganjaran saka ing Allah lan padha olèh kanugrahan, satêmêne Allah iku ora ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin.
وَمَآ اَصَابَكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِ فَبِاِذْنِ اللّٰهِ وَلِيَعْلَمَ الْمُؤْمِنِيْنَۙ١٦٦
Wa mā aṣābakum yaumal-taqal-jam‘āni fa bi'iżnillāhi wa liya‘lamal-mu'minīn(a).
[166]
Kang sawise padha kêtaton, malah banjur padha ngèstokake dhawuhing Allah lan dhawuhing Rasulullah, [Ra...][...sulullah,] mangsah pêrang manèh. Para wong kang padha nglakoni kabêcikan manut ing Allah lan wêdi anglirwakake parentahing Allah, iku padha olèh ganjaran gêdhe.
وَلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ نَافَقُوْا ۖوَقِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا قَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَوِ ادْفَعُوْا ۗ قَالُوْا لَوْ نَعْلَمُ قِتَالًا لَّاتَّبَعْنٰكُمْ ۗ هُمْ لِلْكُفْرِ يَوْمَىِٕذٍ اَقْرَبُ مِنْهُمْ لِلْاِيْمَانِ ۚ يَقُوْلُوْنَ بِاَفْوَاهِهِمْ مَّا لَيْسَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ ۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يَكْتُمُوْنَۚ١٦٧
Wa liya‘lamal-lażīna nāfaqū, wa qīla lahum ta‘ālau qātilū fī sabīlillāhi awidfa‘ū, qālū lau na‘lamu qitālal lattaba‘nākum, hum lil-kufri yauma'iżin aqrabu minhum lil-īmān(i), yaqūlūna bi'afwāhihim mā laisa fī qulūbihim, walllāhu a‘lamu bimā yaktumūn(a).
[167]
Iya iku para wong mukmin kang padha diwarah ing manungsa mangkene: Iki ana manungsa padha golong pikir mapagake kowe, bêcike kowe padha wêdia. Pangucape manungsa mangkono mau malah muwuhi pracayaning para wong mukmin mau marang Allah, banjur padha ngucap mangkene: Pangrêksaning Allah marang aku wis cukup, kang prayoga dhewe pinasrahan iku Allah.
اَلَّذِيْنَ قَالُوْا لِاِخْوَانِهِمْ وَقَعَدُوْا لَوْ اَطَاعُوْنَا مَا قُتِلُوْا ۗ قُلْ فَادْرَءُوْا عَنْ اَنْفُسِكُمُ الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٦٨
Al-lażīna qālū li'ikhwānihim wa qa‘adū lau aṭā‘ūnā mā qutilū, qul fadra'ū ‘an anfusikumul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[168]
Baline para wong mukmin mau mawa olèh nikmat lan kanugrahan saka ing Allah (slamêt sarta bathi) kang ora kaworan ala, (tanpa pêrang lan ora kêtaton) tur iku dumunung wis manut kaparênging Allah, Allah iku kagungan kanugrahan gêdhe.
وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ قُتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَمْوَاتًا ۗ بَلْ اَحْيَاۤءٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُوْنَۙ١٦٩
Wa lā taḥsabannal-lażīna qutilū fī sabīlillāhi amwātā(n), bal aḥyā'un 'inda rabbihim yurzaqūn(a).
[169]
Manungsa kang mêmarah mau wis mêsthi setan, mêmêdèni ing sira kabèh, padha diwêdèkake marang kalulute kang padha kaphir, sira aja padha wêdi marang wong kaphir kabèh yèn sira têmên padha mukmin, sira padha wêdia marang Ingsun.
فَرِحِيْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۙ وَيَسْتَبْشِرُوْنَ بِالَّذِيْنَ لَمْ يَلْحَقُوْا بِهِمْ مِّنْ خَلْفِهِمْ ۙ اَلَّا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۘ١٧٠
Fariḥīna bimā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), wa yastabsyirūna bil-lażīna lam yalḥaqū bihim min khalfihim, allā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[170]
Para wong kang padha age-age dadi kaphir iku aja andadèkake susahira Mukhammad, satêmêne kabèh mau ora ambêbayani apa-apa marang Allah, Allah ênggone nitahake mangkono iku, karsane ora bakal [baka...][...l] maringi panduman kabêgjan marang wong mau ana ing akhirat, malah bubuhane wong mau kabèh siksa kang gêdhe.
