Surah Al-Anbiya
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَ لِلنَّاسِ حِسَابُهُمْ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ مُّعْرِضُوْنَ ۚ١
Iqtaraba lin-nāsi ḥisābuhum wa hum fī gaflatim mu‘riḍūn(a).
[1]
Saiki wis mèh dina kiyamat, ênggone Allah nimbang ala bêciking manungsa, ewadene manungsa mau lali, padha malengos marang ayat Ingsun.
مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنْ رَّبِّهِمْ مُّحْدَثٍ اِلَّا اسْتَمَعُوْهُ وَهُمْ يَلْعَبُوْنَ ۙ٢
Mā ya'tīhim min żikrim mir rabbihim muḥdaṡin illastama‘ūhu wa hum yal‘abūn(a).
[2]
Amarga Nabi Mukhammad ênggone andhawuhake Kuran marang manungsa saka Pangerane ora wutuh sa-Kuran, nanging saka sathithik, mulane wong kaphir iya padha ngrungokake, nanging padha anggêguyu.
لَاهِيَةً قُلُوْبُهُمْۗ وَاَسَرُّوا النَّجْوَىۖ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۖ هَلْ هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۚ اَفَتَأْتُوْنَ السِّحْرَ وَاَنْتُمْ تُبْصِرُوْنَ٣
Lāhiyatan qulūbuhum, wa asarrun-najwal-lażīna ẓalamū, hal hāżā illā basyarum miṡlukum, afa ta'tūnas-siḥra wa antum tubṣirūn(a).
[3]
Atine padha lali marang Allah, dene wong kaphir mau padha pating kalêsik ngrasani marang Nabi Mukhammad: Mara padha pikirên, Nabi Mukhammad iki apa dudu manungsa padha lan kowe. Yèn mangkono apa bêcik kowe ngundang juru sikhir. Dadi kowe banjur wêruh yèn kaelokane Nabi Mukhammad iku sikhir uga.
قٰلَ رَبِّيْ يَعْلَمُ الْقَوْلَ فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۖ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٤
Qāla rabbī ya‘lamul-qaula fis-samā'i wal-arḍ(i), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[4]
Nabi Mukhammad dhawuh: Allah Pangeranku ngungingani pangucape wong kang calathu ana ing bumi lan ana ing langit, lirih utawa sêru. Allah iku miyarsa tur nguningani.
بَلْ قَالُوْٓا اَضْغَاثُ اَحْلَامٍۢ بَلِ افْتَرٰىهُ بَلْ هُوَ شَاعِرٌۚ فَلْيَأْتِنَا بِاٰيَةٍ كَمَآ اُرْسِلَ الْاَوَّلُوْنَ٥
Bal qālū aḍgāṡu aḥlāmim baliftarāhu bal huwa syā‘ir(un), falya'tinā bi'āyatin kamā ursilal-awwalūn(a).
[5]
Ana manèh wong kaphir padha ngucap mangkene: [m...angkene:] Kang dikandhakake Kuran dening Nabi Mukhammad iku satêmêne mung impèn ura, dikira wahyu saka Allah, malah iku gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe, Nabi Mukhammad iku pancèn baut nganggit têmbang, Kuran iku bangsaning têmbang. Ewadene yèn Nabi Mukhammad ngaku têmên, mara ngananana tăndha yêkti kaelokan, kaya para rasul ing jaman kuna biyèn.
مَآ اٰمَنَتْ قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَاۚ اَفَهُمْ يُؤْمِنُوْنَ٦
Mā āmanat qablahum min qaryatin ahlaknāhā, afahum yu'minūn(a).
[6]
(Pangandikaning Allah): Biyèn sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, para wong padesan iya padha nyuwun tăndha yêkti kaelokan, barêng wis Ingsun anani kaelokan, isih puguh ora gêlêm pracaya, wusana banjur padha Ingsun tumpês, saiki yèn Ingsun nganani kaelokan, wong kaphir ing Mêkah apa banjur padha pracaya (layak ora).
وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٧
Wa mā arsalnā qablaka illā rijālan nūḥī ilaihim fas'alū ahlaż-żikri in kuntum lā ta‘lamūn(a).
[7]
Biyèn sadurunge sira Mukhammad, Ingsun ora tau gawe rasul malaikat, kang mêsthi Ingsun utus dadi rasul, iya wong lanang kang padha Ingsun paringi wahyu, (he wong kaphir) mênawa sira padha ora wêruh, mara padha têtakona marang wong kang padha maca Torèt lan Injil.
وَمَا جَعَلْنٰهُمْ جَسَدًا لَّا يَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَمَا كَانُوْا خٰلِدِيْنَ٨
Wa mā ja‘alnāhum jasadal lā ya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa mā kānū khālidīn(a).
[8]
Para rasul mau ora Ingsun dadèkake awak kang ora mangan pêpanganan, lan ora langgêng luput ing pati.
ثُمَّ صَدَقْنٰهُمُ الْوَعْدَ فَاَنْجَيْنٰهُمْ وَمَنْ نَّشَاۤءُ وَاَهْلَكْنَا الْمُسْرِفِيْنَ٩
Ṡumma ṣadaqnāhumul-wa‘da fa anjaināhum wa man nasyā'u wa ahlaknal-musrifīn(a).
[9]
Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para rasul, sarta para wong mukmin kang padha manut, kang dadi parênge karsaningsun, padha Ingsun paringi salamêt saka pialane wong kaphir, apadene Ingsun anumpês wong kang padha maido marang para rasul.
لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ كِتٰبًا فِيْهِ ذِكْرُكُمْۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٠
Laqad anzalnā ilaikum kitāban fīhi żikrukum, afalā ta‘qilūn(a).
[10]
(He para turune Kurès), Ingsun wis nurunake kitab Kuran kang mratelakake ajine bangsanira, yagene sira ora padha mikir nganti nampik Kuran.
وَكَمْ قَصَمْنَا مِنْ قَرْيَةٍ كَانَتْ ظَالِمَةً وَّاَنْشَأْنَا بَعْدَهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَ١١
Wa kam qaṣamnā min qaryatin kānat ẓālimataw wa ansya'nā ba‘dahā qauman ākharīn(a).
[11]
Wis pira bae kèhe ênggon Ingsun numpês wong padesan kang padha kaphir, sapungkure kang wis tumpês, padesan mau banjur Ingsun isèni wong liyane.
فَلَمَّآ اَحَسُّوْا بَأْسَنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَرْكُضُوْنَ ۗ١٢
Falammā aḥassū ba'sanā iżā hum minhā yarkuḍūn(a).
[12]
Wong padesan mau barêng andêlêng têkane siksaningsun, bangêt kagète, banjur padha lumayu.
لَا تَرْكُضُوْا وَارْجِعُوْٓا اِلٰى مَآ اُتْرِفْتُمْ فِيْهِ وَمَسٰكِنِكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْـَٔلُوْنَ١٣
Lā tarkuḍū warji‘ū ilā mā utriftum fīhi wa masākinikum la‘allakum tus'alūn(a).
[13]
(Ing kono ana malaikat nguwuh- uwuh, he wong padesan) kowe aja padha lumayu, padha balènana omahmu, lan dunya kabungahanmu, supaya kowe bisa mènèhi wong kang padha anjaluk marang kowe kaya sabên- sabêne.
قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ١٤
Qālū yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[14]
(Barêng wis rumasa ora bisa ngoncati bêbaya), banjur padha sêsambat: Adhuh cilaka têmên aku, aku iki wong nganiaya awakku dhewe.
فَمَا زَالَتْ تِّلْكَ دَعْوٰىهُمْ حَتّٰى جَعَلْنٰهُمْ حَصِيْدًا خٰمِدِيْنَ١٥
Famā zālat tilka da‘wāhum ḥattā ja‘alnāhum ḥaṣīdan khāmidīn(a).
