Surah Asy-Syu`ara`

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤمّۤ١
Ṭā Sīm Mīm.
[1] Ta, Sin, Mim, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan surasane. Ayate surat iki ayating Kitab Kuran kang nêrangake bênêr lan luput.

تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ٢
Tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[2] (He Mukhammad) bokmênawa sira ngênês ngrasakake para wong kaphir ing Mêkah ênggone ora gêlêm pracaya ing Allah.

لَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ اَلَّا يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ٣
La‘allaka bākhi‘un nafsaka allā yakūnū mu'minīn(a).
[3] Upama ana kaparênging karsaningsun, wong ing Mêkah iku Ingsun karsakake pracaya ing Allah, kêna uga Ingsun nurunake ayat tăndha yêkti saka ing langit, kang anggêgirisi, ing kono gulune wong ing Mêkah kêpêksa padha tumungkul, konjêm ing salawase (nanging karsaningsun ora mangkono).

اِنْ نَّشَأْ نُنَزِّلْ عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ اٰيَةً فَظَلَّتْ اَعْنَاقُهُمْ لَهَا خٰضِعِيْنَ٤
In nasya' nunazzil ‘alaihim minas-samā'i āyatan fa ẓallat a‘nāquhum lahā khāḍi‘īn(a).
[4] Samăngsa Allah kang Mahamurah karsa nganyarake dhawuh, wong kaphir iya mêsthi banjur padha nganyarake pamopo.

وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنَ الرَّحْمٰنِ مُحْدَثٍ اِلَّا كَانُوْا عَنْهُ مُعْرِضِيْنَ٥
Wa mā ya'tīhim min żikrim minar-raḥmāni muḥdaṡin illā kānū ‘anhu mu‘riḍīn(a).
[5] Wis kalakon rambah-rambah wong kaphir iku padha maido marang Nabi Mukhammad, wong kaphir mau ora wurung bakal padha wêruh kanyataane utawa kawusanane ênggone padha anggêguyu Kuran.

فَقَدْ كَذَّبُوْا فَسَيَأْتِيْهِمْ اَنْۢبـٰۤؤُا مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٦
Faqad każżabū fa saya'tīhim ambā'u mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[6] Wong kaphir apa padha ora andêlêng gumêlaring bumi, wis pira bae Ingsun nuwuhake thêthukulan ana ing bumi kang bêcik-bêcik, migunani marang wong.

اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الْاَرْضِ كَمْ اَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ٧
Awalam yarau ilal-arḍi kam ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[7] Kang mangkono mau satêmêne dadi tăndha yêkti yèn kawasaning Allah iku sampurna, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya ing Allah.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةًۗ وَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٨
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[8] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٩
Inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[9] (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Nabi Musa, didhawuhi mangkene: Sira Ingsun utus mênyanga [mê..nyanga] marang panggonane wong duraka kang prasasat padha nganiaya marang awake dhewe.

وَاِذْ نَادٰى رَبُّكَ مُوْسٰٓى اَنِ ائْتِ الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٠
Wa iż nādā rabbuka mūsā ani'til-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[10] Iya iku Raja Phirngon sabalane kabèh, padha sira surup-surupna, yagene têka padha ora wêdi ing Allah.

قَوْمَ فِرْعَوْنَ ۗ اَلَا يَتَّقُوْنَ١١
Qauma fir‘aun(a), alā yattaqūn(a).
[11] Nabi Musa munjuk: Dhuh Pangeran kawula, sayêktosipun, kawula kuwatos bokmênawi Raja Phirngon sabalanipun wau sami maibên dhumatêng kawula.

قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّكَذِّبُوْنِ ۗ١٢
Qāla rabbi innī akhāfu ay yukażżibūn(i).
[12] Iba anggènipun kakên manah kawula, sarta ilat kawula botên trampil wicantên. Mila bilih kaparêng, Tuwan ugi karsaa ngutus sadhèrèk kawula pun Harun, dadosa kanthi kawula.

وَيَضِيْقُ صَدْرِيْ وَلَا يَنْطَلِقُ لِسَانِيْ فَاَرْسِلْ اِلٰى هٰرُوْنَ١٣
Wa yaḍīqu ṣadrī wa lā yanṭaliqu lisānī fa arsil ilā hārūn(a).
[13] Makatên malih kawula punika nandhang kalêpatan dhumatêng Raja Phirngon sabalanipun, mila kawula kuwatos bokmanawi Raja Phirngon wau lajêng mêjahi dhumatêng kawula.

وَلَهُمْ عَلَيَّ ذَنْۢبٌ فَاَخَافُ اَنْ يَّقْتُلُوْنِ ۚ١٤
Wa lahum ‘alayya żambun fa akhāfu ay yaqtulūn(i).
[14] Allah ngandika: Raja Phirngon ora bakal matèni marang sira, mulane saiki sira mangkata lan kakangira Harun, kalawan anggawatăndha yêkti saka Ingsun, Ingsun anjangkung ing sira, miyarsakake aturira.

قَالَ كَلَّا ۚفَاذْهَبَا بِاٰيٰتِنَآ اِنَّا مَعَكُمْ مُّسْتَمِعُوْنَ ۙ١٥
Qāla kallā, fażhabā bi'āyātinā innā ma‘akum mustami‘ūn(a).
[15] Sira wong loro padha nêmonana Raja Phirngon, lan tutura: Kula punika utusaning Allah Pangeraning tiyang sajagad.

فَأْتِيَا فِرْعَوْنَ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦
Fa'tiyā fir‘auna faqūlā innā rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[16] Dhawuhing Allah: Sampeyan ingandikakakên nguculakên tiyang Bani Srail sadaya, badhe sami kula jak kesah saking ngriki, mantuk dhatêng tanah Philastin, (kênangan).

اَنْ اَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ١٧
An arsil ma‘anā banī isrā'īl(a).
[17] (Nabi Musa lan Nabi Harun banjur ngèstokake dhawuhing Allah, barêng wis andhawuhake dhawuhing Allah) Raja Phirngon mangsuli: Apa kowe lali ênggonmu tak itik-itik ana ing kene kayadene anak, lan sira milu aku wiwit bayi nganti umur têlung puluh taun.

قَالَ اَلَمْ نُرَبِّكَ فِيْنَا وَلِيْدًا وَّلَبِثْتَ فِيْنَا مِنْ عُمُرِكَ سِنِيْنَ ۗ١٨
Qāla alam nurabbika fīnā walīdaw wa labiṡta fīnā min ‘umurika sinīn(a).
[18] Lan manèh kowe wis anglakoni kaluputan matèni wong Kibti, (bênêre Ingsun patrapi ukum kisas, ewadene ora tak patrapi apa-apa, saiki kowe duwe lêkas kang mangkono) dadi têtela kowe ora wêruh marang kabêcikanku.

وَفَعَلْتَ فَعْلَتَكَ الَّتِيْ فَعَلْتَ وَاَنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ١٩
Wa fa‘alta fa‘latakal-latī fa‘alta wa anta minal-kāfirīn(a).
[19] Nabi Musa mangsuli: Kala samantên kula botên pisan nêja mêjahi, (tiyang Kibti namung kula jotos kemawon, supados kapoka anggènipun siya-siya dhatêng tiyang Bani Srail) kula botên nyana pisan-pisan yèn namung dipun jotos kemawon dados lan pêjahipun.

قَالَ فَعَلْتُهَآ اِذًا وَّاَنَا۠ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ٢٠
Qāla fa‘altuhā iżaw wa ana minaḍ-ḍāllīn(a).
[20] Ewasamantên, saking ajrih kula dhatêng sampeyan, kula lajêng los, kesah saking ngarsa sampeyan, dhatêng ing Madyan, wontên ing ngrika kula dipun paringi kawicaksanan dening Allah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados nabi, punapadene dipun piji dados utusaning Allah.

فَفَرَرْتُ مِنْكُمْ لَمَّا خِفْتُكُمْ فَوَهَبَ لِيْ رَبِّيْ حُكْمًا وَّجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٢١
Fa farartu minkum lammā khiftukum fa wahaba lī rabbī ḥukmaw wa ja‘alanī minal-mursalīn(a).
[21] Punapa dumèh kula mêjahi tiyang botên sampeyan patrapi khukum kisas, utawi dumèh kula botên sampeyan pikuli padamêlan awrat [awra.....t] tur siya-siya kados tiyang Bani Srail sanès-sanèsipun. Punapa punika ingkang sampeyan wastani kasaenan sampeyan dhatêng kula.

