Surah Al-Baqarah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۚ١
Alif lām mīm.
[1] Alip, lam, mim. (Alip, lam, mim, iku kabèh araning aksara Ngarab, kang wêruh têgêse mung Allah piyambak. Jalalèn.). Kitab Kuran iki wong ora sumêlang têrang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha wêdi ing Allah.

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ٢
Żālikal-kitābu lā raiba fīh(i), hudal lil-muttaqīn(a).
[2] Kang padha ngandêl marang barang kang gaib, (Gaib, têgêse barang kang samar, kaya ta: bakal tangining wong kang wis mati, suwarga, naraka sapanunggalane. Jalalèn.) lan padha nglakoni sêmbayang, sarta padha mèwèhake barang pêparing Ingsun marang wong mau tumănja pangabêkti marang Ingsun.

الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۙ٣
Al-lażīna yu'minūna bil-gaibi wa yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[3] Lan kang padha ngandêl marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Mukhamad, lan samubarang kang wus didhawuhake marang para nabi sadurungira, sarta padha wêruh ing akirat kalawan nyata.

وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ وَبِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ٤
Wal-lażīna yu'minūna bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablik(a), wabil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[4] Wong kang mangkono mau kabèh padha olèh pituduh saka Pangerane, lan wong kang mangkono mau kabèh padha bêgja.

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ ۙ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥
Ulā'ika ‘alā hudam mir rabbihim wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[5] Dene wong kang padha kaphir iku sanadyan sira wêwêdèni utawa [utawa] ora sira wêwêdèni padha bae, kabèh padha ora ngandêl.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٦
Innal-lażīna kafarū sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[6] Allah wus ngêcap atine si kaphir kabèh lan pangrungune si kaphir kabèh. Dene ing pandêlênge si kaphir kabèh ana tutupe. Kabèh padha kapatrapan siksa kang gêdhe.

خَتَمَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَعَلٰى سَمْعِهِمْ ۗ وَعَلٰٓى اَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ࣖ٧
Khatamallāhu ‘alā qulūbihim wa ‘alā sam‘ihim wa ‘alā abṣārihim gisyāwatuw wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[7] Sawênèhing manungsa ana kang ngucap mangkene: Kula sami ngandêl ing Allah, lan ngandêl badhe wontênipun dintên kiyamat, nanging satêmêne wong mau kabèh padha ora ngandêl.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِيْنَۘ٨
Wa minan-nāsi may yaqūlu āmannā billāhi wa bil-yaumil-ākhiri wa mā hum bimu'minīn(a).
[8] Padha nglamisi ing Allah lan anglamisi wong mukmin kabèh, ora liwat lêlamisane mau mêsthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa.

يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۚ وَمَا يَخْدَعُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَۗ٩
Yukhādi‘ūnallāha wal-lażīna āmanū wa mā yakhda‘ūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[9] Ing atine si munaphèk (Wong munaphèk iku wong kang laire Islam, nanging batine kaphir.) kabèh ana lêlarane sêmang, Allah nuli mêwahi marang si munaphèk kabèh lêlara maido Kuran, wong munaphèk kabèh bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani marga ênggone padha anggorohake nabi.

فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌۙ فَزَادَهُمُ اللّٰهُ مَرَضًاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢ ەۙ بِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ١٠
Fī qulūbihim maraḍun fa zādahumullāhu maraḍā(n), wa lahum ‘ażābun alīmum bimā kānū yakżibūn(a).
[10] Nalika wong munapèk[1] padha didhawuhi mangkene: Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi marga lumuh ngandêl, ature mangkene: Sayêktosipun kula punika malah damêl sae.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِۙ قَالُوْٓا اِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُوْنَ١١
Wa iżā qīla lahum lā tufsidū fil-arḍ(i), qālū innamā naḥnu muṣliḥūn(a).
[11] Satêmêne wong munaphèk iku padha gawe rusak, ewadene padha ora rumasa.

اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُوْنَ وَلٰكِنْ لَّا يَشْعُرُوْنَ١٢
Alā innahum humul-mufsidūna wa lākil lā yasy‘urūn(a).
[12] Nalikane para munaphèk padha dipituturi mangkene:[mangkene:] Kowe padha ngandêla kaya pangandêle para sakabate Kangjêng Nabi. Wong munaphèk padha mangsuli mangkene: Yagene aku padha ngandêl kaya pangandêle wong bodho. Satêmêne malah wong munaphèk kang padha bodho, nanging padha ora wêruh ing bodhone.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا كَمَآ اٰمَنَ النَّاسُ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ كَمَآ اٰمَنَ السُّفَهَاۤءُ ۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاۤءُ وَلٰكِنْ لَّا يَعْلَمُوْنَ١٣
Wa iżā qīla lahum āminū kamā āmanan nāsu qālū anu'minu kamā āmanas-sufahā'(u), alā innahum humus-sufahā'u wa lākil lā ya‘lamūn(a).
[13] Nalikane wong munaphèk padha katêmu karo wong mukmin, padha ngucap mangkene: Kula punika sami ngandêl kados pangandêl sampeyan, barêng wis pisah karo para mukmin, katêmu karo para setane (Para setane, têgêse para panggêdhene, awit kabèh padha kaya setan. Jalalèn.) nuli padha matur mangkene: Kula punika sami kănca Sampeyan tunggil agami, wicantên kula dhatêng tiyang mukmin punika sayêktosipun anggêgujêng.

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّا ۚ وَاِذَا خَلَوْا اِلٰى شَيٰطِيْنِهِمْ ۙ قَالُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ ۙاِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِءُوْنَ١٤
Wa iżā laqul-lażīna āmanū qālū āmannā, wa iżā khalau ilā syayāṭīnihim qālū innā ma‘akum, innamā naḥnu mustahzi'ūn(a).
[14] Allah malês marang si munaphèk kabèh ênggone padha anggêguyu, lan nyarantèkake si munaphèk kabèh ênggone padha andadra kalawan padha mandhêg tumolih.

اَللّٰهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١٥
Allāhu yastahzi'u bihim wa yamudduhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[15] Wong munaphèk iku wong kang padha kulak sasar dituku kalawan pituduh (Kulak sasar dituku kalawan pituduh, têgêse: nampik pituduh. Jalalèn.) dadi dagangane si munaphèk kabèh ora bisa bathi, (Bathi, karêpe bêgja. Jamal.) wong munaphèk kabèh padha ora olèh pituduh.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰىۖ فَمَا رَبِحَتْ تِّجَارَتُهُمْ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīnasytarawuḍ-ḍalālata bil-hudā, famā rabiḥat tijāratuhum wa mā kānū muhtadīn(a).
[16] Sanepane wong munaphèk iku kabèh kaya upamane wong kang ngurubake gêni ana ing pêpêtêng, barêng urubing gêni mau wis madhangi ing kiwa têngêne, Allah nuli matèni gêni mau, pêpadhang banjur sirna, Allah ninggal si munaphèk kabèh ana ing pêpêtêng kang andhêdhêt, ora bisa andêlêng apa-apa.

مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِى اسْتَوْقَدَ نَارًا ۚ فَلَمَّآ اَضَاۤءَتْ مَا حَوْلَهٗ ذَهَبَ اللّٰهُ بِنُوْرِهِمْ وَتَرَكَهُمْ فِيْ ظُلُمٰتٍ لَّا يُبْصِرُوْنَ١٧
Maṡaluhum kamaṡalil-lażistauqada nārā(n), falammā aḍā'at mā ḥaulahūū żahaballāhu binūrihim wa tarakahum fī ẓulumātil lā yubṣirūn(a).
[17] Wong munaphèk iku budhêg, (Budhêg, karêpe ora bisa klêbon pitutur bênêr.) tur bisu (Bisu, karêpe ora tau ngucap kang bêcik.) sarta picak, (Picak, karêpe ora wêruh dêdalan pituduh.) dadi wong munaphèk mau padha ora gêlêm ambalik saka panasaran.

صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَۙ١٨
Ṣummum bukmun ‘umyun fahum lā yarji‘ūn(a).
[18] Utawa sanepane manèh kaya upamane wong kodanan, sajrone udan mau ana pêpêtêng lan balêdhèg tuwin kilat, wong munaphèk mau padha nyumpêlake darijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumêblosing balêdhèg, kuwatir bok manawa mati. Ewadene kuwasaning Allah anglimputi wong kaphir kabèh. (Ayat iki pasêmon yèn wong munaphèk iku bangêt ênggone ora gêlêm nganggêp surasane Kuran, ngrungokake bae mêksa ora gêlêm, prasasat yèn krungu unining Kuran kupinge disumpêli. Jamal.).

اَوْ كَصَيِّبٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ فِيْهِ ظُلُمٰتٌ وَّرَعْدٌ وَّبَرْقٌۚ يَجْعَلُوْنَ اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ مِّنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِۗ وَاللّٰهُ مُحِيْطٌۢ بِالْكٰفِرِيْنَ١٩
Au kaṣayyibim minas-samā'i fīhi ẓulumātuw wa ra‘duw wa barq(un), yaj‘alūna aṣābi‘ahum fī āżānihim minaṣ-ṣawā‘iqi ḥażaral-maut(i), wallāhu muḥīṭum bil- kāfirīn(a).
[19] Mèh bae kilat mau ngirup pandêlênge si munaphèk kabèh, sabên kilat mau cumlèrèt madhangi marang si munaphèk, si munaphèk banjur padha lumaku ana ing pêpadhang, dene yèn pinuju pêtêng, si munaphèk banjur padha ngadêg anjêjêr, saupama Allah karsa nyirnakake pangrungu lan pandêlênge si munaphèk kabèh mêsthi kalêksanan, satêmêne Allah iku kuwasa marang samubarang. He wong Mêkah kabèh, sira padha nyêmbaha marang ing Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabèh, lan nitahake wong sadurungira kabèh, mêsthi sira padha kalis saka ing siksa marga wêdi ing Allah.

يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ اَبْصَارَهُمْ ۗ كُلَّمَآ اَضَاۤءَ لَهُمْ مَّشَوْا فِيْهِ ۙ وَاِذَآ اَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوْا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٢٠
Yakādul-barqu yakhṭafu abṣārahum, kullamā aḍā'a lahum masyau fīh(i), wa iżā aẓlama ‘alaihim qāmū, wa lau syā'allāhu lażahaba bisam‘ihim wa abṣārihim, innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[20] Kang wis nitahake bumi dadi papan makolèhi ing sira, lan nitahake langit dadi payon, sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran mêtokake wowohan warna-warna minăngka rêjêkinira kabèh, mulane aja padha ngadêgake têtimbangan kang sira anggo ngêmbari Allah, sira kabèh iya wis padha wêruh.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ٢١
Yā ayyuhan-nāsu‘budū rabbakumul-lażī khalaqakum wal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
[21] Manawa sira padha sumêlang, durung ngandêl yèn Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang kawulaningsun Mukhamad iki têrang saka Ingsun, lah mara padha gawea sasurat (Surat iku têtugêlaning Kuran, sathithik-thithike têlung ayat. Jalalèn.) bae kang mapaki Kuran iki, lan nyambata Pangeranira kang dudu Allah, yèn sira padha têmên, lah mara gawea.

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ فِرَاشًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً ۖوَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۚ فَلَا تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا وَّاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٢
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa firāsyaw was-samā'a binā'ā(n), wa anzala minas-samā'i mā'an fa akhraja bihī minaṡ-ṡamarāti rizqal lakum, falā taj‘alū lillāhi andādaw wa antum ta‘lamūn(a).
[22] Manawa sira padha ora bisa gawe, sarta salawase iya ora bisa gawe, bêcik banjur padha ngandêla bae, padha wêdia gêni naraka kang urub-urube manungsa lan watu, iku diancamake marang wong kapir[2] kabèh.

وَاِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّمَّا نَزَّلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّنْ مِّثْلِهٖ ۖ وَادْعُوْا شُهَدَاۤءَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٣
Wa in kuntum fī raibim mimmā nazzalnā ‘alā ‘abdinā fa'tū bisūratim mim miṡlih(ī), wad‘ū syuhadā'akum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[23] He Mukhammad, sira ambêbungaha wong kang padha ngandêl ing Ingsun, tur padha nglakoni kalakuan bêcik, satêmêne besuk padha duwe suwarga kang sangisoring kêkayone suwarga mau ana bêngawane mili. Wong kang ana ing suwarga mau sabên diladèni pêpanganan wowohaning suwarga padha ngucap mangkene: Iki pangananan[3] panunggalane kang diladèkake mau kae, awit padha diladèni panganan kang rupane padha nanging rasane beda-beda. Wong kang ana ing suwarga mau padha duwe bojo widadari akèh kang padha suci (Suci karêpe ora tau anggarapsari utawa sadhengaha kang anggigokake. Jalalèn.) pamanggone wong mau ana ing suwarga padha langgêng.

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا وَلَنْ تَفْعَلُوْا فَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ ۖ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ٢٤
Fa'illam taf‘alū wa lan taf‘alū fattaqun-nāral-latī waqūduhan-nāsu wal-ḥijārah(tu), u‘iddat lil-kāfirīn(a).
[24] Satêmêne Allah ora lingsêm agawe sadhengah sanepa, sanadyan asor, kaya ta lêmut utawa kang luwih gêdhe manèh, dene wong kang padha ngandêl ing Allah mêsthi padha wêruh yèn sanepa mau tètès lan yêktine, sarta têrang saka Pangerane, nanging wong kapir padha ngucap: Apa iya Allah karsa gawe sanepa kang mangkene iki. Dhawuhing Allah, sanepa iki kanggo nasarake wong akèh, lan kanggo nuduhake wong akèh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong phasèk, (Wong pasèk[4] iku wong duraka. Jalalèn.).

وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗ كُلَّمَا رُزِقُوْا مِنْهَا مِنْ ثَمَرَةٍ رِّزْقًا ۙ قَالُوْا هٰذَا الَّذِيْ رُزِقْنَا مِنْ قَبْلُ وَاُتُوْا بِهٖ مُتَشَابِهًا ۗوَلَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٥
Wa basysyiril-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti anna lahum jannātin tajrī min taḥtihal- anhār(u), kullamā ruziqū minhā min ṡamaratir rizqā(n), qālū hāżal-lażī ruziqnā min qablu wa utū bihī mutasyābihā(n), wa lahum fīhā azwājum muṭahharatuw wa hum fīhā khālidūn(a).
[25] Kang padha ambubrah dhawuh jangjining Allah sawise dikukuhake (Dikukuhake kalawan dianani tăndha yêkti mukjijate Kangjêng Rasul, lan wis dipacak ana ing Kuran. Jamal.) lan padha nugêl barang kang wis diparentahake dening Allah supaya digathukake, (Kaya ta: Allah wis marentahake sih-sinisihan, iku supaya wong padha gathuka karo sapadha-padhane, kang măngka wong kang diparentahi mau banjur sêsatron, iku aran wong nugêl barang kang wis diparentahake dening Allah supaya digathukna, lan ora ngandêl ing nabi, mangkono sapêpadhane. Jamal.) lan padha gawe rusak ana ing bumi (Gawe rusak ana ing bumi iku sarana nglakoni duraka, lan mopo ngandêl ing Allah. Jalalèn.) wong kang mangkono mau kabèh padha kapitunan.

۞ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَسْتَحْيٖٓ اَنْ يَّضْرِبَ مَثَلًا مَّا بَعُوْضَةً فَمَا فَوْقَهَا ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَيَقُوْلُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًا ۘ يُضِلُّ بِهٖ كَثِيْرًا وَّيَهْدِيْ بِهٖ كَثِيْرًا ۗ وَمَا يُضِلُّ بِهٖٓ اِلَّا الْفٰسِقِيْنَۙ٢٦
Innallāha lā yastaḥyī ay yaḍriba maṡalam mā ba‘ūḍatan famā fauqahā, fa'ammal- lażīna āmanū faya‘lamūna annahul-ḥaqqu mir rabbihim, wa ammal-lażīna kafarū fayaqūlūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), yuḍillu bihī kaṡīraw wa yahdī bihī kaṡīrā(n), wa mā yuḍillu bihī illal-fāsiqīn(a).
[26] He wong Mêkah, kapriye ta pancène sira iku bênêre padha ora bisa maido ing Allah, awit sira iku maune padha mati (Karêpe nalika wong iki isih rupa mani iku padha karo wong mati. Jalalèn.) Allah nuli nguripake (Nguripake, karêpe nitahake sira dadi manungsa kang urip. Jalalèn.) ing sira, sawise urip, Allah banjur matèni ing sira, sawise mati, Allah banjur nguripake (Allah ênggone nguripake manungsa kang kapindho iku besuk dina kiyamat. Jalalèn.) ing sira, sawise urip manèh, sira banjur padha digiring marang pangayunaning [pangayunaning] Allah.

الَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖۖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٢٧
Allażīna yanquḍūna ‘ahdallāhi mim ba‘di mīṡāqih(ī), wa yaqṭa‘ūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yufsidūna fil-arḍ(i), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[27] Allah iku kang wis nitahake samubarang isèn-isèning bumi kabèh makolèhi ing sira. Sawise nitahake bumi nuli karsa nitahake langit, Allah andadèkake langit iku dadi pitung langit, Allah iku nguningani samubarang kabèh.

كَيْفَ تَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَكُنْتُمْ اَمْوَاتًا فَاَحْيَاكُمْۚ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٨
Kaifa takfurūna billāhi wa kuntum amwātan fa'aḥyākum, ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[28] He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Pangeranira ngandika marang para malaikat: Ingsun anitahake sêsulih ana ing bumi. Para malaikat mau nuli padha munjuk: Kadospundi dene Tuwan têka nitahakên tiyang ingkang badhe damêl risak wontên ing bumi saha badhe mutahakên êrah, măngka kawula punika sami nyêbut mênggah ingkang Mahasuci Tuwan, sarta ngalêmbana ing Tuwan, punapadene nganggêp Mahasuci Tuwan ing batin, (Unjuke para malaikat mau karêpe mratelakake yèn awake luwih prayoga dadi sêsulihing Allah ana ing bumi. Jalalèn.) Allah nuli ngandika: Ingsun nguningani barang kang sira padha ora wêruh.

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ثُمَّ اسْتَوٰٓى اِلَى السَّمَاۤءِ فَسَوّٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ ۗ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٢٩
Huwal-lażī khalaqa lakum mā fil-arḍi jamī‘ā(n), ṡummastawā ilas-samā'i fasawwāhunna sab‘a samāwāt(in), wa huwa bikulli syai'in ‘alīm(un).
[29] Allah mêruhake Nabi Adam marang sawarnaning aran kabèh, nuli andangokake araning barang-barang marang para malaikat, Allah ngandika: Yèn nyata unjukira iku padha têmên, mara Ingsun tuduhana araning barang-barang iki.

وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُّفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاۤءَۚ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۗ قَالَ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٣٠
Wa iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī jā‘ilun fil-arḍi khalīfah(tan), qālū ataj‘alu fīhā may yufsidu fīhā wa yasfikud-dimā'(a), wa naḥnu nusabbiḥu biḥamdika wa nuqaddisu lak(a), qāla innī a‘lamu mā lā ta‘lamūn(a).
[30] Para malaikat padha munjuk: Tuwan punika Mahasuci, kawula sami botên gadhah kawruh punapa-punapa kajawi [kajawi] barang ingkang sampun Tuwan sêrêpakên dhumatêng kawula. Saèstonipun Tuwan punika nguningani saha wicaksana.

وَعَلَّمَ اٰدَمَ الْاَسْمَاۤءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ فَقَالَ اَنْۢبِـُٔوْنِيْ بِاَسْمَاۤءِ هٰٓؤُلَاۤءِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣١
Wa ‘allama ādamal-asmā'a kullahā ṡumma ‘araḍahum ‘alal-malā'ikati faqāla ambi'ūnī bi'asmā'i hā'ulā'i in kuntum ṣādiqīn(a).
[31] Allah ngandika: He Adam, para malaikat iku padha sira kandhanana araning barang-barang iku. Barêng Nabi Adam wis ngandhakake araning barang-barang mau marang para malaikat, Allah ngandika: Ingsun apa ora wis ngandika marang sira kabèh, yèn Ingsun nguningani gaibing langit lan bumi, lan nguningani samubarang kang padha sira lairake, lan samubarang kang padha sira singidake.

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ لَا عِلْمَ لَنَآ اِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٣٢
Qālū subḥānaka lā ‘ilma lanā illā mā ‘allamtanā, innaka antal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[32] He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Ingsun ngandika marang para malaikat: Sira padha sujuda marang Adam, para malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung iblis iku mopo sarta gumêdhe. Iblis banjur dadi ewoning wong kaphir.

قَالَ يٰٓاٰدَمُ اَنْۢبِئْهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْ ۚ فَلَمَّآ اَنْۢبَاَهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْۙ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَاَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ٣٣
Qāla yā ādamu ambi'hum bi'asmā'ihim, falammā amba'ahum bi'asmā'ihim, qāla alam aqul lakum innī a‘lamu gaibas-samāwāti wal-arḍ(i), wa a‘lamu mā tubdūna wa mā kuntum taktumūn(a).
[33] Ingsun ngandika: He Adam, sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana isining suwarga, umbaran sakarêp-karêpira, lan poma aja padha cêdhak-cêdhak wit (Aja padha cêdhak-cêdhak, karêpe aja wani-wani mangan wohe. Jalalèn.) siji iki, sira mundhak dadi ewoning wong nganiaya, (Wong nganiaya, karêpe wong duraka. Jalalèn).

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اَبٰى وَاسْتَكْبَرَۖ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٣٤
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li ādama fasajadū illā iblīs(a), abā wastakbara wa kāna minal-kāfirīn(a).
[34] Setan nuli mlèsèdake Nabi Adam sagarwane, (Sarana dibujuk nêrak laranganing Allah, supaya padha ditundhung saka suwarga. Jalalèn.) saka ing suwarga, wusana setan mau mêtokake Nabi Adam sagarwane saka suwarga kang diênggoni. Ingsun nuli ngandika: He Adam, sira padha mudhuna, (Mudhuna saka suwarga marang bumi. Jalalèn.) sawênèhing turunira bakal asêsatron lan sawênèhing turune setan, dene sira ana ing bumi duwe panggonan têtêp, lan olèh kabungahan, nganti têkan mangsaning pati.

وَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ وَكُلَا مِنْهَا رَغَدًا حَيْثُ شِئْتُمَاۖ وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ٣٥
Wa qulnā yā ādamuskun anta wa zaujukal-jannata wa kulā minhā ragadan ḥaiṡu syi'tumā, wa lā taqrabā hāżihisy-syajarata fa takūnā minaẓ-ẓālimīn(a).
[35] Nabi Adam nuli nêmu têtêmbungan saka wisiking Pangerane, (Têtêmbungan iku nuli dianggo mêmuji nyuwun pangapuraning Allah. Jalalèn.) Allah nuli nampèni tobate Nabi Adam, satêmêne Allah iku nampèni tobat lan Maha-asih.

فَاَزَلَّهُمَا الشَّيْطٰنُ عَنْهَا فَاَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيْهِ ۖ وَقُلْنَا اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚ وَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ٣٦
Fa'azallahumasy-syaiṭānu ‘anhā fa akhrajahumā mimmā kānā fīh(i), wa qulnahbiṭū ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), wa lakum fil-arḍi mustaqarruw wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[36] Ingsun ngandika: He Adam, sira kabèh padha mudhuna saka ing suwarga, ing têmbe yèn sira katêkan pituduh saka Ingsun, sing sapa manut pituduh Ingsun mau mêsthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora kasusahan.

فَتَلَقّٰٓى اٰدَمُ مِنْ رَّبِّهٖ كَلِمٰتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ٣٧
Fatalaqqā ādamu mir rabbihī kalimātin fatāba ‘alaih(i), innahū huwat-tawwābur- raḥīm(u).
[37] Dene wong kang padha kaphir lan padha anggorohake ayat Ingsun, iku kabèh padha duwe bubuhan naraka, wong iku mau ênggone ana ing naraka padha langgêng.

قُلْنَا اهْبِطُوْا مِنْهَا جَمِيْعًا ۚ فَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٣٨
Qulnahbiṭū minhā jamī‘ā(n), fa'immā ya'tiyannakum minnī hudan faman tabi‘a hudāya falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[38] He para turuning Israil, sira padha elinga pêparingingsun nikmat marang sira kabèh, lan padha nuhonana janji parentah Ingsun, Ingsun uga nuhoni janji kasaguhan Ingsun marang sira kabèh, lan padha wêdia nyidraning[5] Ingsun. Lan sira padha ngandêla Kuran kang wus Ingsun dhawuhake, dumunung ngèstokake kitab cêcêkêlanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kaphir ing Kuran, lan sira aja padha tuku (Tuku, karêpe nglironi. Jalalèn.) barang kang sathithik rêgane (Barang kang sathithik rêgane iku karêpe barang kabungahan ing dunya. Jalalèn.) sira bayar kalawan ayat Ingsun, lan sira padha wêdia marang Ingsun.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٣٩
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[39] Lan sira aja padha nyarub barang kang bênêr (Iya iku Kuran, Jalalèn.) sira carub karo barang kang ora bênêr, (Iya iku salinane wong Yahudi ênggone ngowahi kitab Torèt. Jamal.) lan aja padha ngumpêtake barang kang nyata bênêr, (Iku kaanane Kangjêng Nabi Mukhammad. Jalalèn.) sira kabèh iya wis padha wêruh.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَوْفُوْا بِعَهْدِيْٓ اُوْفِ بِعَهْدِكُمْۚ وَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ٤٠
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa aufū bi‘ahdī ūfi bi‘ahdikum, wa iyyāya farhabūn(i).
[40] Lan sira padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat, lan padha rukuka (Rukuka, karêpe sêmbayanga, awit sêmbayang iku nganggo rukuk. Jalalèn.) karo wong kang padha rukuk-rukuk kae.

وَاٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلْتُ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ وَلَا تَكُوْنُوْٓا اَوَّلَ كَافِرٍۢ بِهٖ ۖ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۖوَّاِيَّايَ فَاتَّقُوْنِ٤١
Wa āminū bimā anzaltu muṣaddiqal limā ma‘akum wa lā takūnū awwala kāfirim bih(ī), wa lā tasytarū bi'āyātī ṡamanan qalīlā(n), wa iyyāya fattaqūn(i).
[41] Yagene sira padha akon marang manungsa supaya nglakonana kabêcikan, awakira dhewe padha sira uja bae, kang măngka sira padha maca kitabira, (Iya iku kitab Torèt, ing kono ana pangancam-ancam marang wong kang pangucape ngosokbalèni lakune. Jalalèn.) apa sira padha ora mikir kang mangkono mau, iku ora bêcik.

وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤٢
Wa lā talbisul-ḥaqqa bil-bāṭili wa taktumul-ḥaqqa wa antum ta‘lamūn(a).
[42] Lan padha nganggoa lantaran kalawan sabar lan anglakoni sêmbayang. Dene nglakoni sêmbayang iku dhasar abot, [abot,] kajaba tumrap wong kang padha konjêm ing Allah.

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَارْكَعُوْا مَعَ الرّٰكِعِيْنَ٤٣
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta warka‘ū ma‘ar-rāki‘īn(a).
[43] Iya iku wong kang padha nyipta kalawan têrang, têmên bakal padha disowanake ing Pangerane sarta têmên bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane.

۞ اَتَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبِرِّ وَتَنْسَوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَاَنْتُمْ تَتْلُوْنَ الْكِتٰبَ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٤٤
Ata'murūnan-nāsa bil-birri wa tansauna anfusakum wa antum tatlūnal-kitāb(a), afalā ta‘qilūn(a).
[44] He para turuning Israil, sira padha elinga nikmat Ingsun kang wis Ingsun paringake marang sira kabèh, lan elinga yèn Ingsun wis angluwihake marang sira ngungkuli wong sajagad. (Wong sajagad, kang dudu turun Israil dhèk samana. Jalalèn.).

وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَۙ٤٥
Wasta‘īnū biṣ-ṣabri waṣ-ṣalāh(ti), wa innahā lakabīratun illā ‘alal-khāsyi‘īn(a).
[45] Lan sira padha wêdia dina kiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa nyukup utawa têtulung sathithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana awak duwe saphangat (Saphangat, têgêse atur utawa sadhengah sarana kang bakal makolèhake ing liyan. Jamal.) kang sinêmbadan, lan ora ana awak kang ditampani têbusane, para awak mau ora ana kang padha tinulungan. (Ora ana kang padha tinulungan, karêpe, ora ana kang bisa nulak siksaning Allah. Jalalèn.).

الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ ࣖ٤٦
Allażīna yaẓunnūna annahum mulāqū rabbihim wa annahum ilaihi rāji‘ūn(a).
[46] Lan padha elinga nalikane Ingsun nyalamêtake ing sira kabèh saka siya-siyane balane Raja Pirngon, ênggone padha nandukake sêksi kang ngêrês-êrêsi marang sira, padha nyambêlèhi anak-anakira kang mêtu lanang, lan nguripi kang mêtu wadon, kang mangkono iku coba gêdhe saka Pangeranira.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ٤٧
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa annī faḍḍaltukum ‘alal- ‘ālamīn(a).
[47] Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake sagara, Ingsun nuli nyalamêtake sira, sarta ngêlêm para balane Raja Pirngon, sira kabèh iya padha andêlêng.

وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا يُؤْخَذُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٤٨
Wattaqū yaumal lā tajzī nafsun ‘an nafsin syai'aw wa lā yuqbalu minhā syafā‘atuw wa lā yu'khażu minhā ‘adluw wa lā hum yunṣarūn(a).
[48] Lan padha elinga nalikane Ingsun namtokake sebane Musa patangpuluh bêngi lawase, sawise mangkat, sira nuli ngadêgake Pangeran sapi (Sapi mas. Jalalèn.) sira padha têtêp wong nganiaya. (Nganiaya, têgêse dosa).

وَاِذْ نَجَّيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْ ۗ وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ٤٩
Wa iż najjainākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażābi yużabbiḥūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum, wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[49] Sawise mangkono Ingsun nuli ngapura dosanira kabèh, supaya sira padha ngaturi panuwun.

وَاِذْ فَرَقْنَا بِكُمُ الْبَحْرَ فَاَنْجَيْنٰكُمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ٥٠
Wa iż faraqnā bikumul-baḥra fa'anjainākum wa agraqnā āla fir‘auna wa antum tanẓurūn(a).
[50] Lan padha elinga nalikane Ingsun maringi kitab Torèt marang Musa, têgêse kang ambedakake ala lan bêcik, supaya sira padha olèha pituduh.

وَاِذْ وٰعَدْنَا مُوْسٰىٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ٥١
Wa iż wā‘adnā mūsā arba‘īna lailatan ṡummattakhażtumul-‘ijla mim ba‘dihī wa antum ẓālimūn(a).
[51] Lan padha elinga nalikane Musa parentah marang para santanane: He para santanaku, satêmêne kowe iku padha niaya marang awakmu dhewe, amarga ênggonmu padha ngadêgake Pangeran sapi, mulane padha tobata marang kang nitahake awakmu, banjur padha nyumanggakna awakmu dipatèni. Kaparêng Pangeran kang nitahake awakmu kang mangkono iku luwih bêcik tumraping awakmu. Pangeran bakal nampèni tobatira, satêmêne Pangeran iku gêdhe pangapurane, tur Maha-asih.

ثُمَّ عَفَوْنَا عَنْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٥٢
Ṡumma ‘afaunā ‘ankum mim ba‘di żālika la‘allakum tasykurūn(a).
[52] Lan sira padha elinga nalikane sira padha matur: Dhuh Nabi Musa, kula sami botên ngandêl ing sampeyan, [sampeyan,] kajawi manawi kula sami ningali sariraning Allah kalayan satmata.[6] Nuli ana balêdhèg nyambêr matèni sira. Sira iya padha andêlêng.

وَاِذْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَالْفُرْقَانَ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ٥٣
Wa iż ātainā mūsal-kitāba wal-furqāna la‘allakum tahtadūn(a).
[53] Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake manèh, supaya sira padha ngaturi panuwun.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنَّكُمْ ظَلَمْتُمْ اَنْفُسَكُمْ بِاتِّخَاذِكُمُ الْعِجْلَ فَتُوْبُوْٓا اِلٰى بَارِىِٕكُمْ فَاقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ عِنْدَ بَارِىِٕكُمْۗ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ٥٤
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumi innakum ẓalamtum anfusakum bittikhāżikumul- ‘ijla fatūbū ilā bāri'ikum faqtulū anfusakum, żālikum khairul lakum ‘inda bāri'ikum, fatāba ‘alaikum, innahū huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[54] Lan manèh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega, apadene Ingsun nurunake man, (Man iku êbun: rasane lêgi. Jamal.) lan manuk gêmak, dhawuh Ingsun: Mara padha mangana pêparing Ingsun rêjêki kang enak, (Iya iku man lan manuk gêmak, nanging padha dipacuhi ora kêna nandho man. Jalalèn.) para turuning Israil ênggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, malah padha nganiaya awake dhewe.

وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى نَرَى اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْكُمُ الصّٰعِقَةُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ٥٥
Wa iż qultum yā mūsā lan nu'mina laka ḥattā narallāha jahratan fa'akhażatkumuṣ-ṣā‘iqatu wa antum tanẓurūn(a).
[55] Lan padha elinga nalikane Ingsun ngandika: He para turuning Israil, sira padha malêbua ing desa iki, (Iya iku desa Arikha. Jalalèn.) banjur padha mangana isine ing kono sakarêp-karêpira kalawan umbaran, lan padha malêbua lawanging desa mau sarta sujud, lan padha ngucap mangkene: Khittah, (Khittah iku têmbungan kang didhawuhake dening Allah, para turuning Israil padha ingandikakake ngunèkake nalikane malêbu lawanging desa Arikha, nanging têmbung khittah mau ora ana wong sumurup têgêse ewadene ana sawênèhing pujăngga bisa anggagas, khittah iku têgêse: tobat. Jamal.) Ingsun mêsthi ngapura marang sira kabèh sakèhing kaluputanira. Dene wong kang padha bêcik pangabêktine bakal Ingsun wuwuhi manèh.

ثُمَّ بَعَثْنٰكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَوْتِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٥٦
Ṡumma ba‘aṡnākum mim ba‘di mautikum la‘allakum tasykurūn(a).
[56] Dene wong kang padha nganiaya (Nganiaya: têgêse duraka. Jalalèn.) padha nyalini têmbung khittah kalawan pangucap kang ora didhawuhake dening Allah marang para turuning Israil mau, (Pangucape para wong duraka mangkene: Khabbah phisangirah, têgêse: wiji siji ana sajroning juwawut, ênggone ngucap mangkono mau ewa sarta ngrèmèhake dhawuhing Allah. Jalalèn.) mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit, marang wong kang padha nganiaya mau, marga ênggone padha phasèk. (Phasèk, têgêse: duraka. Jalalèn.).

وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى ۗ كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ ۗ وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٥٧
Wa ẓallalnā ‘alaikumul-gamāma wa anzalnā ‘alaikumul-manna was-salwā, kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa mā ẓalamūnā wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[57] Lan padha elinga nalikane Musa nyuwunake ngumbe para santanane, Ingsun banjur dhawuh: He Musa, têkênira sira jojohna ing watu, watu sawise dijojoh, sanalika banjur angudalake banyu dadi sumbêran rolas, sawiji-wijine wong pancêr Israil banjur padha wêruh pangombène dhewe-dhewe. Pangandikaningsun: Sira padha mangana lan ngombea rêjêki pêparinging Allah, lan aja padha gawe rusak.

وَاِذْ قُلْنَا ادْخُلُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ فَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُوْلُوْا حِطَّةٌ نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطٰيٰكُمْ ۗ وَسَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ٥٨
Wa iż qulnadkhulū hāżihil-qaryata fakulū minhā ḥaiṡu syi'tum ragadaw wadkhulul- bāba sujjadaw wa qūlū ḥiṭṭatun nagfir lakum khaṭāyākum, wa sanazīdul-muḥsinīn(a).
[58] Lan padha elinga nalikane sira padha matur: Dhuh Nabi Musa, kula sami botên narimah nêdha têtêdhan namung warni satunggal kemawon, mila kula sami sampeyan suwunakên dhatêng Pangeran sampeyan, supados Pangeran mêdalna têtuwuhan ing bumi ingkang mikantuki dhatêng kula sadaya, kados ta: jêjangananing bumi lan timuning bumi lan bawanging bumi lan kadhêlening bumi lan brambanging bumi. Musa nuli mangsuli: Apa patut kowe padha nyuwun salin barang kang luwih dening rèmèh, dianggo nyalini barang kang luwih bêcik. Allah nuli ngandika: He para turuning Israil, sira padha balia mênyang nagara Mêsir bae, sira mêsthi olèh samubarang kang padha sira suwun iku. Para turuning Israil bakal padha didadèkake asor lan sangsara, lan padha têtêp olèh bêbênduning Allah, kang mangkono mau amarga saka ênggone padha maido ayating Allah lan padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, kang mangkono iku awit saka ênggone duraka lan andadra.

فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ فَاَنْزَلْنَا عَلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ ࣖ٥٩
Fabaddalal-lażīna ẓalamū qaulan gairal-lażī qīla lahum fa anzalnā ‘alal-lażīna ẓalamū rijzam minas-samā'i bimā kānū yafsuqūn(a).
[59] Dene wong kang padha ngandêl ing para nabi lan para wong Yahudi lan wong Nasara, lan wong Sabiin, (Wong Yahudi iku wong turun Yahuda, agamane manut Kangjêng Nabi Musa, nanging sadhengah wong kang manut Kangjêng Nabi Musa, banjur olèh [olèh] jênêng Yahudi, dene wong Nasara, iku sarupane wong kang manut Kangjêng Nabi Ngisa nalika timure ana kutha Nasarèt, dene wong Sabiin iku wong kaphir kang padha nyêmbah lintang, sêdyane manut agamane Kyai Sabik, putrane Kangjêng Nabi Sis, nanging laire manut agama Nasara.) kabèh bae sing sapa saiki ngandêl ing Allah lan ngandêl anane dina kiyamat, sarta nglakoni kalakuan bêcik, mêsthi padha tămpa ganjarane dhewe-dhewe ana ngarsaning Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa, lan padha ora kasusahan.

۞ وَاِذِ اسْتَسْقٰى مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ فَقُلْنَا اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۗ فَانْفَجَرَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۗ قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْ ۗ كُلُوْا وَاشْرَبُوْا مِنْ رِّزْقِ اللّٰهِ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٦٠
Wa iżistasqā mūsā liqaumihī faqulnaḍrib bi‘aṣākal-ḥajar(a), fanfajarat minhuṡnatā ‘asyrata ‘ainā(n), qad ‘alima kullu unāsim masyrabahum, kulū wasyrabū mir rizqillāhi wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[60] Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmanira, lan Ingsun nganggo ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana ing dhuwurira, pangandikaningsun: Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabèh padha sandikanana, lakonana kalawan têmên-têmên, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha wêdia.

وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نَّصْبِرَ عَلٰى طَعَامٍ وَّاحِدٍ فَادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُخْرِجْ لَنَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ مِنْۢ بَقْلِهَا وَقِثَّاۤىِٕهَا وَفُوْمِهَا وَعَدَسِهَا وَبَصَلِهَا ۗ قَالَ اَتَسْتَبْدِلُوْنَ الَّذِيْ هُوَ اَدْنٰى بِالَّذِيْ هُوَ خَيْرٌ ۗ اِهْبِطُوْا مِصْرًا فَاِنَّ لَكُمْ مَّا سَاَلْتُمْ ۗ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ وَالْمَسْكَنَةُ وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ ࣖ٦١
Wa iż qultum yā mūsā lan naṣbira ‘alā ṭa‘āmiw wāḥidin fad‘u lanā rabbaka yukhrij lanā mimmā tumbitul-arḍu mim baqlihā wa qiṡṡā'ihā wa fūmihā wa ‘adasihā wa baṣalihā, qāla atastabdilūnal-lażī huwa adnā bil-lażī huwa khair(un), ihbiṭū miṣran fa inna lakum mā sa'altum, wa ḍuribat ‘alaihimuż-żillatu wal-maskanatu wa bā'ū bigaḍabim minallāh(i), żālika bi'annahum kānū yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnan- nabiyyīna bi gairil-ḥaqq(i), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[61] Sawise sira padha sanggêm, sira nuli padha ambalik, saupama oraa ana sih nugrahaning Allah kang rumêntah marang sira kabèh mêsthi sira padha kalêbu ewoning wong kang padha kapitunan. Satêmêne sira iya wis padha wêruh kancanira kang padha andaluya ana ing dina Sêtu, padha Ingsun pangandikani: Sira padha dadia kêthèk kang ngêdoh.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالنَّصٰرٰى وَالصَّابِــِٕيْنَ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦٢
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū wan-naṣārā waṣ-ṣābi'īna man āmana billāhi wal- yaumil-ākhiri wa ‘amila ṣāliḥan fa lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[62] Ingsun andadèkake siksa kang wis kasêbut mau Ingsun ênggo ngelikake wong dhèk samana, lan wong sapungkure jaman samana, lan dadia wêwulang marang wong kang padha wêdi ing Allah.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ٦٣
Wa iż akhażnā mīṡāqakum wa rafa‘nā fauqakumuṭ-ṭūr(a), khużū mā ātainākum biquwwatiw ważkurū mā fīhi la‘allakum tattaqūn(a).
[63] Lan padha elinga nalikane Musa parentah marang para santanane: Satêmêne Allah dhawuh marang sira kabèh kowe padha ambêlèha sapi (Mulabukane ana dhawuh mangkono mau, awit ing kono ana rajapati ora karuwan kang matèni, para turun Israil banjur padha matur marang Kangjêng Nabi Musa, diaturi nêgês ing Allah, supaya Allah paringa katêrangan sapa kang matèni. Sawise Kangjêng Nabi Musa nêgês, Allah banjur dhawuh ambêlèh sapi. Nanging para turun Israil padha ora ngêrti yèn panyambêlèh sapi iku bakal dadi sarana nguripake wong mati mau sabanjure ngandhakake sapa kang matèni, mulane para turun Israil padha rumasa dianggo gêguyon. Jamal.) para santana mau banjur padha matur: Punapaa sampeyan têka damêl gêgujêngan dhatêng kula. Wangsulane Musa: Aku muga didohna dening Allah, aja nganti kalêbu ewoning wong kang padha bodho. Para turuning Israil nuli padha matur: Dhuh Nabi Musa, sampeyan mugi matura dhatêng Pangeran sampeyan, supados paringa katêrangan dhumatêng kula, lêmbu wau ingkang sampun [sampun] wanci punapa. Musa nuli mangsuli: Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang wis pikun, lan dudu sapi kang isih pêdhèt, golèka sapi kang sêdhêngan. Têngah-têngah antaraning pikun lan pêdhèt, lah banjur lakonana ênggonmu padha diparentahi mau. Para turuning Israil nuli padha matur manèh: Dhuh Nabi Musa, sampeyan mugi matura malih dhatêng Pangeran sampeyan, supados paringa katêrangan dhumatêng kula, lêmbu wau ingkang ulês punapa. Musa nuli mangsuli: Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ulês warnane kuning tuwa, tur kang ambungahake wong kang padha andêlêng.

ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَكُنْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٦٤
Ṡumma tawallaitum mim ba‘di żālika falau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū lakuntum minal-khāsirīn(a).
[64]

وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ الَّذِيْنَ اعْتَدَوْا مِنْكُمْ فِى السَّبْتِ فَقُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خٰسِـِٕيْنَ٦٥
Wa laqad ‘alimtumul-lażīna‘tadau minkum fis-sabti faqulnā lahum kūnū qiradatan khāsi'īn(a).
[65] Para turuning Il[7] nuli padha matur manèh: Dhuh Nabi Musa, sampeyan mugi matura malih dhatêng Pangeran sampeyan, supados paringa katêrangan malih dhumatêng kula, lêmbu wau punapa ingkang dèrèng dipun madamêlakên, punapa ingkang sampun dipun madamêlakên, awit lêmbu wau tumrapipun ing kula taksih pêtêng, manawi kaparêng kalihan karsaning Allah, kula tamtu sami angsal pitêdah.

فَجَعَلْنٰهَا نَكَالًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهَا وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ٦٦
Faja‘alnāhā nakālal limā baina yadaihā wa mā khalfahā wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[66] Musa nuli mangsuli: Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang durung tau kangelan, diênggo maluku bumi, lan kang durung tau diênggo ngebor nyirami têtanduran, tur kang lawung (Sapi lawung iku sapi kang tanpa cacad, tur ora ana tilase kang mratandhani yèn wis tau dipèk gawene. Jamal.) mulus, ora ana balêntong-balêntonge, para turun Israil nuli padha matur: Sapunika sampeyan karsa mratelakakên kalayan têrang. Nuli padha ambêlèh sapi kang kacêtha mau, tur maune mèh padha ora bisa nglakoni.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖٓ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تَذْبَحُوْا بَقَرَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَتَّخِذُنَا هُزُوًا ۗ قَالَ اَعُوْذُ بِاللّٰهِ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٦٧
Wa iż qāla mūsā liqaumihī innallāha ya'murukum an tażbaḥū baqarah(tan), qālū atattakhiżunā huzuwā(n), qāla a‘ūżu billāhi an akūna minal-jāhilīn(a).
[67] Lan padha elinga nalikane sira padha matèni awak, (Matèni awak, têgêse: matèni uwong. Awit dhèk samana ana rajapati ora karuwan kang matèni. Jamal.) sira nuli padha selak-sinelakan prakara rajapati mau, ewadene Allah mêlèhake marang sira mungguhing barang kang padha sira kikibi.

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَ ۗ قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا فَارِضٌ وَّلَا بِكْرٌۗ عَوَانٌۢ بَيْنَ ذٰلِكَ ۗ فَافْعَلُوْا مَا تُؤْمَرُوْنَ٦٨
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā hiy(a), qāla innahū yaqūlu innahā baqaratul lā fāriḍuw wa lā bikr(un), ‘awānum baina żālik(a), faf‘alū mā tu'marūn(a).
[68] Ingsun nuli ngandika: He para turuning Israil, sira anggitikna peranganing sapi iku marang wong kang mati. (Kalakone kang digitikake iku buntute, wong kang mati barêng digitik nganggo buntut sapi bisa urip, sabanjure mratelakake wong kang matèni. Jalalèn.) Ing besuk Allah ênggone nguripake wong kang wis padha mati, iya kaya mangkene iki. (Têgêse besuk dina kiyamat, Allah ênggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mangkono iku ênggone ora mokal. Jamal). Saiki Allah mêruhake ayate marang sira kabèh. Supaya sira iku padha mikira.

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا لَوْنُهَا ۗ قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ صَفْرَاۤءُ فَاقِعٌ لَّوْنُهَا تَسُرُّ النّٰظِرِيْنَ٦٩
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā launuhā, qāla innahū yaqūlu innahā baqaratun ṣafrā'u fāqi‘ul launuhā tasurrun-nāẓirīn(a).
[69] Sawise kalakon mangkono atinira nuli [nuli] padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos manèh, saatos-atosane watu isih ana kang mênga mêtokake kali, lan ana kang pêcah ngudalake banyu, lan ana manèh watu kang mlorod saka konjême marang Allah, Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَۙ اِنَّ الْبَقَرَ تَشٰبَهَ عَلَيْنَاۗ وَاِنَّآ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَمُهْتَدُوْنَ٧٠
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā hiy(a), innal-baqara tasyābaha ‘alainā, wa innā in syā'allāhu lamuhtadūn(a).
[70] He Mukhammad, apa iya sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha ngandêl marang sira, kang măngka wis ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah, sawise padha mikir-mikir banjur padha ngowahi pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha wêruh.

قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا ذَلُوْلٌ تُثِيْرُ الْاَرْضَ وَلَا تَسْقِى الْحَرْثَۚ مُسَلَّمَةٌ لَّاشِيَةَ فِيْهَا ۗ قَالُوا الْـٰٔنَ جِئْتَ بِالْحَقِّ فَذَبَحُوْهَا وَمَا كَادُوْا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٧١
Qāla innahū yaqūlu innahā baqaratul lā żalūlun tuṡīrul-arḍa wa lā tasqil-ḥarṡ(a), musallamatul lā syiyata fīhā, qālul-'āna ji'ta bil-ḥaqqi fażabaḥūhā wa mā kādū yaf‘alūn(a).
[71] Wong Yahudi kang padha munaphèk nalikane padha patêmon lan para wong mukmin, pangucape: Kula punika sami ngandêl ing Kangjêng Nabi Mukhammad, dene yèn pinuju kêkumpulan, para panggêdhening wong Yahudi ngucap mangkene: Sabab dening apa kowe têka padha ambalakakake marang para wong mukmin bab dhawuhing Allah marang kowe ana ngarsaning Pangeranmu, apa kowe padha ora duwe akal.

وَاِذْ قَتَلْتُمْ نَفْسًا فَادّٰرَءْتُمْ فِيْهَا ۗ وَاللّٰهُ مُخْرِجٌ مَّا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ ۚ٧٢
Wa iż qultum nafsan faddāra'tum fīhā, wallāhu mukhrijum mā kuntum taktumūn(a).
[72] Wong Yahudi apa padha ora wêruh yèn Allah iku ngudanèni samubarang kang padha dibatin dening Si Yahudi lan samubarang kang padha dilairake.

فَقُلْنَا اضْرِبُوْهُ بِبَعْضِهَاۗ كَذٰلِكَ يُحْيِ اللّٰهُ الْمَوْتٰى وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٧٣
Faqulnaḍribūhu biba‘ḍihā, każālika yuḥyillāhul-mautā wa yurīkum āyātihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[73] Sawênèhing wong Yahudi ana kang bodho, ora wêruh kitab Torèt, wêruhe mung carita goroh, [goroh,] dadi kawruhe Si Yahudi mau ora ana manèh kajaba mung kira-kira bae. Siksa kang bangêt iku bubuhane wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, (Têgêse kalawan sakarêp-karêpe dhewe, ora têrang saka pangandikaning Allah. Jalalèn.) banjur ngucap: iki kitab têrang saka ngarsaning Allah, karêpe supaya payua diênggo nuku barang kang sathithik rêgane, (Iya iku donya: Jalalèn.) mulane siksa kang bangêt iku dadi bubuhane wong kang mangkono mau, minăngka patrapane ênggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi bubuhane minăngka patrapan ênggone nglakoni mamrih.[8]

ثُمَّ قَسَتْ قُلُوْبُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَهِيَ كَالْحِجَارَةِ اَوْ اَشَدُّ قَسْوَةً ۗ وَاِنَّ مِنَ الْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ الْاَنْهٰرُ ۗ وَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخْرُجُ مِنْهُ الْمَاۤءُ ۗوَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَهْبِطُ مِنْ خَشْيَةِ اللّٰهِ ۗوَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٧٤
Ṡumma qasat qulūbukum mim ba‘di żālika fahiya kal-ḥijārati au asyaddu qaswah(tan), wa inna minal-ḥijārati lamā yatafajjaru minhul-anhār(u), wa inna minhā lamā yasysyaqqaqu fayakhruju minhul-mā'(u), wa inna minhā lamā yahbiṭu min khasy-yatillāh(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[74] Wong Yahudi kang padha munapèk padha ngucap: Aku măngsa kacêmplunga ing naraka, kajaba mung sawatara dina bae, kang karuwan cacahe. He Mukhammad, sira dhawuha: pangucapmu iku kowe apa olèh janji ana ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora kowêruhi, koawadake saka Allah.

