Surah Al-Mu’minun
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ اَفْلَحَ الْمُؤْمِنُوْنَ ۙ١
Qad aflaḥal-mu'minūn(a).
[1]
Para wong mukmin iku padha bêgja têmênan.
الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ صَلَاتِهِمْ خٰشِعُوْنَ٢
Allażīna hum fī ṣalātihim khāsyi‘ūn(a).
[2]
Kang ênggone nglakoni sêmbayang padha konjêm.
وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنِ اللَّغْوِ مُعْرِضُوْنَ ۙ٣
Wal-lażīna hum anil-lagwi muriḍūn(a).
[3]
Lan kang padha nyingkiri samubarang kang ora maedahi ing bab agama utawa bab dunya.
وَالَّذِيْنَ هُمْ لِلزَّكٰوةِ فٰعِلُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna hum liz-zakāti fā‘ilūn(a).
[4]
Lan kang padha bayar jakat.
وَالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَ ۙ٥
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[5]
Lan kang padha rumêksa kawirangane (ora diênggo nglakoni kang ora dililani ing sarak)
اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٦
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[6]
Kajaba sarêsmi lan bojone dhewe, utawa Amat (wong wadon tukon) darbèke dhewe, iku ora duraka.
فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَ ۚ٧
Famanibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[7]
Dene sing sapa golèk liyane bojone dhewe, utawa liyane ayate dhewe, iku aran wong kabangêtên (duraka).
وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُوْنَ ۙ٨
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā‘ūn(a).
[8]
Lan wong mukmin kang padha ngati-ati, ora nyidrani kapracayan lan janji marang Allah utawa marang sapadhaning manungsa.
وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَوٰتِهِمْ يُحَافِظُوْنَ ۘ٩
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalawātihim yuḥāfiẓūn(a).
[9]
Lan kang padha têtêp ajêg ênggone nglakoni sêmbayang.
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْوٰرِثُوْنَ ۙ١٠
Ulā'ika humul-wāriṡūn(a).
[10]
Para wong mukmin kang padha nêtêpi kaya kang wis kasêbut mau kabèh, iku têtêp dadi aliwaris.
الَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْفِرْدَوْسَۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١١
Allażīna yariṡūnal-firdaus(a), hum fīhā khālidūn(a).
[11]
Kang bakal olèh panduman suwarga Pirdos, ana ing kono padha langgêng.
وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ طِيْنٍ ۚ١٢
Wa laqad khalaqnal-insāna min sulālatim min ṭīn(in).
[12]
Ingsun wis gawe manungsa (sapisan, iya iku Nabi Adam) saka ing êndhut sarining lêmah.
ثُمَّ جَعَلْنٰهُ نُطْفَةً فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ ۖ١٣
Ṡumma ja‘alnāhu nuṭfatan fī qarārim makīn(in).
[13]
Ingsun banjur andadèkake turune Nabi Adam, saka ing mani, ana pranakane wong wadon kang rinêksa.
ثُمَّ خَلَقْنَا النُّطْفَةَ عَلَقَةً فَخَلَقْنَا الْعَلَقَةَ مُضْغَةً فَخَلَقْنَا الْمُضْغَةَ عِظٰمًا فَكَسَوْنَا الْعِظٰمَ لَحْمًا ثُمَّ اَنْشَأْنٰهُ خَلْقًا اٰخَرَۗ فَتَبَارَكَ اللّٰهُ اَحْسَنُ الْخٰلِقِيْنَۗ١٤
Ṡumma khalaqnan-nuṭfata ‘alaqatan fa khalaqnal-‘alaqata muḍgatan fa khalaqnal-muḍgata ‘iẓāman fa kasaunal-‘iẓāma laḥmā(n), ṡumma ansya'nāhu khalqan ākhar(a), fa tabārakallāhu aḥsanul-khāliqīn(a).
[14]
. Mani mau banjur Ingsun dadèkake gêtih kênthêl, gêtih kênthêl banjur Ingsun dadèkake lesan, lesan banjur Ingsun dadèkake balung, balung banjur Ingsun buntêl ing daging. Nuli Ingsun dadèkake bêbayi, urip sarana Ingsun panjingi roh (nyawa). Allah iku wis bênêre kudu disêbut Maha-agung. Allah iku nitahake kalawan sampurna.
ثُمَّ اِنَّكُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ لَمَيِّتُوْنَ ۗ١٥
Ṡumma innakum ba‘da żālika lamayyitūn(a).
[15]
Sawise sira dadi manungsa, ing têmbe mêsthi padha mati.
ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ تُبْعَثُوْنَ١٦
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati tub‘aṡūn(a).
[16]
Sawise padha mati, ing besuk dina kiyamat, mêsthi padha Ingsun tangèkake saka ing pati, urip manèh.
وَلَقَدْ خَلَقْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعَ طَرَاۤىِٕقَۖ وَمَا كُنَّا عَنِ الْخَلْقِ غٰفِلِيْنَ١٧
Wa laqad khalaqnā fauqakum sab‘a ṭarā'iq(a), wa mā kunnā ‘anil-khalqi gāfilīn(a).
[17]
Ingsun wis gawe langit pitung sap, ana ing dhuwurira. Ingsun ora lali rumêksa kawulaningsun kang ana ing ngisor (langit Ingsun kukuhi, ora bisa ngubruhi[1] kang ana ngisor).
وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍ فَاَسْكَنّٰهُ فِى الْاَرْضِۖ وَاِنَّا عَلٰى ذَهَابٍۢ بِهٖ لَقٰدِرُوْنَ ۚ١٨
Wa anzalnā minas-samā'i mā'am biqadarin fa askannāhu fil-arḍ(i), wa innā ‘alā żahābim bihī laqādirūn(a).
[18]
Ingsun nurunake banyu udan saka ing langit, sacukupe kabutuhaning manungsa, banjur mili utawa disêsêp ing bumi, lan Ingsun uga kawasa ambengkas banyu saka ing bumi.
فَاَنْشَأْنَا لَكُمْ بِهٖ جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍۘ لَكُمْ فِيْهَا فَوَاكِهُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ١٩
Fa ansya'nā lakum bihī jannātim min nakhīliw wa a‘nāb(in), lakum fīhā fawākihu kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[19]
Banyu udan mau banjur Ingsun ênggo nukulake wit-witan isèn-isèning pakêbonan pirang-pirang, kaya ta: kurma lan anggur lan liya-liyane, sira padha bisa ngundhuh-undhuh lan mangan wowohan pirang-pirang kang warna-warna, ana ing pakêbonan [pakê.....bonan] mau.