وَتِلْكَ نِعْمَةٌ تَمُنُّهَا عَلَيَّ اَنْ عَبَّدْتَّ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٢٢
Wa tilka ni‘matun tamunnuhā ‘alayya an ‘abbatta banī isrā'īl(a).
[22] Raja Phirngon banjur takon: Pangerane wong sajagad, kabèh iku apa.

قَالَ فِرْعَوْنُ وَمَا رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ٢٣
Qāla fir‘aunu wa mā rabbul-‘ālamīn(a).
[23] Nabi Musa mangsuli: Mênawi sampeyan sumêrêp, samukawis ingkang dumadi punika wontên urusanipun, ingkang nêdahakên bilih Pangeraning tiyang sajagad punika Pangeraning bumi kalihan langit, ugi Pangeranipun samukawis ingkang wontên antawisipun bumi kalihan langit.

قَالَ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٢٤
Qāla rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[24] Raja Phirngon nolèh marang para panggêdhe kang padha seba ana ing kiwa têngêne, têmbunge: Apa kowe ora padha krungu wangsulane Musa iku, têka dudu kang tak takokke.

قَالَ لِمَنْ حَوْلَهٗٓ اَلَا تَسْتَمِعُوْنَ٢٥
Qāla liman ḥaulahū alā tastami‘ūn(a).
[25] Nabi Musa nyambungi wangsulane mau, Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran sampeyan saha Pangeranipun [Pangerani....pun] para lêluhur sampeyan ing jaman kina.

قَالَ رَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٢٦
Qāla rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[26] Raja Phirngon calathu marang wong kang padha ana ing kono, rasulmu kang diutus dening Pangeran, nyurup-nyurupake marang kowe iki edan, katara ênggone ora ngêrti pitakoning wong.

قَالَ اِنَّ رَسُوْلَكُمُ الَّذِيْٓ اُرْسِلَ اِلَيْكُمْ لَمَجْنُوْنٌ٢٧
Qāla inna rasūlakumul-lażī ursila ilaikum lamajnūn(un).
[27] Nabi Musa nyambungi wangsulane manèh: Mênawi sampeyan gadhah akal budi, tamtu sumêrêp bilih Pangeraning tiyang sajagad punika Pangeranipun Masrik, (panggenanipun mêdal surya) kalihan Mahrib (panggenan sêraping surya) ugi Pangeranipun samukawis ingkang wontên antawisipun Masrik kalihan Mahrib.

قَالَ رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ٢٨
Qāla rabbul-masyriqi wal-magribi wa mā bainahumā, in kuntum ta‘qilūn(a).
[28] Raja Phirngon mangsuli: Mênawa kowe mangeran marang liyane aku mêsthi tak kunjara, awor wong kang padha kinunjara.

قَالَ لَىِٕنِ اتَّخَذْتَ اِلٰهًا غَيْرِيْ لَاَجْعَلَنَّكَ مِنَ الْمَسْجُوْنِيْنَ٢٩
Qāla la'inittakhażta ilāhan gairī la'aj‘alannaka minal-masjūnīn(a).
[29] Nabi Musa matur marang Raja Phirngon: Mênawi kula angwontakên kaelokan minăngka tăndha yêktinipun bilih kula utusaning Allah sayêktos, punapa inggih mêksa sampeyan kunjara.

قَالَ اَوَلَوْ جِئْتُكَ بِشَيْءٍ مُّبِيْنٍ٣٠
Qāla awalau ji'tuka bisyai'im mubīn(in).
[30] Raja Phirngon mangsuli: Mênawa aturmu iku têmên, mara gawea kaelokan kaya kang koaturake mau.

قَالَ فَأْتِ بِهٖٓ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣١
Qāla fa'ti bihī in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[31] Nabi Musa nuli anguncalake têkêne, sanalika iku têkêne Nabi Musa dadi ula gêdhe, galak anggêgirisi.

فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌ ۚ٣٢
Fa alqā ‘aṣāhu fa iżā hiya ṡu‘bānum mubīn(un).
[32] Nabi Musa nuli mêtokake èpèk-èpèke saka ing kulambine, sanalika èpèk-èpèke Nabi Musa mancorong putih kaya srêngenge, ambalêrêngi marang wong kang padha andêlêng.

وَنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ ࣖ٣٣
Wa naza‘a yadahū fa iżā hiya baiḍā'u lin-nāẓirīn(a).
[33] Raja Phirngon banjur dhawuh marang para panggêdhe kang padha seba ana ing kiwa têngêne, Nabi Musa iki têtela juru sikhir kang pinunjul.

قَالَ لِلْمَلَاِ حَوْلَهٗٓ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌ ۙ٣٤
Qāla lil-mala'i ḥaulahū inna hāżā lasāḥirun ‘alīm(un).
[34] Sumêdya nundhung marang kowe kabèh saka bumi wutah gêtihmu ing Mêsir sarana sikhire. Saiki kapriye kang dadi rêmbugmu.

يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهٖۖ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ٣٥
Yurīdu ay yukhrijakum min arḍikum bisiḥrih(ī), fa māżā ta'murūn(a).
[35] Para panggêdhe banjur padha matur: Pamanggih kula Nabi Musa lan kakangipun punika prayogi [prayo....gi] dipun sarantosakên rumiyin, sapunika sang nata utusana dhatêng sakathahing kitha wêwêngkon ing ngriki, nimbali sowan pêpak.

قَالُوْٓا اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَابْعَثْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۙ٣٦
Qālū arjih wa akhāhu wab‘aṡ fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[36] Para pangagênging kitha sami nyowana[10] para juru sikhir ingkang pinunjul, dhatêng ing ngarsa sang nata.

يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سَحَّارٍ عَلِيْمٍ٣٧
Ya'tūka bikulli saḥḥārin ‘alīm(in).
[37] Ing kono para juru sikhir banjur dikalumpukake ana ing Mêsir, ing dina kang wis tinamtokake.

فَجُمِعَ السَّحَرَةُ لِمِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۙ٣٨
Fa jumi‘as-saḥaratu limīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[38] (Barêng wis têkan ing dina kang tinamtokake) wong ing Mêsir padha tămpa dhawuh: Wong ing Mêsir apa wis padha ngalumpuk. Mara enggal padha ngalumpuka.

وَّقِيْلَ لِلنَّاسِ هَلْ اَنْتُمْ مُّجْتَمِعُوْنَ ۙ٣٩
Wa qīla lin-nāsi hal antum mujtami‘ūn(a).
[39] Mênawa para juru sikhir mênang, bokmênawa aku lêstari manut agamane para juru sikhir, aja nganti manut marang Nabi Musa.

لَعَلَّنَا نَتَّبِعُ السَّحَرَةَ اِنْ كَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَ٤٠
La‘allanā nattabi‘us-saḥarata in kānū humul-gālibīn(a).
[40] Barêng para juru sikhir wis ngalumpuk, banjur padha matur ing Raja Phirngon, mênawi kula mênang, punapa badhe tampi ganjaran.

فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ قَالُوْا لِفِرْعَوْنَ اَىِٕنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ٤١
Falammā jā'as-saḥaratu qālū lifir‘auna a'inna lanā la'ajran in kunnā naḥnul-gālibīn(a).
[41] Raja Phirngon mangsuli: Iya bakal tămpa ganjaran, sarta yèn kowe mênang mêsthi bakal kacêdhak marang aku.

قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ اِذًا لَّمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ٤٢
Qāla na‘am wa innakum iżal laminal-muqarrabīn(a).
[42] Nabi Musa ditantang para juru sikhir banjur mangsuli: Lah iya kowe bae dhisik anggêlarna sikhirmu, (ing kono kowe bakal wêruh kawusanane).

قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ٤٣
Qāla lahum mūsā alqū mā antum mulqūn(a).
[43] Para juru sikhir nuli padha nguncalake tampare lan têkêne, pangucape: Dêmi kamulyane Raja Phirngon, aku sakancaku juru sikhir mêsthi padha mênang, (tampar lan têkên mau banjur padha malih rupa ula kang tanpa wilangan akèhe.

