Surah An-Naml
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤ ۚ تِلْكَ اٰيٰتُ الْقُرْاٰنِ وَكِتَابٍ مُّبِيْنٍ ۙ١
Ṭā Sīn, tilka āyātul-qur'āni wa kitābim mubīn(in).
[1]
Ta, Sin, iku padha aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, kang têrang têgêse mung Allah piyambak. Ayat-ayate Surat Namli iki ayating Kuran, iya kitabing Allah kang cêtha ênggone nêrangake ala lan bêcik.
هُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ ۙ٢
Hudaw wa busyrā lil-mu'minīn(a).
[2]
Minăngka pituduh lan bêbungah marang sarupane wong mukmin.
الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَ٣
Allażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[3]
Kang padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar zakat, apadene padha wêruh têrang yèn ing têmbe bakal ana dina kiyamat lan akhirat.
اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ زَيَّنَّا لَهُمْ اَعْمَالَهُمْ فَهُمْ يَعْمَهُوْنَ ۗ٤
Innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati zayyannā lahum a‘mālahum fahum ya‘mahūn(a).
[4]
Sarupane wong kang ora ngandêl bakal ananing akhirat, iku padha Ingsun pêsthi dhêmên marang lakune kang ala, mulane banjur padha bingung.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَهُمْ سُوْۤءُ الْعَذَابِ وَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْاَخْسَرُوْنَ٥
Ulā'ikal-lażīna lahum sū'ul-‘ażābi wa hum fil-ākhirati humul-akhsarūn(a).
[5]
Wong kang mangkono mau padha olèh panduman siksa kang abot, ana ing dunya, dene besuk ana ing akhirat, padha cilaka bangêt.
وَاِنَّكَ لَتُلَقَّى الْقُرْاٰنَ مِنْ لَّدُنْ حَكِيْمٍ عَلِيْمٍ٦
Wa innaka latulaqqal-qur'āna mil ladun ḥakīmin ‘alīm(in).
[6]
6. (He Mukhammad) sira wis diparingi Kuran saka ngarsaning Allah kang wicaksana tur nguningani samubarang.
اِذْ قَالَ مُوْسٰى لِاَهْلِهٖٓ اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًاۗ سَاٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِخَبَرٍ اَوْ اٰتِيْكُمْ بِشِهَابٍ قَبَسٍ لَّعَلَّكُمْ تَصْطَلُوْنَ٧
Iż qāla mūsā li'ahlihī innī ānastu nārā(n), sa'ātīkum minhā bikhabarin au ātīkum bisyihābin qabasil la‘allakum taṣṭalūn(a).
[7]
Sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa, nalika ana ing alas wayah wêngi, tutur marang rabine: Aku wêruh gêni, kowe lèrèna ing kene bae, aku tak marani gêni kae, bokmênawa baliku olèh warta pituduh dalan, utawa olèh obor kang murub, supaya kêna koênggo totor.
فَلَمَّا جَاۤءَهَا نُوْدِيَ اَنْۢ بُوْرِكَ مَنْ فِى النَّارِ وَمَنْ حَوْلَهَاۗ وَسُبْحٰنَ اللّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨
Falammā jā'ahā nūdiya am būrika man fin-nāri wa man ḥaulahā, wa subḥānallāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[8]
Barêng Nabi Musa wis têkan ing panggonaning gêni, Nabi Musa didhawuhi dening Allah pangandikane: Barkahing Allah dhumawuha marang Musa kang ana sajroning gêni, lan marang para malaikat kang ana sakiwa têngêning gêni, Allah Pangerane wong sajagad iku Mahasuci.
يٰمُوْسٰٓى اِنَّهٗٓ اَنَا اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ۙ٩
Yā mūsā innahū anallāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[9]
9. He Musa, wruhanira, Ingsun iki Allah kang Mahamulya tur wicaksana.
وَاَلْقِ عَصَاكَ ۗفَلَمَّا رَاٰهَا تَهْتَزُّ كَاَنَّهَا جَاۤنٌّ وَّلّٰى مُدْبِرًا وَّلَمْ يُعَقِّبْۗ يٰمُوْسٰى لَا تَخَفْۗ اِنِّيْ لَا يَخَافُ لَدَيَّ الْمُرْسَلُوْنَ ۖ١٠
Wa alqi ‘aṣāk(a), falammā ra'āhā tahtazzu ka'annahā jānnuw wallā mudbiraw wa lam yu‘aqqib, yā mūsā lā takhaf, innī lā yakhāfu ladayyal-mursalūn(a).
[10]
Têkênira iku sira uncalna, barêng Nabi Musa nguncalake têkêne, kagèt lan gumêtêr andêlêng têkêne dadi ula kang galak. Nabi Musa mungkur lumayu tanpa nolih. Allah ngandika: He Musa, sira aja wêdi, para utusan Ingsun ana ngarsaningsun tanpa kuwatir lan ora wêdi apa-apa.
اِلَّا مَنْ ظَلَمَ ثُمَّ بَدَّلَ حُسْنًاۢ بَعْدَ سُوْۤءٍ فَاِنِّيْ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١١
Illā man ẓalama ṡumma baddala ḥusnam ba‘da sū'in fa innī gafūrur raḥīm(un).
[11]
Kajaba wong kang duraka nanging banjur tobat, sarta banjur nglironi alane kalawan kabêcikan, iku nalikane rumăngsa kaluputan, duwe wêdi. Satêmêne Ingsun iki ngapura dosa tur Maha-asih.
وَاَدْخِلْ يَدَكَ فِيْ جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍۙ فِيْ تِسْعِ اٰيٰتٍ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَقَوْمِهٖۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ١٢
Wa adkhil yadaka fī jaibika takhruj baiḍā'a min gairi sū'(in), fī tis‘i āyātin ilā fir‘auna wa qaumih(ī), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[12]
Epèk-èpèkira sira lêbokna ing kulambinira, nuli sira wêtokna, amêsthi dadi putih, dudu putihing bêlang, nanging mancorong ambalêrêngi, ngungkuli srêngenge. Saiki sira mangkata, nêmonana lan nyurup-nyurupna Raja Phirngon sabalane, kanthi tăndha yêkti kaelokan sangang warna kalêbu loro iki. Awit Raja Phirngon sabalane iku padha wong duraka.
فَلَمَّا جَاۤءَتْهُمْ اٰيٰتُنَا مُبْصِرَةً قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ١٣
Falammā jā'athum āyātunā mubṣiratan qālū hāżā siḥrum mubīn(un).
[13]
Raja Phirngon sabalane barêng katêkan tăndha yêktiningsun têrang kasat mata, banjur padha ngucap mangkene: Kaelokan iki têtela sikhir.
وَجَحَدُوْا بِهَا وَاسْتَيْقَنَتْهَآ اَنْفُسُهُمْ ظُلْمًا وَّعُلُوًّاۗ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ١٤
Wa jaḥadū bihā wastaiqanathā anfusuhum ẓulmaw wa ‘uluwwā(n), fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mufsidīn(a).
