Surah Ta Ha
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰهٰ ۚ١
Ṭāhā.
[1]
Ta ha, iku padha araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, kang sumurup têgêse mung Allah piyambak. Enggon Ingsun andhawuhake Kuran iki ora murih kangelan marang sira.
مَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لِتَشْقٰٓى ۙ٢
Mā anzalnā ‘alaikal-qur'āna litasyqā.
[2]
Ora liya mung supaya dadia pêpeling marang wong kang wêdi ing Allah.
اِلَّا تَذْكِرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۙ٣
Illā tażkiratal limay yakhsyā.
[3]
Kuran iku wuwuh saka Allah kang nganakake bumi lan langit dhuwur.
تَنْزِيْلًا مِّمَّنْ خَلَقَ الْاَرْضَ وَالسَّمٰوٰتِ الْعُلٰى ۗ٤
Tanzīlam mimman khalaqal-arḍa was-samāwātil-‘ulā.
[4]
Pangeran kang Mahamurah iku jumênêng ana dhuwuring aras (Enggone jumênêng mau ora kêna ginagas).
اَلرَّحْمٰنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوٰى٥
Ar- raḥmānu ‘alal-‘arsyistawā.
[5]
Allah iku kagungan samubarang isining bumi [bu.....mi] lan isining langit, lan kang ana antaraning bumi lan langit apadene barang kang ana ngisoring bumi.
لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّرٰى٦
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa mā bainahumā wa mā taḥtaṡ-ṡarā.
[6]
Mênawa sira nyêrokake pangucapira, sira wêruha yèn Allah iku nguningani pangucapira, sanadyan lirih, malah kang mung sira batin bae iya diuningani.
وَاِنْ تَجْهَرْ بِالْقَوْلِ فَاِنَّهٗ يَعْلَمُ السِّرَّ وَاَخْفٰى٧
Wa in tajhar bil-qauli fa innahū ya‘lamus-sirra wa akhfā.
[7]
Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, Allah iku kagungan asma kang bêcik.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى٨
Allāhu lā ilāha illā huw(a), lahul-asmā'ul-ḥusnā.
[8]
(He Mukhammad) sira wis sumurup carita lêlakone Nabi Musa.
وَهَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰى ۘ٩
Wa hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[9]
Nalikane Nabi Musa andêlêng gêni, banjur tutur lan rabine lan kănca-kancane. Aku andêlêng gêni, kowe padha lèrèna ana ing kene bae.
اِذْ رَاٰ نَارًا فَقَالَ لِاَهْلِهِ امْكُثُوْٓا اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِقَبَسٍ اَوْ اَجِدُ عَلَى النَّارِ هُدًى١٠
Iż ra'ā nāran fa qāla li'ahlihimkuṡū innī ānastu nāral la‘allī ātīkum minhā biqabasin au ajidu ‘alan-nāri hudā(n).
[10]
Gêni kae tak paranane, tak nyumêt obor banjur tak bali mrene, utawa bokmanawa ana ing kana aku katêmu wong kang nuduhake dalan.
فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ يٰمُوْسٰٓى ۙ١١
Falammā atāhā nūdiya yā mūsā.
[11]
Barêng Nabi Musa wis têkan panggonaning gêni, ditimbali dening Allah, panggandikane: He Musa.
اِنِّيْٓ اَنَا۠ رَبُّكَ فَاخْلَعْ نَعْلَيْكَۚ اِنَّكَ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى ۗ١٢
Innī ana rabbuka fakhla‘ na‘laika innaka bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[12]
Satêmêne Ingsun iki Allah pangeranira, [pa.....ngeranira,] tarumpahira loro iku sira copota, wruhanira, sira iku ana ing jurang suci, kang aran jurang tuwa.
وَاَنَا اخْتَرْتُكَ فَاسْتَمِعْ لِمَا يُوْحٰى١٣
Wa anakhtartuka fastami‘ limā yūḥā.
[13]
Sira iku Ingsun pilih, Ingsun junjung dadi utusan Ingsun, lan Ingsun parêngake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngèstokna dhawuh Ingsun marang sira.
اِنَّنِيْٓ اَنَا اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْۙ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ١٤
Innanī anallāhu lā ilāha illā ana fa‘budnī, wa aqimiṣ-ṣalāta liżikrī.
[14]
Satêmêne Ingsun iki Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Ingsun pribadi, mulane sira nêmbaha marang Ingsun lan anglakonana sêmbayang kalawan eling marang Ingsun.
اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا تَسْعٰى١٥
Innas-sā‘ata ātiyatun akādu ukhfīhā litujzā kullu nafsim bimā tas‘ā.
[15]
Satêmêne bakal têkane dina kiyamat iku mêsthi kalêksanan, nanging tamtuning dinane Ingsun gawe wadi.
فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنْهَا مَنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ فَتَرْدٰى١٦
Falā yaṣuddannaka ‘anhā mal lā yu'minu bihā wattaba‘a hawāhu fa tardā.
[16]
Ing kono sarupaning awak padha diwalês, miturut apa kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik.
وَمَا تِلْكَ بِيَمِيْنِكَ يٰمُوْسٰى١٧
Wa mā tilka biyamīnika yā mūsā.
[17]
Sira aja malah kèlu marang wong kang ora pracaya bakal kêlakone dina kiyamat, sarta nuruti karêpe dhewe, yèn sira kèlu mêsthi bakal rusak.
قَالَ هِيَ عَصَايَۚ اَتَوَكَّؤُا عَلَيْهَا وَاَهُشُّ بِهَا عَلٰى غَنَمِيْ وَلِيَ فِيْهَا مَاٰرِبُ اُخْرٰى١٨
Qāla hiya ‘aṣāy(a), atwakka'u ‘alaihā wa ahusysyu bihā ‘alā ganamī wa liya fīhā ma'āribu ukhrā.
[18]
He Musa, kang sira cêkêl ing tanganira têngên iku apa.
قَالَ اَلْقِهَا يٰمُوْسٰى١٩
Qāla alqihā yā mūsā.
[19]
Nabi Musa munjuk: Punika têkên kawula, [ka...wula,] kawula angge têtêkên, sarta kawula angge anggêpyok gêgodhongan kangge têdhanipun menda kawula, saha kangge sanès-sanèsipun.
فَاَلْقٰىهَا فَاِذَا هِيَ حَيَّةٌ تَسْعٰى٢٠
Fa alqāhā fa iżā hiya ḥayyatun tas‘ā.
[20]
Allah ngandika: He Musa, têkênira iku sira uncalna.
قَالَ خُذْهَا وَلَا تَخَفْۗ سَنُعِيْدُهَا سِيْرَتَهَا الْاُوْلٰى٢١
Qāla khużhā wa lā takhaf, sanu‘īduhā sīratahal-ūlā.
[21]
Nabi Musa banjur nguncalna têkêne, sapira bae kagète Nabi Musa, dene têkêne têka dadi ula gêdhe malaku.
وَاضْمُمْ يَدَكَ اِلٰى جَنَاحِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ اٰيَةً اُخْرٰىۙ٢٢
Waḍmum yadaka ilā janāḥika takhruj baiḍā'a min gairi sū'in āyatan ukhrā.
[22]
Allah ngandika: Ula iku sira cêkêla, aja wêdi, ula iku bakal Ingsun balèkake kaanane lawas dadi têkên manèh.
لِنُرِيَكَ مِنْ اٰيٰتِنَا الْكُبْرٰى ۚ٢٣
Linuriyaka min āyātinal-kubrā.
[23]
Epèk-èpèkira têngên sira kêmpita ing cangklakanira kiwa, sanalika èpèk-èpèkira malih warna putih, dudu putihing bêlang (nanging mancorong kaya sêrngenge[3] ambalêrêngi) iku tăndha yêkti siji manèh, kang mratandhani yèn sira dadi utusan Ingsun.
اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰى ࣖ٢٤
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[24]
Kajaba tăndha yêkti loro iki, sira bakal Ingsun tuduhake manèh tăndha yêkti kang luwih gêdhe.
قَالَ رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ ۙ٢٥
Qāla rabbisyraḥ lī ṣadrī.
[25]
Saiki sira lumakua Ingsun utus katêmu Raja Phirngon, Raja Phirngon iku andaluya bangêt.
وَيَسِّرْ لِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٢٦
Wa yassir lī amrī.
[26]
Nabi Musa munjuk: Dhuh Allah Pangeran kawula, tuwan mugi paringa padhang manah kawula.
وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّنْ لِّسَانِيْ ۙ٢٧
Waḥlul ‘uqdatam mil lisānī.
[27]
Saha mugi Tuwan paringa gampil anggèn kula nglampahi ayahan Tuwan.
يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ ۖ٢٨
Yafqahū qaulī.
[28]
Makatên malih Tuwan mugi mantuna cedhalipun ilat kawula.
وَاجْعَلْ لِّيْ وَزِيْرًا مِّنْ اَهْلِيْ ۙ٢٩
Waj‘al lī wazīram min ahlī.
[29]
Supados Raja Phirngon sapunggawanipun sami mangrêtos wicantên kawula.
هٰرُوْنَ اَخِى ۙ٣٠
Hārūna akhī.
[30]
Punapadene kawula mugi Tuwan paringi kănca ingkang kalêbêt wăngsa kawula.
اشْدُدْ بِهٖٓ اَزْرِيْ ۙ٣١
Usydud bihī azrī.
[31]
Prayoginipun kakang kawula Harun kemawon.
وَاَشْرِكْهُ فِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٣٢
Wa asyrik-hu fī amrī.
[32]
Gêgêr kawula mugi Tuwan kêngkêngakên sarana kakang kawula Harun.
كَيْ نُسَبِّحَكَ كَثِيْرًا ۙ٣٣
Kai nusabbiḥaka kaṡīrā(n).
[33]
Harun wau mugi Tuwan karsakakên nunggil padamêl lan kawula.
وَّنَذْكُرَكَ كَثِيْرًا ۗ٣٤
Wa nażkuraka kaṡīrā(n).
[34]
Supados kathah anggèn kawula nêbut Mahacuci ing Tuwan, utawi anggèn kawula èngêt ing Tuwan.
اِنَّكَ كُنْتَ بِنَا بَصِيْرًا٣٥
Innaka kunta binā baṣīrā(n).
[35]
Saèstunipun Tuwan punika mirsani dhumatêng kawula.
قَالَ قَدْ اُوْتِيْتَ سُؤْلَكَ يٰمُوْسٰى٣٦
Qāla qad ūtīta su'laka yā mūsā.
[36]
Allah ngandika: He Musa, panyuwunira iku wis kaparêng.
وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَيْكَ مَرَّةً اُخْرٰىٓ ۙ٣٧
Wa laqad manannā ‘alaika marratan ukhrā.
[37]
liyane iki, Ingsun uga wis mitulungi [mitulung.....i] lan ambungahake sira.
اِذْ اَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّكَ مَا يُوْحٰىٓ ۙ٣٨
Iż auḥainā ilā ummika mā yūḥā.
[38]
Iya iku nalikane Ingsun paring wahyu marang biyungira, kaya kang wis Ingsun dhawuhake mangkene:
اَنِ اقْذِفِيْهِ فِى التَّابُوْتِ فَاقْذِفِيْهِ فِى الْيَمِّ فَلْيُلْقِهِ الْيَمُّ بِالسَّاحِلِ يَأْخُذْهُ عَدُوٌّ لِّيْ وَعَدُوٌّ لَّهٗ ۗوَاَلْقَيْتُ عَلَيْكَ مَحَبَّةً مِّنِّيْ ەۚ وَلِتُصْنَعَ عَلٰى عَيْنِيْ ۘ٣٩
Aniqżifīhi fit-tābūti faqżifīhi fil-yammi falyulqihil-yammu bis-sāḥili ya'khużhu ‘aduwwul lī wa ‘aduwwul lah(ū), wa alqaitu ‘alaika maḥabbatam minnī, wa lituṣna‘a ‘alā ‘ainī.
[39]
(He Yukhanid, sarèhne sira kuwatir bokmênawa anakira dipatèni Raja Phirngon). Anakira iku sira wadhahana ing kêndhaga, banjur sira cêmplungna ing bêngawan Nil, bêngawan Nil bakal minggirake kêndhaga mau marang gisik. Anakira bakal ditêmu Raja Phirngon satruningsun lan satruning anakira. (He Musa) sira Ingsun gadhuhi pangidhêpan, supaya sira diopèni bêcik-bêcik, kalawan Ingsun jênêngi pribadi.
اِذْ تَمْشِيْٓ اُخْتُكَ فَتَقُوْلُ هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى مَنْ يَّكْفُلُهٗ ۗفَرَجَعْنٰكَ اِلٰٓى اُمِّكَ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ ەۗ وَقَتَلْتَ نَفْسًا فَنَجَّيْنٰكَ مِنَ الْغَمِّ وَفَتَنّٰكَ فُتُوْنًا ەۗ فَلَبِثْتَ سِنِيْنَ فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ ەۙ ثُمَّ جِئْتَ عَلٰى قَدَرٍ يّٰمُوْسٰى٤٠
Iż tamsyī ukhtuka fa taqūlu hal adullukum ‘alā may yakfuluh(ū), fa raja‘nāka ilā ummika kai taqarra ‘ainuhā wa lā taḥzan(a), wa qatalta nafsan fa najjaināka minal-gammi wa fatannāka futūnā(n), fa labiṡta sinīna fī ahli madyan(a), ṡumma ji'ta ‘alā qadariy yā mūsā.
[40]
وَاصْطَنَعْتُكَ لِنَفْسِيْۚ٤١
Wasṭana‘tuka linafsī.
[41]
Dhèk samana sadulurira wadon Si Miryam lumaku ngodhol marang sira. Barêng sira ditêmu balane Raja Phirngon, Miryam banjur calathu marang kang nêmu, punapa sampeyan kula têdahakên tiyang ingkang sagêd ngopèni bayi punika. (Wong kang nêmu bayi condhong. Miryam banjur ngundang biyunge). Ing kono sira Ingsun balèkake diopèni ing biyungira dhewe, supaya biyungira têntrêm atine, mari susah. Lan manèh sira matèni wong Mêsir, sira Ingsun paringi slamêt, ora dikisas apadene sira Ingsun paringi coba pirang-pirang, nanging iya Ingsun paringi slamêt.
اِذْهَبْ اَنْتَ وَاَخُوْكَ بِاٰيٰتِيْ وَلَا تَنِيَا فِيْ ذِكْرِيْۚ٤٢
Iżhab anta wa akhūka bi'āyātī wa lā taniyā fī żikrī.
[42]
He Musa, sira banjur umpêtan ana ngomahe Nabi Sungèb ing Madyan (lawase sapuluh taun, sarta ngrabèni anake), sira banjur têkan ing măngsa (ngumur patang puluh taun).
اِذْهَبَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۚ٤٣
Iżhabā ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[43]
Sira Ingsun pilih lan Ingsun piji dadi utusan ingsun.
فَقُوْلَا لَهٗ قَوْلًا لَّيِّنًا لَّعَلَّهٗ يَتَذَكَّرُ اَوْ يَخْشٰى٤٤
Fa qūlā lahū qaulal layyinal la‘allahū yatażakkaru au yakhsyā.
[44]
Sira lan kakangira Harun padha lumakua (ngundhangake dhawuh Ingsun marang sarupaning manungsa) ngêmban ayat Ingsun lan kanthi tăndha yêkti saka Ingsun, lan aja padha bosên ênggonira eling ngundhangake dhawuh Ingsun.
قَالَا رَبَّنَآ اِنَّنَا نَخَافُ اَنْ يَّفْرُطَ عَلَيْنَآ اَوْ اَنْ يَّطْغٰى٤٥
Qālā rabbanā innanā nakhāfu ay yafruṭa ‘alainā au ay yaṭgā.
[45]
Sira padha lumakua nêmoni Raja Phirngon, awit Raja Phirngon iku kêbangêtên ênggone nasar.
قَالَ لَا تَخَافَآ اِنَّنِيْ مَعَكُمَآ اَسْمَعُ وَاَرٰى٤٦
Qāla lā takhāfā innanī ma‘akumā asma‘u wa arā.
[46]
Sira padha andhawuhana Raja Phirngon kalawan aris, supaya elinga manut parentah utawa wêdi marang Ingsun.
فَأْتِيٰهُ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلَا رَبِّكَ فَاَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ وَلَا تُعَذِّبْهُمْۗ قَدْ جِئْنٰكَ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ ۗوَالسَّلٰمُ عَلٰى مَنِ اتَّبَعَ الْهُدٰى٤٧
Fa'tiyāhu fa qūlā innā rasūlā rabbika fa arsil ma‘anā banī isrā'īl(a), wa lā tu‘ażżibhum, qad ji'nāka bi'āyatim mir rabbik(a), was-salāmu ‘alā manittaba‘al-hudā.
[47]
Nabi Musa lan Nabi Harun padha munjuk: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula punika kuwatos bokmênawi Raja Phirngon punika lajêng misakit utawi mêjahi dhatêng kawula utawi bokmênawi sangsaya sangêt anggènipun siya-siya dhatêng kawula.
