Surah Al-Furqan

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَبٰرَكَ الَّذِيْ نَزَّلَ الْفُرْقَانَ عَلٰى عَبْدِهٖ لِيَكُوْنَ لِلْعٰلَمِيْنَ نَذِيْرًا ۙ١
Tabārakal-lażī nazzalal-furqāna ‘alā ‘abdihī liyakūna lil-‘ālamīna nażīrā(n).
[1] Allah iku Mahaluhur, kang wis nurunake Kuran kang ambedakake ala lan bêcik, didhawuhake marang Nabi Mukhammad kawulane, kanggo mêmêdèni marang isining jagad, jin lan manungsa.

ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهٗ تَقْدِيْرًا٢
Allażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa khalaqa kulla syai'in fa qaddarahū taqdīrā(n).
[2] Allah iku kang kagungan bumi lan langit, sarta ora pêputra, lan ora ana kang ngêmbari jumênêng ratu, apadene Allah iku kang gawe samubarang kang dumadi, nuli nindakake lêlakone kaya pêpasthèn kang wis tinamtokake.

وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً لَّا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَ وَلَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا وَّلَا يَمْلِكُوْنَ مَوْتًا وَّلَا حَيٰوةً وَّلَا نُشُوْرًا٣
Wattakhażū min dūnihī ālihatal lā yakhluqūna syai'aw wa hum yukhlaqūna wa lā yamlikūna li'anfusihim ḍarraw wa lā naf‘aw wa lā yamlikūna mautaw wa lā ḥayātaw wa lā nusyūrā(n).
[3] Wong kaphir padha ngadêgake Pangeran liyane Allah, iya iku brahala kang ora [o.....ra] bisa gawe apa-apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اِفْكُ ِۨافْتَرٰىهُ وَاَعَانَهٗ عَلَيْهِ قَوْمٌ اٰخَرُوْنَۚ فَقَدْ جَاۤءُوْ ظُلْمًا وَّزُوْرًا ۚ٤
Wa qālal-lażīna kafarū in hāżā illā ifkuniftarāhu wa a‘ānahū ‘alaihi qaumun ākharūn(a), fa qad jā'ū ẓulmaw wa zūrā(n).
[4] Lan ora bisa nulak bêbaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa nêkakake pakolèh marang awake, sarta ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangèkake wong saka ing pati.

وَقَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ اكْتَتَبَهَا فَهِيَ تُمْلٰى عَلَيْهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٥
Wa qālū asāṭīrul-awwalīnaktatabahā fa hiya tumlā ‘alaihi bukrataw wa aṣīlā(n).
[5] Wong kaphir padha calathu: Kuran iki ora liya mung pangamandaka, gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe, sarta dibiyantoni dening wong liyane, (pangandikaning Allah): Wong kaphir kang padha wani calathu mangkono mau, goroh lan duraka.

قُلْ اَنْزَلَهُ الَّذِيْ يَعْلَمُ السِّرَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٦
Qul anzalahul-lażī ya‘lamus-sirra fis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū kāna gafūrar raḥīmā(n).
[6] Wong kaphir mau padha calathu manèh: Kuran iku uwite saka caritane wong kuna kang goroh, Nabi Mukhammad akon nulisi carita goroh mau, banjur diwacakake sabên esuk lan sore, Nabi Mukhammad nganti apal.

وَقَالُوْا مَالِ هٰذَا الرَّسُوْلِ يَأْكُلُ الطَّعَامَ وَيَمْشِيْ فِى الْاَسْوَاقِۗ لَوْلَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَلَكٌ فَيَكُوْنَ مَعَهٗ نَذِيْرًا ۙ٧
Wa qālū mā lihāżar-rasūli ya'kuluṭ-ṭa‘āma wa yamsyī fil-aswāq(i), lau lā unzila ‘alaihi malakun fa yakūna ma‘ahū nażīrā(n).
[7] (He Mukhammad) sira dhawuha: Kuran [Kura....n] iku didhawuhake dening Allah, kang nguningani barang kang samar-samar ana ing bumi lan ing langit. Satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura, tur asih marang para wong mukmin.

اَوْ يُلْقٰىٓ اِلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ تَكُوْنُ لَهٗ جَنَّةٌ يَّأْكُلُ مِنْهَاۗ وَقَالَ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٨
Au yulqā ilaihi kanzun au takūnu lahū jannatuy ya'kulu minhā, wa qālaẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[8] Wong kaphir padha calathu, yagene wong kang ngaku utusaning Allah iki têka mangan pêpanganan lan saba ing pasar-pasar angupajiwa, padha bae lan aku yèn nyata utusaning Allah, yagene têka ora dikanthèni malaikat, supaya dadi kancane mêmêdèni manungsa sarta nêksèni yèn têmên utusaning Allah.

اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا ࣖ٩
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[9] Utawa marga dening apa têka ora diparingi gêdhong saka ing langit kang isi mas picis, utawa sabab apa têka ora duwe palêmahan kang pamêtune nyukupi dipangan, dadi ora susah saba pasar. Wong kaphir padha ngucap marang wong mukmin: Kowe iku ora liya mung manut marang wong kêna ing sikhir.

تَبٰرَكَ الَّذِيْٓ اِنْ شَاۤءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِّنْ ذٰلِكَ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ وَيَجْعَلْ لَّكَ قُصُوْرًا١٠
Tabārakal-lażī in syā'a ja‘ala laka khairam min żālika jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa yaj‘al laka quṣūrā(n).
[10] (He Mukhammad) mara sira dêlênga wong kaphir iku ênggone anggêlar upama tumrap ing sira (ora patitis iya nekad bae). Awit saka iku si kaphir padha kêsasar, mulane padha ora olèh dalan marang kaslamêtan.

