Surah An-Nur
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُوْرَةٌ اَنْزَلْنٰهَا وَفَرَضْنٰهَا وَاَنْزَلْنَا فِيْهَآ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ لَّعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ١
Sūratun anzalnāhā wa faraḍnāhā wa anzalnā fīhā āyātim bayyinātil la‘allakum tażakkarūn(a).
[1]
Iki surating Kuran kang Ingsun dhawuhake, sarta Ingsun tamtokake sarupaning wong ora kêna ora kudu ngèstokake surasane: Apadene Ingsun andhawuhake tăndha yêkti kang têrang pirang-pirang, ana sajroning surat iki, supaya manungsa kabèh padha ngèstokake pitutur.
اَلزَّانِيَةُ وَالزَّانِيْ فَاجْلِدُوْا كُلَّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا مِائَةَ جَلْدَةٍ ۖوَّلَا تَأْخُذْكُمْ بِهِمَا رَأْفَةٌ فِيْ دِيْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۚ وَلْيَشْهَدْ عَذَابَهُمَا طَاۤىِٕفَةٌ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢
Az-zāniyatu waz-zānī fajlidū kulla wāḥidim minhumā mi'ata jaldah(tan), wa lā ta'khużkum bihimā ra'fatun fī dīnillāhi in kuntum tu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), walyasyhad ‘ażābahumā ṭā'ifatum minal-mu'minīn(a).
[2]
Sadhengah wong kang nglakoni jina (kang ora gênêp sarate ihsan kang sêbut[5] ing kitab Phakih) lananga wadona, iku sira patrapana, digitik ping satus. Mênawa sira pracaya ing Allah lan ngandêl bakal kêlakone dina kiyamat, aja nganggo mêsakake marang wong kang jina mau, kudu sira tindakake kalawan sabênêre khukuming Allah, dene ênggonira matrapi gitik mau, dijênêngana para wong mukmin sawatara kèhe.
اَلزَّانِيْ لَا يَنْكِحُ اِلَّا زَانِيَةً اَوْ مُشْرِكَةً ۖوَّالزَّانِيَةُ لَا يَنْكِحُهَآ اِلَّا زَانٍ اَوْ مُشْرِكٌ ۚوَحُرِّمَ ذٰلِكَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ٣
Az-zānī lā yankiḥu illā zāniyatan au musyrikah(tan), waz-zāniyatu lā yankiḥuhā illā zānin au musyrik(un), wa ḥurrima żālika ‘alal-mu'minīn(a).
[3]
Wong lanang kang jina iku patute mung ngrabèni wong wadon jina, utawa wong wadon kaphir, mangkono uga wong wadon jina iku patute mung laki olèh wong lanang jina, utawa wong lanang kaphir. Wong mukmin padha dikaramake lakirabi lan wong jina (ayat iki wis disuwak, banjur disalini ayat: Kêna ngrabèni wong wadon kang lêgan).
وَالَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ الْمُحْصَنٰتِ ثُمَّ لَمْ يَأْتُوْا بِاَرْبَعَةِ شُهَدَاۤءَ فَاجْلِدُوْهُمْ ثَمٰنِيْنَ جَلْدَةً وَّلَا تَقْبَلُوْا لَهُمْ شَهَادَةً اَبَدًاۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna yarmūnal-muḥṣanāti ṡumma lam ya'tū bi'arba‘ati syuhadā'a fajlidūhum ṡamānīna jaldataw wa lā taqbalū lahum syahādatan abadā(n), wa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[4]
Dene wong kang nêrka jina marang wong muhsin, (Wong muhsin iku wong kang gênêp sarate limang prakara: 1. Islam, 2. balèg, 3. ana ngakale, 4. mardika, 5. durung tau jina. Taklib) iku yèn ora bisa nganakake saksi wong lanang papat kang mêruhi ênggone jina, wong mau sira patrapana gitik ping wolung puluh, lan ing salawase, mênawa arêp dadi saksi apa-apa, aja sira anggêp. Wong mangkono iku têtêp wong pasèk.
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْاۚ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Illal-lażīna tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū, fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[5]
Kajaba wong kang sawise nêrka jina banjur tobat sarta banjur bêcik kalakuane, iku kêna dadi saksi, satêmêne Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.
وَالَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ اَزْوَاجَهُمْ وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ شُهَدَاۤءُ اِلَّآ اَنْفُسُهُمْ فَشَهَادَةُ اَحَدِهِمْ اَرْبَعُ شَهٰدٰتٍۢ بِاللّٰهِ ۙاِنَّهٗ لَمِنَ الصّٰدِقِيْنَ٦
Wal-lażīna yarmūna azwājahum wa lam yakul lahum syuhadā'u illā anfusuhum fa syahādatu aḥadihim arba‘u syahādātim billāh(i), innahū laminaṣ-ṣādiqīn(a).
[6]
Dene wong kang nêrka jina marang nabine dhewe, kang măngka ora duwe saksi kajaba awake dhewe, iku wajibe kudu nêksèni patang rambahan, nganggo supata: Dêmi Allah, mratelakna yèn ênggone nêrka jina marang rabine mau têmên, kapara nyata.
وَالْخَامِسَةُ اَنَّ لَعْنَتَ اللّٰهِ عَلَيْهِ اِنْ كَانَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٧
Wal-khāmisatu anna la‘natallāhi ‘alaihi in kāna minal-kāżibīn(a).
[7]
Dene kang kaping lima prasêtyaa, mênawa panêrkane mau goroh, kênaa bêbênduning Allah.
وَيَدْرَؤُا عَنْهَا الْعَذَابَ اَنْ تَشْهَدَ اَرْبَعَ شَهٰدٰتٍۢ بِاللّٰهِ اِنَّهٗ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۙ٨
Wa yadra'u ‘anhal-‘ażāba an tasyhada arba‘a syahādātim billāhi innahū laminal-kāżibīn(a).
[8]
Dene rabine kang ditêrka jina mau, iya bisa oncat saka patrapane wong jina, sarana gênti nêksèni patang rambahan, nganggo supata: Dêmi Allah, lan mratelakake yèn panêrkane jina lakine mau goroh.
وَالْخَامِسَةَ اَنَّ غَضَبَ اللّٰهِ عَلَيْهَآ اِنْ كَانَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٩
Wal-khāmisata anna gaḍaballāhi ‘alaihā in kāna minaṣ-ṣādiqīn(a).
[9]
Dene kang kaping lima prasêtyaa, mênawa panêrkane jina lakine mau têmên, wong wadon [wa....don] kang ditêrka mau kênaa bêbênduning Allah.
وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ وَاَنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ حَكِيْمٌ ࣖ١٠
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū wa annallāha tawwābun ḥakīm(un).
[10]
Upama ora ana sih kamurahaning Allah marang sira manungsa kabèh (amêsthib [6] panêrka jina kang mangkono mau, diudi katêrangane, nanging karsane Allah ora mangkono) satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosane wong kang tobat, tur wicaksana.