اِنَّا قَدْ اُوْحِيَ اِلَيْنَآ اَنَّ الْعَذَابَ عَلٰى مَنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰى٤٨
Innā qad ūḥiya ilainā annal-‘ażāba ‘alā man każżaba wa tawallā.
[48]
Allah ngandika: Sira aja padha kuwatir, Ingsun iki anjangkung marang sira, mirêng aturira lan mirsani sasolah tingkahira.
قَالَ فَمَنْ رَّبُّكُمَا يٰمُوْسٰى٤٩
Qāla famar rabbukumā yā mūsā.
[49]
Mulane sira padha nêmonana Raja Phirngon. sarta sira dhawuha mangkene: Kula tiyang kalih punika sami utusaning Allah Pangeran sampeyan. Dhawuhing Allah: Sapunika tiyang Bani Srail sami sampeyan uculakên, kajêngipun sami tumut kula, sampeyan sampun niksa tiyang Bani Srail. Dhatêng kula punika ambêkta tăndha yêkti saking Allah Pangeran sampeyan. (Mratandhani yèn kula punika têmên utusaning Allah). Sintên ingkang ngestokakên pitêdahing Allah, mêsthi dipun paringi wilujêng saking siksa.
قَالَ رَبُّنَا الَّذِيْٓ اَعْطٰى كُلَّ شَيْءٍ خَلْقَهٗ ثُمَّ هَدٰى٥٠
Qāla rabbunal-lażī a‘ṭā kulla syai'in khalqahū ṡumma hadā.
[50]
Kula punika dipun dhawuhi dening Allah, dipun paringi sumêrêp bilih siksaning Allah punika dados patrapanipun tiyang ingkang maibên, utawi malengos dhatêng utusaning Allah.
قَالَ فَمَا بَالُ الْقُرُوْنِ الْاُوْلٰى٥١
Qāla famā bālul-qurūnil-ūlā.
[51]
Raja Phirngon banjur takon: He Musa lan Harun, Pangeranmu iku sapa.
قَالَ عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْ فِيْ كِتٰبٍۚ لَا يَضِلُّ رَبِّيْ وَلَا يَنْسَىۖ٥٢
Qāla ‘ilmuhā ‘inda rabbī fī kitāb(in), lā yaḍillu rabbī wa lā yansā.
[52]
Nabi Musa mangsuli: Pangeran kula punika Allah, inggih punika ingkang maringi samukawis kabêtahaning para titahipun salajêngipun paring pitêdah margining kawilujêngan.
الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّسَلَكَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا وَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۗ فَاَخْرَجْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْ نَّبَاتٍ شَتّٰى٥٣
Al-lażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa salaka lakum fīhā subulaw wa anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa akhrajnā bihī azwājam min nabātin syattā.
[53]
Raja Phirngon takon manèh: Kapriye lêlakone para wong kuna.
كُلُوْا وَارْعَوْا اَنْعَامَكُمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ٥٤
Kulū war‘au an‘āmakum, inna fī żālika la'āyātil li'ulin-nuhā.
[54]
Nabi Musa mangsuli: Ingkang wuninga lêlampahanipun para tiyang kina punika namung Allah, Pangeran kula, prakawis punika sampun dipun sêrati wontên ing Lohmakhphul. Pangeran kula mêsthi botên kêlintu sarta botên supe.
۞ مِنْهَا خَلَقْنٰكُمْ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرٰى٥٥
Minhā khalaqnākum wa fīhā nu‘īdukum wa minhā nukhrijukum tāratan ukhrā.
[55]
Ingkang sampun anggêlar bumi punika dados panggenan sampeyan sakănca sampeyan, lan sampun angwontênakên sakathahing margi wontên ing bumi punika, sarta anurunakên toya jawah saking langit. (Pangandikaning Allah): Banyu udan iku Ingsun ênggo mêtokake thêthukulan warna-warna tur beda-beda.
وَلَقَدْ اَرَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَاَبٰى٥٦
Wa laqad araināhu āyātinā kullahā fa każżaba wa abā.
[56]
He para manungsa, sira padha mangana thêthukulaning bumi lan padha angona rajakayanira (supaya mangana thêthukulaning bumi mau). Kang mangkono mau tumrap wong kang ana akale, mêsthi dadi tăndha yêkti kawasaning Allah.
قَالَ اَجِئْتَنَا لِتُخْرِجَنَا مِنْ اَرْضِنَا بِسِحْرِكَ يٰمُوْسٰى٥٧
Qāla aji'tanā litukhrijanā min arḍinā bisiḥrika yā mūsā.
[57]
Sira padha Ingsun dadèkake saka ing bumi, lan bakal padha Ingsun balèkake dadi lêmah manèh, sabanjure sira bakal Ingsun wêtokake saka ing bumi sarambahan êngkas.
فَلَنَأْتِيَنَّكَ بِسِحْرٍ مِّثْلِهٖ فَاجْعَلْ بَيْنَنَا وَبَيْنَكَ مَوْعِدًا لَّا نُخْلِفُهٗ نَحْنُ وَلَآ اَنْتَ مَكَانًا سُوًى٥٨
Fa lana'tiyannaka bisiḥrim miṡlihī faj‘al bainanā wa bainaka mau‘idal lā nukhlifuhū naḥnu wa lā anta makānan suwā(n).
[58]
58. Raja Phirngon têmên wis Ingsun tontonake tăndha yêkti saka Ingsun sangang warna kabèh, nanging maido ayat mau lan mopo ngestokake barang kang nyata bênêr.
قَالَ مَوْعِدُكُمْ يَوْمُ الزِّيْنَةِ وَاَنْ يُّحْشَرَ النَّاسُ ضُحًى٥٩
Qāla mau‘idukum yaumuz-zīnati wa ay yuḥsyaran-nāsu ḍuḥā(n).
[59]
Pangucape Raja Phirngon mangkene: He Musa apa têkamu iki nêja nundhung aku sakancaku saka ing bumi Mêsir sarana sikhirmu iku.
فَتَوَلّٰى فِرْعَوْنُ فَجَمَعَ كَيْدَهٗ ثُمَّ اَتٰى٦٠
Fa tawallā fir‘aunu fa jama‘a kaidahū ṡumma atā.
[60]
Kowe bakal tak têkani sikhir kang madhani lan bisa nglawan sikhirmu iku. Mulane namtokna dina bae, besuk apa ênggonmu bakal têka manèh, aku lan kowe aja cidra, ing kono padha ngadu sikhir ana ing panggonan kang padha doh cêdhake saka ngomahmu lan ing kene.
قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰى وَيْلَكُمْ لَا تَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا فَيُسْحِتَكُمْ بِعَذَابٍۚ وَقَدْ خَابَ مَنِ افْتَرٰى٦١
Qāla lahum mūsā wailakum lā taftarū ‘alallāhi każiban fa yusḥitakum bi‘ażab(in), wa qad khāba maniftarā.
[61]
Nabi Musa mangsuli: Sampeyan tamtokakên benjing dintên agêng kemawon. Mangsanipun tiyang sami mangangge pameran. Ing ngriku para tiyang ing Mêsir sami dipun kalêmpakna ing wanci Dzukha (jam sanga enying).[4]
فَتَنَازَعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ وَاَسَرُّوا النَّجْوٰى٦٢
Fa tanāza‘ū amrahum bainahum wa asarrun-najwā.
[62]
Raja Phirngon malengos, nolih ing buri, dhawuh ngalumpukake para juru sikhir. Sawise ngalumpuk, banjur diirit marang panggonan kang ditamtokake, ing dina kang ditamtokake. Ana ing kono têmpuk lan Nabi Musa.
قَالُوْٓا اِنْ هٰذٰنِ لَسَاحِرٰنِ يُرِيْدَانِ اَنْ يُّخْرِجٰكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهِمَا وَيَذْهَبَا بِطَرِيْقَتِكُمُ الْمُثْلٰى٦٣
Qālū in hāżāni lasāḥirāni yurīdāni ay yukhrijākum min arḍikum bisiḥrihimā wa yażhabā biṭarīqatikumul-muṡlā.
[63]
Nabi Musa banjur nyalathoni marang para juru sikhir: He para juru sikhir, cilaka têmên kowe. Aja wani gawe-gawe, calathu goroh ngarani tăndha yêktining Allah iku sikhir.
فَاَجْمِعُوْا كَيْدَكُمْ ثُمَّ ائْتُوْا صَفًّاۚ وَقَدْ اَفْلَحَ الْيَوْمَ مَنِ اسْتَعْلٰى٦٤
Fa ajmi‘ū kaidakum ṡumma'tū ṣaffā(n), wa qad aflaḥal-yauma manista‘lā.