۞ اَفَتَطْمَعُوْنَ اَنْ يُّؤْمِنُوْا لَكُمْ وَقَدْ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَسْمَعُوْنَ كَلَامَ اللّٰهِ ثُمَّ يُحَرِّفُوْنَهٗ مِنْۢ بَعْدِ مَا عَقَلُوْهُ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٥
Afa taṭma‘ūna ay yu'minū lakum wa qad kāna farīqum minhum yasma‘ūna kalāmallāhi ṡumma yuḥarrifūnahū mim ba‘di mā ‘aqalūhu wa hum ya‘lamūn(a).
[75] O, iya kacêmplung lan iya langgêng. Sing sapa nglakoni ala, sarta pialane mau nglimputi awake, (Têgêse wis ora duwe bêcik sathithik-thithika, iya iku mati kaphir. Jalalèn.) wong kang mangkono iku mêsthi manggon ing naraka, ênggone ana ing kono padha langgêng.

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّاۚ وَاِذَا خَلَا بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ قَالُوْٓا اَتُحَدِّثُوْنَهُمْ بِمَا فَتَحَ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ لِيُحَاۤجُّوْكُمْ بِهٖ عِنْدَ رَبِّكُمْ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٧٦
Wa iżā laqul-lażīna āmanū qālū āmannā, wa iżā khalā ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍin qālū atuḥaddiṡūnahum bimā fataḥallāhu ‘alaikum liyuḥājjūkum bihī ‘inda rabbikum, afalā ta‘qilūn(a).
[76] Dene wong kang padha ngandêl ing Allah sarta padha nglakoni kabêcikan, wong kang mangkono mau padha dibubuhi suwarga, ênggone ana ing suwarga: langgêng.

اَوَلَا يَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٧
Awalā ya‘lamūna annallāha ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[77] Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmane para turuning Israil. Pangandikaningsun: Sira aja padha nêmbah liyane Allah, lan padha ambêcikana wong tuwanira loro lan para sanakira, lan para bocah yatim, (Bocah yatim iku bocah durung balèg tininggal mati bapakne. Jamal.) lan para wong malarat, lan dibêcik pangucapira marang sapêpadhanira, lan padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat. Sawise sira padha sanggêm, sira banjur padha ambalik, kajaba mung kancanira sawatara, sira padha malengos.

وَمِنْهُمْ اُمِّيُّوْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ الْكِتٰبَ اِلَّآ اَمَانِيَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٧٨
Wa minhum umiyyūna lā ya‘lamūnal-kitāba illā amāniyya wa in hum illā yaẓunnūn(a).
[78] Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmanira. Pangandikaningsun: Sira aja padha mutahake gêtihe para kancanira saka ing omahira. Sira banjur padha sanggêm, lan sira padha nêksèni awakira dhewe.

فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ يَكْتُبُوْنَ الْكِتٰبَ بِاَيْدِيْهِمْ ثُمَّ يَقُوْلُوْنَ هٰذَا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ لِيَشْتَرُوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗفَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا كَتَبَتْ اَيْدِيْهِمْ وَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا يَكْسِبُوْنَ٧٩
Fawailul lil-lażīna yaktubūnal-kitāba bi'aidīhim ṡumma yaqūlūna hāżā min ‘indillāhi liyasytarū bihī ṡamanan qalīlā(n), fawailul lahum mimmā katabat aidīhim wa wailul lahum mimmā yaksibūn(a).
[79] He turun Israil iku kabèh, sira banjur padha matèni para kancanira, lan nundhung kancanira sagolongan saka ing omahe, sira padha mêmarahi kalawan dosa lan anjarag nganiaya. Dene manawa ana wong boyongan padha têka ing sira, banjur padha sira têbusi, kang măngka sira padha dilarangi nundhung wong mau, yèn mangkono [mangkono] apa sira iku ngandêl lan angèstokake kitab sathithik, sarta maido lan mopo dhawuhing kitab sathithik. Para kancanira kang padha nglakoni iku wêwalêse ora ana manèh kajaba padha digawe asor ana jaman urip ing donya, dene besuk dina kiyamat, padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha dilakoni.

وَقَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدَةً ۗ قُلْ اَتَّخَذْتُمْ عِنْدَ اللّٰهِ عَهْدًا فَلَنْ يُّخْلِفَ اللّٰهُ عَهْدَهٗٓ اَمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨٠
Wa qālū lan tamassanan-nāru illā ayyāmam ma‘dūdah (tan), qul attakhażtum ‘indallāhi ‘ahdan falay yukhlifallāhu ‘ahdahū am taqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[80] Wong kang padha mangkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku kalawan kabungahan akhirat, mulane bakal padha ora diènthèngake siksane, lan padha ora ditulungi.

بَلٰى مَنْ كَسَبَ سَيِّئَةً وَّاَحَاطَتْ بِهٖ خَطِيْۤـَٔتُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٨١
Balā man kasaba sayyi'ataw wa aḥāṭat bihī khaṭī'atuhū fa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[81] Ingsun têmên wis maringi kitab Torèt marang Musa, sarta sapungkure Musa Ingsun tungka para utusaningsun, lan Ingsun wis maringi tăndha yêkti kasêktèn marang Musa[9] anake Maryam, sarta Ingsun wis nyantosakake Ngisa kalawan roh suci, (Roh suci iku Malaikat Jabarail. Jalalèn.) yagene sabên sira padha katêkan utusaningsun andhawuhake barang kang ora condhong lan karêpira, sira banjur padha gumêdhe mathènthèng, mulane utusan mau kang sagolongan padha sira paido, lan kang sagolongan padha sira patèni.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٨٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ulā'ika aṣḥābul-jannah(ti), hum fīhā khālidūn(a).
[82] Para wong Yahudi kang munaphèk padha matur: Manah kula punika katutupan. Allah ambêndoni wong munaphèk mau marga ênggone padha kaphir, dadi si munaphèk mau padha sathithik pangandêle. [pangandêle.]

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ لَا تَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَقُوْلُوْا لِلنَّاسِ حُسْنًا وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۗ ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْكُمْ وَاَنْتُمْ مُّعْرِضُوْنَ٨٣
Wa iż akhażnā mīṡāqa banī isrā'īla lā ta‘budūna illallāha wa bil-wālidaini iḥsānaw wa żil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wa qūlū lin-nāsi ḥusnaw wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāh(ta), ṡumma tawallaitum illā qalīlam minkum wa antum mu‘riḍūn(a).
[83] Barêng wong Yahudi padha katêkan kitab Kuran saka ngarsaning Allah, kang tètès karo wêcane kitab Torèt, cêcêkêlane wong Yahudi, tur sadurunge katêkan Kuran, wong Yahudi mau padha ngajap, olèha pitulung (Pitulung kang diajap dening wong Yahudi iku pitulunging Allah lantaran saka nabi kang bakal jumênêng, kang wis kasêbut ana ing pamêcaning kitab Torèt. Jalalèn.) ngalahake para wong kaphir, barêng nabi kang wis diwêruhi kalawan wêca mau jumênêng, Si Yahudi padha kaphir maido ing nabi mau. Bêbênduning Allah têtêp marang sakèhing wong kaphir.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ لَا تَسْفِكُوْنَ دِمَاۤءَكُمْ وَلَا تُخْرِجُوْنَ اَنْفُسَكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ ۖ ثُمَّ اَقْرَرْتُمْ وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ٨٤
Wa iż akhażnā mīṡāqakum lā tasfikūna dimā'akum wa lā tukhrijūna anfusakum min diyārikum ṡumma aqrartum wa antum tasyhadūn(a).
[84] Ala têmên wong Yahudi ênggone padha ngêdol awake, (Ngêdol awake, têgêse nglirokake gêgantungane ganjaran ana ing akhirat. Jalalèn.) dilirokake kaphir, maido Kuran, kang wis didhawuhake dening Allah, ênggone mangkono mau mung kapanasan dene Allah têka matêdhakake kanugrahane marang sawênèhing para kawulane, kang dadi kaparênging karsane. Mulane Si Yahudi mau padha têtêp kêna ing bêbêndu kang tinungka ing bêbêndu manèh. Sarupane wong kaphir mêsthi olèh siksa kang ngasorake awake.

ثُمَّ اَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تَقْتُلُوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَتُخْرِجُوْنَ فَرِيْقًا مِّنْكُمْ مِّنْ دِيَارِهِمْۖ تَظٰهَرُوْنَ عَلَيْهِمْ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِۗ وَاِنْ يَّأْتُوْكُمْ اُسٰرٰى تُفٰدُوْهُمْ وَهُوَ مُحَرَّمٌ عَلَيْكُمْ اِخْرَاجُهُمْ ۗ اَفَتُؤْمِنُوْنَ بِبَعْضِ الْكِتٰبِ وَتَكْفُرُوْنَ بِبَعْضٍۚ فَمَا جَزَاۤءُ مَنْ يَّفْعَلُ ذٰلِكَ مِنْكُمْ اِلَّا خِزْيٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُرَدُّوْنَ اِلٰٓى اَشَدِّ الْعَذَابِۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٨٥
Ṡumma antum hā'ulā'i taqtulūna anfusakum wa tukhrijūna farīqam minkum min diyārihim taẓāharūna ‘alaihim bil-iṡmi wal-‘udwān(i), wa iy ya'tūkum usārā tufādūhum wa huwa muḥarramun ‘alaikum ikhrājuhum, afa tu'minūna biba‘ḍil-kitābi wa takfurūna bi ba‘ḍ(in), famā jazā'u may yaf‘alu żālika minkum illā khizyun fil-ḥayātid-dun-yā, wa yaumal-qiyāmati yuraddūna ilā asyaddil-‘ażāb(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[85] Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi: Sira padha ngandêla ngèstokna Kuran kang wis didhawuhake dening Allah, wangsulane: Kula sami ngandêl, ngèstokakên kitab Torèt ingkang sampun dipun dhawuhakên dhumatêng kula. Wong Yahudi mau [mau] padha maido kitab kang didhawuhake sawise Torèt, kang măngka kitab kang didhawuhake sawise Torèt iku kang bênêr, tètès karo wêcane Torèt cêcêkêlane Si Yahudi. He Mukhammad, sira dhawuha: Yèn têmên kowe padha ngandêl, ngèstokake Torèt, sabab apa dhèk biyèn kowe padha nyedani para nabining Allah.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِ ۖ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ ࣖ٨٦
Ulā'ikal-lażīnasytarawul-ḥayātad-dun-yā bil-ākhirah(ti), falā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunṣarūn(a).
[86] Satêmêne Nabi Musa wis ngrawuhi kowe kanthi tăndha yêkti kasêktèn pirang-pirang, sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pangeran, kowe banjur ngadêgake Pangeran sapi. Kowe padha nganiaya awakmu dhewe.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَقَفَّيْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ بِالرُّسُلِ ۖ وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ اَفَكُلَّمَا جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰىٓ اَنْفُسُكُمُ اسْتَكْبَرْتُمْ ۚ فَفَرِيْقًا كَذَّبْتُمْ وَفَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ٨٧
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa qaffainā mim ba‘dihī bir-rusul(i), wa ātainā ‘īsabna maryamal-bayyināti wa ayyadnāhu birūḥil-qudus(i), afakullamā jā'akum rasūlum bimā lā tahwā anfusukumustakbartum, fafarīqan każżabtum wa farīqan taqtulūn(a).
[87] He wong Yahudi, sira padha elinga nalikane Ingsun mundhut sêsanggêmanira, Ingsun nganggo ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana ing dhuwurira, pangandikaningsun: Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggêmana kalawan têmên-têmên, lan padha sandikaa. Sira banjur padha matur: Kawula sampun sami mirêng, nanging kawula sami mopo. Wong Yahudi ênggone padha kasêngsêm nyêmbah sapi wis manjing ana ing ati, marga satêmêne padha kaphir. He Mukammad,[10] sira dhawuha: Yèn nyata kowe padha ngandêl ing Torèt, ala têmên pangandêlmu têka akon nyêmbah sapi marang kowe.

وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا غُلْفٌ ۗ بَلْ لَّعَنَهُمُ اللّٰهُ بِكُفْرِهِمْ فَقَلِيْلًا مَّا يُؤْمِنُوْنَ٨٨
Wa qālū qulūbunā gulf(un), bal la‘anahumullāhu bikufrihim faqalīlam mā yu'minūn(a).
[88] He Mukhammad, sira dhawuha: He wong Yahudi, yèn dhasar nyata têrang mungguhing Allah yèn kabungahan ing jaman akhirat iku mung kowe dhewe kang duwe. Dudu sok wonga, yèn kowe padha têmên, mara padha ngarêp-arêpa pati.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ كِتٰبٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْۙ وَكَانُوْا مِنْ قَبْلُ يَسْتَفْتِحُوْنَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۚ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ مَّا عَرَفُوْا كَفَرُوْا بِهٖ ۖ فَلَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٨٩
Wa lammā jā'akum kitābum min ‘indillāhi muṣaddiqul limā ma‘ahum, wa kānū min qablu yastaftiḥūna ‘alal-lażīna kafarū, falammā jā'ahum mā ‘arafū kafarū bih(ī), fala‘natullāhi ‘alal-kāfirīn(a).
[89] Para wong Yahudi salawase mêsthi ora ngarêp-arêp pati, awit kèlingan panggawening tangane kang uwis-uwis. Allah iku ngudanèni wong kang padha nganiaya awake dhewe.

بِئْسَمَا اشْتَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ اَنْ يَّكْفُرُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بَغْيًا اَنْ يُّنَزِّلَ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۚ فَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ عَلٰى غَضَبٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ٩٠
Bi'samasytarau bihī anfusahum ay yakfurū bimā anzalallāhu bagyan ay yunazzilallāhu min faḍlihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), fabā'ū bigaḍabin ‘alā gaḍab(in), wa lil-kāfirīna ‘ażābum muhīn(un).
[90] Sira mêsthi wêruh yèn wong Yahudi iku dhêmêne marang urip ngungkuli manungsa kabèh, lan ngungkuli wong kang padha musrik, (Wong musrik iku wong kang nyêmbah liyane Allah. Misbah.) sawênèhe wong Yahudi ana kang kapengin urip nganti umur sèwu taun, sanadyan umura sèwu taun pisan, wong mau iya ora bisa nyingkiri siksane. Allah iku ningali samubarang kang padha dilakoni Si Yahudi.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا نُؤْمِنُ بِمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا وَيَكْفُرُوْنَ بِمَا وَرَاۤءَهٗ وَهُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَهُمْ ۗ قُلْ فَلِمَ تَقْتُلُوْنَ اَنْۢبِيَاۤءَ اللّٰهِ مِنْ قَبْلُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٩١
Wa iżā qīla lahum āminū bimā anzalallāhu qālū nu'minu bimā unzila ‘alainā wa yakfurūna bimā warā'ah(ū), wa huwal-ḥaqqu muṣaddiqal limā ma‘ahum, qul falima taqtulūna ambiyā'allāhi min qablu in kuntum mu'minīn(a).
[91] Sing sapa nyatru Malaikat Jabarail, (Kudu disambungi mangkene: mêsthi patine kêna ing bêbêndu.) satêmêne Malaikat Jabarail iku kang andhawuhake Kuran marang atinira Mukhammad, kalawan idining Allah, tètès lan surasaning kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambêbungah marang para wong mukmin.

۞ وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ٩٢
Wa laqad jā'akum mūsā bil-bayyināti ṡummattakhażtumul-‘ijla mim ba‘dihī wa antum ẓālimūn(a).
[92] Sing sapa nyatru Allah lan nyatru para malaikating Allah lan para utusaning Allah, apadene nyatru Malaikat Jabarail, Malaikat Mikail, satêmêne Allah iku nyatru para wong kaphir.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاسْمَعُوْا ۗ قَالُوْا سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاُشْرِبُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْعِجْلَ بِكُفْرِهِمْ ۗ قُلْ بِئْسَمَا يَأْمُرُكُمْ بِهٖٓ اِيْمَانُكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٩٣
Wa iż akhażnā mīṡāqakum wa rafa‘nā fauqakumuṭ-ṭūr(a), khużū mā ātainākum biquwwatiw wasma‘ū, qālū sami‘nā wa ‘aṣainā, wa usyribū fī qulūbihimul-‘ijla bikufrihim, qul bi'samā ya'murukum bihī īmānukum in kuntum mu'minīn(a).
[93] He Mukhammad, Ingsun wis andhawuhake ayat tăndha yêkti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha phasèk.

قُلْ اِنْ كَانَتْ لَكُمُ الدَّارُ الْاٰخِرَةُ عِنْدَ اللّٰهِ خَالِصَةً مِّنْ دُوْنِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٩٤
Qul in kānat lakumud-dārul-ākhiratu ‘indallāhi khāliṣatam min dūnin-nāsi fatamannawul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[94] Apa iya wong iku padha maido: ayat. Wong mau sabên-sabên padha sanggêm ngèstokake prajanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sêsanggêman mau, dadi wong mau kang akèh padha ora ngandêl.

وَلَنْ يَّتَمَنَّوْهُ اَبَدًاۢ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٩٥
Wa lay yatamannauhu abadam bima qaddamat aidīhim, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[95] Nalikane ana utusan saka ngarsaning Allah nêkani para wong Yahudi, dhawuhe tètès kaya unine kitab Torèt cêcêkêlane wong Yahudi mau, ing kono banjur ana wong sagolongan, ewone wong kang padha nyêkêl kitab Torèt, padha ambubrah kitabing Allah (Torèt) disingkur ana ing burining gêgêre. Wong iku rupane kaya padha ora wêruh.

وَلَتَجِدَنَّهُمْ اَحْرَصَ النَّاسِ عَلٰى حَيٰوةٍ ۛوَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا ۛيَوَدُّ اَحَدُهُمْ لَوْ يُعَمَّرُ اَلْفَ سَنَةٍۚ وَمَا هُوَ بِمُزَحْزِحِهٖ مِنَ الْعَذَابِ اَنْ يُّعَمَّرَۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ ࣖ٩٦
Wa latajidannahum aḥraṣan-nāsi ‘alā ḥayāh(tin), wa minal-lażīna asyrakū, yawaddu aḥaduhum lau yu‘ammaru alfa sanah(tin), wa mā huwa bi muzaḥziḥihī minal-‘ażābi ay yu‘ammar(a), wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[96] Wong Yahudi padha manut kitab sikhir, (Sikhir iku kawruh marang donga utawa pratingkah kang bisa nganakake kaelokan kang ngeram-eramake. Jamal.) kang diawadake dening para setan, yèn iku sarana tumrap adêging karatone Nabi Suleman, Nabi Suleman ora kaphir, padha mulangake sikhir mau marang manungsa, lan mulangake sikhir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumênêng ratu ana ing nagara Babil, iya iku Prabu Haruta lan Prabu Maruta. Malaikat loro mau [mau] ora karsa mulang sikhir marang sawijining wong kajaba yèn wis apêpeling, dhawuhe: Satêmêne aku iki cobaning Pangeran, mulane kang prayoga, kowe aja kaphir, para wong ing Babil adrêng padha anggêguru sikhir kang bisa mêgatake wong ênggone bêbojoan, marang malaikat loro mau. Dene wong kang wis padha bisa sikhir iya ora bisa gawe sangsara apa-apa marang sawijing wong sarana sikhire, kajaba kalawan idining Allah, para wong ing Babil padha anggêguru sikhir kang bakal amlarati ing awake ora makolèhake ing awake, satêmêne wong Yahudi wis padha wêruh sing sapa tuku utawa milih kaphir, ing besuk ana ing akhirat ora duwe panduman suwarga, mulane ala têmên ênggone padha tuku sikhir dibayar awake, iku yèn wong mau padha wêruh.

قُلْ مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّجِبْرِيْلَ فَاِنَّهٗ نَزَّلَهٗ عَلٰى قَلْبِكَ بِاِذْنِ اللّٰهِ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ٩٧
Qul man kāna ‘aduwwal lijibrīla fa'innahū nazzalahū ‘alā qalbika bi iżnillāhi muṣaddiqal limā baina yadaihi wa hudaw wa busyrā lil-mu'minīn(a).
[97] Saupama wong Yahudi iku padha ngandêla Kuran, lan padha wêdia ing Allah, mêsthi sumurup yèn ganjaran saka ngarsaning Allah iku luwih bêcik, tinimbang karo kawruhe sikhir, iku yèn wong Yahudi mau padha wêruha.

مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّلّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَرُسُلِهٖ وَجِبْرِيْلَ وَمِيْكٰىلَ فَاِنَّ اللّٰهَ عَدُوٌّ لِّلْكٰفِرِيْنَ٩٨
Man kāna ‘aduwwal lillāhi wa malā'ikatihī wa rusulihī wa jibrīla wa mīkāla fa innallāha ‘aduwwul lil-kāfirīn(a).
[98] He wong kang padha ngandêl ing Kuran, sira aja sok matur ing Nabi Mukhammad: Rangina (Rangina iku yèn têmbung Ngarab têgêse: kula mugi sampeyan jangkung, sampeyan sarantosakên. Yèn têmbung Ngibrani têgêse: gêndhêng. Ing ngarêp para sakhabat kêrêp matur marang Kangjêng Rasul: Rangina, têgêse: kula mugi sampeyan jangkung saha sampeyan sarantosakên, wong Yahudi barêng wêruh para sakhabat ênggone padha matur: Rangina, marang Kangjêng Rasul, banjur padha tiru-tiru matur marang Kangjêng Rasul: Rangina, nanging karêpe ngunèkake gêndhêng, nêtêpi têmbunge Ngibrani, mulane banjur ana dhawuh, para sakhabat padha dilarangi matur marang Kangjêng Rasul: Rangina. Jamal.) bêcik matura: undzurna, (Undzurna, iku têmbung Ngarab, têgêse: kula mugi sampeyan sarantosakên. Jamal.) lan sira padha ngrungokna, dene wong kaphir iku padha dibubuhi siksa kang nglarani.

وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۚ وَمَا يَكْفُرُ بِهَآ اِلَّا الْفٰسِقُوْنَ٩٩
Wa laqad anzalnā ilaika āyātim bayyināt(in), wa mā yakfuru bihā illal-fāsiqūn(a).
[99] Wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab sarta wong musrik (Wong musrik iku wong kang nganggêp Pangeran liyane Allah. Misbah.) kabèh padha ora kaduga yèn wahyu bêcik saka Pangeranira iku diparingake marang sira Mukhammad. Allah namtokake sihe marang wong kang dadi kaparênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan tur kang agung.

اَوَكُلَّمَا عٰهَدُوْا عَهْدًا نَّبَذَهٗ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ ۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠٠
Awa kullamā ‘āhadū ‘ahdan nabażahū farīqum minhum, bal akṡaruhum lā yu'minūn(a).
[100] Manawa Ingsun nyuwak utawa ngêndhakake ayat, mêsthi Ingsun andhawuhake kang luwih bêcik utawa kang madhani ayat kang sinuwak utawa diêndhakake mau, apa sira ora wêruh yèn Allah iku nguwasani samubarang.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْ نَبَذَ فَرِيْقٌ مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَۙ كِتٰبَ اللّٰهِ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ كَاَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۖ١٠١
Wa lammā jā'ahum rasūlum min ‘indillāhi muṣaddiqul limā ma‘ahum nabaża farīqum minal-lażīna ūtul-kitāb(a), kitāballāhi warā'a ẓuhūrihim ka'annahum lā ya‘lamūn(a).
[101] He Mukhammad, lan para umat kabèh, apa sira ora sumurup yèn Allah iku kagungan karatoning langit lan bumi, sira ora duwe kawal kang rumêksa utawa andêl-andêl kang bakal têtulung: liyane Allah.

وَاتَّبَعُوْا مَا تَتْلُوا الشَّيٰطِيْنُ عَلٰى مُلْكِ سُلَيْمٰنَ ۚ وَمَا كَفَرَ سُلَيْمٰنُ وَلٰكِنَّ الشَّيٰطِيْنَ كَفَرُوْا يُعَلِّمُوْنَ النَّاسَ السِّحْرَ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوْتَ وَمَارُوْتَ ۗ وَمَا يُعَلِّمٰنِ مِنْ اَحَدٍ حَتّٰى يَقُوْلَآ اِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْ ۗ فَيَتَعَلَّمُوْنَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُوْنَ بِهٖ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهٖ ۗ وَمَا هُمْ بِضَاۤرِّيْنَ بِهٖ مِنْ اَحَدٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَيَتَعَلَّمُوْنَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ ۗ وَلَقَدْ عَلِمُوْا لَمَنِ اشْتَرٰىهُ مَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ ۗ وَلَبِئْسَ مَاشَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ١٠٢
Wattaba‘ū mā tatlusy-syayāṭīnu ‘alā mulki sulaimān(a), wa mā kafara sulaimānu wa lākinnnasy-syayāṭīna kafarū yu‘allimūnan-nāsas siḥr(a), wa mā unzila ‘alal-malakaini bibābila hārūta wa mārūt(a), wa mā yu‘allimāni min aḥadin ḥattā yaqūlā innamā naḥnu fitnatun falā takfur, fayata‘allamūna minhumā mā yufarriqūna bihī bainal-mar'i wa zaujih(ī), wa mā hum biḍarrīna bihī min aḥadin illā bi'iżnillāh(i), wa yata‘allamūna mā yaḍurruhum wa lā yanfa‘uhum, wa laqad ‘alimū lamanisytarāhu mā lahū fil-ākhirati min khalāq(in), wa labi'sa mā syarau bihī anfusahum, lau kānū ya‘lamūn(a).
[102] Apa sira kudu nyênyuwun marang Rasulira, kaya dhèk biyèn nalikane Musi[11] dijaluki, (Dhèk jumênênge Kangjêng Nabi Musa, para santanane padha nyuwun andêlêng sariraning Allah kalawan kasat mata, yèn ora mêngkono padha ora gêlêm ngandêl. Jamal.) sing sapa nyalini pangandêle Ngisa[12] nyalini kalawan kaphir, wong iku yêkti kêsasar saka têngahing dêdalan.