[14]
[12] Lan padha maido tăndha yêkti mau, tur ing batin awake wis wêruh têrang yèn kaelokan iku têmên saka ing Allah. Pamaidone mau saking dening gumêdhe suthik manut, ngantêpi ênggone kaphir, mara sira dêlênga kapriye kawusanane wong kang padha gawe rusak.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا دَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ عِلْمًاۗ وَقَالَا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا عَلٰى كَثِيْرٍ مِّنْ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ١٥
Wa laqad ātainā dāwūda wa sulaimāna ‘ilmā(n), wa qālal-ḥamdu lillāhil-lażī faḍḍalanā ‘alā kaṡīrim min ‘ibādihil-mu'minīn(a).
[15]
Ingsun wis maringi kawruh pangadilan sarta pamêngkuning wong cilik marang Nabi Dawud lan Nabi Suleman, sakarone mau padha mêmuji mangkene: Sakathahing pêpuji punika konjuk ing Allah, ingkang sampun paring kaluwihan dhumatêng kawula, ngungkuli para kawulanipun pintên-pintên ingkang sami mukmin. [mu...kmin.]
وَوَرِثَ سُلَيْمٰنُ دَاوٗدَ وَقَالَ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ عُلِّمْنَا مَنْطِقَ الطَّيْرِ وَاُوْتِيْنَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍۗ اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْفَضْلُ الْمُبِيْنُ١٦
Wa wariṡa sulaimānu dāwūda wa qāla yā ayyuhan-nāsu ‘ullimnā manṭiqaṭ-ṭairi wa ūtīnā min kulli syai'(in), inna hāżā lahuwal-faḍlul-mubīn(u).
[16]
Nabi Suleman anggêntèni karatone Nabi Dawud lan kanabiane apadene kawruhe, dumunung waris, Nabi Suleman pitutur mangkene: He para manungsa, aku iki têtela tămpa kanugrahaning Allah, iya iku kajaba aku anggêntèni karaton lan kanabiane bapa, aku diparingi kawruh ngêrti basaning manuk lan khewan liya-liyane, lan uga diparingi samubarang kang diparingake marang para nabi lan para ratu.
وَحُشِرَ لِسُلَيْمٰنَ جُنُوْدُهٗ مِنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ وَالطَّيْرِ فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ١٧
Wa ḥusyira lisulaimāna junūduhū minal-jinni wal-insi waṭ-ṭairi fahum yūza‘ūn(a).
[17]
Nalikane Nabi Suleman papara, wadyabalane: jin, manungsa, manuk lan liya-liyane padha dikalumpukake, anggarêbêg ênggone papara, sarta ditata ing panggêdhene dhewe-dhewe.
حَتّٰىٓ اِذَآ اَتَوْا عَلٰى وَادِ النَّمْلِۙ قَالَتْ نَمْلَةٌ يّٰٓاَيُّهَا النَّمْلُ ادْخُلُوْا مَسٰكِنَكُمْۚ لَا يَحْطِمَنَّكُمْ سُلَيْمٰنُ وَجُنُوْدُهٗۙ وَهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ١٨
Ḥattā iżā atau ‘alā wādin-naml(i), qālat namlatuy yā ayyuhan-namludkhulū masākinakum, lā yaḥṭimannakum sulaimānu wa junūduhū wa hum lā yasy‘urūn(a).
[18]
Barêng Nabi Suleman têkan ing jurang nagaraning sêmut, ing kono ratuning sêmut kang aran Raja Jurma angundhangi para sêmut: He para sêmut, kowe padha malêbua ing lèngmu dhewe-dhewe, aja nganti kêpidak ing Nabi Suleman utawa para wadyabalane, awit dene saking cilike awakmu, kang ngidak ing kowe nganti ora krasa.
فَتَبَسَّمَ ضَاحِكًا مِّنْ قَوْلِهَا وَقَالَ رَبِّ اَوْزِعْنِيْٓ اَنْ اَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلٰى وَالِدَيَّ وَاَنْ اَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضٰىهُ وَاَدْخِلْنِيْ بِرَحْمَتِكَ فِيْ عِبَادِكَ الصّٰلِحِيْنَ١٩
Fatabassama ḍāḥikam min qaulihā wa qāla rabbi auzi‘nī an asykura ni‘matakal-latī an‘amta ‘alayya wa ‘alā wālidayya wa an a‘mala ṣāliḥan tarḍāhu wa adkhilnī biraḥmatika fī ‘ibādikaṣ-ṣāliḥīn(a).
[19]
Nabi Suleman krungu undhange Raja Jurma mau mèsêm, banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan polahakên sukur dhatêng pêparing Tuwan kabingahan dhumatêng kawula, utawi dhumatêng bapa biyung kawula, punapadene mugi Tuwan polahakên anglampahi pandamêl sae, kados ingkang dados parêngipun karsa Tuwan, saha mugi Tuwan ewokakên para kawula Tuwan ingkang sami sae. Tuwuh saking sih palimarma Tuwan.
وَتَفَقَّدَ الطَّيْرَ فَقَالَ مَا لِيَ لَآ اَرَى الْهُدْهُدَۖ اَمْ كَانَ مِنَ الْغَاۤىِٕبِيْنَ٢٠
Wa tafaqqadaṭ-ṭaira fa qāla mā liya lā aral-hudhud(a), am kāna minal-gā'ibīn(a).
[20]
Ing sawiji dina Nabi Suleman anggolèki manuk platuk bawang nanging ora kêtêmu, banjur takon marang kang padha seba, yagene wis sawatara dina aku [aku] ora andêlêng klangênaku manuk platuk bawang, patute apa miruda.
لَاُعَذِّبَنَّهٗ عَذَابًا شَدِيْدًا اَوْ لَاَا۟ذْبَحَنَّهٗٓ اَوْ لَيَأْتِيَنِّيْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ٢١
La'u‘ażżibannahū ‘ażāban syadīdan au la'ażbaḥannahū au laya'tiyannī bisulṭānim mubīn(in).
[21]
Mara padha golèkana, yèn katêmu bakal tak patrapi kang abot, utawa bakal tak bêlèh, kajaba yèn ngaturake sabab ênggone lunga mau.
فَمَكَثَ غَيْرَ بَعِيْدٍ فَقَالَ اَحَطْتُّ بِمَا لَمْ تُحِطْ بِهٖ وَجِئْتُكَ مِنْ سَبَاٍ ۢبِنَبَاٍ يَّقِيْنٍ٢٢
Famakaṡa gaira ba‘īdin faqāla aḥaṭtu bimā lam tuḥiṭ bihī wa ji'tuka min saba'im binaba'iy yaqīn(in).
[22]
Ora antara suwe manuk platuk bawang mau têka, seba ing Nabi Suleman, ature: Kesah kula punika angsal pawartos ingkang sampeyan dèrèng wuninga, kula dhatêng saking nagari ing Saba, angsal pawartos ingkang nyata.
اِنِّيْ وَجَدْتُّ امْرَاَةً تَمْلِكُهُمْ وَاُوْتِيَتْ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ وَّلَهَا عَرْشٌ عَظِيْمٌ٢٣
Innī wajattumra'atan tamlikuhum wa ūtiyat min kulli syai'iw wa lahā ‘arsyun ‘aẓīm(un).
[23]
Wontên ing Saba kula sumêrêp ratu èstri, endah ing warni, nama Sang Ratu Bulkis, punika ngratoni tiyang saisining nagari Saba, gadhah samukawis kabêtahaning ratu, sarta gadhah ngaras agêng palênggahaning ratu.