بَلْ كَذَّبُوْا بِالسَّاعَةِۙ وَاَعْتَدْنَا لِمَنْ كَذَّبَ بِالسَّاعَةِ سَعِيْرًا١١
Bal każżabū bis-sā‘ah(ti), wa a‘tadnā liman każżaba bis-sā‘ati sa‘īrā(n).
[11] Iba sapira bae kèhe kabêcikane Allah, kang mênawa dadi parênging karsane, sira diparingi kang luwih bêcik tinimbang kang diucapake dening wong kaphir mau (gêdhong isi mas picis, palêmahan kang pamêtune nyukupi) Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, sarta bakal maringi gêdhong lan panggung pirang-pirang marang sira ana ing suwarga.

اِذَا رَاَتْهُمْ مِّنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ سَمِعُوْا لَهَا تَغَيُّظًا وَّزَفِيْرًا١٢
Iżā ra'athum mim makānim ba‘īdin sami‘ū lahā tagayyuẓaw wa zafīrā(n).
[12] Wong kaphir mau malah padha maido bakal anane dina kiyamat. Ingsun ngancam siksa Naraka Sangir marang wong kang maido bakal anane dina kiyamat.

وَاِذَآ اُلْقُوْا مِنْهَا مَكَانًا ضَيِّقًا مُّقَرَّنِيْنَ دَعَوْا هُنَالِكَ ثُبُوْرًا ۗ١٣
Wa iżā ulqū minhā makānan ḍayyiqam muqarranīna da‘au hunālika ṡubūrā(n).
[13] Naraka mau mênawa andêlêng wong kaphir saka ing kadohan, wong kaphir banjur padha krungu suwaraning krodhane gumarubug.

لَا تَدْعُوا الْيَوْمَ ثُبُوْرًا وَّاحِدًا وَّادْعُوْا ثُبُوْرًا كَثِيْرًا١٤
Lā tad‘ul-yauma ṡubūraw wāḥidaw wad‘ū ṡubūran kaṡīrā(n).
[14] Nalikane wong kaphir padha dicêmplungake ing panggonan kang ciyut ana ing naraka, sarta padha dibalênggu lan dirante tangan lan gulune, ana ing kono padha sêsambat cilaka.

قُلْ اَذٰلِكَ خَيْرٌ اَمْ جَنَّةُ الْخُلْدِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ كَانَتْ لَهُمْ جَزَاۤءً وَّمَصِيْرًا١٥
Qul ażālika khairun am jannatul-khuldil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), kānat lahum jazā'aw wa maṣīrā(n).
[15] (Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli): Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akèh lan tumpa-tumpa.

لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَ خٰلِدِيْنَۗ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ وَعْدًا مَّسْـُٔوْلًا١٦
Lahum fīhā mā yasyā'ūna khālidīn(a), kāna ‘alā rabbika wa‘dam mas'ūlā(n).
[16] (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa naraka kang kaya mangkono mau bêcik, apa luwih bêcik suwarga kang langgêng, kang diênggo ngêbang wong kang padha wêdi ing Allah, Allah wis nguningani yèn suwarga iku bakal dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha wêdi ing Allah.

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَقُوْلُ ءَاَنْتُمْ اَضْلَلْتُمْ عِبَادِيْ هٰٓؤُلَاۤءِ اَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيْلَ ۗ١٧
Wa yauma yaḥsyuruhum wa mā ya‘budūna min dūnillāhi fa yaqūlu a'antum aḍlaltum ‘ibādī hā'ulā'i am hum ḍallus-sabīl(a).
[17] . Para wong mukmin ana ing suwarga apa kang dikarêpake kêtutugan, sarta padha langgêng ana ing suwarga. Dene pangêbang kang mangkono mau, mêsthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin.

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ مَا كَانَ يَنْۢبَغِيْ لَنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ مِنْ دُوْنِكَ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنْ مَّتَّعْتَهُمْ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى نَسُوا الذِّكْرَۚ وَكَانُوْا قَوْمًاۢ بُوْرًا١٨
Qālū subḥānaka mā kāna yambagī lanā an nattakhiża min dūnika min auliyā'a wa lākim matta‘tahum wa ābā'ahum ḥattā nasuż-żikr(a), wa kānū qaumam būrā(n).
[18] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun anglumpukake para wong kaphir dalah sêsêmbahane liyane Allah (iya iku brahala). Allah ngandika: He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bênêr.

فَقَدْ كَذَّبُوْكُمْ بِمَا تَقُوْلُوْنَۙ فَمَا تَسْتَطِيْعُوْنَ صَرْفًا وَّلَا نَصْرًاۚ وَمَنْ يَّظْلِمْ مِّنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيْرًا١٩
Faqad każżabūkum bimā taqūlūn(a), famā tastaṭī‘ūna ṣarfaw wa lā naṣrā(n), wa may yaẓlim minkum nużiqhu ‘ażāban kabīrā(n).
[19] Brahala banjur padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika Mahasuci, kawula botên pisan-pisan mangeran dhatêng sanèsipun Tuwan (kadospundi yèn kawula kamipurun angakèn tiyang nyêmbah dhumatêng kawula), nanging tiyang kaphir punika dalah para lêluhuripun, sami botên praduli ngèngêti anggènipun dados kawula Tuwan, kêlimput dening pêparing Tuwan kabingahan dhumatêng pun kaphir wau. Mila sapunika sami dados tiyang cilaka sangêt.

وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّآ اِنَّهُمْ لَيَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَيَمْشُوْنَ فِى الْاَسْوَاقِۗ وَجَعَلْنَا بَعْضَكُمْ لِبَعْضٍ فِتْنَةً ۗ اَتَصْبِرُوْنَۚ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيْرًا ࣖ ۔٢٠
Wa mā arsalnā qablaka minal-mursalīna illā innahum laya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa yamsyūna fil aswāq(i), wa ja‘alnā ba‘ḍakum liba‘ḍin fitnah(tan), ataṣbirūn(a), wa kāna rabbuka baṣīrā(n).
[20] 20. (Allah ngandika: He wong kaphir) brahala kang sira sêmbah iku padha nyelaki aturira (ora rumăngsa ngaku Pangeran) dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira.

۞ وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ نَرٰى رَبَّنَا ۗ لَقَدِ اسْتَكْبَرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ وَعَتَوْ عُتُوًّا كَبِيْرًا٢١
Wa qālal-lażīna lā yarjūna liqā'anā lau lā unzila ‘alainal-malā'ikata au narā rabbanā, laqadistakbarū fī anfusihim wa ‘atau ‘utuwwan kabīrā(n).
[21] Dene sira kabèh, sing sapa maro tingal, mêsthi Ingsun wêruhake rasaning siksa kang abot, ana ing akhirat.

يَوْمَ يَرَوْنَ الْمَلٰۤىِٕكَةَ لَا بُشْرٰى يَوْمَىِٕذٍ لِّلْمُجْرِمِيْنَ وَيَقُوْلُوْنَ حِجْرًا مَّحْجُوْرًا٢٢
Yauma yaraunal-malā'ikata lā busyrā yauma'iżil lil-mujrimīna wa yaqūlūna ḥijram maḥjūrā(n).
[22] Para rasul ing jaman kuna sadurunge sira, kang padha Ingsun utus, kabèh mêsthi padha mangan pêpanganan sarta padha saba ing pasar-pasar. Dene sira iku siji-sijining wong padha Ingsun ênggo nyoba marang liyane, (kabêgjane siji-sijining wong, nukulake kamèrèn marang liyane) he manungsa, apa sira padha têguh sabar narima panduming Allah. Dene Allah Pangeranira iku mirsani sapa kang sabar narima, lan sapa kang kêna coba kamèrèn.

وَقَدِمْنَآ اِلٰى مَا عَمِلُوْا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنٰهُ هَبَاۤءً مَّنْثُوْرًا٢٣
Wa qadimnā ilā mā ‘amilū min ‘amalin fa ja‘alnāhu habā'am manṡūrā(n).
[23] Wong kang ora duwe pangarêp-arêp [pangarêp-arê....p] seba ing ngarsaningsun kanthi anggawa kabêcikan, (iya iku para wong kaphir) padha calathu mangkene: Yagene aku têka ora dituruni utusan malaikat, utawa diparingi wêruh sarirane Pangeranku kalawan kasat mata (kang banjur paring sumurup marang aku yèn Nabi Mukhammad kang ngaku rasul iku utusaning Allah têmênan, dadi aku banjur ngandêl) wong kaphir mau padha gumêdhe, ngluhur- ngluhurake awake dhewe, lan padha kêbangêtên ênggone nasar.

اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ يَوْمَىِٕذٍ خَيْرٌ مُّسْتَقَرًّا وَّاَحْسَنُ مَقِيْلًا٢٤
Aṣḥābul-jannati yauma'iżin khairum mustaqarraw wa aḥsanu maqīlā(n).
[24] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane wong kaphir padha andêlêng malaikat, padha nguwuh-uwuh: Ing dina iki wong kaphir lan wong duraka ora pisan duwe bungah. Malaikat mau nguwuh-uwuh manèh: Kabungahan iku ora parêng diparingake marang wong kaphir.

وَيَوْمَ تَشَقَّقُ السَّمَاۤءُ بِالْغَمَامِ وَنُزِّلَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ تَنْزِيْلًا٢٥
Wa yauma tasyaqqaqus-samā'u bil-gamāmi wa nuzzilal-malā'ikatu tanzīlā(n).
[25] Kaparênging karsaningsun, kabêcikan kang wis dilakoni dening para wong kaphir nalika ana ing dunya, iku Ingsun dadèkake êndhêk-êndhêk amun-amun kang mabul-mabul, ora pisan migunani.

اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّ لِلرَّحْمٰنِۗ وَكَانَ يَوْمًا عَلَى الْكٰفِرِيْنَ عَسِيْرًا٢٦
Al-mulku yauma'iżinil-ḥaqqu lir-raḥmān(i), wa kāna yauman ‘alal-kāfirīna ‘asīrā(n).
[26] Ing dina kiyamat iku panggonane lan palèrènane wong ing suwarga luwih dening bêcik, ngungkuli panggonane wong kaphir nalika ana ing dunya.

وَيَوْمَ يَعَضُّ الظَّالِمُ عَلٰى يَدَيْهِ يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِى اتَّخَذْتُ مَعَ الرَّسُوْلِ سَبِيْلًا٢٧
Wa yauma ya‘aḍḍuẓ-ẓālimu ‘alā yadaihi yaqūlu yā laitanittakhażtu ma‘ar-rasūli sabīlā(n).
[27] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi.

يٰوَيْلَتٰى لَيْتَنِيْ لَمْ اَتَّخِذْ فُلَانًا خَلِيْلًا٢٨
Yā wailatā laitanī lam attakhiż fulānan khalīlā(n).
[28] Ing dina kiyamat iku, karaton kang sajati têtela kagunganing Allah kang Mahamurah. (Ora ana kang milu jumênêng ratu) ing dina iku sarupane wong kaphir padha sarwa rêkasa.