فَاَلْقَوْا حِبَالَهُمْ وَعِصِيَّهُمْ وَقَالُوْا بِعِزَّةِ فِرْعَوْنَ اِنَّا لَنَحْنُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Fa alqau ḥibālahum wa ‘iṣiyyahum wa qālū bi‘izzati fir‘auna innā lanaḥnul-gālibūn(a).
[44] Nabi Musa nuli nguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula gêdhe, banjur nguntali ula ênggone nyulap para juru sikhir mau, (nganti sirna kabèh).

فَاَلْقٰى مُوْسٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَ ۚ٤٥
Fa alqā mūsā ‘aṣāhu fa iżā hiya talqafu mā ya'fikūn(a).
[45] Para juru sikhir banjur padha wêruh yèn mukjizate Nabi Musa iku dudu sikhir, nuli padha anjungkêl sujud.

فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَ ۙ٤٦
Fa ulqiyas-saḥaratu sājidīn(a).
[46] Pangucape: Saiki aku padha pracaya ing Allah, Pangerane wong sajagad.

قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٤٧
Qālū āmannā birabbil-‘ālamīn(a).
[47] Iya Pangerane Nabi Musa lan Nabi Harun.

رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ٤٨
Rabbi mūsā wa hārūn(a).
[48] Raja Phirngon bangêt nêpsune, pangucape: He para juru sikhir, yagene kowe padha wani-wani pracaya marang Nabi Musa durung olèh palilahku. Yèn mangkono Nabi Musa iku panggêdhemu, kang mulang sikhir marang kowe. Sadhela êngkas kowe bakal wêruh kawusanane awakmu.

قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ ەۗ لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَۚ٤٩
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa lasaufa ta‘lamūn(a), la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum ajma'īn(a).
[49] Kowe bakal padha tak jonjang, tak kêthoki tanganmu, sarta tak pênthang utawa tak tanjir.

قَالُوْا لَا ضَيْرَ ۖاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَ ۚ٥٠
Qālū lā ḍair(a), innā ilā rabbinā munqalibūn(a).
[50] Para juru sikhir banjur padha mangsuli: Pangancam sampeyan makatên punika botên dados punapa. Sanadyan kula pêjaha, têmtu badhe wangsul dhatêng ngarsaning Pangeran kula.

اِنَّا نَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لَنَا رَبُّنَا خَطٰيٰنَآ اَنْ كُنَّآ اَوَّلَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ ࣖ٥١
Innā naṭma‘u ay yagfira lanā rabbunā khaṭāyānā an kunnā awwalal-mu'minīn(a).
[51] Kula ngajêng-ajêng mugi Allah Pangeran kula ngapuraa sakathahipun kalêpatan kula, dene kula dados kawitanipun tiyang pitados ing Allah utawi dhatêng Nabi Musa.

۞ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰىٓ اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْٓ اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَ٥٢
Wa auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī innakum muttaba‘ūn(a).
[52] Ingsun paring wahyu marang Nabi Musa: He Musa, sira mangkata lunga saka ing Mêsir, ngirida para kawulaningsun wong Bani Srail kabèh. Sira bakal diburu dening Raja Phirngon sabalane.

فَاَرْسَلَ فِرْعَوْنُ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۚ٥٣
Fa arsala fir‘aunu fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[53] Barêng Raja Phirngon krungu yèn wong Bani Srail padha lunga, banjur nglumpukake wong ing kutha-kutha sawêwêngkone, padha dijak amburu wong Bani Srail.

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَشِرْذِمَةٌ قَلِيْلُوْنَۙ٥٤
Inna hā'ulā'i lasyirzimatun qalīlūn(a).
[54] Dhawuhe: Balaku kabèh aja padha wêdi, wong Bani Srail iku wong sapăntha mung sathithik bangêt.

وَاِنَّهُمْ لَنَا لَغَاۤىِٕظُوْنَ ۙ٥٥
Wa innahum lanā lagā'iẓūn(a).
[55] Nanging wong Bani Srail mau padha anggrêgêtake, gawe nêpsuku.

وَاِنَّا لَجَمِيْعٌ حٰذِرُوْنَ ۗ٥٦
Wa innā lajamī‘un ḥāżirūn(a).
[56] Dene balaku wong Mêsir iki padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gêgamane.

فَاَخْرَجْنٰهُمْ مِّنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٧
Fa akhrajnāhum min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[57] Pangandikaning Allah: Ingsun mêtokake Raja Phirngon sabalane saka ing Mêsir, ninggal palêmahan kang ana kaline mili pating sarèwèh.

وَّكُنُوْزٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍ ۙ٥٨
Wa kunūziw wa maqāmin karīm(in).
[58] Lan ninggal gêdhong-gêdhong isi rajabrana apadene palinggihan kang endah.

كَذٰلِكَۚ وَاَوْرَثْنٰهَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
Każālik(a), wa auraṡnāhā banī isrā'īl(a).
[59] Wis mangkono ênggon Ingsun mêtokake [mêto....kake] Raja Phirngon. Sasirnane Raja Phirngon sabalane kêlêm ana ing sagara, rajadarbèke Ingsun paringake dadi warisan marang wong Bani Srail, padha dibalèni marang ing Mêsir.

فَاَتْبَعُوْهُمْ مُّشْرِقِيْنَ٦٠
Fa atba‘ūhum musyriqīn(a).
[60] Raja Phirngon sabalane mau padha ambêburu wong Bani Srail. Ing wayah wêtuning srêngenge mèh kacandhak ana pinggiring sagara.

فَلَمَّا تَرٰۤءَا الْجَمْعٰنِ قَالَ اَصْحٰبُ مُوْسٰٓى اِنَّا لَمُدْرَكُوْنَ ۚ٦١
Falammā tarā'al-jam‘āni qāla aṣḥābu mūsā innā lamudrakūn(a).
[61] Barêng wong Bani Srail lan wong Mêsir wis padha wêruhe, kancane Nabi Musa padha matur marang Nabi Musa: Kadospundi kula punika badhe sami kacêpêng.

قَالَ كَلَّا ۗاِنَّ مَعِيَ رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٦٢
Qāla kallā, inna ma‘iya rabbī sayahdīn(i).
[62] Nabi Musa mangsuli: Ora. Kowe aja padha kuwatir, aku dijangkung dening Allah Pangeranku, kang bakal paring pituduh dalan kaslamêtan marang aku.

فَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْبَحْرَۗ فَانْفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرْقٍ كَالطَّوْدِ الْعَظِيْمِ ۚ٦٣
Fa auḥainā ilā mūsā aniḍrib bi‘aṣākal-baḥr(a), fanfalaqa fa kāna kullu firqin kaṭ-ṭaudil ‘aẓīm(i).
[63] Ingsun banjur paring wahyu marang Nabi Musa: He Musa, têkênira sira gitikna ing sagara Kuljum. Barêng sagara digitik dening Nabi Musa, banyune banjur piyak dadi rolas lurung, antaraning lurung-lurung mau banyune anggênggêng [anggêng.....gêng] kaya gunung dhuwur.

وَاَزْلَفْنَا ثَمَّ الْاٰخَرِيْنَ ۚ٦٤
Wa azlafnā ṡammal-ākharīn(a).
[64] Ingsun anggiring Raja Phirngon sabalane malêbu ing sagara, amburu Nabi Musa sakancane wong Bani Srail.

وَاَنْجَيْنَا مُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۚ٦٥
Wa anjainā mūsā wa mam ma‘ahū ajma‘īn(a).
[65] Lan Ingsun paring salamêt marang Nabi Musa sakancane wong Bani Srail kabèh padha bisa mêtu saka ing sagara.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۗ٦٦
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[66] Sawise Nabi Musa sakancane padha mêtu saka ing sagara, Raja Phirngon sabalane padha Ingsun tumpês sarana Ingsun tungkêbi banyu sagara.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٦٧
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[67] Mungguh tumpêse Raja Phirngon sabalane mau, mêsthi dadi ayat, kanggo lupiya marang para wong sapungkure Raja Phirngon. Wong Mêsir mau, kang mukmin, pracaya ing Allah, ora akèh.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٦٨
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[68] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ اِبْرٰهِيْمَ ۘ٦٩
Watlu ‘alaihim naba'a ibrāhīm(a).
[69] (He Mukhammad) wong kaphir ing Mêkah iku padha sira wacakna carita lêlakone Nabi Ibrahim.

اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا تَعْبُدُوْنَ٧٠
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā ta‘budūn(a).
[70] Nalikane matur ing bapakne utawa mituturi marang para umate: Sampeyan punika sami nyêmbah punapa.

قَالُوْا نَعْبُدُ اَصْنَامًا فَنَظَلُّ لَهَا عٰكِفِيْنَ٧١
Qālū na‘budu aṣnāman fa naẓallu lahā ‘ākifīn(a).
[71] Bapakne lan para umate padha mangsuli: Aku padha nyembah brahala ing salawas- lawase.

قَالَ هَلْ يَسْمَعُوْنَكُمْ اِذْ تَدْعُوْنَ ۙ٧٢
Qāla hal yasma‘ūnakum iż tad‘ūn(a).
[72] Nabi Ibrahim matur: Mênawi sampeyan matur punapa-punapa dhatêng brahala, punapa brahala wau sagêd mirêng.

اَوْ يَنْفَعُوْنَكُمْ اَوْ يَضُرُّوْنَ٧٣
Au yanfa‘ūnakum au yaḍurrūn(a).
[73] Utawi punapa sagêd mikantuki punapadene mlarati dhatêng sampeyan.

قَالُوْا بَلْ وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا كَذٰلِكَ يَفْعَلُوْنَ٧٤
Qālū bal wajadnā ābā'anā każālika yaf‘alūn(a).
[74] Bapakne Nabi Ibrahim lan para umate padha mangsuli: Ora bisa, nanging para lêluhurku biyèn iya padha nyêmbah brahala kaya aku iki.

قَالَ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٧٥
Qāla afa ra'aitum mā kuntum ta‘budūn(a).
[75] Nabi Ibrahim matur manèh: Punapa sampun sampeyan galih sayêktos anggèn sampeyan nyêmbah brahala punika.

اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمُ الْاَقْدَمُوْنَ ۙ٧٦
Antum wa ābā'ukumul-aqdamūn(a).
[76] Sampeyan piyambak lan para lêluhur sampeyan ing kina.

فَاِنَّهُمْ عَدُوٌّ لِّيْٓ اِلَّا رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٧٧
Fa innahum ‘aduwwul lī illā rabbal-‘ālamīn(a).
[77] Brahala punika mênawi kula sêmbah benjing wontên ing akhirat dados satru kula. Namung Allah Pangeranipun tiyang sajagad, punika kula sêmbah botên badhe dados satru.

الَّذِيْ خَلَقَنِيْ فَهُوَ يَهْدِيْنِ ۙ٧٨
Allażī khalaqanī fa huwa yahdīn(i).
[78] Allah punika ingkang adamêl awak kula punika, sarta nêdahakên margi kawilujêngan dhatêng kula.

وَالَّذِيْ هُوَ يُطْعِمُنِيْ وَيَسْقِيْنِ ۙ٧٩
Wal-lażī huwa yuṭ‘imunī wa yasqīn(i).
[79] Allah punika ingkang paring têdha sarta ombèn-ombèn dhatêng kula.

وَاِذَا مَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِيْنِ ۙ٨٠
Wa iżā mariḍtu fa huwa yasyfīn(i).
[80] Mênawi kula nandhang sakit, Allah punika nyarasakên dhatêng kula.

وَالَّذِيْ يُمِيْتُنِيْ ثُمَّ يُحْيِيْنِ ۙ٨١
Wal-lażī yumītunī ṡumma yuḥyīn(i).
[81] Sarta ingkang badhe mêjahi kula, sasampuning pêjah, benjing dintên kiyamat anggêsangakên dhatêng kula.

وَالَّذِيْٓ اَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لِيْ خَطِيْۤـَٔتِيْ يَوْمَ الدِّيْنِ ۗ٨٢
Wal-lażī aṭma‘u ay yagfira lī khaṭī'atī yaumad-dīn(i).
[82] Allah punika ingkang kula ajêng-ajêng ngapura kalêpatan kula benjing dintên kiyamat.

رَبِّ هَبْ لِيْ حُكْمًا وَّاَلْحِقْنِيْ بِالصّٰلِحِيْنَ ۙ٨٣
Rabbi hab lī ḥukmaw wa alḥiqnī biṣ-ṣāliḥīn(a).
[83] Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa kawicaksanan dhumatêng kawula, kawula mugi Tuwan ewokakên tiyang sae.

وَاجْعَلْ لِّيْ لِسَانَ صِدْقٍ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ٨٤
Waj‘al lī lisāna ṣidqin fil-ākhirīn(a).
[84] Kawula punika mugi Tuwan dadosakên pangalêman saha têtuladanipun tiyang agami sapêngkêr kawula.

وَاجْعَلْنِيْ مِنْ وَّرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ ۙ٨٥
Waj‘alnī miw waraṡati janatin na‘īm(i).
[85] Saha kawula mugi Tuwan dadosakên aliwaris, ingkang badhe tampi panduman sawarga Nangim.

وَاغْفِرْ لِاَبِيْٓ اِنَّهٗ كَانَ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ ۙ٨٦
Wagfir li'abī innahū kāna minaḍ-ḍāllīn(a).
[86] Makatên malih bapa kawula punika ewonipun tiyang kêsasar, punika mugi Tuwan karsakakên tobat, salajêngipun Tuwan apura kalêpatanipun.

وَلَا تُخْزِنِيْ يَوْمَ يُبْعَثُوْنَۙ٨٧
Wa lā tukhzinī yauma yub‘aṡūn(a).
[87] Ing benjing dintên kiyamat, dintên tanginipun tiyang pêjah, Tuwan mugi sampun mêlèh-mêlèhakên awon kawula.

يَوْمَ لَا يَنْفَعُ مَالٌ وَّلَا بَنُوْنَ ۙ٨٨
Yauma lā yanfa‘u māluw wa lā banūn(a).
[88] (Pangandikaning Allah): Ing dina kiyamat iku ora ana băndha utawa anak bisa migunani.

اِلَّا مَنْ اَتَى اللّٰهَ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍ ۗ٨٩
Illā man atallāha biqalbin salīm(in).
[89] Kajaba wong kang seba ana pangayunaning Allah kanthi ati kang slamêt, (ora maro tingal) iku kang migunani.

وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ ۙ٩٠
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīn(a).
[90] Ing dina iku suwarga dicêdhakake marang wong kang padha wêdi ing Allah.

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِلْغَاوِيْنَ ۙ٩١
Wa burrizatil-jaḥīmu lil-gāwīn(a).
[91] Dene Naraka Jakhim ditontonake marang para wong kaphir.

وَقِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٩٢
Wa qīla lahum ainamā kuntum ta‘budūn(a).
[92] Wong kaphir padha didangu: Endi rupane brahala kang padha sira sêmbah biyèn.

مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗهَلْ يَنْصُرُوْنَكُمْ اَوْ يَنْتَصِرُوْنَ ۗ٩٣
Min dūnillāh(i), hal yanṣurūnakum au yantaṣirūn(a).
[93] Sira milaur nyêmbah liyane Allah, brahala mau apa bisa nulungi sira, utawa nulungi awake dhewe, murungake siksaning Allah.

فَكُبْكِبُوْا فِيْهَا هُمْ وَالْغَاوٗنَ ۙ٩٤
Fa kubkibū fīhā hum wal-gāwūn(a).
[94] Sakèhing brahala nuli padha dijungkêlake, dicêmplungake naraka karo para wong kaphir.

وَجُنُوْدُ اِبْلِيْسَ اَجْمَعُوْنَ ۗ٩٥
Wa junūdu iblīsa ajma‘ūn(a).
[95] Lan para balane iblis kabèh.

قَالُوْا وَهُمْ فِيْهَا يَخْتَصِمُوْنَ٩٦
Qālū wa hum fīhā yakhtaṣimūn(a).
[96] Wong kaphir mau ana sajroning naraka padha padu rame lan brahala. Pangucape wong kaphir:

تَاللّٰهِ اِنْ كُنَّا لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ۙ٩٧
Tallāhi in kunnā lafī ḍalālim mubīn(in).
[97] Dêmi Allah, satêmêne aku iki têtela wong kêsasar saka dalan kaslamêtan.