وَجَدْتُّهَا وَقَوْمَهَا يَسْجُدُوْنَ لِلشَّمْسِ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ فَهُمْ لَا يَهْتَدُوْنَۙ٢٤
Wajattuhā wa qaumahā yasjudūna lisy-syamsi min dūnillāhi wa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum fa ṣaddahum ‘anis-sabīli fahum lā yahtadūn(a).
[24]
Kula sumêrêp, Sang Ratu Bulkis sawadyanipun wau sami mangeran sanèsipun Allah, inggih punika sami nyêmbah surya. Setan anggodha dhatêng Sang Ratu Bulkis sawadyabalanipun, [sa.wadyabalanipun,] mila sami rêmên anglampahi awon, wusana sami kapêpêtan margining kawilujêngan. Dados sami botên angsal pitêdah.
اَلَّا يَسْجُدُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ يُخْرِجُ الْخَبْءَ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُخْفُوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَ٢٥
Allā yasjudū lillāhil-lażī yukhrijul-khab'a fis-samāwāti wal-arḍi wa ya‘lamu mā tukhfūna wa mā tu‘linūn(a).
[25]
Mila setan wau anggodha, supados Sang Ratu Bulkis wau sabalanipun, sampun ngantos sujud ing Allah, ingkang mêdalakên sêsimpênan ingkang wontên ing bumi, kalihan ingkang wontên ing langit, sarta nguningani samukawis ingkang dipun êdhèng utawi dipun kikibi dening manungsa.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ ۩٢٦
Allāhu lā ilāha illā huwa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[26]
Botên wontên sêsêmbahan kalayan lêrês kajawi namung Allah Pangeraning ngaras ingkang agêng.
۞ قَالَ سَنَنْظُرُ اَصَدَقْتَ اَمْ كُنْتَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٢٧
Qāla sananẓuru aṣadaqta am kunta minal-kāżibīn(a).
[27]
Nabi Suleman mangsuli: Iya, aku bakal andêlêng nyatane aturmu iku, apa têmên apa goroh.
اِذْهَبْ بِّكِتٰبِيْ هٰذَا فَاَلْقِهْ اِلَيْهِمْ ثُمَّ تَوَلَّ عَنْهُمْ فَانْظُرْ مَاذَا يَرْجِعُوْنَ٢٨
Iżhab bikitābī hāżā fa alqih ilaihim ṡumma tawalla ‘anhum fanẓur māżā yarji‘ūn(a).
[28]
Saiki kowe mangkata mênyang nagara Saba, mundhi layangku iki, wèhna marang Ratu Bulkis lan wadyabalane, yèn wis ditampani, nuli nyalimpêta, ngrungokna [ngrungo..kna] ênggone bakal mangsuli. (Manuk platuk bawang ngèstokake dhawuh).
قَالَتْ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَؤُا اِنِّيْٓ اُلْقِيَ اِلَيَّ كِتٰبٌ كَرِيْمٌ٢٩
Qālat yā ayyuhal-mala'u innī ulqiya ilayya kitābun karīm(un).
[29]
Sang Ratu Bulkis barêng wêruh ana layang ditibakake ing manuk, banjur dhawuh: He para punggawa, iki aku tămpa layang tiban, kang nganggo cap (iki rupane, mara padha dêlêngên).
اِنَّهٗ مِنْ سُلَيْمٰنَ وَاِنَّهٗ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ۙ٣٠
Innahū min sulaimāna wa innahū bismillāhir-raḥmānir-raḥīm(i).
[30]
Barêng layang mau dibukak, têmbunge mangkene: Pèngêt iki layang saka Kangjêng Nabi Suleman, (tumêkaa marang Sang Ratu Bulkis ing nagara Saba). Awit ingkang asma Allah, ingkang Mahamurah tur kang Maha-asih.
اَلَّا تَعْلُوْا عَلَيَّ وَأْتُوْنِيْ مُسْلِمِيْنَ ࣖ٣١
Allā ta‘lū ‘alayya wa'tūnī muslimīn(a).
[31]
Liring layang, he Ratu Bulkis, kowe aja ngaku luhur, suthik ngèstokake marang aku. Mulane satampamu layang iki, kowe banjur sebaa marang aku malêbu agama Islam, sawadyabalamu.
قَالَتْ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَؤُا اَفْتُوْنِيْ فِيْٓ اَمْرِيْۚ مَا كُنْتُ قَاطِعَةً اَمْرًا حَتّٰى تَشْهَدُوْنِ٣٢
Qālat yā ayyuhal-mala'u aftūnī fī amrī, mā kuntu qāṭi‘atan amran ḥattā tasyhadūn(i).
[32]
Sang Ratu Bulkis barêng krungu têmbunging layang mau banjur dhawuh: He para punggawa, kapriye kang padha dadi rêmbugmu prakara lêlakon [lêla.kon] iki. Aku ora namtokake kang bakal tak lakoni, ngêntèni panimbangmu.
قَالُوْا نَحْنُ اُولُوْا قُوَّةٍ وَّاُولُوْا بَأْسٍ شَدِيْدٍ ەۙ وَّالْاَمْرُ اِلَيْكِ فَانْظُرِيْ مَاذَا تَأْمُرِيْنَ٣٣
Qālū naḥnu ulū quwwatiw wa ulū ba'sin syadīd(in), wal-amru ilaiki fanẓurī māżā ta'murīn(a).
[33]
Para punggawa padha matur: Kula punika sami gagah prakosa, sugih bala, mirantos ing dêdamêl, tur sami kêndêl, sakarsanipun sang ratu kula sandika nglampahi, botên langkung sami cumadhong dhawuh.
قَالَتْ اِنَّ الْمُلُوْكَ اِذَا دَخَلُوْا قَرْيَةً اَفْسَدُوْهَا وَجَعَلُوْٓا اَعِزَّةَ اَهْلِهَآ اَذِلَّةً ۚوَكَذٰلِكَ يَفْعَلُوْنَ٣٤
Qālat innal-mulūka iżā dakhalū qaryatan afsadūhā wa ja‘alū a‘izzata ahlihā ażillah(tan), wa każālika yaf‘alūn(a).
[34]
Sang Ratu Bulkis dhawuh: Para ratu iku mênawa nglurug, nganti malêbu ing nagara, mêsthi ngrusakake nagara. Sarta para panggêdhening nagara kono padha digawe asor, wis mangkono adating para ratu.
وَاِنِّيْ مُرْسِلَةٌ اِلَيْهِمْ بِهَدِيَّةٍ فَنٰظِرَةٌ ۢبِمَ يَرْجِعُ الْمُرْسَلُوْنَ٣٥
Wa innī mursilatun ilaihim bihadiyyatin fanāẓiratun bima yarji‘ul-mursalūn(a).
[35]
Saiki karêpku mangkene bae, aku tak utusan nyaosi pisungsung marang Nabi Suleman, lan aku ngêntèni baline utusan mau, (kapriye katêrangane, pisungsung mau apa ditampani apa ditampik).
فَلَمَّا جَاۤءَ سُلَيْمٰنَ قَالَ اَتُمِدُّوْنَنِ بِمَالٍ فَمَآ اٰتٰىنِ َۧ اللّٰهُ خَيْرٌ مِّمَّآ اٰتٰىكُمْۚ بَلْ اَنْتُمْ بِهَدِيَّتِكُمْ تَفْرَحُوْنَ٣٦
Falammā jā'a sulaimāna qāla atumiddūnani bimālin famā ātāniyallāhu khairum mimmā ātākum, bal antum bihadiyyatikum tafraḥūn(a).
