Surah Al-`Ankabut

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1] Alif, Lam, Mim, iku kabèh araning araksara[6] Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Manungsa apa duwe kira yèn wis ngucap: Aku pracaya ing Allah, lan marang Rasulullah, iku banjur ditogake bae, tanpa dicoba dinyatakake kapracayane kang wis diakoni mau, (luput pangirane).

اَحَسِبَ النَّاسُ اَنْ يُّتْرَكُوْٓا اَنْ يَّقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُوْنَ٢
Aḥasiban-nāsu ay yutrakū ay yaqūlū āmannā wa hum lā yuftanūn(a).
[2] Para umat ing jaman kuna sadurunge umat Mukhammad iki wis padha Ingsun coba. Allah banjur wuninga kalawan gumêlar marang wong kang padha sêtya tuhu, lan nguningani uga marang wong kang padha goroh.

وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكٰذِبِيْنَ٣
Wa laqad fatannal-lażīna min qablihim falaya‘lamannallāhul-lażīna ṣadaqū wa laya‘lamannal-kāżibīn(a).
[3] Wong kang padha nglakoni panggawe ala, mare[7] tingal utawa duraka liyane, apa padha duwe kira bakal anglancangi marang aku sakancaku wong Islam, (têgêse aku ora bisa nglarani marang awake) ala têmên panêmune wong mau.

اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّسْبِقُوْنَا ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ٤
Am ḥasibal-lażīna ya‘malūnas-sayyi'āti ay yasbiqūnā, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[4] Sing sapa pracaya yèn ing têmbe bakal [baka....l] seba ana ngarsaning Allah, (banjur ngarêp- arêp sihing Allah lan wêdi siksaning Allah) iku padha sadhiyaa bae, awit wêwangêning Allah bakal sebane para kawulane mêsthi kalêksanan. Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

مَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ اللّٰهِ فَاِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ لَاٰتٍ ۗوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٥
Man kāna yarjū liqā'allāhi fa'inna ajalallāhi la'āt(in), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[5] Sing sapa pêrang, ganjarane ênggone pêrang mau tumrap marang awake dhewe. Satêmêne Allah iku ora butuh marang jagad iki saisine.

وَمَنْ جَاهَدَ فَاِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهٖ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٦
Wa man jāhada fa'innamā yujāhidu linafsih(ī), innallāha laganiyyun ‘anil-‘ālamīn(a).
[6] Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, sakèhing pialane padha Ingsun apura. Lan bakal Ingsun ganjar kang luwih bêcik tinimbang lan murwate kang dilakoni.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَحْسَنَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٧
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanukaffiranna ‘anhum sayyi'ātihim wa lanajziyannahum aḥsanal-lażī kānū ya‘malūn(a).
[7] Parentah Ingsun marang manungsa, padha ngajènana lan ngabêktia marang wong tuwane loro, ewadene mênawa wong tuwanira loro mau, mêksa marang sira dipurih maro tingal ênggonira mangeran marang Ingsun, nyêmbah brahala kang sira ora wêruh tăndha yêktine yèn iku Pangeran, iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun anjalèntrèhake samubarang kang wis padha sira lakoni.

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۗوَاِنْ جَاهَدٰكَ لِتُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۗاِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٨
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaihi ḥusnā(n), wa in jāhadāka litusyrika bī mā laisa laka bihī ‘ilmun falā tuṭi‘humā, ilayya marji‘ukum fa'unabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[8] Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha Ingsun golongake para wong bêcik, para nabi sapanunggalane.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُدْخِلَنَّهُمْ فِى الصّٰلِحِيْنَ٩
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanudkhilannahum fiṣ-ṣāliḥīn(a).
[9] Sawênèhing manungsa ana kang ngucap: Aku pracaya ing Allah, nanging mênawa dialani dening wong kaphir marga ênggone pracaya ing Allah, wêdine marang pialaning manungsa digawe padha lan wêdine marang siksaning Allah, wusana banjur manut marang wong kaphir, dene yèn ana pitulunging Pangeranira marang wong mukmin, aku iki kancamu padha wong mukmin. (Pangandikaning Allah): Allah iku apa ora wuninga marang sakarêntêging atine wong sajagad.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ فَاِذَآ اُوْذِيَ فِى اللّٰهِ جَعَلَ فِتْنَةَ النَّاسِ كَعَذَابِ اللّٰهِ ۗوَلَىِٕنْ جَاۤءَ نَصْرٌ مِّنْ رَّبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّا كُنَّا مَعَكُمْۗ اَوَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَعْلَمَ بِمَا فِيْ صُدُوْرِ الْعٰلَمِيْنَ١٠
Wa minan-nāsi may yaqūlu āmannā billāhi fa'iżā ūżiya fillāhi ja‘ala fitnatan-nāsi ka‘ażābillāh(i), wa la'in jā'a naṣrum mir rabbika layaqūlunna innā kunnā ma‘akum, awa laisallāhu bi'a‘lama bimā fī ṣudūril-‘ālamīn(a).
[10] Allah mêsthi wuninga wong kang sêtya tuhu ênggone pracaya ing sarirane, lan wuninga marang wong kang ambalik, ninggal agama Islam nalikane nêmu pakewuh.

وَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ١١
Wa laya‘lamannallāhul-lażīna āmanū wa laya‘lamannal-munāfiqīn(a).
[11] Wong kaphir padha calathu marang wong mukmin: Kowe padha manuta agamaku iki, aku tanggung, mênawa kowe kaluputan ênggonmu manut aku, aku kang nyăngga patrapane. Calathune wong kaphir kaduga tanggung iku goroh wong kaphir ora bisa tanggung kaluputane wong kang manut ing awake sathithik-thithika.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبِعُوْا سَبِيْلَنَا وَلْنَحْمِلْ خَطٰيٰكُمْۗ وَمَا هُمْ بِحٰمِلِيْنَ مِنْ خَطٰيٰهُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١٢
Wa qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanuttabi‘ū sabīlanā walnaḥmil khaṭāyākum, wa mā hum biḥāmilīna min khaṭāyāhum min syai'(in), innahum lakāżibūn(a).
[12] Wong kaphir mau bakal mikul dosa kang dilakoni dhewe ênggone kaphir, lan dosa ênggone nasarake wong ing besuk dina kiyamat, bakal padha didangu ênggone padha gawe-gawe.

وَلَيَحْمِلُنَّ اَثْقَالَهُمْ وَاَثْقَالًا مَّعَ اَثْقَالِهِمْ وَلَيُسْـَٔلُنَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَمَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ١٣
Wa layaḥmilunna aṡqālahum wa aṡqālam ma‘a aṡqālihim wa layus'alunna yaumal-qiyāmati ‘ammā kānū yaftarūn(a).
[13] Ingsun ngutus Nabi Nuh nyurup-nyurupake marang para umate, Nabi Nuh ênggone nyurup-nyurupake para umate nganti sèwu taun kurang sèkêt taun tansah dipadoni bae, barêng wis tita para umate padha maido, para umate Nabi Nuh banjur tinumpês, sarana kinêlêm ing banyu tophan, kabèh padha mati kaphir.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَلَبِثَ فِيْهِمْ اَلْفَ سَنَةٍ اِلَّا خَمْسِيْنَ عَامًا ۗفَاَخَذَهُمُ الطُّوْفَانُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ١٤
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī falabiṡa fīhim alfa sanatin illā khamsīna ‘āmā(n), fa'akhażahumuṭ-ṭūfānu wa hum ẓālimūn(a).
[14] Nabi Nuh sakancane kang padha ana prau, padha Ingsun paringi salamêt, ora milu tumpês. Praune Nabi Nuh Ingsun dadèkake lupiya, dinêlêng marang wong sajagad, nganggrang ana pucuking gunung, nganti pirang-pirang taun lawase.

فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَصْحٰبَ السَّفِيْنَةِ وَجَعَلْنٰهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٥
Fa'anjaināhu wa aṣḥābas-safīnati wa ja‘alnāhā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[15] Dhèk samana Nabi Ibrahim pitutur marang para umate: Kowe padha nêmbaha ing Allah, lan wêdia ing Allah, wruhanamu, iku luwih dening bêcik tumrap ing kowe.

وَاِبْرٰهِيْمَ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ ۗذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١٦
Wa ibrāhīma iż qāla liqaumihi‘budullāha wattaqūh(u), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[16] Kowe iku padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala, sarta padha gawe-gawe, calathu goroh, ngarani brahala iku Pangeran ngêmbari Allah. Barang liyane Allah kang kosêmbah iku, ora duwe rijêki kang padha kopangan iku. (Rijêki iku kagunganing Allah). Mulane padha nyuwuna rijêki ing Allah, lan nêmbaha ing Allah, sarta sukura ing Allah. Ing têmbe kowe bakal padha bali marang ngarsaning Allah.

اِنَّمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْثَانًا وَّتَخْلُقُوْنَ اِفْكًا ۗاِنَّ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَا يَمْلِكُوْنَ لَكُمْ رِزْقًا فَابْتَغُوْا عِنْدَ اللّٰهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوْهُ وَاشْكُرُوْا لَهٗ ۗاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ١٧
Innamā ta‘budūna min dūnillāhi auṡānaw wa takhluqūna ifkā(n), innal-lażīna ta‘budūna min dūnillāhi lā yamlikūna lakum rizqan fabtagū ‘indallāhir-rizqa wa‘budūhu wasykurū lah(ū), ilaihi turja‘ūn(a).
[17] (Nabi Mukamad pitutur: He wong Mêkah) mênawa kowe padha maido marang aku, iku tumrap ing aku ora dadi apa, awit para umat kuna sadurunge kowe biyèn, uga padha maido marang rasule. Wajibing rasul, ora liya mung ngundhangake dhawuh lan nyurup- nyurupake.

وَاِنْ تُكَذِّبُوْا فَقَدْ كَذَّبَ اُمَمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ ۗوَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٨
Wa in tukażżibū faqad każżaba umamum min qablikum, wa mā ‘alar-rasūli illal-balāgul-mubīn(u).
[18] (Pangandikaning Allah): Wong kaphir apa ora padha andêlêng Allah [A......llah] ênggone murwani nganakake sarupane kang dumadi. Besuk ana ing akhirat banjur padha dibalèkake marang ngarsaning Allah. Kang mangkono mau mungguhing Allah gampang bae.