اِذْ نُسَوِّيْكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٩٨
Iż nusawwīkum birabbil-‘ālamīn(a).
[98] Marga ênggonku nyêmbah marang kowe, tak padha lan Allah lan Pangerane wong sajagad.

وَمَآ اَضَلَّنَآ اِلَّا الْمُجْرِمُوْنَ٩٩
Wa mā aḍallanā illal-mujrimūn(a).
[99] Dene kang anjalomprongake aku iki, ora ana manèh mung para setan.

فَمَا لَنَا مِنْ شٰفِعِيْنَ ۙ١٠٠
Famā lanā min syāfi‘īn(a).
[100] Saiki ora ana wong kang bisa têtulung apa-apa marang aku.

وَلَا صَدِيْقٍ حَمِيْمٍ١٠١
Wa lā ṣadīqin ḥamīm(in).
[101] Lan aku ora duwe mitra kang bela susah nulungi aku.

فَلَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١٠٢
Falau anna lanā karratan fa nakūna minal-mu'minīn(a).
[102] Upama aku diparêngake bali marang ing dunya, aku saguh dadi wong mukmin, nglakoni apa lakune wong mukmin.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٠٣
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[103] Dene carita kang wis kasêbut mau dadi wêwulang tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake. Ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٠٤
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[104] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

كَذَّبَتْ قَوْمُ نُوْحِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۚ١٠٥
Każżabat qaumu nūḥinil-mursalīn(a).
[105] Para umate Nabi Nuh padha maido para rasul.

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ نُوْحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٠٦
Iż qāla lahum akhūhum nūḥun alā tattaqūn(a).
[106] Nabi Nuh mau lan para umate isih sanak. Dhèk samana Nabi Nuh dhawuh marang para umate: Yagene kowe têka [tê...ka] padha ora wêdi ing Allah.

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٠٧
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[107] Satêmêne aku iki utusaning Allah kang mitayani ênggonku andhawuhake lugune dhawuhing Allah, ora muwuhi ora ngurangi lan ora ngowahi.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٠٨
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[108] Kowe padha wêdia ing Allah, lan ngèstokna pituturku.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٠٩
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[109] Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki ora pisan amrih pituwas apa-apa saka ing kowe, dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora ana manèh mung Allah Pangerane wong sajagad.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ١١٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[110] Kowe padha wêdia ing Allah lan ngèstokna pituturku.

۞ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لَكَ وَاتَّبَعَكَ الْاَرْذَلُوْنَ ۗ١١١
Qālū anu'minu laka wattaba‘akal-arżalūn(a).
[111] Para umate Nabi Nuh padha mangsuli: Kenging punapa kula manut ing sampeyan, tiyang ingkang sami manut ing sampeyan punika sami tiyang urakan sadaya.

قَالَ وَمَا عِلْمِيْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ۚ١١٢
Qāla wa mā ‘ilmī bimā kānū ya‘malūn(a).
[112] Nabi Nuh mangsuli marang para umate: Prakara asoring pagawean ora tak pikir, aku mung diutus murih pracayane manungsa ing Allah, ora susah mêruhi luguning panganggêpe kang dibatin.

اِنْ حِسَابُهُمْ اِلَّا عَلٰى رَبِّيْ لَوْ تَشْعُرُوْنَ ۚ١١٣
In ḥisābuhum illā ‘alā rabbī lau tasy‘urūn(a).
[113] Mênawa kowe wêruh kang mêngkono mau, mêsthi ora nacad asoring pagawean, dene panimbange panganggêp kang dibatin iku ana ngastaning Allah Pangeranku.

وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ١١٤
Wa mā ana biṭāridil-mu'minīn(a).
[114] Aku ora kêna nulak sadhengah wong kang pracaya ing Allah.

اِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ١١٥
In ana illā nażīrum mubīn(un).
[115] Aku iki ora liya mung mêmêdèni siksaning Allah kalawan têrang, lan ora mawang wong.

قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰنُوْحُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمَرْجُوْمِيْنَۗ١١٦
Qālū la'illam tantahi yā nūḥu latakūnanna minal-marjūmīn(a).
[116] Para umate Nabi Nuh padha kaku atine, pangucape: He Nabi Nuh, anggèn sampeyan munasika dhatêng kula punika mênawi botên sampeyan mantuni, sampeyan mêsthi kula bênturi ing sela.

قَالَ رَبِّ اِنَّ قَوْمِيْ كَذَّبُوْنِۖ١١٧
Qāla rabbi inna qaumī każżabūn(i).
[117] Nabi Nuh banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, para umat kawula sami maibên dhatêng kawula.

فَافْتَحْ بَيْنِيْ وَبَيْنَهُمْ فَتْحًا وَّنَجِّنِيْ وَمَنْ مَّعِيَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١١٨
Faftaḥ bainī wa bainahum fatḥaw wa najjinī wa mam ma‘iya minal-mu'minīn(a).
[118] Mila Tuwan mugi kaparênga andhawahakên lêlêrêsan tumrap anggèn kawula pasulayan kalihan para umat kawula wau, punapadene Tuwan mugi paringa wilujêng dhumatêng kawula sakănca kawula para tiyang mukmin.

فَاَنْجَيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِ١١٩
Fa anjaināhu wa mam ma‘ahū fil-fulkil-masyḥūn(i).
[119] Ingsun paring slamêt marang Nabi Nuh sakancane para wong mukmin, ana ing prau kang kêbak isi wong lan sawarnaning khewan dharatan.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا بَعْدُ الْبَاقِيْنَ١٢٠
Ṡumma agraqnā ba‘dul-bāqīn(a).
[120] Sawise mangkono, para umate Nabi Nuh liya-liyane padha Ingsun tumpês kabèh, sarana Ingsun kêlêm.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٢١
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[121] Carita lêlakone Nabi Nuh lan para umate mau, satêmêne dadi wêwulang tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٢٢
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[122] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

كَذَّبَتْ عَادُ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٢٣
Każżabat ‘ādunil-mursalīn(a).
[123] Wong Ngad uga padha maido para rasul.

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ هُوْدٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٢٤
Iż qāla lahum akhūhum hūdun alā tattaqūn(a).
[124] Sadulure wong Ngad kang aran Nabi Hud, mituturi marang wong Ngad mau: Yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٢٥
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[125] Satêmêne aku iki utusaning [utusa....ning] Allah, ênggonku ngundhangake dhawuhing Allah: Mitayani. Aku diutus mituturi marang kowe kabèh.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٢٦
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[126] Kowe padha wêdia ing Allah lan ngèstokna pituturku.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٢٧
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[127] Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki ora pisan amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora ana manèh mung Allah Pangerane wong sajagad.

اَتَبْنُوْنَ بِكُلِّ رِيْعٍ اٰيَةً تَعْبَثُوْنَ ۙ١٢٨
Atabnūna bikulli rī‘in āyatan ta‘baṡūn(a).
[128] Yagene kowe padha angêdêgake pagupon ana ing ngêndi-êndi panggonan kang gênêng, kanggo dolanan ngiras dadi têtêngêre wong mlaku.

وَتَتَّخِذُوْنَ مَصَانِعَ لَعَلَّكُمْ تَخْلُدُوْنَۚ١٢٩
Wa tattakhiżūna maṣāni‘a la‘allakum takhludūn(a).
[129] Apadene kowe padha gawe balumbang utawa sêgaran, pangarêp-arêpmu kowe langgênga urip, aja mati-mati.

وَاِذَا بَطَشْتُمْ بَطَشْتُمْ جَبَّارِيْنَۚ١٣٠
Wa iżā baṭasytum baṭasytum jabbārīn(a).
[130] Mangkono manèh kowe butêng sarta cêngkiling, mênawa kowe mara tangan, siya- siya.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٣١
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[131] Kowe padha wêdia ing Allah sarta ngèstokna pituturku.

وَاتَّقُوا الَّذِيْٓ اَمَدَّكُمْ بِمَا تَعْلَمُوْنَ ۚ١٣٢
Wattaqul-lażī amaddakum bimā ta‘lamūn(a).
[132] Padha wêdia ing Pangeran kang paring kabungahan marang kowe, kaya kang wis padha kowêruhi.