[64]
Allah bakal numpês kowe kabèh, kalawan siksa, wo[5] kang gawe-gawe bakal nandhang kapitunan. [kapitu....nan.]
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَلْقٰى٦٥
Qālū yā mūsā immā an tulqiya wa immā an nakūna awwala man alqā.
[65]
Para juru sikhir banjur padha diya-diniya (ana kang ngarani mukjizate Nabi Musa iku sikhir, lan ana kang ngarani dudu sikhir) sarta padha bisik-binisikan, anggagas apa wadine.
قَالَ بَلْ اَلْقُوْاۚ فَاِذَا حِبَالُهُمْ وَعِصِيُّهُمْ يُخَيَّلُ اِلَيْهِ مِنْ سِحْرِهِمْ اَنَّهَا تَسْعٰى٦٦
Qāla bal alqū, fa iżā ḥibāluhum wa ‘iṣiyyuhum yukhayyalu ilaihi min siḥrihim annahā tas‘ā.
[66]
Pangunadikane para juru sikhir mangkene: Wong loro Musa lan Harun iki mêsthi padha baut sikhir, karêpe kudu nundhungi kowe sakancaku kabèh saka bumi wutah gêtihmu ing Mêsir sarana sikhire, lan kudu nglungsur para luhur ing kene.
فَاَوْجَسَ فِيْ نَفْسِهٖ خِيْفَةً مُّوْسٰى٦٧
Fa aujasa fī nafsihī khīfatam mūsā.
[67]
Mulane padha digolong ênggonmu padha ngatogake kaluwihanmu ing sikhir, sawise golong, nuli padha majua sap-sapan kang tata. Ing dina iki sing sapa sikhire unggul sarta mênang, mêsthi bêgja.
قُلْنَا لَا تَخَفْ اِنَّكَ اَنْتَ الْاَعْلٰى٦٨
Qulnā lā takhaf innaka antal-a‘lā.
[68]
Para juru sikhir sawise maju banjur calathu: He Nabi Musa, punapa sampeyan nguncalakên têkên sampeyan rumiyin, punapa kula ingkang nguncalakên têkên lan tampar kula rumiyin. Sakarsa sampeyan dados.
وَاَلْقِ مَا فِيْ يَمِيْنِكَ تَلْقَفْ مَا صَنَعُوْاۗ اِنَّمَا صَنَعُوْا كَيْدُ سٰحِرٍۗ وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُ حَيْثُ اَتٰى٦٩
Wa alqi mā fī yamīnika talqaf mā ṣana‘ū, innamā ṣana‘ū kaidu sāḥir(in), wa lā yufliḥus-sāḥiru ḥaiṡu atā.
[69]
Nabi Musa mangsuli: Kowe dhisik, padha nguncalna tampar lan têkênmu. (Para juru sikhir nuli padha nguncalake têkên lan tampare) sanalika [sanali....ka] iku sikhire para juru sikhir tumama marang Nabi Musa, tampar têkên kang diuncalake katăm padha dadi ula, pating galêsêr padha lumaku.
فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سُجَّدًا قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ هٰرُوْنَ وَمُوْسٰى٧٠
Fa ulqiyas-saḥaratu sujjadan qālū āmannā birabbi hārūna wa mūsā.
[70]
Ing kono Nabi Musa rumasa wêdi diancap ing ula, sarta kuwatir bokmênawa wong kang padha nonton, kèlu marang si kaphir iku.
قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۗ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ فِيْ جُذُوْعِ النَّخْلِۖ وَلَتَعْلَمُنَّ اَيُّنَآ اَشَدُّ عَذَابًا وَّاَبْقٰى٧١
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum fī jużū‘in-nakhl(i), wa lata‘lamunna ayyunā asyaddu ‘ażābaw wa abqā.
[71]
(Pangandikaning Allah): Ingsun dhawuh marang Nabi Musa: Sira aja wêdi lan kuwatir, awit sira Ingsun pêsthi unggul sarta mênang.
قَالُوْا لَنْ نُّؤْثِرَكَ عَلٰى مَا جَاۤءَنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالَّذِيْ فَطَرَنَا فَاقْضِ مَآ اَنْتَ قَاضٍۗ اِنَّمَا تَقْضِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا ۗ٧٢
Qālū lan nu'ṡiraka ‘alā mā jā'anā minal-bayyināti wal-lażī faṭaranā faqḍi mā anta qāḍ(in), innamā taqḍī hāżihil-ḥayātad-dun-yā.
[72]
Têkên kang ana tanganira têngên iku sira uncalna, (mêsthi dadi ula gêdhe), banjur nguntali ula sulapane para juru sikhir, awit iku dudu ula têmênanan, mung sulapane para juru sikhir bae. Juru sikhir iku ana ngêndi-êndi ora bisa bêgja utawa mênang.
اِنَّآ اٰمَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغْفِرَ لَنَا خَطٰيٰنَا وَمَآ اَكْرَهْتَنَا عَلَيْهِ مِنَ السِّحْرِۗ وَاللّٰهُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى٧٣
Innā āmannā birabbinā liyagfira lanā khaṭāyānā wa mā akrahtanā ‘alaihi minas-siḥr(i), wallāhu khairuw wa abqā.
[73]
Ing kono para juru sikhir banjur padha anjungkêl, sujud ing Allah (sajroning sujud, padha andêlêng suwarga lan naraka), barêng wis anjênggèlèk, banjur padha ngucap: Sapunika kula sami pitados dhatêng Allah, Pangeran Nabi Harun kalihan Nabi Musa.
اِنَّهٗ مَنْ يَّأْتِ رَبَّهٗ مُجْرِمًا فَاِنَّ لَهٗ جَهَنَّمَ ۗ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰى٧٤
Innahū may ya'ti rabbahū mujriman fa inna lahū jahannam(a), lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[74]
(Raja Phirngon bangêt nêpsune marang para juru sikhir, pangucape: Yagene kowe durung olèh palilahku têka banjur pracaya marang Musa, yèn [yè..n] mangkono Musa iku panggêdhemu kang mulang sikhir marang kowe, lah iya rasakna, kowe mêsthi pa[6] tak jonjang, tak kêthok tanganmu têngên lan sikilmu kiwa, lan bakal tak pênthang ana uwiting kurma. Ing kono kowe bakal padha wêruh nyatane, sapa kang siksine[7] luwih abot sarta langgêng, apa aku apa Pangerane Musa.
وَمَنْ يَّأْتِهٖ مُؤْمِنًا قَدْ عَمِلَ الصّٰلِحٰتِ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الدَّرَجٰتُ الْعُلٰى ۙ٧٥
Wa may ya'tihī mu'minan qad ‘amilaṣ-ṣāliḥāti fa ulā'ika lahumud-darajātul-‘ulā.
[75]
Para juru sikhir banjur padha matur: Kula botên milih manut ing sampeyan, maibên tăndha yêkti ingkang sampun kula sumêrêpi têrang (mratandhani yèn Nabi Musa punika têmên utusaning Allah), punika botên pisan, dene pangancam sampeyan dhatêng kula akathah-kathah, ing sumăngga sampeyan tindakakên. Dêmi Allah ingkang sampun angwontênakên kula, anggèn sampeyan badhe misakit dhatêng kula punika namung tumrap wontên ing dunya kemawon, sayêktosipun kula punika pitados dhatêng Allah Pangeran kula, supados Allah ngapuraa kalêpatan kula sadaya, langkung malih anggèn kula purun sampeyan pêksa sinau sarta nindakakên sikhir, dene ganjaraning Allah punika langkung sae, ngungkuli ganjaran sampeyan, saha siksaning Allah punika langgêng, siksa sampeyan botên langgêng.
جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗوَذٰلِكَ جَزَاۤءُ مَنْ تَزَكّٰى ࣖ٧٦
Jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'u man tazakkā.
[76]
Sintên ingkang sowan ing Pangeranipun, (pêjah), kalayan kaphir, punika badhe dipun patrapi siksa naraka Jahanam, wontên ing ngriku botên pêjah lan botên gêsang.
وَلَقَدْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْ فَاضْرِبْ لَهُمْ طَرِيْقًا فِى الْبَحْرِ يَبَسًاۙ لَّا تَخٰفُ دَرَكًا وَّلَا تَخْشٰى٧٧
Wa laqad auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī faḍrib lahum ṭarīqan fil-baḥri yabasā(n), lā takhāfu darakaw wa lā takhsyā.
[77]
Dene sintên ingkang sowan ing Allah (pêjah) kanthi iman, sarta nglampahi pandamêl sae, punika sami pinaringan pangkat luhur.
فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ بِجُنُوْدِهٖ فَغَشِيَهُمْ مِّنَ الْيَمِّ مَا غَشِيَهُمْ ۗ٧٨
Fa atba‘ahum fir‘aunu bijunūdihī fa gasyiyahum minal-yammi mā gasyiyahum.
[78]
Inggih punika suwarga Ngadan, ingkang wontên bêngawanipun mili wontên sangandhaping wit-witan. Tiyang mukmin anggènipun sami wontên ing ngriku langgêng, inggih punika ganjaranipun tiyang ingkang rêsik saking dosa.
وَاَضَلَّ فِرْعَوْنُ قَوْمَهٗ وَمَا هَدٰى٧٩
Wa aḍalla fir‘aunu qaumahū wa mā hadā.
[79]
(Pangandikaning Allah): Ingsun paring wahyu marang Nabi Musa: He Musa, sira lumakua ngirid para kawulaningsun wong Bani Srail. Têkênira sira gitikna ing sagara, mêsthi banyune banjur piyak, dadi dalan gêdhe asat tur rêsik.
يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ قَدْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ عَدُوِّكُمْ وَوٰعَدْنٰكُمْ جَانِبَ الطُّوْرِ الْاَيْمَنَ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى٨٠
Yā banī isrā'īla qad anjainākum min ‘aduwwikum wa wā‘adnākum jānibaṭ-ṭūril-aimana wa nazzalnā ‘alaikumul-mannā was-salwā.
[80]
Sira lumakua ing kono tanpa kuwatir yèn kêcandhak diburu ing Raja Phirngon, lan ora kuwatir kêsilêp ana ing sagara. (Barêng sagara digitik banjur piyak, Nabi Musa sakancane lumaku ing kono).
كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۙ وَلَا تَطْغَوْا فِيْهِ فَيَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبِيْۚ وَمَنْ يَّحْلِلْ عَلَيْهِ غَضَبِيْ فَقَدْ هَوٰى٨١
Kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa lā taṭgau fīhi fa yaḥilla ‘alaikum gaḍabī, wa may yaḥlil ‘alaihi gaḍabī faqad hawā.
[81]
Nabi Musa sakancane diburu Raja Phirngon sabalane padha milu malêbu ing sagara, [sa....gara,] nanging Raja Phirngon sabalane mau padha tumpês tinungkêban ing banyu sagara, Raja Phirngon mau têtêp nasarake wadyabalane, kabèh padha mati kaphir, ora olèh pituduh bênêr.
وَاِنِّيْ لَغَفَّارٌ لِّمَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدٰى٨٢
Wa innī lagaffārul liman tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan ṡummahtadā.
[82]
(Pangandikaning Allah): He para kawulaningsun wong Bani Srail, Ingsun wis paring slamêt marang sira, ucul saka satrunira Raja Phirngon, apadene sira wis Ingsun paringi prajanjian ana ing gunung Tursina kang sisih têngên, sarta ana ing ara-ara tèh, sira Ingsun paringi pangan, rupa man[8] lan manuk gêmak.
۞ وَمَآ اَعْجَلَكَ عَنْ قَوْمِكَ يٰمُوْسٰى٨٣
Wa mā a‘jalaka ‘an qaumika yā mūsā.
[83]
(Dhawuh Ingsun): Sira padha mangana pêparing Ingsun rijêki kang ngrêsêpake, nanging sira aja maido pêparing Ingsun mau, mundhak kêna bêbênduningsun, sing sapa kêna ing bêbênduningsun, mêsthi kacêmplung ing naraka.
قَالَ هُمْ اُولَاۤءِ عَلٰٓى اَثَرِيْ وَعَجِلْتُ اِلَيْكَ رَبِّ لِتَرْضٰى٨٤
Qāla hum ulā'i ‘alā aṡarī wa ‘ajiltu ilaika rabbi litarḍā.
[84]
Dene Ingsun iki kaparêng bangêt ngapura dosane wong kang tobat, sarta pracaya marang Ingsun, lan anglakoni panggawe bêcik, lêstari nêtêpi pituduh bênêr nganti têkan ing pati.
قَالَ فَاِنَّا قَدْ فَتَنَّا قَوْمَكَ مِنْۢ بَعْدِكَ وَاَضَلَّهُمُ السَّامِرِيُّ٨٥
Qāla fa innā qad fatannā qaumaka mim ba‘dika wa aḍallahumus-sāmiriyy(u).
[85]
He Musa, sabab apa sira têka kêsusu ênggonira seba marang Ingsun, nganti nglancangi para kancanira.
فَرَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًا ەۚ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَمْ يَعِدْكُمْ رَبُّكُمْ وَعْدًا حَسَنًا ەۗ اَفَطَالَ عَلَيْكُمُ الْعَهْدُ اَمْ اَرَدْتُّمْ اَنْ يَّحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَخْلَفْتُمْ مَّوْعِدِيْ٨٦
Fa raja‘a mūsā ilā qaumihī gaḍbāna asifā(n), qāla yā qaumi alam ya‘idkum rabbukum wa‘dan ḥasanā(n), afaṭāla ‘alaikumul-‘ahdu am arattum ay yaḥilla ‘alaikum gaḍabum mir rabbikum fa akhlaftum mau‘idī.
[86]
Unjuke Nabi Musa: Kănca kawula tiyang Bani Srail punika wontên ing wingking kawula botên têbih, prasasat sarêng kemawon kalihan kawula. Dhuh Pangeran kawula, wondene anggèn kawula dhêrakalan marêk ing Tuwan, punika supados wêwah kaparêng Tuwan dhumatêng kawula.
قَالُوْا مَآ اَخْلَفْنَا مَوْعِدَكَ بِمَلْكِنَا وَلٰكِنَّا حُمِّلْنَآ اَوْزَارًا مِّنْ زِيْنَةِ الْقَوْمِ فَقَذَفْنٰهَا فَكَذٰلِكَ اَلْقَى السَّامِرِيُّ ۙ٨٧
Qālū mā akhlafnā mau‘idaka bimalkinā wa lākinnā ḥummilnā auzāram min zīnatil-qaumi fa qażafnāhā fa każālika alqas-sāmiriyy(u).
[87]
Allah ngandika: Sapungkurira marang gunung, para kancanira padha Ingsun coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak nyêmbah pêdhèt mas).
فَاَخْرَجَ لَهُمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌ فَقَالُوْا هٰذَآ اِلٰهُكُمْ وَاِلٰهُ مُوْسٰى ەۙ فَنَسِيَ ۗ٨٨
Fa akhraja lahum ‘ijlan jasadal lahū khuwārun fa qālū hāżā ilāhukum wa ilāhu mūsā, fa nasiy(a).
[88]
Nabi Musa barêng wis patang puluh dina ênggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Torèt, banjur bali marang ênggone para kancane wong Bani Srail. Nabi Musa wêruh wong Bani Srail padha rame-rame nyêmbah pêdhèt mas, bangêt nêpsune lan susahe.
اَفَلَا يَرَوْنَ اَلَّا يَرْجِعُ اِلَيْهِمْ قَوْلًا ەۙ وَّلَا يَمْلِكُ لَهُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ࣖ٨٩
Afalā yarauna allā yarji‘u ilaihim qaulā(n), wa lā yamliku lahum ḍarraw wa lā naf‘ā(n).
[89]
Pangucape: He para sanakku, Pangeranmu apa ora wis paring prajanjian bêcik marang kowe. (Kowe bakal padha diparingi kitab Torèt). Lan apa kêlawasên ênggonmu ngêntèni têkaku saka ing gunung anggawa kitab Torèt, kang wis disaguhake dening Allah, utawa apa kowe pancèn anjarag supaya [supa...ya] kêna bêbênduning Allah Pangeranmu, dene kowe têka nyêmbah pêdhèt mas, nyidrani kasaguhanmu marang aku.
وَلَقَدْ قَالَ لَهُمْ هٰرُوْنُ مِنْ قَبْلُ يٰقَوْمِ اِنَّمَا فُتِنْتُمْ بِهٖۚ وَاِنَّ رَبَّكُمُ الرَّحْمٰنُ فَاتَّبِعُوْنِيْ وَاَطِيْعُوْٓا اَمْرِيْ٩٠
Wa laqad qāla lahum hārūnu min qablu yā qaumi innamā futintum bih(ī), wa inna rabbakumur-raḥmānu fattabi‘ūnī wa aṭī‘ū amrī.