[15]
Sêsambate mangkono mau tanpa lèrèn, nganti padha mati dening siksa, sirna êntèk, kaya gaga [ga.....ga] kang diriti.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ١٦
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[16]
Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, lan samubarang kang ana antaraning bumi lan langit, iku ora dolanan.
لَوْ اَرَدْنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ لَهْوًا لَّاتَّخَذْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّآ ۖاِنْ كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٧
Lau aradnā an nattakhiża lahwal lattakhażnāhum mil ladunnā, in kunnā fā‘ilīn(a).
[17]
Upama Ingsun karsa amundhut garwa utawa pêputra, mêsthi Ingsun mundhut garwa widadari, apêputra malaikat, kang padha ana ngarsaningsun, nanging kang mangkono mau ora (awit ingatasing Pangeran, mokal kagungan garwa utawa apêputra).
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْبَاطِلِ فَيَدْمَغُهٗ فَاِذَا هُوَ زَاهِقٌۗ وَلَكُمُ الْوَيْلُ مِمَّا تَصِفُوْنَ١٨
Bal naqżifu bil-ḥaqqi ‘alal-bāṭili fa yadmaguhū fa iżā huwa zāhiq(un), wa lakumul-wailu mimmā taṣifūn(a).
[18]
Ingsun ngêmpakake barang kang nyata bênêr (iya iku iman) kanggo ngayoni barang kang luput (iya iku kaphir), têmahan iman mau ngrusak marang kaphir, mulane kaphir mau banjur sirna larut, (he para wong kaphir) sira bakal padha dibubuhi siksa kang abot, patrapane ênggonira padha ngarani yèn Allah iku apêputra.
وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَمَنْ عِنْدَهٗ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَلَا يَسْتَحْسِرُوْنَ ۚ١٩
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa man ‘indahū lā yastakbirūna ‘an ‘ibādatihī wa lā yastaḥsirūn(a).
[19]
Isèn-isèning bumi lan langit iku kabèh kagunganing Allah, sing sapa kapêrak ing Allah (kaya ta para malaikat), iku ora ana kang gumêdhe. Enggone padha ngabêkti ing Allah tanpa sayah utawa bosên.
يُسَبِّحُوْنَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لَا يَفْتُرُوْنَ٢٠
Yusabbiḥūnal-laila wan-nahāra wa lā yafturūn(a).
[20]
Rina wêngi padha mêmuji nêbut Mahasuci ing Allah tanpa lèrèn.
اَمِ اتَّخَذُوْٓا اٰلِهَةً مِّنَ الْاَرْضِ هُمْ يُنْشِرُوْنَ٢١
Amittakhażū ālihatam minal-arḍi hum yunsyirūn(a).
[21]
Yagene wong kaphir têka padha mangeran brahala isèn-isèning bumi, apa iku bisa nguripake wong mati (ora).
لَوْ كَانَ فِيْهِمَآ اٰلِهَةٌ اِلَّا اللّٰهُ لَفَسَدَتَاۚ فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٢٢
Lau kāna fīhimā ālihatun illallāhu lafasadatā, fa subḥānallāhi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[22]
Upama ing bumi lan ing langit ana Pangeran liyane Allah, bumi lan langit mau loro pisan mêsthi padha rusak. Allah Pangeraning Ngaras iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa pangucapera[1] wong kaphir.
لَا يُسْـَٔلُ عَمَّا يَفْعَلُ وَهُمْ يُسْـَٔلُوْنَ٢٣
Lā yus'alu ‘ammā yaf‘alu wa hum yus'alūn(a).
[23]
Samubarang kang ditindakake dening Allah, wong ora kêna nyuwun pirsa apa sababe Allah têka nindaka mangkono, nanging manungsa mêsthi bakal didangu, sabab apa sira nglakoni mangkono.
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً ۗقُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْۚ هٰذَا ذِكْرُ مَنْ مَّعِيَ وَذِكْرُ مَنْ قَبْلِيْۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۙ الْحَقَّ فَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٤
Amittakhażū min dūnihī ālihah(tan), qul hātū burhānakum, hāżā żikru mam ma‘iya wa żikru man qablī, bal akṡaruhum lā ya‘lamūnal-ḥaqqa fahum mu‘riḍūn(a).
[24]
Yagene wong kaphir têka padha mangeran liyane Allah, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe têka padha ngarani brahala iku Pangeran, êndi tăndha yêktimu. Kuran iki kitab panutane para umatku wong Islam, lan uga panutane para umat kuna sadurunge aku. Wong kaphir iku kang akèh padha ora wêruh ing bênêr, bisane mung puguh malengos.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا نُوْحِيْٓ اِلَيْهِ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدُوْنِ٢٥
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūlin illā nūḥī ilaihi annahū lā ilāha illā ana fa‘budūn(i).
[25]
(He Mukhammad) sadurunge sira biyèn, [bi...yèn,] mênawa Ingsun ngutus rasul, mêsthi Ingsung paringi wahyu mangkene: satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Ingsun pribadi, mulane sira nêmbaha marang Ingsun.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗ ۗبَلْ عِبَادٌ مُّكْرَمُوْنَ ۙ٢٦
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladan subḥānah(ū), bal ‘ibādum mukramūn(a).
[26]
Wong kaphir padha ngucap mangkene: Pangeran kang Mahamurah iku apêputra putri, (iya iku malaikat): wruhanira Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn apêputra. Dene malaikat iku kabèh kawulaning Allah kang ginawe mulya, (dudu putraning Allah).
لَا يَسْبِقُوْنَهٗ بِالْقَوْلِ وَهُمْ بِاَمْرِهٖ يَعْمَلُوْنَ٢٧
Lā yasbiqūnahū bil-qauli wa hum bi'amrihī ya‘malūn(a).
[27]
Ora ana kang wani nglancangi ing Allah kalawan pangucap, sarta nglakoni samubarang kang didhawuhake dening Allah.
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُوْنَۙ اِلَّا لِمَنِ ارْتَضٰى وَهُمْ مِّنْ خَشْيَتِهٖ مُشْفِقُوْنَ٢٨
Ya‘lamū mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yasyfa‘ūna illā limanirtaḍā wa hum min khasy-yatihī musyfiqūn(a).
[28]
Allah nguningani samubarang kang wis dilakoni lan kang bangkal[2] dilakoni dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake kabêgjane sapa-sapa.
۞ وَمَنْ يَّقُلْ مِنْهُمْ اِنِّيْٓ اِلٰهٌ مِّنْ دُوْنِهٖ فَذٰلِكَ نَجْزِيْهِ جَهَنَّمَۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa may yaqul minhum innī ilāhun min dūnihī fa żālika najzīhi jahannam(a), każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[29]
Kajaba nyuwunake kabêgjane wong kang diparêngake dening Allah (wong Islam). Dene para malaikat mau saking dening wêdine ing Allah, padha konjêm.
اَوَلَمْ يَرَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ كَانَتَا رَتْقًا فَفَتَقْنٰهُمَاۗ وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاۤءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّۗ اَفَلَا يُؤْمِنُوْنَ٣٠
Awalam yaral-lażīna kafarū annas-samāwāti wal-arḍa kānatā ratqan fa fataqnāhumā, wa ja‘alnā minal-mā'i kulla syai'in ḥayy(in), afalā yu'minūn(a).
[30]
Para malaikat mau sing sapa ngucap: Aku iki sêsêmbahan kalawan bênêr liyane Allah, (iya iku [i.....ku] iblis), iku bakal Ingsun patrapi siksa naraka Jahanam. Dene wong kang maro tingal, iku Ingsun patrapi mangkono uga.