۞ يَسْتَبْشِرُوْنَ بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ وَفَضْلٍۗ وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٧١
Yastabsyirūna bini‘matim minallāhi wa faḍl(in), wa annallāha lā yuḍī‘u ajral-mu'minīn(a).
[171]
Dene wong kang padha milih kaphir nampik iman, iku padha ora ambêbayani apa-apa marang Allah, lan padha dipatrapi siksa kang nglarani.
اَلَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِ مِنْۢ بَعْدِ مَآ اَصَابَهُمُ الْقَرْحُ ۖ لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا مِنْهُمْ وَاتَّقَوْا اَجْرٌ عَظِيْمٌۚ١٧٢
Al-lażīnastajābū lillāhi war-rasūli mim ba‘di mā aṣābahumul-qarḥ(u), lil-lażīna aḥsanū minhum wattaqau ajrun ‘aẓīm(un).
[172]
Wong kang padha kaphir aja padha ngira yèn ênggon Ingsun nyarantèkake marang awake iku bêcik tumrap ing awake, nanging ênggon Ingsun nyarantèkake marang awake iku supaya si kaphir mau wuwuh- wuwuha dosane, lan padha dipatrapi siksa kang ngasorake.
اَلَّذِيْنَ قَالَ لَهُمُ النَّاسُ اِنَّ النَّاسَ قَدْ جَمَعُوْا لَكُمْ فَاخْشَوْهُمْ فَزَادَهُمْ اِيْمَانًاۖ وَّقَالُوْا حَسْبُنَا اللّٰهُ وَنِعْمَ الْوَكِيْلُ١٧٣
Al-lażīna qāla lahumun-nāsu innan-nāsa qad jama‘ū lakum fakhsyauhum fa zādahum īmānā(n), wa qālū ḥasbunallāhu wa ni‘mal-wakīl(u).
[173]
Allah ora bakal ngèndêlake bae marang sira para wong mukmin, mungguh ênggonira dhawuh karo wong munaphèk pisah saka wong bêcik mukmin.
فَانْقَلَبُوْا بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ وَفَضْلٍ لَّمْ يَمْسَسْهُمْ سُوْۤءٌۙ وَّاتَّبَعُوْا رِضْوَانَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ ذُوْ فَضْلٍ عَظِيْمٍ١٧٤
Fanqalabū bi ni‘matim minallāhi wa faḍlil lam yamsashum sū'(un), wattaba‘ū riḍwānallāh(i), wallahu żū faḍlin ‘aẓīm(in).
[174]
Dene kêlakone pisah mau ora sarana Allah mêruhake prakara kang gaib marang sira, Allah miji sawênèhing utusane kang dadi parênging karsane (Para rasul utusaning Allah padha diwêruhake prakara kang gaib, banjur padha wêruh sapa kang mukmin sêtya tuhu, lan sapa kang munaphèk, mung lamis bae. Jalalèn.) mulane sira padha pracayaa marang Allah lan marang para utusaning Allah, dene yèn sira padha pracaya lan padha wêdi nglakoni munaphèk, mêsthi sira padha diparingi ganjaran gêdhe.
اِنَّمَا ذٰلِكُمُ الشَّيْطٰنُ يُخَوِّفُ اَوْلِيَاۤءَهٗۖ فَلَا تَخَافُوْهُمْ وَخَافُوْنِ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٧٥
Innamā żālikumusy-syaiṭānu yukhawwifu auliyā'ah(ū), falā takhāfūhum wa khāfūni in kuntum mu'minīn(a).
[175]
Para wong kang padha kumêd, ora gêlêm bayar jakate [ja...][...kate] barang kang wis diparingake dening Allah saking sih nugrahane, iku aja padha ngira yèn ênggone padha kumêd mau bêcik tumrap ing awake, satêmêne malah ala tumrap ing awake.
وَلَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِۚ اِنَّهُمْ لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔا ۗ يُرِيْدُ اللّٰهُ اَلَّا يَجْعَلَ لَهُمْ حَظًّا فِى الْاٰخِرَةِ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۚ١٧٦
Wa lā yaḥzunkal-lażīna yusāri‘ūna fil-kufr(i), innahum lay yaḍurrullāha syai'ā(n), yurīdullāhu allā yaj‘ala lahum ḥaẓẓan fil-ākhirati wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[176]
Ing besuk dina kiyamat, barang mau bakal dikalungake marang si kumêd, (Barang mau diwujudake rupa ula, banjur dikalungake, anggubêd gulune wong kang kumêd sarta nyakot. Jalalèn.) Allah iku kagungan warisan saisining langit lan bumi, (Sawise manungsa padha sirna kabèh, barang isining bumi lan langit dadi warisan, dikukup ing Allah. Jamal. Jalalèn.) dene Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.
