Surah Al-Qasas
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤمّۤ١
Ṭā Sīm Mīm.
[1]
Ta, Sin, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan surasane. Ayate surat iki ayating Kitab Kuran, kang nêrangake bênêr lan luput.
تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ٢
Tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[2]
(He Mukhammad) Ingsun nyaritakake lêlakone Nabi Musa lan Raja Phirngon marang sira. Carita iku têmên, migunani marang para wong mukmin.
نَتْلُوْا عَلَيْكَ مِنْ نَّبَاِ مُوْسٰى وَفِرْعَوْنَ بِالْحَقِّ لِقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٣
Natlū ‘alaika min naba'i mūsā wa fir‘auna bil-ḥaqqi liqaumiy yu'minūn(a).
[3]
Raja Phirngon iku lumuhur-luhur ana ing bumi Mêsir, (sarupaning wong ora kêna ngukuhi nyawane dhewe, [dhe.we,] pati uripe gumantung sakarêpe Raja Phirngon), wong ing Mêsir digawe rong warna, kang sagolongan băngsa Kibti, iku băngsa luhur, kang sagolongan manèh băngsa Bani Israpil, iku băngsa asor. (Dhèk samana ana juru nujum mêmêca yèn ing Mêsir bakal ana bayi lair mêtu lanang, iku ing têmbe bakal nyirnakake karatone Raja Phirngon), Raja Phirngon banjur dhawuh ambêlèhi bayi kang mêtu lanang, dene kang mêtu wadon padha diuripi. Raja Phirngon iku wong gawe rusak.
اِنَّ فِرْعَوْنَ عَلَا فِى الْاَرْضِ وَجَعَلَ اَهْلَهَا شِيَعًا يَّسْتَضْعِفُ طَاۤىِٕفَةً مِّنْهُمْ يُذَبِّحُ اَبْنَاۤءَهُمْ وَيَسْتَحْيٖ نِسَاۤءَهُمْ ۗاِنَّهٗ كَانَ مِنَ الْمُفْسِدِيْنَ٤
Inna fir‘auna ‘alā fil-arḍi wa ja‘ala ahlahā syiya‘ay yastaḍ‘ifu ṭā'ifatam minhum yużabbiḥu abnā'ahum wa yastaḥyī nisā'ahum, innahū kāna minal-mufsidīn(a).
[4]
Ingsun kaparêng nulungi băngsa Bani Srail kang digawe asor lan kalah ana ing bumi Mêsir. Băngsa Bani Srail mau, Ingsun dadèkake panutan lan Ingsun dadèkake aliwaris, padha olèh panduman karatone Raja Phirngon, (sawise tumpês sabalane ana ing sagara).
وَنُرِيْدُ اَنْ نَّمُنَّ عَلَى الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا فِى الْاَرْضِ وَنَجْعَلَهُمْ اَىِٕمَّةً وَّنَجْعَلَهُمُ الْوٰرِثِيْنَ ۙ٥
Wa nurīdu an namunna ‘alal-lażīnastuḍ‘ifū fil-arḍi wa naj‘alahum a'immataw wa naj‘alahumul-wāriṡīn(a).
[5]
Ingsun nguja Raja Phirngon sabalane, Ingsun umbar ana ing bumi Mêsir, wusana Raja Phirngon lan patihe aran Aman, sabalane padha Ingsun tontonake barang kang maune dikuwatirake, (iya iku pamêthèke juru nujum: Ing têmbe bakal ana bocah lanang kang bakal nyirnakake karatone Raja Phirngon).
وَنُمَكِّنَ لَهُمْ فِى الْاَرْضِ وَنُرِيَ فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَجُنُوْدَهُمَا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَحْذَرُوْنَ٦
Wa numakkina lahum fil-arḍi wa nuriya fir‘auna wa hāmāna wa junūdahumā minhum mā kānū yaḥżarūn(a).
[6]
Ingsun andhawuhi marang biyunge Nabi Musa: (He Yukhanid), sira nusonana anakira. Mênawa sira kuwatir ênggonira rumêksa anakira, sira wadhahana ing pêthi, banjur sira kèlèkna ing bêngawan Nil bae. Sira aja kuwatir lan susah prakara anakira, ing têmbe Ingsun balèkake marang sira, sarta anakira mau bakal Ingsun piji dadi utusan Ingsun.
وَاَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّ مُوْسٰٓى اَنْ اَرْضِعِيْهِۚ فَاِذَا خِفْتِ عَلَيْهِ فَاَلْقِيْهِ فِى الْيَمِّ وَلَا تَخَافِيْ وَلَا تَحْزَنِيْ ۚاِنَّا رَاۤدُّوْهُ اِلَيْكِ وَجَاعِلُوْهُ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٧
Wa auḥainā ilā mūsā an arḍi‘īh(i), fa'iżā khifti ‘alaihi fa'alqīhi fil yammi wa lā takhāfī wa lā taḥzanī, innā rāddūhu ilaiki wa jā‘ilūhu minal-mursalīn(a).
[7]
Barêng Nabi Musa wis dikèlèkake ing bêngawan Nil, banjur ditêmu dening Asiyah pramèswarine Raja Phirngon. Nanging wêkasane, Nabi Musa mau dadi satru nusahake Raja Phirngon sabalane. Satêmêne Raja Phirngon lan patih [pa....tih] Aman sabalane mau padha duraka, lan ora wêruh yèn Nabi Musa iku ing têmbe dadi satru kang bakal nyirnakake karatone Raja Phirngon.
فَالْتَقَطَهٗٓ اٰلُ فِرْعَوْنَ لِيَكُوْنَ لَهُمْ عَدُوًّا وَّحَزَنًاۗ اِنَّ فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَجُنُوْدَهُمَا كَانُوْا خٰطِـِٕيْنَ٨
Faltaqaṭahū ālu fir‘auna liyakūna lahum ‘aduwwaw wa ḥazanā(n), inna fir‘auna wa hāmāna wa junūdahumā kānū khāṭi'īn(a).
[8]
Raja Phirngon banjur arêp matèni marang Nabi Musa. Pramèswarine Raja Phirngon banjur matur: Lare punika kula rêmên, tumrap ing kula utawi ing sampeyan, lare punika dados têtêping paningal, mila sampun têka badhe sampeyan pêjahi. Lare punika kula pêndhêt anak, pangajêng-ajêng kula ing têmbe migunanana dhatêng kula. Raja Phirngon sabalane kêtaman mêmanising têmbung, nurut sapanjaluke Asiyah. Bayi banjur dijênêngake: Musa. Raja Phirngon sabalane ora pisan nyana yèn bayi iku babare kang diwêca ing juru nujum.
وَقَالَتِ امْرَاَتُ فِرْعَوْنَ قُرَّتُ عَيْنٍ لِّيْ وَلَكَۗ لَا تَقْتُلُوْهُ ۖعَسٰٓى اَنْ يَّنْفَعَنَآ اَوْ نَتَّخِذَهٗ وَلَدًا وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٩
Wa qālatimra'atu fir‘auna qurratu ‘ainil lī wa lak(a), lā taqtulūh(u), ‘asā ay yanfa‘anā au nattakhiżahū waladaw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[9]
Biyunge Nabi Musa barêng krungu yèn anake ditêmu Raja Phirngon, bangêt bingunge, upama atine ora Ingsun talèni kalawan Ingsun paringi sabar lan têguh têtêp, supaya dadia wong pracaya marang prasêtyaningsun, mèh bae anjêrit masajakake yèn bayi iku anake.
وَاَصْبَحَ فُؤَادُ اُمِّ مُوْسٰى فٰرِغًاۗ اِنْ كَادَتْ لَتُبْدِيْ بِهٖ لَوْلَآ اَنْ رَّبَطْنَا عَلٰى قَلْبِهَا لِتَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١٠
Wa aṣbaḥa fu'ādu ummi mūsā fārigā(n), in kādat latubdī bihī lau lā ar rabaṭnā ‘alā qalbihā litakūna minal-mu'minīn(a).
[10]
Yukhanid ngatag marang Miryam bak ayune Nabi Musa: He Miryam, adhimu kodholên, supaya kowe wêruha kapriye kadadiane. Miryam banjur ngodhol saka ing kadohan bae. Sakèhing wong padha ora nyana yèn iku sadulure bayi kang tinêmu mau.
وَقَالَتْ لِاُخْتِهٖ قُصِّيْهِۗ فَبَصُرَتْ بِهٖ عَنْ جُنُبٍ وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ ۙ١١
Wa qālat li'ukhtihī quṣṣīh(i), fabaṣurat bihī ‘an junubiw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[11]
Saka kawasaningsun, Nabi Musa sadurunge têka biyunge, ora arêp disusoni sapa-sapa, Asiyah bangêt susahe. Ing kono Miryam nyêdhak sarta matur marang pramèswari Asiyah: Punapa sampeyan karsa kula têdahakên tiyang ingkang dados inya sarta ngopèni dhatêng bayi punika kalayan têmên-têmên. (Asiyah miturut saature Miryam, Miryam banjur ngundang biyunge. Barêng Nabi Musa disusoni biyunge dhewe: arêp).