[90]
Wong Bani Srail banjur padha matur: Anggèn kula nyidrani kasagahan kula dhatêng sampeyan, punika botên saking kajêng kula piyambak. Lugunipun makatên: Nalika kesah kula saking Mêsir, punika rumiyin sami ambêkta rajabrana gadhahanipun tiyang ing Mêsir, sarèhning punika barang dede lêrêsipun dados gadhahan kula, saking pambujukipun tiyang golongan Samiri, rajabrana wau dipun kalêmpakakên, lajêng dipun cithak dados pêdhèt mas, ingkang mawa daging lan rah, tur sagêd nyuwara. Pangucapipun tiyang Samiri: Iki Pangeranmu lan Pangerane Nabi Musa uga, Nabi Musa klalèn, lungane mênyang gunung iku pêrlune anggolèki iki.
قَالُوْا لَنْ نَّبْرَحَ عَلَيْهِ عٰكِفِيْنَ حَتّٰى يَرْجِعَ اِلَيْنَا مُوْسٰى٩١
Qālū lan nabraḥa ‘alaihi ‘ākifīna ḥattā yarji‘a ilainā mūsā.
[91]
Wong kang padha nyêmbah pêdhèt mas mau apa ora duwe panêmu yèn pêdhèt mas iku ora bisa mangsuli pitakon apa-apa, lan ora bisa nulak pakewuh apadene nêkakake kabêgjan.
قَالَ يٰهٰرُوْنُ مَا مَنَعَكَ اِذْ رَاَيْتَهُمْ ضَلُّوْٓا ۙ٩٢
Qāla yā hārūnu mā mana‘aka iż ra'aitahum ḍallū.
[92]
92. Sadurunge Nabi Musa têka, Nabi Harun [Ha....run] wis pitutur mangkene: He para sanakku wong Bani Srail, kowe iku padha kêna ing coba, satêmêne Pangeranmu iku: Allah Kang Mahamurah (dudu pêdhèt mas iku) mulane padha manuta marang aku, lan ngèstokna parentahku.
اَلَّا تَتَّبِعَنِۗ اَفَعَصَيْتَ اَمْرِيْ٩٣
Allā tattabi‘an(i), afa ‘aṣaita amrī.
[93]
Wong Bani Srail padha mangsuli: Inggih kajêngipun, kula lajêngne kemawon anggèn kula nyêmbah pêdhèt mas, kantênanipun benjing mênawi Nabi Musa sampun dhatêng (punapa duka, punapa lajêng tumut nyêmbah pêdhèt mas).
قَالَ يَبْنَؤُمَّ لَا تَأْخُذْ بِلِحْيَتِيْ وَلَا بِرَأْسِيْۚ اِنِّيْ خَشِيْتُ اَنْ تَقُوْلَ فَرَّقْتَ بَيْنَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَلَمْ تَرْقُبْ قَوْلِيْ٩٤
Qāla yabna'umma lā ta'khuż biliḥyatī wa lā bira'sī, innī khasyītu an taqūla farraqta baina banī isrā'īla wa lam tarqub qaulī.
[94]
Nabi Musa banjur takon: Dhuh kakang Harun, nalika sampeyan sumêrêp tiyang Bani Srail sami nasar (nyêmbah pêdhèt mas), têka sampeyan kèndêlakên kemawon, punapa pakèwêdipun sampeyan cêgah, ngèstokakên wêwêling kula, punapa sampeyan jaragan anglirwakakên wêwêling kula.
قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يٰسَامِرِيُّ٩٥
Qāla famā khaṭbuka yā sāmiriyy(u).
[95]
Nabi Harun mangsuli: He putrane sibu, kowe aja nyêkêl jenggot lan êndhasku. Wruhanamu, mulane aku mênêng bae, panêmuku mangkene: Upama wong Bani Srail iku tak santosani, bokmênawa banjur bubar. Aku kuwatir yèn kosrêngêni mangkene: Sampeyan jêbul [jê...bul] ambibarakên tiyang Bani Srail, anglirwakakên wêwêling kula.
قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوْا بِهٖ فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِّنْ اَثَرِ الرَّسُوْلِ فَنَبَذْتُهَا وَكَذٰلِكَ سَوَّلَتْ لِيْ نَفْسِيْ٩٦
Qāla baṣurtu bimā lam yabṣurū bihī fa qabaḍtu qabḍatam min aṡarir-rasūli fa nabażtuhā wa każālika sawwalat lī nafsī.
[96]
Nabi Musa banjur takon: He wong golongan Samiri, kowe kapriye aturmu. Wong Samiri banjur matur: Kula sumêrêp barang ingkang botên dipun sumêrêpi dening tiyang Bani Srail, kula mêndhêt siti tapaking kapalipun Malaikat Jabarail, punika kula lolohakên dhatêng cangkêming pêdhèt mas, lajêng gêsang sarta sagêd nyuwara. Pandamêl kula makatên wau saking kajêng kula piyambak.
قَالَ فَاذْهَبْ فَاِنَّ لَكَ فِى الْحَيٰوةِ اَنْ تَقُوْلَ لَا مِسَاسَۖ وَاِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَّنْ تُخْلَفَهٗۚ وَانْظُرْ اِلٰٓى اِلٰهِكَ الَّذِيْ ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًا ۗ لَنُحَرِّقَنَّهٗ ثُمَّ لَنَنْسِفَنَّهٗ فِى الْيَمِّ نَسْفًا٩٧
Qāla fażhab fa inna laka fil-ḥayāti an taqūla lā misās(a), wa inna laka mau‘idal lan tukhlafah(ū), wanẓur ilā ilāhikal-lażī ẓalta ‘alaihi ‘ākifā(n), lanuḥarriqannahū ṡumma lanansifannahū fil-yammi nasfā(n).
[97]
Nabi Musa banjur dhawuh: He wong Samiri, kowe saiki lungaa. Ing salawasmu urip, kowe ora gêlêm digêpok ing wong (sing sapa anggêpok kowe banjur kadhêmên, kowe uga kadhêmên), lan kowe diparingi wêwalês mangsane ênggonmu bakal nandhang patrapan besuk ana ing akhirat, kang ora kêna kooncati. Lan manèh dêlêngên Pangeranmu pêdhèt mas, kang tansah kosêmbah-sêmbah, saiki tak obong, banjur tak buwang ing sagara.
اِنَّمَآ اِلٰهُكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا٩٨
Innamā ilāhukumullāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), wasi‘a kulla syai'in ‘ilmā(n).
[98]
Kang bênêr, Pangeranira iku Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah. Kawruhing Allah jêmbar bangêt, anglimputi samubarang.
كَذٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ مَا قَدْ سَبَقَۚ وَقَدْ اٰتَيْنٰكَ مِنْ لَّدُنَّا ذِكْرًا ۚ٩٩
Każālika naquṣṣu ‘alaika min ambā'i mā sabaq(a), wa qad ātaināka mil ladunnā żikrā(n).
[99]
Kaya mangkono iku ênggon Ingsun nyaritakake lêlakon ing jaman kuna marang sira Mukhammad. Lan manèh sira wis Ingsun paringi Kuran saka ngarsaningsun.
مَنْ اَعْرَضَ عَنْهُ فَاِنَّهٗ يَحْمِلُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وِزْرًا١٠٠
Man a‘raḍa ‘anhu fa innahū yaḥmilu yaumal-qiyāmati wizrā(n).
[100]
Sing sapa malengos, ora pracaya marang Kuran, besuk dina kiyamat, wong iku mikul dosa.
خٰلِدِيْنَ فِيْهِ ۗوَسَاۤءَ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ حِمْلًاۙ١٠١
Khālidīna fīh(i), wa sā'a lahum yaumal-qiyāmati ḥimlā(n).
[101]
Enggone padha nandhang siksa patrapaning dosa mau langgêng. Ala têmên ênggone padha mikul dosa besuk dina kiyamat.
يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ وَنَحْشُرُ الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ زُرْقًا ۖ١٠٢
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri wa naḥsyurul-mujrimīna yauma'iżin zurqā(n).
[102]
Iya iku dina nalika sêmpronge Malaikat Israphil kang isi sakèhing nyawa, disêbul. Ing dina iku sakèhe wong dosa padha Ingsun kalumpukake, matane padha biru.
يَّتَخَافَتُوْنَ بَيْنَهُمْ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا عَشْرًا١٠٣
Yatakhāfatūna bainahum il labiṡtum illā ‘asyrā(n).
[103]
Padha rêmbugan karo kancane lirih-lirihan: Enggonmu ana ing dunya biyèn, kira-kira apa mung sapuluh taun lawase.
نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ اِذْ يَقُوْلُ اَمْثَلُهُمْ طَرِيْقَةً اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا يَوْمًا ࣖ١٠٤
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna iż yaqūlu amṡaluhum ṭarīqatan il labiṡtum illā yaumā(n).