[36]
(Manuk platuk bawang barêng wis wêruh mangkate utusan, banjur mibêr mulih, nyaosi [nya....osi] pirsa marang Nabi Suleman), barêng utusane Sang Ratu Bulkis wis seba ing Nabi Suleman, nyaosake pisungsung, Nabi Suleman dhawuh: He kongkonane Ratu Bulkis, yagene gustimu têka kudu ngurugi băndha marang aku, (iku dudu karêpku) gustimu mêsthi gêdhe atine dene bisa ngurugi băndha. Wruhanamu pêparing Allah marang aku luwih bêcik lan luwih akèh, ngungkuli pisungsunge gustimu tikêl pirang.[13]
اِرْجِعْ اِلَيْهِمْ فَلَنَأْتِيَنَّهُمْ بِجُنُوْدٍ لَّا قِبَلَ لَهُمْ بِهَا وَلَنُخْرِجَنَّهُمْ مِّنْهَآ اَذِلَّةً وَّهُمْ صٰغِرُوْنَ٣٧
Irji‘ ilaihim falana'tiyannahum bijunūdil lā qibala lahum bihā wa lanukhrijannahum minhā ażillataw wa hum ṣāgirūn(a).
[37]
He kongkonan, kowe muliha, pisungsunge gustimu gawanên bali, lan matura gustimu, yèn kêsuwèn ênggone seba mrene malêbu agama Islam, mêsthi tak lurugi wadyabala kang tanpa wilangan, wong ing Saba măngsa kêlara nanggulangi. Dene gustimu lan wong saisine nagara ing Saba, bakal tak tundhungi lan tak siya-siya, para panggêdhene tak lungsuri dadi wong cilik. (Satêkane utusan ing Saba, ngaturake olèh-olèhe [olèh-o...lèhe] ênggone diutus. Sang Ratu Bulkis banjur dandan mangkat seba marang Nabi Suleman).
قَالَ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَؤُا اَيُّكُمْ يَأْتِيْنِيْ بِعَرْشِهَا قَبْلَ اَنْ يَّأْتُوْنِيْ مُسْلِمِيْنَ٣٨
Qāla yā ayyuhal-mala'u ayyukum ya'tīnī bi‘arsyihā qabla ay ya'tūnī muslimīn(a).
[38]
Sapungkure utusan ing Saba, Nabi Suleman dhawuh: He para punggawa, apa kowe bisa anjupuk ngarase Ratu Bulkis mrene, sadurunge Ratu Bulkis seba mrene malêbu agama Islam. Sapa kang bisa matura.
قَالَ عِفْرِيْتٌ مِّنَ الْجِنِّ اَنَا۠ اٰتِيْكَ بِهٖ قَبْلَ اَنْ تَقُوْمَ مِنْ مَّقَامِكَۚ وَاِنِّيْ عَلَيْهِ لَقَوِيٌّ اَمِيْنٌ٣٩
Qāla ‘ifrītum minal-jinni ana atīka bihī qabla an taqūma mim maqāmik(a), wa innī ‘alaihi laqawiyyun amīn(un).
[39]
Punggawa jin kang aran Dakuwan, matur: Kula punika gagah prakosa tur mitadosi, kula sagah andhatêngakên ngarasipun Ratu Bulkis mriki, sadèrèngipun sang nata jêngkar saking pasewakan (Nabi Suleman mangsuli: Iku isih kêsuwèn).
قَالَ الَّذِيْ عِنْدَهٗ عِلْمٌ مِّنَ الْكِتٰبِ اَنَا۠ اٰتِيْكَ بِهٖ قَبْلَ اَنْ يَّرْتَدَّ اِلَيْكَ طَرْفُكَۗ فَلَمَّا رَاٰهُ مُسْتَقِرًّا عِنْدَهٗ قَالَ هٰذَا مِنْ فَضْلِ رَبِّيْۗ لِيَبْلُوَنِيْٓ ءَاَشْكُرُ اَمْ اَكْفُرُۗ وَمَنْ شَكَرَ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ رَبِّيْ غَنِيٌّ كَرِيْمٌ٤٠
Qālal-lażī ‘indahū ‘ilmum minal-kitābi ana ātīka bihī qabla ay yartadda ilaika ṭarfuk(a), falammā ra'āhu mustaqirran ‘indahū qāla hāżā min faḍli rabbī, liyabluwanī a'asykuru am akfur(u), wa man syakara fa'innamā yasykuru linafsih(ī), wa man kafara fa'inna rabbī ganiyyun karīm(un).
[40]
Pêpatihe Nabi Suleman, aran Asap, putrane Barkiya, iku kadunungan kawruh ghaib saka ing Lohmahphul, matur mangkene: Kula sagah andhatêngakên ngarasipun Ratu Bulkis mriki sadèrèngipun sang nata kêdhèp. Sanalika Nabi Suleman mirsani ngarase Ratu Bulkis wis ana [a..na] ngarsane. Banjur dhawuh: Kang mangkene iki têtela saka sih kanugrahaning Allah Pangeranku, kanggo nyoba marang aku, apa aku sukur ing Allah, apa aku sukur ing Allah[14] apa ambaèkake. Dene sing sapa sukur, pahalane bakal katêmu awake dhewe, nanging sing sapa ambaèkake, iku wêruha yèn Allah ora butuh marang sukuring kawulane, tur mulya, ora bakal mêpêt pêparinge marang wong kang ambaèkake.
قَالَ نَكِّرُوْا لَهَا عَرْشَهَا نَنْظُرْ اَتَهْتَدِيْٓ اَمْ تَكُوْنُ مِنَ الَّذِيْنَ لَا يَهْتَدُوْنَ٤١
Qāla nakkirū lahā ‘arsyahā nanẓur atahtadī am takūnu minal-lażīna lā yahtadūn(a).
[41]
Nabi Suleman dhawuh: Ngarase Ratu Bulkis iku owah ana pamasange, coba kapriye, Ratu Bulkis apa wêruh apa ora.
فَلَمَّا جَاۤءَتْ قِيْلَ اَهٰكَذَا عَرْشُكِۗ قَالَتْ كَاَنَّهٗ هُوَۚ وَاُوْتِيْنَا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهَا وَكُنَّا مُسْلِمِيْنَ٤٢
Falammā jā'at qīla ahakażā ‘arsyuk(i), qālat ka'annahū huw(a), wa ūtīnal-‘ilma min qablihā wa kunnā muslimīn(a).
[42]
Barêng Ratu Bulkis wis seba, banjur didangu dening Nabi Suleman: He Ratu Bulkis, ngarasmu apa kaya ngaras iki. Ature Ratu Bulkis: Inggih kados makatên. Sadèrèngipun kula sumêrêp mukjizatipun sang nata ingkang kula manoni sapunika, [sapu..nika,] kula ugi sampun sumêrêp bilih sang nata punika nabi sayêktos, mila sapunika kula malêbêt agama Islam, ngèstokakên dhawuhipun sang nata.