۞ وَحَرَّمْنَا عَلَيْهِ الْمَرَاضِعَ مِنْ قَبْلُ فَقَالَتْ هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰٓى اَهْلِ بَيْتٍ يَّكْفُلُوْنَهٗ لَكُمْ وَهُمْ لَهٗ نٰصِحُوْنَ١٢
Wa ḥarramnā ‘alaihil-marāḍi‘a min qablu faqālat hal adullukum ‘alā ahli baitiy yakfulūnahū lakum wa hum lahū nāṣiḥūn(a).
[12]
Ing dina iku Nabi Musa Ingsun balèkake marang tangane biyunge, supaya biyunge têtêpa pandêlênge, lan ilang susahe, sarta wêruha yèn prasêtyaning Allah iku nyata. Wong akèh padha ora wêruh yèn Yukhanid iku biyunge Nabi Musa olèh prasêtyaning Allah. (Ing sawiji dina Nabi Musa kaluputan marang Raja Phirngon, nganti ditundhung, Nabi Musa banjur lunga adoh).
فَرَدَدْنٰهُ اِلٰٓى اُمِّهٖ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ وَلِتَعْلَمَ اَنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ١٣
Faradadnāhu ilā ummihī kai taqarra ‘ainuhā wa lā taḥzana wa lita‘lama anna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[13]
Barêng Nabi Musa wis diwasa lan wis wayah mêmpêng, Ingsun paringi kawicaksanan lan kawruh. Kaya mangkono uga Ingsun angganjar marang para wong mukmin kang padha nglakoni kabêcikan.
وَلَمَّا بَلَغَ اَشُدَّهٗ وَاسْتَوٰىٓ اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًاۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٤
Wa lammā balaga asyuddahū wastawā ātaināhu ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa każālika najzil-muḥsinīn(a).
[14]
Nabi Musa banjur malêbu ing talatah nagara Mêsir, karêpe sêsingidan, aja nganti wêruh wong ing Mêsir, dumadakan Nabi Musa wêruh wong loro padha kêrêngan, kang siji santanane [sa...ntanane] Nabi Musa wong Bani Srail, sijine satrune Nabi Musa wong Kibti. Santanane Nabi Musa sêsambat anjaluk tulung marang Nabi Musa, supaya ucula saka siya-siyane wong Kibti mau. Nabi Musa banjur nêpsu, wong Kibti dijotos, niba kapisanan, banjur dipêndhêm ing wêdhèn. Nabi Musa calathu: Kang mangkene iki têtela satru kang gawene nasarake.
وَدَخَلَ الْمَدِيْنَةَ عَلٰى حِيْنِ غَفْلَةٍ مِّنْ اَهْلِهَا فَوَجَدَ فِيْهَا رَجُلَيْنِ يَقْتَتِلٰنِۖ هٰذَا مِنْ شِيْعَتِهٖ وَهٰذَا مِنْ عَدُوِّهٖۚ فَاسْتَغَاثَهُ الَّذِيْ مِنْ شِيْعَتِهٖ عَلَى الَّذِيْ مِنْ عَدُوِّهٖ ۙفَوَكَزَهٗ مُوْسٰى فَقَضٰى عَلَيْهِۖ قَالَ هٰذَا مِنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ عَدُوٌّ مُّضِلٌّ مُّبِيْنٌ١٥
Wa dakhalal-madīnata ‘alā ḥīni gaflatim min ahlihā fawajada fīhā rajulaini yaqtatilān(i), hāżā min syī‘atihī wa hāżā min ‘aduwwih(ī), fastagāṡahul-lażī min syī‘atihī ‘alal-lażī min ‘aduwwih(ī), fawakazahū mūsā faqaḍā ‘alaih(i), qāla hāżā min ‘amalisy-syaiṭān(i), innahū ‘aduwwum muḍillum mubīn(un).
[15]
Nabi Musa munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, sayêktosipun kawula punika lêpat, nganiaya dhatêng badan kawula piyambak, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula. Allah banjur ngapura marang Nabi Musa. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ ظَلَمْتُ نَفْسِيْ فَاغْفِرْ لِيْ فَغَفَرَ لَهٗ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ١٦
Qāla rabbi innī ẓalamtu nafsī fagfir lī fagafara lah(ū), innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[16]
Nabi Musa munjuk manèh: Dhuh Pangeran kawula, sarèhne Tuwan sampun ngapura saha nutupi kawula, kawula botên badhe têtulung dhatêng tiyang kaphir.
قَالَ رَبِّ بِمَآ اَنْعَمْتَ عَلَيَّ فَلَنْ اَكُوْنَ ظَهِيْرًا لِّلْمُجْرِمِيْنَ١٧
Qāla rabbi bimā an‘amta ‘alayya falan akūna ẓahīral lil-mujrimīn(a).
[17]
Nabi Musa sawise matèni wong Kibti, ana ing Mêsir tansah ngandhut kuwatir, [kuwa...tir,] mulane bangêt prayitna bokmênawa nêmu pakewuh. Dumadakan wong Bani Srail kang mêntas ditulungi dhèk wingi, kêrêngan lan wong Kibti manèh, sêsambat anjaluk tulung marang Nabi Musa, Nabi Musa srêngên marang wong Bani Srail mau: Kowe iku têtela wong nakal. (Dhèk wingi aku nganti kêlakon matèni wong Kibti marga nulungi kowe, saiki kowe sêsambat anjaluk tulung manèh).
فَاَصْبَحَ فِى الْمَدِيْنَةِ خَاۤىِٕفًا يَّتَرَقَّبُ فَاِذَا الَّذِى اسْتَنْصَرَهٗ بِالْاَمْسِ يَسْتَصْرِخُهٗ ۗقَالَ لَهٗ مُوْسٰٓى اِنَّكَ لَغَوِيٌّ مُّبِيْنٌ١٨
Fa'aṣbaḥa fil-madīnati khā'ifay yataraqqabu fa'iżal-lażistanṣarahū bil-amsi yastaṣrikhuh(ū), qāla lahū mūsā innaka lagawiyyum mubīn(un).
[18]
Nabi Musa banjur tumandang arêp anjotos marang wong Kibti mungsuhe wong Bani Srail mau, lan uga satrune Nabi Musa. Panyanane wong Bani Srail, Nabi Musa mau arêp anjotos marang awake, mulane banjur matur: He Nabi Musa, punapa sampeyan badhe mêjahi kula, kados anggèn sampeyan mêjahi tiyang Kibti kalawingi. (Nabi Musa barêng krungu calathune wong Bani Srail mau, sangsaya [sangsa...ya] bangêt kuwatire).
فَلَمَّآ اَنْ اَرَادَ اَنْ يَّبْطِشَ بِالَّذِيْ هُوَ عَدُوٌّ لَّهُمَاۙ قَالَ يٰمُوْسٰٓى اَتُرِيْدُ اَنْ تَقْتُلَنِيْ كَمَا قَتَلْتَ نَفْسًاۢ بِالْاَمْسِۖ اِنْ تُرِيْدُ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ جَبَّارًا فِى الْاَرْضِ وَمَا تُرِيْدُ اَنْ تَكُوْنَ مِنَ الْمُصْلِحِيْنَ١٩
Falammā an arāda ay yabṭisya bil-lażī huwa ‘aduwwul lahumā, qāla yā mūsā aturīdu an taqtulanī kamā qatalta nafsam bil-ams(i), in turīdu illā an takūna jabbāran fil-arḍi wa mā turīdu an takūna minal-muṣliḥīn(a).
[19]
Ing Mêsir ana wong lanang kang trêsna marang Nabi Musa, mlayu-mlayu saka sajroning nagara, nêmoni Nabi Musa banjur matur: He Nabi Musa, punggawa ing Mêsir sami ngupadosi sampeyan, badhe mêjahi dhatêng sampeyan, mila sapunika enggal sampeyan kesah saking ngriki. Kula punika pitutur murih sae sayêktos dhatêng sampeyan.
وَجَاۤءَ رَجُلٌ مِّنْ اَقْصَى الْمَدِيْنَةِ يَسْعٰىۖ قَالَ يٰمُوْسٰٓى اِنَّ الْمَلَاَ يَأْتَمِرُوْنَ بِكَ لِيَقْتُلُوْكَ فَاخْرُجْ اِنِّيْ لَكَ مِنَ النّٰصِحِيْنَ٢٠
Wa jā'a rajulum min aqṣal-madīnati yas‘ā, qāla yā mūsā innal-mala'a ya'tamirūna bika liyaqtulūka fakhruj innī laka minan-nāṣiḥīn(a).
[20]
Nabi Musa banjur lunga saka ing Mêsir, ana ing dalan tansah kuwatir lan prayitna, lan munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula nyuwun wilujêng saking piawonipun tiyang kaphir ing Mêsir ingkang sami nganiaya.
فَخَرَجَ مِنْهَا خَاۤىِٕفًا يَّتَرَقَّبُ ۖقَالَ رَبِّ نَجِّنِيْ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٢١
Fakharaja minhā khā'ifay yataraqqab(u), qāla rabbi najjinī minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[21]
Lungane Nabi Musa sumêdya marang desa Madyan. Nabi Musa munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nêdahna margi lêrês dhumatêng kawula.
وَلَمَّا تَوَجَّهَ تِلْقَاۤءَ مَدْيَنَ قَالَ عَسٰى رَبِّيْٓ اَنْ يَّهْدِيَنِيْ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ٢٢
Wa lammā tawajjaha tilqā'a madyana qāla ‘asā rabbī ay yahdiyanī sawā'as-sabīl(i).