اَمَدَّكُمْ بِاَنْعَامٍ وَّبَنِيْنَۙ١٣٣
Amaddakum bi'an‘āmiw wa banīn(a).
[133] Allah wis maringi kabungahan marang kowe rupa rajakaya lan anak putu.

وَجَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۚ١٣٤
Wa jannātiw wa ‘uyūn(in).
[134] Apadene palêmahan lan kali pirang- pirang.

اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ ۗ١٣٥
Innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[135] Satêmêne yèn kowe êmoh pituturku, aku kuwatir, ora wurung kowe bakal nandhang siksaning Allah, ana ing dunya lan ing akhirat.

قَالُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَوَعَظْتَ اَمْ لَمْ تَكُنْ مِّنَ الْوٰعِظِيْنَ ۙ١٣٦
Qālū sawā'un ‘alainā awa‘aẓta am lam takum minal-wā‘iẓīn(a).
[136] Wong Ngad padha mangsuli: He Nabi Hud, kula sampeyan wulang makatên punika kalihan botên, sami kemawon, botên badhe maèlu dhatêng wêwulang sampeyan.

اِنْ هٰذَآ اِلَّا خُلُقُ الْاَوَّلِيْنَ ۙ١٣٧
In hāżā illā khuluqul-awwalīn(a).
[137] Sayêktosipun, wulang ingkang sampeyan angge ngajrih-ajrihi dhatêng kula kados ngajrih-ajrihi lare alit, punika botên liya damêl-damêlipun para tiyang kina.

وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ ۚ١٣٨
Wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[138] Sampun botên kemawon kula badhe sami nandhang siksa.

فَكَذَّبُوْهُ فَاَهْلَكْنٰهُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣٩
Fa każżabūhu fa ahlaknāhum, inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[139] Wong Ngad padha maido marang Nabi Hud, mulane banjur Ingsun tumpês. Kang mangkono mau satêmêne dadi lupiya tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٤٠
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[140] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٤١
Każżabat ṡamūdul-mursalīn(a).
[141] Wong Samud uga padha maido para rasul.

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ صٰلِحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٤٢
Iż qāla lahum akhūhum ṣāliḥun alā tattaqūn(a).
[142] Dhèk samana sanake wong Samud kang aran Nabi Salèh mituturi marang wong Samud: He para sanakku, yagene kowe têka padha ora wêdi ing Allah.

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٤٣
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[143] Satêmêne aku iki utusaning Allah, ênggonku mratakake dhawuhing Allah mitayani.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٤٤
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[144] Kowe padha wêdia ing Allah, ngèstokna pituturku.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٤٥
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[145] Enggonku mratakake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora liya mung Allah Pangerane wong sajagad.

اَتُتْرَكُوْنَ فِيْ مَا هٰهُنَآ اٰمِنِيْنَ ۙ١٤٦
Atutrakūna fīmā hāhunā āminīn(a).
[146] Apa kowe padha duwe kira yèn ênggonmu urip iku diumbar bae, têntrêm salawase, ora ana apa-apa, (luput pangiramu).

فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ١٤٧
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[147] Saiki kowe duwe palêmahan akèh lan kali-kali.

وَّزُرُوْعٍ وَّنَخْلٍ طَلْعُهَا هَضِيْمٌ ۚ١٤٨
Wa zurū‘iw wa nakhlin ṭal‘uhā haḍīm(un).
[148] Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang dangune lêmês.

وَتَنْحِتُوْنَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا فٰرِهِيْنَ١٤٩
Wa tanḥitūna minal-jibāli buyūtan fārihīn(a).
[149] Lan padha gawe guwa ana ing gunung-gunung kanggo omah, pancèn padha baut.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٥٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[150] Kowe padha wêdia ing Allah, lan ngèstokna pituturku.

وَلَا تُطِيْعُوْٓا اَمْرَ الْمُسْرِفِيْنَ ۙ١٥١
Wa lā tuṭī‘ū amral-musrifīn(a).
[151] Lan aja padha manut laku jantrane wong kaphir.

الَّذِيْنَ يُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ١٥٢
Allażīna yufsidūna fil-arḍi wa lā yaṣliḥūn(a).
[152] Kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, ora gawe bêcik sarana ngadil lan pracaya ing Allah.

قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٥٣
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[153] Wong Samud padha mangsuli: Sampeyan punika mêsthi tiyang kenging ing sikhir.

مَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ فَأْتِ بِاٰيَةٍ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ١٥٤
Mā anta illā basyarum miṡlunā, fa'ti bi'āyatin in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[154] Botên liya sampeyan punika inggih tiyang kados kula kemawon, dede malaikat. Wangsulan sampeyan ngakên utusaning Allah, mênawi dhasar têmên, cobi sampeyan angwontênakên tăndha yêkti.

قَالَ هٰذِهٖ نَاقَةٌ لَّهَا شِرْبٌ وَّلَكُمْ شِرْبُ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۚ١٥٥
Qāla hāżihī nāqatul lahā syirbuw wa lakum syirbu yaumim ma‘lūm(in).
[155] Nabi Salèh mangsuli: Tăndha yêktine, mara dêlêngên. Iki unta pêparinging Allah, mêtu saka ing watu. Kaya carane unta lair saka biyunge, têtêp kaya panjalukmu. Unta iki duwe pêpancèn ngombe ing sêndhang iki, kowe uga padha duwe pêpancèn, giliran sadina edhing. Kowe aja padha nyahak giliraning unta mau.

وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥٦
Wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābu yaumin ‘aẓīm(in).
[156] Lan kowe aja padha nandukake piala marang unta iki, yèn kowe nandukake piala, mêsthi bakal nandhang siksaning Allah kang abot, ana ing dina kang anggêgirisi.

فَعَقَرُوْهَا فَاَصْبَحُوْا نٰدِمِيْنَ ۙ١٥٧
Fa ‘aqarūhā fa aṣbaḥū nādimīn(a).
[157] Wong Samud banjur padha ambêlèh unta mau, barêng padha andêlêng bakal têkaning siksa, padha bangêt gêtun lan kaduwunge.

فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٥٨
Fa akhażahumul-‘ażāb(u), inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[158] 158. Wong Samud banjur tumpês tinêmpuh ing siksaning Allah, kaya pangancame Nabi Salèh. Kang mangkono mau mêsthi dadi lupiya lan wêwulang tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake. Ewadene manungsa ora akèh kang pracaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٥٩
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[159] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٦٠
Każżabat qaumu lūṭinil-mursalīn(a).
[160] Para umate Nabi Lut uga padha maido para rasul.

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ لُوْطٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٦١
Iż qāla lahum akhūhum lūṭun alā tattaqūn(a).
[161] Dhèk samana sanake kang aran Nabi Lut mituturi mangkene: Yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٦٢
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[162] Satêmêne aku iki utusaning Allah, ênggonku mratakake dhawuhing Allah marang kowe mitayani.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٦٣
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[163] 163. Kowe padha wêdia ing Allah. Lan ngèstokna pituturku.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٦٤
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[164] Enggonku mratakake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku, ora liya mung Allah Pangerane wong sajagad.

اَتَأْتُوْنَ الذُّكْرَانَ مِنَ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦٥
Ata'tūnaż-żukrāna minal-‘ālamīn(a).
[165] Yagene kowe têka padha milih cumbana padha wong lanang, kang măngka ora kurang wong wadon.

وَتَذَرُوْنَ مَا خَلَقَ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ عَادُوْنَ١٦٦
Wa tażarūna mā khalaqa lakum rabbukum min azwājikum, bal antum qamun ‘ādūn(a).
[166] Kowe padha nampik pawadonane rabimu, kang wis dicawisake lan diwênangake dening Allah Pangeranmu marang kowe (sanadyan rabimu iya kocumbana saka ing buri). Dadi kowe iku têtêp wong kabangêtên. Nampik barang kang diwênangake, milih kalarangan.

قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰلُوْطُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُخْرَجِيْنَ١٦٧
Qālū la'illam tantahi yā lūṭu latakūnanna minal-mukhrajīn(a).
[167] Para umate Nabi Lut padha mangsuli: He Nabi Lut, mênawi botên sampeyan mantuni anggèn sampeyan munasika dhatêng kula punika, sampeyan mêsthi kula tundhung saking ngriki.