اِنَّ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٧
Innal-lażīnasytarawul-kufra bil-īmāni lay yaḍurrullāha syai'ā(n), wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[177]
Allah têmên wis mirêng pangucape wong kang padha ngucap, Allah iku anggombal, aku sakancaku wong Yahudi padha sugih. Pangucape wong Yahudi mangkono mau Ingsun tulisi, sarta ênggone padha matèni para nabi kalawan ora bênêr iya Ingsun tulisi uga. Ing besuk ana ing akhirat, wong mangkono mau bakal padha Ingsun dhawuhi: Sira padha ngicipana siksa naraka kang anggosongake.
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّمَا نُمْلِيْ لَهُمْ خَيْرٌ لِّاَنْفُسِهِمْ ۗ اِنَّمَا نُمْلِيْ لَهُمْ لِيَزْدَادُوْٓا اِثْمًا ۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ١٧٨
Wa lā yaḥsabannal-lażīna kafarū annamā numlī lahum khairul li'anfusihim, innamā numlī lahum liyazdādū iṡmā(n), wa lahum ‘ażābum muhīn(un).
[178]
Kang mangkono iku marga saka panggawening tanganira kang wis kêlakon biyèn, dene Allah iku dudu kang nganiaya ing para kawula.
مَا كَانَ اللّٰهُ لِيَذَرَ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلٰى مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ حَتّٰى يَمِيْزَ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِ ۗ وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُطْلِعَكُمْ عَلَى الْغَيْبِ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَجْتَبِيْ مِنْ رُّسُلِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۖ فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ ۚ وَاِنْ تُؤْمِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَلَكُمْ اَجْرٌ عَظِيْمٌ١٧٩
Mā kānallāhu liyażaral-mu'minīna ‘alā mā antum ‘alaihi ḥattā yamīzal-khabīṡa minaṭ-ṭayyib(i), wa mā kānallāhu liyuṭli‘akum ‘alal-gaibi wa lākinnallāha yajtabī mir rusulihī may yasyā'(u), fa āminū billāhi wa rusulih(ī), wa in tu'minū wa tattaqū fa lakum ajrun ‘aẓīm(un).
[179]
Iya iku wong Yahudi kang padha duwe atur: Allah sampun dhawuh prajanji dhumatêng kula, kula botên parêng pitados dhumatêng sadhengaha rasul, kajawi manawi rasul wau sagêd andhatêngakên kurban, (Kurban iku pisungsung konjuk ing Allah, dadi sarana murih kacêdhak ing Allah. Kamus.) ingkang dipun măngsa ing latu (saking langit).
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ هُوَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗ بَلْ هُوَ شَرٌّ لَّهُمْ ۗ سَيُطَوَّقُوْنَ مَا بَخِلُوْا بِهٖ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَلِلّٰهِ مِيْرَاثُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ࣖ١٨٠
Wa lā yaḥsabannal-lażīna yabkhalūna bimā ātāhumullāhu min faḍlihī huwa khairal lahum, bal huwa syarrul lahum, sayuṭawwaqūna mā bakhilū bihī yaumal-qiyāmah(ti), wa lillāhi mīrāṡus-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[180]
He Mukhammad, sira dhawuha: Dhèk biyèn sadurungku, kowe wis padha katêkan para rasul, kang padha mawa tăndha yêkti kaelokan, lan nêkakake kurban dimăngsa ing gêni, kaya pêpanggilmu mau. Yèn calathumu mau têmên, lah yagene kowe padha nyedani para rasul mau.
لَقَدْ سَمِعَ اللّٰهُ قَوْلَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ فَقِيْرٌ وَّنَحْنُ اَغْنِيَاۤءُ ۘ سَنَكْتُبُ مَا قَالُوْا وَقَتْلَهُمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّۙ وَّنَقُوْلُ ذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ١٨١
Laqad sami‘allāhu qaulal-lażīna qālū innallāha faqīruw wa naḥnu agniyā'(u), sanaktubu mā qālū wa qatlahumul-ambiyā'a bigairi ḥaqq(in), wa naqūlu żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[181]
Manawa wong Yahudi mau mêksa padha maido ing sira, Mukhammad, aja ngêrsula, para rasul sadurungira kang padha ma[5] tăndha yêkti lan kitab pirang-pirang, apadene kitab kang madhangake ati, iya padha dipaido uga.
ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۚ١٨٢
Żālika bimā qaddamat aidīkum wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[182]
Sakèhing awak iku mêsthi padha ngicipi pati, ing besuk dina kiyamat, sira kabèh mêsthi padha ditêtêpake wêwalêsing lakunira, dene sing sapa disalamêtake saka naraka sarta dilêbokake ing suwarga, iku têtêp wong bêgja, kauripan ing dunya iku dudu barang-barang, yêktine kabungahan kang ngapusi.
اَلَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ عَهِدَ اِلَيْنَآ اَلَّا نُؤْمِنَ لِرَسُوْلٍ حَتّٰى يَأْتِيَنَا بِقُرْبَانٍ تَأْكُلُهُ النَّارُ ۗ قُلْ قَدْ جَاۤءَكُمْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِيْ بِالْبَيِّنٰتِ وَبِالَّذِيْ قُلْتُمْ فَلِمَ قَتَلْتُمُوْهُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٨٣
Al-lażīna qālū innallāha ‘ahida ilainā allā nu'mina lirasūlin ḥattā ya'tiyanā biqurbānin ta'kuluhun-nār(u), qul qad jā'akum rusulum min qablī bil-bayyināti wa bil-lażī qultum falima qataltumūhum in kuntum ṣādiqīn(a).
[183]
Sira kabèh mêsthi padha dicoba dening Allah sarana bandhanira lan sarana awakira, sarta sira mêsthi padha krungu pangucape wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab sadurungira, apadene pangucape wong kang padha musrik akèh-akèh, kang padha nglarakake ati, kang iku manawa sira lêmbah manah sarta padha wêdi ing Allah, sira wêruha yèn mangkono iku ewoning prakara kang luwih dening pêrlu.
فَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقَدْ كُذِّبَ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَ جَاۤءُوْ بِالْبَيِّنٰتِ وَالزُّبُرِ وَالْكِتٰبِ الْمُنِيْرِ١٨٤
Fa in każżabūka faqad kużżiba rusulum min qablika jā'ū bil-bayyināti waz-zuburi wal-kitābil-munīr(i).
[184]
He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Allah nampani sêsanggêmane para wong kang padha diparingi Kitab Torèt, dhawuhing Allah: Sira mêsthi padha anggêlarna Torèt marang manungsa, aja pisan ngumpêtake Torèt. Wong Yahudi sawise padha sanggêm, banjur padha nyingkur sêsanggêmane ana ing burining gêgêre, lan padha milih dunya kang sathithik ajine. Iba alane ênggone padha milih mangkono mau.
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَاِنَّمَا تُوَفَّوْنَ اُجُوْرَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَاُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ ۗ وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ١٨٥
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), wa innamā tuwaffauna ujūrakum yaumal-qiyāmah(ti), faman zuḥziḥa ‘anin-nāri wa udkhilal-jannata faqad fāz(a), wa mal-ḥayātud-dun-yā illā matā‘ul-gurūr(i).
[185]
Sira aja ngira marang wong kang padha girang-girang ênggone bisa nasarake manungsa, sarta padha dhêmên dialêm kabêcikan kang ora dilakoni, kabèh mau aja sira kira yèn slamêt saka ing siksa, kang nyata malah padha dipatrapi siksa kang nglarani.
۞ لَتُبْلَوُنَّ فِيْٓ اَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْۗ وَلَتَسْمَعُنَّ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا اَذًى كَثِيْرًا ۗ وَاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ١٨٦
Latublawunna fī amwālikum wa anfusikum, wa latasma‘unna minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wa minal-lażīna asyrakū ażan kaṡīrā(n), wa in taṣbirū wa tattaqū fa inna żālika min ‘azmil-umūr(i).
[186]
Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah iku nguwasani samubarang.
وَاِذْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَتُبَيِّنُنَّهٗ لِلنَّاسِ وَلَا تَكْتُمُوْنَهٗۖ فَنَبَذُوْهُ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ وَاشْتَرَوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗ فَبِئْسَ مَا يَشْتَرُوْنَ١٨٧
Wa iż akhażallāhu mīṡāqal-lażīna ūtul-kitāba latubayyinunnahū lin-nāsi wa lā taktumūnah(ū), fa nabażūhu warā'a ẓuhūrihim wasytarau bihī ṡamanan qalīlā(n), fa bi'sa mā yasytarūn(a).