وَصَدَّهَا مَا كَانَتْ تَّعْبُدُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاِنَّهَا كَانَتْ مِنْ قَوْمٍ كٰفِرِيْنَ٤٣
Wa ṣaddahā mā kānat ta‘budu min dūnillāh(i), innahā kānat min qaumin kāfirīn(a).
[43]
Nabi Suleman dhawuh marèni ênggone Ratu Bulkis nyêmbah liyane Allah, iya iku nyêmbah srêngenge, satêmêne Sang Ratu Bulkis ing dina iku isih kalêbu wong kaphir.
قِيْلَ لَهَا ادْخُلِى الصَّرْحَۚ فَلَمَّا رَاَتْهُ حَسِبَتْهُ لُجَّةً وَّكَشَفَتْ عَنْ سَاقَيْهَاۗ قَالَ اِنَّهٗ صَرْحٌ مُّمَرَّدٌ مِّنْ قَوَارِيْرَ ەۗ قَالَتْ رَبِّ اِنِّيْ ظَلَمْتُ نَفْسِيْ وَاَسْلَمْتُ مَعَ سُلَيْمٰنَ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٤٤
Qīla lahadkhuliṣ-ṣarḥ(a), falammā ra'athu ḥasibathu lujjataw wa kasyafat ‘an sāqaihā, qāla innahū ṣarḥum mumarradum min qawārīr(a), qālat rabbi innī ẓalamtu nafsī wa aslamtu ma‘a sulaimāna lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[44]
Ratu Bulkis banjur didhawuhi: He Ratu Bulkis, saiki malêbua ing balekambang, (sabrangane marang balekambang mau tinutup ing kaca, nanging ora katara), panyanane Ratu Bulkis, sabrangan mau banyu kang sawatara jêrone, ora wêruh yèn ana tutupe kaca. Ratu Bulkis banjur cincing dhuwur nganti katon kempole loro pisan (tuhu nêngsêmake). Nabi Suleman dhawuh: He Ratu Bulkis, iku karêtêg kaca, kowe ora susah cincing.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًا اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ فَاِذَا هُمْ فَرِيْقٰنِ يَخْتَصِمُوْنَ٤٥
Wa laqad arsalnā ilā ṡamūda akhāhum ṣāliḥan ani‘budullāha fa'iżā hum farīqāni yakhtaṣimūn(a).
[45]
Barêng wis têkan ing balekambang, Sang Ratu [Ra..tu] Bulkis munjuk ing Allah: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula punika tiyang nandhang dosa, nganiaya awak kawula piyambak, awit anggèn kawula nyêmbah srêngenge, sapunika kawula Islam, nunggil agaminipun Nabi Suleman, ngèstokakên dhawuhing Allah Pangeranipun tiyang sajagad. (Ratu Bulkis banjur kagarwa ing Nabi Suleman).
قَالَ يٰقَوْمِ لِمَ تَسْتَعْجِلُوْنَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِۚ لَوْلَا تَسْتَغْفِرُوْنَ اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٤٦
Qāla yā qaumi lima tasta‘jilūna bis-sayyi'ati qablal-ḥasanah(ti), lau lā tastagfirūnallāha la‘allakum turḥamūn(a).
[46]
Ingsun wis ngutus Nabi Salèh andhawuhi para sanake, iya iku wong Samud, dhawuhe Nabi Salèh: He para wong Samud, kowe padha nyêmbaha ing Allah. Ing kono wong Samud dadi rong golongan. Kang sagolongan ngèstokake, kang sagolongan padha kaphir, maido marang Nabi Salèh, mulane padha diya- diniya.
قَالُوا اطَّيَّرْنَا بِكَ وَبِمَنْ مَّعَكَۗ قَالَ طٰۤىِٕرُكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ تُفْتَنُوْنَ٤٧
Qāluṭ ṭayyarnā bika wa bimam ma‘ak(a), qāla ṭā'irukum ‘indallāhi bal antum qaumun tuftanūn(a).
[47]
Nabi Salèh takon: He para sanakku, yagene kowe têka padha nantang têkaning siksa, ora malah ngarêp-arêp sih piwêlasing Allah. Yagene kowe ora padha nyuwun pangapuraning Allah ênggonmu padha maro tingal, supaya kowe padha olèh sih piwêlasing Allah.
وَكَانَ فِى الْمَدِيْنَةِ تِسْعَةُ رَهْطٍ يُّفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ٤٨
Wa kāna fil-madīnati tis‘atu rahṭiy yufsidūna fil-arḍi wa lā yuṣliḥūn(a).
[48]
Wong Samud padha mangsuli: Kula sampun nandhang sangsara jalaran saking sampeyan sakănca sampeyan, kabêthatan jawah lajêng pailan. Nabi Salèh nyurup-nyurupake: Sangsaramu iku saka karsaning Allah, minăngka patrapaning laku kang-kang[15] ala. Wruhanamu, kowe iku dicoba dening Allah.
قَالُوْا تَقَاسَمُوْا بِاللّٰهِ لَنُبَيِّتَنَّهٗ وَاَهْلَهٗ ثُمَّ لَنَقُوْلَنَّ لِوَلِيِّهٖ مَا شَهِدْنَا مَهْلِكَ اَهْلِهٖ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ٤٩
Qālū taqāsamū billāhi lanubayyitannahū wa ahlahū ṡumma lanaqūlanna liwaliyyihī mā syahidnā mahlika ahlihī wa innā laṣādiqūn(a).
[49]
Sajroning nagara Khijir kono ana wong lanang sanga padha nekad duraka, gawe rusak ana ing bumi, ora pisan gawe kabêcikan.
وَمَكَرُوْا مَكْرًا وَّمَكَرْنَا مَكْرًا وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٥٠
Wa makarū makraw wa makarnā makraw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[50]
Wong sanga mau padha antêp-antêpan kanthi supata nyêbut asmaning Allah, prasêtyane, aku mêsthi matèni Nabi Salèh sakancane, tak cidra ing wayah wêngi, lan aku bakal muni marang ali warise têmên ora wêruh prakara matine Nabi Salèh sakancane.
فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ مَكْرِهِمْ اَنَّا دَمَّرْنٰهُمْ وَقَوْمَهُمْ اَجْمَعِيْنَ٥١
Fanẓur kaifa kāna ‘āqibatu makrihim annā dammarnāhum wa qaumahum ajma‘īn(a).
[51]
(Pangandikaning Allah): Wong sanga mau banjur padha nglêksanani nêja nandukake paekan kaya kang wis dirantam mau, nanging ora bisa kalêksanan. Ingsun uga banjur ngêncèngi siksa kang ngagètake marang wong sanga mau, kabèh ora nyana tinêmpuh ing siksa.
فَتِلْكَ بُيُوْتُهُمْ خَاوِيَةً ۢبِمَا ظَلَمُوْاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٥٢
Fatilka buyūtuhum khāwiyatam bimā ẓalamū, inna fī żālika la'āyatal liqaumiy ya‘lamūn(a).
[52]
Mara sira rasakna, kapriye kawusanane wong sanga mau. Satêmêne Ingsun numpês wong sanga mau dalah kang padha ambiyantoni kabèh.
وَاَنْجَيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ٥٣
Wa anjainal-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[53]
Apadene omahe wong sanga mau padha ambruk dening pêtaking malaikat, marga ênggone padha nandukake panganiaya. Kang mangkono mau tumrap wong kang wêruh kawasaningsun, mêsthi dadi tăndha yêkti lan wêwulang.
وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ وَاَنْتُمْ تُبْصِرُوْنَ٥٤
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī ata'tūnal-fāḥisyata wa antum tubṣirūn(a).
[54]
Sarupane wong mukmin kang padha ngèstokake parentah Ingsun, padha Ingsun paringi salamêt, banjur lêstari ênggone padha wêdi marang Ingsun.
اَىِٕنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّنْ دُوْنِ النِّسَاۤءِ ۗبَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُوْنَ٥٥
A'innakum lata'tūnar-rijāla syahwatam min dūnin-nisā'(i), bal antum qaumun tajhalūn(a).
[55]
Lan sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane dhawuh marang para umate: Yagene kowe padha nglakoni ala cumbana padha wong lanang, tur kowe wis padha wêruh yèn iku ala.
۞ فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَخْرِجُوْٓا اٰلَ لُوْطٍ مِّنْ قَرْيَتِكُمْۙ اِنَّهُمْ اُنَاسٌ يَّتَطَهَّرُوْنَ٥٦
Famā kāna jawāba qaumihī illā an qālū akhrijū āla lūṭim min qaryatikum, innahum unāsuy yataṭahharūn(a).
[56]
Yagene kowe padha dhêmên cumbana padha wong lanang, nampik marang wong wadon, dadi kowe padha têtêp wong ala.
فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ قَدَّرْنٰهَا مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٥٧
Fa'anjaināhu wa ahlahū illamra'atahū qaddarnāhā minal-gābirīn(a).
[57]
Para umate Nabi Lut tanpa mangsuli apa-apa, mung ngucap: Nabi Lut iku sakancane, padha tundhungên saka ing desa kene, awit iku padha wong suci.
وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۚ فَسَاۤءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِيْنَ ࣖ٥٨
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fasā'a maṭarul-munżarīn(a).
[58]
Wasana para umate Nabi Lut mau Ingsun tumpês. Nabi Lut sakancane padha Ingsun paringi slamêt, mung rabine Nabi Lut Ingsun tamtokake kakari,[1] [ka...kari,] milu tumpês.
قُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَسَلٰمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰىۗ ءٰۤاللّٰهُ خَيْرٌ اَمَّا يُشْرِكُوْنَ ۔٥٩
Qulil-ḥamdu lillāhi wa salāmun ‘alā ‘ibādihil-lażīnaṣṭafā, āllāhu khairun ammā yusyrikūn(a).
[59]
Ingsun ngudani watu marang para umate Nabi Lut, (sabanjure, bumine Ingsun walik), ala têmên udane wong kang wis diwêwêdèni nanging ora praduli.
اَمَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَاَنْزَلَ لَكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَنْۢبَتْنَا بِهٖ حَدَاۤىِٕقَ ذَاتَ بَهْجَةٍۚ مَا كَانَ لَكُمْ اَنْ تُنْۢبِتُوْا شَجَرَهَاۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗبَلْ هُمْ قَوْمٌ يَّعْدِلُوْنَ ۗ٦٠
Am man khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa anzala minas-samā'i mā'an fa ambatnā bihī ḥadā'iqa żāta bahjah(tin), mā kāna lakum an tumbitū syajarahā, a'ilāhum ma‘allāh(i), bal hum qaumuy ya‘dilūn(a).
[60]
(He Mukhammad) sira mêmujia, sakèhing pêpuji iku konjuk ing Allah, Allah muga paringa salamêt marang para kawulane kang pêpilihan. Bêcik êndi Allah lan brahala kang padha diênggo maro tingal dening wong musrik, (Mêsthi bêcik Allah).
اَمَّنْ جَعَلَ الْاَرْضَ قَرَارًا وَّجَعَلَ خِلٰلَهَآ اَنْهٰرًا وَّجَعَلَ لَهَا رَوَاسِيَ وَجَعَلَ بَيْنَ الْبَحْرَيْنِ حَاجِزًاۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ۗ٦١
Am man ja‘alal-arḍa qarāraw wa ja‘ala khilālahā anhāraw wa ja‘ala lahā rawāsiya wa ja‘ala bainal-baḥraini ḥājizā(n), a'ilāhum ma‘allāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[61]
Brahala mau bêcik êndi karo Pangeran kang gawe bumi lan langit sarta maringi banyu udan saka ing langit marang kowe. Pangandikaning Allah: Banyu udan mau Ingsun ênggo nukulake lan anggêdhèkake wit-witaning palêmahan kang dipagêri kang asri dinêlêng. Kowe padha ora bisa nukulake kêkayoning palêmahan mau, (saiki kapriye panêmumu), apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (măngsa anaa). [a....naa).] Saiki wong kaphir ing Mêkah iku têtêp wong maro tingal.
اَمَّنْ يُّجِيْبُ الْمُضْطَرَّ اِذَا دَعَاهُ وَيَكْشِفُ السُّوْۤءَ وَيَجْعَلُكُمْ خُلَفَاۤءَ الْاَرْضِۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗقَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَۗ٦٢
Am may yujībul-muḍṭarra iżā da‘āhu wa yaksyifus-sū'a wa yaj‘alukum khulafā'a fil-arḍ(i), a'ilāhum ma‘allāh(i), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[62]
Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang ngrata bumi kanggo panggonaning manungsa, sarta ngilèkake kali-kali ana têngahing bumi mau, apadene andokoki gunung-gunung sarta misahake sagara loro, asin lan tawa. (Saiki kapriye panêmumu) apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (măngsa anaa) nanging wo[2] kaphir ing Mêkah kang akèh padha ora wêruh.
اَمَّنْ يَّهْدِيْكُمْ فِيْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَمَنْ يُّرْسِلُ الرِّيٰحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗتَعٰلَى اللّٰهُ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٣
Am may yahdīkum fī ẓulumātil-barri wal-baḥri wa may yursilur-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), a'ilāhum ma‘allāh(i), ta‘ālallāhu ‘ammā yusyrikūn(a).
[63]
Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang nêmbadani panyuwune wong kang nêmu pakewuh sêsambat ing Allah, lan kawasa ambengkas pakewuh mau, apadene amanggonake kowe ana ing bumi, anggêntèni para lêluhurmu. (Saiki kapriye panêmumu). Apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (măngsa anaa), ewadene wong kaphir ing Mêkah sathithik kang padha eling kang mangkokono[3] [mangko...kono] mau.
اَمَّنْ يَّبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ وَمَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗقُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٦٤
Am may yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū wa may yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍ(i), a'ilāhum ma‘allāh(i), qul hātū burhānakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[64]
Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang paring pituduh dalan marang kowe ana pêpêtêng dharatan lan pêpêtênging sagara, sarana lintang lan têtêngêr liya-liyane, apadene ngididake angin dadi cêcalaning udan, kanggo ambêbungah ing kowe (saiki kapriye panêmumu) apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah (măngsa anaa). Allah iku Mahaluhur, adoh bangêt yèn kaya brahala kang diênggo maro tingal dening wong kaphir ing Mêkah.
قُلْ لَّا يَعْلَمُ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ الْغَيْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗوَمَا يَشْعُرُوْنَ اَيَّانَ يُبْعَثُوْنَ٦٥
Qul lā ya‘lamu man fis-samāwāti wal-arḍil gaiba illallāh(u), wa mā yasy‘urūna ayyāna yub‘aṡūn(a).