قَالَ اِنِّيْ لِعَمَلِكُمْ مِّنَ الْقَالِيْنَ ۗ١٦٨
Qāla innī li‘amalikum minal-qālīn(a).
[168] Nabi Lut gênti mangsuli: Sakarêpmu, satêmêne aku gêthing bangêt lan ora sudi marang lakumu kang mangkono iku.

رَبِّ نَجِّنِيْ وَاَهْلِيْ مِمَّا يَعْمَلُوْنَ١٦٩
Rabbi najjinī wa ahlī mimmā ya‘malūn(a).
[169] (Nabi Lut munjuk ing Allah): Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa wilujêng dhumatêng kawula sakănca kawula, saking siksa patrapanipun kalêpatan, ingkang dipun lampahi dening para umat kawula.

فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۙ١٧٠
Fa najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[170] (Pangandikaning Allah): Ingsun paring slamêt marang Nabi Lut sakancane kabèh.

اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ ۚ١٧١
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[171] . Mung wong wadon tuwa rabine Nabi Lut, iku katut Ingsun siksa, marga biyantu marang para umate Nabi Lut.

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۚ١٧٢
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[172] Para umate Nabi Lut liya-liyane banjur Ingsun tumpês.

وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۚ فَسَاۤءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٣
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fa sā'a maṭarul-munżarīn(a).
[173] Para umate Nabi Lut mau Ingsun udani watu lan walirang murub, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala têmên udan siksane wong kaphir kang wis diwêwêdèni mêksa wangkot.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٧٤
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[174] Lêlakoning para umate Nabi Lut mau, satêmêne dadi lupiya lan wêwulang [wêwu.....lang] tumrap wong kang ngrasak-ngrasakake, ewadene manungsa akèh kang ora pracaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٧٥
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[175] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

كَذَّبَ اَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧٦
Każżaba aṣḥābul-aikatil-mursalīn(a).
[176] Wong ing Madyan kang padha duwe palêmahan loh isi têtanduran, padha maido para rasul.

اِذْ قَالَ لَهُمْ شُعَيْبٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٧٧
Iż qāla lahum syu‘aibun alā tattaqūn(a).
[177] Dhèk samana Nabi Sungèb mituturi marang wong ing Madyan mau: Yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٧٨
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[178] 178. Satêmêne aku iki utusaning Allah, dikarsakake mituturi marang kowe, ênggonku mratakake dhawuhing Allah: Mitayani.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٧٩
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[179] Kowe padha wêdia ing Allah lan ngèstokna pituturku.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٨٠
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[180] Enggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora amrih pituwas apa-apa saka ing kowe. Dene kang bakal maringi ganjaran marang aku ora liya mung Allah Pangerane wong sajagad.

۞ اَوْفُوا الْكَيْلَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُخْسِرِيْنَ ۚ١٨١
Auful-kaila wa lā takūnū minal-mukhsirīn(a).
[181] Kowe padha anggênêpana takên,[11] aja ambalithuk, gawe kapitunaning wong.

وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِ ۚ١٨٢
Wazinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i).
[182] Lan padha nrajua nganggo traju kang jêjêg.

وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۚ١٨٣
Wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[183] Lan aja padha gawe suda ajine dhuwiting wong, lan aja padha rusuh gawe rusak ana ing bumi.

وَاتَّقُوا الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالْجِبِلَّةَ الْاَوَّلِيْنَ ۗ١٨٤
Wattaqul-lażī khalaqakum wal-jibillatal-awwalīn(a).
[184] Padha wêdia ing Allah kang gawe awakmu, lan gawe para umat ing jaman kuna.

قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٨٥
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[185] Wong ing Madyan padha mangsuli, he Nabi Sungèb, sampeyan punika mêsthi tiyang kenging ing sikhir.

وَمَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا وَاِنْ نَّظُنُّكَ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۚ١٨٦
Wa mā anta illā basyarum miṡlunā wa in naẓunnuka laminal-kāżibīn(a).
[186] Sampeyan punika botên liya inggih tiyang kados kula kemawon, dede malaikat. Sayêktosipun, pamanggih kula sampeyan ngakên utusaning Allah punika dora.

فَاَسْقِطْ عَلَيْنَا كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ ۗ١٨٧
Fa asqiṭ ‘alainā kisafam minas-samā'i in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[187] Mênawi sampeyan têmên, yêktos utusaning Allah, cobi kula sampeyan turuni siksa jawah gêgêmpalaning [gêgêmpala....ning] langit.

قَالَ رَبِّيْٓ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ١٨٨
Qāla rabbī a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[188] Nabi Sungèb mangsuli: Allah Pangeranku mêsthi nguningani samubarang kang padha kolakoni.

فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَهُمْ عَذَابُ يَوْمِ الظُّلَّةِ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٨٩
Fa każżabūhu fa akhażahum ‘ażābu yaumiẓ-ẓullah(ti), innahū kāna ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[189] Wong ing Madyan padha kabanjur-banjur ênggone maido Nabi Sungêb, mulane banjur tinêmpuh siksaning Allah ana ing dina eyub, iya iku siksa ing dina kang anggêgirisi. (Dina eyub iku katêrangane mangkene: Allah mêngakake lawanging naraka Jahanam. Ing dina iku ing bumi banjur bangêt panase, wong ing Madyan banjur padha ngeyub malêbu ing omahe, nanging mêksa ora bêtah panase, banjur padha mêtu. Ing jaba ana eyub wêwayanganing mega, wong ing Madyan padha ngungsi ngeyub ing kono. Ana ing kono banjur diudani gêni, wong ing Madyan tumpês sirna dadi awu).

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٩٠
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[190] Lêlakone wong ing Madyan mau satêmêne dadi lupiya lan wêwulang tumrap wong kang

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٩١
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[191] Satêmêne Allah Pangeranira iku Mahamulya tur Maha-asih.

وَاِنَّهٗ لَتَنْزِيْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٩٢
Wa innahū latanzīlu rabbil-‘ālamīn(a).
[192] Satêmêne Kuran iku tinurunake dening Allah Pangerane wong sajagad.

نَزَلَ بِهِ الرُّوْحُ الْاَمِيْنُ ۙ١٩٣
Nazala bihir rūḥul-amīn(u).
[193] Kang dituduh andhawuhake Kuran mau Malaikat Jabarail, kang pinracaya dening Allah.

عَلٰى قَلْبِكَ لِتَكُوْنَ مِنَ الْمُنْذِرِيْنَ ۙ١٩٤
‘Alā qalbika litakūna minal-munżirīn(a).
[194] Didhawuhake marang atinira Mukhammad, supaya sira ênggo mêmêdèni lan ambêbungah marang manungsa.

بِلِسَانٍ عَرَبِيٍّ مُّبِيْنٍ ۗ١٩٥
Bilisānin ‘arabiyyim mubīn(in).
[195] Têtêmbunganing Kuran mau têmbung Ngarab kang patitis.

وَاِنَّهٗ لَفِيْ زُبُرِ الْاَوَّلِيْنَ١٩٦
Wa innahū lafī zuburil-awwalīn(a).
[196] Dene anane Kuran iki wis diwêca ana ing kitab kang kuna-kuna.

اَوَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ اٰيَةً اَنْ يَّعْلَمَهٗ عُلَمٰۤؤُا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ١٩٧
Awalam yakul lahum āyatan ay ya‘lamahū ‘ulamā'u banī isrā'īl(a).
[197] Yagene wong kaphir ing Mêkah têka padha nyelaki tăndha yêktine yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah, iya iku ênggone wis kasêbut ana ing kitab-kitab kuna, sarta wis diwêruhi dening para pandhita Bani Srail.

وَلَوْ نَزَّلْنٰهُ عَلٰى بَعْضِ الْاَعْجَمِيْنَ ۙ١٩٨
Wa lau nazzalnāhū ‘alā ba‘ḍil-a‘jamīn(a).
[198] Upama Kuran iku Ingsun dhawuhake marang sawênèhe wong Ngajam, (iya iku liyane wong Ngarab).