[22]
Barêng lakune Nabi Musa têkan ing sumure wong Madyan, ing pinggir sumur kono ana wong akèh padha ngombèni khewane.
وَلَمَّا وَرَدَ مَاۤءَ مَدْيَنَ وَجَدَ عَلَيْهِ اُمَّةً مِّنَ النَّاسِ يَسْقُوْنَ ەۖ وَوَجَدَ مِنْ دُوْنِهِمُ امْرَاَتَيْنِ تَذُوْدٰنِۚ قَالَ مَا خَطْبُكُمَا ۗقَالَتَا لَا نَسْقِيْ حَتّٰى يُصْدِرَ الرِّعَاۤءُ وَاَبُوْنَا شَيْخٌ كَبِيْرٌ٢٣
Wa lammā warada mā'a madyana wajada ‘alaihi ummatam minan-nāsi yasqūn(a), wa wajada min dūnihimumra'ataini tażūdān(i), qāla mā khaṭbukumā, qālatā lā nasqī ḥattā yuṣdirar-ri‘ā'u wa abūnā syaikhun kabīr(un).
[23]
Liyane wong lanang akèh mau, ana bocah wadon loro ora milu ngombèni wêdhuse. Nabi Musa takon marang bocah wadon loro mau: Yagene kowe têka ora milu ngombèni wêdhusmu. Bocah wadon mangsuli: Anggèn kula ngombèni menda kula ngêntosi mênawi para tiyang jalêr punika sampun rampung. Kula lare èstri kêpêksa ngombèni menda, awit bapa kula sampun sêpuh tur pikun.
فَسَقٰى لَهُمَا ثُمَّ تَوَلّٰىٓ اِلَى الظِّلِّ فَقَالَ رَبِّ اِنِّيْ لِمَآ اَنْزَلْتَ اِلَيَّ مِنْ خَيْرٍ فَقِيْرٌ٢٤
Fasaqā lahumā ṡumma tawallā ilaẓ-ẓilli faqāla rabbi innī limā anzalta ilayya min khairin faqīr(un).
[24]
Nabi Musa banjur mitulungi marang bocah wadon loro mau, wêdhuse diombèni (ing sumur liya sandhinge sumur kang diênggo ing wong akèh mau, nanging sumur mau ditutupi watu gêdhe, ora kêlar diobahake wong satus, iku dibrengkal ing Nabi Musa dhewe). Nabi Musa sawise ngombèni wêdhus, banjur ngeyub ana ngisor kêkayon, sarta munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika ngajêng-ajêng pêparing Tuwan, kathah utawi sakêdhik, (bocah wadon loro mau banjur padha mulih anggiring wêdhuse).
فَجَاۤءَتْهُ اِحْدٰىهُمَا تَمْشِيْ عَلَى اسْتِحْيَاۤءٍ ۖقَالَتْ اِنَّ اَبِيْ يَدْعُوْكَ لِيَجْزِيَكَ اَجْرَ مَا سَقَيْتَ لَنَاۗ فَلَمَّا جَاۤءَهٗ وَقَصَّ عَلَيْهِ الْقَصَصَۙ قَالَ لَا تَخَفْۗ نَجَوْتَ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٢٥
Fajā'athu iḥdāhumā tamsyī ‘alastiḥyā'(in), qālat inna abī yad‘ūka liyajziyaka ajra mā saqaita lanā, falammā jā'ahū wa qaṣṣa ‘alaihil-qaṣaṣ(a), qāla lā takhaf, najauta minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[25]
Ora antara suwe bocah wadon loro mau kang siji bali marang panggonane Nabi Musa, ênggone mlaku kudhung kulambine sêmu isin. Bocah wadon mau matur marang Nabi Musa: Sampeyan dipun aturi bapa kula dhatêng griyanipun. Bapa kula badhe malês kasaenan sampeyan anggèn sampeyan ngombèni menda kula. Nabi Musa banjur tut buri bocah wadon mau. Barêng têkan ing ngomahe bapakne aran Nabi Sungèb, Nabi Musa banjur ngandharake lêlakone, wiwitan têkan ing wêkasan. Nabi Sungèb banjur pitutur: Enggèr, kowe aja kuwatir, Allah mêsthi paring salamêt marang kowe saka pialane wong kaphir nganiaya.
قَالَتْ اِحْدٰىهُمَا يٰٓاَبَتِ اسْتَأْجِرْهُ ۖاِنَّ خَيْرَ مَنِ اسْتَأْجَرْتَ الْقَوِيُّ الْاَمِيْنُ٢٦
Qālat iḥdāhumā yā abatista'jirh(u), inna khaira manista'jartal-qawiyyul-amīn(u).
[26]
Bocah wadon loro mau kang siji matur marang bapakne: Dhuh bapak, Nabi Musa punika mugi sampeyan dadosakên Pangeran kemawon, awit punika prayogi, gagah prakosa tur mitadosi.
قَالَ اِنِّيْٓ اُرِيْدُ اَنْ اُنْكِحَكَ اِحْدَى ابْنَتَيَّ هٰتَيْنِ عَلٰٓى اَنْ تَأْجُرَنِيْ ثَمٰنِيَ حِجَجٍۚ فَاِنْ اَتْمَمْتَ عَشْرًا فَمِنْ عِنْدِكَۚ وَمَآ اُرِيْدُ اَنْ اَشُقَّ عَلَيْكَۗ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٢٧
Qāla innī urīdu an unkiḥaka iḥdabnatayya hātaini ‘alā an ta'juranī ṡamāniya ḥijaj(in), fa'in atmamta ‘asyran famin ‘indik(a), wa mā urīdu an asyuqqa ‘alaik(a), satajidunī in syā'allāhu minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[27]
Nabi Sungèb mituruti, têmbunge marang Nabi Musa: He Nabi Musa, anakku wadon loro iki salah sijine bakal tak dhaupake lan kowe, nanging kowe kudu dadi pangonku dhisik, lawase wolung taun, dene yèn kowe gêlêm nutugake nganti sapuluh taun saka karêpmu dhewe, iya bangêt trimaku, aku ora nêja gawe rêkasamu, mara ta lakonana, mênawa diparêngake dening Allah, ing têmbe kowe bakal wêruh bêcik kadadiane.
قَالَ ذٰلِكَ بَيْنِيْ وَبَيْنَكَۗ اَيَّمَا الْاَجَلَيْنِ قَضَيْتُ فَلَا عُدْوَانَ عَلَيَّ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى مَا نَقُوْلُ وَكِيْلٌ ࣖ٢٨
Qāla żālika bainī wa bainak(a), ayyamal-ajalaini qaḍaitu falā ‘udwāna ‘alayy(a), wallāhu ‘alā mā naqūlu wakīl(un).
[28]
Nabi Musa mangsuli: Makatên punika prajanjian sampeyan kalihan kula, wondene wêwangên sampeyan kalih warni, wolung taun kalihan sadasa taun wau, salah satunggalipun, kula botên badhe awrat anglampahi. Allah ingkang nguningani kasagahan kula punika.
۞ فَلَمَّا قَضٰى مُوْسَى الْاَجَلَ وَسَارَ بِاَهْلِهٖٓ اٰنَسَ مِنْ جَانِبِ الطُّوْرِ نَارًاۗ قَالَ لِاَهْلِهِ امْكُثُوْٓا اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِخَبَرٍ اَوْ جَذْوَةٍ مِّنَ النَّارِ لَعَلَّكُمْ تَصْطَلُوْنَ٢٩
Falammā qaḍā mūsal-ajala wa sāra bi'ahlihī ānasa min jānibiṭ-ṭūri nārā(n), qāla li'ahlihimkuṡū innī ānastu nāral la‘allī ātīkum minhā bikhabarin au jażwatim minan-nāri la‘allakum taṣṭalūn(a).
[29]
Barêng Nabi Musa ênggone nglakoni dadi pangon wis pundhat wêwangêne, (banjur didhaupake lan anake Nabi Sungèb kang ênom, aran Sapurah, barêng wis antara lawas) Nabi Musa mangkat mulih mênyang nagara Mêsir sarimbitan lan rabine. Kocapa, ana ing dalan ing wayah wêngi kang pêtêng, Nabi Musa andêlêng ing gunung Tursina ana gêni murub. Banjur calathu marang rabine, kowe anaa ing kene bae, aku arêp marani gêni kae, bokmênawi baliku olèh pituduh dalan utawa bisa anggawa oobor[4] supaya kêna koênggo totor.
فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ مِنْ شَاطِئِ الْوَادِ الْاَيْمَنِ فِى الْبُقْعَةِ الْمُبٰرَكَةِ مِنَ الشَّجَرَةِ اَنْ يّٰمُوْسٰىٓ اِنِّيْٓ اَنَا اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٣٠
Falammā atāhā nūdiya min syāṭi'il wādil aimani fil buq‘atil mubārakati minasy syajarati ay yā mūsā innī anallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[30]
Barêng wis têkan ing panggonaning gêni, katêrangane kang murub mau kêkayon ijo [i..jo] lan sêgêr, ana ing palêmahan kang binarkahan dening Allah, prênah pinggiring jurang kang ana têngêne Nabi Musa. Ing kono Nabi Musa tămpa dhawuh pangandikaning Allah, saka ing gêni mau, pangandikane: He Musa, satêmêne Ingsun iki Allah Pangerane wong sajagad.