وَجَعَلْنَا فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِهِمْۖ وَجَعَلْنَا فِيْهَا فِجَاجًا سُبُلًا لَّعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣١
Wa ja‘alnā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bihim, wa ja‘anā fīhā fijājan subulal la‘allahum yahtadūn(a).
[31]
Wong kaphir apa padha ora wêruh yèn bumi iku biyèn dhèmpèt karo langit, banjur Ingsun pisah (kalawan angin), lan manèh Ingsun gawe sarupane kang urip, Ingsun gawe saka ing banyu. Yagene wong kaphir têka padha ora ngandêl.
وَجَعَلْنَا السَّمَاۤءَ سَقْفًا مَّحْفُوْظًاۚ وَهُمْ عَنْ اٰيٰتِهَا مُعْرِضُوْنَ٣٢
Wa ja‘alnas-samā'a saqfam maḥfūẓā(n), wa hum ‘an āyātihā mu‘riḍūn(a).
[32]
Lan manèh Ingsun andokoki gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang-ganjing, sarta Ingsun dokoki dalan jêmbar pirang-pirang, supaya wong kang lêlungan padha wêruha parane kang disêja.
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٣٣
Wa huwal-lażī khalaqal-laila wan-nahāra wasy-syamsa wal-qamar(a), kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[33]
Langit iku Ingsun ênggo payoning bumi, rinêksa ora bisa rubuh. Wong kaphir padha malengos, ora ngandêl marang tăndha-tăndha yêkti kang ana ing langit (kaya ta sêrngenge lan rêmbulan sapanunggalane).
وَمَا جَعَلْنَا لِبَشَرٍ مِّنْ قَبْلِكَ الْخُلْدَۗ اَفَا۟ىِٕنْ مِّتَّ فَهُمُ الْخٰلِدُوْنَ٣٤
Wa mā ja‘alnā libasyarim min qablikal-khuld(a), afa'im mitta fahumul-khālidūn(a).
[34]
Allah iku kang agawe raina lan wêngi, apadene sêrngenge lan rêmbulan, sakarone iku padha mlaku ana ing cakrawala.
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَنَبْلُوْكُمْ بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً ۗوَاِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٣٥
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), wa nablūkum bisy-syarri wal-khairi fitnah(tan), wa ilainā turja‘ūn(a).
[35]
(He Mukhammad) manungsa sadurunge sira, ora ana kang Ingsun karsakake langgêng ana ing dunya, ora kêna ing pati. Ing têmbe mênawa sira wis mati, manungsa liyane sira apa langgêng (ora).
وَاِذَا رَاٰكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ يَذْكُرُ اٰلِهَتَكُمْۚ وَهُمْ بِذِكْرِ الرَّحْمٰنِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٣٦
Wa iżā ra'ākal-lażīna kafarū iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī yażkuru ālihatakum, wa hum biżikrir-raḥmāni hum kāfirūn(a).
[36]
Sarupaning awak mêsthi ngrasakake mati, lan manèh Ingsun nyoba marang sira manungsa kabèh kalawan barang kang andhêmênake lan ngêmohake, loro pisan dadi cobaning manungsa, wusana ing têmbe sira padha dibalèkake marang ngarsaningsun, ditimbang ala lan bêcikira.
خُلِقَ الْاِنْسَانُ مِنْ عَجَلٍۗ سَاُورِيْكُمْ اٰيٰتِيْ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْنِ٣٧
Khuliqal-insānu min ‘ajal(in), sa'urīkum āyātī falā tasta‘jilūn(i).
[37]
Para wong kaphir iku mênawa andêlêng ing sira Mukhammad, ora ana manèh mung padha anggêguyu, pangucape marang kancane: Apa iki wonge kang nênacad marang Pangeranmu, wong kaphir mau padha maido ananing Allah Pangeran Kang Mahamurah.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[38]
Manungsa iku tinitahake watêk ora sarantan. (He manungsa) sira aja padha anggege tumêmpuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing têmbe măngsa wurunga sira Ingsun tontonake siksaningsun.
لَوْ يَعْلَمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا حِيْنَ لَا يَكُفُّوْنَ عَنْ وُّجُوْهِهِمُ النَّارَ وَلَا عَنْ ظُهُوْرِهِمْ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٣٩
Lau ya‘lamul-lażīna kafarū ḥīna lā yakuffūna ‘aw wujūhihimun nāra wa lā ‘an ẓuhūrihim wa lā hum yunṣarūn(a).
[39]
Wong kang ngêrti mau banjur padha ngucap mangkene: [mang...kene:] (He wong Islam) mênawa kandhamu bakal têkaning siksa iku têmên, lah mara besuk apa têkane.
بَلْ تَأْتِيْهِمْ بَغْتَةً فَتَبْهَتُهُمْ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ رَدَّهَا وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٤٠
Bal ta'tīhim bagtatan fa tabhatuhum falā yastaṭī‘ūna raddahā wa lā hum yunẓarūn(a).
[40]
(Allah ngandika): Upama para wong kaphir iku wêruha, ing besuk nalikane naraka nungkêbi marang awake, saka ngarêp lan saka ing buri, ora kêna ditulak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa têtulung marang awake, mêsthi ora calathu mangkono.
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٤١
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa ḥāqa bil-lażīna sakhirū minhum mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[41]
Têkane dina kiyamat ngagètake, andadèkake bingunge wong kaphir, rumasa ora bisa nulak utawa ngoncati siksaning dina kiyamat, lan ora kêna sêmaya.
قُلْ مَنْ يَّكْلَؤُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ مِنَ الرَّحْمٰنِۗ بَلْ هُمْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهِمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٢
Qul may yakla'ukum bil-laili wan-nahāri minar-raḥmān(i), bal hum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[42]
(He Mukhammad), para rasul sadurunge sira uga padha digêguyu dening para umate, padha bae lan sira, patrapane ênggone anggêguyu mau, banjur nêmpuh marang kang padha anggêguyu.
اَمْ لَهُمْ اٰلِهَةٌ تَمْنَعُهُمْ مِّنْ دُوْنِنَاۗ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَ اَنْفُسِهِمْ وَلَا هُمْ مِّنَّا يُصْحَبُوْنَ٤٣
Am lahum ālihatun tamna‘uhum min dūninā, lā yastaṭī‘ūna naṣra anfusihim wa lā hum minnā yuṣḥabūn(a).
[43]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang rina wêngi angrêksa kowe saka siksaning Pangeran kang Mahamurah (ora liya mung Allah), nanging wong kaphir mau padha malengos marang Kuran dhawuhing Allah Pangerane.
بَلْ مَتَّعْنَا هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى طَالَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُۗ اَفَلَا يَرَوْنَ اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ اَفَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Bal matta‘nā hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā ṭāla ‘alaihimul-‘umur(u), afalā yarauna annā na'til-arḍa nanquṣuhā min aṭrāfihā, afahumul-gālibūn(a).
[44]
Wong kaphir apa padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak siksaningsun, (ora), brahala pangerane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nguwalake wong kaphir mau saka siksaningsun.
قُلْ اِنَّمَآ اُنْذِرُكُمْ بِالْوَحْيِۖ وَلَا يَسْمَعُ الصُّمُّ الدُّعَاۤءَ اِذَا مَا يُنْذَرُوْنَ٤٥
Qul innamā unżirukum bil-waḥy(i), wa lā yasma‘uṣ-ṣummud-du‘ā'a iżā mā yunżarūn(a).