وَشَجَرَةً تَخْرُجُ مِنْ طُوْرِ سَيْنَاۤءَ تَنْۢبُتُ بِالدُّهْنِ وَصِبْغٍ لِّلْاٰكِلِيْنَ٢٠
Wa syajaratan takhruju min ṭūri sainā'a tambutu bid-duhni wa ṣibgil lil-ākilīn(a).
[20]
Lan Ingsun uga nukulake wit jaitun, kang thukul ana ing gunung Tursina, iku mêtu lêngane, lan kêna ginawe pulas rêrêngganing panganan.
وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةًۗ نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهَا وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ٢١
Wa inna lakum fil-an‘āmi la‘ibrah(tan), nusqīkum mimmā fī buṭūnihā wa lakum fīhā manāfi‘u kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[21]
Lan sira bisa olèh wêwulang, sarana ngrasak-ngrasakake kaananing rajakaya, kaya ta Ingsun paring ombèn-ombèn marang sira rupa puhan, mêtu saka wêtênge rajakaya mau. Kajaba iku rajakaya mau akèh bangêt paidahe tumrap ing sira, apadene iwake kêna padha sira pangan.
وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَ ࣖ٢٢
Wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[22]
Rajakaya mau ana ing dharatan, ora beda karo prau ana ing sagara, kabèh padha kêna sira tunggangi lan sira momoti gêgawanira.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٢٣
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī fa qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[23]
Ingsun wis ngutus Nabi Nuh, Ingsun karsakake mêmulang marang para umate. Nabi Nuh banjur dhawuh: He para umatku, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe [ko.....we] ora duwe sêsêmbahan sapa-sapa liyane Allah. Mênawa kowe nyêmbah liyane Allah, apa padha ora wêdi siksaning Allah.
فَقَالَ الْمَلَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يُرِيْدُ اَنْ يَّتَفَضَّلَ عَلَيْكُمْۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً ۖمَّا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِيْٓ اٰبَاۤىِٕنَا الْاَوَّلِيْنَ ۚ٢٤
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā hāżā illā basyarum miṡlukum, yurīdu ay yatafaḍḍala ‘alaikum, wa lau syā'allāhu la'anzala malā'ikah(tan), mā sami‘nā bihāżā fī ābā'inal-awwalīn(a).
[24]
Para umate Nabi Nuh kang kaphir tur dadi pangarêpe wong akèh banjur calathu mangkene: Nabi Nuh iku sapa ta, apa dudu manungsa kaya aku lan kowe kabèh, aku têka ora krungu wêwulange para lêluhurku kang kuna-kuna, kang kaya wêwulange Nabi Nuh iku. Dadi têtela Nabi Nuh iku lumaku diarani wong linuwih, ngungkuli aku lan kowe kabèh. Upama Allah iku têmên utusan andhawuhi manungsa, amêsthi ngutus malaikat. Măngsa ngutusa wong kang kaya mangkono.
اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلٌۢ بِهٖ جِنَّةٌ فَتَرَبَّصُوْا بِهٖ حَتّٰى حِيْنٍ٢٥
In huwa illā rajulum bihī jinnatun fa tarabbaṣū bihī ḥattā ḥīn(in).
[25]
Ora liya panêmuku, Nabi Nuh iku wong lanang kang duwe lara owah, mulane prayoga padha disarantèkake bae, nganti têkan matine utawa kapriye bakal wêkasane.
قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٢٦
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[26]
Nabi Nuh banjur munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, sarèhning para umat kawula sampun tita sami maibên dhumatêng kawula, Tuwan mugi nulungana dhumatêng kawula.
فَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِ اَنِ اصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا فَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ فَاسْلُكْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ مِنْهُمْۚ وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۚ اِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٢٧
Fa auḥainā ilaihi aniṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā fa iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), fasluk fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu minhum, wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[27]
Ingsun banjur paring dhawuh marang Nabi Nuh: (Umatira iku bakal Ingsun kêlêm) saiki sira gawea prau, kalawan Ingsun jênêngi, mituruta kaya dhawuh Ingsun. Ing têmbe mênawa ana banyu ngudal saka ing pawon, iku tăndha yèn siksaningsun wiwit nêkani.
فَاِذَا اسْتَوَيْتَ اَنْتَ وَمَنْ مَّعَكَ عَلَى الْفُلْكِ فَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ نَجّٰىنَا مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٢٨
Fa iżastawaita anta wa mam ma‘aka ‘alal-fulki fa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī najjānā minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[28]
Ing kono sira banjur munggaha ing prau, dalah batihira kabèh, lan anggawaa sawarnaning khewan nyajodho lanang wadon, bakal kanggo wiji, kajaba rabinira kang kaphir sarta anakira Si Kan Ngan, iku wis kabanjur Ingsun pasthi rusak dening kinêlêm, lan sira aja wani-wani nyuwunake salamête wong kang padha kaphir, kabèh iku wis Ingsun tamtokake tumpês dening kinêlêm.
وَقُلْ رَّبِّ اَنْزِلْنِيْ مُنْزَلًا مُّبٰرَكًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ٢٩
Wa qur rabbi anzilnī munzalam mubārakaw wa anta khairul-munzilīn(a).
[29]
Mênawa sira sakancanira wis padha munggah prau, sira nêbuta asmaningsun mangkene: Sawarnining pêpuji punika sadaya konjuk ing Allah, ingkang sampun paring wilujêng dhumatêng kawula sakănca kawula, kalis saking siksa ingkang numpês para tiyang kaphir.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ وَّاِنْ كُنَّا لَمُبْتَلِيْنَ٣٠
Inna fī żālika la'āyātiw wa in kunnā lamubtalīn(a).
[30]
Ing têmbe mênawa sira mudhun saka ing prau, munjuka mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngênggèna kawula wontên ing panggenan ingkang prayogi tur pinaringan barkah, Tuwan punika ingkang kawasa piyambak paring panggenan ingkang prayogi.
ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ ۚ٣١
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qarnan ākharīn(a).