وَاَنْ اَلْقِ عَصَاكَ ۗفَلَمَّا رَاٰهَا تَهْتَزُّ كَاَنَّهَا جَاۤنٌّ وَّلّٰى مُدْبِرًا وَّلَمْ يُعَقِّبْۗ يٰمُوْسٰىٓ اَقْبِلْ وَلَا تَخَفْۗ اِنَّكَ مِنَ الْاٰمِنِيْنَ٣١
Wa alqi ‘aṣāk(a), falammā ra'āhā tahtazzu ka'annahā jānnuw wallā mudbiraw wa lam yu‘aqqib, yā mūsā aqbil wa lā takhaf, innaka minal-āminīn(a).
[31]
31. Têkênira iku sira uncalna. Nabi Musa banjur nguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula gêdhe, lakune rikat kaya ula cilik. Barêng Nabi Musa wêruh, banjur mungkur mlayu tanpa nolih. Nabi Musa nuli ditimbali ing Allah: He Musa, sira madhêpa lan aja wêdi, sira ora bakal kêna pialaning ula.
اُسْلُكْ يَدَكَ فِيْ جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ ۖوَّاضْمُمْ اِلَيْكَ جَنَاحَكَ مِنَ الرَّهْبِ فَذٰنِكَ بُرْهَانٰنِ مِنْ رَّبِّكَ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٣٢
Usluk yadaka fī jaibika takhruj baiḍā'a min gairi sū'(in), waḍmum ilaika janāḥaka minar-rahbi fażānika burhānāni mir rabbika ilā fir‘auna wa mala'ih(ī), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[32]
32. Epèk-èpèkira sira lêbokna ing kulambinira, nuli sira wêtokna, (Nabi Musa nuli nglêbokake èpèk-èpèke ing kulambine, barêng diwêtokake) èpèk-èpèke Nabi Musa malih warna putih dudu putihing bêlang, (nanging mancorong ambalêrêngi, ngungkuli srêngenge) mênawa sira wêdi kaananing tanganira, nuli sira lêbokna ing kulambinira manèh, mêsthi bali kaya mau-maune. Loro iku padha tăndha yêkti saka Allah Pangeranira, kanggo wêwaton nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon sapunggawane (saiki sira mangkata, nyurup-nyurupna Raja Phirngon sapunggawane) awit kabèh iku padha wong duraka kaphir.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ قَتَلْتُ مِنْهُمْ نَفْسًا فَاَخَافُ اَنْ يَّقْتُلُوْنِ٣٣
Qāla rabbi innī qataltu minhum nafsan fa'akhāfu ay yaqtulūn(i).
[33]
Nabi Musa munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sampun mêjahi tiyang Kibti, panunggilanipun wadya Raja Phirngon, mila kawula kuwatos mênawi Raja Phirngon lajêng mêjahi dhatêng kawula.
وَاَخِيْ هٰرُوْنُ هُوَ اَفْصَحُ مِنِّيْ لِسَانًا فَاَرْسِلْهُ مَعِيَ رِدْءًا يُّصَدِّقُنِيْٓ ۖاِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّكَذِّبُوْنِ٣٤
Wa akhī hārūnu huwa afṣaḥu minnī lisānan fa'arsilhu ma‘iya rid'ay yuṣaddiqunī, innī akhāfu ay yukażżibūn(i).
[34]
Kakang kawula pun Harun punika langkung tètèh patitis wicantênipun, ngungkuli kawula, mila mugi wontêna karsa Tuwan ngutus pun Harun wau dados kănca [kă....nca] kawula, supados nêksèni yèn kawula têmên dados utusan Tuwan, awit kawula kuwatos bokmênawi Raja Phirngon maibên dhumatêng kawula.
قَالَ سَنَشُدُّ عَضُدَكَ بِاَخِيْكَ وَنَجْعَلُ لَكُمَا سُلْطٰنًا فَلَا يَصِلُوْنَ اِلَيْكُمَا ۛبِاٰيٰتِنَا ۛ اَنْتُمَا وَمَنِ اتَّبَعَكُمَا الْغٰلِبُوْنَ٣٥
Qāla sanasyuddu ‘aḍudaka bi'akhīka wa naj‘alu lakumā sulṭānan falā yaṣilūna ilaikumā - bi'āyātinā - antumā wa manittaba‘akumal-gālibūn(a).
[35]
Allah ngandika: Lêngênira bakal Ingsun santosakake sarana biyantune kakangira Harun, lan sira wong loro lan Harun, Ingsun paringi prabawa, dadi pialane Raja Phirngon sabalane ora bisa tumama marang sira wong loro, marga dening mukjijat tăndha yêkti saka Ingsun. Sira lan wong kang padha manut marang sira, iku kabèh padha mênang.
فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ مُّوْسٰى بِاٰيٰتِنَا بَيِّنٰتٍ قَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّفْتَرًىۙ وَّمَا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِيْٓ اٰبَاۤىِٕنَا الْاَوَّلِيْنَ٣٦
Falammā jā'ahum mūsā bi'āyātinā bayyinātin qālū mā hāżā illā siḥrum muftarā(n), wa mā sami‘nā bihāżā fī ābā'inal-awwalīn(a).
[36]
Barêng Nabi Musa wis têkan ing pasewakane Raja Phirngon, mratelakake ênggone diutus ing Allah lan anggêlarake mukjijat kaelokan, minăngka tăndha yêkti, Raja Phirngon sapunggawane padha ngucap: Kaelokan iki ora liya sikhir, diawadake tăndha yêkti saka [sa...ka] Allah. Aku ora krungu caritane yèn para lêluhurku biyèn padha didhawuhi nyêmbah ing Allah kaya kandhane Nabi Musa iki.
وَقَالَ مُوْسٰى رَبِّيْٓ اَعْلَمُ بِمَنْ جَاۤءَ بِالْهُدٰى مِنْ عِنْدِهٖ وَمَنْ تَكُوْنُ لَهٗ عَاقِبَةُ الدَّارِۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ٣٧
Wa qāla mūsā rabbī a‘lamu biman jā'a bil-hudā min ‘indihī wa man takūnu lahū ‘āqibatud-dār(i), innahū lā yufliḥuẓ-ẓālimūn(a).
[37]
Nabi Musa mangsuli: Pangeran kula tamtu nguningani dhumatêng tiyang ingkang ngundhangakên pitêdah lêrês, têrang saking Allah, sarta dhumatêng tiyang ingkang benjing wontên ing akhirat angsal pangalêmbana. Tiyang kaphir tamtu botên sagêd bêgja.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَاُ مَا عَلِمْتُ لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرِيْۚ فَاَوْقِدْ لِيْ يٰهَامٰنُ عَلَى الطِّيْنِ فَاجْعَلْ لِّيْ صَرْحًا لَّعَلِّيْٓ اَطَّلِعُ اِلٰٓى اِلٰهِ مُوْسٰىۙ وَاِنِّيْ لَاَظُنُّهٗ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٣٨
Wa qāla fir‘aunu yā ayyuhal-mala'u mā ‘alimtu lakum min ilāhin gairī, fa'auqid lī yā hāmānu ‘alaṭ-ṭīni faj‘al lī ṣarḥal la‘allī aṭṭali‘u ilā ilāhi mūsā, wa innī la'aẓunnuhū minal-kāżibīn(a).
[38]
Raja Phirngon dhawuh: He para punggawa, aku ora wêruh yèn kowe duwe Pangeran liyane aku. He Aman, saiki parentaha gawe bata. Aku yasakna panggung kang luwih dening dhuwur, supaya aku bisa wêruh marang Pangerane Nabi Musa, satêmêne panêmuku, kandhane Nabi Musa iku kabèh goroh.
وَاسْتَكْبَرَ هُوَ وَجُنُوْدُهٗ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ اِلَيْنَا لَا يُرْجَعُوْنَ٣٩
Wastakbara huwa wa judūduhū fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa ẓannū annahum ilainā lā yurja‘ūn(a).
[39]
Raja Phirngon sabalane padha gumêdhe ana ing bumi Mêsir, tur dudu bênêre gêdhe. Pangrasane: Ing têmbe ora [o...ra] bakal dibalèkake marang ngarsaningsun, ditimbang ala lan bêcike.
فَاَخَذْنٰهُ وَجُنُوْدَهٗ فَنَبَذْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ ۚفَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظّٰلِمِيْنَ٤٠
Fa'akhażnāhu wa junūdahū fanabażnāhum fil-yamm(i), fanẓur kaifa kāna ‘āqibatuẓ-ẓālimīn(a).
[40]
Mulane ing wêkasan, Raja Phirngon sabalane mau Ingsun tumpês sarana Ingsun tungkêpi banyu ana ing sagara Kuljum. Mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kang padha duraka kaphir.
وَجَعَلْنٰهُمْ اَىِٕمَّةً يَّدْعُوْنَ اِلَى النَّارِۚ وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ لَا يُنْصَرُوْنَ٤١
Wa ja‘alnāhum a'immatay yad‘ūna ilan-nār(i), wa yaumal-qiyāmati lā yunṣarūn(a).
[41]
Raja Phirngon sabalane mau padha Ingsun dadèkake pangarêp kang nuntun wong malêbu ing naraka. Ing besuk dina kiyamat, ora pisan olèh pitulung.
وَاَتْبَعْنٰهُمْ فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ هُمْ مِّنَ الْمَقْبُوْحِيْنَ ࣖ٤٢
Wa atba‘nāhum fī hāżihid-dun-yā la‘nah(tan), wa yaumal-qiyāmati hum minal-maqbūḥīn(a).