وَلَوْ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَمَثُوْبَةٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ خَيْرٌ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ ࣖ١٠٣
Wa lau annahum āmanū wattaqau lamaṡūbatum min ‘indillāhi khair(un), lau kānū ya‘lamūn(a).
[103] Kèh-kèhe wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab padha ngarêp supaya kowe padha ambalika dadi kaphir sawise iman, karana kapanasan kang thukul saka dhêdhasaring atine sawise padha têrang gamblang yèn Mukhammad iku bênêr. He Mukhammad, saiki sira mung ngapuraa lan muwunga bae, ngêntènana yèn Allah wis andhawuhake parentahe, satêmêne Allah iku nguwasani samubarang.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقُوْلُوْا رَاعِنَا وَقُوْلُوا انْظُرْنَا وَاسْمَعُوْا وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٠٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqūlū rā‘inā wa qūlunẓurnā wasma‘ū wa lil-kāfirīna ‘ażābun alīm(un).
[104] Sira padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara zakat, dene sadhengah kabêcikan cêcèlènganira kang wis sira lakoni dhisik, iku sira bakal nêmu ganjarane ana pangayunaning Allah, satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

مَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَلَا الْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ خَيْرٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ١٠٥
Mā yawaddul-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wa lal-musyrikīna ay yunazzila ‘alaikum min khairim mir rabbikum, wallāhu yakhtaṣṣu biraḥmatihī may yasyā'(u), wallāhu żul faḍlil-‘aẓīm(i).
[105] Para wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab padha ngucap: Ora ana wong bisa malêbu ing suwarga kajaba wong Yahudi utawa wong Nasara, (Karêpe: wong Yahudi calathu: ora ana wong bisa munggah suwarga kajaba wong Yahudi. Wong Nasara uga calathu: Ora ana wong bisa munggah suwarga kajaba wong Nasara. Jalalèn.) lah mangkono gagasane si kaphir mau. He Mukhammad, sira dhawuha: Yèn pangucapira bênêr, mara anggêlarna tăndha yêktimu.

۞ مَا نَنْسَخْ مِنْ اٰيَةٍ اَوْ نُنْسِهَا نَأْتِ بِخَيْرٍ مِّنْهَآ اَوْ مِثْلِهَا ۗ اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٠٦
Mā nansakh min āyatin au nunsihā na'ti bi khairim minhā au miṡlihā, alam ta‘lam annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[106] O, liyane wong Yahudi lan Nasara iya malêbu ing suwarga, sing sapa nyumanggakake awake marang Allah, kang măngka wong iku lakune bêcik, mêsthi tămpa ganjarane ana pangayunaning Pangerane, sarta ora padha kuwatir apa-apa, lan padha ora kasusahan.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١٠٧
Alam ta‘lam annallāha lahū mulkus-samāwāti wal arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[107] Wong Yahudi padha ngucap: Wong Nasara iku dudu barang-barang, (Têgêse: dudu barang kang winilang bêcik. Jalalèn.) wong Nasara uga padha ngucap: wong Yahudi iku dudu barang-barang, kang măngka kabèh mau padha maca kitabe dhewe-dhewe. Kaya mangkono uga wong kang padha ora wêruh ing kitab, iya padha ngucap bêcike dhewe, kaya pangucape wong Yahudi lan wong Nasara mau, ing besuk dina kiyamat Allah bakal ambênêri wong mau kabèh ênggone padha pasulayan.

اَمْ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَسْـَٔلُوْا رَسُوْلَكُمْ كَمَا سُىِٕلَ مُوْسٰى مِنْ قَبْلُ ۗوَمَنْ يَّتَبَدَّلِ الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١٠٨
Am turīdūna an tas'alū rasūlakum kamā su'ila mūsā min qabl(u), wa may yatabaddalil-kufra bil-īmāni faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[108] Ora ana wong kang luwih nganiaya tinimbang lan wong kang nglarangi masjiding Allah, ora awèh diênggo nyêbut asmaning Allah ana ing kono, lan banjur tumandang ngrusak masjid mau. Dene wong kang padha nglarangi masjid mau iya padha ora bisa malêbu ing masjid, nanging padha ngandhut wêdi. Wong kang padha nglarangi masjid mau ana ing dunya digawe asor, dene besuk ana ing akhirat padha dipatrapi siksa kang gêdhe.

وَدَّ كَثِيْرٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يَرُدُّوْنَكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِكُمْ كُفَّارًاۚ حَسَدًا مِّنْ عِنْدِ اَنْفُسِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ ۚ فَاعْفُوْا وَاصْفَحُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٠٩
Wadda kaṡīrum min ahlil-kitābi lau yaruddūnakum mim ba‘di īmānikum kuffārā(n), ḥasadam min ‘indi anfusihim mim ba‘di mā tabayyana lahumul-ḥaqq(u), fa‘fū waṣfaḥū ḥattā ya'tiyallāhu bi amrih(ī), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[109] Masrik lan Mahrib iku (Masrik iku jagad wetan nganti têkan panggonan palêthèking srêngenge. Denèh[13] Mahrib iku jagad kulon nganti têkan panggonan suruping srêngenge. Jamal.) kagunganing Allah, mulane ing ngêndi bae adhêpira, sariraning Allah ana ing kana, satêmêne Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ ۗ وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١٠
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāh(ta), wa mā tuqaddimū li'anfusikum min khairin tajidūhu ‘indallāh(i), innallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[110] Wong Yahudi lan wong Nasara padha ngucap: Allah iku apêputra. Pangandikaning Allah: Allah iku Mahasuci, samubarang isining langit lan bumi iku kagunganing Allah, kabèh iku padha ngèstokake ing Allah.

وَقَالُوْا لَنْ يَّدْخُلَ الْجَنَّةَ اِلَّا مَنْ كَانَ هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى ۗ تِلْكَ اَمَانِيُّهُمْ ۗ قُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١١١
Wa qālū lay yadkhulal-jannata illā man kāna hūdan au naṣārā, tilka amāniyyuhum, qul hātū burhānakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[111] Allah iku kang nitahake langit lan bumi, nalikane Allah karsa nitahake sawijining prakara, mêsthi Allah ngandika: Sira anaa. Barang kang tinitahake mau nuli ana padha sanalika.

بَلٰى مَنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَلَهٗٓ اَجْرُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۖ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ ࣖ١١٢
Balā man aslama wajhahū lillāhi wa huwa muḥsinun falahū ajruhū ‘inda rabbih(i), wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[112] Wong kaphir ing Mêkah kang padha ora wêruh ing kitab padha matur: Manawi Allah botên ngandika piyambak dhatêng kula, utawi botên wontên ayat tăndha yêkti ingkang dhatêng kula, mêsthi manahipun para tiyang punika taksih sami kodhêng. Mangkono uga para wong kaphir dhèk jaman kuna iya padha matur kaya paturane wong kaphir ing Mêkah mau. Satêmêne Ingsun wis anggêlarake ayat tăndha yêkti pirang-pirang marang wong kang padha nyatakake.

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ لَيْسَتِ النَّصٰرٰى عَلٰى شَيْءٍۖ وَّقَالَتِ النَّصٰرٰى لَيْسَتِ الْيَهُوْدُ عَلٰى شَيْءٍۙ وَّهُمْ يَتْلُوْنَ الْكِتٰبَۗ كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ مِثْلَ قَوْلِهِمْ ۚ فَاللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١١٣
Wa qālatil-yahūdu laisatin-naṣārā ‘alā syai'(in), wa qālatin-naṣārā laisatil-yahūdu ‘alā syai'(in), wa hum yatlūnal-kitāb(a), każālika qālal-lażīna lā ya‘lamūna miṡla qaulihim, fallāhu yaḥkumu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[113] Ingsun wis ngutus ing sira Mukhammad, andhawuhake pituduh kang nyata, ambêbungah lan mêdèni, apadene sira ora kêna ditutuh ditakoni sabab apa wong kang padha kêcêmplung ing naraka iku dhèk biyèn ora ngandêl.

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ مَّنَعَ مَسٰجِدَ اللّٰهِ اَنْ يُّذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗ وَسَعٰى فِيْ خَرَابِهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ مَا كَانَ لَهُمْ اَنْ يَّدْخُلُوْهَآ اِلَّا خَاۤىِٕفِيْنَ ەۗ لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١١٤
Wa man aẓlamu mim mam mana‘a masājidallāhi ay yużkara fīhasmuhū wa sa‘ā fī kharābihā, ulā'ika mā kāna lahum ay yadkhulūhā illā khā'ifīn(a), lahum fid-dun-yā khizyuw wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[114] Wong Yahudi lan wong Nasara padha ora lêga atine marang sira Mukhammad, kajaba yèn sira manut marang agamane Si Yahudi lan Si Nasara mau. He Mukhammad, sira padha wruha: pituduhing Allah iku pituduh kang yêkti. Sawise sira pinaringan wahyu kawruh, manawa sira nurut karêpe Si Yahudi lan Si Nasara, mêsthi sira ora duwe kawal utawa andêl-andêl Allah.

وَلِلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ فَاَيْنَمَا تُوَلُّوْا فَثَمَّ وَجْهُ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ١١٥
Wa lillāhil-masyriqu wal-magrib(u), fa'ainamā tuwallū faṡamma wajhullāh(i), innallāha wāsi‘un ‘alīm(un).
[115] Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacane kalawan sabênêre, wong kang mangkono iku têtêp padha ngandêl ing kitab mau. Dene sing sapa kaphir maido ing kitab mau, iku kabèh padha kêtunan.

وَقَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًا ۙسُبْحٰنَهٗ ۗ بَلْ لَّهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قٰنِتُوْنَ١١٦
Wa qāluttakhażallāhu waladan subḥānah(ū), bal lahū mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), kullul lahū qānitūn(a).
[116] He para turuning Israil, sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta ênggon Ingsun wis munjulake ing sira, ngungkuli wong sajagad.

بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ١١٧
Badī‘us-samāwāti wal-arḍ(i), wa iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fayakūn(u).
[117] [14] Lan padha wêdia dina kiyamat, ing kono ora ana awak bisa têtulung sathithik-thithika marang awak liyane, lan ora ana têtêbusaning awak ditampani, lan ora ana saphangat, (Saphangat iku mitulungi atur utawa liyane, kang makolèhake ing liyan. Jamal.) bisa makolèhake ing awak, kabèh bae ora ana kang tinulungan.

وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللّٰهُ اَوْ تَأْتِيْنَآ اٰيَةٌ ۗ كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّثْلَ قَوْلِهِمْ ۗ تَشَابَهَتْ قُلُوْبُهُمْ ۗ قَدْ بَيَّنَّا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ١١٨
Wa qālal-lażīna lā ya‘lamūna lau lā yukallimunallāhu au ta'tīnā āyah(tun), każālika qālal-lażīna min qablihim miṡla qaulihim, tasyābahat qulūbuhum, qad bayyannal-āyāti liqaumiy yūqinūn(a).
[118] He Mukhammad, sira nyaritakna, nalikane Pangerane Ibrahim nyoba marang Ibrahim kalawan dhawuh pirang-pirang warna, Ibrahim nuli ngèstokake sakèhing dhawuh mau kalawan sampurna. Allah ngandika: Ibrahim, sira Ingsun dadèkake panutaning manungsa. Ibrahim banjur munjuk: Dalah para turun kawula makatêna ugi, Allah ngandika: Janjiningsun ora tumrap marang wong kang padha nganiaya.

اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۙ وَّلَا تُسْـَٔلُ عَنْ اَصْحٰبِ الْجَحِيْمِ١١٩
Innā arsalnāka bil-ḥaqqi basyīraw wa nażīrā(n), wa lā tus'alu ‘an aṣḥābil-jaḥīm(i).
[119] Lan sira nyaritakna nalikane Kakbah Baitullah Ingsun dadèkake paimpunaning katêntrêman, apadene makam Ibrahim, (Makam Ibrahim iku watu wangun kubuk, ămba dawa lan dêdêge nyaasta, sandhing lan Kakbah, watu iku pinangkane saka suwarga. Diturunake marang ing dunya. Nalikane Kangjêng Nabi Ibrahim murwani adêging Kakbah watu mau dadi ancik-ancike Kangjêng Nabi Ibrahim ênggone masang bata, sawise ditumpangi bata lan labur sapirantining tukang batu, watu banjur munggah dhewe têkan panggonan kang arêp dipasangi bata, yèn batane wis kapasang kabèh, watu banjur mudhun, mangkono sabanjure, nganti têkan sarampunging adêge Kakbah. Jamal.) iku padha sira ênggoa pasalatan, lan Ingsun parentah marang Ibrahim lan Ismangil, supaya padha nucèkna padalêmaningsun Kakbah kanggo wong kang padha tawaph, (Tawaph iku lumaku ngubêngi Kakbah. Misbah.) lan wong kang padha iktikhaph, (Iktikhaph iku mênêng ana sajroning masjid kanthi niyat. Jamal.) lan wong kang padha rukuk lan sujud.

وَلَنْ تَرْضٰى عَنْكَ الْيَهُوْدُ وَلَا النَّصٰرٰى حَتّٰى تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْ ۗ قُلْ اِنَّ هُدَى اللّٰهِ هُوَ الْهُدٰى ۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَ الَّذِيْ جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ مَا لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١٢٠
Wa lan tarḍā ‘ankal-yahūdu wa lan-naṣārā ḥattā tattabi‘a millatahum, qul inna hudallāhi huwal-hudā, wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum ba‘dal-lażī jā'aka minal-‘ilm(i), mā laka minallāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[120] Lan sira nyaritakna nalikane Ibrahim munjuk: Dhuh Pangeran kawula, panggenan punika mugi Tuwan dadosna nagari ingkang tata têntrêm, punapadene para tiyang ing nagari wau sintên ingkang ngandêl ing Allah saha ngandêl wontênipun dintên kiyamat, mugi sami Tuwan paringi têdha wowohan. Allah nuli dhawuh: Lan wong kaphir uga Ingsun paringi kabungahan sathithik, banjur Ingsun paksa marang siksa naraka, ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَتْلُوْنَهٗ حَقَّ تِلَاوَتِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ ۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ١٢١
Allażīna ātaināhumul-kitāba yatlūnahū ḥaqqa tilāwatih(ī), ulā'ika yu'minūna bih(ī), wa may yakfur bihī fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[121] Lan sira nyaritakna nalikane Ibrahim lan Ismangil padha ngadêgake temboking Kakbah Baitullah padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nampènana dhumatêng kawula, saèstu Tuwan punika dat ingkang miyarsa tur ngudanèni.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ١٢٢
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa annī faḍḍaltukum ‘alal-‘ālamīn(a).
[122] Dhuh Pangeran kawula, kawula tiyang kalih mugi Tuwan dadosakên tiyang ingkang manut ing Tuwan, punapadene para turun kawula sawatawis, mugi sami Tuwan dadosakên têtiyang ingkang manut ing Tuwan, sarta kawula mugi Tuwan sêrêpakên lampah-lampahipun pangabêkti kawula, saha Tuwan mugi ngapuraa kalêpatan kawula, sayêktosipun Tuwan punika Maha Ngapura tur Maha-asih.

وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا تَنْفَعُهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ١٢٣
Wattaqū yaumal lā tajzī nafsun ‘an nafsin syai'aw wa lā yuqbalu minhā ‘adluw wa lā tanfa‘uhā syafā‘atuw wa lā hum yunṣarūn(a).
[123] Dhuh Pangeran kawula, tuwin[15]mugi mêthila turun kawula dados utusan ingkang andhawuhakên ayat Tuwan, saha nyêrêp-nyêrêpakên suraosipun Kitab Kuran, dalah khukum-khukum dhumatêng para turun kawula, punapadene ngrêsikakên manahipun, saèstu Tuwan punika Mahamulya tur wicaksana.

۞ وَاِذِ ابْتَلٰٓى اِبْرٰهٖمَ رَبُّهٗ بِكَلِمٰتٍ فَاَتَمَّهُنَّ ۗ قَالَ اِنِّيْ جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ اِمَامًا ۗ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْ ۗ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِى الظّٰلِمِيْنَ١٢٤
Wa iżibtalā ibrāhīma rabbuhū bikalimātin fa atammahunn(a), qāla innī jā‘iluka lin-nāsi imāmā(n), qāla wa min żurriyyatī, qāla lā yanālu ‘ahdiẓ-ẓālimīn(a).
[124] Ora ana wong ora dhêmên marang agamane Ibrahim kajaba wong kang ora wêruh marang awake dhewe, Ingsun têmên wis milih Ibrahim mau ana ing dunya, lan satêmêne Ibrahim iku ana ing akhirat kalêbu ewone wong bêcik.

وَاِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِّلنَّاسِ وَاَمْنًاۗ وَاتَّخِذُوْا مِنْ مَّقَامِ اِبْرٰهٖمَ مُصَلًّىۗ وَعَهِدْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ اَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْعٰكِفِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ١٢٥
Wa iż ja‘alnal-baita maṡābatal lin-nāsi wa amnā(n), wattakhiżū mim maqāmi ibrāhīma muṣallā(n), wa ‘ahidnā ilā ibrāhīma wa ismā‘īla an ṭahhirā baitiya liṭ-ṭā'ifīna wal-‘ākifīna war-rukka‘is-sujūd(i).
[125] Nalikane Pangerane Ibrahim dhawuh marang Ibrahim, sira manuta, Ibrahim nuli munjuk, kawula manut dhatêng Pangeraning jagad sadaya.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا اٰمِنًا وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰتِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَاُمَتِّعُهٗ قَلِيْلًا ثُمَّ اَضْطَرُّهٗٓ اِلٰى عَذَابِ النَّارِ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbij‘al hāżā baladan āminaw warzuq ahlahū minaṡ-ṡamarāti man āmana minhum billāhi wal-yaumil-ākhir(i), qāla wa man kafara fa umatti‘uhū qalīlan ṡumma aḍṭarruhū ilā ‘ażābin-nār(i), wa bi'sal-maṣīr(u).
[126] Ibrahim lan Yakub padha mêmulang agama marang anak putune, he anak putuku kabèh, Allah wis milih marang sira kabèh dikarsakake padha nglakoni agama, mulane ing besuk patinira aja nganti ora Islam.

وَاِذْ يَرْفَعُ اِبْرٰهٖمُ الْقَوَاعِدَ مِنَ الْبَيْتِ وَاِسْمٰعِيْلُۗ رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا ۗ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١٢٧
Wa iż yarfa‘u ibrāhīmul-qawā‘ida minal-baiti wa ismā‘īl(u), rabbanā taqabbal minnā, innaka antas-samī‘ul-‘alīm(u).
[127] He wong Yahudi, nalika patine Yakub sira padha ora nêksèni, dhèk samana Yakub takon kaantêpaning anak putune: Besuk sapungkurku kowe padha nyêmbah sapa. Anak putune mau padha mangsuli: Kula nyêmbah Pangeran kang Esa, Pangeran sampeyan, ugi Pangeranipun para lêluhur sampeyan, Nabi Ibrahim, Nabi Ismangil saha Nabi Iskak, kula sami badhe manut [manut] dhatêng Pangeran wau.

رَبَّنَا وَاجْعَلْنَا مُسْلِمَيْنِ لَكَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَآ اُمَّةً مُّسْلِمَةً لَّكَۖ وَاَرِنَا مَنَاسِكَنَا وَتُبْ عَلَيْنَا ۚ اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٢٨
Rabbanā waj‘alnā muslimaini laka wa min żurriyyatinā ummatam muslimatal lak(a), wa arinā manāsikanā wa tub ‘alainā, innaka antat-tawwābur-raḥīm(u).
[128] Ibrahim lan anak putune mau umat kang wis kuna, padha tămpa ganjaran samurwate barang kang wis padha dilakoni. Dene sira wong Yahudi kabèh iya padha duwe gantungan samurwate barang kang wis padha sira lakoni. Sira ora bakal padha didangu prakara lakune wong kuna-kuna mau.

رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْ ۗ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ١٢٩
Rabbanā wab‘aṡ fīhim rasūlam minhum yatlū ‘alaihim āyātika wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmata wa yuzakkīhim, innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[129] Wong Yahudi lan wong Nasara padha ngucap marang wong mukmin: Kowe padha manjinga agama Yahudi utawa agama Nasara, (Têgêse wong Yahudi akon manjing agama Yahudi. Wong Nasara iya akon manjing agama Nasara.) mêsthi kowe padha olèh pituduh: He wong mukmin, sira mangsulana: aku malah padha manut agamane Nabi Ibrahim kang akèh lèrège bênêr, Nabi Ibrahim dudu ewoning wong musrik (Wong musrik iku wong kang mangeran liyane Allah. Misbah.).

وَمَنْ يَّرْغَبُ عَنْ مِّلَّةِ اِبْرٰهٖمَ اِلَّا مَنْ سَفِهَ نَفْسَهٗ ۗوَلَقَدِ اصْطَفَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَا ۚوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٣٠
Wa may yargabu ‘an millati ibrāhīma illā man safiha nafsah(ū), wa laqad-iṣṭafaināhu fid-dun-yā, wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[130] Sira padha ngucapa: Aku padha ngandêl ing Allah lan ngèstokake samubarang kang wis didhawuhake marang aku, lan samubarang kang wis didhawuhake marang Nabi Ibrahim, lan Nabi Ismangil, lan Nabi Iskak, lan Nabi Yakub, lan para pancêring Israil, lan samubarang kang wis didhawuhake marang Nabi Musa lan Nabi Ngisa, utawa samubarang kang wis didhawuhake marang para nabi saka ing Pangerane, aku ora ambedakake siji-sijining para nabi mau, lan aku padha Islam manut ing Allah.

اِذْ قَالَ لَهٗ رَبُّهٗٓ اَسْلِمْۙ قَالَ اَسْلَمْتُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ١٣١
Iż qāla lahū rabbuhū aslim, qāla aslamtu lirabbil-‘ālamīn(a).
[131] Manawa wong Yahudi lan wong Nasara mau padha ngandêl kaya pangandêlira, iku mêsthi padha olèh pituduh, nanging yèn padha malengos mêsthi padha tumiba ing kacilakan. He Mukhamad, Allah bakal nyukup ngêdohake sira saka cilakane Si Yahudi lan Si Nasara mau, Allah iku miyarsa lan ngudanèni.

وَوَصّٰى بِهَآ اِبْرٰهٖمُ بَنِيْهِ وَيَعْقُوْبُۗ يٰبَنِيَّ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰى لَكُمُ الدِّيْنَ فَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ۗ١٣٢
Wa waṣṣā bihā ibrāhīmu banīhi wa ya‘qūb(u), yā baniyya innallāhaṣṭafā lakumud-dīna falā tamūtunna illā wa antum muslimūn(a).
[132] Wong mukmin padha ngucapa: Aku wis padha dibabar kalawan babaraning Allah. Ora ana babaran kang luwih bêcik tinimbang lan babaraning Allah, aku padha nyêmbah ing Allah.

اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ حَضَرَ يَعْقُوْبَ الْمَوْتُۙ اِذْ قَالَ لِبَنِيْهِ مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْۢ بَعْدِيْۗ قَالُوْا نَعْبُدُ اِلٰهَكَ وَاِلٰهَ اٰبَاۤىِٕكَ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ١٣٣
Am kuntum syuhadā'a iż ḥaḍara ya‘qūbal-maut(u), iż qāla libanīhi mā ta‘budūna mim ba‘dī, qālū na‘budu ilāhaka wa ilāha ābā'ika ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa ilāhaw wāḥidā(n), wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[133] He Mukhammad, sira dhawuha: He wong Yahudi lan Nasara, yagene kowe padha madoni marang aku prakara Allah, (Têrange mangkene: wong Yahudi lan Nasara iku padha kapanasan, ora trima dene Allah têka milih Kangjêng Nabi Mukhammad, dikarsakake dadi Rasul, ora karsa milih Si Yahudi lan Si Nasara. Wong Yahudi lan Nasara banjur padha madoni prakara pamilihing Allah mangkono mau. Jamal.) kang măngka Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, aku bakal tămpa ganjaraning lakuku, lan kowe uga padha digantungi samurwating lakumu, nanging aku ngrêsikake lakuku maring Allah.

تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْ ۚ وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٣٤
Tilka ummatun qad khalat, lahā mā kasabat wa lakum mā kasabtum, wa lā tus'alūna ‘ammā kānū ya‘malūn(a).
[134] Yagene wong Yahudi lan Nasara padha ngucap, ngarani Nabi Ibrahim lan Nabi Ismangil lan Nabi Iskak lan Nabi Yakub lan para pancêring Israil iku kabèh padha agama Yahudi utawa Nasara: He Mukhamad, sira dhawuha: Wêruh êndi kowe karo Allah. Ora ana wong luwih nganiaya tinimbang wong kang ngumpêt dhawuhing Allah ênggone nêksèni, kasêbut ing kitab kang ana tangane wong mau. (Wong Yahudi padha nyêkêl Kitab Torèt, wong Nasara padha nyêkêl Kitab Injil, kabèh padha mratelakake yèn jumênênge Nabi Ibrahim, Ismangil, Iskak lan Nabi Yakub sarta para pancêring Israil, iku sadurunge Kangjêng Nabi Musa lan Nabi Ngisa lêt atusan taun, ewadene kang mangkono mau padha dikikibi, pangucape wong Yahudi: Nabi Ibrahim sapanunggalane mau padha anama[16] Yahudi, dene pangucape wong Nasara: Nabi Ibrahim sapanunggalane mau padha agama Nasara. Jamal.) Allah mêsthi ora kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

وَقَالُوْا كُوْنُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى تَهْتَدُوْا ۗ قُلْ بَلْ مِلَّةَ اِبْرٰهٖمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٣٥
Wa qālū kūnū hūdan au naṣārā tahtadū, qul bal millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[135] Ibrahim lan anak putune iku padha umat kang kuna, padha tămpa ganjaran samurwate barang kang wis padha dilakoni: Dene sira wong Yahudi lan Nasara iya padha duwe gantungan samurwate barang kang wis padha sira lakoni, sira ora bakal padha didangu prakara lakune wong kuna-kuna. têkan sataun, ora kêna ditundhung, dene manawa wong wadon mau lunga saka karêpe dhewe, ing kono para waline (Têgêse: wali, kang nguwasani. Misbah.) wong kang mati ora ana pakewuhe ngumbar lakune si wadon ênggone birai mêmaèsi awake sarta disuwak ingone. Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

قُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَمَآ اُوْتِيَ النَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۚ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ١٣٦
Qūlū āmannā billāhi wa mā unzila ilainā wa mā unzila ilā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa mā ūtiya mūsā wa ‘īsā wa mā ūtiyan-nabiyyūna mir rabbihim, lā nufarriqu baina aḥadim minhum wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[136] Sawênèhing wong Yahudi kang padha bodho bakal ngucap: Apa sababe Nabi Mukhamad sasakhabate padha ngalih saka keblat kang wis padha diadhêpake salawas-lawase. (Iya iku Baitul Mukaddas (Masjid ing nagara Yêrusalèm) têtelane mangkene: nalikane Kangjêng Rasul isih ana ing Mêkah ênggone sêmbayang diparentahi madhêp ing Kakbah, barêng wis jêngkar saka Mêkah marang Madinah diparentahi madhêp marang Baitul Mukaddas, ngumpuli wong Yahudi, barêng wis pitulas sasi lawase banjur diparentahi bali madhêp ing Kakbah manèh. Jalalèn.). He Mukhammad, sira dhawuha: Masrik lan Mahrib iku kagunganing Allah, Allah nuduhake wong kang dadi kaparênging karsane, dituduhake marang wot (Wot têgêse dalan. Jalalèn.) kang bênêr.

فَاِنْ اٰمَنُوْا بِمِثْلِ مَآ اٰمَنْتُمْ بِهٖ فَقَدِ اهْتَدَوْا ۚوَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا هُمْ فِيْ شِقَاقٍۚ فَسَيَكْفِيْكَهُمُ اللّٰهُ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ ۗ١٣٧
Fa'in āmanū bimiṡli mā āmantum bihī faqadihtadau, wa in tawallau fa'innamā hum fī syiqāq(in), fasayakfīkahumullāh(u), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[137] Mangkono uga sira para umat Mukhamad, padha Ingsun dadèkake umat pilihan, supaya ing besuk sira padha nêksènana marang para manungsa. Dene Rasul Nabi Mukhamad bakal nêksèni marang sira.

صِبْغَةَ اللّٰهِ ۚ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ صِبْغَةً ۖ وَّنَحْنُ لَهٗ عٰبِدُوْنَ١٣٨
Ṣibgatallāh(i), wa man aḥsanu minallāhi ṣibgataw wa naḥnu lahū ‘ābidūn(a).
[138] Dene ênggon Ingsun ambalèkake keblatira lawas biyèn, iku mung supaya Ingsun wêruha, wong kang padha kêjungkêl marang tungkake, (Kêjungkêl marang tungkake, têgêse: ambalik dadi kaphir. Jalalèn.) iku sapa kang banjur manut ing Rasul. Lan manèh ngolah-ngalih ing keblat iku pancèn rêkasa tumrap wiyahing manungsa, kajaba wong kang padha olèh pituduhing Allah. Allah ora bakal nguwukake pangandêl utawa sêmbayangira kabèh. Satêmêne Allah iku wêlas asih marang manungsa.

قُلْ اَتُحَاۤجُّوْنَنَا فِى اللّٰهِ وَهُوَ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْۚ وَلَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُخْلِصُوْنَ ۙ١٣٩
Qul atuḥājjūnanā fillāhi wa huwa rabbunā wa rabbukum, wa lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, wa naḥnu lahū mukhliṣūn(a).
[139] Ingsun têmên wis nguningani tumênganing rainira Mukhamad marang ing langit, mulane sira Ingsun êlih madhêp ing keblat Kakbah kang sira dhêmêni. Saiki ênggonira sêmbayang rainira adhêpna ing prênahing Kakbah Masjidil Karam.[1] Ing ngêndi ênggonira sêmbayang padha ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah mau. Dene sarupaning wong kang padha nyêkêl kitabêsthi[2] padha wêruh yèn madhêp ing Kakbah iku kang nyata trang saka ing Pangerane, Allah ora pisan kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

اَمْ تَقُوْلُوْنَ اِنَّ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطَ كَانُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى ۗ قُلْ ءَاَنْتُمْ اَعْلَمُ اَمِ اللّٰهُ ۗ وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَتَمَ شَهَادَةً عِنْدَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ١٤٠
Am taqūlūna inna ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭa kānū hūdan au naṣārā, qul a'antum a‘lamu amillāh(u), wa man aẓlamu mimman katama syahādatan ‘indahū minallāh(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[140] Saupama wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab iku sira wèhi sarupaning tăndha yêkti, mêsthi padha ora gêlêm manut keblatira. Sira uga ora gêlêm manut keblate wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau. Lan sawênèhing wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab mau iya ora gêlêm manut keblating salah sawijine. Ing sawise sira katêkan wahyu kawruh, saupama sira manut karêpe wong mau, ing kono sira mêsthi kalêbu ewoning wong kang padha nganiaya.

تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْ ۚ وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ࣖ ۔١٤١
Tilka ummatun qad khalat, lahā mā kasabat wa lakum mā kasabtum, wa lā tus'alūna ‘ammā kānū ya‘malūn(a).
[141] Sarupane wong kang wis padha Ingsun paringi cêcêkêlan kitab mêsthi padha wêruh marang Mukhamad, kaya wêruhe marang anak-anake, ewadene wong mau ana sapăntha kang padha nyingidake barang kang nyata bênêr, tur iya wadha[3] wêruh lupute.

۞ سَيَقُوْلُ السُّفَهَاۤءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلّٰىهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِيْ كَانُوْا عَلَيْهَا ۗ قُلْ لِّلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُۗ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٤٢
Sayāqūlus-sufahā'u minan-nāsi mā wallāhum ‘an qiblatihimul-latī kānū ‘alaihā, qul lillāhil-masyriqu wal-magrib(u), yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[142] Barang kang nyata bênêr iku saka ing Pangeranira Mukhamad, mulane aja padha sumêlang.

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًا ۗ وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِيْ كُنْتَ عَلَيْهَآ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَّتَّبِعُ الرَّسُوْلَ مِمَّنْ يَّنْقَلِبُ عَلٰى عَقِبَيْهِۗ وَاِنْ كَانَتْ لَكَبِيْرَةً اِلَّا عَلَى الَّذِيْنَ هَدَى اللّٰهُ ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُضِيْعَ اِيْمَانَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ١٤٣
Wa każālika ja‘alnākum ummataw wasaṭal litakūnū syuhadā'a ‘alan-nāsi wa yakūnar-rasūlu ‘alaikum syahīdā(n), wa mā ja‘alnal-qiblatal-latī kunta ‘alaihā illā lina‘lama may yattabi‘ur-rasūla mimmay yanqalibu ‘alā ‘aqibaih(i), wa in kānat lakabīratan illā ‘alal-lażīna hadallāh(u), wa mā kānallāhu liyuḍī‘a īmānakum, innallāha bin-nāsi lara'ūfur raḥīm(un).
[143] Sawiji-wijining umat padha duwe adhêp keblat dhewe-dhewe, kang padha diadhêpake nalikane sêmbayang, mulane padha rêbut dhucunga marang kabêcikan, ana ing ngêndi bae panggonanira mêsthi sira padha diimpun dening Allah, Allah iku têmên nguwasani samubarang.

قَدْ نَرٰى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِى السَّمَاۤءِۚ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضٰىهَا ۖ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ١٤٤
Qad narā taqallubaka wajhika fis-samā'(i), fa lanuwalliyannaka qiblatan tarḍāhā, fawalli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa ḥaiṡumā kuntum fawallū wujūhakum syaṭrah(ū), wa innal-lażīna ūtul-kitāba laya‘lamūna annahul-ḥaqqu mir rabbihim, wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ya‘malūn(a).
[144] Manawa sira mêtu lêlungan marang ngêndi bae, ana ing kono sira ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah Masjidil Karam, iya iku kang mêsthi nyata trang saka Pangeranira. Allah ora kasupèn samubarang kang padha sira lakoni.

وَلَىِٕنْ اَتَيْتَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ بِكُلِّ اٰيَةٍ مَّا تَبِعُوْا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَآ اَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَاجَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ اِنَّكَ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۘ١٤٥
Wa la'in ataital-lażīna ūtul-kitāba bikulli āyatim mā tabi‘ū qiblatak(a), wa mā anta bitābi‘in qiblatahum, wa mā ba‘ḍuhum bitābi‘in qiblata ba‘ḍ(in), wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum mim ba‘di mā jā'aka minal-‘ilm(i), innaka iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[145] Manawa sira mêtu lêlungan marang ngêndi bae, ana ing kono sira ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah Masjidil Kharam, lan ana ing ngêndi bae panggonanira, sira padha ngadhêpna rainira marang prênahing Kakbah, supaya para manungsa aja nganti bisa madoni marang sira kabèh, kajaba wong Yahudi utawa wong musrik kang padha nganiaya. [ngani...] [...aya.] Sira aja padha wêdi marang wong mau kabèh, balik padha wêdia marang Ingsun. Lan supaya Ingsun nyampurnakake pêparing Ingsun nikmat marang sira kabèh, sira kabèh muga padha olèha pituduh.

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْ ۗ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنْهُمْ لَيَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٤٦
Allażīna ātaināhumul-kitāba ya‘rifūnahū kamā ya‘rifūna abnā'ahum, wa inna farīqam minhum layaktumūnal-ḥaqqa wa hum ya‘lamūn(a).
[146] Padha karo ênggon Ingsun ngutus Rasul pêthilan saka kancanira, Ingsun utus andhawuhake ayat Ingsun marang sira, lan ngrêsikake atinira, lan mulang Kitab Kuran, apadene khukum marang sira, lan mulang marang sira kabèh samubarang kang durung padha sira wêruhi.

اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ ࣖ١٤٧
Al-ḥaqqu mir rabbika falā takūnanna minal-mumtarīn(a).
[147] Sira padha nyêbut asmaningsun, Ingsun bakal angganjar ing sira kabèh, lan sira padha sukura (Matura sangêt panuwun kula. Jamal.) marang Ingsun lan aja padha kaphir.

وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٤٨
Wa likulliw wijhatun huwa muwallīhā fastabiqul-khairāt(i), aina mā takūnū ya'ti bikumullāhu jamī‘ā(n), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[148] He wong mukmin kabèh (Wong kang ngandêl ing Allah. Jamal.) sira padha nganggoa lantaran sabar lan anglakoni sêmbayang, Allah iku anjangkung wong kang padha sabar.

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاِنَّهٗ لَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ١٤٩
Wa min ḥaiṡu kharajta fawalli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa innahū lal-ḥaqqu mir rabbik(a), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[149] Lan sira aja padha ngarani wong kang kasambut ing pêrang Sabilullah (Sabilullah, têgêse: dalaning Allah, iya iku pêrang mungsuh wong kaphir. Jamal.) iku padha mati, nanging padha urip, ewadene sira ora padha wêruh.

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۙ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِيْ وَلِاُتِمَّ نِعْمَتِيْ عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ١٥٠
Wa min ḥaiṡu kharajta fa walli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa ḥaiṡumā kuntum fawallū wujūhakum syaṭrah(ū), li'allā yakūna lin-nāsi ‘alaikum ḥujjatun illal-lażīna ẓalamū minhum, falā takhsyauhum wakhsyaunī, wa li'utimma ni‘matī ‘alaikum wa la‘allakum tahtadūn(a).
[150] Ingsun mêsthi nyoba ing sira kabèh kalawan karibêdan sawatara, kuwatir, lan kaluwèn, lan kêkurangan băndha, lan kelangan nyawa, lan amaning wowohan, sira ambêbungaha wong kang padha kêlar sabar.

كَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْكُمْ رَسُوْلًا مِّنْكُمْ يَتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِنَا وَيُزَكِّيْكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَۗ١٥١
Kamā arsalnā fīkum rasūlam minkum yatlū ‘alaikum āyātinā wa yuzakkīkum wa yu‘allimukumul-kitāba wal-ḥikmata wa yu‘allimukum mā lam takūnū ta‘lamūn(a).
[151] Ing nalikane kambah ing karibêdan padha ngucap: Aku iki kabèh padha kagunganing Allah, lan ing têmbe aku bakal padha bali maring Allah.

فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ ࣖ١٥٢
Fażkurūnī ażkurkum wasykurū lī wa lā takfurūn(i).
[152] Wong kang mangkono iku kabèh padha pinaringan pangapura lan sih saka ing Pangerane, lan wong kang mangkono mau kabèh padha olèh pituduh.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ١٥٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanusta‘īnū biṣ-ṣabri waṣ-ṣalāh(ti), innallāha ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[153] Gunung Sapha lan gunung Marwah iku kalêbu têngaraning Allah, sing sapa nglakoni khaji ing Baitullah utawa nglakoni ngumrah, ora ana pakewuhe midêr-midêr ana antaraning gunung loro mau. Dene sing sapa nglakoni kabêcikan saka karêpe dhewe, mêsthi Allah paring sukur, (Sukur pêparinging Allah iku tarimakasih. Muhtar.) tur ngudanèni.

وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ يُّقْتَلُ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَمْوَاتٌ ۗ بَلْ اَحْيَاۤءٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَشْعُرُوْنَ١٥٤
Wa lā taqūlū limay yuqtalu fī sabīlillāhi amwāt(un), bal aḥyā'uw wa lākil lā tasy‘urūn(a).
[154] Dene sarupaning wong kang padha ngumpêtake tăndha yêkti lan pituduh kang wis Ingsun dhawuhake, sawise Ingsun jalèntrèhake marang manungsa, kasêbut ing Kitab Kuran, wong kang mangkono iku padha kêna bêbênduning Allah, lan disuwunake bêbêndu dening wong akèh. (Kang padha nyuwunake bêbêndu iku para malaikat lan para wong mukmin, lan samubarang kang kumêlip. Jalalèn.)

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ١٥٥
Wa lanabluwannakum bisyai'im minal-khaufi wal-jū‘i wa naqaṣim minal-amwāli wal-anfusi waṡ-ṡamarāt(i), wa basysyiriṣ-ṣābirīn(a).
[155] Kajaba wong kang banjur padha tobat, lan banjur ambêcikake kalakuane lan banjur mratelakake barang kang diumpêtake mau, wong kang mangkono iku mêsthi padha Ingsun tampani tobate, Ingsun iki Maha Ngapura tur Maha-asih.

اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ١٥٦
Allażīna iżā aṣābathum muṣībah(tun), qālū innā lillāhi wa innā ilaihi rāji‘ūn(a).
[156] Dene wong kang padha kaphir kang măngka wong mau padha mati patine kaphir, wong kang mangkono mau padha kêna bêbênduning Allah lan disuwunake bêbêndu dening para malaikat lan para manungsa kabèh.

اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ صَلَوٰتٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ١٥٧
Ulā'ika ‘alaihim ṣalawātum mir rabbihim wa raḥmah(tun), wa ulā'ika humul-muhtadūn(a).
[157] Enggone ana sajroning bêbêndu mau padha langgêng, ora pisan diparingi kamayaran siksane, sarta ora padha disarantèkake.

۞ اِنَّ الصَّفَا وَالْمَرْوَةَ مِنْ شَعَاۤىِٕرِ اللّٰهِ ۚ فَمَنْ حَجَّ الْبَيْتَ اَوِ اعْتَمَرَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِ اَنْ يَّطَّوَّفَ بِهِمَا ۗ وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًاۙ فَاِنَّ اللّٰهَ شَاكِرٌ عَلِيْمٌ١٥٨
Innaṣ-ṣafā wal-marwata min sya‘ā'irillāh(i), faman ḥajjal-baita awi‘tamara falā junāḥa ‘alaihi ay yaṭṭawwafa bihimā, wa man taṭawwa‘a khairan fa innallāha syākirun ‘alīm(un).
[158] Allah Pangeranira iku Pangeran kang Esa, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلْنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالْهُدٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا بَيَّنّٰهُ لِلنَّاسِ فِى الْكِتٰبِۙ اُولٰۤىِٕكَ يَلْعَنُهُمُ اللّٰهُ وَيَلْعَنُهُمُ اللّٰعِنُوْنَۙ١٥٩
Innal-lażīna yaktumūna mā anzalnā minal-bayyināti wal-hudā mim ba‘di mā bayyannāhu lin-nāsi fil-kitāb(i), ulā'ika yal‘anuhumullāhu wa yal‘anuhumul-lā‘inūn(a).
[159] Dene tumitahing langit lan bumi, lan beda-bedaning rina lan wêngi apadene kaananing prau kang lumaku ana ing sagara amigunani marang manungsa. Lan Allah ênggone nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake palêmahan kang maune mati, lan ênggone mratake[4] udan mau marang sarupane kang gumrêmêt, lan ênggone ngididake angin lan mega kang manut sakarsaning Allah ana antarane langit lan bumi, iku kabèh mêsthi dadi tăndha yêkti tumrap wong kang padha ana akale.

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَبَيَّنُوْا فَاُولٰۤىِٕكَ اَتُوْبُ عَلَيْهِمْ ۚ وَاَنَا التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٦٠
Illal-lażīna tābū wa aṣlaḥū wa bayyanū fa'ulā'ika atūbu ‘alaihim, wa anat-tawwābur-raḥīm(u).
[160] Sawênèh manungsa ana wong kang ngadêgake brahala, dudu [du......du] Allah, diênggo nimbangi Allah, wong mau padha dhêmên sarta ngluhurake brahala padha karo dhêmêne lan ênggone ngluhurake Allah. Dene para wong mukmin, dhêmêne lan ênggone ngluhurake marang Allah ngungkuli samono. He Mukhamad, manawa sira andêlêng kang padha nganiaya nalikane andêlêng siksa, (Kudu disambungi mangkene: mêsthi sira ngarani yèn iku prakara gêdhe kang anggêgirisi. Jalalèn.) amarga kamênangan iku kagungane Allah kabèh, lan satêmêne Allah iku siksane luwih dening abot.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ لَعْنَةُ اللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ١٦١
Innal-lażīna kafarū wa mātū wa hum kuffārun ulā'ika ‘alaihim la‘natullāhi wal-malā'ikati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[161] Para panggêdhening panasaran dalah kang padha manut, nalikane padha andêlêng siksa, têtalining guyube pêdhot, kang dinut banjur nyelaki marang kang manut.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ١٦٢
Khālidīna fīhā, lā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunẓarūn(a).
[162] Ature kang padha manut: Saupami kula punika sami kenginga wangsul dhatêng donya, mêsthi kula nyelaki pangagênging panasaran punika kados anggènipun nyelaki dhatêng kula ing sapunika: Mangkono uga Allah nuduhake marang wong mau samubarang kang wis padha dilakoni, wong mau padha gêtun, lan padha ora bisa mêtu saka ing naraka.

وَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ لَآاِلٰهَ اِلَّا هُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٦٣
Wa ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), lā ilāha illā huwar-raḥmānur-raḥīm(u).
[163] He para manungsa, sira padha mangana barang isèn-isèning bumi kang kalal, (Khalal iku dudu larangan. Jamal.) tur enak, lan aja padha manut panggodhaning [pang...godhaning] setan, setan iku têtela satrunira.

اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَالْفُلْكِ الَّتِيْ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِمَا يَنْفَعُ النَّاسَ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ مَّاۤءٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍ ۖ وَّتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ وَالسَّحَابِ الْمُسَخَّرِ بَيْنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ١٦٤
Inna fī khalqis-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfil-laili wan-nahāri wal-fulkil-latī tajrī fil-baḥri bimā yanfa‘un-nāsa wa mā anzalallāhu minas-samā'i mim mā'in fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa baṡṡa fīhā min kulli dābbah(tin), wa taṣrīfir-riyāḥi was-saḥābil-musakhkhari bainas-samā'i wal-arḍi la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[164] Kang mêsthi setan iku ngojok-ojoki ing sira nglakoni dosa lan panggawe ala, lan supaya sira padha ngucapna barang kang ora sira wêruhi awad-awat[5] têrang saka Allah.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّتَّخِذُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْدَادًا يُّحِبُّوْنَهُمْ كَحُبِّ اللّٰهِ ۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَشَدُّ حُبًّا لِّلّٰهِ ۙوَلَوْ يَرَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اِذْ يَرَوْنَ الْعَذَابَۙ اَنَّ الْقُوَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًا ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعَذَابِ١٦٥
Wa minan-nāsi may yattakhiżu min dūnillāhi andāday yuḥibbūnahum kaḥubbillāh(i), wal-lażīna āmanū asyaddu ḥubbal lillāh(i), wa lau yaral-lażīna ẓalamū iż yaraunal-‘ażāb(a), annal-quwwata lillāhi jamī‘ā(n), wa annallāha syadīdul-‘ażāb(i).
[165] Nalikane wong kaphir padha didhawuhi: Sira padha manuta samubarang kang wis didhawuhake dening Allah, wong kaphir banjur padha mangsuli: Kula sami manut samukawis ingkang sampun kula sêrêpi dipun lampahi dening para lêluhur kula, pangandikaning Allah: Apa sanadyan lêluhure padha ora duwe akal sathithik-thithika lan tanpa pituduh iya mêksa dinut.

اِذْ تَبَرَّاَ الَّذِيْنَ اتُّبِعُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا وَرَاَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْاَسْبَابُ١٦٦
Iż tabarra'al-lażīnattubi‘ū minal-lażīnattaba‘ū wa ra'awul-‘ażāba wa taqaṭṭa‘at bihimul-asbāb(u).
[166] Sanepane wong kang padha kaphir, (Kudu diwuwuhi mangkene: Lan kang ngajak anglakoni pituduh. Jamal.) iku kaya upamane pangon kang nyuwara, ngucapake unèn-unèn kang ora dingêrtèni dening kang diêngon, pangêrtine mung panguwuh lan pangundange bae, padhane budhêg, bisu, picak sarta padha ora duwe akal.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا لَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَتَبَرَّاَ مِنْهُمْ ۗ كَمَا تَبَرَّءُوْا مِنَّا ۗ كَذٰلِكَ يُرِيْهِمُ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْ حَسَرٰتٍ عَلَيْهِمْ ۗ وَمَا هُمْ بِخٰرِجِيْنَ مِنَ النَّارِ ࣖ١٦٧
Wa qālal-lażīnattaba‘ū lau anna lanā karratan fa natabarra'a minhum, kamā tabarra'ū minnā, każālika yurīhimullāhu a‘mālahum ḥasarātin ‘alaihim, wa mā hum bikhārijīna minan-nār(i).
[167] He para wong mukmin, sira padha mangana rêjêki kang wis Ingsun paringake marang sira êndi kang khalal, manawa sira iku têmên padha nêmbah ing Allah, sira padha sukura ing Allah.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ١٦٨
Yā ayyuhan-nāsu kulū mimmā fil-arḍi ḥalālan ṭayyibā(n), wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[168] Allah mêsthi nglarangi marang sira kabèh ora kêna mangan bathang lan gêtih lan daginging cèlèng, lan sadhengah kewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyaning Allah. Dene sing sapa kêpêksa kudu mangan barang-barang mau, pamangane ora kalawan balela, lan ora kalawan pandadra, mêsthi wong iku ora katêtêpan dosa, Allah iku Maha Ngapura lan Maha-asih.

اِنَّمَا يَأْمُرُكُمْ بِالسُّوْۤءِ وَالْفَحْشَاۤءِ وَاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ١٦٩
Innamā ya'murukum bis-sū'i wal-faḥsyā'i wa an taqūlū ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[169] Dene wong kang padha ngumpêtake unining kitab kang wis didhawuhake dening Allah, banjur padha diênggo tuku rêrêgan sathithik, wong kang mangkono iku ora mangan barang-barang, yêktine dumunung mangan naraka diênggo marêgi wêtênge, lan besuk dina kiyamat, Allah ora karsa ngandika marang wong mau lan ora karsa ngrêsikake saka ing dosane, lan bakal dipatrapi siksa kang nglarani.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَآ اَلْفَيْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا ۗ اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ١٧٠
Wa iżā qīla lahumuttabi‘ū mā anzalallāhu qālū bal nattabi‘u mā alfainā ‘alaihi ābā'anā, awalau kāna ābā'uhum lā ya‘qilūna syai'aw wa lā yahtadūn(a).
[170] Wong kang mangkono iku wong kang padha tuku panasaran, kalawan pituduh, lan tuku siksa kalawan pangapura, mulane iba sabare wong iku ênggone ambêtahake panasing gêni naraka.

وَمَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا كَمَثَلِ الَّذِيْ يَنْعِقُ بِمَا لَا يَسْمَعُ اِلَّا دُعَاۤءً وَّنِدَاۤءً ۗ صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ١٧١
Wa maṡalul-lażīna kafarū kamaṡalil-lażī yan‘iqu bimā lā yasma‘u illā du‘ā'aw wa nidā'ā(n), ṣummum bukmun ‘umyun fahum lā ya‘qilūn(a).
[171] Enggone mangkono mau awit Allah wis andhawuhake kitab kalawan nyata, dene wong kang padha nyulayani kitab, iku têtêp ênggone nyulayani mau tangèh bênêre.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ وَاشْكُرُوْا لِلّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ١٧٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum wasykurū lillāhi in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[172] Kabêcikan iku ora mung ênggonira sêmbayang [sê....mbayang] ngadhêpake rainira mangetan utawa mangulon bae, satêmêne kang aran bêcik iku wong kang ngandêl maring Allah lan ngandêl anane dina kiyamat, lan ngandêl marang para malaikat, lan ngandêl kitabing Allah, lan ngandêl marang para nabi, lan mèwèhake bandhane marang sanak sadulure tur satêmêne dhêmên marang bandhane mau, lan marang para bocah yatim, lan marang wong miskin, lan marang anaking dêdalan, (Anaking dêdalan, têgêse wong kang pinuju lêlungan. Jalalèn.) lan marang wong kang padha anjêjaluk, lan diênggo nêbusi wong kang ana ing boyongan, utawa ing pangawulan, lan anglakoni sêmbayang, lan bayar jakat, lan wong kang padha prajanjian nuhoni janjine, lan wong kang padha sabar sajroning kêkurangan lan kasangsaran, lan têtêg nalikane prang rukêt, wong kang mangkono iku têtêp padha tumêmên pracayane, lan wong kang mangkono iku têtêp padha wêdi maring Allah.

اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ بِهٖ لِغَيْرِ اللّٰهِ ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٧٣
Innamā ḥarrama ‘alaikumul-maitata wad-dama wa laḥmal-khinzīri wa mā uhilla bihī ligairillāh(i), fa maniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin falā iṡma ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[173] He wong mukmin kabèh, sira padha diwajibake ngèstokake pranatan wêwalês, tumrap ing rajapati, wong mardika dipatèni sabab matèni padha wong mardika, kawula iya dipatèni sabab matèni padha kawula, lan wong wadon dipatèni sabab matèni padha wong wadon, dene sing sapa diapura sathithik [sathithi..k] dening sadulure kang dipatèni, iku wajibe, kang ngapura kudu anjaluk diyat, (Diyat: têgêse têtêmpuh. Kamus.) marang kang matèni kalawan aris, lan kang matèni kudu bayar diyat marang kang ngapura kalawan bêcik.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَشْتَرُوْنَ بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًاۙ اُولٰۤىِٕكَ مَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ اِلَّا النَّارَ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللّٰهُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ ۚوَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٤
Innal-lażīna yaktumūna mā anzalallāhu minal-kitābi wa yasytarūna bihī ṡamanan qalīlā(n), ulā'ika mā ya'kulūna fī buṭūnihim illan-nāra wa lā yukallimuhumullāhu yaumal-qiyāmati wa lā yuzakkīhim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[174] Pranatan kang mangkono iku ngènthèngake lan dumunung sih saka Pangeranira. Dene kang ngapura sawise ngapura kang măngka banjur nandukake wêwalês, iku bakal kapatrapan siksa kang nglarani.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰى وَالْعَذَابَ بِالْمَغْفِرَةِ ۚ فَمَآ اَصْبَرَهُمْ عَلَى النَّارِ١٧٥
Ulā'ikal-lażīnasytarawuḍ-ḍalālata bil-hudā wal-‘ażāba bil-magfirah(ti), famā aṣbarahum ‘alan-nār(i).
[175] He wong kang padha ana akale, tumindake pranatan wêwalês, tumrap ing sira kabèh iku rumêksa ing kauripan, bokmanawa sira kabèh banjur padha wêdi.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ نَزَّلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِى الْكِتٰبِ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ ࣖ١٧٦
Żālika bi'annallāha nazzalal-kitāba bil-ḥaqq(i), wa innal-lażīnakhtalafū fil-kitābi lafī syiqāqim ba‘īd(in).
[176] Sira padha dipranata, samăngsa salah sawijinira arêp mati, manawa duwe tinggalan băndha kudu wasiyat. (Wasiyat: têgêse mêmêkas. Kamus.) Mungguh tumanjane băndha mau marang wong tuwane loro lan marang sanak sadulure kalawan ngadil, pranatan iki bênêr tumrap wong kang padha wêdi ing Allah. (Pranatan wasiyat wis disuwak, disalini pranatan pangêduming waris. Jalalèn.).

۞ لَيْسَ الْبِرَّاَنْ تُوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ قِبَلَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالْكِتٰبِ وَالنَّبِيّٖنَ ۚ وَاٰتَى الْمَالَ عَلٰى حُبِّهٖ ذَوِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۙ وَالسَّاۤىِٕلِيْنَ وَفِى الرِّقَابِۚ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ ۚ وَالْمُوْفُوْنَ بِعَهْدِهِمْ اِذَا عَاهَدُوْا ۚ وَالصّٰبِرِيْنَ فِى الْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ وَحِيْنَ الْبَأْسِۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ١٧٧
Laisal-birra an tuwallū wujūhakum qibalal-masyriqi wal-magribi wa lākinnal-birra man āmana billāhi wal-yaumil ākhiri wal-malā'ikati wal-kitābi wan-nabiyyīn(a), wa ātal-māla ‘alā ḥubbihī żawil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīna wabnas-sabīl(i), was-sā'ilīna wa fir-riqāb(i), wa aqāmaṣ-ṣalāta wa ātaz-zakāh(ta), wal mūfūna bi‘ahdihim iżā ‘āhadū, waṣ-ṣābirīna fil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i wa ḥīnal-ba's(i), ulā'ikal-lażīna ṣadaqū, wa ulā'ika humul-muttaqūn(a).
[177] Dene sing sapa sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake wasiyat, mêsthi dosane tumrap marang kang padha nglirwakake wasiyat, satêmêne Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِصَاصُ فِى الْقَتْلٰىۗ اَلْحُرُّ بِالْحُرِّ وَالْعَبْدُ بِالْعَبْدِ وَالْاُنْثٰى بِالْاُنْثٰىۗ فَمَنْ عُفِيَ لَهٗ مِنْ اَخِيْهِ شَيْءٌ فَاتِّبَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِ وَاَدَاۤءٌ اِلَيْهِ بِاِحْسَانٍ ۗ ذٰلِكَ تَخْفِيْفٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَرَحْمَةٌ ۗفَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumul-qiṣāṣu fil-qatlā, al-ḥurru bil-ḥurri wal-‘abdu bil-‘abdi wal-unṡā bil-unṡā, faman ‘ufiya lahū min akhīhi syai'un fattibā‘um bil-ma‘rūfi wa adā'un ilaihi bi iḥsān(in), żālika takhfīfum mir rabbikum wa raḥmah(tun), fa mani‘tadā ba‘da żālika fa lahū ‘ażābun alīm(un).
[178] Sing sapa nguwatirake bokmanawa wong kang mêmêkas mau luput ênggone mêmêkas utawa jaragan dosa, wong mau banjur ambêcikake wêwêkase murih bêciking sakabèhe, wong iku iya ora dosa. Satêmêne Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

وَلَكُمْ فِى الْقِصَاصِ حَيٰوةٌ يّٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ١٧٩
Wa lakum fil-qiṣāṣi ḥayātuy yā ulil-albābi la‘allakum tattaqūn(a).
[179] He wong kang padha mukmin, sira kabèh padha diwajibake puwasa. Kaya para umat sadurungira, iya padha diwajibake puwasa, sira muga padha wêdia ing Allah.

كُتِبَ عَلَيْكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ اِنْ تَرَكَ خَيْرًا ۖ ۨالْوَصِيَّةُ لِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ بِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ ۗ١٨٠
Kutiba ‘alaikum iżā ḥaḍara aḥadakumul-mautu in taraka kahirā(n), al-waṣiyyatu lil-wālidaini wal-aqrabīna bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muttaqīn(a).
[180] [6] Kudu puwasa sawatara dina kang karuwan cacahe, dene sira kabèh sing sapa lagi nandhang lara utawa pinuju lêlungan, puwasaa ing liya dina bae sacacahe kang lowong, dene wong kang padha ora kêlar puwasa, bayara phidyah (Phidyah têgêse: panêbus, dene phidyahing puwasa kudu sidêkah rêjêki kang kalaku dadi panganing wong kono. Ing dalêm puwasa dina phidyahe samud (saraup). Jamal.) bae, iya iku awèh pangan marang wong miskin, dene sing sapa muwuhi pangabêkti gawe kabêcikan, iya olèh bêcik, nanging yèn sira milaur puwasa bae iku luwih bêcik tumrap ing sira. Yèn sira wis padha wêruh padha lakonana.

فَمَنْۢ بَدَّلَهٗ بَعْدَمَا سَمِعَهٗ فَاِنَّمَآ اِثْمُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يُبَدِّلُوْنَهٗ ۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ ۗ١٨١
Famam baddalahū ba‘da mā sami‘ahū fa innamā iṡmuhū ‘alal-lażīna yubaddilūnah(ū), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[181] Sasi Ramlan iku sasi ênggone Kuran tinurunake, dadi pituduh marang manungsa lan dadi tăndha yêkti [yê...kti] kang cêtha ewone pituduhing Allah, sarta ambedakake bênêr karo luput. Dene sira kabèh sing sapa mênangi sasi Ramlan, apuwasaa, lan sing sapa lagi nandhang lara utawa pinuju lêlungan, apuwasaa ing seje dina bae sapira ênggone anglowongake, kaparênging Allah supaya gampanga ênggonira padha nglakoni, lan kaparênging Allah ora ngêngèl-êngèl ênggonira padha nglakoni. Lan sira kabèh padha anggênêpana puwasa sacacahe, (Sacacahing dina sasi Ramlan. Jalalèn.) lan sira padha takbira (Têgêse nyêbuta: Allahu Akbar, têgêse Allah iku luwih dening gêdhe. Jamal.) ing Allah, sumurup ngaturi panuwun ênggone Allah nuduhake marang sira, lan sira kabèh muga padha sukura (Têgêse munjuka ing Allah: sakalangkung ing panuwun pamundhi kawula. Jamal.) ing Allah.

فَمَنْ خَافَ مِنْ مُّوْصٍ جَنَفًا اَوْ اِثْمًا فَاَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٨٢
Faman khāfa mim mūṣin janafan au iṡman fa aṣlaḥa bainahum falā iṡma ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[182] Nalikane para kawulaningsun padha takon marang sira Mukhammad, nakokake sariraningsun, satêmêne Ingsun iki cêdhak, nalikane kawulaningsun nyênyuwun marang Ingsun, Ingsun maringi panyuwune wong kang nyênyuwun mau, mulane padha nyuwuna kasêmbadaning panyuwune marang Ingsun, lan padha ngandêla marang Ingsun. Kabèh bae muga padha olèha pituduh. [pi...tuduh.]

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ١٨٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba ‘alal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
[183] Sajrone sasi Pasa yèn wayah bêngi sira padha dililani cumbana karo wong wadonira, wong wadonira iku minăngka sandhanganira, lan sira iku minăngka sandhangane wong wadonira, Allah wis ngudanèni yèn sira iku padha cidra marang awakira dhewe, Allah wis ngapura marang sira kabèh, lan wis muwung marang sira kabèh, mulane saiki padha cumbanaa karo wong wadonira, Allah ênggone wis mranata marang sira prakara cumbana padha sira èstokna. Sira padha mangana lan ngombea, nganti sira waspada tumrontonging ular-ular putih, iya iku wayah bangun, saka ing ular-ular irêng, (Ular-ular irêng iku karêpe wayah bêngi. Jamal.) ing kono sira nuli nyampurnakna puwasa nganti têkan ing wêngi. Yèn sira pinuju iktikhap, (Iktikaph, iki têgêse lèrèn ana sajroning masjid, nganggo niyat ngabêkti ing Allah. Jamal.) ana ing masjid aja cumbana lan wong wadonira, kang mangkone[7] iku laranganing Allah, sira aja wani-wani cêdhak, mangkono uga Allah nêrangake ayate marang para manungsa, supaya padha wêdia ing Allah.

اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗوَعَلَى الَّذِيْنَ يُطِيْقُوْنَهٗ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِيْنٍۗ فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ ۗوَاَنْ تَصُوْمُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١٨٤
Ayyāmam ma‘dūdāt(in), faman kāna minkum marīḍan au ‘alā safarin fa ‘iddatum min ayyāmin ukhar(a), wa ‘alal-lażīna yuṭīqūnahū fidyatun ṭa‘āmu miskīn(in), faman taṭawwa‘a khairan fahuwa khairul lah(ū), wa an taṣūmū khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[184] Lan sira aja padha mangan bandhane kancanira kalawan batal, (Batal, têgêse ora bênêr. Jalalèn.) lan aja age-age anggugat băndha mau marang [ma...rang] pangadilan, kang pamrihira supaya bisa mangan bandhaning manungsa sawatara kalawan nandhang dosa, kang măngka sira padha wêruh luputira.

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٨٥
Syahru ramaḍānal-lażī unzila fīhil-qur'ānu hudal lin-nāsi wa bayyinātim minal-hudā wal-furqān(i), faman syahida minkumusy-syahra falyaṣumh(u) wa man kāna marīḍan au ‘alā safarin fa ‘iddatum min ayyāmin ukhar(a), yurīdullāhu bikumul-yusra wa lā yurīdu bikumul-‘usr(a), wa litukmilul-‘iddata wa litukabbirullāha ‘alā mā hadākum wa la‘allakum tasykurūn(a).
[185] He Mukhammad, para umatira padha takon ing sira prakara ananing tanggal, iku sira wangsulana: Owah gingsiring tanggal iku panêngêran măngsa tumrap kêkarêpaning manungsa lan tumrap mangsaning khaji. Lan manèh kang aran bêcik iku dudu ênggonmu padha malêbu ing omah sarana ambobol saka gêgêring omah, nanging kang aran bêcik iku wong kang wêdi ing Allah, mulane padha malêbua ing omah mêtu ing lawange bae. Lan padha wêdia ing Allah, supaya sira iku kabèh padha bêgja.

وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ١٨٦
Wa iżā sa'alaka ‘ibādī ‘annī fa innī qarīb(un), ujību da‘watad-dā‘i iżā da‘ān(i), falyastajībū lī walyu'minū bī la‘allahum yarsyudūn(a).
[186] Lan padha mangsaha pêrang sabilullah, (Sabilullah têgêse dêdalaning Allah, iya iku pêrang lan satru kaphir. Jamal.) mapagna wong kaphir kang padha mêrangi ing sira, lan sira aja ngawiti pêrang, satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha ngawiti pêrang.

اُحِلَّ لَكُمْ لَيْلَةَ الصِّيَامِ الرَّفَثُ اِلٰى نِسَاۤىِٕكُمْ ۗ هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّ ۗ عَلِمَ اللّٰهُ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَكُمْ فَتَابَ عَلَيْكُمْ وَعَفَا عَنْكُمْ ۚ فَالْـٰٔنَ بَاشِرُوْهُنَّ وَابْتَغُوْا مَا كَتَبَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗ وَكُلُوْا وَاشْرَبُوْا حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكُمُ الْخَيْطُ الْاَبْيَضُ مِنَ الْخَيْطِ الْاَسْوَدِ مِنَ الْفَجْرِۖ ثُمَّ اَتِمُّوا الصِّيَامَ اِلَى الَّيْلِۚ وَلَا تُبَاشِرُوْهُنَّ وَاَنْتُمْ عٰكِفُوْنَۙ فِى الْمَسٰجِدِ ۗ تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ فَلَا تَقْرَبُوْهَاۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ١٨٧
Uḥilla lakum lailataṣ-ṣiyāmir-rafaṡu ilā nisā'ikum, hunna libāsul lakum wa antum libāsul lahunn(a), ‘alimallāhu annakum kuntum takhtānūna anfusakum fatāba ‘alaikum wa ‘afā ‘ankum, fal-āna bāsyirūhunna wabtagū mā kataballāhu lakum, wa kulū wasyrabū ḥattā yatabayyana lakumul-khaiṭul-abyaḍu minal-khaiṭil-aswadi minal-fajr(i), ṡumma atimmuṣ-ṣiyāma ilal-lail(i), wa lā tubāsyirūhunna wa antum ‘ākifūna fil-masājid(i) tilka ḥudūdullāhi falā taqrabūhā, każālika yubayyinullāhu āyātihī lin-nāsi la‘allahum yattaqūn(a).
[187] Lan sira padha mêrangana wong kaphir kabèh, ing ngêndi ênggone katêmu, yèn wong kaphir mau padha ngungsir sira saka ing Mêkah, iya padha sira ungsira saka ing Mêkah. Dene paekan iku luwih bangêt, ngungkuli pêrang, lan sira aja padha mêrangi wong kaphir ana ing Masjidil Karam, kajaba yèn si kaphir mau mêrangi sira ana ing Masjidil Karam. Dene yèn si kaphir padha mêrangi sira, iya papagna pêrange. Kang mangkono mau dumunung wêwalês marang wong kang padha kaphir.

وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُوْا بِهَآ اِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُوْا فَرِيْقًا مِّنْ اَمْوَالِ النَّاسِ بِالْاِثْمِ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ࣖ١٨٨
Wa lā ta'kulū amwālakum bainakum bil-bāṭili wa tudlū bihā ilal-ḥukkāmi lita'kulū farīqam min amwālin-nāsi bil-iṡmi wa antum ta‘lamūn(a).
[188] Dene manawa wong kaphir mau wis padha mêdhot ênggone kaphir, satêmêne Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

۞ يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَهِلَّةِ ۗ قُلْ هِيَ مَوَاقِيْتُ لِلنَّاسِ وَالْحَجِّ ۗ وَلَيْسَ الْبِرُّ بِاَنْ تَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ ظُهُوْرِهَا وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنِ اتَّقٰىۚ وَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ اَبْوَابِهَا ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ١٨٩
Yas'alūnaka ‘anil-ahillah(ti), qul hiya mawāqītu lin-nāsi wal-ḥajj(i), wa laisal-birru bi'an ta'tul-buyūta min ẓuhūrihā wa lākinnal-birra manittaqā, wa'tul-buyūta min abwābihā, wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[189] Lan sira padha mêrangana wong kaphir kabèh, nganti têntrêm ora ana paekan apa-apa, sarta agama iku wis sayuk, sarupaning wong padha nêmbah ing Allah. Dene yèn wong kaphir wis padha mêdhot ênggone kaphir, ing kono ora ana satru manèh kajaba wong kang isih padha nganiaya.

وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْا ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ١٩٠
Wa qātilū fī sabīlillāhil-lażīna yuqātilūnakum wa lā ta‘tadū, innallāha lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[190] Sasi Karam iku (Iya iku sasi Dulkangidah, wong Islam padha dilarangi pêrang ana ing sasi mau, nanging sarèhne wong kaphir padha mêrangi wong Islam ana ing sasi Dulkangidah kang wis kapungkur, sanadyan saiki sasi Dulkangidah nanging wong Islam iya kêna mêrangi wong kaphir, iku kang diarani têtimbangan. Jamal.) ditimbangi kalawan sasi Kharam uga, dene barang kang bênêre kudu diajèni iku ana pranataning wêwalês, mulane sing sapa nandukake piala marang sira, sira iya malêsa nindakake piala marang wong mau sapadhane ênggone ngalani marang sira, lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku anjangkung wong kang padha wêdi ing Allah.

وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ وَاَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ حَيْثُ اَخْرَجُوْكُمْ وَالْفِتْنَةُ اَشَدُّ مِنَ الْقَتْلِ ۚ وَلَا تُقٰتِلُوْهُمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ حَتّٰى يُقٰتِلُوْكُمْ فِيْهِۚ فَاِنْ قٰتَلُوْكُمْ فَاقْتُلُوْهُمْۗ كَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ١٩١
Waqtulūhum ḥaiṡu ṡaqiftumūhum wa akhrijūhum min ḥaiṡu akhrajūkum wal-fitnatu asyaddu minal-qatl(i), wa lā tuqātilūhum ‘indal-masjidil-ḥarāmi ḥattā yuqātilūkum fīh(i), fa'in qātalūkum faqtulūhum, każālika jazā'ul-kāfirīn(a).
[191] Lan sira padha manjurunga băndha kanggo sabilullah (Sabilullah têgêse: dêdalaning Allah, wong manjurung băndha marang sabilullah iku kaya ta: manjurung băndha kanggo wragading pêrang mungsuh wong kaphir sapêpadhane bab adêging agama Islam.) lan aja padha nibakake awakira marang karusakan, lan padha gawea kabêcikan, satêmêne Allah iku rêmên marang wong kang padha gawe kabêcikan.

فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٩٢
Fa'inintahau fa'innallāha gafūrur raḥīm(un).
[192] Sira padha nyampurnakna khaji lan ngumrah (Khaji iku ewone rukuning Islam, ngumrah iku kalêbu ing khaji, laku-lakune dijalèntrèhake ana ing kitab ngilmu phakih. Jamal.) konjuk ing Allah, dene yèn ana alanganing satru, wajibe sira kudu bayar dhêndhan, (Dhêndhane kudu ambêlèh wêdhus siji. Jalalèn.) lan aja padha nyukur sirahira (Sirah K.N. = sirahing kali enz. Waradarma.) nganti têkan ênggonira bayar dhêndhan ana ing panggonaning alangan mau. Dene sira kabèh sing sapa nandhang lara utawa katêkan rêribêd ana ing sirahe: banjur cukur, iku kêna ing panêbus anglakoni [a...nglakoni] puwasa, utawa sidêkah, utawa ambêlèh wêdhus salah sijine, ing nalika sira têntrêm, sing sapa nêrak larangan, sabab wis rampung ngumrahe, nganti têkan ênggone nglakoni khaji, iku wajibe kudu bayar dhêndhan, yèn bisa kudu ambêlèh wêdhus, sing sapa ora bisa ambêlèh wêdhus, wajibe kudu puwasa têlung dina sajrone nglakoni kaji, lan yèn wis mulih têkan ing omahe kudu puwasa manèh pitung dina, iya iku dumunung puwasa sapuluh dina kang sampurna, wajibing dhêndhan kang mangno[8] mau tumrap wong kang anak bojone ora cêdhak Masjidil Kharam, lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku siksane abot.

وَقٰتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ لِلّٰهِ ۗ فَاِنِ انْتَهَوْا فَلَا عُدْوَانَ اِلَّا عَلَى الظّٰلِمِيْنَ١٩٣
Wa qātilūhum ḥattā lā takūna fitnatuw wa yakūnad-dīnu lillāh(i), fa inintahau falā ‘udwāna illā ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[193] Mangsane nglakoni khaji iku sasi kang kinawruhan. (Iya iku sasi Sawal, lan sasi Dulkangidah, lan sasi Dzulkijah têkan tanggal ping sapuluh. Jamal.) Sing sapa nglakoni rukuning khaji ana ing sasi mau, ora kêna cumbana lan ora kêna duraka, lan ora kêna padu sajrone nglakoni khaji. Dene kabêcikan kang padha sira lakoni iku Allah ngudanèni, lan sira padha sêsangua, dene sangu kang prayoga dhewe iku sangu wêdi ing Allah. He wong kang padha ana akale, sira padha wêdia marang Ingsun.

اَلشَّهْرُ الْحَرَامُ بِالشَّهْرِ الْحَرَامِ وَالْحُرُمٰتُ قِصَاصٌۗ فَمَنِ اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ فَاعْتَدُوْا عَلَيْهِ بِمِثْلِ مَا اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ١٩٤
Asy-syahrul-ḥarāmu bisy-syahril-ḥarāmi wal-ḥurumātu qiṣāṣ(un), famani‘tadā ‘alaikum fa‘tadū ‘alaihi bimiṡli ma‘tadā ‘alaikum, wattaqullāha wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[194] Sira kabèh ora ana pakewuhe nyambut gawe [ga...we] marsudi pêparinge Pangeranira, dene yèn sira wis padha mundur saka ing ara-ara Ngarpah, padha nyêbuta asmaning Allah ana ing Masngarul Kharam. (Masngarul Kharam iku gunung ana pinggiring ara-ara Musdaliphah, uga aran gunung Kuzah. Jalalèn.) Lan padha nyêbuta asmaning Allah marga Allah wis nuduhake ing sira kabèh. Sanadyan sadurunge iku sira padha kalêbu ewoning wong kêsasar.

وَاَنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا تُلْقُوْا بِاَيْدِيْكُمْ اِلَى التَّهْلُكَةِ ۛ وَاَحْسِنُوْا ۛ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ١٩٥
Wa anfiqū fī sabīlillāhi wa lā tulqū bi'aidīkum ilat-tahlukah(ti), wa aḥsinū, innallāha yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[195] He turuning Kurès, sira banjur padha mundura barêng karo undure wong akèh, lan padha nyuwuna pangapura ing Allah, satêmêne Allah iku Maha Ngapura lan Maha-asih.