اَوَلَمْ يَرَوْا كَيْفَ يُبْدِئُ اللّٰهُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ١٩
Awalam yarau kaifa yubdi'ullāhul-khalqa ṡumma yu‘īduh(ū), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[19] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kang padha maido bakal tangine wong kang wis padha mati, mara padha anjajaha ing bumi, andêlênga sarupaning patilasan, lan mikira, Allah ênggone nganakake sarupane kang dumadi kang samono akèhe, sawise padha dirusak, ing têmbe Allah nguripake marang kang wis padha mati. Satêmêne Allah iku kawasa nganakake samubarang.

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ بَدَاَ الْخَلْقَ ثُمَّ اللّٰهُ يُنْشِئُ النَّشْاَةَ الْاٰخِرَةَ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ۚ٢٠
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa bada'al-khalqa ṡummallāhu yunsyi'un-nasy'atal-ākhirah(ta), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[20] Allah niksa marang wong kang dadi parênging karsane, lan asih marang wong kang dadi parênging karsane. Kabèh [Ka...bèh] mau padha dibalèkake marang ngarsaning Allah.

يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْحَمُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَاِلَيْهِ تُقْلَبُوْنَ٢١
Yu‘ażżibu may yasyā'u wa yarḥamu may yasyā'(u), wa ilaihi tuqlabūn(a).
[21] 21. Kowe kabèh sanadyan ana ing bumi utawa ana ing langit, padha ora bisa ngoncati pangadilaning Allah, lan ora ana kang nguwasani marang kowe utawa kang bisa nulungi marang kowe, kajaba mung Allah piyambak.

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ ۖوَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ ࣖ٢٢
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍi wa lā fis-samā'(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[22] (Pangandikaning Allah): Sarupane wong kang padha maido ing Kuran ayating Allah, lan maido bakal tangine wong kang wis padha mati, disebakake marang ngarsaning Allah, iku kabèh padha adoh saka suwarganingsun, sarta padha dipatrapi siksa kang nglarani.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَلِقَاۤىِٕهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ يَىِٕسُوْا مِنْ رَّحْمَتِيْ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٣
Wal-lażīna kafarū bi'āyātillāhi wa liqā'ihī ulā'ika ya'isū mir raḥmatī wa ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[23] Para umate Nabi Ibrahim tanpa mangsuli apa-apa, mung padha ngucap mangkene: Nabi Ibrahim iku patènana bae, utawa obongên, (wusana Nabi Ibrahim [Ibrahi...m] kêlakon diobong) nanging Nabi Ibrahim Ingsun paringi salamêt, saka ing gêni, (gêni mau tumrap ing Nabi Ibrahim, dadi anyêb) kang mangkono mau tumrap wong kang pracaya ing Allah, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.

فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا اقْتُلُوْهُ اَوْ حَرِّقُوْهُ فَاَنْجٰىهُ اللّٰهُ مِنَ النَّارِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٢٤
Famā kāna jawāba qaumihī illā an qaluqtulūhu au ḥarriqūhu fa anjāhullāhu minan-nār(i), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[24] Nabi Ibrahim pitutur marang para umate: Kowe iku padha mangeran liyane Allah, iya iku brahala, kanggo lantaran ênggonmu sih-sinihan lan para kancamu ana ing dunya iki. Nanging kowe wêruha, besuk ing dina kiyamat, wong kang dadi panuntun nyêmbah brahala iku, bakal nyelaki marang kang dituntun. Apadene wong kang dituntun banjur manut, iya bakal nyelaki marang wong kang nuntun. Ora wurung panggonanmu bakal ana ing naraka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi marang kowe.

وَقَالَ اِنَّمَا اتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْثَانًاۙ مَّوَدَّةَ بَيْنِكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚ ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُ بَعْضُكُمْ بِبَعْضٍ وَّيَلْعَنُ بَعْضُكُمْ بَعْضًا ۖوَّمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَۖ٢٥
Wa qāla innamattakhażtum min dūnillāhi auṡānam mawaddata bainikum fil-ḥayātid-dun-yā, ṡumma yaumal-qiyāmati yakfuru ba‘ḍukum biba‘ḍiw wa yal‘anu ba‘ḍukum ba‘ḍā(n), wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[25] Nabi Lut barêng wêruh yèn Nabi Ibrahim [I..brahim] diobong ora pasah, banjur pracaya marang Nabi Ibrahim, pangucape Nabi Ibrahim: Aku iki nglungani, ninggal para umatku, andhèrèk marang Allah Pangeranku. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

۞ فَاٰمَنَ لَهٗ لُوْطٌۘ وَقَالَ اِنِّيْ مُهَاجِرٌ اِلٰى رَبِّيْ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢٦
Fa āmana lahū lūṭ(un), wa qāla innī muhājirun ilā rabbī, innahū huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[26] Nabi Ibrahim sawise duwe anak Nabi Ismangil, Ingsun paringi anak manèh aran Nabi Iskak, Nabi Iskak banjur duwe anak aran Nabi Yakub. Para nabi sauwise Nabi Ibrahim, Ingsun tamtokake padha turune Nabi Ibrahim, lan padha Ingsun paringi cêcêkêlan kitab. Nabi Ibrahim Ingsun paringi ganjaran ana ing dunya, iya iku diaji-aji lan dialêmbana dening para wong agama. Dene ana ing akhirat, Ingsun golongake wong bêcik ana ing suwarga.

وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِ النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ وَاٰتَيْنٰهُ اَجْرَهٗ فِى الدُّنْيَا ۚوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ٢٧
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba wa ja‘alnā fī żurriyyatihin nubuwwata wal-kitāba wa ātaināhu ajrahū fid-dun-yā, wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[27] (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane pitutur lan nyurup-nyurupake marang para umate, kowe iku padha nglakoni panggawe ala, cumbana padha wong lanang. Wong kuna-kuna ing jagad iki durung tau ana sawijining wong kang nglakoni ala kaya mangkono iku.

وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ ۖمَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٢٨
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī innakum lata'tūnal-fāḥisyata mā sabaqakum bihā min aḥadim minal-‘ālamīn(a).
[28] Yagene kowe têka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dêdalan, apadene padha nglakoni panggawe ala ana ing pakumpulanmu, para umate Nabi Lut wangsulane ora ana manèh mung mangkene: He Nabi Lut, mênawi pitutur sampeyan punika lêrês sarta têmên, cobi sampeyan andhatêngakên siksaning Allah kajêngipun nêmpuh dhatêng kula.

اَىِٕنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ وَتَقْطَعُوْنَ السَّبِيْلَ ەۙ وَتَأْتُوْنَ فِيْ نَادِيْكُمُ الْمُنْكَرَ ۗفَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتِنَا بِعَذَابِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٩
A'innakum lata'tūnar-rijāla wa taqṭa‘ūnas-sabīl(a), wa ta'tūna fī nādīkumul-munkar(a), famā kāna jawāba qaumihī illā an qālu'tinā bi‘ażābillāhi in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[29] Nabi Lut munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nulungana dhumatêng kawula, ngawonakên para tiyang ingkang sami damêl risak punika. (Para umate Nabi Lut banjur diudani watu sarta diwalik bumine). [bumi.ne).] 30. Para malaikat utusan Ingsun sadurunge numpês para umate Nabi Lut, mampir ing omahe Nabi Ibrahim, ambêbungah marang Nabi Ibrahim bakal duwe anak lanang. Kajaba iku para malaikat mau wêwarah mangkene: Kula punika badhe numpês para tiyang ing Sadum, umatipun Nabi Lut, awit tiyang ing Sadum punika sami duraka kaphir.

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ عَلَى الْقَوْمِ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٣٠
Qāla rabbinṣurnī ‘alal-qaumil-mufsidīn(a).
[30]

وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰىۙ قَالُوْٓا اِنَّا مُهْلِكُوْٓا اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ ۚاِنَّ اَهْلَهَا كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ ۚ٣١
Wa lammā jā'at rusulunā ibrāhīma bil-busyrā, qālū innā muhlikū ahli hāżihil-qaryah(ti), inna ahlahā kānū ẓālimīn(a).
[31] Nabi Ibrahim matur marang malaikat utusan: Ing Sadum punika wontên tiyangipun sae, inggih punika Nabi Lut. Kadospundi yèn punika ngantos katut tumpês. Malaikat mangsuli: Kula sampun sumêrêp para tiyang sae ingkang sami wontên ing Sadum. Nabi Lut dalah para kancanipun tamtu kula wilujêngakên, botên tumut tumpês, namung rabinipun Nabi Lut, [Lu..t,] sarèhning punika ngrojongi tiyang awon, mila pinêsthi kantun, tumut tumpês.

قَالَ اِنَّ فِيْهَا لُوْطًا ۗقَالُوْا نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَنْ فِيْهَا ۖ لَنُنَجِّيَنَّهٗ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٣٢
Qāla inna fīhā lūṭā(n), qālū naḥnu a‘lamu biman fīhā, lanunajjiyannahū wa ahlahū illamra'atahū kānat minal-gābirīn(a).
[32] Para malaikat utusan Ingsun mau, barêng têkan ing omahe Nabi Lut, Nabi Lut sêdhih lan bingung, (marga kadhayohan wong bagus-bagus, kuwatir ora wurung digarêjêg dicumbana ing para umate, malaikat banjur pasaja yèn utusaning Allah, diutus numpês wong ing Sadum). Pangucape: He Nabi Lut, sampeyan sampun susah utawi kuwatos, sampeyan dalah para kănca sampeyan sami kula wilujêngakên, namung rabi sampeyan, punika pinêsthi kantun, tumut tumpês (awit punika ngrojongi tiyang awon).

وَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَّقَالُوْا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْ ۗاِنَّا مُنَجُّوْكَ وَاَهْلَكَ اِلَّا امْرَاَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٣٣
Wa lammā an jā'at rusulunā lūṭan sī'a bihim wa ḍāqa bihim żar‘aw wa qālū lā takhaf wa lā taḥzan, innā munajjūka wa ahlaka illamra'ataka kānat minal-gābirīn(a).
[33] (Sapunika sampeyan sumingkir têbih saking ngriki) kula lajêng nurunakên siksa jawah sela saking langit, dhatêng para tiyang Sadum punika, (sarta lajêng kula walik buminipun) margi anggènipun sami duraka. [dura...ka.] 34. Dene patilasane wong ing Sadum kang wis tumpês mau, têkan saiki Ingsun isihake, minăngka tăndha yêkti kang têrang, kanggo lupiya tumrap wong kang padha ana ngakale.

اِنَّا مُنْزِلُوْنَ عَلٰٓى اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ٣٤
Innā munzilūna ‘alā ahli hāżihil-qaryati rijzam minas-samā'i bimā kānū yafsuqūn(a).
[34]

وَلَقَدْ تَّرَكْنَا مِنْهَآ اٰيَةً ۢ بَيِّنَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٣٥
Wa laqad taraknā minhā āyatam bayyinatal liqaumiy ya‘qilūn(a).
[35] Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Sungèb, Ingsun karsakke mêmulang lan nyurup-nyurupake marang para sanake, iya iku wong ing Madyan, Nabi Sungèb pitutur mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, wêdia bakal têkane dina kiyamat. Aja padha gawe rusak ana ing bumi.

وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۙ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَارْجُوا الْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۖ٣٦
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), faqāla yā qaumi‘budullāha warjul-yaumal-ākhira wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[36] Wong ing Madyan padha maido marang Nabi Sungèb, wusana wong ing Madyan padha tumpês dening pêtake Malaikat Jabarail, padha mati ing ngênggon, ana bumine ing Madyan.

فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَ ۙ٣٧
Fa każżabūhu fa'akhażathumur-rajfatu fa'aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[37] Lan manèh Ingsun wis numpês wong Ngad lan wong Samud, sira wis padha wêruh têrang patilasan panggonane. Setan anggodha marang wong Ngad lan wong Samud mau, dadi padha dhêmên marang lakune dhewe ênggone duraka lan kaphir. Setan nasarake marang wong Ngad lan wong Samud mau, dadi banjur padha nyimpang saka dalan kaslamêtan, tur wong Ngad lan wong Samud mau padha wong pêpak ngakale.

وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَقَدْ تَّبَيَّنَ لَكُمْ مِّنْ مَّسٰكِنِهِمْۗ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَكَانُوْا مُسْتَبْصِرِيْنَ ۙ٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa qat tabayyana lakum mim masākinihim, wa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum faṣaddahum ‘anis-sabīli wa kānū mustabṣirīn(a).
[38] Lan manèh Ingsun wis numpês Karun lan Raja Phirngon sarta patih Aman, kabèh mau sadurunge Ingsun tumpês, wis disurup-surupake dening Nabi Musa, kanthi tăndha yêkti pirang-pirang, nanging mêksa padha wangkot lan padha gumêdhe ana ing bumi. Kabèh padha ora bisa ngoncati siksaningsun.

وَقَارُوْنَ وَفِرْعَوْنَ وَهَامٰنَۗ وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ وَمَا كَانُوْا سٰبِقِيْنَ ۚ٣٩
Wa qārūna wa fir‘auna wa hāmān(a), wa laqad jā'ahum mūsā bil-bayyināti fastakbarū fil-arḍi wa mā kānū sābiqīn(a).
[39] Siji-sijine wong kaphir kang wis kasêbut mau kabèh, padha Ingsun patrapi siksa marga saka dosane, sawênèh ana kang Ingsun udani watu, lan ana [a.....na] kang tumêpês[8] dening pêtake malaikat, lan ana kang diuntal ing bumi, lan ana kang Ingsun kêlêm ing banyu tophan. Allah ora pisan nganiaya marang wong kaphir mau, nanging si kaphir kang nganiaya marang awake dhewe.

فَكُلًّا اَخَذْنَا بِذَنْۢبِهٖۙ فَمِنْهُمْ مَّنْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِ حَاصِبًا ۚوَمِنْهُمْ مَّنْ اَخَذَتْهُ الصَّيْحَةُ ۚوَمِنْهُمْ مَّنْ خَسَفْنَا بِهِ الْاَرْضَۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ اَغْرَقْنَاۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٤٠
Fakullan akhażnā biżambih(ī), faminhum man arsalnā ‘alaihi ḥāṣibā(n), wa minhum man akhażathuṣ-ṣaiḥah(tu), wa minhum man khasafnā bihil-arḍ(a), wa minhum man agraqnā, wa mā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[40] Sanepane wong kang padha mangeran marang liyane Allah, iku kaya upamane khewan kêmlandhingan gawe omah. Wruhanira, omah kang asor lan ringkih dhewe iku omah kêmlandhingan.