اِنَّ الَّذِيْنَ جَاۤءُوْ بِالْاِفْكِ عُصْبَةٌ مِّنْكُمْۗ لَا تَحْسَبُوْهُ شَرًّا لَّكُمْۗ بَلْ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۗ لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ مَّا اكْتَسَبَ مِنَ الْاِثْمِۚ وَالَّذِيْ تَوَلّٰى كِبْرَهٗ مِنْهُمْ لَهٗ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١١
Innal-lażīna jā'ū bil-ifki ‘uṣbatum minkum, lā taḥsabūhu syarral lakum, bal huwa khairul lakum, likullimri'im minhum maktasaba minal-iṡm(i), wal-lażī tawallā kibrahū minhum lahū ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[11]
(He Mukhammad) wong kang padha ngamandaka, nêrka jina marang rabinira Siti Ngaisah, iku ana wong sawatara kèhe, kalêbu golongane wong Islam, panêrka mau aja sira anggêp ala tumrap ing sira mungguhing Allah, nanging iku bêcik tumrap ing sira. Siji-sijining wong mêsthi mikul dosa kang dilakoni dhewe, dene golonganira kang mikul dosa gêdhe nêrka jina mau, mêsthi nandhang siksa kang abot ana ing naraka.
لَوْلَآ اِذْ سَمِعْتُمُوْهُ ظَنَّ الْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بِاَنْفُسِهِمْ خَيْرًاۙ وَّقَالُوْا هٰذَآ اِفْكٌ مُّبِيْنٌ١٢
Lau lā iż sami‘tumūhu ẓannal-mu'minūna wal-mu'minātu bi'anfusihim khairā(n), wa qālū hāżā ifkum mubīn(un).
[12]
He golongan Islam, nalikane sira padha krungu panêrka jina mau, para wong mukmin lanang lan wadon, apa ora banjur ngarani yèn golongan Islam iku bêcik, sarta [sar....ta] banjur ngucap: Panêrka jina iki têtela ngamandaka.
لَوْلَا جَاۤءُوْ عَلَيْهِ بِاَرْبَعَةِ شُهَدَاۤءَۚ فَاِذْ لَمْ يَأْتُوْا بِالشُّهَدَاۤءِ فَاُولٰۤىِٕكَ عِنْدَ اللّٰهِ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٣
Lau lā jā'ū ‘alaihi bi'arba‘ati syuhadā'(a), fa iż lam ya'tū bisy-syuhadā'i fa ulā'ika ‘indallāhi humul-kāżibūn(a).
[13]
Yagene wong kang padha nêrka jina Siti Ngaisah mau têka ora bisa nganakake saksi wong lanang papat, sarèhne ora bisa nganakake saksi papat, dadi wong mau khukuming Allah têtêp wong goroh panêrkane.
وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ لَمَسَّكُمْ فِيْ مَآ اَفَضْتُمْ فِيْهِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١٤
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū fid-dun-yā wal-ākhirati lamassakum fīmā afaḍtum fīhi ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[14]
(He wong kang padha nêrka jina Siti Ngaisah) upama ora ana sih kamurahaning Allah lan palimarmane marang sira, ana ing dunya lan ing akhirat, amêsthi sira padha nandhang siksa abot, tur kêncengan, marga ênggonira wani-wani nêrka jina mau, cangkêmira padha carcor ngucapake barang kang sira ora wêruh, sira kira barang kang mangkono mau rèmèh bae. Wruhanira: bab nêrka jina iku mungguhing Allah prakara gêdhe.
اِذْ تَلَقَّوْنَهٗ بِاَلْسِنَتِكُمْ وَتَقُوْلُوْنَ بِاَفْوَاهِكُمْ مَّا لَيْسَ لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ وَّتَحْسَبُوْنَهٗ هَيِّنًاۙ وَّهُوَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمٌ ۚ١٥
Iż talaqqaunahū bi'alsinatikum wa taqūlūna bi'afwāhikum mā laisa lakum bihī ‘ilmuw wa taḥsabūnahū hayyinā(n), wa huwa ‘indallāhi ‘aẓīm(un).
[15]
Yagene nalikane sira krungu panêrka mau têka ora gêlêm ngucap mangkene: Aku ora prayoga yèn mèlu-mèlua caturan [catur...an] kang kaya mangkene iki, dhuh Allah, Tuwan punika Mahasuci, wicantên makatên punika ngamandaka sangêt.
وَلَوْلَآ اِذْ سَمِعْتُمُوْهُ قُلْتُمْ مَّا يَكُوْنُ لَنَآ اَنْ نَّتَكَلَّمَ بِهٰذَاۖ سُبْحٰنَكَ هٰذَا بُهْتَانٌ عَظِيْمٌ١٦
Wa lau lā iż sami‘tumūhu qultum mā yakūnu lanā an natakallama bihāżā, subḥānaka hāżā buhtānun ‘aẓīm(un).
[16]
Mênawa sira padha pracaya ing Allah, Allah paring piwulang marang sira, sira aja manèh-manèh wani caturan utawa ngrungokake caturan kang mangkono mau. Iku èstokna salawase.
يَعِظُكُمُ اللّٰهُ اَنْ تَعُوْدُوْا لِمِثْلِهٖٓ اَبَدًا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ۚ١٧
Ya‘iẓukumullāhu an ta‘ūdū limiṡlihī abadan in kuntum mu'minīn(a).
[17]
Allah nêrang-nêrangake dhawuh marang sira kanthi tăndha yêkti pirang-pirang, Allah iku nguningani samubarang tur wicaksana.
وَيُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٨
Wa yubayyinullāhu lakumul-āyāt(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[18]
Sarupane wong kang dhêmên mratak-mratakake pawarta ala tumrap para wong mukmin, iku bakal padha nandhang siksa kang nglarani.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُحِبُّوْنَ اَنْ تَشِيْعَ الْفَاحِشَةُ فِى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ١٩
Innal-lażīna yuḥibbūna an tasyī‘al-fāḥisyatu fil-lażīna āmanū lahum ‘ażābun alīm(un), fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[19]
Ana ing dunya lan ana ing akhirat, Allah iku nguningani gorohe wong kang padha nêrka jina mau, lan nguningani yèn Siti Ngaisah iku tuhu rêsik, nanging sira padha ora wêruh.
وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ وَاَنَّ اللّٰهَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٠
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū wa annallāha ra'ūfur raḥīm(un).
[20]
Upama ora ana kamurahaning Allah lan palimarmane marang sira, (amêsthi sira padha dipatrapi siksa kêncengan) ewadene Allah iku wêlas asih marang para kawulane.
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ وَمَنْ يَّتَّبِعْ خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِ فَاِنَّهٗ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ مَا زَكٰى مِنْكُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَبَدًاۙ وَّلٰكِنَّ اللّٰهَ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), wa may yattabi‘ khuṭuwātisy-syaiṭāni fa innahū ya'muru bil-faḥsyā'i wal-munkar(i), wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū mā zakā minkum min aḥadin abadā(n), wa lākinnallāha yuzakkī may yasyā'(u), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[21]
He wong kang padha pracaya ing Allah, sira aja padha kêkinthil setan, sing sapa kêkinthil setan, iku wêruha yèn setan iku akon anglakoni panggawe ala lan luput. Upama ora ana kamurahaning Allah marang sira lan sih palimarmane, amêsthi wong kang padha wani-wani nêrka jina Siti Ngaisah mau, sajêge ora bisa rêsik saka ing dosane, ewadene Allah wêlas asih, karsa ngrêsikake saka ing dosane wong kang dadi parênging karsane, lantaran nganggêp tobate. Allah iku miyarsa tur nguningani samubarang.