[104]
Ingsun nguningani têrang barang padha dirêmbug utawa disêmantakake mau. Ing kono wong kang punjul dhewe pintêre mangsuli: Enggonmu padha ana ing dunya, kira-kira mung sadina.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْجِبَالِ فَقُلْ يَنْسِفُهَا رَبِّيْ نَسْفًا ۙ١٠٥
Wa yas'alūnaka ‘anil-jibāli fa qul yansifuhā rabbī nasfā(n).
[105]
(He Mukhammad) akèh wong takon marang sira, mungguh gunung-gunung iku besuk dina kiyamat kapriye. Iku sira wangsulana: [wangsulana:] Besuk dina kiyamat, gunung-gunung iku padha dibêdholi dening Pangeranku.
فَيَذَرُهَا قَاعًا صَفْصَفًا ۙ١٠٦
Fa yażaruhā qā‘an ṣafṣafā(n).
[106]
Ing kono bumi banjur warata ngênthak-ênthak, kodêlêng ora ana kang mêndhak mêndhukul.
لَّا تَرٰى فِيْهَا عِوَجًا وَّلَآ اَمْتًا ۗ١٠٧
Lā tarā fīhā ‘iwajaw wa lā amtā(n).
[107]
Ing dina iku sakèhing dumadi padha manut panguwuhe Malaikat Israphil, (kabèh padha didhawuhi ngalumpuk seba ing ngarsaning Pangeran, ora ana kang nyalimpêd, sarupaning suwara padha mênêng, konjêm wêdi ing Pangeran kang Mahamurah. Kowe ora krungu suwara apa-apa, kajaba mung gadêbêging sikil malaku.
يَوْمَىِٕذٍ يَّتَّبِعُوْنَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهٗ ۚوَخَشَعَتِ الْاَصْوَاتُ لِلرَّحْمٰنِ فَلَا تَسْمَعُ اِلَّا هَمْسًا١٠٨
Yauma'iżiy yattabi‘ūnad-dā‘iya lā ‘iwaja lah(ū), wa khasya‘atil-aṣwātu lir-raḥmāni falā tasma‘u illā hamsā(n).
[108]
Ing dina iku ora ana suphangat migunani, kajaba suphangate wong kang diidine dening Pangeran kang Mahamurah, sarta kang disupangati mau dililani ngucapake pangucap kang marakake olèh suphangat, (iya iku pangucap: la ilaha illallah, Mukhamadur Rasulullah).
يَوْمَىِٕذٍ لَّا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَرَضِيَ لَهٗ قَوْلًا١٠٩
Yauma'iżil lā tanfa‘usy-syafā‘atu illā man ażina lahur-raḥmānu wa raḍiya lahū qaulā(n).
[109]
Allah nguningani tingkah kaananing para kawulane kabèh, kang wis kêlakon lan kang durung kêlakon. Para kawula mau ora ana kang wêruh sêsêrêpaning Allah kabèh.
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِهٖ عِلْمًا١١٠
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yuḥīṭūna bihī ‘ilmā(n).
[110]
Sarupaning rai padha konjêm andhêku marang Pangeran kang gêsang tur jumênêng nguwasani samubabarang.[9] [samuba....barang.] Dene wong kang mikul dosa, besuk dina kiyamat padha kapitunan.
۞ وَعَنَتِ الْوُجُوْهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّوْمِۗ وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا١١١
Wa ‘anatil-wujūhu lil-ḥayyil-qayyūm(i), wa qad khāba man ḥamala ẓulmā(n).
[111]
Dene wong mukmin kang nglakoni panggawe bêcik, iku ora kuwatir yèn dikaniaya, diwuwuhi alane utawa disuda kabêcikane.
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا يَخٰفُ ظُلْمًا وَّلَا هَضْمًا١١٢
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā yakhāfu ẓulmaw wa lā haḍmā(n).
[112]
Mangkono uga Ingsun nurunake Kuran iki kalawan têmbung Arab, sarta Ingsun amijang-mijangake pangancam ana sajroning Kuran mau, supaya manungsa kabèh padha wêdi ing Allah kalawan ngati-ati, ora maro tingal, lan manèh Kuran mau nukulna elinge lan sungkême para manungsa marang Allah.
وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا وَّصَرَّفْنَا فِيْهِ مِنَ الْوَعِيْدِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ اَوْ يُحْدِثُ لَهُمْ ذِكْرًا١١٣
Wa każālika anzalnāhu qur'ānan ‘arabiyyaw wa ṣarrafnā fīhi minal-wa‘īdi la‘allahum yattaqūna au yuḥdiṡu lahum żikrā(n).
[113]
Allah ratu kang sajati iku Mahaluhur, (he Mukhammad) sira aja age-age andhawuhake Kuran, yèn durung nampani saka Jabarail kalawan lair kang nganti têrang têgêse. Lan sira nyuwuna mangkene: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi mêwahana kawruh dhumatêng kawula.
فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ وَلَا تَعْجَلْ بِالْقُرْاٰنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّقْضٰٓى اِلَيْكَ وَحْيُهٗ ۖوَقُلْ رَّبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا١١٤
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), wa lā ta‘jal bil-qur'āni min qabli ay yuqḍā ilaika waḥyuh(ū), wa qur rabbi zidnī ‘ilmā(n).
[114]
Biyèn Ingsun wis dhawuh marang Nabi Adam (Ingsun larangi ora kêna cêdhak-cêdhak, luwih manèh mangan woh kuldi) sadurunge kêlakon mangan woh kuldi. Nanging Nabi Adam banjur mangan woh kuldi, nglirwakake dhawuh Ingsun, dadi Nabi Adam mau ênggone arêp ngèstokake parentah, jugar, marga ora kêlar ngampah kapengine marang woh kuldi.
وَلَقَدْ عَهِدْنَآ اِلٰٓى اٰدَمَ مِنْ قَبْلُ فَنَسِيَ وَلَمْ نَجِدْ لَهٗ عَزْمًا ࣖ١١٥
Wa laqad ‘ahidnā ilā ādama min qablu fa nasiya wa lam najid lahū ‘azmā(n).
[115]
(He Mukhammad) sira anyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para malaikat kabèh: Sira sujuda marang Adam, ing kono sarupaning malaikat banjur padha sujud marang Adam, mung iblis mopo parentah Ingsun. Ingsun banjur ngandika: He Adam, Iblis iki satrunira lan satrune rabinira, mulane sira wong sakaloron dipadha ngati-ati, aja nganti diwêtokake dening iblis saka ing suwarga sarana panggodhane. Sira mundhak cilaka.
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَ اَبٰى ۗ١١٦
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīsa abā.
[116]
Sira ana ing suwarga iki (wus kapenak) ora tau kêluwèn lan ora kêwudan.
فَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اِنَّ هٰذَا عَدُوٌّ لَّكَ وَلِزَوْجِكَ فَلَا يُخْرِجَنَّكُمَا مِنَ الْجَنَّةِ فَتَشْقٰى١١٧
Fa qulnā yā ādamu inna hāżā ‘aduwwul laka wa lizaujika falā yukhrijannakumā minal-jannati fa tasyqā.
[117]
Sira ana ing suwarga ora tau ngêlak, lan ora kêpanasên soroting srêngenge.
اِنَّ لَكَ اَلَّا تَجُوْعَ فِيْهَا وَلَا تَعْرٰى ۙ١١٨
Inna laka allā tajū‘a fīhā wa lā ta‘rā.
[118]
Ing kono setan banjur anggodha marang Nabi Adam, pangucape: He Nabi Adam, punapa sampeyan karsa kula têdahakên wit kuldi (têgesipun wit langgêng) sarta karaton ingkang botên sagêd risak. (Mênawi sampeyan nêdha [nê..[...dha] wohing wit kuldi wau, sampeyan langgêng wontên ing suwarga, botên kenging pêjah).
وَاَنَّكَ لَا تَظْمَؤُا فِيْهَا وَلَا تَضْحٰى١١٩
Wa annaka lā taẓma'u fīhā wa lā taḍḥā.
[119]
119. Nabi Adam sakaloron banjur padha mangan woh khuldi, sanalika banjur padha rumasa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggo awêr-awêr gêgodhongan ing suwarga. Marga saka iku Nabi Adam kadukan ing Pangerane, luput pangarêp-arêpe.
فَوَسْوَسَ اِلَيْهِ الشَّيْطٰنُ قَالَ يٰٓاٰدَمُ هَلْ اَدُلُّكَ عَلٰى شَجَرَةِ الْخُلْدِ وَمُلْكٍ لَّا يَبْلٰى١٢٠
Fa waswasa ilaihisy-syaiṭānu qāla yā ādamu hal adulluka ‘alā syajaratil-khuldi wa mulkil lā yablā.
[120]
Sawise kêdukan, banjur dirampèk manèh ing Pangerane, sarta diapura kaluputane lan dituduhake dalan kang bênêr.