[45]
Wruhanira, wong kaphir lan para lêluhure ênggone padha sêmpulur iku, Ingsun kang maringi sêmpulur nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug ênggone duraka. Wong kaphir mau apa padha ora wêruh yèn Ingsun ngingkud bumine si kaphir saka ing pinggir. Apa wong kaphir ing Mêkah iku bakal padha mênang (ora).
وَلَىِٕنْ مَّسَّتْهُمْ نَفْحَةٌ مِّنْ عَذَابِ رَبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٤٦
Wa la'im massathum nafḥatum min ‘ażābi rabbika layaqūlunna yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[46]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Enggonku mêmêdèni marang kowe iki saka wahyu dhawuhing Allah, dudu karêpku dhewe, ewadene wong kang atine budhêg, sanadyan diwêwêdèni iya mêksa ora krungu dhawuh.
وَنَضَعُ الْمَوَازِيْنَ الْقِسْطَ لِيَوْمِ الْقِيٰمَةِ فَلَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔاۗ وَاِنْ كَانَ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ اَتَيْنَا بِهَاۗ وَكَفٰى بِنَا حٰسِبِيْنَ٤٧
Wa naḍa‘ul-mawāzīnal-qisṭa liyaumil-qiyāmati falā tuẓlamu nafsun syai'ā(n), wa in kāna miṡqāla ḥabbatim min khardalin atainā bihā, wa kafā binā ḥāsibīn(a).
[47]
Wong kaphir mau mênawa kambah siksaning Pangeranira sathithik bae banjur sêsambat: Adhuh cilaka têmên aku. Satêmêne aku iki nganiaya awakku dhewe.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ الْفُرْقَانَ وَضِيَاۤءً وَّذِكْرًا لِّلْمُتَّقِيْنَ ۙ٤٨
Wa laqad ātainā mūsā wa hārūnal-furqāna wa ḍiyā'aw wa żikral lil-muttaqīn(a).
[48]
Ing têmbe Ingsun nganani traju kang jêjêg, kanggo nimbang ala bêcike wong kang padha dikalumpukake ing dina kiyamat, ing kono ora ana awak kang dinakali sathithik-thithika, sanadyan ala utawa bêcik mau mung saboboting wiji sawi siji, mêsthi Ingsun têkakake, (ora kècèr) dene kang waspada marang talitining panimbang, iku cukup Ingsun pribadi.
الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَهُمْ مِّنَ السَّاعَةِ مُشْفِقُوْنَ٤٩
Allażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa hum minas-sā‘ati musyfiqūn(a).
[49]
Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa lan Nabi Harun, kitab Torèt mau milahake laku kang bênêr lan kang luput, minăngka obor ing pêpêtêng, sarta dadi wêwulang tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.
وَهٰذَا ذِكْرٌ مُّبٰرَكٌ اَنْزَلْنٰهُۗ اَفَاَنْتُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ࣖ٥٠
Wa hāżā żikrum mubārakun anzalnāh(u), afa antum lahū munkirūn(a).
[50]
Kang padha konjêm ing Allah Pangerane ana ing pasêpèn sarta padha wêdi pakewuh ing dina kiyamat.
۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَآ اِبْرٰهِيْمَ رُشْدَهٗ مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا بِهٖ عٰلِمِيْنَ٥١
Wa laqad ātainā ibrāhīma rusydahū min qablu wa kunnā bihī ‘ālimīn(a).
[51]
Kuran iki wêwulang kang isi barang bêcik pirang-pirang kang Ingsun turunake, yagene sira padha maido.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا هٰذِهِ التَّمَاثِيْلُ الَّتِيْٓ اَنْتُمْ لَهَا عٰكِفُوْنَ٥٢
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā hāżihit-tamāṡīlul-latī antum lahā ‘ākifūn(a).
[52]
Biyèn Nabi Ibrahim sadurunge diwasa wis Ingsun paringi kapintêran, Ingsun [Ingsu....n] nguningani yèn Nabi Ibrahim iku wong patut jinunjung dadi nabi.
قَالُوْا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا لَهَا عٰبِدِيْنَ٥٣
Qālū wajadnā ābā'anā lahā ‘ābidīn(a).
[53]
Dhèk samana Nabi Ibrahim takon marang bapakne lan para sanake: Rêca-rêca punika punapa, têka tansah sami sampeyan sêmbah-sêmbah.
قَالَ لَقَدْ كُنْتُمْ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٥٤
Qāla laqad kuntum antum wa ābā'ukum fī ḍalālim mubīn(in).
[54]
Bapakne lan para sanake padha mangsuli: Kang wis tumindak salawas-lawase, para lêluhurku padha nyêmbah rêca-rêca iki.
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا بِالْحَقِّ اَمْ اَنْتَ مِنَ اللّٰعِبِيْنَ٥٥
Qālū aji'tanā bil-ḥaqqi am anta minal-lā‘ibīn(a).
[55]
Nabi Ibrahim nêrangake: Yèn makatên, sampeyan sarta para lêluhur sampeyan punika têtêla sami kêsasar.
قَالَ بَلْ رَّبُّكُمْ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ الَّذِيْ فَطَرَهُنَّۖ وَاَنَا۠ عَلٰى ذٰلِكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ٥٦
Qāla bar rabbukum rabbus-samāwāti wal-arḍil-lażī faṭarahunn(a), wa ana ‘alā żālikum minasy-syāhidīn(a).
[56]
Bapakne lan para sanake banjur padha takon: He Ibrahim, calathumu mangkono iku têmênan apa mung sêmbranan bae.
وَتَاللّٰهِ لَاَكِيْدَنَّ اَصْنَامَكُمْ بَعْدَ اَنْ تُوَلُّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٧
Wa tallāhi la'akīdanna aṣnāmakum ba‘da an tuwallū mudbirīn(a).
[57]
Nabi Ibrahim mangsuli: (Sayêktos) Pangeran sampeyan punika Allah Pangeraning bumi kalihan langit, ingkang damêl bumi kalihan langit punika, wicantên kula makatên punika sayêktos, kula sumêrêp [su....mêrêp] têrang, sarta wontên tăndha yêktinipun.
فَجَعَلَهُمْ جُذٰذًا اِلَّا كَبِيْرًا لَّهُمْ لَعَلَّهُمْ اِلَيْهِ يَرْجِعُوْنَ٥٨
Fa ja‘alahum jużāżan illā kabīral lahum la‘allahum ilaihi yarji‘ūn(a).
[58]
Dêmi Allah, mangke sapêngkêr sampeyan saking ngriki, rêca-rêca sampeyan punika mêsthi sami kula pêcahi (măngsa sagêda malês dhatêng kula).
قَالُوْا مَنْ فَعَلَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَآ اِنَّهٗ لَمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٥٩
Qālū man fa‘ala hāżā bi'ālihatinā innahū laminaẓ-ẓālimīn(a).
[59]
Sapungkure wong akèh rêca-rêca mau padha ditugêl-tugêl dening Nabi Ibrahim kalawan pecok, rêca mas kang gêdhe dhewe, iku ora dikapak-kapakake, nanging tangane dicêkêli pecok, karêpe Nabi Ibrahim, supaya wong akèh mau padha ambalika, manut agamane Nabi Ibrahim.
قَالُوْا سَمِعْنَا فَتًى يَّذْكُرُهُمْ يُقَالُ لَهٗٓ اِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٠
Qālū sami‘nā fatay yażkuruhum yuqālu lahū ibrāhīm(u).
[60]
Wong akèh banjur padha opyak: Sapa kang ganggu gawe marang Pangeranku mangkene iki. Iku wong têtêp wong duraka nganiaya.
قَالُوْا فَأْتُوْا بِهٖ عَلٰٓى اَعْيُنِ النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَشْهَدُوْنَ٦١
Qālū fa'tū bihī ‘alā a‘yunin-nāsi la‘allahum yasyhadūn(a).
