Surah Al-Hajj

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْۚ اِنَّ زَلْزَلَةَ السَّاعَةِ شَيْءٌ عَظِيْمٌ١
Yā ayyuhan-nāsuttaqū rabbakum, inna zalzalatas-sā‘ati syai'un ‘aẓīm(un).
[1] He wong Mêkah lan liya-liyane, sira padha wêdia ing Allah Pangeranira, awit lindhu gêdhe ngarêpake dina kiyamat iku prakara gêdhe kang anggêgirisi.

يَوْمَ تَرَوْنَهَا تَذْهَلُ كُلُّ مُرْضِعَةٍ عَمَّآ اَرْضَعَتْ وَتَضَعُ كُلُّ ذَاتِ حَمْلٍ حَمْلَهَا وَتَرَى النَّاسَ سُكٰرٰى وَمَا هُمْ بِسُكٰرٰى وَلٰكِنَّ عَذَابَ اللّٰهِ شَدِيْدٌ٢
Yauma taraunahā tażhalu kullu murḍi‘atin ‘ammā arḍa‘at wa taḍa‘u kullu żāti ḥamlin ḥamlahā wa taran-nāsa sukārā wa mā hum bisukārā wa lākinna ‘ażāballāhi syadīd(un).
[2] Nalikane sira andêlêng lindhu mau, ing dina iku sarupane wong wadon kang nusoni padha lali marang susone, lan sarupane wong wadon mêtêng padha gogrog wêtêngane, lan sira andêlêng polahing manungsa padha kaya wong mêndêm saking dening bingunge, nanging [na....nging] satêmêne ora mêndêm. Siksaning Allah iku dhasar abot têmênan.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّيَتَّبِعُ كُلَّ شَيْطٰنٍ مَّرِيْدٍۙ٣
Wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa yattabi‘u kulla syaiṭānim marīd(in).
[3] Sawênèhing manungsa ana kang madoni Nabi Mukhammad, prakara agama, padune sakarêp-karêpe dhewe, tanpa wêwaton kawruh, manut setan kang kêlantur-lantur sasare.

كُتِبَ عَلَيْهِ اَنَّهٗ مَنْ تَوَلَّاهُ فَاَنَّهٗ يُضِلُّهٗ وَيَهْدِيْهِ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ٤
Kutiba ‘alaihi annahū man tawallāhu fa annahū yuḍilluhū wa yahdīhi ilā ‘ażābis-sa‘īr(i).
[4] Setan iku wis pinêsthi dadi godha, sing sapa manut setan, setan mêsthi nasarake marang kang manut, dituduhake dalan kang anjog marang naraka.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّنَ الْبَعْثِ فَاِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ مِنْ مُّضْغَةٍ مُّخَلَّقَةٍ وَّغَيْرِ مُخَلَّقَةٍ لِّنُبَيِّنَ لَكُمْۗ وَنُقِرُّ فِى الْاَرْحَامِ مَا نَشَاۤءُ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى ثُمَّ نُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوْٓا اَشُدَّكُمْۚ وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّتَوَفّٰى وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرَدُّ اِلٰٓى اَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْلَا يَعْلَمَ مِنْۢ بَعْدِ عِلْمٍ شَيْـًٔاۗ وَتَرَى الْاَرْضَ هَامِدَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ وَاَنْۢبَتَتْ مِنْ كُلِّ زَوْجٍۢ بَهِيْجٍ٥
Yā ayyuhan-nāsu in kuntum fī raibim minal-ba‘ṡi fa innā khalaqnākum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma min ‘alaqatin ṡumma mim muḍgatim mukhallaqatiw wa gairi mukhallaqatil linubayyina lakum, wa nuqirru fil-arḥāmi mā nasyā'u ilā ajalim musamman ṡumma nukhrijukum ṭiflan ṡumma litablugū asyuddakum, wa minkum may yutawaffā wa minkum may yuraddu ilā arżalil-‘umuri likailā ya‘lama ba‘da ‘ilmin syai'ā(n), wa taral-arḍa hāmidatan fa iżā anzalnā ‘alaihal-mā'ahtazzat wa rabat wa ambatat min kulli zaujim bahīj(in).
[5] He para manungsa, manawa sira mamang bakal tangine wong kang wis mati, iku sira pikira, Ingsun wis gawe lêluhurira Nabi Adam, saka ing lêmah, saiki Ingsun gawe awakira saka ing mani, mani mau banjur Ingsun dadèkake gêtih kênthêl, gêtih kênthêl banjur Ingsun dadèkake lesan, gênêp dhapur bayi lan ora gênêp. Iku supaya sira têranga marang sampurnaning kawasaningsun. Lesan mau kang Ingsun karsakake lêstari dadi manungsa, Ingsun lèrènake [lè...rènake] ana ing guwa garba nganti têkan mangsane lair, sira banjur Ingsun wêtokake dadi bêbayi, nuli sira Ingsun paringi urip nganti têkan wayah mêmpêng. Sawênèhing manungsa ana kang mati sadurunge diwasa, lan ana kang dawa umure nganti pikun. Iku karsaningsun, supaya si pikun mau lalia barang kang maune wis diwêruhi. Lan manèh sira andêlêng bumi iku ngênthak-ênthak tanpa thêthukulan, barêng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarêjêt thukul-thukulane sarta mundhak dhuwure. Bumi mau thukul-thukulane warna-warna kang ambungahake manungsa.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّهٗ يُحْيِ الْمَوْتٰى وَاَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ۙ٦
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa annahū yuḥyil-mautā wa annahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[6] Kabèh kang wis kasêbut, bab ênggon Ingsun gawe manungsa lan nguripake bumi kang mati mau, iku tăndha yêkti, supaya sira padha wêruha yèn Pangeran Allah iku ana têmênan, sarta kuwasa nguripake wong kang wis padha mati, nguwasani samubarang.

وَّاَنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيْهَاۙ وَاَنَّ اللّٰهَ يَبْعَثُ مَنْ فِى الْقُبُوْرِ٧
Wa annas-sā‘ata ātiyatul lā raiba fīhā, wa annallāha yab‘aṡu man fil-qubūr(i).
[7] Lan supaya sira wêruha yèn dina kiyamat iku mêsthi kalêksanan, ora sumêlang [su......mêlang] bakal kêlakone. Mangkono uga Allah ênggone bakal nangèkake wong kang wis mati saka ing kubur, iya mêsthi kalêksanan.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ ۙ٨
Wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa lā hudaw wa lā kitābim munīr(in).
[8] Sawênèhing manungsa ana wong kang madoni marang sira Mukhammad ing bab siphat lan kaananing Allah, padune nganggo sakarêp-karêpe dhewe, tanpa wêwaton kawruh utawa pituduhing Allah, tanpa wêwaton kawruh utawa pituduhing Allah,[3] tanpa wêwaton kitabing Allah kang madhangake ati.