وَاَتِمُّوا الْحَجَّ وَالْعُمْرَةَ لِلّٰهِ ۗ فَاِنْ اُحْصِرْتُمْ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ وَلَا تَحْلِقُوْا رُءُوْسَكُمْ حَتّٰى يَبْلُغَ الْهَدْيُ مَحِلَّهٗ ۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ بِهٖٓ اَذًى مِّنْ رَّأْسِهٖ فَفِدْيَةٌ مِّنْ صِيَامٍ اَوْ صَدَقَةٍ اَوْ نُسُكٍ ۚ فَاِذَآ اَمِنْتُمْ ۗ فَمَنْ تَمَتَّعَ بِالْعُمْرَةِ اِلَى الْحَجِّ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ فِى الْحَجِّ وَسَبْعَةٍ اِذَا رَجَعْتُمْ ۗ تِلْكَ عَشَرَةٌ كَامِلَةٌ ۗذٰلِكَ لِمَنْ لَّمْ يَكُنْ اَهْلُهٗ حَاضِرِى الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ࣖ١٩٦
Wa atimmul-ḥajja wal-‘umrata lillāh(i), fa'in uḥṣirtum famastaisara minal-hady(i), wa lā taḥliqū ru'ūsakum ḥattā yablugal-hadyu maḥillah(ū), faman kāna minkum marīḍan au bihī ażam mir ra'sihī fafidyatum min ṣiyāmin au ṣadaqatin au nusuk(in), fa'iżā amintum, faman tamatta‘a bil-‘umrati ilal-ḥajji famastaisara minal-hady(i), famal lam yajid faṣiyāmu ṡalāṡati ayyāmin fil-ḥajji wa sab‘atin iżā raja‘tum, tilka ‘asyaratun kāmilah(tun), żālika limal lam yakun ahluhū ḥāḍiril-masjidil-ḥarām(i), wattaqullāha wa‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[196] Nalikane wis rampung ênggonira padha nglakoni ngibadah khaji, sira banjur padha nyêbuta asmaning Allah kaya panyêbutira jênênging para lêluhurira, utawa luwih akèh manèh panyêbutira. Sawênèhing manungsa ana kang matur: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa bêbahan kawula wontên ing dunya. Dene besuk ana ing akhirat, wong mau ora olèh panduman kabêgjan.

اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗ وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ١٩٧
Al-ḥajju asyhurum ma‘lūmāt(un), faman faraḍa fīhinnal-ḥajja falā rafaṡa wa lā fusūqa wa lā jidāla fil-ḥajj(i), wa mā taf‘alū min khairiy ya‘lamhullāh(u), wa tazawwadū fa'inna khairaz-zādit-taqwā, wattaqūni yā ulil-albāb(i).
[197] Lan sawênèhing manungsa manèh ana kang matur mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa ingkang sae dhumatêng kawula wontên ing dunya, makatên ugi benjing wontên ing akhirat inggih paringa ingkang sae, saha kawula mugi Tuwan lêpatna saking siksa naraka.

لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ فَاِذَآ اَفَضْتُمْ مِّنْ عَرَفٰتٍ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ عِنْدَ الْمَشْعَرِ الْحَرَامِ ۖ وَاذْكُرُوْهُ كَمَا هَدٰىكُمْ ۚ وَاِنْ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمِنَ الضَّاۤلِّيْنَ١٩٨
Laisa ‘alaikum junāḥun an tabtagū faḍlam mir rabbikum, fa'iżā afaḍtum min ‘arafātin fażkurullāha ‘indal-masy‘aril-ḥarām(i), ważkurūhu kamā hadākum, wa in kuntum min qablihī laminaḍ-ḍāllīn(a).
[198] Wong kang mangkono mau padha duwe panduman kabêgjan, awit ênggone padha nglakoni khaji. Dene Allah iku ênggone nimbang ala lan bêcik: rikat bangêt.

ثُمَّ اَفِيْضُوْا مِنْ حَيْثُ اَفَاضَ النَّاسُ وَاسْتَغْفِرُوا اللّٰهَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٩٩
Ṡumma afīḍū min ḥaiṡu afāḍan-nāsu wastagfirullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[199] Lan sira padha nyêbuta asmaning Allah pirang-pirang dina kang gênah wilangane. Dene sing sapa age-age mundur saka ing ara-ara Mina (Mina iku uga diarani: Masngarul Kharam, iya iku ara-ara ana ing pagunungan cilik kang diarani gunung Kuzah dumunung ana sapinggiring ara-ara Musdaliphah kaprênah salor wetaning kutha nagara Mêkah, dohe watara têlung pal. Wong kang nglakoni khaji ana ing kono padha nginêp, lawase têlung bêngi, lan ana kang ambêlèh wêdhus, utawa sabên dina padha ambalang jumrah, têgêse tugu têtêlu kang jèjèr sawatara dohe, iya iku patilasan ênggone Nabi Ismangil ambalang setan kang anggodha sarirane, supaya băngga ênggone arêp dibêlèh ingkang rama, nanging Nabi Ismangil ora manut panggodhaning setan, malah ambalangi marang setan mau, iya iku kang dilêluri wong khaji ênggone ambalang jumrah. Inna ngatut talibin, kasasul ambiya.) ana ing dina Tasrèk kang (Dina Tasrèk iku tanggal [tang.gal] kaping sawêlas, kaping rolas, lan kaping têlulas padha sasi Dulkhijah ing sabên taun. Muhtar.) kapindho, iku ora dosa, lan sing sapa ngèrèni iya ora duraka. Mangkono iku tumrap wong kang padha wêdi ing Allah, lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn sira iku kabèh ing têmbe bakal padha tinangèkake saka ing pati, diimpun marang ngarsaning Allah.

فَاِذَا قَضَيْتُمْ مَّنَاسِكَكُمْ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَذِكْرِكُمْ اٰبَاۤءَكُمْ اَوْ اَشَدَّ ذِكْرًا ۗ فَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ٢٠٠
Fa iżā qaḍaitum manāsikakum fażkurullāha każikrikum ābā'akum au asyadda żikrā(n), faminan-nāsi may yaqūlu rabbanā ātinā fid-dun-yā wa mā lahū fil-ākhirati min khalāq(in).
[200] Lan sawênèhing manungsa ana kang pangucape lamis andadèkake gumunira tumrap kauripan ing dunya, lan wani nêksèkake ing Allah mungguh kang ana sajroning atine, nanging satêmêne wong iku bangêt ênggone madoni ing sira.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ٢٠١
Wa minhum may yaqūlu rabbanā ātinā fid-dun-yā ḥasanataw wa fil-ākhirati ḥasanataw wa qinā ‘ażāban-nār(i).
[201] Barêng wis lunga saka ngarêpira banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, angrusaka tanduran lan anaking khewan, Allah iku ora rêmên marang wong kang padha gawe rusak.

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّمَّا كَسَبُوْا ۗ وَاللّٰهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٢٠٢
Ulā'ika lahum naṣībum mimmā kasabū, wallāhu sarī‘ul-ḥisāb(i).
[202] Nalikane wong mau didhawuhi: Sira wêdia ing Allah, dosane wong iku sanalika nukulake gumêdhene, mulane wong mau cukup dicêmplungake ing naraka jahanam (Jahanam iku araning naraka. Jamal.) naraka jahanam iku ala-alaning lèmèk.

۞ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْدُوْدٰتٍ ۗ فَمَنْ تَعَجَّلَ فِيْ يَوْمَيْنِ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۚوَمَنْ تَاَخَّرَ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۙ لِمَنِ اتَّقٰىۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٠٣
Ważkurullāha fī ayyāmim ma‘dūdāt(in), faman ta‘ajjala fī yaumaini falā iṡma ‘alaih(i), wa man ta'akhkhara falā iṡma ‘alaihi limanittaqā, wattaqullāha wa‘lamū annakum ilaihi tuḥsyarūn(a).
[203] Sawênèhing manungsa ana kang adol awake murih kaparênging Allah, dene Allah iku wêlas ing para kawula.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّعْجِبُكَ قَوْلُهٗ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَيُشْهِدُ اللّٰهَ عَلٰى مَا فِيْ قَلْبِهٖ ۙ وَهُوَ اَلَدُّ الْخِصَامِ٢٠٤
Wa minan-nāsi may yu‘jibuka qauluhū fil-ḥayātid-dun-yā wa yusyhidullāha ‘alā mā fī qalbih(ī), wa huwa aladdul-khiṣām(i).
[204] He wong mukmin, sira padha mlêbua agama Islam, ngèstokna sabarang pranatane kabèh, lan aja padha manut dêdalaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

وَاِذَا تَوَلّٰى سَعٰى فِى الْاَرْضِ لِيُفْسِدَ فِيْهَا وَيُهْلِكَ الْحَرْثَ وَالنَّسْلَ ۗ وَ اللّٰهُ لَا يُحِبُّ الْفَسَادَ٢٠٥
Wa iżā tawallā sa‘ā fil-arḍi liyufsida fīhā wa yuhlikal-ḥarṡa wan-nasl(a), wallāhu lā yuḥibbul-fasād(a).
[205] Sawise sira katêkan tăndha yêkti pirang-pirang, manawa sira padha mlengos, sira padha wêruha yèn Allah iku Mahamulya, santosa tur wicaksana.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُ اتَّقِ اللّٰهَ اَخَذَتْهُ الْعِزَّةُ بِالْاِثْمِ فَحَسْبُهٗ جَهَنَّمُ ۗ وَلَبِئْسَ الْمِهَادُ٢٠٦
Wa iżā qīla lahuttaqillāha akhażathul-‘izzatu bil-iṡmi faḥasbuhū jahannam(u), wa labi'sal-mihād(u).
[206] Malêbune Islam mau apa nganggo disarantèkake: ora, mung Allah lan para malaikat bakal nêkakake siksa ana eyubing mêndhung, ing kono prakara wis dirampungi, samubarang prakara iku konjuk ing Allah.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْرِيْ نَفْسَهُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ٢٠٧
Wa minan-nāsi may yasyrī nafsahubtigā'a marḍātillāh(i), wallāhu ra'ūfum bil-‘ibād(i).
[207] He Mukhammad, sira andangua para turuning Israil, wis pira kèhing ayat tăndha yêkti kang wis Ingsun têkakake marang wong mau. Sawise katêkan ayat tăndha yêkti, sing sapa nyalini nikmating Allah, (Têgêse milih kaphir. Jalalèn.) iku wêruha yèn Allah iku siksane abot.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ادْخُلُوْا فِى السِّلْمِ كَاۤفَّةً ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٢٠٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanudkhulū fis-silmi kāffah(tan), wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[208] Wong kaphir padha diiming-imingi kabungahan dunya, lan banjur padha anggêguyu marang wong kang padha mukmin, dene wong kang padha wêdi ing Allah besuk dina kiyamat padha ana-ana ing dhuwure wong kaphir mau, Allah iku paring rêjêki tanpa takêran marang wong kang dadi parênging karsane.

فَاِنْ زَلَلْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْكُمُ الْبَيِّنٰتُ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٠٩
Fa'in zalaltum mim ba‘di mā jā'atkumul-bayyinātu fa‘lamū annallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[209] Manungsa iku umat siji, (Têgêse sakawite manungsa iku golong dadi siji, padha ngandêl ing Allah, nanging lawas-lawas banjur ana kang kaphir. Jalalèn.) Allah ngutus para nabi kang padha ambêbungah lan mêmêdèni, lan Allah nurunake kitab diampil ing para nabi mau kalawan nyata, kanggo ambêbênêri para manungsa mau ênggone padha pasulayan ing bab agama, nanging manungsa mau sawise padha digêlari tăndha yêkti pirang-pirang, ora ana kang pasulayan ala-ingalanan, kajaba mung wong kang wis padha katêkan kitab, ing kono Allah nuduhake wong kang padha mukmin kalawan idining Allah, wêruh kapriye bênêre ênggone padha pasulayan mau, Allah iku nuduhake wot kang bênêr marang kang dadi parênging karsane.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيَهُمُ اللّٰهُ فِيْ ظُلَلٍ مِّنَ الْغَمَامِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ ۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ٢١٠
Hal yanẓurūna illā ay ya'tiyahumullāhu fī ẓulalim minal-gamāmi wal-malā'ikatu wa quḍiyal-amr(u), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[210] Yagene sira padha rumasa bakal malêbu suwarga, kang măngka sira padha ora nandhang cobaning Allah kang ngèmpêri coba kang disandhang ing para wong mukmin sadurungira, ana kang nandhang miskin, lan ana kang nandhang lara, banjur padha ngêrsula. Rasul sakancane para mukmin nganti kawêtu pangucape: Besuk apa têkane pitulunging Allah. Nuli dhinawuhan: Satêmêne pitulunging Allah wis cêdhak.

سَلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ كَمْ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ اٰيَةٍ ۢ بَيِّنَةٍ ۗ وَمَنْ يُّبَدِّلْ نِعْمَةَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢١١
Sal banī isrā'īla kam ātaināhum min āyatim bayyinah(tin), wa may yubaddil ni‘matallāhi mim ba‘di mā jā'athu fa innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[211] He Mukhammad, para umatira padha takon ing sira, kadospundi lampah-lampahipun tiyang wèwèh, iku sira dhawuha, sadhengaha kang bêcik kang sira wèhake iku kêna. Dene kang prayoga diwèwèhi, iku wong tuwane loro lan sanak sadulure, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan anaking dêdalan. (Anaking dêdalan iku wong pinuju lêlungan. Jalalèn.) Dene sadhengah kabêcikan kang sira lakoni, Allah ngudanèni marang kabêcikan mau.

زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَيَسْخَرُوْنَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۘ وَالَّذِيْنَ اتَّقَوْا فَوْقَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَاللّٰهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٢١٢
Zuyyina lil-lażīna kafarul-ḥayātud-dun-yā wa yaskharūna minal-lażīna āmanū, wal-lażīnattaqau fauqahum yaumal-qiyāmah(ti), wallāhu yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[212] Sira kabèh padha dipranata wajib mangsah pêrang, kang măngka pêrang iku tumrap ing sira anggêthingake.

كَانَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً ۗ فَبَعَثَ اللّٰهُ النَّبِيّٖنَ مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ ۖ وَاَنْزَلَ مَعَهُمُ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِيَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ فِيْمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ فِيْهِ اِلَّا الَّذِيْنَ اُوْتُوْهُ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ بَغْيًا ۢ بَيْنَهُمْ ۚ فَهَدَى اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ مِنَ الْحَقِّ بِاِذْنِهٖ ۗ وَاللّٰهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢١٣
Kānan-nāsu ummataw wāḥidah(tan), fa ba‘aṡallāhun-nabiyyīna mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa anzala ma‘ahumul-kitāba bil-ḥaqqi liyaḥkuma bainan-nāsi fīmakhtalafū fīh(i), wa makhtalafa fīhi illal-lażīna ūtūhu mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu bagyam bainahum, fahadallāhul-lażīna āmanū limakhtalafū fīhi minal-ḥaqqi bi'iżnih(ī), wallāhu yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[213] [9] Nanging bokmanawa barang kang sira gêthingi iku malah bêcik tumrape ing sira. Lan bokmanawa barang kang sira dhêmêni iku malah ala tumrape ing sira, lan bokmanawa barang kang sira dhêmêni iku malah ala tumrape ing sira,[10] Allah iku kang mêsthi ngudanèni, dene sira padha ora wêruh.

اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَأْتِكُمْ مَّثَلُ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ ۗ مَسَّتْهُمُ الْبَأْسَاۤءُ وَالضَّرَّاۤءُ وَزُلْزِلُوْا حَتّٰى يَقُوْلَ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ مَتٰى نَصْرُ اللّٰهِ ۗ اَلَآ اِنَّ نَصْرَ اللّٰهِ قَرِيْبٌ٢١٤
Am ḥasibtum an tadkhulul-jannata wa lammā ya'tikum maṡalul-lażīna khalau min qablikum, massathumul-ba'sā'u waḍ-ḍarrā'u wa zulzilū ḥattā yaqūlar-rasūlu wal-lażīna āmanū ma‘ahū matā naṣrullāh(i), alā inna naṣrallāhi qarīb(un).
[214] He Mukhammad, wong Islam padha takon ing sira prakara pêrang ana ing sasi Kharam, iku sira dhawuha, pêrang ana ing sasi Karam iku dosa gêdhe, dene makewuhi marang wong nglakoni dêdalaning Allah lan maido ing Allah lan makewuhi wong malêbu ing Masjidil Kharam, lan ngungsir wong Masjidil Kharam saka ing kono, iku mungguhing Allah luwih gêdhe manèh dosane. Dene paekan utawa musrik, (Musrik iku têgêse wong ka[11] nyêmbah liyaning Allah. Jamal.) iku dosane luwih gêdhe manèh tinimbang pêrang. Wong kaphir padha tansah mêrangi sira, pamrihe manawa bisa supaya sira padha ambalika saka agamanira Islam. Dene sira kabèh sing sapa ambalik saka agamane Islam, nuli mati kaphir, wong kang mangkono iku, kalakuane kang bêcik larut kabèh ana ing dunya lan akhirat, dene wong kang mangkono mau padha kacêmplung ing naraka, sarta ênggone ana ing naraka padha langgêng.

يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ۗ قُلْ مَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ خَيْرٍ فَلِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ٢١٥
Yas'alūnaka māżā yunfiqūn(a), qul mā anfaqtum min khairin falil-wālidaini wal-aqrabīna wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīl(i), wa mā taf‘alū min khairin fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[215] Dene wong mukmin lan wong kang milaur ninggal omahe lan padha mangsah pêrang sabilullah, wong kang mangkono mau padha nyênyadhang sihing Allah, dene Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ وَهُوَ كُرْهٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ ࣖ٢١٦
Kutiba ‘alaikumul-qitālu wa huwa kurhul lakum, wa ‘asā an takrahū syai'aw wa huwa khairul lakum, wa ‘asā an tuḥibbū syai'aw wa huwa syarrul lakum, wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[216] He Mukhammad, para sakabatira padha takon ing sira prakara sajêng lan botohan. Sira wangsulana: Sajroning sajêng lan botohan iku ana dosa gêdhe lan ana paedah pirang-pirang marang manungsa, [ma...nungsa,] dene dosane iku luwih gêdhe ngungkuli paedahe. Lan ana uga kang padha takon ing sira bab kèh sathithiking pawèwèh.

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الشَّهْرِ الْحَرَامِ قِتَالٍ فِيْهِۗ قُلْ قِتَالٌ فِيْهِ كَبِيْرٌ ۗ وَصَدٌّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَكُفْرٌۢ بِهٖ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَاِخْرَاجُ اَهْلِهٖ مِنْهُ اَكْبَرُ عِنْدَ اللّٰهِ ۚ وَالْفِتْنَةُ اَكْبَرُ مِنَ الْقَتْلِ ۗ وَلَا يَزَالُوْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ حَتّٰى يَرُدُّوْكُمْ عَنْ دِيْنِكُمْ اِنِ اسْتَطَاعُوْا ۗ وَمَنْ يَّرْتَدِدْ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَيَمُتْ وَهُوَ كَافِرٌ فَاُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢١٧
Yas'alūnaka ‘anisy-syahril-ḥarāmi qitālin fīh(i), qul qitālun fīhi kabīr(un), wa ṣaddun ‘an sabīlillāhi wa kufrum bihī wal-masjidil-ḥarām(i), wa ikhrāju ahlihī minhu akbaru ‘indallāh(i), wal-fitnatu akbaru minal-qatl(i), wa lā yazālūna yuqātilūnakum ḥattā yaruddūkum ‘an dīnikum inistaṭā‘ū, wa may yartadid minkum ‘an dīnihī fa yamut wa huwa kāfirun fa ulā'ika ḥabiṭat a‘māluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[217] Sira wangsulana: Pawèwèh iku saturahing kabutuhanira, mangkono uga Allah nêrangake tăndha yêkti pirang-pirang marang sira kabèh, supaya sira padha mikira.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۙ اُولٰۤىِٕكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢١٨
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hājarū wa jāhadū fī sabīlillāh(i), ulā'ika yarjūna raḥmatallāh(i), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[218] Ing prakara dunya lan akhirat, lan manèh umatira padha takon ing sira prakara bocah yatim. Sira wangsulana: Ngopèni amrih bêcike bocah yatim iku bêcik bangêt.

۞ يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِۗ قُلْ فِيْهِمَآ اِثْمٌ كَبِيْرٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِۖ وَاِثْمُهُمَآ اَكْبَرُ مِنْ نَّفْعِهِمَاۗ وَيَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ەۗ قُلِ الْعَفْوَۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَۙ٢١٩
Yas'alūnaka ‘anil-khamri wal-maisir(i), qul fīhimā iṡmun kabīrw wa manāfi‘u lin nās(i), wa iṡmuhumā akbaru min naf‘ihimā, wa yas'alūnaka māżā yunfiqūn(a), qulil-‘afw(a), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum tatafakkarūn(a).
[219] Dene yèn sira ngêpèk batih bocah yatim iku dhasar sadulurira, Allah iku ngudanèni wong kang amrih rusake bocah yatim lan wong kang amrih bêcike bocah yatim. Yèn Allah karsa gawe angèl, mêsthi nglarangi marang sira ora kêna ngêpèk batih. Satêmêne Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۗ وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْيَتٰمٰىۗ قُلْ اِصْلَاحٌ لَّهُمْ خَيْرٌ ۗ وَاِنْ تُخَالِطُوْهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ الْمُفْسِدَ مِنَ الْمُصْلِحِ ۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَعْنَتَكُمْ اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٢٠
Fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa yas'alūnaka ‘anil-yatāmā, qul iṣlāḥul lahum khair(un), wa in tukhāliṭūhum fa'ikhwānukum, wallāhu ya‘lamul-mufsida minal-muṣliḥ(i), wa lau syā'allāhu la'a‘natakum innallāha ‘azizun ḥakīm(un).
[220] He wong Islam, sira aja padha ngrabèni wong wadon kaphir kajaba yèn banjur mukmin, kawula wadon kang mukmin iku luwih bêcik tinimbang wong wadon mardika kang kaphir, sanadyan nêngsêmake ing sira saking dening ayune. Lan aja padha laki wong lanang kaphir kajaba yèn banjur mukmin, kawula lanang kang mukmin iku luwih bêcik tinimbang wong lanang mardika kang kaphir, sanadyan nêngsêmake ing sira saking dening baguse.

وَلَا تَنْكِحُوا الْمُشْرِكٰتِ حَتّٰى يُؤْمِنَّ ۗ وَلَاَمَةٌ مُّؤْمِنَةٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكَةٍ وَّلَوْ اَعْجَبَتْكُمْ ۚ وَلَا تُنْكِحُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَتّٰى يُؤْمِنُوْا ۗ وَلَعَبْدٌ مُّؤْمِنٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكُمْ ۗ اُولٰۤىِٕكَ يَدْعُوْنَ اِلَى النَّارِ ۖ وَاللّٰهُ يَدْعُوْٓا اِلَى الْجَنَّةِ وَالْمَغْفِرَةِ بِاِذْنِهٖۚ وَيُبَيِّنُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ ࣖ٢٢١
Wa lā tankiḥul-musyrikāti ḥattā yu'minn(a), wa la'amatum mu'minatun khairum mim musyrikatiw wa lau a‘jabatkum, wa lā tunkiḥul-musyrikīna ḥattā yu'minū, wa la‘abdum mu'minun khairum mim musyrikiw wa lau a‘jabakum, ulā'ika yad‘ūna ilan-nār(i), wallāhu yad‘ū ilal-jannati wal-magfirati bi'iżnih(ī), wa yubayyinu āyātihī lin-nāsi la‘allahum yatażakkarūn(a).
[221] Wong kaphir iku padha ngajak nyêmplung ing naraka, dene Allah iku nimbali malêbu ing sawarga lan paring pangapura, têrang idin karsaning Allah, sarta nêrangake tăndha yêktine marang manungsa supaya padha elinga.

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْمَحِيْضِ ۗ قُلْ هُوَ اَذًىۙ فَاعْتَزِلُوا النِّسَاۤءَ فِى الْمَحِيْضِۙ وَلَا تَقْرَبُوْهُنَّ حَتّٰى يَطْهُرْنَ ۚ فَاِذَا تَطَهَّرْنَ فَأْتُوْهُنَّ مِنْ حَيْثُ اَمَرَكُمُ اللّٰهُ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ٢٢٢
Wa yas'alūnaka ‘anil-maḥīḍ(i), qul huwa ażā(n), fa‘tazilun-nisā'a fil-maḥīḍ(i), wa lā taqrabūhunna ḥattā yaṭhurn(a), fa'iżā taṭahharna fa'tūhunna min ḥaiṡu amarakumullāh(u), innallāha yuḥibbut-tawwābīna wa yuḥibbul-mutaṭahhirīn(a).
[222] He Mukhammad, para sakabatira padha takon ing sira prakara khèl, (Khèl, têgêse: sukêr. Muhtar.) sira dhawuha: Khèl iku rêgêd, mulane padha nyingkirana aja cumbana karo wong wadon kang pinuju khèl, lan aja padha nyêdhaki wong wadon mau nganti têkan rêsike. Dene yèn wong wadon mau wis rêsik, sira cumbanaa, ngèstokna dhawuh parentahing Allah. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang tansah padha tobat lan dhêmên wong kang padha rêsikan.

نِسَاۤؤُكُمْ حَرْثٌ لَّكُمْ ۖ فَأْتُوْا حَرْثَكُمْ اَنّٰى شِئْتُمْ ۖ وَقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ ۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ مُّلٰقُوْهُ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٢٣
Nisā'ukum ḥarṡul lakum, fa'tū ḥarṡakum annā syi'tum, wa qaddimū li anfusikum, wattaqullāha wa‘lamū annakum mulāqūh(u), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[223] Wong wadonira iku tumrape ing sira upamane sawah, mulane sira padha nênandura sakarêpira ana ing sawahira, lan padha andhisikna kabêcikan, (Andhisikake kabêcikan, têgêse sadurunge cumbana nyêbuta asmaning Allah. Jamal.) tumrap awakira dhewe, lan padha wêdia ing Allah, lan sira padha wêruha yèn sira iku ing têmbe padha disowanake ing ngarsaning Allah, lan sira ambêbungaha marang para wong mukmin.