[42]
Sajrone ana ing dunya iki, Raja Phirngon sabalane wong kaphir kabèh, padha Ingsun tungkêpi siksa, dene besuk dina kiyamat, padha Ingsun dokoki têtêngêr ala.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ مِنْۢ بَعْدِ مَآ اَهْلَكْنَا الْقُرُوْنَ الْاُوْلٰى بَصَاۤىِٕرَ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَّرَحْمَةً لَّعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٤٣
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba mim ba‘di mā ahlaknal-qurūnal ūlā baṣā'ira lin-nāsi wa hudaw wa raḥmatal la‘allahum yatażakkarūn(a).
[43]
Sawise Ingsun numpês para umat kang kuna-kuna, (kaya ta para umate Nabi Nuh, wong Ngad, wong Samud lan liya-liyane) kanggo lupiya ditonton ing wong akèh, supaya padha olèha pituduh bênêr, lan minăngka rahmat marang wong kang padha pracaya ing Allah, Ingsun banjur maringi Kitab Torèt marang Nabi Musa, supaya para umate padha elinga lan ngrasak-ngrasakake sakèhing pitutur kang kasêbut ing Kitab Torèt mau.
وَمَا كُنْتَ بِجَانِبِ الْغَرْبِيِّ اِذْ قَضَيْنَآ اِلٰى مُوْسَى الْاَمْرَ وَمَا كُنْتَ مِنَ الشّٰهِدِيْنَ ۙ٤٤
Wa mā kunta bijānibil-garbiyyi iż qaḍainā ilā mūsal-amra wa mā kunta minasy-syāhidīn(a).
[44]
(He Mukhammad) nalikane Ingsun imbal pangandika lan Nabi Musa ana ing gunung Tursina, ênggone Nabi Musa Ingsun piji dadi utusaningsun, dhèk samana sira ora ana ing kulone Nabi Musa, lan ora manoni ênggon Ingsun imbal pangandika mau.
وَلٰكِنَّآ اَنْشَأْنَا قُرُوْنًا فَتَطَاوَلَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُۚ وَمَا كُنْتَ ثَاوِيًا فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ تَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۙ وَلٰكِنَّا كُنَّا مُرْسِلِيْنَ٤٥
Wa lākinnā ansya'nā qurūnan fataṭāwala ‘alaihimul-‘umur(u), wa mā kunta ṡāwiyan fī ahli madyana tatlū ‘alaihim āyātinā, wa lākinnā kunnā mursilīn(a).
[45]
Sapungkure Nabi Musa, Ingsun nitahake manungsa pirang-pirang kang padha dawa ngumure, nganti pirang-pirang atus taun lawase. Mangkono manèh sira ora omah têtanggan lan wong ing Madyan, ing panggonane Nabi Sungèb biyèn, puruita marang wong ing kono bab carita lêlakone Nabi Sungèb, (murwate sira ora wêruh lêlakone Nabi Musa lan Nabi Sungèb mau), ewadene sarèhne Ingsun ngutus marang sira, dadi sira Ingsun wêruhake carita lêlakone Nabi Musa lan Nabi Sungèb mau.
وَمَا كُنْتَ بِجَانِبِ الطُّوْرِ اِذْ نَادَيْنَا وَلٰكِنْ رَّحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اَتٰىهُمْ مِّنْ نَّذِيْرٍ مِّنْ قَبْلِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٤٦
Wa mā kunta bijānibiṭ-ṭūri iż nādainā wa lākir raḥmatam mir rabbika litunżira qaumam mā atāhum min nażīrim min qablika la‘allahum yatażakkarūn(a).
[46]
Mangkono uga nalikane Nabi Musa Ingsun timbali nampani Kitab Torèt ana ing gunung Tursina, sira iya ora ana ing gunung kono, ewadene sira Ingsun wêruhake caritane, minăngka rahmat saka Pangeranira, supaya sira ênggo mêmulang marang wong ing Mêkah sapungkure Nabi Ngisa, bokmênawa padha ngèstokake parentah Ingsun.
وَلَوْلَآ اَنْ تُصِيْبَهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ فَيَقُوْلُوْا رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ وَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa lau lā an tuṣībahum muṣībatum bimā qaddamat aidīhim fayaqūlū rabbanā lau lā arsalta ilainā rasūlan fanattabi‘a āyātika wa nakūna minal-mu'minīn(a).
[47]
Lan supaya wong kaphir ing Mêkah mau mênawa ing têmbe tinêmpuh ing siksa marga saka kaluputan kang wis dijarag dhewe, aja nganti sêsambat mangkene: Dhuh Allah, kenging punapa Tuwan têka botên karsa utusan Rasul anyêrêp-nyêrêpakên dhumatêng kawula. Upami Tuwan karsa utusan, kawula tamtu ngèstokakên dhawuh Tuwan, sarta kawula [ka...wula] lajêng sami pitados ing Tuwan.
فَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوْا لَوْلَآ اُوْتِيَ مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ مُوْسٰىۗ اَوَلَمْ يَكْفُرُوْا بِمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى مِنْ قَبْلُۚ قَالُوْا سِحْرٰنِ تَظٰهَرَاۗ وَقَالُوْٓا اِنَّا بِكُلٍّ كٰفِرُوْنَ٤٨
Falammā jā'ahumul-ḥaqqu min ‘indinā qālū lau lā ūtiya miṡla mā ūtiya mūsā, awalam yakfurū bimā ūtiya mūsā min qabl(u), qālū siḥrāni taẓāharā, wa qālū innā bikullin kāfirūn(a).
[48]
Barêng wong kaphir ing Mêkah katêkan utusan kang nyata têrang saka Ingsun, banjur padha madoni: Kenging punapa Nabi Mukhammad botên dipun paringi dening Allah kados pêparingipun dhatêng Nabi Musa rumiyin. (He Mukhammad, sira mangsulana): Wong kaphir apa ora maido marang dhawuhe Nabi Musa biyèn, malah saiki padha ngucap: Kuran lan Torèt iku loro pisan sikhir kabèh kang padha sabiyantu. Mulane loro pisan aku maido.
قُلْ فَأْتُوْا بِكِتٰبٍ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ هُوَ اَهْدٰى مِنْهُمَآ اَتَّبِعْهُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٩
Qul fa'tū bikitābim min ‘indillāhi huwa ahdā minhumā attabi‘hu in kuntum ṣādiqīn(a).
[49]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa pangucapmu iku têmên lan bênêr, mara nêkakna kitab kang têrang saka Allah, kang ngungkuli Kuran lan Torèt ênggone nuduhake dalan kaslamêtan, aku bakal manut.
فَاِنْ لَّمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَكَ فَاعْلَمْ اَنَّمَا يَتَّبِعُوْنَ اَهْوَاۤءَهُمْۗ وَمَنْ اَضَلُّ مِمَّنِ اتَّبَعَ هَوٰىهُ بِغَيْرِ هُدًى مِّنَ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٥٠
Fa illam yastajībū laka fa‘lam annamā yattabi‘ūna ahwā'ahum, wa man aḍallu mimmanittaba‘a hawāhu bigairi hudam minallāh(i), innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[50]
Mênawa wong kaphir ing Mêkah ora bisa ngarani kang dadi panjalukira, iku sira [si...ra] wêruha yèn wong kaphir ing Mêkah mau satêmêne mung bêrkunung nuruti karêpe dhewe bae. Ora ana wong kêsasar bangêt ngungkuli wong kang bêrkunung nuruti karêpe dhewe, tanpa pituduh saka ing Allah. Satêmêne Allah ora karsa paring pituduh dalan kaslamêtan marang para wong kaphir.
۞ وَلَقَدْ وَصَّلْنَا لَهُمُ الْقَوْلَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ ۗ٥١
Wa laqad waṣṣalnā lahumul-qaula la‘allahum yatażakkarūn(a).
[51]
Ingsun wis nêrang-nêrangake Kuran pangandikaningsun marang para wong kaphir ing Mêkah kabèh, supaya padha ngèstokake marang Ingsun.
اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِهٖ هُمْ بِهٖ يُؤْمِنُوْنَ٥٢
Allażīna ātaināhumul-kitāba min qablihī hum bihī yu'minūn(a).
[52]
(He Mukhammad) wong kang padha Ingsun paringi cêcêkêlan kitab kuna, (iya iku Ngabdullah anake Salam, sakancane wong patang puluh) kang saiki banjur padha pracaya lan ngèstokake dhawuhing Kuran.
وَاِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِهٖٓ اِنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّنَآ اِنَّا كُنَّا مِنْ قَبْلِهٖ مُسْلِمِيْنَ٥٣
Wa iżā yutlā ‘alaihim qālū āmannā bihī innahul-ḥaqqu mir rabbinā innā kunnā min qablihī muslimīn(a).
[53]
Lan nalika diwacakake Kuran, banjur padha ngucap: Kula pitados sarta ngèstokakên dhatêng Kuran, awit Kuran punika nyata, têrang saking Allah Pangeran kula, malah sadèrèngipun Kuran punika dhumawuh, kula sampun pitados dhatêng Kuran, (awit sampun dipun wêca wontên ing kitab cacêpêngan kula).