[65]
Bêcik êndi brahala karo Pangeran kang murwani gawe sarupane kang dumadi, sawise dadi banjur dibalèkake kaya maune (sirna) apadene paringan marang kowe mêtu saka ing bumi lan saka ing langit (saiki kapriye panêmumu) apa ana Pangeran kang ngêmbari Allah, (măngsa anaa). Mênawa pangucapmu ana Pangeran kang ngêmbari Allah iku têmên, mara nêkakna tăndha yêkti.
بَلِ ادّٰرَكَ عِلْمُهُمْ فِى الْاٰخِرَةِۗ بَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْهَاۗ بَلْ هُمْ مِّنْهَا عَمُوْنَ ࣖ٦٦
Balid dāraka ‘ilmuhum fil-ākhirah(ti), bal hum fī syakkim minhā, bal hum minhā ‘amūn(a).
[66]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Saisining bumi lan langit iki ora ana kang wêruh ing barang kang samar-samar, mung Allah piyambak kang nguningani, isining bumi lan langit mau padha ora wêruh.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا تُرٰبًا وَّاٰبَاۤؤُنَآ اَىِٕنَّا لَمُخْرَجُوْنَ٦٧
Wa qālal-lażīna kafarū a'iżā kunnā turābaw wa ābā'unā a'innā lamukhrajūn(a).
[67]
Besuk apa ênggone padha ditangèkake saka ing pati.
لَقَدْ وُعِدْنَا هٰذَا نَحْنُ وَاٰبَاۤؤُنَا مِنْ قَبْلُۙ اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٦٨
Laqad wu‘idnā hāżā naḥnu wa ābā'unā min qabl(u), in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[68]
Saiki wong kaphir padha mamang bakal anane akhirat, malah prasasat picak, ora wêruh babar pisan, nanging besuk yèn wis ana ing akhirat, mêsthi nusuli wêruh yèn akhirat iku nyata kalêksanan.
قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِيْنَ٦٩
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mujrimīn(a).
[69]
Wong kaphir padha ngucap mangkene: Besuk yèn aku wis padha dadi lêmah, apadene para lêluhurku kang saiki wis dadi lêmah, apa nyata bakal padha urip manèh mêtu saka ing pakuburan.
وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُنْ فِيْ ضَيْقٍ مِّمَّا يَمْكُرُوْنَ٧٠
Wa lā taḥzan ‘alaihim wa lā takun fī ḍaiqim mimmā yamkurūn(a).
[70]
Dhawuh bakal uripe wong kang wis mati iki, aku wis didhawuhi dening Nabi Mukhammad, apadene para lêluhurku biyèn, iya wis didhawuhi dening para rasul. (Nanging panêmuku, iku nglêngkara). Ora liwat, iku mung gawe-gawene para wong kuna bae.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٧١
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[71]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Yèn kowe padha maido, mara padha anjajaha ing bumi, andêlênga sakèhing patilasan, lupiyane wong kuna kang padha dirusak dening Allah, marga ênggone maido para rasul, kapriye kadadiane wong wangkot maido marang para rasul.
قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ رَدِفَ لَكُمْ بَعْضُ الَّذِيْ تَسْتَعْجِلُوْنَ٧٢
Qul ‘asā ay yakūna radifa lakum ba‘ḍul-lażī tasta‘jilūn(a).
[72]
Sira aja susah dening ngrasakake para wong kaphir ing Mêkah dumèh ora gêlêm pracaya, lan aja kuwatir yèn dipaeka, Ingsun mêsthi nulungi sira.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa inna rabbaka lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡarahum lā yasykurūn(a).
[73]
Para wong kaphir ing Mêkah padha matur ing Kangjêng Rasul: Manawi cariyos sampeyan punika têmên, benjing punapa kalampahanipun siksa ingkang dipun ancamakên [a....ncamakên] punika.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَيَعْلَمُ مَا تُكِنُّ صُدُوْرُهُمْ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٤
Wa inna rabbaka laya‘lamu mā tukinnu ṣudūruhum wa mā yu‘linūn(a).
[74]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Siksa kang koajap iku iya ana sawatara kang wus cêdhak mangsane tumêmpuh ing kowe.
وَمَا مِنْ غَاۤىِٕبَةٍ فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٧٥
Wa mā min gā'ibatin fis-samā'i wal-arḍi illā fī kitābim mubīn(in).
[75]
Satêmêne Allah Pangeranira iku kagungan sih palimarma marang manungsa, ewadene manungsa mau kang akèh padha ora sukur ing Allah.
اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَقُصُّ عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَكْثَرَ الَّذِيْ هُمْ فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٧٦
Inna hāżal-qur'āna yaquṣṣu ‘alā banī isrā'īla akṡaral-lażī hum fīhi yakhtalifūn(a).
[76]
Lan satêmêne Pangeranira iku nguningani samubarang kang mung dibatin bae dening wong kaphir, padha bae lan kang kawêtu ing pangucape.
وَاِنَّهٗ لَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ٧٧
Wa innahū lahudaw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a).
[77]
Samubarang kang luwih dening samar ana ing bumi lan ana ing langit, iku kabèh mêsthi tinulisan ana ing Lohmahphul, ora ana kang kècèr.
اِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ بِحُكْمِهٖۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْعَلِيْمُۚ٧٨
Inna rabbaka yaqḍī bainahum biḥukmih(ī), wa huwal-‘azīzul-‘alīm(u).
[78]
Satêmêne Kuran iki nêrang-nêrangake marang para turune Israil pirang-pirang prakara bab agama kang padha dadi pasulayan.
فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّكَ عَلَى الْحَقِّ الْمُبِيْنِ٧٩
Fatawakkal ‘alallāh(i), innaka ‘alal-ḥaqqil mubīn(i).
[79]
Lan satêmêne Kuran iku [i...ku] pituduh lan dadi rahmat tumrap para wong mukmin.
اِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتٰى وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاۤءَ اِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِيْنَ٨٠
Innaka lā tusmi‘ul-mautā wa lā tusmi‘uṣ-ṣummad-du‘ā'a iżā wallau mudbirīn(a).
[80]
Satêmêne ing besuk dina kiyamat, Allah Pangeranira mancasi prakarane wong kang padha pasulayan prakara agama, dipancas kalawan adiling Allah, Allah iku mulya, mênang tur nguningani samubarang.
وَمَآ اَنْتَ بِهٰدِى الْعُمْيِ عَنْ ضَلٰلَتِهِمْۗ اِنْ تُسْمِعُ اِلَّا مَنْ يُّؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ مُّسْلِمُوْنَ٨١
Wa mā anta bihādil-‘umyi ‘an ḍalālatihim, in tusmi‘u illā may yu'minu bi'āyātinā fahum muslimūn(a).
[81]
Sira ngandêla lan pasraha ing Allah bae, awit sira iku wis têrang nglungguhi bênêr.
۞ وَاِذَا وَقَعَ الْقَوْلُ عَلَيْهِمْ اَخْرَجْنَا لَهُمْ دَاۤبَّةً مِّنَ الْاَرْضِ تُكَلِّمُهُمْ اَنَّ النَّاسَ كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا لَا يُوْقِنُوْنَ ࣖ٨٢
Wa iżā waqa‘al-qaulu ‘alaihim akhrajnā lahum dābbatam minal-arḍi tukallimuhum annan-nāsa kānū bi'āyātinā lā yūqinūn(a).