[31]
Mungguh lêlakone Nabi Nuh dalah para umate iku, dadi tăndha yêktining kawasaningsun, lan dadi wêwulang, satêmêne Ingsun nyoba marang para umate Nabi Nuh.
فَاَرْسَلْنَا فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ ࣖ٣٢
Fa arsalnā fīhim rasūlam minhum ani‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[32]
Sawise sirna para umate Nabi Nuh, ing bumi banjur Ingsun dokoki umat liyane. (Iya iku wong Ngad, umate Nabi Hud).
وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ وَاَتْرَفْنٰهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يَأْكُلُ مِمَّا تَأْكُلُوْنَ مِنْهُ وَيَشْرَبُ مِمَّا تَشْرَبُوْنَ٣٣
Wa qālal-mala'u min qaumihil-lażīna kafarū wa każżabū biliqā'il-ākhirati wa atrafnāhum fil-ḥayātid-dun-yā, mā hāżā illā basyarum miṡlukum, ya'kulu mimmā ta'kulūna minhu wa yasyrabu mimmā tasyrabūn(a).
[33]
Ingsun banjur ngutus Nabi Hud, kalêbu panunggalane wong Ngad, iku Ingsun utus andhawuhi para wong Ngad mangkene: Kowe padha nêmbaha ing Allah, awit kowe ora duwe Pangeran liyane Allah. Yèn kowe nganti nglirwakake pitutur iki, apa kowe padha ora wêdi siksaning Allah.
وَلَىِٕنْ اَطَعْتُمْ بَشَرًا مِّثْلَكُمْ اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ ۙ٣٤
Wa la'in aṭa‘tum basyaram miṡlakum innakum iżal lakhāsirūn(a).
[34]
Pangarêpe wong Ngad kang kaphir sarta maido bakal gumêlar ing akhirat, apadene padha Ingsun paringi sêmpulur kabungahane ana ing dunya, padha calathu mangkene: Nabi Hud iki sapa ta, ora liwat iya manungsa kaya aku lan kowe kabèh, uga mangan pêpanganan panunggalane kang padha kopangan.
اَيَعِدُكُمْ اَنَّكُمْ اِذَا مِتُّمْ وَكُنْتُمْ تُرَابًا وَّعِظَامًا اَنَّكُمْ مُّخْرَجُوْنَ ۖ٣٥
Aya‘idukum annakum iżā mittum wa kuntum turābaw wa ‘iẓāman annakum mukhrajūn(a).
[35]
Lan ngombe banyu panunggalane kang padha ko-ombe.
۞ هَيْهَاتَ هَيْهَاتَ لِمَا تُوْعَدُوْنَ ۖ٣٦
Haihāta haihāta limā tū‘adūn(a).
[36]
Mênawa kowe padha tanpa budi, mung manut pituturing wong pêpadhamu bae, ora wurung kowe padha kapitunan.
اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ ۖ٣٧
In hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā naḥnu bimab‘ūṡīn(a).
[37]
Apa mèmpêr, Nabi Hud iku têka namtokake ing besuk yèn kowe wis padha mati sarta wis dadi lêmah lan dadi balung, ing têmbe kowe bakal padha diuripake manèh, ditangèkake mêtu saka ing pakuburan.
اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلُ ِۨافْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا وَّمَا نَحْنُ لَهٗ بِمُؤْمِنِيْنَ٣٨
In huwa illā rajuluniftarā ‘alallāhi każibaw wa mā naḥnu lahū bimu'minīn(a).
[38]
Adoh bangêt, anèh bangêt kalakone kaya kang dikandhakake Nabi Hud iku.
قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٣٩
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[39]
Urip iku ora ana manèh kajaba uripku ana ing dunya iki, ing têmbe bakal mati, sawise mati, anakku kang anggêntèni urip ana ing dunya, yèn aku bakal diuripake sawise mati, iku ora.
قَالَ عَمَّا قَلِيْلٍ لَّيُصْبِحُنَّ نٰدِمِيْنَ ۚ٤٠
Qāla ‘ammā qalīlil layuṣbiḥunna nādimīn(a).
[40]
Panêmuku, Nabi Hud ngaku rasul iku, satêmêne ora liya mung wong lanang pintêr gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang dhawuhing Allah, aku ora ngandêl marang kandhane Nabi Hud.
فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ بِالْحَقِّ فَجَعَلْنٰهُمْ غُثَاۤءًۚ فَبُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤١
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu bil-ḥaqqi fa ja'alahum guṡā'ā(n), fa bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[41]
Nabi Hud munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, sarèhning para umat kawula sampun tita sami maibên dhumatêng kawula, Tuwan mugi nulungana dhumatêng kawula.
ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قُرُوْنًا اٰخَرِيْنَ ۗ٤٢
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qurūnan ākharīn(a).
[42]
Allah ngandika: Sadhela êngkas, wong kaphir iku bakal padha dadi gêtun, kaduwung ênggone padha maido dhawuh Ingsun.
مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ ۗ٤٣
Mā tasbiqu min ummatin ajalahā wa mā yasta'khirūn(a).
[43]
Wong kaphir mau njur[2] tumpês dening pêtake Malaikat Jabarail, nêtêpi ngadiling Allah, anggêlasah kaya sarah, wong kaphir tangèh olèh rahmating Allah.
ثُمَّ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا تَتْرَاۗ كُلَّمَا جَاۤءَ اُمَّةً رَّسُوْلُهَا كَذَّبُوْهُ فَاَتْبَعْنَا بَعْضَهُمْ بَعْضًا وَّجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَۚ فَبُعْدًا لِّقَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ٤٤
Ṡumma arsalnā rusulanā tatrā, kullamā jā'a ummatar rasūluhā każżabūhu fa atba‘nā ba‘ḍahum ba‘ḍaw wa ja‘alnāhum aḥādīṡ(a), fa bu‘dal liqaumil lā yu'minūn(a).
[44]
Sapungkure wong Ngad kang padha tumpês, banjur Ingsun dokoki gêgêntine (kaya ta para umate Nabi Salèh, para umate Nabi Ibrahim, para umate Nabi Lut lan para umate Nabi Sungèb).
ثُمَّ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى وَاَخَاهُ هٰرُوْنَ ەۙ بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٤٥
Ṡumma arsalnā mūsā wa akhāhu hārūn(a), bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[45]
Tumpêse siji-sijining umat, wis ditamtokake dina lan wayahe. Ora bisa maju utawa mundur.
اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا عَالِيْنَ ۚ٤٦
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fastakbarū wa kānū qauman ‘ālīn(a).
[46]
Sawise iku, Ingsun banjur ngutus para rasul ganti-gumanti, sabên ana rasul nyurup-nyurupake marang umate, para umat mau padha maido marang rasule, mulane para umat mau iya banjur padha Ingsun belakake tumpêse umat kang wis dhisik, sarta lêlakone Ingsun pacak dadi carita. Kanggo wêwulang marang para umat kang kèri-kèri, dadi lupiya, wong kang ora pracaya marang rasul padha adoh saka rahmating Allah.
فَقَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لِبَشَرَيْنِ مِثْلِنَا وَقَوْمُهُمَا لَنَا عٰبِدُوْنَ ۚ٤٧
Fa qālū anu'minu libasyaraini miṡlinā wa qaumuhumā lanā ‘ābidūn(a).
[47]
Ingsun banjur ngutus Nabi Musa lan sadulure lanang aran Nabi Harun, kanthi tăndha yêkti lan kaelokan saka Ingsun, kang nêrangake kawasaningsun.
فَكَذَّبُوْهُمَا فَكَانُوْا مِنَ الْمُهْلَكِيْنَ٤٨
Fa każżabūhumā fa kānū minal-muhlakīn(a).
[48]
Padha Ingsun tuduh nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon sapunggawane kabèh, iku padha wong gumêdhe lan lumuhur-luhur.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٤٩
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba la‘allahum yahtadūn(a).
[49]
Raja Phirngon sapunggawane padha calathu: Yagene aku têka gêlêm tundhuk pracaya marang wong mung loro kang padha bae karo aku, tur para kancane, iya iku wong Bani Israil, padha tundhuk marang aku.
وَجَعَلْنَا ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗٓ اٰيَةً وَّاٰوَيْنٰهُمَآ اِلٰى رَبْوَةٍ ذَاتِ قَرَارٍ وَّمَعِيْنٍ ࣖ٥٠
Wa ja‘alnabna maryama wa ummahū āyataw wa āwaināhumā ilā rabwatin żāti qarāriw wa ma‘īn(in).
[50]
Raja Phirngon dalah para punggawane padha maido marang Nabi Musa lan Nabi Harun, mulane padha tumpês dening katungkêban ing sagara Kulzum.
يٰٓاَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوْا مِنَ الطَّيِّبٰتِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ۗ٥١
Yā ayyuhar-rusulu kulū minaṭ-ṭayyibāti wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[51]
Ingsun wis maringi Kitab Torèt marang Nabi Musa, supaya wong Bani Srail padha olèh pituduh bênêr marga ngèstokake surasaning Kitab Torèt.
وَاِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاتَّقُوْنِ٥٢
Wa inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidataw wa ana rabbukum fattaqūn(i).
[52]
[3] Nabi Ngisa anake Maryam dalah ibune, padha Ingsun ênggo tăndha yêktining kawasaningsun, lan padha Ingsun ênggonake ana ing panggonan kang dhuwur, iya iku Baitul Mukaddas, kang palêmahane warata tur gêmah arja, lan ana kaline mili pating sarèwèh.
فَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ زُبُرًاۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٥٣
Fa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum zuburā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[53]
He para rasul, sira padha mangana pêpanganan kang dudu larangan tur ngrêsêpake, lan padha nglakonana panggawe bêcik, satêmêne Ingsun iki nguningani samubarang kang padha sira [si.....ra] lakoni.
فَذَرْهُمْ فِيْ غَمْرَتِهِمْ حَتّٰى حِيْنٍ٥٤
Fa żarhum fī gamratihim ḥattā ḥīn(in).
[54]
Wruhanira satêmêne agama Islam iki agamanira, sarengat iku uwite mung siji. Ingsun iki Pangeranira, mulane sira padha wêdia marang Ingsun.
اَيَحْسَبُوْنَ اَنَّمَا نُمِدُّهُمْ بِهٖ مِنْ مَّالٍ وَّبَنِيْنَ ۙ٥٥
Ayaḥsabūna annamā numidduhum bihī mim māliw wabanīn(a).
[55]
Ewadene manungsa banjur beda-beda agamane, dadi pirang-pirang golongan. Siji-sijining golongan padha kêncêng ngrungkêbi panêmune dhewe-dhewe, padha nyipta yèn agama kang dirungkêbi iku wis bênêr bangêt.
نُسَارِعُ لَهُمْ فِى الْخَيْرٰتِۗ بَلْ لَّا يَشْعُرُوْنَ٥٦
Nusāri‘u lahum fil-khairāt(i), bal lā yasy‘urūn(a).
[56]
Wong mangkono mau karêbèn padha mèk-mekan kaya wong picak, padha togna bae nganti têkan matine.
اِنَّ الَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ خَشْيَةِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَ ۙ٥٧
Innal-lażīna hum min khasy-yati rabbihim musyfiqūn(a).
[57]
Wong kaphir mau apa duwe kira yèn ênggon Ingsun paring sêmpulur sugih băndha lan sugih anak.
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ ۙ٥٨
Wal-lażīna hum bi'āyāti rabbihim yu'minūn(a).
[58]
Iku padha Ingsun sêngkakake bêcik, luput kirane: Wong kaphir mau padha ora krasa yèn ênggone sêmpulur mau panglulu.
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِرَبِّهِمْ لَا يُشْرِكُوْنَ ۙ٥٩
Wal-lażīna hum birabbihim lā yusyrikūn(a).
[59]
Sarupane wong kang wêdi siksaning Allah, nganti padha konjêm saking dening wêdine marang Allah Pangerane.
وَالَّذِيْنَ يُؤْتُوْنَ مَآ اٰتَوْا وَّقُلُوْبُهُمْ وَجِلَةٌ اَنَّهُمْ اِلٰى رَبِّهِمْ رٰجِعُوْنَ ۙ٦٠
Wal-lażīna yu'tūna mā ātaw wa qulūbuhum wajilatun annahum ilā rabbihim rāji‘ūn(a).
[60]
Lan kang padha pracaya, ngandêl marang ayating Allah Pangerane.
اُولٰۤىِٕكَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَهُمْ لَهَا سٰبِقُوْنَ٦١
Ulā'ika yusāri‘ūna fil-khairāti wa hum lahā sābiqūn(a).