لَقَدْ اَضَلَّنِيْ عَنِ الذِّكْرِ بَعْدَ اِذْ جَاۤءَنِيْۗ وَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِلْاِنْسَانِ خَذُوْلًا٢٩
Laqad aḍallanī ‘aniż-żikri ba‘da iż jā'anī, wa kānasy-syaiṭānu lil-insāni khażūlā(n).
[29] Ing dina kiyamat iku wong musrik nyokoti tangane dhewe, saking bangêting gêtune, pangucape: Bok iya aku dhèk ana ing dunya biyèn manut ing Kangjêng Rasul ngambah dalan agama kang bênêr.

وَقَالَ الرَّسُوْلُ يٰرَبِّ اِنَّ قَوْمِى اتَّخَذُوْا هٰذَا الْقُرْاٰنَ مَهْجُوْرًا٣٠
Wa qālar-rasūlu yā rabbi inna qaumittakhażū hāżal-qur'āna mahjūrā(n).
[30] Adhuh cilaka têmên aku, bok iya biyèn nalika aku-aku[1] ana ing dunya ora apèk mitra si dhadhap.

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا مِّنَ الْمُجْرِمِيْنَۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ هَادِيًا وَّنَصِيْرًا٣١
Wa każālika ja‘alnā likulli nabiyyin ‘aduwwam minal-mujrimīn(a), wa kafā birabbika hādiyaw wa naṣīrā(n).
[31] Mitraku si dhadhap saiki têtela nasarake marang aku, aku wis didhawuhi surasaning Kuran dening Kangjêng Rasul, wusana dibujuk dijak nyimpang saka dhawuhing Kuran. (Pangandikaning Allah): Setan iku bangêt ênggone kipa-kipa, nyelaki marang wong kaphir.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ الْقُرْاٰنُ جُمْلَةً وَّاحِدَةً ۛ كَذٰلِكَ ۛ لِنُثَبِّتَ بِهٖ فُؤَادَكَ وَرَتَّلْنٰهُ تَرْتِيْلًا٣٢
Wa qālal-lażīna kafarū lau lā nuzzila ‘alaihil-qur'ānu jumlataw wāḥidatan - każālika - linuṡabbita bihī fu'ādaka wa rattalnāhu tartīlā(n).
[32] . Nabi Mukhammad Rasulullah ana ing dunya munjuk mangkene: Dhuh Pangeran kawula, umat kawula tiyang turun Kurès sami nampik Kuran punika.

وَلَا يَأْتُوْنَكَ بِمَثَلٍ اِلَّا جِئْنٰكَ بِالْحَقِّ وَاَحْسَنَ تَفْسِيْرًا ۗ٣٣
Wa lā ya'tūnaka bimaṡalin illā ji'nāka bil-ḥaqqi wa aḥsana tafsīrā(n).
[33] Mangkono uga para nabi ing jaman kuna, iya padha Ingsun anani satru wong musrik, ora beda lan sira Mukhammad, mulane ditêtêg atinira, cukup sira ngandêl ing Pangeranira bakal paring pituduh lan paring pitulung marang sira.

اَلَّذِيْنَ يُحْشَرُوْنَ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ اِلٰى جَهَنَّمَۙ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٣٤
Allażīna yuḥsyarūna ‘alā wujūhihim ilā jahannam(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu sabīlā(n).
[34] Wong kaphir padha ngucap mangkene: Yagene Kuran iku ênggone diparingake marang Nabi Mukhammad têka ora babar pisan, ora kaya kitab Torèt lan Injil. (Pangandikaning Allah): Wis mangkono karsaningsun, Kuran iku Ingsun urunake saka sathithik sarta sarênti, supaya atinira têtêp, lan gampang ênggonira ngèlingi lan ngapalake.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنَا مَعَهٗٓ اَخَاهُ هٰرُوْنَ وَزِيْرًا ۚ٣٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnā ma‘ahū akhāhu hārūna wazīrā(n).
[35] Mênawa wong kaphir padha têka madoni marang sira, Ingsun iya mêsthi maringi wêwaton marang sira, Ingsun iya mêsthi maringi wêwaton marang sira[2] kang luwih dening bêcik lan cêtha, kanggo ngalahake padune wong kaphir mau.

فَقُلْنَا اذْهَبَآ اِلَى الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ فَدَمَّرْنٰهُمْ تَدْمِيْرًا ۗ٣٦
Fa qulnażhabā ilal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, fa dammarnāhum tadmīrā(n).
[36] Kang ing besuk ana ing akhirat padha dijungkirake lan dilarak, raine ngambah lêmah, sabanjure dicêmplungake ing Naraka Jahanam, wong kaphir mau panggonane ala bangêt, lan kêsasar saka dalan kang bênêr.

وَقَوْمَ نُوْحٍ لَّمَّا كَذَّبُوا الرُّسُلَ اَغْرَقْنٰهُمْ وَجَعَلْنٰهُمْ لِلنَّاسِ اٰيَةًۗ وَاَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ۚ٣٧
Wa qauma nūḥil lammā każżabur-rusula agraqnāhum wa ja‘alnāhum lin-nāsi āyah(tan), wa a‘tadnā liẓ-ẓālimīna ‘ażāban alīmā(n).
[37] Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa, sarta kakangne kang aran Nabi Harun Ingsun kanthèkake minăngka dadi patihe.

وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَاَصْحٰبَ الرَّسِّ وَقُرُوْنًاۢ بَيْنَ ذٰلِكَ كَثِيْرًا٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa aṣḥābar-rassi wa qurūnam baina żālika kaṡīrā(n).
[38] Dhawuh Ingsun marang Nabi Musa lan Nabi Harun: Sira padha mangkata marang tanah Kibti, panggonane [pang.....gonane] wong kang padha maido ayat Ingsun, iya iku Raja Phirngon sabalane, (Nabi Musa lan Nabi Harun padha ngèstokake dhawuh) nanging Raja Phirngon sabalane padha maido, mulane padha Ingsun sirnakake kabèh.

وَكُلًّا ضَرَبْنَا لَهُ الْاَمْثَالَۖ وَكُلًّا تَبَّرْنَا تَتْبِيْرًا٣٩
Wa kullan ḍarabnā lahul-amṡāl(a), wa kullan tabbarnā tatbīrā(n).
[39] Lan sira nyaritakna para umate Nabi Nuh, barêng wis tita padha maido marang rasule, banjur Ingsun sirnakake sarana Ingsun kêlêm. Para umate Nabi Nuh mau Ingsun dadèkake ayat, kanggo lupiya marang para manungsa. Para umate Nabi Nuh kang padha duraka mau, padha Ingsun sadhiyani siksa kang nglarani.

وَلَقَدْ اَتَوْا عَلَى الْقَرْيَةِ الَّتِيْٓ اُمْطِرَتْ مَطَرَ السَّوْءِۗ اَفَلَمْ يَكُوْنُوْا يَرَوْنَهَاۚ بَلْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ نُشُوْرًا٤٠
Wa laqad atau ‘alal-qaryatil-latī umṭirat maṭaras-sau'(i), afalam yakūnū yaraunahā, bal kānū lā yarjūna nusyūrā(n).
[40] Mangkono uga wong Ngad lan wong Samud, apadene Askhaburras, têgêse wong kang duwe sumur, sarta wong akèh antarane wong Samud lan wong Askhaburras, iku uga padha Ingsun rusak.

وَاِذَا رَاَوْكَ اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ بَعَثَ اللّٰهُ رَسُوْلًا٤١
Wa iżā ra'auka iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī ba‘aṡallāhu rasūlā(n).
[41] Kabèh mau padha Ingsun wêdèkake, sarana Ingsun gêlari upama liyane para wong kuna kang elok-elok. Barêng wis tita padha wangkot, kabèh mau padha Ingsun rusak.

اِنْ كَادَ لَيُضِلُّنَا عَنْ اٰلِهَتِنَا لَوْلَآ اَنْ صَبَرْنَا عَلَيْهَاۗ وَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ حِيْنَ يَرَوْنَ الْعَذَابَ مَنْ اَضَلُّ سَبِيْلًا٤٢
In kāda layuḍillunā ‘an ālihatinā lau lā an ṣabarnā ‘alaihā, wa saufa ya‘lamūna ḥīna yaraunal-‘ażāba man aḍallu sabīlā(n).
[42] Wong Mêkah wis akèh kang têkan ing desa Sadum, sarta wis padha manoni patilasane para umate Nabi Lut biyèn, kang dirusak sarana diudani watu, (sarta diwalik bumine) apa wong Mêkah nalikane lumaku marang ing Sam, padha ora andêlêng patilasan mau, (mêsthi andêlêng) nanging sarèhne padha kaphir, dadi ora praduli, ora wêdi dina kiyamat, nalikane padha ditangèkake saka ing pati.

اَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُۗ اَفَاَنْتَ تَكُوْنُ عَلَيْهِ وَكِيْلًا ۙ٤٣
Ara'aita manittakhaża ilāhahū hawāh(u), afa anta takūnu ‘alaihi wakīlā(n).
[43] Wong kaphir mau mênawa andêlêng ing sira, ora liya mung padha anggêguyu ing sira, pangucape: Apa iki wong kang dipiji dening Allah dadi utusan.

اَمْ تَحْسَبُ اَنَّ اَكْثَرَهُمْ يَسْمَعُوْنَ اَوْ يَعْقِلُوْنَۗ اِنْ هُمْ اِلَّا كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٤٤
Am taḥsabu anna akṡarahum yasma‘ūna au ya‘qilūn(a), in hum illā kal-an‘āmi bal hum aḍallu sabīlā(n).
[44] Mèh bae aku kêna disasarake dening Nabi Mukhammad iku, dikon marèni ênggonku nyêmbah Pangeranku brahala, aja têguh-têguha atiku sida kèlu, (pangandikaning Allah): Ing besuk yèn wis padha andêlêng siksa naraka, wong kaphir iku lagi padha wêruh sapa kang kêsasar saka ing dalan marang kaslamêtan.

اَلَمْ تَرَ اِلٰى رَبِّكَ كَيْفَ مَدَّ الظِّلَّۚ وَلَوْ شَاۤءَ لَجَعَلَهٗ سَاكِنًاۚ ثُمَّ جَعَلْنَا الشَّمْسَ عَلَيْهِ دَلِيْلًا ۙ٤٥
Alam tara ilā rabbika kaifa maddaẓ-ẓill(a), wa lau syā'a laja‘alahū sākinā(n), ṡumma ja‘alnasy-syamsa ‘alaihi dalīlā(n).
[45] (He Mukhammad) kapriye panêmunira mungguh wong kang mangeran marang kêkarêpane dhewe, sira apa bisa rumêksa marang wong mau, murih aja nganti kêbanjur-banjur ênggone mangeran marang kêkarêpane dhewe, (mêsthi ora bisa).