[61]
Ing kono akèh kang mangsuli: Aku krungu ana bocah jênênge Ibrahim, iku bangêt ênggone ngrasani ala, anacad marang rêca-rêca iki (bokmanawa iku kang ganggu gawe).
قَالُوْٓا ءَاَنْتَ فَعَلْتَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَا يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٢
Qālū a'anta fa‘alta hāżā bi'ālihatinā yā ibrāhīm(u).
[62]
. Wong akèh banjur padha calathu: Yèn mangkono Ibrahim iku cêkêlên, gawanên marang ngarêpe wong akèh iki, bokmanawa wong samene iki ana kang wêruh Ibrahim ênggone ngrusak rêca-rêca iki.
قَالَ بَلْ فَعَلَهٗ كَبِيْرُهُمْ هٰذَا فَسْـَٔلُوْهُمْ اِنْ كَانُوْا يَنْطِقُوْنَ٦٣
Qāla bal fa‘alahū kabīruhum hāżā fas'alūhum in kānū yanṭiqūn(a).
[63]
Barêng Nabi Ibrahim wis têka, banjur ditakoni ing wong akèh: He Ibrahim, apa kowe kang ganggu gawe marang rêca-rêca pangeran iku mangkene iki.
فَرَجَعُوْٓا اِلٰٓى اَنْفُسِهِمْ فَقَالُوْٓا اِنَّكُمْ اَنْتُمُ الظّٰلِمُوْنَ ۙ٦٤
Fa raja‘ū ilā anfusihim fa qālū innakum antumuẓ-ẓālimūn(a).
[64]
Nabi Ibrahim mangsuli: Kintên kula ingkang ganggu damêl, inggih rêca mas ingkang agêng piyambak punika, katawis nyêpêng pecok, cobi punika sampeyan takèni manawi sagêd wicantên.
ثُمَّ نُكِسُوْا عَلٰى رُءُوْسِهِمْۚ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا هٰٓؤُلَاۤءِ يَنْطِقُوْنَ٦٥
Ṡumma nukisū ‘alā ru'ūsihim, laqad ‘alimta mā hā'ulā'i yanṭiqūn(a).
[65]
Wong akèh sawise mikir-mikir banjur padha nutuh marang awake dhewe, pangucape marang kancane: Satêmêne kowe kang padha luput (têka padha nyêmbah rêca).
قَالَ اَفَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يَضُرُّكُمْ ۗ٦٦
Qāla afata‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘ukum syai'aw wa lā yaḍurrukum.
[66]
. Wong akèh mau banjur padha dijungkêlake panêmune dening Allah, ambalèni kaphire manèh, magsuli sakêna-kênane: Kowe wis wêruh yèn rêca -rêca iku pdha ora bisa calathu (yagene kowe akon nakoni).
اُفٍّ لَّكُمْ وَلِمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٦٧
Uffil lakum wa limā ta‘budūna min dūnillāh(i), afalā ta‘qilūn(a).
[67]
Nabi Ibrahim tanpa taha ênggone mangsuli: He para sanakku, yagene kowe têka padha nyêmbah liyane Allah, rêca sanadyan kosêmbah iya ora bisa gawe pakolèh apa-apa marang kowe, utawa sanadyan ora kosêmbah iya măngsa bisaa gawe pakewuh marang kowe. Hus, apa kowe padha ora duwe akal, têka padha nyêmbah liyane Allah.
قَالُوْا حَرِّقُوْهُ وَانْصُرُوْٓا اٰلِهَتَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَ٦٨
Qālū ḥarriqūhu wanṣurū ālihatakum in kuntum fā‘ilīn(a).
[68]
Raja Namrud, ratu ing kono banjur dhawuh: Ibrahim iku obongên bae. Yèn kowe gêlêm: padha mrinaa marang Pangeranmu kang padha dirusak.
قُلْنَا يٰنَارُ كُوْنِيْ بَرْدًا وَّسَلٰمًا عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ ۙ٦٩
Qulnā yā nāru kūnī bardaw wa salāman ‘alā ibrāhīm(a).
[69]
Ing kono Nabi Ibrahim banjur diobong. Ingsun dhawuh marang gêni:He gêni
وَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَخْسَرِيْنَ ۚ٧٠
Wa arādū bihī kaidan fa ja‘alnāhumul-akhsarīn(a).
[70]
sira anyêba, anylamêtna marang kawulaningsun Ibrahim. Karêpe wong akèh mau, nêja maeka marang Nabi Ibrahim, nanging luput pangarêp-arêpe.
وَنَجَّيْنٰهُ وَلُوْطًا اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا لِلْعٰلَمِيْنَ٧١
Wa najjaināhu wa lūṭan ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā lil-‘ālamīn(a).
[71]
Ingsun paring slamêt marang Nabi Ibrahim lan marang Nabi Lut, banjur padha ngalih marang bumi kang Ingsun bêrkahi, loh jinawi, ngungkuli bumi sajagad kabèh (iya iku bumi ing tanah Sam).
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ نَافِلَةً ۗوَكُلًّا جَعَلْنَا صٰلِحِيْنَ٧٢
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba nāfilah(tan), wa kullan ja‘alnā ṣāliḥīn(a).
[72]
Ingsun maringi anak lanang marang Nabi Ibrahim, iya iku Nabi Iskak, kang banjur nganakake Nabi Yakkub, dadi luwih saka panyuwune Nabi Ibrahim, kabèh iku padha Ingsun dadèkake wong bêcik.
وَجَعَلْنٰهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا وَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِمْ فِعْلَ الْخَيْرٰتِ وَاِقَامَ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءَ الزَّكٰوةِۚ وَكَانُوْا لَنَا عٰبِدِيْنَ ۙ٧٣
Wa ja‘alnāhum a'immatay yahdūna bi'amrinā wa auḥainā ilaihim fi‘lal-khairāti wa iqāmaṣ-ṣalāti wa ītā'az-zakāh(ti), wa kānū lanā ‘ābidīn(a).
[73]
Lan padha Ingsun dadèkake pangarêpe wong akèh ing bab agama, padha nuduhake dalan bênêr marang manungsa kalawan parentah Ingsun, sarta padha Ingsun dhawuhi nglakoni panggawe bêcik, lan anglakoni sêmbayang, apadene bayar jakat, kabèh mau padha nyêmbah marang Ingsun (ora maro tingal).
وَلُوْطًا اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًا وَّنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ تَّعْمَلُ الْخَبٰۤىِٕثَ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فٰسِقِيْنَۙ٧٤
Wa lūṭan ātaināhu ḥumkaw wa ‘ilmaw wa najjaināhu minal-qaryatil-latī kānat ta‘malul-khabā'iṡ(a), innahum kānū qauma sau'in fāsiqīn(a).
[74]
Nabi Lut Ingsun paringi kawicaksanan lan kawruh, sarta Ingsun paringi slamêt saka pialane wong ing desa Sadum, kang padha nglakoni panggawe ala (cumbana padha wong lanang). Wong ing Sadum mau padha wong ala sarta duraka.
وَاَدْخَلْنٰهُ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ ࣖ٧٥
Wa adkhalnāhu fī raḥmatinā, innahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[75]
Nabi Lut mau Ingsun lêbokake dadi ewone wong kang olèh sih Ingsun, (Ingsun paringi salamêt saka pialane para umate) awit Nabi Lut mau kalêbu wong bêcik.