[61]
Lan kang padha mantêp pracayane marang Allah Pangerane, ora maro tingal.
وَلَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۖ وَلَدَيْنَا كِتٰبٌ يَّنْطِقُ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٢
Wa lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, wa ladainā kitābuy yanṭiqu bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[62]
Lan kang padha mèwèhake barang kang wis diparingake dening Allah marang wong iku, sarta atine kuwatir bokmênawa kabêcikane ora dianggêp dening Allah amarga wong mukmin mau padha rumăngsa ing têmbe bakal padha bali marang ngayunaning Pangerane.
بَلْ قُلُوْبُهُمْ فِيْ غَمْرَةٍ مِّنْ هٰذَا وَلَهُمْ اَعْمَالٌ مِّنْ دُوْنِ ذٰلِكَ هُمْ لَهَا عٰمِلُوْنَ٦٣
Bal qulūbuhum fī gamratim min hāżā wa lahum a‘mālum min dūni żālika hum lahā ‘āmilūn(a).
[63]
Para wong mukmin kang mangkono mau padha srêgêp anglakoni panggawe bêcik, lan padha jor-joran ênggone gawe kautaman.
حَتّٰىٓ اِذَآ اَخَذْنَا مُتْرَفِيْهِمْ بِالْعَذَابِ اِذَا هُمْ يَجْـَٔرُوْنَ ۗ٦٤
Ḥattā iżā akhażnā mutrafīhim bil-‘ażābi iżā hum yaj'arūn(a).
[64]
Ingsun ora mêksa marang sawijining awak anglakoni barang kang rêkasa, kajaba [kaja....ba] mung parentah nglakoni panggawe bêcik sakêlare bae, Ingsun kagungan tulisan kang aran Lèhmahphul,[4] isi cathêtan lakuning wong siji-sijine, iku bakal nêrangake kalawan têmên, (suda kabêcikane utawa kalepetan piala) marga dening kècèr tulisane.
لَا تَجْـَٔرُوا الْيَوْمَۖ اِنَّكُمْ مِّنَّا لَا تُنْصَرُوْنَ٦٥
Lā taj'arul-yaum(a), innakum minnā lā tunṣarūn(a).
[65]
Nanging atine para wong kaphir padha kêlimput, ora maèlu Kuran iki, wong kaphir mau padha duwe laku ala, ora kaya lakune wong mukmin kang wis kasêbut mau, wong kaphir padha andadra nglakoni ala mau, mulane padha disiksa.
قَدْ كَانَتْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ تَنْكِصُوْنَ ۙ٦٦
Qad kānat āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum ‘alā a‘qābikum tankiṣūn(a).
[66]
Barêng wis têkan mangsane, Ingsun banjur matrapi siksa marang para pangarêpe wong kaphir mau, ing kono banjur padha sêsambat.
مُسْتَكْبِرِيْنَۙ بِهٖ سٰمِرًا تَهْجُرُوْنَ٦٧
Mustakbirīn(a), bihī sāmiran tahjurūn(a).
[67]
He wong kaphir, ing dina iki sira wis aja sêsambat, awit sira wis ora olèh pitulung Ingsun.
اَفَلَمْ يَدَّبَّرُوا الْقَوْلَ اَمْ جَاۤءَهُمْ مَّا لَمْ يَأْتِ اٰبَاۤءَهُمُ الْاَوَّلِيْنَ ۖ٦٨
Afalam yaddabbarul-qaula am jā'ahum mā lam ya'ti ābā'ahumul-awwalīn(a).
[68]
Awit sira wis padha diwacakake Kuran ayat Ingsun, nanging sira padha malengos [ma.....lengos] lan mungkur.
اَمْ لَمْ يَعْرِفُوْا رَسُوْلَهُمْ فَهُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ۖ٦٩
Am lam ya‘rifū rasūlahum fahum lahū munkirūn(a).
[69]
Ngêndêl-êndêlake ênggone dadi wong Mêkah, cêdhak Baitullah (Kakbah), nyatur ala marang Kuran, padha suthik pracaya marang Kuran lan marang Rasulullah.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ بِهٖ جِنَّةٌ ۗ بَلْ جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ وَاَكْثَرُهُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٠
Am yaqūlūna bihī jinnah(tun), bal jā'ahum bil-ḥaqqi wa akṡaruhum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[70]
Yagene wong kaphir mau ora gêlêm nitipariksa kaananing Kuran, apa padha rumăngsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake dening Allah marang para lêluhure kang kuna-kuna.
وَلَوِ اتَّبَعَ الْحَقُّ اَهْوَاۤءَهُمْ لَفَسَدَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِذِكْرِهِمْ فَهُمْ عَنْ ذِكْرِهِمْ مُّعْرِضُوْنَ ۗ٧١
Wa lawittaba‘al-ḥaqqu ahwā'ahum lafasadatis-samāwātu wal-arḍu wa man fīhinn(a), bal ataināhum biżikrihim fahum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[71]
Apa wong kaphir mau ora wêruh marang rasule kang aran Nabi Mukhammad mungguh ing kautamane, têka padha maido.
اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ خَرْجًا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيْرٌ ۖوَّهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٧٢
Am tas'aluhum kharjan fa kharāju rabbika khair(un), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[72]
Apa padha ngarani yèn Nabi Mukhammad iku wong edan. Nabi Mukhammad andhawuhake barang kang bênêr, têmên têrang saka dhawuhing Allah, nanging wong Mêkah iku kang akèh padha sêngit marang barang kang bênêr.
وَاِنَّكَ لَتَدْعُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٧٣
Wa innaka latad‘ūhum ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[73]
Upama Kuran iku manut sakarêpe wong kaphir (ênggone maro tingal, nganakake Pangeran liyane Allah, ngarani Allah iku pêputra lan sapêpadhane, amêsthi aran Kuran goroh, upama ora goroh) amêsthi bumi langit lan saisine iki padha rusak kabèh, ewadene Ingsun andhawuhake Kuran iki, mratelakake mulya lan ajine wong ing Mêkah, apa ora anggumunake wong ing Mêkah têka padha nampik Kuran.
وَاِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ عَنِ الصِّرَاطِ لَنٰكِبُوْنَ٧٤
Wa innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ‘aniṣ-ṣirāṭi lanākibūn(a).