وَلَا يَأْتَلِ اُولُو الْفَضْلِ مِنْكُمْ وَالسَّعَةِ اَنْ يُّؤْتُوْٓا اُولِى الْقُرْبٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۖوَلْيَعْفُوْا وَلْيَصْفَحُوْاۗ اَلَا تُحِبُّوْنَ اَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٢
Wa lā ya'tali ulul-faḍli minkum was-sa‘ati ay yu'tū ulil-qurbā wal-masākīna wal-muhājirīna fī sabīlillāh(i), wal ya‘fū wal yaṣfaḥū, alā tuḥibbūna ay yagfirallāhu lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[22]
Para kancanira tunggal agama Islam, sing sapa sugih utawa duwe turahane kang dipangan, aja sêngara suthik wèwèh marang sanak-sanake, lan marang para wong miskin. [miski....n.] Apadene marang wong kang padha andhèrèk ngalih marang Madinah, nêtêpi dêdalaning Allah. Padha ngapuraa kaluputane wong kang wis tobat, pulih kaya mau-maune, apa sira ora dhêmên yèn Allah ngapura marang sira kabèh. Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosa tur Maha-asih.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ الْمُحْصَنٰتِ الْغٰفِلٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ لُعِنُوْا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ۙ٢٣
Innal-lażīna yarmūnal-muḥṣanātil-gāfilātil-mu'mināti lu‘inū fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[23]
Sarupane wong kang nêrka jina marang wong wadon muhsin kang mukmin sarta kang rêsik, ora gêlêm anglakoni ala, iku padha nandhang bêbênduning Allah, ana ing dunya dipatrapi khukuming sarak, ing besuk ana ing akhirat disiksa ing naraka, sarta padha nandhang siksa kang abot.
يَّوْمَ تَشْهَدُ عَلَيْهِمْ اَلْسِنَتُهُمْ وَاَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٤
Yauma tasyhadu ‘alaihim alsinatuhum wa aidīhim wa arjuluhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[24]
Ing dina iku para wong duraka padha krubuhan saksi dening cangkême dhewe, lan tangane apadene sikile, kabèh padha nêksèni sumurup samubarang kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, dadi padha ora bisa selak.
يَوْمَىِٕذٍ يُّوَفِّيْهِمُ اللّٰهُ دِيْنَهُمُ الْحَقَّ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ٢٥
Yauma'iżiy yuwaffīhimullāhu dīnahumul-ḥaqqa wa ya‘lamūna annallāha huwal-ḥaqqul-mubīn(u).
[25]
Ing dina iku Allah nuhoni janjine, [janji....ne,] matrapi siksa marang wong duraka kalawan sabênêring ngadil, wong duraka banjur padha wêruh yèn Allah iku anggêlarake kanyataane kang wis didhawuhake nalika ana ing dunya.
اَلْخَبِيْثٰتُ لِلْخَبِيْثِيْنَ وَالْخَبِيْثُوْنَ لِلْخَبِيْثٰتِۚ وَالطَّيِّبٰتُ لِلطَّيِّبِيْنَ وَالطَّيِّبُوْنَ لِلطَّيِّبٰتِۚ اُولٰۤىِٕكَ مُبَرَّءُوْنَ مِمَّا يَقُوْلُوْنَۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ ࣖ٢٦
Al-khabīṡātu lil-khabīṡīna wal-khabīṡūna lil-khabīṡāt(i), waṭ-ṭayyibātu liṭ-ṭayyibīna waṭ-ṭayyibūna liṭ-ṭayyibāt(i), ulā'ika mubarra'ūna mimmā yaqūlūn(a), lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[26]
Pangucap ala iku pangucape wong ala, lanang utawa wadon, dene pangucap bêcik iku pangucape wong bêcik, adoh saka panêrkane wong ala, sarta padha olèh pangapura kaluputane, apadene olèh rijêki kang mulya, iya iku suwarga.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتًا غَيْرَ بُيُوْتِكُمْ حَتّٰى تَسْتَأْنِسُوْا وَتُسَلِّمُوْا عَلٰٓى اَهْلِهَاۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٢٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tadkhulū buyūtan gaira buyūtikum ḥattā tasta'nisū wa tusallimū ‘alā ahlihā, żālikum khairul lakum la‘allakum tażakkarūn(a).
[27]
He para wong mukmin, sira aja padha malêbu ing omah kang dudu omahira, kajaba yèn wis olèh palilahe kang duwe omah, lan kudu uluk salam marang kang ana ing omah kono. Kang mangkono mau luwih bêcik tumrap ing sira, dene sira diwulang mangkene iki sira elinga lan angèstokna.
فَاِنْ لَّمْ تَجِدُوْا فِيْهَآ اَحَدًا فَلَا تَدْخُلُوْهَا حَتّٰى يُؤْذَنَ لَكُمْ وَاِنْ قِيْلَ لَكُمُ ارْجِعُوْا فَارْجِعُوْا هُوَ اَزْكٰى لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ٢٨
Fa illam tajidū fīhā aḥadan falā tadkhulūhā ḥattā yu'żana lakum wa in qīla lakumurji‘ū farji‘ū huwa azkā lakum, wallāhu bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[28]
Mênawa omah iku pinuju suwung, ora ana wong siji-sijia, sira aja malêbu ing omah iku, ngêntènana yèn wis ana palilahe kang duwe omah marang sira. Dene yèn ênggonira anjaluk palilah diwangsuli: Kowe balia. Sira iya banjur balia, (aja mung ngadêg ana ngarêp lawang bae), kang mangkono iku luwih prayoga tumrap ing sira. Allah iku nguningani samubarang kang padha sira lakoni.
لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَدْخُلُوْا بُيُوْتًا غَيْرَ مَسْكُوْنَةٍ فِيْهَا مَتَاعٌ لَّكُمْۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ٢٩
Laisa ‘alaikum junāḥun an tadkhulū buyūtan gaira maskūnatin fīhā matā‘ul lakum, wallāhu ya‘lamu mā tubdūna wa mā taktumūn(a).
[29]
Ewadene ora ana pakewuhe sira malêbu ing omah kang ora diênggoni ing wong kang tamtu, malah sira duwe wêwênang sawatara marang omah mau (ngeyub, lèrèn sapêpadhane kaya ta surambi, pondhokan kang didanakake sapêpadhane) Allah iku nguningani samubarang kang sira êdhèng, lan barang kang sira lakoni kalawan dhêlikan.
قُلْ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ يَغُضُّوْا مِنْ اَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوْا فُرُوْجَهُمْۗ ذٰلِكَ اَزْكٰى لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا يَصْنَعُوْنَ٣٠
Qul lil-mu'minīna yaguḍḍū min abṡārihim wa yaḥfaẓū furūjahum, żālika azkā lahum, innallāha khabīrum bimā yaṣna‘ūn(a).
[30]
(He Mukhammad) sira andhawuhana para wong mukmin lanang, aja padha andêlêng barang kang dilarangi andêlêng, sarta padha rumêksaa kawirangane dhewe-dhewe, aja nêrak larangan sarêsmi, kang mangkono iku luwih dening prayoga tumrap para wong mukmin. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang dilakoni dening para kawulane.