[187]
Satêmêne tumitahing bumi lan langit, apadene bedane rina lan wêngi, iku tumrape wong kang padha ana akale mêsthi dadi tăndha yêkti kabèh.
لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ يَفْرَحُوْنَ بِمَآ اَتَوْا وَّيُحِبُّوْنَ اَنْ يُّحْمَدُوْا بِمَا لَمْ يَفْعَلُوْا فَلَا تَحْسَبَنَّهُمْ بِمَفَازَةٍ مِّنَ الْعَذَابِۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٨٨
Lā taḥsabannal-lażīna yafraḥūna bimā atau wa yuḥibbūna ay yuḥmadū bimā lam yaf‘alū falā taḥsabannahum bimafāzatim minal-‘ażāb(i), wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[188]
Iya iku wong kang padha eling, nêbut asmaning Allah karo ngadêg lan karo linggih, apadene karo têturon miring, sarta padha mikir mungguh tumitahing bumi lan langit. Unjuke: Dhuh Pangeran kawula, anggèn Tuwan nitahakên makatên punika mêsthi botên tanpa damêl, Tuwan punika Mahasuci, kawula mugi Tuwan lêpatakên saking siksa naraka.
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٨٩
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[189]
Dhuh Pangeran kawula, saèstunipun karsa Tuwan, sintên ingkang Tuwan cêmplungakên naraka, mêsthi inggih Tuwan asorakên, dene tiyang ingkang sami kaphir nganiaya punika mêsthi botên wontên ingkang sagêd nulungi.
اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ١٩٠
Inna fī khalqis-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfil-laili wan-nahāri la'āyātil li'ulil-albāb(i).
[190]
Dhuh Pangeran kawula, kawula sampun sami mirêng tiyang nguwuh-uwuh (Kang nguwuh-uwuh iku Kangjêng Nabi Mukhammad, utawa Kitab Kuran. Jalalèn.) ngajak pitados, têmbungipun: Sira padha pracayaa ing Pangeranira. Kawula inggih lajêng pitados.
الَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللّٰهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هٰذَا بَاطِلًاۚ سُبْحٰنَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ١٩١
Al-lażīna yażkurūnallāha qiyāmaw wa qu‘ūdaw wa ‘alā junūbihim wa yatafakkarūna fi khalqis-samāwāti wal-arḍ(i), rabbanā mā khalaqta hāżā bāṭilā(n), subḥānaka fa qinā ‘ażāban-nār(i).
[191]
Dhuh Pangeran kawula, mila Tuwan mugi ngapuraa sakathahipun dosa kawula, saha mugi nyirnakna sakathahipun piawon kawula, punapadene mugi mundhuta nyawa kula, kagolongna para tiyang ingkang sami sae.
رَبَّنَآ اِنَّكَ مَنْ تُدْخِلِ النَّارَ فَقَدْ اَخْزَيْتَهٗ ۗ وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ١٩٢
Rabbanā innaka man tudkhilin-nāra faqad akhzaitah(ū), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[192]
Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa dhumatêngkawula samukawis ingkang sampun Tuwan sagahakên dhumatêng kawula, lumantar saking utusan Tuwan, punapadene ing benjing dintên kiyamat Tuwan mugi sampun mêlèh-mêlèhakên dhumatêng kawula. Sayêktosipun Tuwan punika botên pisan cidra ing janji.
رَبَّنَآ اِنَّنَا سَمِعْنَا مُنَادِيًا يُّنَادِيْ لِلْاِيْمَانِ اَنْ اٰمِنُوْا بِرَبِّكُمْ فَاٰمَنَّا ۖرَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّاٰتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ الْاَبْرَارِۚ١٩٣
Rabbanā innanā sami‘nā munādiyay yunādī lil-īmāni an āminū birabbikum fa āmannā, rabbanā fagfir lanā żunūbanā wa kaffir ‘annā sayyi'ātinā wa tawaffanā ma‘al-abrār(i).
[193]
Pangerane wong kang mangkono mau nuli marêngake panyuwune mau, dhawuhe: Ingsun ora bakal ngilangake kangelane para kancanira lanang utawa wadon, ênggone padha nglakoni parentah Ingsun. Sawiji-wijining kancanira lan liyane Ingsun padha bae.
رَبَّنَا وَاٰتِنَا مَا وَعَدْتَّنَا عَلٰى رُسُلِكَ وَلَا تُخْزِنَا يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اِنَّكَ لَا تُخْلِفُ الْمِيْعَادَ١٩٤
Rabbanā wa ātinā mā wa‘attanā ‘alā rusulika wa lā tukhzinā yaumal-qiyāmah(ti), innaka lā tukhliful-mī‘ād(a).