مَثَلُ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَ كَمَثَلِ الْعَنْكَبُوْتِۚ اِتَّخَذَتْ بَيْتًاۗ وَاِنَّ اَوْهَنَ الْبُيُوْتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوْتِۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٤١
Maṡalul-lażīnattakhażū min dūnillāhi auliyā'a kamaṡalil-‘ankabūt(i), ittakhażat baitā(n), wa inna auhanal-buyūti labaitul-‘ankabūt(i), lau kānū ya‘lamūn(a).
[41] Satêmêne Allah iku nguningani brahala kang padha disêmbah dening wong kaphir, ora nêmbah ing Allah, iku dudu barang kang bisa makolèhi utawa mlarati. Allah iku mulya tur wicaksana.

اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٤٢
Innallāha ya‘lamu mā yad‘ūna min dūnihī min syai'(in), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[42] Upama-upama kang padha kasêbut ing Kuran iki, Ingsun têrang-têrangake marang para wong kaphir ing Mêkah, ewadene ora ana kang ngêrti, kajaba wong kang kadunungan kawruh [ka....wruh] saka Allah.

وَتِلْكَ الْاَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِۚ وَمَا يَعْقِلُهَآ اِلَّا الْعٰلِمُوْنَ٤٣
Wa tilkal-amṡālu naḍribuhā lin-nās(i), wa mā ya‘qiluhā illal-‘ālimūn(a).
[43] Allah nganakake bumi lan langit kalawan nyata akèh paidahe, kang mangkono mau tumrap para wong mukmin, mêsthi dadi tăndha yêkti kasampurnaning Allah.

خَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ ۔٤٤
Khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), inna fī żālika la'āyatal lil-mu'minīn(a).
[44] (He Mukhammad) sira lan para umatira disarêgêp maca Kuran kang wis didhawuhake marang sira, sarta nglakonana sêmbayang, awit sêmbayang iku ngalang-alangi laku ala lan duraka. Eling ing Allah iku luwih dening gêdhe ganjarane, ngungkuli kabêcikan liya-liyane. Allah iku nguningani samubarang kang padha sira lakoni, ala utawa bêcik.

اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ ۗوَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ٤٥
Utlu mā ūḥiya ilaika minal-kitābi wa aqimiṣ-ṣalāh(ta), innaṣ-ṣalāta tanhā ‘anil-faḥsyā'i wal-munkar(i), wa lażikrullāhi akbar(u), wallāhu ya‘lamu mā taṣna‘ūn(a).
[45] Sira aja padha padu karo wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kajaba yèn padunira luwih bêcik, iya iku nganggo wêwaton Kuran. Ewadene mênawa wong kaphir mau ana kang nglawan pêrang, iya banjur sira ayonana, dene wong kaphir kang wis manut pranatane wong Islam, sira waraha mangkene: Aku pracaya marang Kuran kang wis didhawuhake marang aku, lan uga pracaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang kowe, Pangeranku tunggal karo Pangeranmu, iya iku Allah kang Esa, aku kabèh padha ngabêkti marang Allah.

۞ وَلَا تُجَادِلُوْٓا اَهْلَ الْكِتٰبِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۖ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ وَقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَاُنْزِلَ اِلَيْكُمْ وَاِلٰهُنَا وَاِلٰهُكُمْ وَاحِدٌ وَّنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ٤٦
Wa lā tujādilū ahlal-kitābi illā bil-latī hiya aḥsan(u), illal-lażīna ẓalamū minhum wa qūlū āmannā bil-lażī unzila ilainā wa unzila ilaikum wa ilāhunā wa ilāhukum wāḥiduw wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[46] Mangkono uga Ingsun nurunake Kitab Kuran marang sira Mukhammad, dene wong kang padha Ingsun paringi cêcêkêlan Kitab Torèt, (kaya ta Ngabdullah bin Salam, lan liya-liyane) padha ngèstokake ing Kuran. Dene kang maido ayat Ingsun, iku ora ana manèh kajaba wong kaphir.

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَۗ فَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖۚ وَمِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِهٖۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الْكٰفِرُوْنَ٤٧
Wa każālika anzalnā ilaikal-kitāb(a), fal-lażīna ātaināhumul-kitāba yu'minūna bih(ī), wa min hā'ulā'i may yu'minu bih(ī), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illal-kāfirūn(a).
[47] Sira ora pisan maca kitab kuna sadurunge Kuran, lan uga ora nulis Kuran kalawan tanganira. Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong Yahudi kang padha maido iku mamang marang Kuran.

وَمَا كُنْتَ تَتْلُوْا مِنْ قَبْلِهٖ مِنْ كِتٰبٍ وَّلَا تَخُطُّهٗ بِيَمِيْنِكَ اِذًا لَّارْتَابَ الْمُبْطِلُوْنَ٤٨
Wa mā kunta tatlū min qablihī min kitābiw wa lā takhuṭṭuhū biyamīnika iżal lartābal-mubṭilūn(a).
[48] Kuran iku tăndha yêkti kang têrang, tumrap ana ing atine para wong mukmin kang padha pinaringan kawruh. Dene wong maido Kuran, iku ora ana manèh kajaba wong kaphir, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.

بَلْ هُوَ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ فِيْ صُدُوْرِ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الظّٰلِمُوْنَ٤٩
Bal huwa āyātum bayyinātun fī ṣudūril-lażīna ūtul-‘ilm(a), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illaẓ-ẓālimūn(a).
[49] Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora diparingi tăndha yêkti kaelokan dening Pangerane kaya nabi kang kuna-kuna. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kaelokan iku ana ngastaning Allah, diturunake manut saka parênging Allah. Wajibku ora ana manèh mung mêmêdèni lan nyurup-nyurupake.

وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيٰتٌ مِّنْ رَّبِّهٖ ۗ قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥٠
Wa qālū lau lā unzila ‘alaihi āyātum mir rabbih(ī), qul innamal-āyātu ‘indallāh(i), wa innamā ana nażīrum mubīn(un).
[50] Apa ora wis cukup Ingsun nurunake Kitab Kuran marang sira Mukhammad, sabanjure wong ing Mêkah padha diwacakake Kuran mau, satêmêne [sa....têmêne] Kuran iku isi rahmat lan wêwulang marang para wong mukmin.

اَوَلَمْ يَكْفِهِمْ اَنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ يُتْلٰى عَلَيْهِمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَرَحْمَةً وَّذِكْرٰى لِقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ٥١
Awalam yakfihim annā anzalnā ‘alaikal-kitāba yutlā ‘alaihim, inna fī żālika laraḥmataw wa żikrā liqaumiy yu'minūn(a).
[51] (He Mukhammad) sira dhawuha mangkene: Prakara ênggonku pasulayan lan kowe, cukup disaksèni dening Allah piyambak.

قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ شَهِيْدًاۚ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْبَاطِلِ وَكَفَرُوْا بِاللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٥٢
Qul kafā billāhi bainī wa bainakum syahīdā(n), ya‘lamu mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wal-lażīna āmanū bil-bāṭili wa kafarū billāhi ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[52] Allah nguningani samubarang isining bumi lan langit. Dene sarupane wong kang pracaya marang barang kang luput, nyêmbah liyane Allah, sarta maido ing Allah iku têtêp wong kapitunan lan cilaka.

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ وَلَوْلَآ اَجَلٌ مُّسَمًّى لَّجَاۤءَهُمُ الْعَذَابُۗ وَلَيَأْتِيَنَّهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٥٣
Wa yasta‘jilūnaka bil-‘ażāb(i), wa lau lā ajalum musammal lajā'ahumul-‘ażāb(u), wa laya'tiyannahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[53] Wong kaphir padha nantang marang sira Mukhammad, anggege têkane siksaningsun, upama ora wis têtêp wêwangêne kang pinêsthi, wong kaphir mau mêsthi kêlakon katêkan siksa padha sanalika, sarta têkaning siksa mau ngagètake, nganti wong kaphir padha ora nglêgewa.

يَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢبِالْكٰفِرِيْنَۙ٥٤
Yasta‘jilūnaka bil-‘ażāb(i), wa inna jahannama lamuḥīṭatum bil-kāfirīn(a).
[54] Wong kaphir padha nantang marang sira Mukhammad, anggege siksa ana ing dunya, satêmêne besuk dina kiyamat, Naraka Jahanam iku nungkêbi marang para wong kaphir.

يَوْمَ يَغْشٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْ وَيَقُوْلُ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٥
Yauma yagsyāhumul-‘ażābu min fauqihim wa min taḥti arjulihim wa yaqūlu żūqū mā kuntum ta‘malūn(a).
[55] Ing dina kiyamat iku, siksa naraka nêmpuh marang para wong kaphir saka ing dhuwur lan saka ngisor. Allah ngandika: He wong kaphir, sira padha ngrasakna wêwalêse barang kang wis padha sira lakoni biyèn.

يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ اَرْضِيْ وَاسِعَةٌ فَاِيَّايَ فَاعْبُدُوْنِ٥٦
Yā ‘ibādiyal-lażīna āmanū inna arḍī wāsi‘atun fa iyyāya fa‘budūn(i).
[56] He para kawulaningsun kang padha mukmin, buminingsun iku jêmbar, mulane padha nêmbaha marang Ingsun.

كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ ثُمَّ اِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٥٧
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), ṡumma ilainā turja‘ūn(a).
[57] Sarupane awak kang urip iku mêsthi padha ngrasakake mati, sawise mati banjur padha dibalèkake marang ngarsaningsun.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُبَوِّئَنَّهُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ غُرَفًا تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ نِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۖ٥٨
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanubawwi'annahum minal-jannati gurafan tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, ni‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[58] Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, mêsthi Ingsun ênggonake ana ing panggonan kang luhur ana sajroning suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, langgêng ana ing suwarga. Bêcik têmên ganjarane wong kang padha nglakoni ngabêkti ing Allah.

الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٥٩
Al-lażīna ṣabarū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[59] Iya iku wong kang padha têguh atine ênggone kataman pialane wong kaphir, sarta padha pasrah ing Allah Pangerane. [Pange...rane.]