فَقَرَاَهٗ عَلَيْهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ مُؤْمِنِيْنَ ۗ١٩٩
Fa qara'ahū ‘alaihim mā kānū bihī mu'minīn(a).
[199] Wong Ngajam iku banjur diwacakake Kuran, amêsthi wong Ngajam mau ora pracaya marang Kuran.

كَذٰلِكَ سَلَكْنٰهُ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَ ۗ٢٠٠
Każālika salaknāhu fī qulūbil-mujrimīn(a).
[200] Kaya mangkono uga atine para wong kaphir padha Ingsun panjingi pamaido marang Kuran.

لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٢٠١
Lā yu'minūna bihī ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[201] Dadi padha ora pracaya ing Kuran, nganti tumêka ênggone padha andêlêng siksa naraka kang nglarani.

فَيَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ ۙ٢٠٢
Fa ya'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[202] Barêng wis têkan mangsane, siksa naraka mau banjur nêmpuh marang wong kaphir, têkane ngagètake, wong kaphir ora ngira pisan-pisan yèn bakal katêkan siksa.

فَيَقُوْلُوْا هَلْ نَحْنُ مُنْظَرُوْنَ ۗ٢٠٣
Fa yaqūlū hal naḥnu munẓarūn(a).
[203] Wong kaphir banjur padha munjuk ing Allah: Punapa kawula kaparêng nyuwun dipun [dipu.....n] sarantosakên sakêdhap kemawon, kawula badhe pitados ing Tuwan.

اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ٢٠٤
Afa bi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[204] Wong kaphir banjur tămpa dhawuh: Ora kêna, yagene kowe padha andhandhang lan anggege têkaning siksa.

اَفَرَءَيْتَ اِنْ مَّتَّعْنٰهُمْ سِنِيْنَ ۙ٢٠٥
Afa ra'aita im matta‘nāhum sinīn(a).
[205] (He Mukhammad) mara sira pikira, wong kaphir iku Ingsun bungahake sawatara taun lawase.

ثُمَّ جَاۤءَهُمْ مَّا كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ۙ٢٠٦
Ṡumma jā'ahum mā kānū yū‘adūn(a).
[206] Barêng wis têkan ing wêwangên, banjur padha tinêmpuh ing siksa kang maune wis diancamake.

مَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يُمَتَّعُوْنَ ۗ٢٠٧
Mā agnā ‘anhum mā kānū yumatta‘ūn(a).
[207] Kabungahane sawatara taun mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa, (mêsthi ora bisa).

وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ اِلَّا لَهَا مُنْذِرُوْنَ ۖ٢٠٨
Wa mā ahlaknā min qaryatin illā lahā munżirūn(a).
[208] Ingsun ora pisan numpês wong ing padesan, kajaba yèn ing kono wis ana utusaningsun kang mêmêdèni lan nyurup-nyurupake.

ذِكْرٰىۚ وَمَا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٠٩
Żikrā, wa mā kunnā ẓālimīn(a).
[209] Apadene mêmulang marang wong ing padesan mau, nanging tansah dipaido, Ingsun ora niksa kalawan panganiaya. [pangani....aya.]

وَمَا تَنَزَّلَتْ بِهِ الشَّيٰطِيْنُ٢١٠
Wa mā tanazzalat bihisy-syayāṭīn(u).
[210] Kang nurunake Kuran iku dudu setan.

وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهُمْ وَمَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ۗ٢١١
Wa mā yambagī lahum wa mā yastaṭī‘ūn(a).
[211] Amarga setan iku mênawa arêp nginjên, ngrungok-ngrungokake gunêming malaikat, banjur dibalangi kalawan sihab (lintang alihan).

اِنَّهُمْ عَنِ السَّمْعِ لَمَعْزُوْلُوْنَ ۗ٢١٢
Innahum ‘anis-sam‘i lama‘zūlūn(a).
[212]

فَلَا تَدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَكُوْنَ مِنَ الْمُعَذَّبِيْنَ٢١٣
Falā tad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara fa takūna minal-mu‘ażżabīn(a).
[213] (He Mukhammad) manungsa iku ênggone mangeran ing Allah aja karo mangeran liyane Allah, bakal padha disiksa.

وَاَنْذِرْ عَشِيْرَتَكَ الْاَقْرَبِيْنَ ۙ٢١٤
Wa anżir ‘asyīratakal-aqrabīn(a).
[214] Para kancanira luwih manèh kang isih kalêbu sanak, padha sira wêdènana kang mangkono mau.

وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ٢١٥
Wakhfiḍ janāḥaka limanittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[215] Sawise sira wêdèni, sira ngrêpèpèha, ngajèni para wong mukmin kang padha manut ing sira.

فَاِنْ عَصَوْكَ فَقُلْ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ ۚ٢١٦
Fa in ‘aṣauka faqul innī barī'um mimmā ta‘malūn(a).
[216] Mênawa para sanakira padha suthik manut ing sira, sira dhawuha: Aku wisuh, ora milu-milu ênggonmu padha nglakoni nyêmbah liyane Allah.

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِ ۙ٢١٧
Wa tawakkal ‘alal-‘azīzir-raḥīm(i).
[217] Sira pasraha ing Allah kang Mahamulya tur Maha-asih.

الَّذِيْ يَرٰىكَ حِيْنَ تَقُوْمُ٢١٨
Allażī yarāka ḥīna taqūm(u).
[218] Kang mirsani sira nalikane sira ngadêg sêmbayang.

وَتَقَلُّبَكَ فِى السّٰجِدِيْنَ٢١٩
Wa taqallubaka fis-sājidīn(a).
[219] Lan mirsani tandangira nglakoni sêmbayang, sujud rukuk sapanunggalane.

اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٢٢٠
Innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[220] Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.

هَلْ اُنَبِّئُكُمْ عَلٰى مَنْ تَنَزَّلُ الشَّيٰطِيْنُ ۗ٢٢١
Hal unabbi'ukum ‘alā man tanazzalusy-syayāṭīn(u).
[221] (He wong kaphir ing Mêkah) apa sira Ingsun têrangake wong kang diwisik ing setan.

تَنَزَّلُ عَلٰى كُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍ ۙ٢٢٢
Tanazzalu ‘alā kulli affākin aṡīm(in).
[222] Setan iku misik marang sarupane wong kang dhêmên goroh lan duraka.

يُّلْقُوْنَ السَّمْعَ وَاَكْثَرُهُمْ كٰذِبُوْنَ ۗ٢٢٣
Yulqūnas-sam‘a wa akṡaruhum kāżibūn(a).
[223] Biyèn para setan iku padha ngrungok-ngrungokake gunêmane para malaikat, banjur diwisikake marang para juru mêthèk. Dene pamêthèke para juru mêthèk iku kang akèh goroh.

وَالشُّعَرَاۤءُ يَتَّبِعُهُمُ الْغَاوٗنَ ۗ٢٢٤
Wasy-syu‘arā'u yattabi‘uhumul-gāwūn(a).
[224] . Para wong bodho kang kêsasar saka dalan kaslamêtan padha manut [manu.t] marang para juru nganggit têmbang, calathu goroh, ngarani yèn Kuran iku têmbang.

اَلَمْ تَرَ اَنَّهُمْ فِيْ كُلِّ وَادٍ يَّهِيْمُوْنَ ۙ٢٢٥
Alam tara annahum fī kulli wādiy yahīmūn(a).
[225] Apa sira ora andêlêng yèn para juru nganggit têmbang iku, kang padha ambawur rasaning têtêmbungan.

وَاَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ مَا لَا يَفْعَلُوْنَ ۙ٢٢٦
Wa annahum yaqūlūna mā lā yaf‘alūn(a).
[226] Lan manèh padha ngaku nglakoni kabêcikan kang satêmêne ora dilakoni.

اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَذَكَرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّانْتَصَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا ۗوَسَيَعْلَمُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَيَّ مُنْقَلَبٍ يَّنْقَلِبُوْنَ ࣖ٢٢٧
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa żakarullāha kaṡīraw wantaṣarū mim ba‘di mā ẓulimū, wa saya‘lamul-lażīna ẓalamū ayya munqalabiy yanqalibūn(a).
[227] Kajaba para juru nganggit têmbang kang padha mukmin, lan padha nglakoni panggawe bêcik, lan padha akèh ênggone nyêbut asmaning Allah utawa maca Kuran.