ثُمَّ قَبَضْنٰهُ اِلَيْنَا قَبْضًا يَّسِيْرًا٤٦
Ṡumma qabaḍnā ilainā qabḍay yasīrā(n).
[46] Apa sira ngira yèn wong mau akèh kang krungu pituturira kalawan ngêrti utawa mikir-mikir, (tangèh yèn mangkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya rajakaya. Malah luwih dening nasar saka dalan marang kaslamêtan.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِبَاسًا وَّالنَّوْمَ سُبَاتًا وَّجَعَلَ النَّهَارَ نُشُوْرًا٤٧
Wa huwal-lażī ja‘ala lakumul-laila libāsaw wan-nauma subātaw wa ja‘alan-nahāra nusyūrā(n).
[47] Sira apa ora andêlêng pandamêlane Allah Pangeranira, ênggone anggêlar wêwayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti têkan malêthèking srêngenge), upa[3] ana pêparênging[4] karsane Pangeranira, eyub mau dilêstarèkake, mêsthi kêlakon. (Ora bakal sirna dening soroting srêngenge. Pangandikaning Allah): Soroting srênge[5] Ingsun ênggo panuduh kang ambedakake eyub lan panas.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيَاحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۚ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً طَهُوْرًا ۙ٤٨
Wa huwal-lażī arsalar-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), wa anzalnā minas-samā'i mā'an ṭahūrā(n).
[48] Wêwayagan mau nuli Ingsun pundhut saka sathithik, (sarana soroting srêngenge).

لِّنُحْيِ َۧ بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا وَّنُسْقِيَهٗ مِمَّا خَلَقْنَآ اَنْعَامًا وَّاَنَاسِيَّ كَثِيْرًا٤٩
Linuḥyiya bihī baldatam maitaw wa nusqiyahū mimmā khalaqnā an‘āmaw wa anāsiyya kaṡīrā(n).
[49] Allah iku nitahake wêngi migunani marang sira, kanggo aling-aling, dadi mèmpêr lan sandhangan, sarta nganakake turu kang ngapenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumêlare wong ngupajiwa.

وَلَقَدْ صَرَّفْنٰهُ بَيْنَهُمْ لِيَذَّكَّرُوْاۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٥٠
Wa laqad ṣarrafnāhu bainahum liyażżakkarū, fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[50] Allah iku kang ngididake angin minăngka bêbungah marang manungsa, dadi cacala tumurune rahmating Allah kang rupa banyu udan. (Pangandikaning Allah): Ingsun nurunake banyu udan saka ing langit, kêna ginawe sêsuci.

وَلَوْ شِئْنَا لَبَعَثْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ نَّذِيْرًا ۖ٥١
Wa lau syi'nā laba‘aṡnā fī kulli qaryatin nażīrā(n).
[51] Banyu udan mau Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang bêra, lan Ingsun ênggo ngombèni titah Ingsun rajakaya apadene manungsa akèh.

فَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَجَاهِدْهُمْ بِهٖ جِهَادًا كَبِيْرًا٥٢
Falā tuṭi‘il-kāfirīna wa jāhidhum bihī jihādan kabīrā(n).
[52] Banyu udan mau Ingsun siramake ing palêmahan pirang-pirang, supaya manungsa padha ngrasak-ngrasakna, sabanjure padha wêruha bênêre wong diparingi kabungahan dening Allah, ewadene akèh bae manungsa kang padha wangkot, ora gêlêm ngrasak-ngrasakake. Pêparinging Allah kabungahan mung digawe ilang.

۞ وَهُوَ الَّذِيْ مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ وَّهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۚ وَجَعَلَ بَيْنَهُمَا بَرْزَخًا وَّحِجْرًا مَّحْجُوْرًا٥٣
Wa huwal-lażī marajal-baḥraini hāżā ‘ażbun furātuw wa hāżā milḥun ujāj(un), wa ja‘ala bainahumā barzakhaw wa ḥijram maḥjūrā(n).
[53] Mênawa ana kaparênge karsaningsun, kêna uga siji-sijining desa iku Ingsun dokoki rasul dhewe-dhewe, supaya mêmêdèni lan nyurup-nyurupake marang wong ing desa kono, (Nanging karsaningsun ora mangkono. Sira Ingsun piji dadi rasul, nyurup-nyurupake manungsa iku kabèh).

وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ مِنَ الْمَاۤءِ بَشَرًا فَجَعَلَهٗ نَسَبًا وَّصِهْرًاۗ وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرًا٥٤
Wa huwal-lażī khalaqa minal-mā'i basyaran fa ja‘alahū nasabaw wa ṣihrā(n), wa kāna rabbuka qadīrā(n).
[54] Mulane sira aja pisan manut marang para wong kaphir, malah wong kaphir iku padha sira padonana kalawan padu kang patitis, miturut surasaning Kuran.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُهُمْ وَلَا يَضُرُّهُمْۗ وَكَانَ الْكَافِرُ عَلٰى رَبِّهٖ ظَهِيْرًا٥٥
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘uhum wa lā yaḍurruhum, wa kānal-kāfiru ‘alā rabbihī ẓahīrā(n).
[55] Allah iku kang ngêmorake sagara loro sisih-sisihan, iki banyu tawa kang nyêgêri, lan iki banyu asin kang lêngtih, sarta andokoki aling-aling antarane banyu sagara loro mau kalawan kawasaning Allah, dadi banyu tawa lan banyu asin [asi...n] mau ora bicarub.[6]

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًا٥٦
Wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[56] Allah iku kang gawe manungsa saking ing mani, mulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Allah Pangeranira iku kawasa, samubarang karsane dadi.

قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اَنْ يَّتَّخِذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٥٧
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajrin illā man syā'a ay yattakhiża ilā rabbihī sabīlā(n).
[57] Wong kaphir padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala kang mênawa disêmbah ora bisa makolèhi, utawa mênawa ora disêmbah ora bisa mlarati. Wong kaphir iku dadi kancaning setan ênggone duraka.

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْحَيِّ الَّذِيْ لَا يَمُوْتُ وَسَبِّحْ بِحَمْدِهٖۗ وَكَفٰى بِهٖ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًا ۚ٥٨
Wa tawakkal ‘alal-ḥayyil-lażī lā yamūtu wa sabbiḥ biḥamdih(ī), wa kafā bihī biżunūbi ‘ibādihī khabīrā(n).
[58] (He Mukhammad) ênggon Ingsun ngutus sira iki, pêrlune ora liya mung ambêbungah marang wong kang ngèstokake parentah Ingsun, bakal olèh ganjaran suwarga, sarta mêmêdèni wong kaphir bakal nandhang siksa ana ing naraka.

اَلَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۚ اَلرَّحْمٰنُ فَسْـَٔلْ بِهٖ خَبِيْرًا٥٩
Allażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), ar-raḥmānu fas'al bihī khabīrā(n).
[59] Sira dhawuha mangkene: He wong kaphir, ênggonku ngundhangake dhawuhing Allah iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe. Ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih kaparênging Pangerane [Pa....ngerane] sarana andanakake bandhane saka karêpe dhewe iya ora ana pakewuhe.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اسْجُدُوْا لِلرَّحْمٰنِ قَالُوْا وَمَا الرَّحْمٰنُ اَنَسْجُدُ لِمَا تَأْمُرُنَا وَزَادَهُمْ نُفُوْرًا ۩ ࣖ٦٠
Wa iżā qīla lahumusjudū lir-raḥmāni qālū wa mar-raḥmānu anasjudu limā ta'murunā wa zādahum nufūrā(n).
[60] (He Mukhammad) sira pasraha marang Allah kang sipat gêsang ora kêna seda, lan nêbuta Mahasuci marang Allah, apadene mêmujia ing Allah. Dene prakara wangkote si kaphir, wis cukup Allah piyambak ênggone waspada marang dosane para kawulane. Allah iku kang gawe bumi lan langit lan samubarang kang ana antarane bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung. Allah kang Mahamurah nuli jumênêng ana sadhuwuring Ngaras, he manungsa, mungguh kaanane Pangeran kang Mahamurah iku, sira takona kang waspada.

تَبٰرَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّجَعَلَ فِيْهَا سِرٰجًا وَّقَمَرًا مُّنِيْرًا٦١
Tabārakal-lażī ja‘ala fis-samā'i burūjaw wa ja‘ala fīhā sirājaw wa qamaram munīrā(n).
[61] Wong kaphir ing Mêkah iku mênawa diparentahi: Sira padha sujuda marang Pangeran kang Mahamurah, banjur padha mangsuli: Pangeran Kang Mahamurah punika punapa ta, punapa kula sujud dhatêng barang dumèh sampeyan parentahakên, (la măngsa puruna). Dadi parentah mangkono mau tumrap wong kaphir malah muwuhi ênggone wangkot, ora gêlêm pracaya ing Allah.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِّمَنْ اَرَادَ اَنْ يَّذَّكَّرَ اَوْ اَرَادَ شُكُوْرًا٦٢
Wa huwal-lażī ja‘alal-laila wan-nahāra khilfatal liman arāda ay yażżakkara au arāda syukūrā(n).
[62] Allah iku Maha-agung, kang wis andokoki lintang buruj rolas ana ing langit, sarta andokoki srêngenge kang minăngka damaring jagad, apadene rêmbulan kang uga madhangi jagad.

وَعِبَادُ الرَّحْمٰنِ الَّذِيْنَ يَمْشُوْنَ عَلَى الْاَرْضِ هَوْنًا وَّاِذَا خَاطَبَهُمُ الْجٰهِلُوْنَ قَالُوْا سَلٰمًا٦٣
Wa ‘ibādur-raḥmānil-lażīna yamsyūna ‘alal-arḍi haunaw wa iżā khāṭabahumul-jāhilūna qālū salāmā(n).
[63] Allah iku kang nitahake raina lan wêngi, kanggo lira-liru wayahe wong kang arêp eling utawa arêp sukur ing Allah.

وَالَّذِيْنَ يَبِيْتُوْنَ لِرَبِّهِمْ سُجَّدًا وَّقِيَامًا٦٤
Wal-lażīna yabītūna lirabbihim sujjadaw wa qiyāmā(n).
[64] Dene para kawulaning Allah kang Mahamurah, kang padha mlaku ana ing bumi kalawan jatmika lan andhap asor, lan mênawa dicalathoni ala dening wong bodho, banjur sumaur kalawan aris.

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اصْرِفْ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَۖ اِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا ۖ٦٥
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanaṣrif ‘annā ‘ażāba jahannam(a), inna ‘ażābahā kāna garāmā(n).
[65] Lan kang padha sujud lan sêmbayang ing wayah wêngi.

اِنَّهَا سَاۤءَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٦٦
Innahā sā'at mustaqarraw wa muqāmā(n).
[66] Lan kang padha nyênyuwun ing Allah, unjuke: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nglêpatna siksa Naraka Jahanam saking kawula, awit [a...wit] siksa Naraka Jahanam punika têtêp awon. Sarta Naraka Jahanam punika awon-awoning panggenan.