ثَانِيَ عِطْفِهٖ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ لَهٗ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّنُذِيْقُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَذَابَ الْحَرِيْقِ٩
Ṡāniya ‘iṭfihī liyuḍilla ‘an sabīlillāh(i), lahū fid-dun-yā khizyuw wa nużīquhū yaumal-qiyāmati ‘ażābal-ḥarīq(i).
[9] Padha ewa, mènglèng gulune, pamrihe supaya wong liyane padha kêsasar saka dêdalan agamaning Allah, wong mangkono mau ana ing dunya mêsthi nandhang siksa, dene besuk ana ing akhirat, bakal Ingsun kon ngrasakake siksa naraka kang anggosongake.

ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ يَدٰكَ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ࣖ١٠
Żālika bimā qaddamat yadāka wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[10] (He wong kaphir) mulane sira Ingsun siksa ana ing dunya lan ing akhirat, marga saka kaluputan kang wis sira lakoni [lako...ni] kalawan tanganira dhewe, satêmêne Allah ora pisan nganiaya marang kawulane.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّعْبُدُ اللّٰهَ عَلٰى حَرْفٍۚ فَاِنْ اَصَابَهٗ خَيْرُ ِۨاطْمَئَنَّ بِهٖۚ وَاِنْ اَصَابَتْهُ فِتْنَةُ ِۨانْقَلَبَ عَلٰى وَجْهِهٖۗ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةَۗ ذٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِيْنُ١١
Wa minan-nāsi may ya‘budullāha ‘alā ḥarf(in), fa in aṣābahū khairuniṭma'anna bih(ī), wa in aṣābathu fitnatuninqalaba ‘alā wajhih(ī), khasirad-dun-yā wal-ākhirah(ta), żālika huwal-khusrānul-mubīn(u).
[11] Sawênèhing manungsa ana wong kang nêmbah ing Allah kalawan minggrang-minggring, atine mamang, dadi manawa nêmu bêcik, atine iya têntrêm, nanging mênawa kasandhung ing rêribêd, banjur ambalik dadi kaphir, wong mangkono mau kapitunan ing dunya lan ing akhirat, iya iku kang aran tuna bêt kowar- kawir.

يَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَضُرُّهٗ وَمَا لَا يَنْفَعُهٗۗ ذٰلِكَ هُوَ الضَّلٰلُ الْبَعِيْدُ ۚ١٢
Yad‘ū min dūnillāhi mā lā yaḍurruhū wa mā lā yanfa‘uh(ū), żālika huwaḍ-ḍalālul-ba‘īd(u).
[12] Wong mau nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala, kang mênawa ora disêmbah ora bisa gawe pakewuh apa-apa, apadene mênawa disêmbah iya ora bisa makolèhi apa-apa. Iya iku kang aran kêsasar adoh bangêt.

يَدْعُوْا لَمَنْ ضَرُّهٗٓ اَقْرَبُ مِنْ نَّفْعِهٖۗ لَبِئْسَ الْمَوْلٰى وَلَبِئْسَ الْعَشِيْرُ١٣
Yad‘ū laman ḍarruhū aqrabu min naf‘ih(ī), labi'sal-maulā wa labi'sal-‘asyīr(u).
[13] Nyêmbah brahala kang akèh lèrège dadi pakewuh tinimbang dadi pakolèh. Barang kang dianggêp Pangeran lan kănca, dikira bakal têtulung ing karibêdan, iku kang ala dhewe iya brahala.

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ اِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ١٤
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), innallāha yaf‘alu mā yurīd(u).
[14] Satêmêne Allah ing têmbe bakal anglêbokake sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, Allah iku nindakake sakarsane pribadi.

مَنْ كَانَ يَظُنُّ اَنْ لَّنْ يَّنْصُرَهُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ فَلْيَمْدُدْ بِسَبَبٍ اِلَى السَّمَاۤءِ ثُمَّ لْيَقْطَعْ فَلْيَنْظُرْ هَلْ يُذْهِبَنَّ كَيْدُهٗ مَا يَغِيْظُ١٥
Man kāna yaẓunnu allay yanṣurahullāhu fid-dun-yā wal-ākhirati falyamdud bisababin ilas-samā'i ṡummalyaqṭa‘ falyanẓur hal yużhibanna kaiduhū mā yagīẓ(u).
[15] Sing sapa muring-muring ngarani yèn Allah ora bakal nulungi Nabi Mukhammad ana ing dunya lan ing akhirat, iku nalèkna dhadhung anèng moloning omahe, (pucuking dhadhung mau dijirêtna ing gulune) banjur anggantunga nganti mati. Mara padha ngrasakna, pamuring-muringe mangkono iku apa bakal murungake pitulunging Allah marang Nabi Mukhammad, (ora).

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۙ وَّاَنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يُّرِيْدُ١٦
Wa każālika anzalnāhu āyātim bayyināt(in), wa annallāha yahdī may yurīd(u).
[16] Mangkono uga Ingsun nurunake Kuran iki dadi tăndha yêkti. Satêmêne Allah iku paring pituduh dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـِٕيْنَ وَالنَّصٰرٰى وَالْمَجُوْسَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا ۖاِنَّ اللّٰهَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ١٧
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū waṣ-ṣābi'īna wan-naṣārā wal-majūsa wal-lażīna asyrakū, innallāha yafṣilu bainahum yaumal-qiyāmah(ti), innallāha ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[17] Ing besuk dina kiyamat, Allah milah-milahake para wong mukmin, wong Yahudi, wong Sabi'in, wong Nasara, wong Majusi lan wong kang padha maro tingal (ora tunggal panggonane lan seje-seje bubuhane) satêmêne Allah iku mirsani samubarang (ora kasamaran marang bubuhane wong siji-sijine).

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يَسْجُدُ لَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ وَالنُّجُوْمُ وَالْجِبَالُ وَالشَّجَرُ وَالدَّوَاۤبُّ وَكَثِيْرٌ مِّنَ النَّاسِۗ وَكَثِيْرٌ حَقَّ عَلَيْهِ الْعَذَابُۗ وَمَنْ يُّهِنِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ مُّكْرِمٍۗ اِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يَشَاۤءُ ۩ۗ١٨
Alam tara annallāha yasjudu lahū man fis-samāwāti wa man fil-arḍi wasy-syamsu wal-qamaru wan-nujūmu wal-jibālu wasy-syajaru wad-dawābbu wa kaṡīrum minan-nās(i), wa kaṡīrun ḥaqqa ‘alaihil-‘ażāb(u), wa may yuhinillāhu famā lahū mim mukrim(in), innallāha yaf‘alu mā yasyā'(u).
[18] Sira apa ora ngêrti yèn isèn-isèning bumi lan langit, apadene sêrngenge lan rêmbulan sarta lintang-lintang lan gunung-gunung lan kêkayon lan khewan, lan manungsa akèh padha sujud ing Allah, lan akèh uga manungsa kang kabênêr nandhang siksa, (marga ênggone kaphir ora gêlêm sujud ing Allah, ewadene wêwayangane iya mêksa sujud ing Allah).