[194]
Têtelane: Sarupane wong kang padha kêplayu saka ing Mêkah marang Madinah, lan padha kêplayu saka ngomahe, lan padha sangsara ênggone ngambah dêdalan Ingsun, lan padha mangsah pêrang, lan padha kêsambut ana ing paprangan, kabèh mau mêsthi padha Ingsun sirnakake pialane, lan mêsthi padha Ingsun lêbokake ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon.
فَاسْتَجَابَ لَهُمْ رَبُّهُمْ اَنِّيْ لَآ اُضِيْعُ عَمَلَ عَامِلٍ مِّنْكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى ۚ بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍ ۚ فَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَاُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاُوْذُوْا فِيْ سَبِيْلِيْ وَقٰتَلُوْا وَقُتِلُوْا لَاُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَاُدْخِلَنَّهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ ثَوَابًا مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ عِنْدَهٗ حُسْنُ الثَّوَابِ١٩٥
Fastajāba lahum rabbuhum annī lā uḍī‘u ‘amala ‘āmilim minkum min żakarin au unṡā, ba‘ḍukum mim ba‘ḍ(in), fal-lażīna hājarū wa ukhrijū min diyārihim wa ūżū fī sabīlī wa qātalū wa qutilū la'ukaffiranna ‘anhum sayyi'ātihim wa la udkhilannahum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), ṡawābam min ‘indillāh(i), wallāhu ‘indahū ḥusnuṡ-ṡawāb(i).
[195]
Iku sumurup ganjaran saka ngarsaning Allah, dene ing ngarsaning Allah iku ana sadhiyan ganjaran kang luwih dening bêcik.
لَا يَغُرَّنَّكَ تَقَلُّبُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِى الْبِلَادِۗ١٩٦
Lā yagurrannaka taqallubul-lażīna kafarū fil-bilād(i).
[196]
Mungguh kamajuane wong kang padha kaphir ana ing bumi, iku aja pisan andadèkake kêloropira. Iku mung kabungahan sapele, kang măngka wong kaphir mau bakal padha manggon ana ing naraka Jahanam. Iba alane lèmèk naraka iku.
مَتَاعٌ قَلِيْلٌ ۗ ثُمَّ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗوَبِئْسَ الْمِهَادُ١٩٧
Matā‘un qalīl(un), ṡumma ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-mihād(u).
[197]
Ananging wong kang padha wêdi ing Pangerane, iku bakal padha duwe panggonan suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Ana ing kono padha langgêng. Suwarga mau cêcawisan saka ngarsaning Allah, dene ganjaran kang dicawisake dening Allah, iku tumrape wong kang padha bêcik, luwih prayoga (ngungkuli kabungahan ing dunya).
لٰكِنِ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا نُزُلًا مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ وَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ لِّلْاَبْرَارِ١٩٨
Lākinil-lażīnattaqau rabbahum lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā nuzulam min ‘indillāh(i), wa mā ‘indallāhi khairul lil-abrār(i).
[198]
Sawênèhing wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab kina, ana kang pracaya marang Allah, lan pracaya marang Kuran kang wis didhawuhake marang sira kabèh, lan pracaya marang cêcêkêlane kitab kang wis didhawuhake marang wong mau. Sarta padha sumungkêm ing Allah, ora milih dunya kang sathithik ajine nampik ayating Allah.
وَاِنَّ مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَمَنْ يُّؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ خٰشِعِيْنَ لِلّٰهِ ۙ لَا يَشْتَرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٩٩
Wa inna min ahlil-kitābi lamay yu'minu billāhi wa mā unzila ilaikum wa mā unzila ilaihim khāsyi‘īna lillāh(i), lā yasytarūna bi'āyātillāhi ṡamanan qalīlā(n), ulā'ika lahum ajruhum ‘inda rabbihim, innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[199]
Wong kang mangkono mau mêsthi tămpa ganjarane ana ing ngarsaning Pangerane, satêmêne Allah iku panimbange rikat bangêt.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اصْبِرُوْا وَصَابِرُوْا وَرَابِطُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ࣖ٢٠٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanuṣbirū wa ṣābirū wa rabiṭū, wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[200]
He wong kang padha mukmin, sira padha sabara ing sangsara, lan padha nyabarana wangkoting wong kaphir, lan padha sêdhiyaa pêrang, lan padha wêdia ing Allah supaya sira kabèh padha bêgja.