وَنُوْحًا اِذْ نَادٰى مِنْ قَبْلُ فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِ ۚ٧٦
Wa nūḥan iż nādā min qablu fastajabnā lahū fa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76]
He Mukhammad, sira nyaritakna lêlakone Nabi Nuh, sadurunge Nabi Ibrahim, nalikane nyuwun tumpêsing para umate. Ingsun wis maringake panyuwune Nabi Nuh mau. Nabi Nuh sakancane padha Ingsun paringi salamêt saka bêbaya gêdhe banjir tophan.
وَنَصَرْنٰهُ مِنَ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَ٧٧
Wa naṣarnāhu minal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, innahum kānū qauma sau'in fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[77]
Ingsun wis nulungi Nabi Nuh, kalis saka pialane para umate kang padha maido ayat Ingsun, iku kabèh padha wong ala, mulane Ingsun sirnakake, tumpês kabèh [ka....bèh] dening kêlêm ing banjir tophan.
وَدَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ اِذْ يَحْكُمٰنِ فِى الْحَرْثِ اِذْ نَفَشَتْ فِيْهِ غَنَمُ الْقَوْمِۚ وَكُنَّا لِحُكْمِهِمْ شٰهِدِيْنَ ۖ٧٨
Wa dāwūda wa sulaimāna iż yaḥkumāni fil-ḥarṡi iż nafasyat fīhi ganamul-qaum(i), wa kunnā liḥukmihim syāhidīn(a).
[78]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Dawud lan Nabi Suleman, nalikane padha mancas prakara. Ana wêdhus ucul ing wayah wêngi, banjur mangan tanduran anggur kang nêdhênge awoh, nganti rusak, kang duwe tanduran anggur ora trima, (pancasane Nabi Dawud, wêdhus dadia duwèke wong kang duwe tanduran anggur. Dene pancasane Nabi Suleman: Wong kang duwe wêdhus anandurna anggur marang wong kang duwe tanduran anggur dirusak dening wêdhuse, lan ngopènana nganti pulih kaya nalika dirusak dening wêdhuse. Dene pamêtuning wêdhus, puwan sapanunggalane dadia darbèke wong kang duwe tanduran anggur mau, nanging ing têmbe yèn tanduran anggur mau wis pulih kaya mau-maune, wêdhus dalah pamêtune bali marang kang duwe wêdhus. Nabi Dawud manut kaya pancasane Nabi Suleman kaya mangkono mau). Ingsun nguningani pancasane Nabi Dawud lan Nabi Suleman mau. [ma...u.]
فَفَهَّمْنٰهَا سُلَيْمٰنَۚ وَكُلًّا اٰتَيْنَا حُكْمًا وَّعِلْمًاۖ وَّسَخَّرْنَا مَعَ دَاوٗدَ الْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَۗ وَكُنَّا فٰعِلِيْنَ٧٩
Fa fahhamnāhā sulaimān(a), wa kullan ātainā ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa sakhkharnā ma‘a dāwūdal-jibāla yusabbiḥna waṭ-ṭair(a), wa kunnā fā‘ilīn(a).
[79]
. Nabi Suleman Ingsun paringi kawicaksanan wêruh marang bêbênêring prakara. Dene Nabi Dawud lan Nabi Suleman mau padha Ingsun junjung ing pangkat nabi, lan Ingsun paringi kawruh marang agama. Lan Ingsun anyungkêmake sakèhing gunung lan manuk padha milu mêmuji ing Allah marang Nabi Dawud, Ingsun nindakake kang mangkono mau.
وَعَلَّمْنٰهُ صَنْعَةَ لَبُوْسٍ لَّكُمْ لِتُحْصِنَكُمْ مِّنْۢ بَأْسِكُمْۚ فَهَلْ اَنْتُمْ شٰكِرُوْنَ٨٠
Wa ‘allamnāhu ṣan‘ata labūsil lakum lituḥṣinakum mim ba'sikum, fahal antum syākirūn(a).
[80]
(He wong Mêkah) Nabi Dawud mau Ingsun pintêrake gawe sandhanganing pêrang iya iku kulambi kêre, (dadi Nabi Dawud mau kawitane wong gawe kulambi kêre), nganti saprene makolèhi marang sira, kanggo anjaga awakira saka bêbayaning pêpêrangan, awit kang mangkono mau, apa sira padha sukur ing Allah.
وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ عَاصِفَةً تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖٓ اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ وَكُنَّا بِكُلِّ شَيْءٍ عٰلِمِيْنَ٨١
Wa lisulaimānar-rīḥa ‘āṣifatan tajrī bi'amrihī ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā, wa kunnā bikulli syai'in ‘ālimīn(a).
[81]
Lan manèh Ingsun nyungkêmake angin prahara marang Nabi Suleman, lumaku ngidid marang bumi ing Sam kang Ingsun bêrkahi saka parentahe Nabi Suleman. Ingsun nguningani samubarang.
وَمِنَ الشَّيٰطِيْنِ مَنْ يَّغُوْصُوْنَ لَهٗ وَيَعْمَلُوْنَ عَمَلًا دُوْنَ ذٰلِكَۚ وَكُنَّا لَهُمْ حٰفِظِيْنَ ۙ٨٢
Wa minasy-syayāṭīna may yagūṣūna lahū wa ya‘malūna ‘amalan dūna żālik(a), wa kunnā lahum ḥāfiẓīn(a).
[82]
Lan manèh Ingsun nyungkêmake para setan [se....tan] marang Nabi Suleman. Sawênèhing setan mau ana kang diparentahi salulup ing sagara, anjupuki sêsotya pirang-pirang, lan ana kang diparentahi nglakoni panggawean liya-liyane, Ingsun angrêksa marang para setan, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis dilakoni.
۞ وَاَيُّوْبَ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ٨٣
Wa ayyūba iż nādā rabbahū annī massaniyaḍ-ḍurru wa anta arḥamur-rāḥimīn(a).
[83]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Ayub, nalikane nandhang cobaning Allah, êntèk bandhane lan rusak awake dening lêlara, Nabi Ayub mau munjuk ing Pangerane: Dhuh Allah, kawula punika nandhang sêsakit, Tuwan punika langkung dening asih, ngungkuli tiyang ingkang sami asih.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَكَشَفْنَا مَا بِهٖ مِنْ ضُرٍّ وَّاٰتَيْنٰهُ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَذِكْرٰى لِلْعٰبِدِيْنَ ۚ٨٤
Fastajabnā lahū fa kasyafnā mā bihī min ḍurriw wa ātaināhu ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam min ‘indinā wa żikrā lil-‘ābidīn(a).
[84]
Ingsun marêngake panyuwune Nabi Ayub mau, mulane sarupaning lêlarane Ingsun paringi waras, anak-anake kang wis mati padha Ingsun uripake, lan Ingsun paringi samono manèh, iku tumănja sih saka karsaningsun, dadia pangeling-eling lan wêwulang tumrap [tu....mrap] wong kang padha ngabêkti ing Allah.
وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِدْرِيْسَ وَذَا الْكِفْلِۗ كُلٌّ مِّنَ الصّٰبِرِيْنَ ۙ٨٥
Wa ismā‘īla wa idrīsa wa żal-kifl(i), kullum minaṣ-ṣābirīn(a).
[85]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Ismangil, Nabi Idris lan Nabi Dzulkiphil (anake Nabi Ayub) kabèh mau kalêbu golongane wong kang têguh atine ênggone ngabêkti ing Allah.
وَاَدْخَلْنٰهُمْ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهُمْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ٨٦
Wa adkhalnāhum fī raḥmatinā, innahum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[86]
Lan padha Ingsun lêbokake dadi golongane wong kang olèh sih Ingsun darajat nabi, awit kabèh mau padha wong bêcik, mantêsi dadi nabi.