۞ هٰذَانِ خَصْمٰنِ اخْتَصَمُوْا فِيْ رَبِّهِمْ فَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا قُطِّعَتْ لَهُمْ ثِيَابٌ مِّنْ نَّارٍۗ يُصَبُّ مِنْ فَوْقِ رُءُوْسِهِمُ الْحَمِيْمُ ۚ١٩
Hāżāni khaṣmānikhtaṣamū fī rabbihim fal-lażīna kafarū quṭṭi‘at lahum ṡiyābum min nār(in), yuṣabbu min fauqi ru'ūsihimul-ḥamīm(u).
[19] Sing sapa diasorake dening Allah digadhuhi ati wangkot, iku ora bakal mulya olèh kabêgjan. Satêmêne Allah iku nindakake apa parênging karsane.

يُصْهَرُ بِهٖ مَا فِيْ بُطُوْنِهِمْ وَالْجُلُوْدُ ۗ٢٠
Yuṣharu bihī mā fī buṭūnihim wal-julūd(u).
[20] Iki ana wong rong golongan kang padha bêbantahan, (kang siji golongan Islam, sijine golongan kaphir) padha ngaku bênêr agamane dhewe-dhewe. (Dene pancasaning Allah): Wong kaphir padha diênggoni sandhangan gêni. Sarta êndhase padha digrujug ing wedang panas saka ing dhuwur.

وَلَهُمْ مَّقَامِعُ مِنْ حَدِيْدٍ٢١
Wa lahum maqāmi‘u min ḥadīd(in).
[21] Wedang mau ngajurake jêroane para wong kaphir, lan matêngake kulite, sarta padha disadhiyani gada wêsi.

كُلَّمَآ اَرَادُوْٓا اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا مِنْ غَمٍّ اُعِيْدُوْا فِيْهَا وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ ࣖ٢٢
Kullamā arādū ay yakhrujū minhā min gammin u‘īdū fīhā, wa żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[22] Wong kaphir mau sabên arêp mêtu saka ing naraka, nêja ngoncati kasusahan, banjur digada dening malaikat, lan dibalèkake marang têlênging naraka, têmbunge: He kêparat, padha ngrasakna siksa naraka, kang anggosongake.

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّلُؤْلُؤًاۗ وَلِبَاسُهُمْ فِيْهَا حَرِيْرٌ٢٣
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa lu'lu'ā(n), wa libāsuhum fīhā ḥarīr(un).
[23] Satêmêne Allah anglêbokake sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha dirêngga-garêngga,[4] diênggoni gêlang mas lan mutyara, dene panganggone wong ing suwarga kang băngsa jarit, iku sutra.

وَهُدُوْٓا اِلَى الطَّيِّبِ مِنَ الْقَوْلِۚ وَهُدُوْٓا اِلٰى صِرَاطِ الْحَمِيْدِ٢٤
Wa hudū ilaṭ-ṭayyibi minal-qaul(i), wa hudū ilā ṣirāṭil-ḥamīd(i).
[24] Lan manèh ana ing dunya padha dituduhake pangucap kang bêcik, (iya iku: la ilaha illallah Mukhammaddurrasulullah) lan uga padha dituduhake dêdalan agamaning Allah kang pinuji.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ الَّذِيْ جَعَلْنٰهُ لِلنَّاسِ سَوَاۤءً ۨالْعَاكِفُ فِيْهِ وَالْبَادِۗ وَمَنْ يُّرِدْ فِيْهِ بِاِلْحَادٍۢ بِظُلْمٍ نُّذِقْهُ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ ࣖ٢٥
Innal-lażīna kafarū wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wal-masjidil-ḥarāmil-lażī ja‘alnāhu lin-nāsi sawā'anil-‘ākifu fīhi wal-bād(i), wa may yurid fīhi bi'ilḥādim biẓulmin nużiqhu min ‘ażābin alīm(in).
[25] Sarupane wong kaphir lan kang padha makewuhi tumindaking agama Islam dêdalaning Allah, apadene makewuhi wong kang arêp malêbu ing Masjidil Karam, kang wis Ingsun sadhiyakake kanggo ngabêkti ing Allah tumrap sadhengah wong, sanadyan wong bumi utawa wong nênêka, padha bae.

وَاِذْ بَوَّأْنَا لِاِبْرٰهِيْمَ مَكَانَ الْبَيْتِ اَنْ لَّا تُشْرِكْ بِيْ شَيْـًٔا وَّطَهِّرْ بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْقَاۤىِٕمِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ٢٦
Wa iż bawwa'nā li'ibrāhīma makānal-baiti allā tusyrik bī syai'aw wa ṭahhir baitiya liṭ-ṭā'ifīna wal-qā'imīna war-rukka‘is-sujūd(i).
[26] Sing sapa nêja nandukake sawiyah-wiyah ana ing Masjidil Kharam, kalawan panganiaya, iku bakal Ingsun kon ngrasakake siksa naraka kang nglarani.

وَاَذِّنْ فِى النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوْكَ رِجَالًا وَّعَلٰى كُلِّ ضَامِرٍ يَّأْتِيْنَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيْقٍ ۙ٢٧
Wa ażżin fin-nāsi bil-ḥajji ya'tūka rijālaw wa ‘alā kulli ḍāmiriy ya'tīna min kulli fajjin ‘amīq(in).
[27] (He Mukhammad) sira nyaritakna nalika Ingsun dhawuh marang Nabi Ibrahim, namtokake sawijining panggonan kang kudu didêgi Kakbah, pangandikaningsun: He Brahim, sira aja maro tingal, sungkêmira marang Ingsun aja pisan kaworan marang liyane. Lan sira nucèkna Kakbah padalêman Ingsun, kanggo wong kang padha tawaph, (ngubêngi Kakbah) lan para wong bumi lan wong kang padha sêmbayang, rukuk lan sujud.

لِّيَشْهَدُوْا مَنَافِعَ لَهُمْ وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْلُوْمٰتٍ عَلٰى مَا رَزَقَهُمْ مِّنْۢ بَهِيْمَةِ الْاَنْعَامِۚ فَكُلُوْا مِنْهَا وَاَطْعِمُوا الْبَاۤىِٕسَ الْفَقِيْرَ ۖ٢٨
Liyasyhadū manāfi‘a lahum wa yażkurusmallāhi fī ayyāmim ma‘lūmātin ‘alā mā razaqahum mim bahīmatil-an‘ām(i), fa kulū minhā wa aṭ‘imul-bā'isal-faqīr(a).
[28] (He Ibrahim) sira ngundhangana para manungsa, supaya padha nglakoni khaji marang Kakbah padalêman Ingsun, wong kang tămpa undhang mêsthi ngèstokake, padha têka ing panggonanira kalawan malaku dharat, dene kang adoh panggonane padha nunggang unta. (Nabi Ibrahim banjur munggah ing gunung Jabal Kubès, nguwuh-uwuh ngundhangake).