وَقُلْ لِّلْمُؤْمِنٰتِ يَغْضُضْنَ مِنْ اَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوْجَهُنَّ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَلْيَضْرِبْنَ بِخُمُرِهِنَّ عَلٰى جُيُوْبِهِنَّۖ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا لِبُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اٰبَاۤىِٕهِنَّ اَوْ اٰبَاۤءِ بُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ اَوْ اَبْنَاۤءِ بُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اِخْوَانِهِنَّ اَوْ بَنِيْٓ اِخْوَانِهِنَّ اَوْ بَنِيْٓ اَخَوٰتِهِنَّ اَوْ نِسَاۤىِٕهِنَّ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّ اَوِ التّٰبِعِيْنَ غَيْرِ اُولِى الْاِرْبَةِ مِنَ الرِّجَالِ اَوِ الطِّفْلِ الَّذِيْنَ لَمْ يَظْهَرُوْا عَلٰى عَوْرٰتِ النِّسَاۤءِ ۖوَلَا يَضْرِبْنَ بِاَرْجُلِهِنَّ لِيُعْلَمَ مَا يُخْفِيْنَ مِنْ زِيْنَتِهِنَّۗ وَتُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ جَمِيْعًا اَيُّهَ الْمُؤْمِنُوْنَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٣١
Wa qul lil-mu'mināti yagḍuḍna min abṡārihinna wa yaḥfaẓna furūjahunna wa lā yubdīna zīnatahunna illā mā ẓahara minhā walyaḍribna bikhumurihinna ‘alā juyūbihinn(a), wa lā yubdīna zīnatahunna illā libu‘ūlatihinna au ābā'ihinna au abnā'ihinna au abnā'i bu‘ūlatihinna au ikhwānihinna au banī ikhwānihinna au nisā'ihinna au mā malakat aimānuhunna awit-tābi‘īna gairi ulil-irbati minar-rijāli awiṭ-ṭiflil-lażīna lam yaẓharū ‘alā ‘aurātin-nisā'(i), wa lā yaḍribna bi'arjulihinna liyu‘lama mā yukhfīna min zīnatihinn(a), wa tūbū ilallāhi jamī‘an ayyuhal-mu'minūna la‘allakum tufliḥūn(a).
[31]
Lan manèh dhawuha marang para wong mukmin wadon, aja padha andêlêng marang kang dilarangi andêlêng, sarta padha rumêksa kawirangane dhewe-dhewe, lan aja padha ngetokake rêrênggane, kajaba rêrênggan kang wis lumrahe katon, utawa kang mêsthi katon. Lan padha nglèmbrèhna mêkênane, nganti nalib ing kulambine, lan aja ngetokake rêrênggane kang bisa katutupan ana ing jêro, kajaba marang lakine dhewe, utawa marang bapakne utawa marang maratuwane lanang, utawa marang para anake dhewe, utawa marang para anake kuwalon, utawa marang para sadulure lanang, utawa marang para anake sadulure lanang, utawa marang para anaking sadulure wadon, utawa marang para wong wadon kang tunggal agama Islam, utawa marang wong wadon amat kang dadi darbèke, utawa marang wong lanang pikun lan wis ora duwe karêp marang wong wadon, utawa marang para bocah cilik kang durung duwe kapengin marang wong wadon. Lan yèn malaku ênggone tumindak aja sêru-sêru murih kêtaraa rêrênggane kang ora katon. He para wong mukmin, sira kabèh padha tobata ing Allah, supaya sira padha olèh bêgja.
وَاَنْكِحُوا الْاَيَامٰى مِنْكُمْ وَالصّٰلِحِيْنَ مِنْ عِبَادِكُمْ وَاِمَاۤىِٕكُمْۗ اِنْ يَّكُوْنُوْا فُقَرَاۤءَ يُغْنِهِمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٣٢
Wa ankiḥul-ayāmā minkum waṣ-ṣāliḥīna min ‘ibādikum wa imā'ikum, iy yakūnū fuqarā'a yugnihimullāhu min faḍlih(ī), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[32]
Sira padha nglakèkna sanakira wong wadon kang lêgan, apadene para kawulanira lan amatira kang mukmin. Mênawa wong lêgan mau miskin, bakal diparingi sugih saka sih kanugrahaning Allah. Allah iku pêparinge jêmbar tur nguningani kabutuhaning para kawulane.
وَلْيَسْتَعْفِفِ الَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ نِكَاحًا حَتّٰى يُغْنِيَهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ ۗوَالَّذِيْنَ يَبْتَغُوْنَ الْكِتٰبَ مِمَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ فَكَاتِبُوْهُمْ اِنْ عَلِمْتُمْ فِيْهِمْ خَيْرًا وَّاٰتُوْهُمْ مِّنْ مَّالِ اللّٰهِ الَّذِيْٓ اٰتٰىكُمْ ۗوَلَا تُكْرِهُوْا فَتَيٰتِكُمْ عَلَى الْبِغَاۤءِ اِنْ اَرَدْنَ تَحَصُّنًا لِّتَبْتَغُوْا عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَمَنْ يُّكْرِهْهُّنَّ فَاِنَّ اللّٰهَ مِنْۢ بَعْدِ اِكْرَاهِهِنَّ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٣
Walyasta‘fifil-lażīna lā yajidūna nikāḥan ḥattā yugniyahumullāhu min faḍlih(ī), wal-lażīna yabtagūnal-kitāba mimmā malakat aimānukum fa kātibūhum in ‘alimtum fīhim khairaw wa ātūhum mim mālillāhil-lażī ātākum, wa lā tukrihū fatayātikum ‘alal-bigā'i in aradna taḥaṣṣunal litabtagū ‘araḍal-ḥayātid-dun-yā, wa may yukrihhunna fa innallāha mim ba‘di ikrāhihinna gafūrur raḥīm(un).
[33]
Sarupane wong kang ora duwe waragading ningkah, padha dingati-ati (rumêksa awake dhewe, nyingkiri jina) ngêntènana yèn wis diparingi sugih saka sih kanugrahaning Allah. Dene para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, mênawa duwe panjaluk mardika sarana panicil, sarta sira pikir prayoga, iya sira turutana. Kawula mau ênggone nicil, sira urunana kalawan băndha pêparinging Allah marang sira. Sarèhne para amatira padha wajib rumêksa awake dhewe-dhewe, sira aja mêksa nglakoni jina marang para amatira, murih sira olèh untung kabungahan ing dunya. Sing sapa mêksa nglakoni jina marang amate, iku sumurupa, sawise kêlakon jina. Allah ngapura sarta asih marang amat kang dipêksa jina mau, dene bêndara kang mêksa, mênawa banjur tobat, iya uga diapura.
وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ اٰيٰتٍ مُّبَيِّنٰتٍ وَّمَثَلًا مِّنَ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٤
Wa laqad anzalnā ilaikum āyātim mubayyinātiw wa maṡalam minal-lażīna khalau min qablikum wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[34]
(He manungsa) Ingsun wis nurunake ayat pirang-pirang marang sira, kang nêrang-nêrangake ala lan bêcik, lan anggêlar upama utawa [u...tawa] lupiya lêlakone para wong kuna sadurunge sira, apadene wis anglumrahake wêwulang tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.