وَكَاَيِّنْ مِّنْ دَاۤبَّةٍ لَّا تَحْمِلُ رِزْقَهَاۖ اللّٰهُ يَرْزُقُهَا وَاِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦٠
Wa ka'ayyim min dābbatil lā taḥmilu rizqahā, allāhu yarzuquhā wa iyyākum, wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[60] Pira bae kewan kang ora anggawa rijêkine, nanging Allah paring rijêki marang kewan mau, apa manèh marang sira. Allah iku miyarsa tur nguningani.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗفَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٦١
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa sakhkharasy-syamsa wal-qamara layaqūlunnallāh(u), fa'annā yu'fakūn(a).
[61] Mênawa sira takon marang para wong kaphir mau: Sapa kang gawe bumi lan langit, lan sapa kang marentah srêngenge lan rêmbulan, wong kaphir mau mêsthi padha mangsuli: Inggih Allah. Yèn mêngkono, apa ta kang makewuhi ênggone arêp pracaya ing Allah.

اَللّٰهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٦٢
Allāhu yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdiru lah(ū), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[62] Allah iku paring rijêki akèh marang para kawulane êndi kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang diparingi rijêki kurang, satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ نَّزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ مَوْتِهَا لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۙقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ ࣖ٦٣
Wa la'in sa'altahum man nazzala minas-samā'i mā'an fa'aḥyā bihil-arḍa mim ba‘di mautihā layaqūlunnallāh(u), qulil-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[63] Mênawa sira takon marang wong kaphir: Sapa kang nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake bumi kang wis mati (bêra). Wong kaphir mau mêsthi padha mangsuli: Inggih Allah. Sira banjur [ba...njur] dhawuha, sakèhing puji iku konjuk ing Allah, aku bungah dene kowe padha wêruh kawasaning Allah, ewadene wong kaphir iku kang akèh ora duwe pikir kang mangkono mau.

وَمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَهْوٌ وَّلَعِبٌۗ وَاِنَّ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٦٤
Wa mā hāżihil-ḥayātud-dun-yā illā lahwuw wa la‘ib(un), wa innad-dāral-ākhirata lahiyal-ḥayawān(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[64] Kauripan ing dunya iki dudu barang-barang, nanging saking ênggone gêlis ilang, kêna dibasakake dolanan lan barang kang tanpa guna, mênawa manungsa padha wêruh, satêmêne besuk ana ing akhirat, uriping manungsa iku langgêng, ora kêna ing pati.

فَاِذَا رَكِبُوْا فِى الْفُلْكِ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ اِذَا هُمْ يُشْرِكُوْنَۙ٦٥
Fa'iżā rakibū fil-fulki da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), falammā najjāhum ilal-barri iżā hum yusyrikūn(a).
[65] Wong kaphir ing Mêkah nalikane nunggang prau ana satêngahing sagara, bangêt kuwatire yèn kèrêm, banjur padha sumungkêm nyuwun salamêt ing Allah, kaya wong mukmin kang suci atine, ênggone nglakoni agama konjêm ing Allah. Barêng Allah wis paring salamêt têkan ing dharatan, wong kaphir mau banjur bali kaphir manèh.

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۙ وَلِيَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٦٦
Liyakfurū bimā ātaināhum wa liyatamatta‘ū, fasaufa ya‘lamūn(a).
[66] Wusana wong kaphir ing Mêkah mau padha tanpa panarima ênggone Ingsun paring kabungahan, lan padha bungah- bungah ênggone pakumpulan [paku...mpulan] nyêmbah brahala. Ing têmbe mêsthi padha wêruh kawusananing awake.

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا جَعَلْنَا حَرَمًا اٰمِنًا وَّيُتَخَطَّفُ النَّاسُ مِنْ حَوْلِهِمْۗ اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ وَبِنِعْمَةِ اللّٰهِ يَكْفُرُوْنَ٦٧
Awalam yarau annā ja‘alnā ḥaraman āminaw wa yutakhaṭṭafun-nāsu min ḥaulihim, afabil-bāṭili yu'minūna wa bini‘matillāhi yakfurūn(a).
[67] Wong kaphir ing Mêkah apa padha ora wêruh yèn nagarane ing Mêkah Ingsun dadèkake nagara santosa lan tata têntrêm. Nagara kiwa têngêne padha dahuru, wonge padha dipatèni utawa diboyong. Yagene wong kaphir ing Mêkah têka padha sumungkêm marang setan, mangeran marang Pangeran tiron, iya iku brahala, sarta padha maido marang Nabi Mukhammad, kang minăngka pêparinging Allah kabungahan.

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهٗ ۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ٦٨
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bil-ḥaqqi lammā jā'ah(ū), alaisa fī jahannama maṡwal lil-kāfirīn(a).
[68] Ora ana wong kang luwih duraka tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawatke têrang saka dhawuhing Allah, utawa tinimbang lan wong kang maido barang kang nyata bênêr, (iya iku Nabi Mukhammad lan Kuran) pamaidone mau sawise didhawuhake dening Nabi Mukhammad. Panggonane wong kaphir apa ora ana ing Naraka Jahanam, (mêsthi ana ing kono).

وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ٦٩
Wal-lażīna jāhadū fīnā lanahdiyannahum subulanā, wa innallāha lama‘al-muḥsinīn(a).
[69] Sarupane wong kang padha mangsah pêrang, karana nglakoni parentah Ingsun, mêsthi padha Ingsun tuduhake dalan Ingsun marang kaslamêtan. Satêmêne Allah iku anjangkung wong kang padha nglakoni kabêcikan.