[74]
Apa ênggonira andhawuhake Kuran iki sira nganggo anjaluki pituwas marang wong ing Mêkah, wruhanira ganjaraning Pangeranira iku luwih bêcik, ngungkuli pituwase wong ing Mêkah, Allah iku bêcik dhewe ênggone maringi ganjaran.
۞ وَلَوْ رَحِمْنٰهُمْ وَكَشَفْنَا مَا بِهِمْ مِّنْ ضُرٍّ لَّلَجُّوْا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ٧٥
Wa lau raḥimnāhum wa kasyafnā mā bihim min ḍurril lalajjū fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[75]
Satêmêne sira iku ajak-ajak wong ing Mêkah angambah dalan kang bênêr, iya iku agama Islam.
وَلَقَدْ اَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ فَمَا اسْتَكَانُوْا لِرَبِّهِمْ وَمَا يَتَضَرَّعُوْنَ٧٦
Wa laqad akhażnāhum bil-‘ażābi famastakānū lirabbihim wa mā yataḍarra‘ūn(a).
[76]
Dene wong kang padha ora ngandêl bakal gumêlaring akhirat, iku têtela nyimpang saka dalan kang bênêr.
حَتّٰىٓ اِذَا فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا ذَا عَذَابٍ شَدِيْدٍ اِذَا هُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ࣖ٧٧
Ḥattā iżā fataḥnā ‘alaihim bāban żā ‘ażābin syadīdin iżā hum fīhi mublisūn(a).
[77]
Upama wong ing Mêkah iku Ingsun wêlasi, [wê...lasi,] sarta Ingsun bengkas ênggone nandhang rêribêd pailan, amêsthi sangsaya andadra ênggone nasar, bali kaya mau-maune.
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٧٨
Wa huwal-lażī yuḥyī wa yumītu wa lahukhtilāful-laili wan-nahār(i), afalā ta‘qilūn(a).
[78]
Wong kaphir ing Mêkah wis Ingsun turuni siksa rêribêd pailan, ewadene mêksa ora gêlêm sumungkêm marang Pangerane, lan ora gêlêm marèni ênggone nasar.
وَهُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٧٩
Bal qālū miṡla mā qālal-awwalūn(a).
[79]
Nganti padha Ingsun wêngani lawanging siksa kang abot, (iya iku mati ana ing pêpêrangan ing Badar) ing kono padha kasèp, ora bisa ngarêp-arêp kang bêcik.
وَهُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ وَلَهُ اخْتِلَافُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٨٠
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[80]
Allah iku kang andokoki pangrungu lan pandêlêng apadene pikir marang sira manungsa kabèh, ewadene wong kaphir ora gêlêm sukur sathithik -thithika.
بَلْ قَالُوْا مِثْلَ مَا قَالَ الْاَوَّلُوْنَ٨١
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[81]
Allah iku kang nitahake sira padha urip ana ing bumi, lan ing têmbe sira bakal diuripake tangi saka ing pati. Disebakake marang pangayunaning Allah.
قَالُوْٓا ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ٨٢
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[82]
Allah iku kang gawe urip lan gawe pati, nguwasani bedaning raina lan wêngi, yagene sira wong kaphir padha ora mikir kang mangkono mau.
لَقَدْ وُعِدْنَا نَحْنُ وَاٰبَاۤؤُنَا هٰذَا مِنْ قَبْلُ اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٨٣
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[83]
Wong kaphir ing Mêkah malah padha ngucap kaya pangucape para wong kaphir ing jaman kuna.
قُلْ لِّمَنِ الْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهَآ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٤
Qul limanil-arḍu wa man fīhā in kuntum ta‘lamūn(a).
[84]
Wong kaphir ing jaman kuna padha ngucap mangkene: Besuk yèn aku wis mati sarta wis dadi lêmah lan dadi balung, apa nyata jare aku bakal diuripake manèh tangi saka ing pati (layak ora).
سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٨٥
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tażakkarūn(a).
[85]
Satêmêne bab bakal tangine wong kang wis mati iku, aku iya wis didhawuhi Nabi Mukhammad iki, para lêluhurku sadurunge aku biyèn, iya padha didhawuhi dening rasule dhewe-dhewe, nanging panêmuku, kăndha kang mangkono iku, ora liya mung gawe-gawene para wong kuna. Ora bakal ana nyatane.
قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ السَّبْعِ وَرَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ٨٦
Qul mar rabbus-samāwātis-sab‘i wa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[86]
(He Mukhammad) sira andangua marang para wong kaphir ing Mêkah, yèn kowe padha wêruh, [wê...ruh,] mara aranana, bumi lan wong kang padha manggon ing bumi iki, duwèke sapa.
سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٨٧
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tattaqūn(a).
[87]
Wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha mangsuli: Kagunganing Allah. Yèn wis mangsuli mangkono, sira nuli andangua: Yagene kowe padha ora ngêrti yèn Pangeran kang kawasa nganakake manungsa iku uga kawasa nguripake wong kang wis mati.
قُلْ مَنْۢ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ يُجِيْرُ وَلَا يُجَارُ عَلَيْهِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٨
Qul mam biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa huwa yujīru wa lā yujāru ‘alaihi in kuntum ta‘lamūn(a).
[88]
Lan sira andangua: Pangeran kang kagungan langit pitung sap, lan kagungan ngaras kang gêdhe, iku sapa.
سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ فَاَنّٰى تُسْحَرُوْنَ٨٩
Sayaqūlūna lillāh(i), qul fa annā tusḥarūn(a).
[89]
Wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha mangsuli: Kabèh iku kagunganing Allah. Yèn wis mangsuli mangkono, sira nuli andangua: Yagene kowe têka padha ora wêdi nyêmbah liyane Allah.
بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِالْحَقِّ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ٩٠
Bal ataināhum bil-ḥaqqi wa innahum lakāżibūn(a).
[90]
Sira nuli andangua manèh: Yèn kowe padha wêruh, mara sapa kang kagungan sarta ngasta pusarane samubarang kang dumadi, tur kawasa rumêksa samubarang mau, apadene ora ana kang bisa ngalang-alangi karsane tumrap samubarang [sa.....mubarang] kang dumadi mau.