ثُمَّ لْيَقْضُوْا تَفَثَهُمْ وَلْيُوْفُوْا نُذُوْرَهُمْ وَلْيَطَّوَّفُوْا بِالْبَيْتِ الْعَتِيْقِ٢٩
Ṡummal yaqḍū tafaṡafahum wal yūfū nużūrahum wal yaṭṭawwafū bil-baitil-‘atīq(i).
[29] Enggone padha têka mau pêrlu nyatakake lan ngopèni barang kang makolèhi ing awake ana ing dunya lan ing akhirat, (nglakoni khaji sinambi dagang), apadene arêp nêbut asmaning Allah nalikane ambêlèh rajakaya paringing Allah ana ing dina kang tinamtokake ênggone nglakoni khaji, (he manungsa) mara padha mangana khewan kang sira bêlèh mau, lan uga mènèhana wong kang apês lan kamlaratan.

ذٰلِكَ وَمَنْ يُّعَظِّمْ حُرُمٰتِ اللّٰهِ فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ وَاُحِلَّتْ لَكُمُ الْاَنْعَامُ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاجْتَنِبُوا الرِّجْسَ مِنَ الْاَوْثَانِ وَاجْتَنِبُوْا قَوْلَ الزُّوْرِ ۙ٣٠
Żālika wa may yu‘aẓẓim ḥurumātillāhi fa huwa khairul lahū ‘inda rabbih(ī), wa uḥillat lakumul-an‘āmu illā mā yutlā ‘alaikum fajtanibur-rijsa minal-auṡāni wajtanibū qaulaz-zūr(i).
[30] Banjur padha ngulapana rêrêgêdira (cukur utawa ngêthoki kuku) lan padha ngluwarana nadarira, lan padha tawapha, ngubêngi Kakbah padalêmane Allah kang lawas.

حُنَفَاۤءَ لِلّٰهِ غَيْرَ مُشْرِكِيْنَ بِهٖۗ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَكَاَنَّمَا خَرَّ مِنَ السَّمَاۤءِ فَتَخْطَفُهُ الطَّيْرُ اَوْ تَهْوِيْ بِهِ الرِّيْحُ فِيْ مَكَانٍ سَحِيْقٍ٣١
Ḥunafā'a lillāhi gaira musyrikīna bih(ī), wa may yusyrik billāhi fa ka'annamā kharra minas-samā'i fa takhṭafuhuṭ-ṭairu au tahwī bihir-rīḥu fī makānin saḥīq(in).
[31] Wis mangkono kaparênging karsaningsun. Dene sing sapa ngajèni têgêse ngèstokake anggêr-anggêring Allah, iku tumrap ing awake dhewe luwih dening bêcik mungguhing Allah Pangerane. Sira padha diparêngake mangan iwaking rajakaya kang mawa dibêlèh, kajaba kang wis diwalêri ora parêng sira pangan, lan sira padha nyingkirana nyêmbah babarang [5] [ba.....barang] kang rêgêd, iya iku brahala, apadene nyingkirana ngaku wêruh kang satêmêne ora wêruh, (ngarani brahala iki Pangeran).

ذٰلِكَ وَمَنْ يُّعَظِّمْ شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ فَاِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوْبِ٣٢
Żālika wa may yu‘aẓẓim sya‘ā'irallāhi fa innahā min taqwal-qulūb(i).
[32] Ditêmên maligi sumungkêm ing Allah, ora maro tingal, sing sapa ênggone mangeran ing Allah maro tingal, iku prasasat tiba saka ing langit, banjur disambêr ing manuk, utawa kabur ing angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh bangêt, (ora kêna diarêp-arêp salamête).

لَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى ثُمَّ مَحِلُّهَآ اِلَى الْبَيْتِ الْعَتِيْقِ ࣖ٣٣
Lakum fīhā manāfi‘u ilā ajalim musamman ṡumma maḥilluhā ilal-baitil-‘atīq(i).
[33] Satêmêne dhasar mangkono, dene sing sapa ngajèni gumêlare agamaning Allah, (nglêlêmu lan ambêciki khewan kang kanggo pisungsung marang Mêkah ing măngsa khaji) iku ewone ati wêdi ing Allah.

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِّيَذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلٰى مَا رَزَقَهُمْ مِّنْۢ بَهِيْمَةِ الْاَنْعَامِۗ فَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَلَهٗٓ اَسْلِمُوْاۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِيْنَ ۙ٣٤
Wa likulli ummatin ja‘alnā mansakal liyażkurusmallāhi ‘alā mā razaqahum mim bahīmatil-an‘ām(i), fa ilāhukum ilāhuw wāḥidun fa lahū aslimū, wa basysyiril-mukhbitīn(a).
[34] Khewan mau makolèhi marang sira pirang-pirang prakara, nganti tumêka wêwangên mangsane dibêlèh, sawise têkan ing wêwangên, pambêlèhe wajib dilêksanani ana ing Mêkah, panggonaning Kakbah padalêmaning Allah kang lawas.

الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ وَالصّٰبِرِيْنَ عَلٰى مَآ اَصَابَهُمْ وَالْمُقِيْمِى الصَّلٰوةِۙ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ٣٥
Allażīna iżā żukirallāhu wajilat qulūbuhum waṣ-ṣābirīna ‘alā mā aṣābahum wal-muqīmiṣ-ṣalāh(ti), wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[35] Sarupaning umat ing jaman kuna kang padha pracaya ing Allah, padha Ingsun parêngake saos kurban, lan Ingsun dhawuh nêbut asmaning Allah nalikane ambêlèh rajakaya pêparinging Allah. Pangeranira iku mung siji Allah, apadene ambêbungaha wong kang padha sumungkêm ngèstokake parentahing Allah, bakal olèh ganjaran suwarga.

وَالْبُدْنَ جَعَلْنٰهَا لَكُمْ مِّنْ شَعَاۤىِٕرِ اللّٰهِ لَكُمْ فِيْهَا خَيْرٌۖ فَاذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهَا صَوَاۤفَّۚ فَاِذَا وَجَبَتْ جُنُوْبُهَا فَكُلُوْا مِنْهَا وَاَطْعِمُوا الْقَانِعَ وَالْمُعْتَرَّۗ كَذٰلِكَ سَخَّرْنٰهَا لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٣٦
Wal-budna ja‘alnāhā lakum min sya‘ā'irillāhi lakum fīhā khair(un), fażkurusmallāhi ‘alaihā ṣawāff(a), fa iżā wajabat junūbuhā fa kulū minhā wa aṭ‘imul-qāni‘a wal-mu‘tarr(a), każālika sakhkharnāhā lakum la‘allakum tasykurūn(a).
[36] Iya iku wong kang atine konjêm nalika nêbut asmaning Allah, mangkono uga wong kang padha têtêg atine ênggone nandhang pakewuh, lan wong kang padha têtêp ênggone nglakoni sêmbayang, lan wong kang padha dhangan mèwèhake rijêki pêparing Ingsun.