فَاَكَلَا مِنْهَا فَبَدَتْ لَهُمَا سَوْءٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۚ وَعَصٰىٓ اٰدَمُ رَبَّهٗ فَغَوٰى ۖ١٢١
Fa akalā minhā fa badat lahumā sau'ātuhumā wa ṭafiqā yakhṣifāni ‘alaihimā miw waraqil-jannah(ti), wa ‘aṣā ādamu rabbahū fa gawā.
[121]
Pangandikaning Allah: He Adam lan Khawa, sira padha mudhuna saka ing suwarga, sira saturun-turunira dadi satruning iblis saturun-turune. Dene mênawa ing têmbe Ingsun paring pituduh Ingsun, mêsthi ora bisa kêsasar lan ora cilaka.
ثُمَّ اجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَتَابَ عَلَيْهِ وَهَدٰى١٢٢
Ṡummajtabāhu rabbuhū fa tāba ‘alaihi wa hadā.
[122]
قَالَ اهْبِطَا مِنْهَا جَمِيْعًاۢ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚفَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى ەۙ فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقٰى١٢٣
Qālahbiṭā minhā jamī‘am ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), fa immā ya'tiyannakum minnī hudā(n), fa manittaba‘a hudāya falā yaḍillu wa lā yasyqā.
[123]
Dene sing sapa malengos, ora ngandêl marang Kuran ingsun, amêsthi panguripane rupak lan goroh.
وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى١٢٤
Wa man a‘raḍa ‘an żikrī fa inna lahū ma‘īsyatan ḍankaw wa naḥsyuruhū yaumal-qiyāmati a‘mā.
[124]
Wong mau munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, awit dene punapa kawula punika kala wontên ing dunya mêlèk, sapunika têka Tuwan kalêmpakakên, maripat kawula picak.
قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِيْٓ اَعْمٰى وَقَدْ كُنْتُ بَصِيْرًا١٢٥
Qāla rabbi lima ḥasyartanī a‘mā wa qad kuntu baṣīrā(n).
[125]
قَالَ كَذٰلِكَ اَتَتْكَ اٰيٰتُنَا فَنَسِيْتَهَاۚ وَكَذٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسٰى١٢٦
Qāla każālika atatka āyātunā fa nasītahā, wa każālikal-yauma tunsā.
[126]
126. Allah ngandika: Iya mêngkono karsaningsun, awit nalika ana ing dunya, sira katêkan ayat Ingsun, malengos ora praduli, mulane saiki Ingsun uga ora praduli marang picakira.
وَكَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ اَسْرَفَ وَلَمْ يُؤْمِنْۢ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَدُّ وَاَبْقٰى١٢٧
Wa każālika najzī man asrafa wa lam yu'mim bi'āyāti rabbih(ī), wa la‘ażābul-ākhirati asyaddu wa abqā.
[127]
Dene wong kang maro tingal, ora ngandêl marang ayating Pangerane, iya Ingsun patrapi padha lan wong malengos mau. Siksa ing akirat iku mêsthi luwih dening abot sarta langgêng.
اَفَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ١٢٨
Afalam yahdi lahum kam ahlaknā qablahum minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyātil li'ulin nuhā.
[128]
Yagene para wong kaphir ing Mêkah padha ora têrang yèn Ingsun wis ngrusak para wong kuna pirang-pirang (marga ênggone padha maido para rasul) kang măngka wong kaphir mau padha andêlêng patilasane wong kang padha Ingsun rusak mau. Kang mangkono mau tumrap wong kang gênêp pikire, mêsthi dadi tăndha yêkti gêdhe.
وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَكَانَ لِزَامًا وَّاَجَلٌ مُّسَمًّى ۗ١٢٩
Wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika lakāna lizāmaw wa ajalum musammā(n).
[129]
Upama durung kêbanjur Pangeranira mangandikakake yèn para umate Nabi Mukhammad iku paniksane disarantèkake, sarta wis ana wêwangêne têkan dina kiyamat, amêsthi wong kang padha maido iku paniksane ditêtêpake ana ing dunya iki.
فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوْبِهَا ۚوَمِنْ اٰنَاۤئِ الَّيْلِ فَسَبِّحْ وَاَطْرَافَ النَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرْضٰى١٣٠
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qabla gurūbihā, wa min ānā'il-laili fa sabbiḥ wa aṭrāfan-nahāri la‘allaka tarḍā.
[130]
Mulane sira Mukhammad disabar krungu pangucape wong kaphir ing Mêkah, lan nêbuta Maha Suci ing Allah sarta sêmbayanga kalawan mêmuji ing Pangeranira sadurunge wêtuning sêrngenge lan sadurunging surupe, lan ing wayah wêngi (Maghrib lan Ngisa) uga sêmbayanga ing wayah awan uga sêmbayanga, supaya sira narima pêparinging Allah ganjaran marang sira.
وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ەۙ لِنَفْتِنَهُمْ فِيْهِ ۗوَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى١٣١
Wa lā tamuddanna ‘ainaika ilā mā matta‘nā bihī azwājam minhum zahratal-ḥayātid-dun-yā, linaftinahum fīh(i), wa rizqu rabbika khairuw wa abqā.
[131]
Lan manèh matanira loro aja andêlêng marang pêparing Ingsun kabungahan ing dunya marang wong kaphir warna-warna. Wruhanira, iku Ingsun ênggo nyoba marang si kaphir kabèh. Dene suwarga ganjaraning Pangeranira iku luwih bêcik sarta langgêng, ngungkuli pêparing Ingsun marang si kaphir mau.
وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوٰى١٣٢
Wa'mur ahlaka biṣ-ṣalāti waṣṭabir ‘alaihā, lā nas'aluka rizqā(n), naḥnu narzuquk(a), wal-‘āqibatu lit-taqwā.
[132]
Sira parentaha sêmbayang marang para umatira, lan dimantêp ênggonira sêmbayang mau, sira ora Ingsun parentahi ngingoni sapa-sapa, Ingsun kang mêsthi ngingoni sira lan para batihira. Dene wêkasan bêcik utawa ganjaran suwarga, iku bêbungahane wong kang wêdi ing Allah.
وَقَالُوْا لَوْلَا يَأْتِيْنَا بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖۗ اَوَلَمْ تَأْتِهِمْ بَيِّنَةُ مَا فِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰى١٣٣
Wa qālū lau lā ya'tīnā bi'āyatim mir rabbih(ī), awalam ta'tihim bayyinatu mā fiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[133]
Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora nganani tăndha yêkti marang aku saka Pangerane. (Pangandikaning Allah): Wong kaphir ing Mêkah apa durung katêkan tăndha [tă....ndha] yêkti Kuran, kang mratandhani têmêne samubarang kang kasêbut ing kitab kang kuna-kuna. (Dene kitab kuna-kuna uga mratelakake bakal têkane Nabi Mukhammad).
وَلَوْ اَنَّآ اَهْلَكْنٰهُمْ بِعَذَابٍ مِّنْ قَبْلِهٖ لَقَالُوْا رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ نَّذِلَّ وَنَخْزٰى١٣٤
Wa lau annā ahlaknāhum bi‘ażābim min qablihī laqālū rabbanā lau lā arsalta ilainā rasūlan fa nattabi‘a āyātika min qabli an nażilla wa nakhzā.
[134]
Upama Ingsun numpês wong kaphir ing Mêkah iku kalawan siksa, tanpa ngutus rasul dhisik lan tanpa nurunake Kuran, wong kaphir mau besuk dina kiyamat, mêsthi padha sêsambat mangkene: Dhuh Pangeran kawula, awit saking punapa Tuwan botên karsa ngutus rasul, nyêrêp-nyêrêpakên dhumatêng kawula. Upami Tuwan ngutusa Rasul, kawula tamtu ngèstokakên dhawuh Tuwan, sadèrèngipun kawula dipun rèmèhakên utawi dipun siksa wontên ing naraka Jahanam.
قُلْ كُلٌّ مُّتَرَبِّصٌ فَتَرَبَّصُوْاۚ فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ اَصْحٰبُ الصِّرَاطِ السَّوِيِّ وَمَنِ اهْتَدٰى ࣖ ۔١٣٥
Qul kullum mutarabbiṣun fa tarabbaṣū, fa sata‘lamūna man aṣḥābuṣ-ṣirāṭis-sawiyyi wa manihtadā.
[135]
(He Mukhammad): sira dhawuha: Aku lan kowe iki padha disarantèkake, mulane iya padha ngêntènana wêwangên dina kiyamat. Ing kono kowe bakal padha wêruh sapa kang ngambah dalan bênêr lan sapa kang olèh dalan marang kaslamêtan.