[82]
Satêmêne wêwulangira ora bisa tumama marang wong kang atine mati, iya iku wong kaphir, apadene pangundangira ora bisa tumama marang wong budhêg kang mungkur lan malengos.
وَيَوْمَ نَحْشُرُ مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ فَوْجًا مِّمَّنْ يُّكَذِّبُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ٨٣
Wa yauma naḥsyuru min kulli ummatin faujam mimmay yukażżibu bi'āyātinā fahum yūza‘ūn(a).
[83]
Lan manèh sira ora bisa nuduhake dalan bênêr marang wong kang atine picak supaya nyingkirana panasaran. Bisane tumama wêwulangira mung tumrap marang wong kang ngandêl ing Kuran ayat Ingsun, dadi wong mau padha Islam.
حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءُوْ قَالَ اَكَذَّبْتُمْ بِاٰيٰتِيْ وَلَمْ تُحِيْطُوْا بِهَا عِلْمًا اَمَّاذَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٨٤
Ḥattā iżā jā'ū qāla akażżabtum bi'āyātī wa lam tuḥīṭū bihā ‘ilman ammāżā kuntum ta‘malūn(a).
[84]
Ing besuk nalikane dhawuh bêbênduning [bê....bênduning] Allah wis diwajibake marang para wong kaphir, Ingsun mêtokake khewan kang anggêgirisi, mêtu saka ing bumi. Khewan mau nyalathoni marang wong mangkene: Pangandikaning Allah: Wong kaphir iku padha ora ngandêl marang Kuran ayat Ingsun.
وَوَقَعَ الْقَوْلُ عَلَيْهِمْ بِمَا ظَلَمُوْا فَهُمْ لَا يَنْطِقُوْنَ٨٥
Wa waqa‘al-qaulu ‘alaihim bimā ẓalamū fahum lā yanṭiqūn(a).
[85]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun anglumpukake wong kang padha maido ayat Ingsun, siji-sijining umat dadi sapăntha-sapăntha. Kabèh padha ora kêna lunga, kang têka dhisik kudu ngêntèni kang kari.
اَلَمْ يَرَوْا اَنَّا جَعَلْنَا الَّيْلَ لِيَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٨٦
Alam yarau annā ja‘alnal-laila liyaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[86]
Barêng wis têka ngalumpuk kabèh, Allah ngandika: Yagene sira padha wani-wani maido ayat Ingsun, tanpa sira pikir, sira ora wêruh katêrangane apa bênêr apa luput. Saiki êndi parentah Ingsun kang padha sira lakoni.
وَيَوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ فَفَزِعَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اللّٰهُ ۗوَكُلٌّ اَتَوْهُ دٰخِرِيْنَ٨٧
Wa yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri fa fazi‘a man fis-samāwāti wa man fil-arḍi illā man syā'allāh(u), wa kullun atauhu dākhirīn(a).
[87]
Ing kono dhawuhing Allah namtokake siksane tumiba marang para wong kaphir mau, marga ênggone duraka [du..raka] kaphir, dadi kabèh banjur padha ora bisa calathu sakêcap.
وَتَرَى الْجِبَالَ تَحْسَبُهَا جَامِدَةً وَّهِيَ تَمُرُّ مَرَّ السَّحَابِۗ صُنْعَ اللّٰهِ الَّذِيْٓ اَتْقَنَ كُلَّ شَيْءٍۗ اِنَّهٗ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَفْعَلُوْنَ٨٨
Wa taral-jibāla taḥsabuhā jāmidataw wa hiya tamurru marras saḥāb(i), ṣun‘allāhil-lażī atqana kulla syai'(in), innahū khabīrum bimā taf‘alūn(a).
[88]
Yagene wong kaphir têka padha ora andêlêng ênggon Ingsun gawe wêngi kanggo wayahing wong padha lèrèn, sarta gawe rina kanggo wayahing wong mêlèk andêlêng barang-barang. Kang mangkono iku tumrap para wong mukmin, dadi tăndha yêkti sampurnaning kawasaningsun.
مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ خَيْرٌ مِّنْهَاۚ وَهُمْ مِّنْ فَزَعٍ يَّوْمَىِٕذٍ اٰمِنُوْنَ٨٩
Man jā'a bil-ḥasanati falahū khairum minhā, wa hum min faza‘iy yauma'iżin āminūn(a).
[89]
Lan nyaritakna nalikane Malaikat Israphil andamu sêmpronge, ing kono saisining bumi lan saisining langit padha giris kabèh, wusana padha mati, mung sapa kang diparêngake dening Allah, iku ora wêdi. Kabèh mau barêng wis padha ditangèkake saka ing pati, banjur padha seba ing ngarsaning Allah, sarta padha cilik atine.
وَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَكُبَّتْ وُجُوْهُهُمْ فِى النَّارِۗ هَلْ تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٩٠
Wa man jā'a bis-sayyi'ati fakubbat wujūhuhum fin-nār(i), hal tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[90]
Nalika iku sira andêlêng gunung saking dening gêdhene, sira kira mênêng bae, nanging satêmêne gunung mau mlaku rikat, kaya lakuning mega ginawa angin. Kang mangkono iku pandamêle Allah kang nindakake obah osiking samubarang nêtêpi apa bênêre. Satêmêne Allah iku waspada marang panggawene para kawulane.
اِنَّمَآ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ رَبَّ هٰذِهِ الْبَلْدَةِ الَّذِيْ حَرَّمَهَا وَلَهٗ كُلُّ شَيْءٍ وَّاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ ۙ٩١
Innamā umirtu an a‘buda rabba hāżihil-baldatil-lażī ḥarramahā wa lahū kullu syai'iw wa umirtu an akūna minal-muslimīn(a).
[91]
Sing sapa nglakoni kabêcikan, (ngucap: la ilaha illallah) wong iku ana ing akhirat, olèh ganjaran kang luwih bêcik tinimbang lan kabêcikan kang dilakoni. Sarta ana ing dina kiyamat, slamêt saka samubarang kang diwêdèni.
وَاَنْ اَتْلُوَا الْقُرْاٰنَ ۚفَمَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَقُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُنْذِرِيْنَ٩٢
Wa an atluwal-qur'ān(a), famanihtadā fa'innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla faqul innamā ana minal-munżirīn(a).
[92]
Dene sing sapa nglakoni ala, (kaphir, maro tingal) wong mau raine dijungkêlake ing naraka. Malaikat kang jaga naraka nyalathoni: Siksa mangkene iki wêwalêsing apa ta, ora liya iya wêwalêsing ala kang padha kolakoni biyèn.
وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ سَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ فَتَعْرِفُوْنَهَاۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ ࣖ٩٣
Wa qulil-ḥamdu lillāhi sayurīkum āyātihī fata‘rifūnahā, wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[93]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Aku mêsthi diparentahi nêmbah ing Allah Pangeraning nagara Mêkah kang dimulyakake [dimulyaka.....ke] iki, samubarang iku kabèh kagunganing Allah, lan aku didhawuhi nglakoni agama Islam.