مَا اتَّخَذَ اللّٰهُ مِنْ وَّلَدٍ وَّمَا كَانَ مَعَهٗ مِنْ اِلٰهٍ اِذًا لَّذَهَبَ كُلُّ اِلٰهٍۢ بِمَا خَلَقَ وَلَعَلَا بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَ ۙ٩١
Mattakhażallāhu miw waladiw wa mā kāna ma‘ahū min ilāhin iżal lażahaba kullu ilāhim bimā khalaqa wa la‘alā ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍ(in), subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[91]
Wong kaphir ing Mêkah mêsthi padha mangsuli: Kabèh iku kagunganing Allah. Yèn wis mangsuli mangkono, sira nuli andangua: Kapriye dene kowe têka padha suthik sumungkêm ngabêkti ing Allah, barang kang wis narênthêng bênêr, têka koarani luput.
عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٩٢
‘Ālimil-gaibi wasy-syahādati fa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[92]
(He Mukhammad) Ingsun malah wis andhawuhake barang kang têmên marang wong kaphir ing Mêkah, (iya iku ênggone padha ngarani Allah pêputra, iku mokhal, lan ênggone padha maro tingal, iku luput) dadi calathune wong kaphir ing Mêkah iku padha goroh.
قُلْ رَّبِّ اِمَّا تُرِيَنِّيْ مَا يُوْعَدُوْنَ ۙ٩٣
Qur rabbi immā turiyannī mā yū‘adūn(a).
[93]
Kang têmên, Allah iku ora pêputra, lan ora ana barang kang milu jumênêng Pangeran karo Allah, yèn anaa barang kang milu jumênêng Pangeran, mêsthi siji-sijining Pangeran mau duwe gêgawean dhewe-dhewe, sarta kêna dibedakake, lan siji-sijining Pangeran mau kudu ngayoni [nga.....yoni] ngalahake marang Pangeran liyane, (kabèh iku ora ana nyatane dadi têtela) Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kaphir ing Mêkah.
رَبِّ فَلَا تَجْعَلْنِيْ فِى الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٩٤
Rabbi falā taj‘alnī fil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[94]
Allah iku nguningani barang kang gaib kang samar-samar, luwih manèh barang kang kasat mata. Allah iku mau luhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kaphir ing Mêkah ênggone padha maro tingal.
وَاِنَّا عَلٰٓى اَنْ نُّرِيَكَ مَا نَعِدُهُمْ لَقٰدِرُوْنَ٩٥
Wa innā ‘alā an nuriyaka mā na‘iduhum laqādirūn(a).
[95]
(He Mukhammad) sira munjuka marang Ingsun mangkene: Dhuh Pangeran kawula, manawi Tuwan badhe sumêrêp dhumatêng kawula, anggèn Tuwan anglêksanani niksa dhumatêng tiyang kaphir ing Mêkah, ingkang sampun Tuwan ancamakên.
اِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ السَّيِّئَةَۗ نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَصِفُوْنَ٩٦
Idfa‘ bil-latī hiya aḥsanus-sayyi'ah(ta), naḥnu a‘lamu bimā yaṣifūn(a).
[96]
Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi sampun ngatutakên kawula, kasrèmpèd utawi tumut risak para tiyang kaphir wau.
وَقُلْ رَّبِّ اَعُوْذُ بِكَ مِنْ هَمَزٰتِ الشَّيٰطِيْنِ ۙ٩٧
Wa qur rabbi a‘ūżu bika min hamazātisy-syayāṭīn(i).
[97]
(He Mukhammad) Ingsun kawasa nontonake [no...ntonake] marang sira, kalêksanane siksa kang Ingsun ancamake marang para wong kaphir ing Mêkah.
وَاَعُوْذُ بِكَ رَبِّ اَنْ يَّحْضُرُوْنِ٩٨
Wa a‘ūżu bika rabbi ay yaḥḍurūn(i).
[98]
Sira nulaka pialane wong kaphir, sarana gawe bêcik marang wong kaphir mau, Ingsun nguningani ênggone padha nyatur ala marang Ingsun lan marang sira, mulane ing têmbe mêsthi padha Ingsun patrapi siksa.
حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُوْنِ ۙ٩٩
Ḥattā iżā jā'a aḥadahumul-mautu qāla rabbirji‘ūn(i).
[99]
Lan sira munjuka mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula ngungsi ing Tuwan, mugi Tuwan têbihakên saking panggodhaning setan.
لَعَلِّيْٓ اَعْمَلُ صَالِحًا فِيْمَا تَرَكْتُ كَلَّا ۗاِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَاۤىِٕلُهَاۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ بَرْزَخٌ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ١٠٠
La‘allī a‘malu ṣāliḥan fīmā taraktu kallā, innahā kalimatun huwa qā'iluhā, wa miw warā'ihim barzakhun ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[100]
Dhuh Pangeran kawula, kawula ngungsi ing Tuwan, sampun ngantos kadhatêngan setan.
فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَلَآ اَنْسَابَ بَيْنَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ وَّلَا يَتَسَاۤءَلُوْنَ١٠١
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri falā ansāba bainahum yauma'iżiw wa lā yatasā'alūn(a).
[101]
Wong kaphir ênggone padha maro tingal mau kêlantur-lantur, nganti têkan matine, ing kono banjur munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan wangsulakên dhatêng ing dunya malih.
فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٠٢
Faman ṡaqulat mawāzīnuhū fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[102]
Kawula badhe sahadat, saha badhe [ba...dhe] nglampahi pandamêl sae wontên ing dunya. (Pangandikaning Allah): Ora, panyuwune wong kaphir bali marang dunya iku tanpa gawe, ing burine wis ana aling-aling, sanadyan nganti têkan besuk tangine wong mati, mung bali marang akhirat, ora bali marang dunya.
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فِيْ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٣
Wa man khaffat mawāzīnuhū fa ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum fī jahannama khālidūn(a).
[103]
Ing besuk mênawa sêmpronge Malaikat Israphil wis didamu, manungsa iku kabèh padha bae, turune sapa-sapa ora beda, lan ora wong takon-tinakon.
تَلْفَحُ وُجُوْهَهُمُ النَّارُ وَهُمْ فِيْهَا كٰلِحُوْنَ١٠٤
Talfaḥu wujūhahumun-nāru wa hum fīhā kāliḥūn(a).
[104]
Bedane mung sing sapa ditraju abot kabêcikane ngungkuli alane, iku padha bêgja, munggah ing suwarga.
اَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٠٥
Alam takun āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum bihā tukażżibūn(a).