۞ اَللّٰهُ نُوْرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ مَثَلُ نُوْرِهٖ كَمِشْكٰوةٍ فِيْهَا مِصْبَاحٌۗ اَلْمِصْبَاحُ فِيْ زُجَاجَةٍۗ اَلزُّجَاجَةُ كَاَنَّهَا كَوْكَبٌ دُرِّيٌّ يُّوْقَدُ مِنْ شَجَرَةٍ مُّبٰرَكَةٍ زَيْتُوْنَةٍ لَّا شَرْقِيَّةٍ وَّلَا غَرْبِيَّةٍۙ يَّكَادُ زَيْتُهَا يُضِيْۤءُ وَلَوْ لَمْ تَمْسَسْهُ نَارٌۗ نُوْرٌ عَلٰى نُوْرٍۗ يَهْدِى اللّٰهُ لِنُوْرِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَيَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ لِلنَّاسِۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ۙ٣٥
Allāhu nūrus-samāwāti wal-arḍ(i), maṡalu nūrihī kamisykātin fīhā miṣbāḥ(un), al-miṣbāḥu fī zujājah(tin), az-zujājatu ka'annahā kaukabun durriyyuy yūqadu min syajaratim mubārakatin zaitūnatil lā syarqiyyatiw wa lā garbiyyah(tin), yakādu zaituhā yuḍī'u wa lau lam tamsashu nār(un), nūrun ‘alā nūr(in), yahdillāhu linūrihī may yasyā'(u), wa yaḍribullāhul-amṡāla lin-nās(i), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[35]
Allah iku kang madhangi bumi lan langit, sarana srêngenge lan rêmbulan, dene pêpadhanging Allah kang tumrap atine wong mukmin, iku sanepane kaya damar kurung kang ing jêro ana sumbune kang murub, sumbu mau ana ing gêlas kang luwih dening bêning, mancorong kaya lintang durari, urubing sumbu sarana lênga jaitun kang uwite ana ing panggonan tênggar, ora ana ing pinggir desa kang kulon utawa kang wetan, lênga jaitun mau, saking dening bêninge, sanadyan durung disumêd sumbune, mèh duwe padhang dhewe. Barêng wis disumêd, luwih dening padhang, awit padhange urubing damar numpangi padhanging lênga jaitun. Allah nuduhake wong kang dadi parênging karsane, dituduhake marang pêpadhanging Allah mau, apadene Allah anggêlar sanepa marang manungsa. Allah iku nguningani samubarang.
فِيْ بُيُوْتٍ اَذِنَ اللّٰهُ اَنْ تُرْفَعَ وَيُذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗۙ يُسَبِّحُ لَهٗ فِيْهَا بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ ۙ٣٦
Fī buyūtin ażinallāhu an turfa‘a wa yużkara fīhasmuh(ū), yusabbiḥu lahū fīhā bil-guduwwi wal-āṣāl(i).
[36]
Damar kurung mau dipasang ana ing masjid-masjid kang adêge mawa idining Allah, kanggo panggonan nêbut asmaning Allah, banjur akèh wong kang nêbut Mahasuci ing Allah ana ing masjid mau, ing wayah esuk lan wayah sore.
رِجَالٌ لَّا تُلْهِيْهِمْ تِجَارَةٌ وَّلَا بَيْعٌ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَاِقَامِ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءِ الزَّكٰوةِ ۙيَخَافُوْنَ يَوْمًا تَتَقَلَّبُ فِيْهِ الْقُلُوْبُ وَالْاَبْصَارُ ۙ٣٧
Rijālul lā tulhīhim tijāratuw wa lā bai‘un ‘an żikrillāhi wa iqāmiṣ-ṣalāti wa ītā'iz-zakāh(ti), yakhāfūna yauman tataqallabu fīhil-qulūbu wal-abṣār(u).
[37]
Iya iku para wong lanang kang ênggone nêbut asmaning Allah lan ênggone nglakoni sêmbayang, sarta ênggone bayar jakat, ora kêtungkul dening ngopèni dêdagangan utawa nindakake adol tuku, sarta padha wêdi dina kiyamat, kang ing kono wong-wong padha êntèk atine lan pêtêng pandêlênge.
لِيَجْزِيَهُمُ اللّٰهُ اَحْسَنَ مَا عَمِلُوْا وَيَزِيْدَهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ وَاللّٰهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٨
Liyajziyahumullāhu aḥsana mā ‘amilū wa yazīduhum min faḍlih(ī), wallāhu yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[38]
Wusana Allah maringi ganjaran suwarga marang wong mau, minăngka pituwase ênggone bêcik kalakuane ana ing dunya, sarta muwuhi ganjaran manèh saka sih kanugrahaning Allah. Dene Allah iku maringi rijêki kang tanpa kira-kira marang wong kang dadi parênging karsane.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَعْمَالُهُمْ كَسَرَابٍۢ بِقِيْعَةٍ يَّحْسَبُهُ الظَّمْاٰنُ مَاۤءًۗ حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَهٗ لَمْ يَجِدْهُ شَيْـًٔا وَّوَجَدَ اللّٰهَ عِنْدَهٗ فَوَفّٰىهُ حِسَابَهٗ ۗ وَاللّٰهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ ۙ٣٩
Wal-lażīna kafarū a‘māluhum kasarābim biqī‘atiy yaḥsabuhuẓ-ẓam'ānu mā'ā(n), ḥattā iżā jā'ahū lam yajidhu syai'aw wa wajadallāha ‘indahū fa waffāhu ḥisābah(ū), wallāhu sarī‘ul-ḥisāb(i).
[39]
Lakune para wong kaphir iku, sanepane [sa.nepane] kaya amun-amun, ana ing lêmah kang warata, pangrasane wong kang ngêlak, amun-amun mau dikira banyu, nanging barêng diparani, têkan ing ngênggon, ora ana barang-barang (pasajane: wong kaphir mau ngira yèn lakune mau bakal olèh ganjaran suwarga, nanging barêng ana ing akhirat, ora olèh ganjaran suwarga) malah nêmu patrapaning Allah siksa naraka. Allah matrapi siksa marang wong kaphir mau timbang lan kaluputane, Allah iku panimbange rikat bangêt.
اَوْ كَظُلُمٰتٍ فِيْ بَحْرٍ لُّجِّيٍّ يَّغْشٰىهُ مَوْجٌ مِّنْ فَوْقِهٖ مَوْجٌ مِّنْ فَوْقِهٖ سَحَابٌۗ ظُلُمٰتٌۢ بَعْضُهَا فَوْقَ بَعْضٍۗ اِذَآ اَخْرَجَ يَدَهٗ لَمْ يَكَدْ يَرٰىهَاۗ وَمَنْ لَّمْ يَجْعَلِ اللّٰهُ لَهٗ نُوْرًا فَمَا لَهٗ مِنْ نُّوْرٍ ࣖ٤٠
Au kaẓulumātin fī baḥril lujjiyyiy yagsyāhu maujum min fauqihī maujum min fauqihī saḥāb(un), ẓulumātum ba‘ḍuhā fauqa ba‘ḍ(in), iżā akhraja yadahū lam yakad yarāhā, wa mal lam yaj‘alillāhu lahū nūran famā lahū min nūr(in).
[40]
Utawa sanepane kaya pêpêtêng ana têlênging sagara, tinêmpuh ing alun kang molak-malik. Sadhuwuring alun ana alun manèh, sadhuwuring alun mau ana mêndhung, dadi pêpêtêng mau tumpa-tumpa têlung warna, pêtênging mêndhung, pêtênging sagara lan pêtênging alun, siji-sijining pêtêng mau numpangi pêtêng liyane, ing kono wong andêlêng tangane ora paja-paja wêruh. Sing sapa ora didokoki pêpadhang dening Allah, iya ora duwe pêpadhang, dadi mêsthi kêsasar.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُسَبِّحُ لَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالطَّيْرُ صٰۤفّٰتٍۗ كُلٌّ قَدْ عَلِمَ صَلَاتَهٗ وَتَسْبِيْحَهٗۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِمَا يَفْعَلُوْنَ٤١
Alam tara annallāha yusabbiḥu lahū man fis-samāwāti wal-arḍi waṭ-ṭairu ṣāffāt(in), kullun qad ‘alima ṣalātahū wa tasbīḥah(ū), wallāhu ‘alīmum bimā yaf‘alūn(a).
[41]
Apa sira ora wêruh yèn isining bumi lan langit iku kabèh padha nêbut Mahasuci ing Allah. Sanadyan manuk iya padha kêkêbêt suwiwine ana ing ngawang-awang nêbut Mahasuci ing Allah. Allah nguningani sêmbayange lan pujine siji-sijining kawulane mau. Allah iku nguningani samubarang kang dilakoni dening para kawulane kang ana ing bumi lan kang ana ing langit mau.