اُولٰۤىِٕكَ يُؤْتَوْنَ اَجْرَهُمْ مَّرَّتَيْنِ بِمَا صَبَرُوْا وَيَدْرَءُوْنَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ٥٤
Ulā'ika yu'tauna ajrahum marrataini bimā ṣabarū wa yadra'ūna bil-ḥasanatis-sayyi'ata wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[54]
Ngabdullah anake Salam sakancane wong patang puluh mau, mêsthi padha diparingi ganjaran rong prakara, (kang siji ganjaran ênggone pracaya marang cêcêkêlane kitab lawas, sijine ganjaran ênggone pracaya marang Kuran) mulane padha diganjar rong prakara mau, awit ênggone padha têguh atine, ngèstokake kitab loro mau, lan padha nyirnakake alane kalawan kabêcikan, apadene padha mèwèhake rijêki pêparing Ingsun, marang kancane padha wong Islam.
وَاِذَا سَمِعُوا اللَّغْوَ اَعْرَضُوْا عَنْهُ وَقَالُوْا لَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْ ۖسَلٰمٌ عَلَيْكُمْ ۖ لَا نَبْتَغِى الْجٰهِلِيْنَ٥٥
Wa iżā sami‘ul-lagwa a‘raḍū ‘anhu wa qālū lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, salāmun ‘alaikum, lā nabtagil-jāhilīn(a).
[55]
Lan manèh wong patang puluh mau mênawa krungu unèn-unèn ala saka wong kaphir, pisuh sapêpadhane, padha malengos, pangucape: Lakuku bakal makolèhi marang aku dhewe, dene lakumu, kadadiane iya bakal tumrap marang kowe. Aku lan kowe andum salamêt bae, aku suthik kêkancan lan wong bodho, ora wêruh marang agama kang bênêr.
اِنَّكَ لَا تَهْدِيْ مَنْ اَحْبَبْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ٥٦
Innaka lā tahdī man aḥbabta wa lākinnallāha yahdī may yasyā'(u), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[56]
56. (He Mukhammad) sira măngsa bisa anuduhake dalan kaslamêtan marang wong kang sira dhêmêni, nanging Allah kang kawasa paring pituduh dalan kaslamêtan marang wong kang dadi parênging karsane. Allah mêsthi nguningani marang wong kang gêlêm nampani pituduhing Allah.
وَقَالُوْٓا اِنْ نَّتَّبِعِ الْهُدٰى مَعَكَ نُتَخَطَّفْ مِنْ اَرْضِنَاۗ اَوَلَمْ نُمَكِّنْ لَّهُمْ حَرَمًا اٰمِنًا يُّجْبٰٓى اِلَيْهِ ثَمَرٰتُ كُلِّ شَيْءٍ رِّزْقًا مِّنْ لَّدُنَّا وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٧
Wa qālū in natabi‘il-hudā ma‘aka nutakhaṭṭaf min arḍinā, awalam numakkil lahum ḥaraman āminay yujbā ilaihi ṡamarātu kulli syai'ir rizqam mil ladunnā wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[57]
Para turune Kurès padha ngucap: He Nabi Mukhammad (kula sumêrêp sayêktos yèn sampeyan punika sanyata utusaning Allah, sarta agama Islam ingkang sampeyan gêlarakên punika nyata têrang saking Allah, ananging) manawi [mana..wi] kula manut pitêdahing agama Islam wau kula kuwatos, botên wande kula dipun cuthat dening tiyang Ngarab saking nagari Mêkah ngriki, (pangandikaning Allah): Turuning Kurès apa ora wis Ingsun wênangake manggon ana ing Mêkah bumi kharam kalawan têntrêm, ora ana pangarubiru. Pira-pira wowohan kang warna-warna padha têka marang Mêkah, minăngka pêparing Ingsun rijêki, ewadene wong Kurès kang akèh padha ora wêruh kang mangkono mau.
وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ ۢ بَطِرَتْ مَعِيْشَتَهَا ۚفَتِلْكَ مَسٰكِنُهُمْ لَمْ تُسْكَنْ مِّنْۢ بَعْدِهِمْ اِلَّا قَلِيْلًاۗ وَكُنَّا نَحْنُ الْوٰرِثِيْنَ٥٨
Wa kam ahlaknā min qaryatim baṭirat ma‘īsyatahā, fatilka masākinuhum lam tuskam mim ba‘dihim illā qalīlā(n), wa kunnā naḥnul-wāriṡīn(a).
[58]
58. Pira bae kèhe wong padesan kang padha kumêd, ora pisan sukur ing Allah ênggone diparingi sugih băndha. Wong dalah desane Ingsun rusak. Dene patilasane saprene isih. Sapungkure si kumêd mau ora ana wong gêlêm manggon ing kono, kajaba mung kanggo palèrènane wong malaku sawatara suwene. Dene panggonan mau ing saiki aku iya olèh warisan milu lèrèn ana ing kono.
وَمَا كَانَ رَبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرٰى حَتّٰى يَبْعَثَ فِيْٓ اُمِّهَا رَسُوْلًا يَّتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۚ وَمَا كُنَّا مُهْلِكِى الْقُرٰىٓ اِلَّا وَاَهْلُهَا ظٰلِمُوْنَ٥٩
Wa mā kāna rabbuka muhlikal-qurā ḥattā yab‘aṡa fī ummihā rasūlay yatlū ‘alaihim āyātinā, wa mā kunnā muhlikil-qurā illā wa ahluhā ẓālimūn(a).
[59]
Pangeranira ora karsa numpês wong ing padesan marga saka dosane, kajaba yèn wis ngutus rasul ana ing baboning desa mau, ngundhangake dhawuh Ingsun marang wong-wong ing desa kono, kang măngka wong ing kono ora praduli. Ingsun ora karsa numpês wong ing padesan, kajaba yèn wong ing kono padha duraka, maido marang utusan Ingsun.
وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَزِيْنَتُهَا ۚوَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ٦٠
Wa mā ūtītum min syai'in famatā‘ul-ḥayātid-dun-yā wa zīnatuhā, wa mā ‘indallāhi khairuw wa abqā, afalā ta‘qilūn(a).
[60]
Sadhengah kabungahan kang diparingake marang sira, iku ora liya kabungahan lan rêrênggan ing dunya, kang mung sawatara suwene banjur sirna. Dene ganjaran ana ngarsaning Allah, iku luwih bêcik tur langgêng. Apa sira ngêrti yèn barang kang langgêng iku luwih bêcik, ngungkuli barang kang bakal sirna.
اَفَمَنْ وَّعَدْنٰهُ وَعْدًا حَسَنًا فَهُوَ لَاقِيْهِ كَمَنْ مَّتَّعْنٰهُ مَتَاعَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ثُمَّ هُوَ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ مِنَ الْمُحْضَرِيْنَ٦١
Afamaw wa‘adnāhu wa‘dan ḥasanan fahuwa lāqīhi kamam matta‘nāhu matā‘al-ḥayātid-dun-yā ṡumma huwa yaumal-qiyāmati minal-muḥḍarīn(a).
[61]
Wong kang Ingsun paringi prasêtya, bêcik bakal ginanjar suwarga, iku mêsthi kalêksanan olèh ganjaran suwarga têmênan. Apa iku padha bae lan wong kang Ingsun [Ing...sun] lulu, Ingsun paringi kabungahan ing dunya, ing besuk ana ing akhirat bakal padha dicêmplungake ing naraka.
وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ فَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ٦٢
Wa yauma yunādīhim fayaqūlu aina syurakā'iyal-lażīna kuntum taz‘umūn(a).
[62]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah malèh-malèh marang para wong maro tingal, pangandikane: Endi rupane brahala kang padha sira anggêp dadi têtimbangan Ingsun.
قَالَ الَّذِيْنَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَغْوَيْنَاۚ اَغْوَيْنٰهُمْ كَمَا غَوَيْنَاۚ تَبَرَّأْنَآ اِلَيْكَ مَا كَانُوْٓا اِيَّانَا يَعْبُدُوْنَ٦٣
Wa qālal-lażīna ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu rabbanā hā'ulā'il-lażīna agwainā, agwaināhum kamā gawainā, tabarra'nā ilaika mā kānū iyyānā ya‘budūn(a).
[63]
63. Para pangarêpe wong kaphir kang wis padha dipancas dening pangandikaning Allah malêbu ing naraka, padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, para tiyang kaphir punika tiyang ingkang sami kawula sasarakên rumiyin. Kêsasaripun sami kemawon kalihan kêsasar kawula, sapunika kawula wisuh, awit para tiyang kaphir punika botên namung manut dhumatêng kawula, sajatinipun manut dhatêng manahipun piyambak-piyambak.
وَقِيْلَ ادْعُوْا شُرَكَاۤءَكُمْ فَدَعَوْهُمْ فَلَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهُمْ ۗوَرَاَوُا الْعَذَابَۚ لَوْ اَنَّهُمْ كَانُوْا يَهْتَدُوْنَ٦٤
Wa qīlad‘ū syurakā'akum fada‘auhum falam yastajībū lahum wa ra'awul-‘ażāb(a), lau annahum kānū yahtadūn(a).
[64]
64. Wong kaphir padha didhawuhi dening malaikat: Mara padha ngundanga brahala [braha..la] kang padha kosêmbah biyèn, koênggo maro tingal ênggonmu mangeran marang Allah, supaya murungna ênggonmu bakal padha disiksa. Wong kaphir banjur padha ngundang brahalane, nanging brahalane padha ora mangsuli apa-apa. Wong kaphir padha andêlêng siksa naraka, êntèk atine. Upama wong kaphir mau nalika ana ing dunya manut pituduh agama Islam, mêsthi ora andêlêng siksa naraka.
وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ فَيَقُوْلُ مَاذَآ اَجَبْتُمُ الْمُرْسَلِيْنَ٦٥
Wa yauma yunādīhim fayaqūlu māżā ajabtumul-mursalīn(a).
[65]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah andangu marang para wong kaphir, pangandikane: Kapriye aturira nalika sira didhawuhi dening para rasul.
فَعَمِيَتْ عَلَيْهِمُ الْاَنْۢبَاۤءُ يَوْمَىِٕذٍ فَهُمْ لَا يَتَسَاۤءَلُوْنَ٦٦
Fa ‘amiyat ‘alaihimul-ambā'u yauma'iżin fahum lā yatasā'alūn(a).
[66]
Sanalika wong kaphir padha ilang pikire, ora bisa mangsuli pangandikaning Allah, lan ora bisa takon-tinakokan padha kancane.
فَاَمَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَعَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ٦٧
Fa ammā man tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa‘asā ay yakūna minal-mufliḥīn(a).
[67]
Dene wong kaphir kang banjur tobat nalika ana ing dunya, lan banjur pracaya [pra..caya] ing Allah, apadene banjur nglakoni panggawe bêcik, iku kêna diarêp-arêp, cêpak dadine wong bêgja.
وَرَبُّكَ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ وَيَخْتَارُ ۗمَا كَانَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ ۗسُبْحٰنَ اللّٰهِ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٨
Wa rabbuka yakhluqu mā yasyā'u wa yakhtār(u), mā kāna lahumul-khiyarah(tu), subḥānallāhi wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[68]
Allah Pangeranira iku gawe samubarang kang dadi parênging karsane, lan milih wong kang dadi parênging karsane, dikarsakake sêtya tuhu ngabêkti ing Allah, para kawula ora bisa duwe pamilih apa-apa kang nganti kalêksanan, kajaba kalawan parênging Allah. Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kang maro tingal.
وَرَبُّكَ يَعْلَمُ مَا تُكِنُّ صُدُوْرُهُمْ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٦٩
Wa rabbuka ya‘lamu mā tukinnu ṣudūruhum wa mā yu‘linūn(a).
[69]
Pangeranira nguningani samubarang kang mung dibatin ana sajroning ati dening wong kaphir, lan barang kang kawêtu ing pangucape.
وَهُوَ اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗ لَهُ الْحَمْدُ فِى الْاُوْلٰى وَالْاٰخِرَةِ ۖوَلَهُ الْحُكْمُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٧٠
Wa huwallāhu lā ilāha illā huw(a), lahul-ḥamdu fil-ūlā wal-ākhirah(ti), wa lahul-ḥukmu wa ilaihi turja‘ūn(a).
[70]
Iya iku Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, sakèhing puji ana ing dunya lan ana ing akhirat, iku kabèh konjuk ing Allah. Allah iku kawasa mancas [manca.s] prakaraning para kawula kabèh. Ing têmbe para kawula mau diimpun marang ngarsaning Allah.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ جَعَلَ اللّٰهُ عَلَيْكُمُ الَّيْلَ سَرْمَدًا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِضِيَاۤءٍ ۗ اَفَلَا تَسْمَعُوْنَ٧١
Qul ara'aitum in ja‘alallāhu ‘alaikumul-laila sarmadan ilā yaumil-qiyāmati man ilāhun gairullāhi ya'tīkum biḍiyā'(in), afalā tasma‘ūn(a).
[71]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye, upama kaparênging Allah măngsa iki digawe awan kabèh ing salawas-lawase, nganti têkan dina kiyamat, tanpa ana wêngine. Sapa Pangeran kang bisa nêkakake wêngi, kang bakal koênggo palerenan, kajaba mung Allah. Apa kowe ora padha rumasa ing kaluputanmu ênggonmu padha maro tingal.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ جَعَلَ اللّٰهُ عَلَيْكُمُ النَّهَارَ سَرْمَدًا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِلَيْلٍ تَسْكُنُوْنَ فِيْهِ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ٧٢
Qul ara'aitum in ja‘alallāhu ‘alaikumun-nahāra sarmadan ilā yaumil-qiyāmati man ilāhun gairullāhi ya'tīkum bilailin taskunūna fīh(i), afalā tubṣirūn(a).
[72]
وَمِنْ رَّحْمَتِهٖ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa mir raḥmatihī ja‘ala lakumul-laila wan-nahāra litaskunū fīhi wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[73]
Allah gawe rina lan wêngi agênta-gênti, kabèh mau migunani marang kowe, supaya wêngi mau koênggo palerenan, lan rina mau koênggo mangsane ngupajiwa ngupaya sih pêparinging Allah, lan supaya kowe padha sukur ing Allah marang kowe.
وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ فَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ٧٤
Wa yauma yunādīhim fayaqūlu aina syurakā'iyal-lażīna kuntum taz‘umūn(a).
[74]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah nimbali para wong kaphir, banjur padha didangu: Endi rupane brahala kang padha sira adêgake Pangeran, sira kira bakal têtulung marang sira.
وَنَزَعْنَا مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا فَقُلْنَا هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ فَعَلِمُوْٓا اَنَّ الْحَقَّ لِلّٰهِ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ٧٥
Wa naza‘nā min kulli ummatin syahīdan faqulnā hātū burhānakum fa‘alimū annal-ḥaqqa lillāhi wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[75]
Ingsun banjur ngajokake para nabi, padha ngaturake umate dhewe-dhewe, kang manut lan kang ora manut. Ingsun banjur andangu marang para wong kaphir êndi tăndha yêktine yèn bênêr ênggonira maro tingal, lan ênggonira padha ambangkang parentahing rasul. Ing kono wong kaphir banjur padha wêruh yèn sêsêmbahan kang bênêr iku mung Allah piyambak. Enggone padha gawe-gawe ngarani yèn Allah iku ana kang madhani, ing dina iku têtela cidra.
۞ اِنَّ قَارُوْنَ كَانَ مِنْ قَوْمِ مُوْسٰى فَبَغٰى عَلَيْهِمْ ۖوَاٰتَيْنٰهُ مِنَ الْكُنُوْزِ مَآ اِنَّ مَفَاتِحَهٗ لَتَنُوْۤاُ بِالْعُصْبَةِ اُولِى الْقُوَّةِ اِذْ قَالَ لَهٗ قَوْمُهٗ لَا تَفْرَحْ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْفَرِحِيْنَ٧٦
Inna qārūna kāna min qaumi mūsā fabagā ‘alaihim, wa ātaināhu minal-kunūzi mā inna mafātiḥahū latanū'u bil-‘uṣbati ulil-quwwah(ti), iż qāla lahū qaumuhū lā tafraḥ, innallāha lā yuḥibbul-fariḥīn(a).
[76]
Karun iku kalêbu umate Nabi Musa, malah isih prênah nak-sanak, anaking pamane Nabi Musa saka ing biyung. Karun mau gumêdhe, ngrèmèhake marang para umate Nabi Musa liya-liyane, [liya-liyane,] ngêndêl-êndêlake ênggone Ingsun paringi kasugihan kang tanpa upama, sogoking gêdhong bae saking dening akèhe, ora kêlar dipikul wong patang puluh kang padha rosa. Dhèk samana para umate Nabi Musa padha mituturi marang Karun: Sampeyan punika sampun têka bingah-bingah, awit Allah botên rêmên dhatêng tiyang ingkang kalimput ing kabingahan.
وَابْتَغِ فِيْمَآ اٰتٰىكَ اللّٰهُ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيْبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَاَحْسِنْ كَمَآ اَحْسَنَ اللّٰهُ اِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِى الْاَرْضِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ٧٧
Wabtagi fīmā ātākallāhud-dāral-ākhirata wa lā tansa naṣībaka minad-dun-yā wa aḥsin kama aḥsanallāhu ilaika wa lā tabgil-fasāda fil-arḍ(i), innallāha lā yuḥibbul-mufsidīn(a).
[77]
Pêparinging Allah kasugihan dhatêng sampeyan punika prayoginipun sampeyan angge ngangkah kabêgjan ing akhirat, (sarana kadamêl mitulungi tiyang ingkang sami kamlaratan) nanging inggih sampun ngantos ngapintêni dhatêng kabêtahan sampeyan piyambak, ing sacêkapipun. Sampeyan nyaenana para kawulaning Allah, kadosdene Allah anggènipun nyaèni dhatêng sampeyan, [sa....mpeyan,] lan sampun rêmên damêl risak, duraka wontên ing bumi, awit Allah botên rêmên dhatêng tiyang ingkang sami damêl risak.
قَالَ اِنَّمَآ اُوْتِيْتُهٗ عَلٰى عِلْمٍ عِنْدِيْۗ اَوَلَمْ يَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ قَدْ اَهْلَكَ مِنْ قَبْلِهٖ مِنَ الْقُرُوْنِ مَنْ هُوَ اَشَدُّ مِنْهُ قُوَّةً وَّاَكْثَرُ جَمْعًا ۗوَلَا يُسْـَٔلُ عَنْ ذُنُوْبِهِمُ الْمُجْرِمُوْنَ٧٨
Qāla innamā ūtītuhū ‘alā ‘ilmin ‘indī, awalam ya‘lam annallāha qad ahlaka min qablihī minal-qurūni man huwa asyaddu minhu quwwataw wa akṡaru jam‘ā(n), wa lā yus'alu ‘an żunūbihimul-mujrimūn(a).