[105]
Dene sing sapa ditrajune ènthèng, kabêcikane kalah dening alane, iya iku para wong kaphir, iku têtêp wong gawe kapitunaning awake dhewe, mêsthi langgêng ana ing Naraka Jahanam.
قَالُوْا رَبَّنَا غَلَبَتْ عَلَيْنَا شِقْوَتُنَا وَكُنَّا قَوْمًا ضَاۤلِّيْنَ١٠٦
Qālū rabbanā galabat ‘alainā syiqwatunā wa kunnā qauman ḍāllīn(a).
[106]
Raine padha gosong dening gêni, wong kaphir mau ana ing naraka padha maringis.
رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْهَا فَاِنْ عُدْنَا فَاِنَّا ظٰلِمُوْنَ١٠٧
Rabbanā akhrijnā minhā fa in ‘udnā fa innā ẓālimūn(a).
[107]
Wong kaphir mau banjur tămpa dhawuh: Nalikane sira ana ing dunya, apa ora wis padha diwacakake Kuran ayat Ingsun, dhèk samana sira padha puguh, rêngkêng padha maido ing Kuran.
قَالَ اخْسَـُٔوْا فِيْهَا وَلَا تُكَلِّمُوْنِ١٠٨
Qālakhsa'ū fīhā wa lā tukallimūn(i).
[108]
Wong kaphir padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, anggèn kawula maibên punika jalaran sampun kalindhih dening cilaka kawula, mila kawula dados tiyang kêsasar.
اِنَّهٗ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْ عِبَادِيْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ١٠٩
Innahū kāna farīqum min ‘ibādī yaqūlūna rabbanā āmannā fagfir lanā warḥamnā wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[109]
Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan êntasakên saking naraka, mênawi kawula ngantos kamipurun wangsul kaphir malih, kawula têtêp nganiaya awak kawula piyambak.
فَاتَّخَذْتُمُوْهُمْ سِخْرِيًّا حَتّٰىٓ اَنْسَوْكُمْ ذِكْرِيْ وَكُنْتُمْ مِّنْهُمْ تَضْحَكُوْنَ١١٠
Fattakhażtumūhum sikhriyyan ḥattā ansaukum żikrī wa kuntum minhum taḍḥakūn(a).
[110]
Allah ngandika: Hus, wis padha mênênga bae ana ing naraka, lan aja munjuk marang Ingsun manèh.
اِنِّيْ جَزَيْتُهُمُ الْيَوْمَ بِمَا صَبَرُوْٓاۙ اَنَّهُمْ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ١١١
Innī jazaituhumul-yauma bimā ṣabarū, annahum humul-fā'izūn(a).
[111]
Satêmêne ana kawulaningsun sawatara, wong mukmin kang padha munjuk marang Ingsun mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika pitados ing Tuwan, Tuwan mugi kaparênga [kaparêng....a] ngapura kalêpatan kawula, saha mugi angrêntahna sih dhumatêng kawula, sih Tuwan punika sampurna piyambak.
قٰلَ كَمْ لَبِثْتُمْ فِى الْاَرْضِ عَدَدَ سِنِيْنَ١١٢
Qāla kam labiṡtum fil-arḍi ‘adada sinīn(a).
[112]
(He wong kaphir) kawulaningsun kang padha munjuk mangkono mau, banjur padha sira ênggo gulang-gulang lan sira gêguyu, sira nganti kalimput lali marang Ingsun.
قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍ فَسْـَٔلِ الْعَاۤدِّيْنَ١١٣
Qālū labiṡnā yauman au baḍa yaumin fas'alil-‘āddīn(a).
[113]
Ing dina iki para kawulaningsun wong mukmin kang padha sira gêguyu mau, padha bêgja, padha Ingsun ganjar suwarga, marga ênggone padha têguh atine sira gêguyu.
قٰلَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا لَّوْ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١١٤
Qāla il labiṡtum illā qalīlal lau annakum kuntum ta‘lamūn(a).
[114]
Allah ngutus Malaikat Malik, andangu: He wong kaphir, ênggonmu ana ing dunya biyèn lawase pirang taun.
اَفَحَسِبْتُمْ اَنَّمَا خَلَقْنٰكُمْ عَبَثًا وَّاَنَّكُمْ اِلَيْنَا لَا تُرْجَعُوْنَ١١٥
Afa ḥasibtum annamā khalaqnākum ‘abaṡaw wa annakum ilainā lā turja‘ūn(a).
[115]
Ature para wong kaphir: Anggèn kula wontên ing dunya rumiyin namung sadintên utawi kirang. Sumăngga andangua dhumatêng malaikat ingkang nyathêti ngumuring manungsa.
فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ رَبُّ الْعَرْشِ الْكَرِيْمِ١١٦
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), lā ilāha illā huw(a), rabbul-‘arsyil-karīm(i).
[116]
Malaikat Malik ngandika: Mênawa kowe padha wêruh, ênggonmu ana ing dunya biyèn, mung sadhela bangêt yèn tinimbang lan [la.n] ênggonmu ana ing naraka.
وَمَنْ يَّدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ لَا بُرْهَانَ لَهٗ بِهٖۙ فَاِنَّمَا حِسَابُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْكٰفِرُوْنَ١١٧
Wa may yad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara lā burhāna lahū bih(ī), fa innamā ḥisābuhū ‘inda rabbih(ī), innahū lā yufliḥul-kāfirūn(a).
[117]
Apa kowe padha duwe kira yèn ênggonku gawe awakmu iku mung ala nganggur bae, tanpa guna, lan kowe iku ora bakal dibalèkake marang pangayunaning Allah, (saiki têtela luput kiramu). Allah ratu kang sajati iku mau luhur, adoh bangêt yèn karsaa ala nganggur. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, Allah iku Pangeraning ngaras kang mulya. Dene sing sapa ênggone nêmbah Allah nganggo diwori nyêmbah liyane Allah, iya iku Pangeran kang ora ana tăndha yêktine yèn iku Pangeran. Wong mangkono mau, patrapane ana ngastaning Allah Pangerane. Satêmêne wong kaphir iku padha ora bisa bêgja.
وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ࣖ١١٨
Wa qur rabbigfir warḥam wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[118]
Lan sira munjuka mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi kaparênga ngapura saha ngrêntahakên sih dhumatêng para tiyang mukmin, sih Tuwan punika sampurna piyambak.