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ٤٢
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[42]
Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, sarta kabèh iku bakal padha bali marang Allah.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُزْجِيْ سَحَابًا ثُمَّ يُؤَلِّفُ بَيْنَهٗ ثُمَّ يَجْعَلُهٗ رُكَامًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ جِبَالٍ فِيْهَا مِنْۢ بَرَدٍ فَيُصِيْبُ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَصْرِفُهٗ عَنْ مَّنْ يَّشَاۤءُۗ يَكَادُ سَنَا بَرْقِهٖ يَذْهَبُ بِالْاَبْصَارِ ۗ٤٣
Alam tara annallāha yuzjī saḥāban ṡumma yu'allifu bainahū ṡumma yaj‘aluhū rukāman fa taral-wadqa yakhruju min khilālih(ī), wa yunazzilu minas-samā'i min jibālin fīhā mim baradin fa yuṣību bihī may yasyā'u wa yaṣrifuhū ‘am may yasyā'(u), yakādu sanā barqihī yażhabu bil-abṣār(i).
[43]
Sira apa ora andêlêng yèn Allah iku nglakokake mega, banjur nglumpukake mega mau, lan banjur nyarub mega mau, nuli dadi mêndhung, sawise dadi mêndhung, sira nuli andêlêng banyu udan mêtu saka têngahing mêndhung mau. Apadene Allah nurunake udan woh saka gunung-gunung ès kang padha ana ing langit. Udan woh mau banjur nêmpuh marang wong kang dadi parênging karsane Allah, lan uga nyingkiri wong kang dadi parênging karsane Allah. Dene cumlèrèting kilat, mèh ngilangake pandêlêng.
يُقَلِّبُ اللّٰهُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّاُولِى الْاَبْصَارِ٤٤
Yuqallibullāhul-laila wan-nahār(a), inna fī żālika la‘ibratal li'ulil-abṣār(i).
[44]
Allah iku molah-malihake rina lan wêngi, kang mangkono mau kabèh, tumrap wong kang ana pikire, mêsthi dadi wêwulang kang kêna dirasak-rasakake. Allah iku gawe sarupaning kewan, saka ing banyu, dene kewan mau ana kang lakune nalosor kalawan wêtênge, lan ana kang lakune nganggo sikil loro, lan ana uga kang lakune ambêrangkang kalawan sikil papat, Allah gawe samubarang sakarsa-karsane. Satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.
وَاللّٰهُ خَلَقَ كُلَّ دَاۤبَّةٍ مِّنْ مَّاۤءٍۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰى بَطْنِهٖۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰى رِجْلَيْنِۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰٓى اَرْبَعٍۗ يَخْلُقُ اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤٥
Wallāhu khalaqa kulla dābbatim mim mā'(in), fa minhum may yamsyī ‘alā baṭinih(ī), wa minhum may yamsyī ‘alā rijlain(i), wa minhum may yamsyī ‘alā arba‘(in), yakhluqullāhu mā yasyā'(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[45]
Ingsun wis nurunake Kuran, isi ayat pirang-pirang kang nêrangake pranataning agama Islam. Allah iku paring pituduh dalan kang bênêr marang wong kang dadi [da....di] parênging karsane.
لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اٰيٰتٍ مُّبَيِّنٰتٍۗ وَاللّٰهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٦
Laqad anzalnā āyātim mubayyināt(in), wallāhu yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[46]
Wong munaphèk padha calathu mangkene: Kula punika sami pitados ing Allah sarta ngandêl dhatêng rasul, punapadene sami ngèstokakên dhawuhing Allah ingkang dipun êmban ing rasul. Sawise calathu mangkono, banjur ana sagolongan kang padha nglirwakake dhawuhing Allah, dadi satêmêne wong munaphèk mau dudu wong mukmin.
وَيَقُوْلُوْنَ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالرَّسُوْلِ وَاَطَعْنَا ثُمَّ يَتَوَلّٰى فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَۗ وَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa yaqūlūna āmannā billāhi wa bir-rasūli wa aṭa‘nā ṡumma yatawallā farīqum minhum mim ba‘di żālik(a), wa mā ulā'ika bil-mu'minīn(a).
[47]
Wong munaphèk mau mênawa ditimbali marang ngarsaning Allah lan utusaning Allah bakal dipancasi prakarane, ing kono banjur ana sagolongan kang padha mopo.
وَاِذَا دُعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٨
Wa iżā du‘ū ilallāhi wa rasūlihī liyaḥkuma bainahum iżā farīqum minhum mu‘riḍūn(a).
[48]
Nanging mênawa wong munaphèk mau ngira bakal mênang gugate, banjur padha gêgancangan seba ing rasul, anjaluk bêbênêran.
وَاِنْ يَّكُنْ لَّهُمُ الْحَقُّ يَأْتُوْٓا اِلَيْهِ مُذْعِنِيْنَ٤٩
Wa iy yakul lahumul-ḥaqqu ya'tū ilaihi muż‘inīn(a).
[49]
Apa atine wong kang mangkono mau ana lêlarane, utawa apa padha mamang yèn rasul iku utusan Ingsun têmênan, utawa apa padha kuwatir bokmanawa pangadilaning Allah lan utusaning Allah iku [i...ku] ora sabênêre, (ora mangkono) yêktine wong munaphèk iku wong nganiaya awake dhewe.
اَفِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ اَمِ ارْتَابُوْٓا اَمْ يَخَافُوْنَ اَنْ يَّحِيْفَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُوْلُهٗ ۗبَلْ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ ࣖ٥٠
Afī qulūbihim maraḍun amirtābū am yakhāfūna ay yaḥīfallāhu ‘alaihim wa rasūluh(ū), bal ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[50]
Dene para wong mukmin iku mênawa ditimbali marang ngarsaning Allah lan utusaning Allah, bakal dipancasi prakarane. Wis mêsthi padha matur mangkene: Kula sami narimah pangadilaning Allah utawi Rasul. Para wong mukmin iku têtêp wong bêgja.
اِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِيْنَ اِذَا دُعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ اَنْ يَّقُوْلُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَاۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥١
Innamā kāna qaulal-mu'minīna iżā du‘ū ilallāhi wa rasūlihī liyaḥkuma bainahum ay yaqūlū sami‘nā wa aṭa‘nā, wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[51]
Sing sapa ngèstokake parentahing Allah lan parentahing Rasul, sarta wêdi ing Allah, gêtun ênggone wis kabanjur nglakoni kaluputan, lan banjur ngati-ati, supaya ing buri aja nganti nglakoni kaluputan manèh, iya iku wong kang slamêt, kalis saka siksaning Allah.
وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَخْشَ اللّٰهَ وَيَتَّقْهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٥٢
Wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū wa yakhsyallāha wa yattaqhi fa ulā'ika humul-fā'izūn(a).
[52]
Wong munaphèk padha supata mathênthêng, nganggo nyêbut asmaning Allah, mênawa sira parentahi mangsahi pêrang saguh padha mêtu pêrang (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe aja pathênthêngan supata. Dhawuhing Allah, [A.....llah,] kowe mung dikarsakake ngèstokake parentah, iku luwih bêcik tinimbang supata kang ora kotuhoni. Satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha kolakoni.