وَذَا النُّوْنِ اِذْ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ اَنْ لَّنْ نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادٰى فِى الظُّلُمٰتِ اَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنْتَ سُبْحٰنَكَ اِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۚ٨٧
Wa żan-nūni iż żahaba mugāḍiban fa ẓanna allan naqdira ‘alaihi fa nādā fiẓ-ẓulumāti allā ilāha illā anta subḥānaka innī kuntu minaẓ-ẓālimīn(a).
[87]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Yunus, kang jêjuluk Nabi Danun (têgêse: duwe iwak nun, mulane jêjuluk mangkono, awit Nabi Yunus mau diuntal ing iwak nun, nalikane Nabi Yunus mutung, los anglungani para umate, awit tansah dipaido, panyanane Nabi Yunus, Ingsun ora bakal matrapi marang awake. (Lungane Nabi Yunus, nunggang prau ing sagara. Ana ing sagara, Nabi Yunus diuntal ing iwak nun), Nabi Yunus munjuk [mu.....njuk] ing Allah ana sajroning wêtêng, dhuh Allah Pangeran kawula, saèstu botên wontên sêsêmbahan kalayan lêrês kajawi namung Tuwan, Tuwan punika Mahasuci, kawula punika nganiaya awak kawula piyambak, dene kamipurun mutung, los ngesahi para umat kawula.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗۙ وَنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْغَمِّۗ وَكَذٰلِكَ نُـْۨجِى الْمُؤْمِنِيْنَ٨٨
Fastajabnā lahū wa najjaināhu minal-gamm(i), wa każālika nunjil-mu'minīn(a).
[88]
Panyuwune Nabi Yunus mau Ingsun paringake (Nabi Yunus banjur diwêtokake dening iwak saka ing wêtênge, ana ing gisiking nagara, barêng lan sêsukêr), ing kono Nabi Yunus Ingsun luwarake saka ing bêbaya gêdhe. Mangkono uga para wong mukmin, mênawa sêsambat marang Ingsun, iya Ingsun luwari saka kasusahane.
وَزَكَرِيَّآ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ رَبِّ لَا تَذَرْنِيْ فَرْدًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْوٰرِثِيْنَ ۚ٨٩
Wa zakariyyā iż nādā rabbahū rabbi lā tażarnī fardaw wa anta khairul-wāriṡīn(a).
[89]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Jakariya, nalikane munjuk ing Pangerane: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula mugi sampun Tuwan kèndêlakên kemawon, ijèn tanpa anak, tur sanadyan makatên, upami kawula dumugi ing jangji, tanpa anak, Tuwan mêsthi langgêng, dados ali waris kawula, punika malah prayogi sangêt.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ ۖوَوَهَبْنَا لَهٗ يَحْيٰى وَاَصْلَحْنَا لَهٗ زَوْجَهٗۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا يُسٰرِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَيَدْعُوْنَنَا رَغَبًا وَّرَهَبًاۗ وَكَانُوْا لَنَا خٰشِعِيْنَ٩٠
Fastajabnā lah(ū), wa wahabnā lahū yaḥyā wa aṣlaḥnā lahū zaujah(ū), innahum kānū yusāri‘ūna fil-khairāti wa yad‘ūnanā ragabaw wa rahabā(n), wa kānū lanā khāsyi‘īn(a).
[90]
Ingsun marêngake panyuwune Nabi Jakariya mau, Nabi Jakariya Ingsun paringi anak lanang, aran Nabi Yahya, rabine Jakariya kang maune gabug, Ingsun uripake pranakane. Satêmêne, para nabi kang uwis kasêbut mau kabèh padha gêgancangan ênggone nglakoni panggawe bêcik, padha ngèstokake parentah Ingsun kalawan wêdi lan asih, sarta padha konjêm marang Ingsun.
وَالَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهَا مِنْ رُّوْحِنَا وَجَعَلْنٰهَا وَابْنَهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ٩١
Wal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhā mir rūḥinā wa ja‘alnāhā wabnahā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[91]
(He Mukhammad) sira nyaritakna Dèwi Maryam kang tuhu ngati-ati ênggone rumêksa pêpadonane, ora pisan sarêsmi lan wong lanang, sanadyan kalawan dalan kalal, luwih manèh kharam sangsaya ora, mulane banjur Ingsun paringi roh Ingsun (dadi mêtêng, mêtu Nabi Ngisa), Dèwi Maryam lan anake mau Ingsun ênggo pangeram-eram, minăngka tăndha yêkti katon ing wong sajagad, supaya padha sumurupa [sumu.....rupa] sampurnaning kawasaningsun.
اِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةًۖ وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْنِ٩٢
Inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidah(tan), wa ana rabbukum fa‘budūn(i).
[92]
(He manusa), agama Islam iki agamanira, uwite agama iku mung siji (wiwit Nabi Adam têka Nabi Mukhammad, ora owah), Ingsun iki Pangeranira, mulane sira padha nêmbaha marang Ingsun.
وَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْۗ كُلٌّ اِلَيْنَا رٰجِعُوْنَ ࣖ٩٣
Wa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum, kullun ilainā rāji‘ūn(a).
[93]
Manungsa mau padha buyar, agamane beda-beda, ewadene ing têmbe ora wurung padha bali disebakake marang ngarsaningsun, lan bakal Ingsun paringi wêwalês miturut lakune dhewe-dhewe.
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا كُفْرَانَ لِسَعْيِهٖۚ وَاِنَّا لَهٗ كٰتِبُوْنَ٩٤
Famay ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā kufrāna lisa‘yih(ī), wa innā lahū kātibūn(a).
[94]
Ing kono sing sapa pracaya ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku kabêcikane ora bakal diselaki, awit sarupane laku Ingsun tulisi kabèh, ora ana kang kècèr.
وَحَرٰمٌ عَلٰى قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَآ اَنَّهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٩٥
Wa ḥarāmun ‘alā qaryatin ahlaknāhā, innahum lā yarji‘ūn(a).
[95]
Wong padesan kang wis padha Ingsun tumpês marga saka dosane, mokhal yèn balia marang donya manèh.
حَتّٰىٓ اِذَا فُتِحَتْ يَأْجُوْجُ وَمَأْجُوْجُ وَهُمْ مِّنْ كُلِّ حَدَبٍ يَّنْسِلُوْنَ٩٦
Ḥattā iżā futiḥat ya'jūju wa ma'jūju wa hum min kulli ḥadabiy yansilūn(a).
[96]
Malah nganti Yakjuja wa Makjuja diwêngani lawang, diumbar ana ing jagad, padha lumayu mudhun saka ing punthuk-punthuk, wong mau mêksa ora bali marang donya.
وَاقْتَرَبَ الْوَعْدُ الْحَقُّ فَاِذَا هِيَ شَاخِصَةٌ اَبْصَارُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ يٰوَيْلَنَا قَدْ كُنَّا فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا بَلْ كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٩٧
Waqtarabal-wa‘dul-ḥaqqu fa iżā hiya syākhiṣatun abṣārul-lażīna kafarū, yā wailanā qad kunnā fī gaflatim min hāżā bal kunnā ẓālimīn(a).
[97]
Ing dina iku wis cêdhak dina kiyamat, barêng wis têkan dina kiyamat, matane para wong kaphir padha malêlêng, mèh ora bisa kêdhèp saking dening wêdine, pangucape: Adhuh cilaka têmên aku, têka biyèn ora praduli marang dina kiyamat iki, tak arani ora mangkene, aku iki têtêp nganiaya awakku dhewe, marga ênggonku nyêmbah marang barang kang bênêre ora disêmbah.
اِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ حَصَبُ جَهَنَّمَۗ اَنْتُمْ لَهَا وٰرِدُوْنَ٩٨
Innakum wa mā ta‘budūna min dūnillāhi ḥaṣabu jahannam(a), antum lahā wāridūn(a).