[78]
Karun mangsuli: Enggonku diparingi kasugihan dening Allah samene iki, marga akèh kawruhku, dadi ora maligi pêparinging Allah. (Pangandikaning Allah): Karun mau apa ora wêruh caritane dhèk biyèn Allah wis tau numpês wong kang luwih dening santosa lan akèh kancane, ngungkuli Karun mau. Para wong kaphir wis ora susah ditakoni dosane, awit wis mêsthi malêbu ing naraka.
فَخَرَجَ عَلٰى قَوْمِهٖ فِيْ زِيْنَتِهٖ ۗقَالَ الَّذِيْنَ يُرِيْدُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا يٰلَيْتَ لَنَا مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ قَارُوْنُۙ اِنَّهٗ لَذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ٧٩
Fa kharaja ‘alā qaumihī fī zīnatih(ī), qālal-lażīna yurīdūnal-ḥayātad-dun-yā yā laita lanā miṡla mā ūtiya qārūn(u), innahū lażū ḥaẓẓin ‘aẓīm(in).
[79]
Ing sawiji dina Karun mêtu dolan-dolan, liwat ing omahe para umate Nabi Musa, ginarubyug ing wong akèh padha nganggo-anggo kang sarwa endah, ing kono para wong mukmin kang padha kapengin kabungahan ing dunya padha ngucap mangkene: Adhuh, bok aku [a...ku] iki diparing[5] dening Allah kaya pêparinge marang Karun iku. Karun iku têtela wong olèh panduman gêdhe.
وَقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ وَيْلَكُمْ ثَوَابُ اللّٰهِ خَيْرٌ لِّمَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ۚوَلَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الصّٰبِرُوْنَ٨٠
Wa qālal-lażīna ūtul-‘ilma wailakum ṡawābullāhi khairul liman āmana wa ‘amila ṣāliḥā(n), wa lā yulaqqāhā illaṣ-ṣābirūn(a).
[80]
Para umate Nabi Musa kang padha kadunungan kawruh padha mangsuli: He, cilaka têmên kowe. Wruhanamu, ganjaraning Allah marang wong kang pracaya marang sarirane, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku luwih dening endah, ngungkuli pêparinge marang Karun iku, ewadene ora ana wong kêlar nglakoni mangkono mau kajaba wong kang têguh atine ênggone nyingkiri duraka lan ênggone ngabêkti ing Allah.
فَخَسَفْنَا بِهٖ وَبِدَارِهِ الْاَرْضَ ۗفَمَا كَانَ لَهٗ مِنْ فِئَةٍ يَّنْصُرُوْنَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۖوَمَا كَانَ مِنَ الْمُنْتَصِرِيْنَ٨١
Fakhasafnā bihī wa bidārihil-arḍ(a), famā kāna lahū min fi'atiy yanṣurūnahū min dūnillāh(i), wa mā kāna minal-muntaṣirīn(a).
[81]
Saka karsaningsun, Karun mau dalah omahe lan bandhane diuntal ing bumi, mulane ora ana kang bisa nulungi marang Karun mau, kajaba mung Allah kang bisa nulungi. Dadi Karun mau, têtêp wong ora olèh pitulung.
وَاَصْبَحَ الَّذِيْنَ تَمَنَّوْا مَكَانَهٗ بِالْاَمْسِ يَقُوْلُوْنَ وَيْكَاَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُۚ لَوْلَآ اَنْ مَّنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَا لَخَسَفَ بِنَا ۗوَيْكَاَنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٢
Wa aṣbaḥal-lażīna tamannau makānahū bil-amsi yaqūlūna waika'annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdir(u), lau lā am mannallāhu ‘alainā lakhasafa binā, waika'annahū lā yufliḥul-kāfirūn(a).
[82]
Para wong kang maune padha kapengin [kape...ngin] sugih kaya Karun, padha gêtun, pangucape: Aku wêruh yèn Allah iku paring rijêki akèh marang kawulane kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang mung dicumpi bae. Upama aku ora diparingi pitulung dening Allah kadunungan iman, kaya-kaya aku milu diuntal ing bumi kaya Karun. Aku wêruh têmênan yèn para wong kaphir iku ora bakal bêgja.
تِلْكَ الدَّارُ الْاٰخِرَةُ نَجْعَلُهَا لِلَّذِيْنَ لَا يُرِيْدُوْنَ عُلُوًّا فِى الْاَرْضِ وَلَا فَسَادًا ۗوَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ٨٣
Tilkad-dārul-ākhiratu naj‘aluhā lil-lażīna lā yurīdūna ‘uluwwan fil-arḍi wa lā fasādā(n), wal-‘āqibatu lil-muttaqīn(a).
[83]
Kabêgjan ing akhirat iku Ingsun paringake marang wong kang ora kumudu luhur ana ing bumi, ngrèmèhake marang wong liyane, lan ora gawe rusak kalawan duraka. Dene wêkasan bêcik iku tinamtokake marang wong kang padha wêdi ing Allah.
مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ خَيْرٌ مِّنْهَاۚ وَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزَى الَّذِيْنَ عَمِلُوا السَّيِّاٰتِ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٨٤
Man jā'a bil-ḥasanati falahū khairum minhā, wa man jā'a bis-sayyi'ati falā yujzal-lażīna ‘amilus-sayyi'āti illā mā kānū ya‘malūn(a).
[84]
Sing sapa nglakoni panggawe bêcik, iku ganjarane luwih bêcik, lan tikêl sapuluh tinimbang lan murwating kabêcikane. Dene sing sapa nglakoni [ngl.akoni] panggawe ala, iku patrapane mung samurwating piala kang dilakoni bae. 85. (He Mukhammad) Allah kang namtokake marang sira ngundhangake Kuran lan ngèstokake, mêsthi bakal ambalèkake sira marang bumi wutah gêtihira ing Mêkah. Sira dhawuha: Pangeranku nguningani marang wong kang ngundhangake pituduh bênêr, lan marang wong kang têtela kêsasar.
اِنَّ الَّذِيْ فَرَضَ عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لَرَاۤدُّكَ اِلٰى مَعَادٍ ۗقُلْ رَّبِّيْٓ اَعْلَمُ مَنْ جَاۤءَ بِالْهُدٰى وَمَنْ هُوَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٨٥
Innal-lażī faraḍa ‘alaikal-qur'āna larādduka ilā ma‘ād(in), qur rabbī a‘lamu man jā'a bil-hudā wa man huwa fī ḍalālim mubīn(in).
[85]
(He Mukhammad) Allah kang namtokake marang sira ngundhangake Kuran lan ngèstokake, mêsthi bakal ambalèkake sira marang bumi wutah gêtihira ing Mêkah. Sira dhawuha: Pangeranku nguningani marang wong kang ngundhangake pituduh bênêr, lan marang wong kang têtela kêsasar.
وَمَا كُنْتَ تَرْجُوْٓا اَنْ يُّلْقٰٓى اِلَيْكَ الْكِتٰبُ اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ ظَهِيْرًا لِّلْكٰفِرِيْنَ ۖ٨٦
Wa mā kunta tarjū ay yulqā ilaikal-kitābu illā raḥmatam mir rabbika falā takūnanna ẓahīral lil-kāfirīn(a).
[86]
Sira ora duwe pangarêp-arêp supaya Kuran iku didhawuhake lantaran sira, ewadene Allah andhawuhake Kuran lantaran sira, iku ora liya minăngka sih kamurahane Pangeranira marang sira, mulane sira aja pisan ngrojongi marang para wong kaphir.
وَلَا يَصُدُّنَّكَ عَنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ بَعْدَ اِذْ اُنْزِلَتْ اِلَيْكَ وَادْعُ اِلٰى رَبِّكَ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ ۚ٨٧
Wa lā yaṣuddunnaka ‘an āyātillāhi ba‘da iż unzilat ilaika wad‘u ilā rabbika wa lā takūnanna minal-musyrikīn(a).
[87]
(He Mukhammad) sawise Kuran didhawuhake marang sira, wong Islam dipadha mantêp sungkême, pangucape wong kaphir aja pisan makewuhi marang wong Islam [Isla....m] ênggone ngèstokake Kuran ayating Allah, manungsa padha sira tuntuna ngabêkti ing Allah, aja padha maro tingal.
وَلَا تَدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۘ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ كُلُّ شَيْءٍ هَالِكٌ اِلَّا وَجْهَهٗ ۗ لَهُ الْحُكْمُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ ࣖ٨٨
Wa lā tad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), lā ilāha illā huw(a), kullu syai'in hālikun illā wajhah(ū), lahul-ḥukmu wa ilaihi turja‘ūn(a).
[88]
Aja ngarani yèn ana sêsêmbahan kalawan bênêr liyane Allah. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah piyambak. Samubarang kang dumadi iku kabèh bakal sirna, mung sarirane Allah langgêng tan kêna owah. Allah iku kuwasa mancas prakarane para titah kabèh. Besuk ana ing akhirat, titah mau bakal padha bali marang ngarsaning Allah, sarta padha dirampungi prakarane