۞ وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ اَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّۗ قُلْ لَّا تُقْسِمُوْاۚ طَاعَةٌ مَّعْرُوْفَةٌ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٥٣
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in amartahum layakhrujunn(a), qul lā tuqsimū, ṭā‘atum ma‘rūfah(tun), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[53]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha ngèstokna dhawuhing Allah, lan manut mituruta marang rasul. Dene yèn wong munaphèk padha malengos, iku ora dadi apa, wajibing rasul ora liya mung nglakoni parentah, andhawuhake parentahing Allah. Dene wajibmu, kudu ngèstokake dhawuhing Allah. Mênawa kowe padha manut miturut parentahing Allah lan marang rasul, mêsthi olèh pituduh bênêr. Dene rasul, ora diwajibake apa-apa, kajaba mung andhawuh parentah lan nyurup-nyurupake.
قُلْ اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَۚ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْهِ مَا حُمِّلَ وَعَلَيْكُمْ مَّا حُمِّلْتُمْۗ وَاِنْ تُطِيْعُوْهُ تَهْتَدُوْاۗ وَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٥٤
Qul aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūl(a), fa in tawallau fa innamā ‘alaihi mā ḥummila wa ‘alaikum mā ḥummiltum, wa in tuṭī‘ūhu tahtadū, wa mā ‘alar rasūli illal-balāgul-mubīn(u).
[54]
Allah nyaguhi marang para kancanira kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, bakal padha dikarsakake [dikarsakake] anggêntèni wong kaphir manggon ana ing bumi, (wong kaphir bakal padha kêplayu ênggone pêrang) kaya para wong mukmin ing jaman kuna biyèn, ênggone padha anggêntèni wong kaphir kang dirusak dening Allah, sarta Allah bakal anglulusake adêging agama Islam, agamane wong mukmin mau, kang wis dadi kaparênging Allah, apadene sawise nandhang kuwatir sawatara, kuwatir mau bakal disalani[7] têntrêm. Pangandikaning Allah: Wong mukmin mau padha nêmbah ing Ingsun tanpa maro tingal marang apa-apa. Sawise ana dhawuh iki, sing sapa maido pêparinging Allah kabungahan, iku têtêp wong phasèk (duraka).
وَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْ وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَيَسْتَخْلِفَنَّهُمْ فِى الْاَرْضِ كَمَا اسْتَخْلَفَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۖ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمْ دِيْنَهُمُ الَّذِى ارْتَضٰى لَهُمْ وَلَيُبَدِّلَنَّهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ خَوْفِهِمْ اَمْنًاۗ يَعْبُدُوْنَنِيْ لَا يُشْرِكُوْنَ بِيْ شَيْـًٔاۗ وَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٥٥
Wa‘adallāhul-lażīna āmanū minkum wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti layastakhlifannahum fil-arḍi kamastakhlafal-lażīna min qablihim, wa layumakkinanna lahum dīnahumul-lażirtaḍā lahum wa layubaddilannahum mim ba‘di khaufihim amnā(n), ya‘budūnanī lā yusyrikūna bī syai'ā(n), wa man kafara ba‘da żālika fa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[55]
(Lan sira dhawuha): Kowe padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat, apadene padha manut mituruta marang rasul, supaya kowe padha olèh asihing Allah.
وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٥٦
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aṭī‘ur-rasūla la‘allakum turḥamūn(a).
[56]
Sira aja ngira yèn para wong kaphir iku ana ing bumi bisa ngoncati kuwasaning Allah. Bakal panggonane wong kaphir iku ana ing naraka, ala têmên kawusanan kang mangkono iku.
لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَأْوٰىهُمُ النَّارُۗ وَلَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ٥٧
Lā taḥsabannal-lażīna kafarū mu‘jizīna fil-arḍ(i), wa ma'wāhumun-nār(u), wa labi'sal-maṣīr(u).
[57]
He para wong mukmin, para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, apadene bocah mardika kang wis ana pangêrtine, sanadyan durung balèg, durung tau ngimpi cumbana, iku mênawa arêp malêbu katêmu sira, ana salah sijine wayah têtêlu, anjaluka palilah dhisik marang sira, dene wayah têtêlu mau, kang sapisan, wayah sadurunge sêmbayang Subuh, kang kapindho wayah Luhur, nalikane sira cucul sandhangan arêp mapan turu, kang kaping têlu, sawise sêmbayang Ngisa. Wayah têtêlu iki wayahe ênggonira nyèlèhake sandhangan. Dene liyane wayah têtêlu mau, ora ana pakewuhe sira nglilani kawula utawa bocah mau malêbu katêmu lan sira, lan ora ana larangane kawula uta[8] [u....ta] bocah mau malêbu katêmu lan sira tanpa anjaluk panglilah dhisik. Sira lan pra kawulanira apadene bocah mau kêna padha wira-wiri têmu-tinêmonan, mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake ayat pranataning Allah marang sira. Dene Allah iku nguningani kaanane para kawulane tur wicaksana.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِيَسْتَأْذِنْكُمُ الَّذِيْنَ مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ وَالَّذِيْنَ لَمْ يَبْلُغُوا الْحُلُمَ مِنْكُمْ ثَلٰثَ مَرّٰتٍۗ مِنْ قَبْلِ صَلٰوةِ الْفَجْرِ وَحِيْنَ تَضَعُوْنَ ثِيَابَكُمْ مِّنَ الظَّهِيْرَةِ وَمِنْۢ بَعْدِ صَلٰوةِ الْعِشَاۤءِۗ ثَلٰثُ عَوْرٰتٍ لَّكُمْۗ لَيْسَ عَلَيْكُمْ وَلَا عَلَيْهِمْ جُنَاحٌۢ بَعْدَهُنَّۗ طَوَّافُوْنَ عَلَيْكُمْ بَعْضُكُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٥٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū liyasta'żinkumul-lażīna malakat aimānukum wal-lażīna lam yablugul-ḥuluma minkum ṡalāṡa marrāt(in), min qabli ṣalātil-fajri wa ḥīna taḍa‘ūna ṡiyābakum minaẓ-ẓahīrati wa mim ba‘di ṣalātil-‘isyā'(i), ṡalāṡu ‘aurātil lakum, laisa ‘alaikum wa lā ‘alaihim junāḥum ba‘dahunn(a), ṭawwāfūna ‘alaikum ba‘ḍukum ‘alā ba‘ḍ(in), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāt(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[58]
Para bocah mardika mênawa wis balèg, wis tau ngimpi cumbana, iku yèn arêp malêbu katêmu sira, ana sadhengah wayah, anjaluka palilah dhisik marang sira, kaya lakune wong kuna biyèn, ênggone padha anjaluk palilah. Kaya mangkono iku Allah ênggone nêrang-nêrangake ayat pranatane marang sira. Allah iku nguningani kaananing para kawulane tur wicaksana.
وَاِذَا بَلَغَ الْاَطْفَالُ مِنْكُمُ الْحُلُمَ فَلْيَسْتَأْذِنُوْا كَمَا اسْتَأْذَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٥٩
Wa iżā balagal-aṭfālu minkumul-ḥuluma falyasta'żinū kamasta'żanal-lażīna min qablihim, każālika yubayyinullāhu lakum āyātih(ī),wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[59]
Dene wong wadon kang wis luwas gêtih saking dening wis tuwa, kang wis ora duwe kapengin sarêsmi, iku ora ana pakewuhe [pakewuh....e] nyèlèhake sandhangane kang jaba, kang ora nganti ngetokake rêrênggane kang ana ing jêro. Nanging kang luwih prayoga wong wadon mau iya kudu brukut. Allah iku miyarsa pangucapira tur nguningani batinira.