[98]
(He wong kaphir ing Mêkah) sira lan sêsêmbahanira liyane Allah, iku dadi urub-urube naraka Jahanam. Sira kêcêmplung ing kene.
لَوْ كَانَ هٰٓؤُلَاۤءِ اٰلِهَةً مَّا وَرَدُوْهَاۗ وَكُلٌّ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٩٩
Lau kāna hā'ulā'i ālihatam mā waradūhā, wa kullun fīhā khālidūn(a).
[99]
Upama brahala iku Pangeran têmênan, măngsa kêcêmplunga ing naraka dalah kang nyembah. Wong kaphir dalah brahalane padha langgêng ing naraka.
لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّهُمْ فِيْهَا لَا يَسْمَعُوْنَ١٠٠
Lahum fīhā zafīruw wa hum fīhā lā yasma‘ūn(a).
[100]
Para wong kaphir ana ing naraka padha sêsambat ngaruara lan mênggah-mênggèh sarta ora krungu apa-apa kajaba gumrubuging gêni.
اِنَّ الَّذِيْنَ سَبَقَتْ لَهُمْ مِّنَّا الْحُسْنٰىٓۙ اُولٰۤىِٕكَ عَنْهَا مُبْعَدُوْنَ ۙ١٠١
Innal-lażīna sabaqat lahum minnal-ḥusnā, ulā'ika ‘anhā mub‘adūn(a).
[101]
Dene sarupane wong mukmin kang nalikane ana ing dunya nglakoni panggawe bêcik, ngèstokake parentahing Allah (kaya ta Nabi Ngujèr lan Nabi Ngisa) iku padha didohake saka ing naraka.
لَا يَسْمَعُوْنَ حَسِيْسَهَاۚ وَهُمْ فِيْ مَا اشْتَهَتْ اَنْفُسُهُمْ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٢
Lā yasma‘ūna ḥasīsahā, wa hum fīmasytahat anfusuhum khālidūn(a).
[102]
Saking dening adohe, nganti padha ora krungu gumrubuging gêni naraka. Wong mukmin mau padha ngrasakake samubarang kang dikêpengini kalawan langgêng.
لَا يَحْزُنُهُمُ الْفَزَعُ الْاَكْبَرُ وَتَتَلَقّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُۗ هٰذَا يَوْمُكُمُ الَّذِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ١٠٣
Lā yaḥzunuhumul-faza‘ul-akbaru wa tatalaqqāhumul-malā'ikah(tu), hāżā yaumukumul-lażī kuntum tū‘adūn(a).
[103]
Wong mukmin mau padha ora kasusahan dening prakara gêdhe kang mêmêdèni sarta nalika padha mêtu saka ing kubur, diacarani dening para malaikat, têmbunge: Sapunika mangsanipun kalêksanan ubayaning Allah badhe angganjar dhatêng sampeyan.
يَوْمَ نَطْوِى السَّمَاۤءَ كَطَيِّ السِّجِلِّ لِلْكُتُبِۗ كَمَا بَدَأْنَآ اَوَّلَ خَلْقٍ نُّعِيْدُهٗۗ وَعْدًا عَلَيْنَاۗ اِنَّا كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٠٤
Yauma naṭwis-samā'a kaṭayyis-sijilli lil-kutib(i), kamā bada'nā awwala khalqin nu‘īduh(ū), wa‘dan ‘alainā, innā kunnā fā‘ilīn(a).
[104]
Ing dina iku Ingsun anggulung langit, kaya têtulisan ing kartas digulung, sarupaning wong padha Ingsun balèkake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung, padha wuda tanpa awêr-awêr lan kuncup. Kang mangkono iku wis dadi ubayaningsun, ing dina iku Ingsun lêksanani.
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِى الزَّبُوْرِ مِنْۢ بَعْدِ الذِّكْرِ اَنَّ الْاَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصّٰلِحُوْنَ١٠٥
Wa laqad katabnā fiz-zabūri mim ba‘diż-żikri annal-arḍa yariṡuhā ‘ibādiyaṣ-ṣāliḥūn(a).
[105]
Ingsun wis nulisi ana ing kitabe para rasul, sawise Ingsun tulisi ana ing Lohmahphul, yèn bumi ing suwarga bakal didum dening para kawulaningsun kang padha bêcik.
اِنَّ فِيْ هٰذَا لَبَلٰغًا لِّقَوْمٍ عٰبِدِيْنَ ۗ١٠٦
Inna fī hāżā labalāgal liqaumin ‘ābidīn(a).
[106]
Surasa kang kasêbut ing Kuran iki tumrap wong kang ngabêkti ing Allah, wis cukup kanggo lantaran marang kalakoning sêdyane.
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٠٧
Wa mā arsalnāka illā raḥmatal lil-‘ālamīn(a).
[107]
(He Mukhammad) ênggon Ingsun ngutus sira iki ora liya mung saka asih Ingsun marang wong sajagad.
قُلْ اِنَّمَا يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٠٨
Qul innamā yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), fahal antum muslimūn(a).
[108]
Sira dhawuha marang para umatira: He para umatku, pangandikaning Allah kang wis didhawuhake marang aku: Pangeranmu kang sinêmbah kalawan bênêr iku mung siji Allah, apa kowe padha nyandikani dhawuh mau, mara ta, sandikanana.
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ اٰذَنْتُكُمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ وَاِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ اَمْ بَعِيْدٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ١٠٩
Fa in tawallau fa qul āżantukum ‘alā sawā'(in), wa in adrī aqarībun am ba‘īdum mā tū‘adūn(a).
[109]
Dene mênawa wong Mêkah mopo nglakoni agama Islam, sira banjur dhawuha: [dha..wuha:] Enggonku dhawuh lan nyurup-nyurupake marang kowe iki kalawan rampak bae. Dene dina kiyamat kang wis didhawuhake marang kowe bakal kêlakon, besuk apa kalêksanane, apa wis cêdhak utawa apa isih adoh, iku aku ora wêruh. Kang wuninga mung Allah pribadi.
اِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ مِنَ الْقَوْلِ وَيَعْلَمُ مَا تَكْتُمُوْنَ١١٠
Innahū ya‘lamul-jahra minal-qauli wa ya‘lamu mā taktumūn(a).
[110]
Allah iku nguningani pangucap kang kawêtu lan kang mung kobatin bae.
وَاِنْ اَدْرِيْ لَعَلَّهٗ فِتْنَةٌ لَّكُمْ وَمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ١١١
Wa in adrī la‘allahū fitnatul lakum wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[111]
Aku ora wêruh apa-apa, mung pangêrtiku, bokmênawa Allah ênggone nyarantèkake siksa têkan dina kiyamat, sarta ora karsa mêdharake besuk apa kalêksanane dina kiyamat mau, iku kanggo nyoba marang kowe kabèh, karodene iku dadi kabungahanmu nganti têkan tibaning wêwangên.
قٰلَ رَبِّ احْكُمْ بِالْحَقِّۗ وَرَبُّنَا الرَّحْمٰنُ الْمُسْتَعَانُ عَلٰى مَا تَصِفُوْنَ ࣖ١١٢
Qāla rabbiḥkum bil-ḥaqq(i), wa rabbunar-raḥmānul-musta‘ānu ‘alā mā taṣifūn(a).
[112]
Nabi Mukhammad munjuk ing Allah, dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi ngadilana pasulayan kawula kalihan tiyang ingkang sami [sa...mi] maibên dhatêng kawula kaadilana kalayan salêrêsipun. Allah Pangeranku tuhu Mahamurah, kang bênêre disuwuni pitulung, ambengkas ênggonmu padha ngarani kang ora patut marang Allah.