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا٦٧
Wal-lażīna iżā anfaqū lam yusrifū wa lam yaqturū wa kāna baina żālika qawāmā(n).
[67] Lan wong kang ora munggah umpakan ngakèh-akèhake ênggone ambalănja batihe, lan ora kêsithithikên,[7] nanging digawe sêdhêngan lan ngadil.

وَالَّذِيْنَ لَا يَدْعُوْنَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ وَلَا يَقْتُلُوْنَ النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلَا يَزْنُوْنَۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ يَلْقَ اَثَامًا ۙ٦٨
Wal-lażīna lā yad‘ūna ma‘allāhi ilāhan ākhara wa lā yaqtulūnan nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqqi wa lā yaznūn(a), wa may yaf‘al żālika yalqa aṡāmā(n).
[68] Lan wong kang ora maro tingal mangeran marang liyane Allah, lan ora matèni wong kang diajèni dening Allah ora kêna dipatèni, kajaba yèn ênggone matèni mau nglungguhi bênêr, sarta ora jina. Dene sing sapa nêrak pêpacak mau mêsthi kêcêmplung patrapaning dosa.

يُّضٰعَفْ لَهُ الْعَذَابُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَيَخْلُدْ فِيْهٖ مُهَانًا ۙ٦٩
Yuḍā‘af lahul-‘ażābu yaumal-qiyāmati wa yakhlud fīhī muhānā(n).
[69] Besuk dina kiyamat, siksane wong maro tingal mau ditikêlake sarta langgêng ana sajroning siksa tur dirèmèhake.

اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ عَمَلًا صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يُبَدِّلُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِهِمْ حَسَنٰتٍۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٧٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ‘amalan ṣāliḥan fa ulā'ika yubaddilullāhu sayyi'ātihim ḥasanāt(in), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[70] Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur pracaya ing Allah, apadene banjur nglakoni panggawe bêcik, wong kang mangkono [mangko..no] mau sakèhing alane bakal dilironi kabêcikan dening Allah, Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

وَمَنْ تَابَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاِنَّهٗ يَتُوْبُ اِلَى اللّٰهِ مَتَابًا٧١
Wa man tāba wa ‘amila ṣāliḥan fa innahū yatūbu ilallāhi matābā(n).
[71] Dene sing sapa tobat, sarta katara konjême nglakoni panggawe bêcik, iku têtêp wong bali marang ngarsaning Allah, bakal olèh ganjaran suwarga.

وَالَّذِيْنَ لَا يَشْهَدُوْنَ الزُّوْرَۙ وَاِذَا مَرُّوْا بِاللَّغْوِ مَرُّوْا كِرَامًا٧٢
Wal-lażīna yasyhadūnaz-zūr(a), wa iżā marrū bil-lagwi marrū kirāmā(n).
[72] Lan wong kang ora dadi saksi goroh, apadene mênawa mrangguli catur kang aala,[8] ora gêlêm ngopèni.

وَالَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَمْ يَخِرُّوْا عَلَيْهَا صُمًّا وَّعُمْيَانًا٧٣
Wal-lażīna iżā żukkirū bi'āyāti rabbihim lam yakhirrū ‘alaihā ṣummaw wa ‘umyānā(n).
[73] Lan wong kang nalikane dipituturi kalawan surasaning Kuran ayating Pangerane, kabèh diopèni, ora ana kang kècèr, ora prasasat wong budhêg lan picak.

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا٧٤
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanā hab lanā min azwājinā wa żurriyyātinā qurrata a‘yuniw waj‘alnā lil-muttaqīna imāmā(n).
[74] Lan wong kang padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, nabi kawula saha anak putu kawula sadaya, mugi Tuwan paringakên dhumatêng kawula, dados sarana têtêpipun paningal kawula margi anggènipun ajrih ing Tuwan kanthi nêtêpi kalakuan sae. Punapadene kawula mugi Tuwan dadosakên pangajêngipun [pa....ngajêngipun] tiyang ajrih ing Tuwan.

اُولٰۤىِٕكَ يُجْزَوْنَ الْغُرْفَةَ بِمَا صَبَرُوْا وَيُلَقَّوْنَ فِيْهَا تَحِيَّةً وَّسَلٰمًا ۙ٧٥
Ulā'ika yujzaunal-gurfata bimā ṣabarū wa yulaqqauna fīhā taḥiyyataw wa salāmā(n).
[75] Wong kang mangkono mau bakal padha diganjar darajat kang luhur ana ing suwarga, marga ênggone padha têngguh[9] atine, wong mau ana ing suwarga padha dibagèkake dening malaikat, kalawan jumurung slamêt lan urip langgêng.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ حَسُنَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٧٦
Khālidīna fīhā, ḥasunat mustaqarraw wa muqāmā(n).
[76] Enggone ana ing suwarga padha langgêng, suwarga mau bêcik-bêciking panggonan.

قُلْ مَا يَعْبَؤُا بِكُمْ رَبِّيْ لَوْلَا دُعَاۤؤُكُمْۚ فَقَدْ كَذَّبْتُمْ فَسَوْفَ يَكُوْنُ لِزَامًا ࣖ٧٧
Qul mā ya‘ba'u bikum rabbī lau lā du‘ā'ukum, faqad każżabtum fa saufa yakūnu lizāmā(n).
[77] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah, upama kowe ora nyênyuwun ing Allah nalikane karibêdan, Allah ora praduli marang kowe. Kapriye ênggone praduli, awit kowe wis padha maido marang utusaning Allah, lan marang Kuran, besuk ana ing akhirat, siksaning Allah iku têtêp lêstari tumrap wong kaphir.