وَالْقَوَاعِدُ مِنَ النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا يَرْجُوْنَ نِكَاحًا فَلَيْسَ عَلَيْهِنَّ جُنَاحٌ اَنْ يَّضَعْنَ ثِيَابَهُنَّ غَيْرَ مُتَبَرِّجٰتٍۢ بِزِيْنَةٍۗ وَاَنْ يَّسْتَعْفِفْنَ خَيْرٌ لَّهُنَّۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٦٠
Wal-qawā‘idu minan-nisā'il-lātī lā yarjūna nikāḥan fa laisa ‘alaihinna junāḥun ay yaḍa‘na ṡiyābahunna gaira mutabarrijātim bizīnah(tin), wa ay yasta‘fifna khairul lahunn(a), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[60]
Wong picak lan wong dhêngkling lan wong lara apadene awakira dhewe, kabèh ora ana pakewuhe mangan isining omahira, utawa omahe bapakira, utawa omahe biyungira, utawa omahe sadulurira lanang, utawa omahe sadulurira wadon, utawa omahe pamanira saka ing bapa, utawa omahe bibèkira saka ing bapa, utawa omahe pamanira saka ing biyung, utawa omahe bibèkira saka ing biyung, utawa isining gêdhong kang sogoke sira cêkêl, utawa darbèking mitranira. Sira ora ana pakewuhe mangan kroyokan utawa mangan dhewe-dhewe.
لَيْسَ عَلَى الْاَعْمٰى حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْاَعْرَجِ حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْمَرِيْضِ حَرَجٌ وَّلَا عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ اَنْ تَأْكُلُوْا مِنْۢ بُيُوْتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اٰبَاۤىِٕكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اُمَّهٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اِخْوَانِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَخَوٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَعْمَامِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ عَمّٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَخْوَالِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ خٰلٰتِكُمْ اَوْ مَا مَلَكْتُمْ مَّفَاتِحَهٗٓ اَوْ صَدِيْقِكُمْۗ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَأْكُلُوْا جَمِيْعًا اَوْ اَشْتَاتًاۗ فَاِذَا دَخَلْتُمْ بُيُوْتًا فَسَلِّمُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُبٰرَكَةً طَيِّبَةً ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ࣖ٦١
Laisa ‘alal-a‘mā ḥarajuw wa lā ‘alal-a‘raji ḥarajuw wa lā ‘alal-marīḍi ḥarajuw wa lā ‘alā anfusikum an ta'kulū mim buyūtikum au buyūti ābā'ikum au buyūti ummahātikum au buyūti ikhwānikum au buyūti akhawātikum au buyūti a‘māmikum au buyūti ‘ammātikum au buyūti akhwālikum au buyūti khālātikum au mā malaktum mafātiḥahū au ṣadīqikum, laisa ‘alaikum junāḥun an ta'kulū jamī‘an au asytātā(n), fa iżā dakhaltum buyūtan fa sallimū ‘alā anfusikum taḥiyyatam min ‘indillāhi mubārakatan ṭayyibah(tan), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum ta‘qilūn(a).
[61]
Mênawa sira malêbu ing omahira, sira uluka salam marang awakira lan marang wong ing omah kono, kalawan pambage kang bêcik tur mawa barkah têrang saka dhawuhing Allah, mangkono uga Allah nêrang-nêrangake ayat pirang-pirang marang sira, supaya sira padha ngrasak-ngrasakake.
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاِذَا كَانُوْا مَعَهٗ عَلٰٓى اَمْرٍ جَامِعٍ لَّمْ يَذْهَبُوْا حَتّٰى يَسْتَأْذِنُوْهُۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَأْذِنُوْنَكَ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۚ فَاِذَا اسْتَأْذَنُوْكَ لِبَعْضِ شَأْنِهِمْ فَأْذَنْ لِّمَنْ شِئْتَ مِنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمُ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٦٢
Innamal-mu'minūnal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī wa iżā kānū ma‘ahū ‘alā amrin jāmi‘il lam yażhabū ḥattā yasta'żinūh(u), innal-lażīna yasta'żinūnaka ulā'ikal-lażīna yu'minūna billāhi wa rasūlih(ī), fa iżasta'żanūka liba‘ḍi sya'nihim fa'żal liman syi'ta minhum wastagfir lahumullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[62]
Kang mêsthi têtêp aran wong mukmin, iku sarupane wong kang pracaya ing Allah lan ngandêl marang utusaning Allah, lan mênawa pinuju ngadhêp Rasulullah ana ing pakumpulan, ora gêlêm ambolos saka ing pakumpulan, yèn arêp lunga, nganggo nyuwun palilahe Rasulullah, (he Mukhammad) wong kang padha nyuwun palilah marang sira, iku wong kang pracaya ing Allah lan ngandêl marang Rasulullah, mulane wong mau mênawa nyuwun palilah marang sira lunga saka ing pakumpulan, pêrlu nêkani kabutuhane, sira iya nglilanana marang wong kang sira karêpake. Wong mau sira suwuna pangapura ing Allah. Allah iku kaparêng bangêt ngapura tur Maha-asih. [Maha-...asih.]
لَا تَجْعَلُوْا دُعَاۤءَ الرَّسُوْلِ بَيْنَكُمْ كَدُعَاۤءِ بَعْضِكُمْ بَعْضًاۗ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ يَتَسَلَّلُوْنَ مِنْكُمْ لِوَاذًاۚ فَلْيَحْذَرِ الَّذِيْنَ يُخَالِفُوْنَ عَنْ اَمْرِهٖٓ اَنْ تُصِيْبَهُمْ فِتْنَةٌ اَوْ يُصِيْبَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦٣
Lā taj‘alū du‘ā'ar-rasūli bainakum kadu‘ā'i ba‘ḍikum ba‘ḍā(n), qad ya'lamullāhul-lażīna yatasallalūna minkum liwāżā(n), falyaḥżaril-lażīna yukhālifūna ‘an amrihī an tuṣībahum fitnatun au yuṣībahum ‘ażābun alīm(un).
[63]
(He para wong mukmin) ênggonira matur marang rasul, ngarani jênênge, aja sira padha bae lan ngundang wong sapêpadhanira (aja muni: He Mukhammad, utawa: He bapakne Kasim. Matura: Dhuh nabining Allah, utawa: Dhuh Rasulullah) Allah nguningani para kancanira kang padha pating palêncing ambolos saka ing masjid nalikane kutbah diwaca: Wong kang padha nyulayani parentahing Rasulullah dingati-ati. Ora wurung bakal padha tinêmpuh ing bêbaya ana ing dunya, utawa tinêmpuh ing siksa kang nglarani ana ing akhirat.
اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قَدْ يَعْلَمُ مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِۗ وَيَوْمَ يُرْجَعُوْنَ اِلَيْهِ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٦٤
Alā inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), qad ya‘lamu mā antum ‘alaih(i), wa yauma yurja‘ūna ilaihi fa yunabbi'uhum bimā ‘amilū, wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[64]
Isèn-isèning bumi lan langit iki apa dudu kagunganing Allah (kabèh mêsthi kagunganing Allah) he manungsa, Allah nguningani panganggêpira marang sarirane, sêtya tuhu ing pracaya utawa maro tingal. Lan nguningani dina ênggone wong munaphèk bakal dibalèkake marang ngarsaning Allah. Ing kono Allah bakal anjalèntrèhake barang kang wis padha dilakoni [dilako..ni] dening wong munaphèk nalika ana ing dunya, Allah iku nguningani samubarang.