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ٣٧
Lay yanālallāha luḥūmuhā wa lā dimā'uhā wa lākiy yanāluhut-taqwā minkum, każālika sakhkharahā lakum litukabbirullāha ‘alā mā hadākum, wa basysyiril-muḥsinīn(a).
[37] Dene unta lan kêbo sapi iku Ingsun parêngake kanggo kurban, dadi tăndha adêging agama Islam, agamaning Allah, iku tumrap ing sira ana [a...na] ing dunya makolèhi, ana ing akhirat olèh ganjaran, mulane nalika sira ambêlèh, khewan mau dijèngkèngake, sira nêbuta asmaning-asmaning[6] Allah. Sawise sira bêlèh, sira kêna mangan iwake, lan uga sira wèhna wong miskin kang ora gêlêm anjaluk lan kang anjêjaluk. Khewan kang samono gagah prakosane mau Ingsun sungkêmake manut sakarêpira, supaya sira sukura ing Allah.

۞ اِنَّ اللّٰهَ يُدَافِعُ عَنِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ خَوَّانٍ كَفُوْرٍ ࣖ٣٨
Innallāha yudāfi‘u ‘anil-lażīna āmanū, innallāha lā yuḥibbu kulla khawwānin kafūr(in).
[38] 38. Daginging kewan kang ginawe kurban lan gêtihe, iku ora konjuk ing Allah, balik kang konjuk ing Allah iku panggawe bêcik kalawan gumolonging ati kanthi wêdi ing Allah saka ing sira. Mangkono uga Allah nyungkêmake unta lan kêbo sapi kang gagah prakosane samono marang sira, supaya sira nêbuta Maha-agung marang Allah, awit Allah wis nuduhake sira marang agama bênêr. Lan sira ambêbungaha wong kang padha [pa....dha] nglakoni panggawe bêcik, pracaya yèn Allah iku mung siji, bakal olèh ganjaran suwarga.

اُذِنَ لِلَّذِيْنَ يُقَاتَلُوْنَ بِاَنَّهُمْ ظُلِمُوْاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى نَصْرِهِمْ لَقَدِيْرٌ ۙ٣٩
Użina lil-lażīna yuqātalūna bi'annahum ẓulimū, wa innallāha ‘alā naṣrihim laqadīr(un).
[39] Satêmêne Allah iku nulak pialane para wong kaphir marang para wong mukmin. Allah ora rêmên wong kang padha cidra nglirwakake parentahe utawa nyelaki pêparinging Allah kabungahan.

ۨالَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بِغَيْرِ حَقٍّ اِلَّآ اَنْ يَّقُوْلُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا دَفْعُ اللّٰهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّهُدِّمَتْ صَوَامِعُ وَبِيَعٌ وَّصَلَوٰتٌ وَّمَسٰجِدُ يُذْكَرُ فِيْهَا اسْمُ اللّٰهِ كَثِيْرًاۗ وَلَيَنْصُرَنَّ اللّٰهُ مَنْ يَّنْصُرُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ لَقَوِيٌّ عَزِيْزٌ٤٠
Allażīna ukhrijū min diyārihim bigairi ḥaqqin illā ay yaqūlū rabbunallāh(u), wa lau lā daf‘ullāhin-nāsa ba‘ḍahum biba‘ḍil lahuddimat ṣawāmi‘u wa biya‘uw wa ṣalawātuw wa masājidu yużkaru fīhasmullāhi kaṡīrā(n), wa layanṣurannallāhu may yanṣuruh(ū), innallāha laqawiyyun ‘azīz(un).
[40] Wong Islam kang padha sumêdya mangsah pêrang diparêngake dening Allah, marga padha dikaniaya dening wong kaphir, satêmêne Allah iku kuwasa nulungi para wong Islam.

اَلَّذِيْنَ اِنْ مَّكَّنّٰهُمْ فِى الْاَرْضِ اَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ وَاَمَرُوْا بِالْمَعْرُوْفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِۗ وَلِلّٰهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ٤١
Allażīna im makkannāhum fil-arḍi aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta wa amarū bil-ma‘rūfi wa nahau ‘anil-munkar(i), wa lillāhi ‘āqibatul-umūr(i).
[41] Iya iku para wong Islam kang padha diusir dening para wong kaphir saka ing bale omahe kalawan ora bênêr, mung marga ênggone padha ngucap: Pangeranku iku Allah. Pialane wong kaphir mau, upama ora dipapas dening Allah, sarana santosane wong mukmin ênggone ngayoni wong kaphir, amêsthi nglêbur-nglêburake, [ngl....êbur-nglêburake,] pamujaning para pandhita lan greja-grejane wong Nasara lan pasêmbayangane wong Yahudi apadene masjid-masjide wong Islam, kang tansah diênggo nêbut asmaning Allah ana ing kono, mêsthi dijugrugi kabèh, nanging Allah mêsthi nulungi wong kang labuh marang sarirane. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mulya.

وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّعَادٌ وَّثَمُوْدُ ۙ٤٢
Wa iy yukażżibūka faqad każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa ‘āduw wa ṡamūd(u).
[42] Wong kang labuh ing Allah iku sarupane wong kang manawa Ingsun tulungi, sêmpulur lêlakone ana ing bumi, banjur padha nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, lan ajak-ajak anglakoni panggawe bêcik, apadene mênging nglakoni panggawe ala. Sarupaning prakara iku pancasane ana ngastaning Allah.

وَقَوْمُ اِبْرٰهِيْمَ وَقَوْمُ لُوْطٍ ۙ٤٣
Wa qaumu ibrāhīma wa qaumu lūṭ(in).
[43] (He Mukhammad) dene wong ing Mêkah yèn padha maido ing sira, sira aja kagèt, awit para umat kuna sadurunge wong Mêkah iku, iku uga padha maido marang rasule, kaya ta para umate Nabi Nuh, wong Ngad, wong Samud, para umate Nabi Ibrahim, para umate Nabi Lut, wong ing Madyan, Nabi Musa uga dipaido ing para umate. Dene ênggon Ingsun niksa marang wong kang padha maido rasule mau, nganggo Ingsun sarantèkake. Barêng wis tita wangkot, banjur padha Ingsun siksa. Mara ta sira rasak- rasakna, iba bangête dukaningsun marang wong kang padha maido para rasul.

وَّاَصْحٰبُ مَدْيَنَۚ وَكُذِّبَ مُوْسٰى فَاَمْلَيْتُ لِلْكٰفِرِيْنَ ثُمَّ اَخَذْتُهُمْۚ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ٤٤
Wa aṣḥābu madyan(a), wa kużżiba mūsā fa amlaitu lil-kāfirīna ṡumma akhażtuhum, fa kaifa kāna nakīr(i).
[44] Wis pira bae kèhe wong padesan kang Ingsun tumpês marga saka dosane, padha sirna kêbrukan omahe, lan pira bae kèhe sumur kang ora diambah ing wong, marga wonge padha mati Ingsun tumpês, lan pira bae kèhe gêdhong dhuwur-dhuwur kang suwung, marga wonge padha mati Ingsun tumpês.

فَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ فَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۖ وَبِئْرٍ مُّعَطَّلَةٍ وَّقَصْرٍ مَّشِيْدٍ٤٥
Fa ka'ayyim min qaryatin ahlaknāhā wa hiya ẓālimatun fa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā, wa bi'rim mu‘aṭṭalatiw wa qaṣrim masyīd(in).
[45] Yagene wong kaphir ing Mêkah têka ora anjajah ing bumi, upama [u...pama] anjajaha, mêsthi andêlêng patilasane wong kuna pirang-pirang, banjur kadunungan ati kang bisa mikir-mikir, utawa kuping kang bisa ngrungokake carita lêlakone wong kaphir kang wangkot mau ora picak matane, balik atine kang ana sajroning dhadha, iku kang picak.

اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَتَكُوْنَ لَهُمْ قُلُوْبٌ يَّعْقِلُوْنَ بِهَآ اَوْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۚ فَاِنَّهَا لَا تَعْمَى الْاَبْصَارُ وَلٰكِنْ تَعْمَى الْقُلُوْبُ الَّتِيْ فِى الصُّدُوْرِ٤٦
Afalam yasīrū fil-arḍi fa takūna lahum qulūbuy ya‘qilūna bihā au āżānuy yasma‘ūna bihā, fa innahā lā ta‘mal-abṣāru wa lākin ta‘mal-qulūbul-latī fiṣ-ṣudūr(i).
[46] Wong kaphir ing Mêkah padha nantang ing sira Mukhammad, anjaluk siksa kêncengan, Allah ora bakal nyidrani janjine, (wong kaphir ing Mêkah ora wurung bakal padha disiksa ana ing papêrangan ing Badar) dene dina siji ing akhirat ana ngarsaning Pangeranira, iku dawane kaya sèwu taun ing dunya.

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِ وَلَنْ يُّخْلِفَ اللّٰهُ وَعْدَهٗۗ وَاِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَاَلْفِ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّوْنَ٤٧
Wa yasta‘jilūnaka bil-‘ażābi wa lay yukhlifallāhu wa‘dah(ū), wa inna yauman ‘inda rabbika ka'alfi sanatim mimmā ta‘uddūn(a).
[47] Lan manèh pira bae kèhe wong padesan kang padha duraka, sarta patrapane siksa Ingsun sarantèkake sawatara lawase, barêng wis tita wangkot, banjur Ingsun turuni siksa, wusana besuk ana ing akhirat, padha bali marang ngarsaningsun.

وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَمْلَيْتُ لَهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ ثُمَّ اَخَذْتُهَاۚ وَاِلَيَّ الْمَصِيْرُ ࣖ٤٨
Wa ka'ayyim min qaryatin amlaitu lahā wa hiya ẓālimatun ṡumma akhażtuhā, wa ilayyal-maṣīr(u).
[48] (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha anggege siksa, satêmêne aku iki mêmêdèni siksa marang wong kaphir, nanging iya ambêbungah wong mukmin, bakal olèh ganjaran suwarga.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّمَآ اَنَا۠ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ٤٩
Qul yā ayyuhan-nāsu innamā ana lakum nażīrum mubīn(un).
[49] Dene para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku olèh pangapura sakèhe kaluputane, lan olèh rijêki kang mulya, iya iku suwarga.

فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٥٠
Fal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[50] Sarupane wong kang padha ngarah jugare Kuran ayat Ingsun, ngapês-apêsake marang Ingsun, wong kang mangkono iku bakal padha kacêmplung ing naraka Jakhim.

وَالَّذِيْنَ سَعَوْا فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ٥١
Wal-lażīna sa‘au fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[51] (He Mukhammad) biyèn sadurunge sira, manawa Ingsun ngutus rasul utawa dhêdhawuh marang para nabi, (ora beda karo kaananira saiki, manawa rasul mau maca dhawuhing Allah kanthi pangarêp-arêp dièstokake) ing kono setan banjur nukma ing wacane, (ngenggokake surasaning dhawuh kang diwaca, ngèmpêri kaya kang dadi dhanganing atine kang didhawuhi), nanging Allah banjur anjugarake panukmaning setan awèh surasa kang luput mau, Allah banjur nêtêpake surasaning ayat kalawan sabênêre, Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ وَّلَا نَبِيٍّ اِلَّآ اِذَا تَمَنّٰىٓ اَلْقَى الشَّيْطٰنُ فِيْٓ اُمْنِيَّتِهٖۚ فَيَنْسَخُ اللّٰهُ مَا يُلْقِى الشَّيْطٰنُ ثُمَّ يُحْكِمُ اللّٰهُ اٰيٰتِهٖۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ۙ٥٢
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūliw wa lā nabiyyin illā iżā tamannā alqasy-syaiṭānu fī umniyyatih(ī), fa yansakhullāhu mā yulqisy-syaiṭānu ṡumma yuḥkimullāhu āyātih(ī), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[52] Kang mangkono mau karsaning Allah, surasa kang wis diowahi ing setan mau dadia coba, anjalomprongake marang wong kang atine ana lêlarane (mamang dhawuhing Allah lan maro tingal), apadene wong kang padha wangkot atine, satêmêne panêmune para wong kaphir iku sulaya bangêt karo kang bênêr.

لِّيَجْعَلَ مَا يُلْقِى الشَّيْطٰنُ فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْقَاسِيَةِ قُلُوْبُهُمْۗ وَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ ۙ٥٣
Liyaj‘ala mā yulqisy-syaiṭānu fitnatal lil-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-qāsiyati qulūbuhum, wa innaẓ-ẓālimīna lafī syiqāqim ba‘īd(in).
[53] Lan manèh karsaning Allah, wong kang padha kadunungan kawruh agamaning Allah, padha sumurupa yèn Kuran iku nyata têrang dhawuh saka Allah Pangeranira, dadi banjur padha mantêp atine ênggone padha pracaya. Satêmêne Allah iku nuduhake dalan bênêr marang wong kang padha pracaya ing sarirane.

وَّلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَيُؤْمِنُوْا بِهٖ فَتُخْبِتَ لَهٗ قُلُوْبُهُمْۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٥٤
Wa liya‘lamal-lażīna ūtul-‘ilma annahul-ḥaqqu mir rabbika fa yu'minū bihī fa tukhbita lahū qulūbuhum, wa innallāha lahādil-lażīna āmanū ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[54] Wong kaphir iku tansah padha mamang marang Kuran marang agama Islam, nganti têkan mangsane mati kang ngagètake, utawa nganti tinêmpuh ing siksa ana ing dina kang sangar (iya iku dinane pêrang ing Badar).

وَلَا يَزَالُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ حَتّٰى تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً اَوْ يَأْتِيَهُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَقِيْمٍ٥٥
Wa lā yazālul-lażīna kafarū fī miryatim minhu ḥattā ta'tiyahumus-sā‘atu bagtatan au ya'tiyahum ‘ażābu yaumin ‘aqīm(in).
[55] Ing dina kiyamat, kang jumênêng ratu mung Allah pribadi, kawasa mancasi prakarane para wong mukmin lan wong kaphir, dene para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diganjar, diênggonake ana ing suwarga Nangim.

اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذٍ لِّلّٰهِ ۗيَحْكُمُ بَيْنَهُمْۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٥٦
Al-mulku yauma'iżil lillāh(i), yaḥkumu bainahum, fal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī jannātin na‘īm(i).
[56] Dene para wong kaphir kang padha maido ayat Ingsun, iku padha dibubuhi siksa kang abot.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ ࣖ٥٧
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā fa ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[57] Sarupane wong kang ninggal bale omahe [o......mahe] nglurug pêrang sabilullah (ngabêkti ngèstokake parentahing Allah), kang măngka wong mau banjur mati ana ing papêrangan, jalaran ênggone pêrang utawa liyane, iku mêsthi Ingsun paringi rijêki langgêng ana ing suwarga. Satêmêne Allah iku bêcik-bêcike kang paring rijêki.

وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ قُتِلُوْٓا اَوْ مَاتُوْا لَيَرْزُقَنَّهُمُ اللّٰهُ رِزْقًا حَسَنًاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٥٨
Wal-lażīna hājarū fī sabīlillāhi ṡumma qutilū au mātū layarzuqannahumullāhu rizqan ḥasanā(n), wa innallāha lahuwa khairur-rāziqīn(a).
[58] Wong mau Ingsun lêbokake ing panggonan kang ambungahake, iya iku suwarga. Satêmêne Allah iku nguningani tur wêlas.

لَيُدْخِلَنَّهُمْ مُّدْخَلًا يَّرْضَوْنَهٗۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَعَلِيْمٌ حَلِيْمٌ٥٩
Layudkhilannahum mudkhalay yarḍaunah(ū), wa innallāha la‘alīmun ḥalīm(un).
[59] Wis mêsthi mangkono karsaningsun. Dene wong mukmin kang malês pialane wong kaphir kalawan sapadhane piala kang ditandukake, banjur dikaniaya, diusir saka bale omahe, Allah mêsthi nulungi wong mukmin mau. Satêmêne Allah iku muwung kaluputan, tur ngapura dosa.

۞ ذٰلِكَ وَمَنْ عَاقَبَ بِمِثْلِ مَا عُوْقِبَ بِهٖ ثُمَّ بُغِيَ عَلَيْهِ لَيَنْصُرَنَّهُ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَعَفُوٌّ غَفُوْرٌ٦٠
Żālika wa man ‘āqaba bimiṡli mā ‘ūqiba bihī ṡumma bugiya ‘alaihi layanṣurannahullāh(u), innallāha la‘afuwwun gafūr(un).
[60] Allah ênggone paring pitulung marang wong mukmin mau, (marga Allah kawasa nindakake sabarang karsane, dene tăndha yêktine yèn Allah iku kawasa), Allah nglêbokake wêngi ana ing awan, sarta nglêbokake awan ana ing wêngi. Satêmêne Allah iku miyarsa tur mirsani samubarang.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ٦١
Żālika bi'annallāha yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-laili wa annallāha samī‘um baṣīr(un).
[61] Lan manèh ênggone paring pitulung mau, marga Allah iku nyata langgêng, dene brahala kang disêmbah dening wong kaphir, dudu Allah, iku bakal rusak, satêmêne Allah iku Mahaluhur tur Maha-agung.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ هُوَ الْبَاطِلُ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ٦٢
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa anna mā yad‘ūna min dūnihī huwal-bāṭilu wa annallāha huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[62] Sira apa ora andêlêng yèn Allah iku nurunake banyu udan saka ing langit, mulane bumi banjur ijo dening thêthukulan. Satêmêne Allah iku alus tur waspada.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۖ فَتُصْبِحُ الْاَرْضُ مُخْضَرَّةًۗ اِنَّ اللّٰهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ ۚ٦٣
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa tuṣbiḥul-arḍu mukhḍarrah(tan), innallāha laṭīfun khabīr(un).
[63] Samubarang isèn-isèning bumi lan langit, iku kagunganing Allah. Satêmêne Allah iku ora butuh marang apa-apa tur pantês ingalêmbana.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ ࣖ٦٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa innallāha lahuwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[64] Sira apa ora wêruh yèn Allah iku nyungkêmake samubarang isèn-isèning bumi marang sira, lan uga nyungkêmake prau marang sira, prau mau lumaku wira-wiri ana ing sagara kalawan prentahing Allah, mangkono uga Allah ngukuhi langit, supaya aja ngrubuhi bumi, kajaba kalawan kaparênging Allah. Satêmêne Allah iku wêlas asih marang manungsa.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ وَالْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِاَمْرِهٖۗ وَيُمْسِكُ السَّمَاۤءَ اَنْ تَقَعَ عَلَى الْاَرْضِ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٦٥
Alam tara annallāha sakhkhara lakum mā fil-arḍi wal-fulka tajrī fil-baḥri bi'amrih(ī), wa yumsikus-samā'a an taqa‘a ‘alal-arḍi illā bi'iżnih(ī), innallāha bin-nāsi lara'ūfur raḥīm(un).
[65] Allah iku kang nguripi lan nitahake sira, sawise têkan ing wêwangên, banjur matèni marang sira, ing besuk dina kiyamat, banjur nguripake manèh marang sira. Satêmêne wong kang maro tingal iku padha nyelaki pêparinging Allah kabungahan kang mangkono mau.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَحْيَاكُمْ ۖ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ٦٦
Wa huwal-lażī aḥyākum, ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum, innal-insāna lakafūr(un).
[66] Sarupaning umat padha Ingsun pranata kalawan sarengat, kabèh padha Ingsun karsakake nglakoni sarengate dhewe-dhewe, mulane para umat kuna kang saiki isih, iku aja padha madoni prakara agamanira Mukhammad. Lan sira ajak-ajaka nglakoni sarengat agamanira, ngèstokake parentahe Pangeranira. Satêmêne sira iku wis nêtêpi pituduh agama kang bênêr.

لِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا هُمْ نَاسِكُوْهُ فَلَا يُنَازِعُنَّكَ فِى الْاَمْرِ وَادْعُ اِلٰى رَبِّكَۗ اِنَّكَ لَعَلٰى هُدًى مُّسْتَقِيْمٍ٦٧
Likulli ummatin ja‘alnā mansakan hum nāsikūhu falā yunāzi‘unnaka fil-amri wad‘u ilā rabbik(a), innaka la‘alā hudam mustaqīm(in).
[67] Dene yèn wong mau mêksa madoni marang sira prakara agama, sira banjur dhawuha: Allah mêsthi nguningani samubarang kang padha kolakoni.

وَاِنْ جَادَلُوْكَ فَقُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٦٨
Wa in jādalūka fa qulillāhu a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[68] (He wong mukmin lan wong kaphir) besuk dina kiyamat, Allah bakal mancasi prakara ênggonmu padha pasulayan, prakara agama.

اَللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٦٩
Allāhu yaḥkumu bainakum yaumal-qiyāmati fīmā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[69] Sira apa ora wêruh yèn Allah iku nguningani barang kang ana ing bumi lan ana ing langit. Wruhanira, mangkono iku mungguhing Allah rèmèh bae. Kabèh iku wis ditulisi ana ing Lohmahphul, wutuh gênêp, ora ana kang kècèr.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّ ذٰلِكَ فِيْ كِتٰبٍۗ اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ٧٠
Alam ta‘lam annallāha ya‘lamu mā fis-samā'i wal-arḍ(i), inna żālika fī kitāb(in), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[70] 70. Wong maro tingal padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala, kang Allah [A....llah] ora andhawuhake tăndha yêktine yèn iku Pangeran, wong maro tingal uga ora wêruh tăndha yêktine. Ing besuk ora ana kang bisa têtulung nulak siksaning Allah marang wong maro tingal iku.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا وَّمَا لَيْسَ لَهُمْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ٧١
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānaw wa mā laisa lahum bihī ‘ilm(un), wa mā liẓ-ẓālimīna min naṣīr(in).
[71] Wong kaphir mau mênawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, kalawan cêtha, sira banjur wêruh yèn batine nampik, katara ana ing polatane, kaya anjotos-jotosa marang kang macakake Kuran. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa kowe padha nampik Kuran, koarani ala, saiki kowe tak tuduhake kang luwih ala ngungkuli Kuran, iya iku naraka kang diancamake dening Allah marang sarupane wong kaphir (yèn kowe nampik Kuran, mêsthi olèh naraka) iba alane kawusanan kang mangkono iku.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ تَعْرِفُ فِيْ وُجُوْهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمُنْكَرَۗ يَكَادُوْنَ يَسْطُوْنَ بِالَّذِيْنَ يَتْلُوْنَ عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۗ قُلْ اَفَاُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكُمْۗ اَلنَّارُۗ وَعَدَهَا اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ٧٢
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin ta‘rifu fī wujūhil-lażīna kafarul-munkar(a), yakādūna yasṭūna bil-lażīna yatlūna ‘alaihim āyātinā, qul afa unabbi'ukum bisyarrim min żālikum, an-nār(u), wa‘adahallāhul-lażīna kafarū, wa bi'sal-maṣīr(u).
[72] He para wong kaphir, sira wis digêlari upama, iku padha sira rasak-rasakna, barang liyane Allah kang sira sêmbah (brahala) iku ora bisa gawe lalêr sawiji bae (tur lalêr iku kewan cilik lan apês), sanadyan sarupaning brahala iku sira kalumpukake, iya ora bisa gawe lalêr siji bae. Dene yèn ana lalêr ngrubung sajènè, brahala ora bisa anggusah. Saiki têtela, lalêr kang ngrêbut sajèn, sarta brahala kang ora bisa anggusah lalêr, loro pisan padha apês.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ ضُرِبَ مَثَلٌ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَنْ يَّخْلُقُوْا ذُبَابًا وَّلَوِ اجْتَمَعُوْا لَهٗ ۗوَاِنْ يَّسْلُبْهُمُ الذُّبَابُ شَيْـًٔا لَّا يَسْتَنْقِذُوْهُ مِنْهُۗ ضَعُفَ الطَّالِبُ وَالْمَطْلُوْبُ٧٣
Yā ayyuhan-nāsu ḍuriba maṡalum fastami‘ū lah(ū), innal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi lay yakhluqū żubābaw wa lawijtama‘ū lah(ū), wa iy yaslubhumuż-żubābu syai'al lā yastanqiżūhu minh(u), ḍa‘ufaṭ-ṭālibu wal-maṭlūb(u).
[73] Wong kaphir iku têtela padha ora wêruh agunging Allah kang kalawan sajatine, nganti maro tingal, nyêmbah brahala kang anggusah lalêr bae ora bisa. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mulya.

مَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖۗ اِنَّ اللّٰهَ لَقَوِيٌّ عَزِيْزٌ٧٤
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrih(ī), innallāha laqawiyyun ‘azīz(un).
[74] Allah iku amiji para malaikat lan manungsa, dikarsakake dadi utusan. Satêmêne Allah iku Miyarsa tur Mirsani samubarang.

اَللّٰهُ يَصْطَفِيْ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ رُسُلًا وَّمِنَ النَّاسِۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ ۚ٧٥
Allāhu yaṣṭafī minal-malā'ikati rusulaw wa minan-nās(i), innallāha samī‘um baṣīr(un).
[75] Nguningani barang kang wis kalakon lan kang durung kalakon, tumrap para utusan mau. Besuk ana ing akhirat, sarupaning prakara bakal padha bali marang ngarsaning Allah.

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٧٦
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum, wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[76] He para wong mukmin kabèh, sira padha sêmbayanga, rukuka lan sujuda, nêmbaha ing Allah Pangeranira, apadene padha nglakonana panggawe bêcik, supaya sira padha bêgja.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ارْكَعُوْا وَاسْجُدُوْا وَاعْبُدُوْا رَبَّكُمْ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ۚ۩٧٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanurka‘ū wasjudū wa‘budū rabbakum waf‘alul-khaira la‘allakum tufliḥūn(a).
[77] Lan padha mangsaha pêrang, ngluhurake agamaning Allah, angatogna kêkuwatanira, Allah milih sira dikarsakake ngluhurake agamane Allah, karsaning Allah, agama Islam iku tumrap ing sira ora ginawe ciyut. Sira manuta agamane êmbahira Nabi Ibrahim, Allah ngarani sira iku wong agama Islam.

وَجَاهِدُوْا فِى اللّٰهِ حَقَّ جِهَادِهٖۗ هُوَ اجْتَبٰىكُمْ وَمَا جَعَلَ عَلَيْكُمْ فِى الدِّيْنِ مِنْ حَرَجٍۗ مِلَّةَ اَبِيْكُمْ اِبْرٰهِيْمَۗ هُوَ سَمّٰىكُمُ الْمُسْلِمِيْنَ ەۙ مِنْ قَبْلُ وَفِيْ هٰذَا لِيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ شَهِيْدًا عَلَيْكُمْ وَتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِۖ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاعْتَصِمُوْا بِاللّٰهِ ۗهُوَ مَوْلٰىكُمْۚ فَنِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ࣖ ۔٧٨
Wa jāhidū fillāhi ḥaqqa jihādih(ī), huwajtabākum wa mā ja‘ala ‘alaikum fid-dīni min ḥaraj(in), millata abīkum ibrāhīm(a), huwa sammākumul-muslimīn(a), min qablu wa fī hāżā liyakūnar-rasūlu syahīdan ‘alaikum wa takūnū syuhadā'a ‘alan-nās(i), fa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa‘taṣimū billāh(i), huwa maulākum, fa ni‘mal-maulā wa ni‘man-naṣīr(u).
[78] Kasêbut ing kitab kuna-kuna sadurunge Kuran iki, lan uga kasêbut ing Kuran iki, mulane sira diarani wong agama Islam, supaya besuk dina kiyamat, rasul ngakoni yèn wis andhawuhake [andha....wuhake] dhawuh Ingsun marang sira, lan sira uga padha dadi saksi yèn rasul mau wis andhawuhake dhawuh Ingsun marang sira. Sira padha nglakonana sêmbayang lan padha bayar jakat, apadene padha ngandêla ing Allah, Allah iku Pangeran kang nguwasani samubarangira, sarta kang nulungi sira. Kang mitayani dhewe têtulung ing sira sarta nyukupi kabutuhanira iku mung Allah pribadi.