وَلَا تَجْعَلُوا اللّٰهَ عُرْضَةً لِّاَيْمَانِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْا وَتَتَّقُوْا وَتُصْلِحُوْا بَيْنَ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٢٤
Wa lā taj‘alullāha ‘urḍatal li'aimānikum an tabarrū wa tattaqū wa tuṣliḥū bainan-nās(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[224] Allah aja sira ênggo ngalang-alangi ênggonira arêp gawe kabêcikan, lan wêdi ing Allah lan ngrukunake manungsa, amarga sira anggo supata, (Supata kang ngalang-alangi gawe kabêcikan iku upamane mangkene: dêmi Allah aku salawas-lawase bakal ora têtulung karibêdane Si Suta. Samăngsa Si Suta karibêdan, wong kang supata mau mêsthi ora gêlêm têtulung, wêdi nrajang supatane kang nganggo nyêbut asmaning Allah. Wong kang supata mangkono mau sunat anrajang supatane, sarta bayar dhêndhane wong nrajang supata. Ayat iki ana têgêse manèh mangkene: Sira aja akèh-akèh supata, sanajan sira têmên rêsik bêcik tur wêdi ing Allah, awit wong akèh ênggone supata iku ewoning wong nracak marang Allah. Jamal.) (Iman Saphingi ngandika mangkene: Sajêge aku ora pisan gêlêm supata nganggo asmaning Allah, sanadyan têmên utawa goroh. Mizan Sakrani.) Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللّٰهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا كَسَبَتْ قُلُوْبُكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ٢٢٥
Lā yu'ākhiżukumullāhu bil-lagwi fī aimānikum wa lākiy yu'ākhiżukum bimā kasabat qulūbukum, wallāhu gafūrun ḥalīm(un).
[225] Allah ora nganggêp supatanira kang kêtlanjur tanpa sêdya, nanging kang dianggêp dening Allah iku kang têrus sêdyaning atinira. Allah iku Maha Ngapura tur muwung.

لِلَّذِيْنَ يُؤْلُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ تَرَبُّصُ اَرْبَعَةِ اَشْهُرٍۚ فَاِنْ فَاۤءُوْ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٢٦
Lil-lażīna yu'lūna min nisā'ihim tarabbuṣu arba‘ati asyhur(in), fa'in fā'ū fa'innalāha gafūrur raḥīm(un).
[226] Wong wadon padha wajib nyarantèkake lakine kang ila, (Ila têgêse supata ora cumbana [cu...mbana] karo rabine, lawase luwih saka patang sasi, utawa tanpa wangên. Phatkhul Karit.) marang rabine mau, lawase patang sasi, ing kono yèn banjur nuhoni cumbana iya uwis, (Têgêse wis ora ana prakarane apa-apa, nanging lakine mau sarèhning wis narajang supata, kudu bayar dhêndhaning supata kang diarani, kipharat, iya iku kêna milih salah sijining têlung prakara, 1. mradikakake kawula kang mukmin tur tanpa cacad, 2. sidêkah rêjêki marang wong miskin sapuluh, nyaêmud, nyaraup, 3. nyandhangi wong miskin sapuluh: niji, dene yèn ora bisa salah sijining têlung prakara mau, kudu puwasa têlung dina. Takrib.) satêmêne Allah iku Maha Ngapura tur Maha-asih.

وَاِنْ عَزَمُوا الطَّلَاقَ فَاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٢٧
Wa in ‘azamuṭ-ṭalāqa fa innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[227] Dene yèn wong lanang ila mau pilih mêgat bae, iya banjur ngruntuhna talake. Satêmêne Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

وَالْمُطَلَّقٰتُ يَتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ ثَلٰثَةَ قُرُوْۤءٍۗ وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ اَنْ يَّكْتُمْنَ مَا خَلَقَ اللّٰهُ فِيْٓ اَرْحَامِهِنَّ اِنْ كُنَّ يُؤْمِنَّ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ وَبُعُوْلَتُهُنَّ اَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ فِيْ ذٰلِكَ اِنْ اَرَادُوْٓا اِصْلَاحًا ۗوَلَهُنَّ مِثْلُ الَّذِيْ عَلَيْهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۖ وَلِلرِّجَالِ عَلَيْهِنَّ دَرَجَةٌ ۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ٢٢٨
Wal-muṭallaqātu yatarabbaṣna bi anfusihinna ṡalāṡata qurū'(in), wa lā yaḥillu lahunna ay yaktumna mā khalaqallāhu fī arḥāmihinna in kunna yu'minna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), wa bu‘ūlatuhunna aḥaqqu biraddiūhinna fī żālika in arādū iṣlāḥā(n), wa lahunna miṡlul-lażī ‘alaihinna bil-ma‘rūf(i), wa lir-rijāli ‘alaihinna darajah(tun), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[228] Wong wadon kang dipêgat, wajib nyarantèkake awake, ora kêna laki nganti têlung kuruk, (Kuruk, têgêse: rêsik antaraning gêtih loro. Mulane manawa wong wadon kang durung tau khèl dipêgat ing lakine, iku awite ngetung kuruk, ngêntèni yèn wis khèl, nanging yèn dipêgat sawise tau khèl, iku sadurunge khèl manèh wis dietung kuruk [ku..ruk] siji. Ingana Tuttalibin.) wong wadon yèn têmên ngandêl ing Allah lan ngandêl bakal anane dina kiyamat, ora kêna ngikibi anak kang dititahake dening Allah ana sajroning wêtênge. Dene sajrone disarantèkake mau yèn lakine sumêdya bêcik manèh karo rabine, iku wênang ngrujuk, (ambalèni). Lan wong wadon iku uga duwe wajib digawe bêcik ing lakine, padha karo ênggone wajib gawe bêcik marang lakine. Nanging wong lanang duwe pangkat kamênangan marang rabine. Dene Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

اَلطَّلَاقُ مَرَّتٰنِ ۖ فَاِمْسَاكٌۢ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ تَسْرِيْحٌۢ بِاِحْسَانٍ ۗ وَلَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَأْخُذُوْا مِمَّآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ شَيْـًٔا اِلَّآ اَنْ يَّخَافَآ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۙ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا فِيْمَا افْتَدَتْ بِهٖ ۗ تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ فَلَا تَعْتَدُوْهَا ۚوَمَنْ يَّتَعَدَّ حُدُوْدَ اللّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٢٩
Aṭ-ṭalāqu marratān(i), fa imsākum bima‘rūfin au tasrīḥum bi'iḥsān(in), wa lā yaḥillu lakum an ta'khużū mimmā ātaitumūhunna syai'an illā ay yakhāfā allā yuqīmā ḥudūdullāh(i), fa in khiftum allā yuqīmā ḥudūdullāh(i) falā junāḥa ‘alaihimā fīmaftadat bih(ī), tilka ḥudūdullāhi falā ta‘tadūhā, wa may yata‘adda ḥudūdullāhi fa'ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[229] Talak iku yèn lagi loro bae, isih kêna ngrujuk, mêngku kalawan bêcik, utawa nguculake babar pisan uga kalawan bêcik, lan sira ora kêna nampani baline sadhengaha kang wis sira wèhake marang rabinira sanadyan mung sathithik, kajaba yèn wong sakaloron iku kuwatir bokmanawa ora bisa nêtêpi anggêr-anggêring Allah, samêngko kang wadon ênggone bayar pamancal ora ana pakewuhe tumrap wong sakaloron. Kang mangkono iku anggêr-anggêring Allah, sira aja padha nêrak, dene sing sapa wani nêrak, wong iku têtêp nganiaya.

فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا تَحِلُّ لَهٗ مِنْۢ بَعْدُ حَتّٰى تَنْكِحَ زَوْجًا غَيْرَهٗ ۗ فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يَّتَرَاجَعَآ اِنْ ظَنَّآ اَنْ يُّقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ يُبَيِّنُهَا لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٢٣٠
Fa'in ṭallaqahā falā taḥillu lahū mim ba‘du ḥattā tankiḥa zaujan gairah(ū), fa'in ṭallaqahā falā junāḥa ‘alaihimā ay yatarāja‘ā in ẓannā ay yuqīmā ḥudūdullāh(i), tilka ḥudūdullāhi yubayyinuhā liqaumiy ya‘lamūn(a).
[230] Dene manawa kang lanang mau banjur nalak manèh marang rabine, dadi wis runtuh talake têlu, ing kono wong wadon mau ora kêna dirabèni manèh, kajaba yèn wis laki bojo liyane. Dene yèn wis dipêgat ing bojo kang kapindho ora ana pakewuhe balèn karo lakine lawas, samono iku yèn sakarone padha nyipta bakal padha bisa nêtêpi anggêr-anggêring Allah, kang mangkene iki iya anggêr-anggêring Allah, Allah anggêlarake anggêr-anggêre marang wong kang padha mikir kalawan sampurna.

وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ سَرِّحُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍۗ وَلَا تُمْسِكُوْهُنَّ ضِرَارًا لِّتَعْتَدُوْا ۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهٗ ۗ وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمَآ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنَ الْكِتٰبِ وَالْحِكْمَةِ يَعِظُكُمْ بِهٖ ۗوَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٢٣١
Wa iżā ṭallaqtumun-nisā'a fabalagna ajalahunna fa'amsikūhunna bima‘rūfin au sarriḥūhunna bima‘rūf(in), wa lā tumsikūhunna ḍirāral lita‘tadū, wa may yaf‘al żālika faqad ẓalama nafasah(ū), wa lā tattakhiżū āyātillāhi huzuwaw ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum wa mā anzala ‘alaikum minal-kitābi wal-ḥikmati ya‘iẓukum bih(ī), wattaqullāha wa‘lamū annallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[231] Nalikane sira padha mêgat wong wadon, kang măngka wis cêdhak wêwangêne, iku sira wêngkua manèh kalawan bêcik utawa sira uculna kalawan bêcik, lan pamêngkunira marang wong wadon mau aja kalawan maeka, nandukake piala, dene sing sapa nglakoni panggawe mangkono mau mêsthi nganiaya marang awake dhewe, lan sira aja padha nganggo gêguyon ayating Allah, lan padha elinga nikmating Allah kang wis diparingake marang sira, lan padha elinga Kitab Kuran sarta khukum kang wis didhawuhake dening Allah marang sira, minăngka piwulang marang sira. Lan sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku ngudanèni samubarang kabèh.

وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ اَنْ يَّنْكِحْنَ اَزْوَاجَهُنَّ اِذَا تَرَاضَوْا بَيْنَهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ ۗ ذٰلِكَ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ مِنْكُمْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ۗ ذٰلِكُمْ اَزْكٰى لَكُمْ وَاَطْهَرُ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٢٣٢
Wa iżā ṭallaqtumun-nisā'a fabalagna ajalahunna falā ta‘ḍulūhunna ay yankiḥna azwājahunna iżā tarāḍau bainahum bil-ma‘rūf(i), żālika yū‘aẓu bihī man kāna minkum yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), żālikum azkā lakum wa aṭhar(u), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[232] Manawa wong lanang mêgat kang wadon, kang măngka wis têkan ing wangêne, iku manawa sakarone wis padha trimane sanggêm kumpul bêcik manèh, waline ora kêna mingkuh kudu kêpêksa ningkahake si wadon mau marang tilas lakine, kang mangkene iki diênggo mituturi marang kănca-kancanira kang padha ngandêl ing Allah sarta ngandêl bakal anane dina kiyamat, dene gêlêm iku tumrap ing sira luwih bêcik lan luwih rêsik, Allah iku ngudanèni nanging sira ora padha wêruh.

۞ وَالْوٰلِدٰتُ يُرْضِعْنَ اَوْلَادَهُنَّ حَوْلَيْنِ كَامِلَيْنِ لِمَنْ اَرَادَ اَنْ يُّتِمَّ الرَّضَاعَةَ ۗ وَعَلَى الْمَوْلُوْدِ لَهٗ رِزْقُهُنَّ وَكِسْوَتُهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ لَا تُكَلَّفُ نَفْسٌ اِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَا تُضَاۤرَّ وَالِدَةٌ ۢبِوَلَدِهَا وَلَا مَوْلُوْدٌ لَّهٗ بِوَلَدِهٖ وَعَلَى الْوَارِثِ مِثْلُ ذٰلِكَ ۚ فَاِنْ اَرَادَا فِصَالًا عَنْ تَرَاضٍ مِّنْهُمَا وَتَشَاوُرٍ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا ۗوَاِنْ اَرَدْتُّمْ اَنْ تَسْتَرْضِعُوْٓا اَوْلَادَكُمْ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِذَا سَلَّمْتُمْ مَّآ اٰتَيْتُمْ بِالْمَعْرُوْفِۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٣٣
Wal-wālidātu yurḍi‘na aulādahunna ḥaulaini kāmilaini liman arāda ay yutimmar-raḍā‘ah(ta), wa ‘alal-maulūdi lahū rizquhunna wa kiswatuhunna bil-ma‘rūf(i), lā tukallafu nafsun illā wus‘ahā, lā tuḍārra wālidatum biwaladihā wa lā maulūdul lahū biwaladihī wa ‘alal-wāriṡi miṡlu żālik(a), fa'in arādā fiṣālan ‘an tarāḍim minhumā wa tasyāwurin falā junāḥa ‘alaihimā, wa in arattum an tastarḍi‘ū aulādakum falā junāḥa ‘alaikum iżā sallamtum mā ātaitum bil-ma‘rūf(i), wattaqullāha wa‘lamū annallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[233] Biyung padha nusonana anake lawase gênêp rong taun, tumrap wong kang arêp nyampurnakake ênggone nusoni, dene wajibing bapa kudu ngingoni lan nyandhangi sakuwasane marang biyung kang nusoni mau, ewadene ora ana awak dipêksa kajaba mung sakêlare. Biyung ora kêna dipêksa nusoni anake, lan bapa iya ora kêna dipêksa ngrupakake kang ora sakêlare, dupèh bocah iku anake. Dene wajibing waris kang nguwasani bocah mau padha karo wajibing bapa. Dene yèn bapa lan biyung sakarone wis golong rêmbuge arêp nyapih bocah mau, iya ora ana pakewuhe, dene yèn sira arêp nginyakake anakira, manawa sira bayar wragad kang sira saguhake kalawan bêcik, iya ora ana pakewuhe. Sira padha wêdia ing Allah, lan padha wêruha yèn Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًا يَّتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ وَّعَشْرًا ۚ فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٣٤
Wal-lażīna yutawaffauna minkum wa yażarūna azwājay yatarabbaṣna bi'anfusihinna arba‘ata asyhuriw wa ‘asyrā(n), fa'iżā balagna ajalahunna falā junāḥa ‘alaikum fīmā fa‘alna fī anfusihinna bil-ma‘rūf(i),wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[234] Sira kabèh sapa kang mati tinggal rabi, rabine mau nyarantèkna awake, ora kêna laki nganti patang sasi punjul sapuluh dina lawase, dene sawise têkan wêwangêne, tumrap ing para waline ora ana pakewuhe ngumbar barang lakune si wadon kang bêcik ênggone birai maèsi awake. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا عَرَّضْتُمْ بِهٖ مِنْ خِطْبَةِ النِّسَاۤءِ اَوْ اَكْنَنْتُمْ فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ عَلِمَ اللّٰهُ اَنَّكُمْ سَتَذْكُرُوْنَهُنَّ وَلٰكِنْ لَّا تُوَاعِدُوْهُنَّ سِرًّا اِلَّآ اَنْ تَقُوْلُوْا قَوْلًا مَّعْرُوْفًا ەۗ وَلَا تَعْزِمُوْا عُقْدَةَ النِّكَاحِ حَتّٰى يَبْلُغَ الْكِتٰبُ اَجَلَهٗ ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ فَاحْذَرُوْهُ ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ ࣖ٢٣٥
Wa lā junāḥa ‘alaikum fīmā ‘arraḍtum bihī min khiṭbatin-nisā'i au aknantum fī anfusikum, ‘alimallāhu annakum satażkurūnahunna wa lākil lā tuwā‘idūhunna sirran illā an taqūlū qaulam ma‘rūfā(n), wa lā ta‘zimū ‘uqdatan-nikāḥi ḥattā yablugal-kitābu ajalah(ū), wa‘lamū annallāha ya‘lamu mā fī anfusikum faḥżarūh(u), wa‘lamū annallāha gafūrun ḥalīm(un).
[235] Ora ana pakewuhe ênggonira padha nakokake wong wadon kang (Wong wadon kang ana sajroning wêwangên patang sasi punjul sapuluh dina. Jamal.) lawan adu sêmu bae, utawa ênggonira mung ambatin ana sajroning atinira bae, Allah wis nguningani yèn sira bakal anglairake sakarêntêging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja masajakake dhisik ênggonira duwe karêp ngrabèni wong wadon mau, kajaba yèn sira mung nglairake têmbung adu sêmu kang bêcik, iku kêna.

لَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ مَا لَمْ تَمَسُّوْهُنَّ اَوْ تَفْرِضُوْا لَهُنَّ فَرِيْضَةً ۖ وَّمَتِّعُوْهُنَّ عَلَى الْمُوْسِعِ قَدَرُهٗ وَعَلَى الْمُقْتِرِ قَدَرُهٗ ۚ مَتَاعًا ۢبِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ٢٣٦
Lā junāḥa ‘alaikum in ṭallaqtumun-nisā'a mā lam tamassūhunna au tafriḍū lahunna farīḍah(tan), wa matti‘ūhunna ‘alal-mūsi‘i qadaruhū wa ‘alal-muqtiri qadaruhū matā‘am bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muḥsinīn(a).
[236] Sira aja padha kasusu nêningkahan, ngêntènana têkaning wêwangên pranatan, lan sira padha wêruha yèn Allah iku ngudanèni samubarang kang ana sajroning atinira, mulane sira padha ngati-atia, lan padha wêruha yèn Allah iku Maha Ngapura tur wêlas.

وَاِنْ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ وَقَدْ فَرَضْتُمْ لَهُنَّ فَرِيْضَةً فَنِصْفُ مَا فَرَضْتُمْ اِلَّآ اَنْ يَّعْفُوْنَ اَوْ يَعْفُوَا الَّذِيْ بِيَدِهٖ عُقْدَةُ النِّكَاحِ ۗ وَاَنْ تَعْفُوْٓا اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۗ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٣٧
Wa in ṭallaqtumūhunna min qabli an tamassūhunna wa qad faraḍtum lahunna farīḍatan faniṣfu mā faraḍtum illā ay ya‘fūna au ya‘fuwal-lażī biyadihī ‘uqdatun-nikāḥ(i), wa an ta‘fū aqrabu lit-taqwā, wa lā tansawul-faḍla bainakum, innallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[237] Ora ana pakewuhe sira mêgat wong wadon sadurunge sira cumbana utawa sadurunge sira tamtokake [tamto...kake] maskawine, lan sira awèha matak, têgêse bêbungah marang wong wadon mau kalawan bêcik, tumrap wong lanang kang miskin utawa sugih apa samurwate, iku têmên wajibe wong kang padha bêcik.

حَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوٰتِ وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطٰى وَقُوْمُوْا لِلّٰهِ قٰنِتِيْنَ٢٣٨
Ḥāfiẓū ‘alaṣ-ṣalawāti waṣ-ṣalātil-wusṭā, wa qūmū lillāhi qānitīn(a).
[238] Dene yèn sira mêgat wong wadon sadurunge sira cumbana, kang măngka wis sira tamtokake maskawine wong wadon mau, iku kang wajib dadi darbèke si wadon mung saparoning maskawin kang sira tamtokake mau, kajaba yèn wong wadon mau wis narima, utawa wong lanang kang nguwasani bêbundhêlaning ningkah wis narima. Dene panarima iku akèh lèrège marang wêdi ing Allah utawa rukun. Dene corok-cinorokira aja sira nêngake bae tanpa tănja. Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

فَاِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا اَوْ رُكْبَانًا ۚ فَاِذَآ اَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَ٢٣٩
Fa'in khiftum farijālan au rukbānā(n), fa'iżā amintum fażkurullāha kamā ‘allamakum mā lam takūnū ta‘lamūn(a).
[239] Sira padha ajêga nglakoni sêmbayang lan sêmbayang ing têngah, (Sêmbayang ing têngah iku akèh kaole, ana pujăngga kang ngarani iku sêmbayang Ngasar, utawa sêmbayang Subuh, utawa sêmbayang Luhur, utawa liya-liyane. Jalalèn.) lan padha ngadêga nyênyuwun maring Allah.

وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًاۖ وَّصِيَّةً لِّاَزْوَاجِهِمْ مَّتَاعًا اِلَى الْحَوْلِ غَيْرَ اِخْرَاجٍ ۚ فَاِنْ خَرَجْنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْ مَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ مِنْ مَّعْرُوْفٍۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٤٠
Wal-lażīna yutawaffauna minkum wa yażarūna azwājā(n), waṣiyyatal li'azwājihim matā‘an ilal-ḥauli gaira ikhrāj(in), fa'in kharajna falā junāḥa ‘alaikum fī mā fa‘alna fī anfusihinna mim ma‘rūf(in), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[240] Dene yèn sira pinuju padha nandhang kuwatir, kêna uga sêmbayang karo mlaku dharat utawa nênunggang. Dene yèn sira wis têntrêm, padha sêmbayanga nyêbut asmaning Allah, kaya ênggone mulang ing sira nalika sira durung wêruh laku-lakuning sêmbayang.

وَلِلْمُطَلَّقٰتِ مَتَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِۗ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ٢٤١
Wa lil-muṭallaqāti matā‘um bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muttaqīn(a).
[241] Sira kabèh sing sapa ngarêpake mati lan bakal tinggal rabi, mêmêkasa prakara kabutuhaning rabine, minăngka bêbungah nganti têkan sataun, ora kêna ditundhung, dene manawa wong wadon mau lunga saka karêpe dhewe, ing kono para waline (Têgêse: wali, kang nguwasani. Misbah.) wong kang mati ora ana pakewuhe ngumbar lakune si wadon ênggone birai mêmaèsi awake sarta disuwak ingone. Allah iku Mahamulya tur wicaksana.

كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ࣖ٢٤٢
Każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[242] Wong wadon kang padha dipêgat iku padha olèh matak, têgêse bêbungah sakuwasane kang lanang, wajib tumrap para wong kang wêdi ing Allah.

۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَهُمْ اُلُوْفٌ حَذَرَ الْمَوْتِۖ فَقَالَ لَهُمُ اللّٰهُ مُوْتُوْا ۗ ثُمَّ اَحْيَاهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٢٤٣
Alam tara ilal-lażīna kharajū min diyārihim wa hum ulūfun ḥażaral-maut(i), faqāla lahumullāhu mūtū, ṡumma aḥyāhum, inallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[243] Kaya mangkono uga Allah anggêlarake ayate marang sira kabèh, supaya sira padha mikira.

وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٤٤
Wa qātilū fī sabīlillāhi wa‘lamū annallāha samī‘un ‘alīm(un).
[244] Sira mêsthi wis wêruh caritane wong Bani Srail pirang-pirang èwu kang padha ngili tinggal nagarane kuwatir mati dening pagêblug, ana ing dalan Allah ngandika marang wong mau: He sira padha matia kabèh, sawise mati kabèh, Allah banjur nguripake marang wong mau. Satêmênèh[12] Alah[13] iku kagungan kanugrahan marang manungsa, ananging manungsa iku kang akèh padha ora sukur.

مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗٓ اَضْعَافًا كَثِيْرَةً ۗوَاللّٰهُ يَقْبِضُ وَيَبْصُۣطُۖ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٤٥
Man żal-lażī yuqriḍullāha qarḍan ḥasanan fayuḍā‘ifahū lahū aḍ‘āfan kaṡīrah(tan), wallāhu yaqbiḍu wa yabsuṭ(u), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[245] Sira padha mangsaha pêrang sabilullah, lan padha wêruha yèn Allah iku miyarsa tur nguningani.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الْمَلَاِ مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنْۢ بَعْدِ مُوْسٰىۘ اِذْ قَالُوْا لِنَبِيٍّ لَّهُمُ ابْعَثْ لَنَا مَلِكًا نُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ قَالَ هَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ اَلَّا تُقَاتِلُوْا ۗ قَالُوْا وَمَا لَنَآ اَلَّا نُقَاتِلَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَقَدْاُخْرِجْنَا مِنْ دِيَارِنَا وَاَبْنَاۤىِٕنَا ۗ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ تَوَلَّوْا اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِالظّٰلِمِيْنَ٢٤٦
Alam tara ilal-mala'i mim banī isrā'īla mim ba‘di mūsā, iż qālū linabiyyil lahumub‘aṡ lanā malikan nuqātil fī sabīlillāh(i), qāla hal ‘asaitum in kutiba ‘alaikumul-qitālu allā tuqātilū, qālū wa mā lanā allā nuqātila fī sabīlillāhi wa qad ukhrijnā min diyārinā wa abnā'inā, falammā kutiba ‘alaihimul-qitālu tawallau illā qalīlam minhum, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[246] Sapa kang potang maring Allah kalawan potang bêcik, (Potang maring Allah kang bêcik iku nanjakake bandhane marang sabilullah kalawan sucining ati. Jalalèn.) Allah mêsthi nikêli marang wong mau tikêl pirang-pirang. Dene Allah iku wênang mêpêt pêparinge lan wênang anggêlar pêparinge. Sira kabèh mêsthi padha dibalèkake marang pangayunaning Allah.

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اللّٰهَ قَدْ بَعَثَ لَكُمْ طَالُوْتَ مَلِكًا ۗ قَالُوْٓا اَنّٰى يَكُوْنُ لَهُ الْمُلْكُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ اَحَقُّ بِالْمُلْكِ مِنْهُ وَلَمْ يُؤْتَ سَعَةً مِّنَ الْمَالِۗ قَالَ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىهُ عَلَيْكُمْ وَزَادَهٗ بَسْطَةً فِى الْعِلْمِ وَالْجِسْمِ ۗ وَاللّٰهُ يُؤْتِيْ مُلْكَهٗ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٢٤٧
Wa qāla lahum nabiyyuhum innallāha qad ba‘aṡa lakum ṭālūta malikā(n), qālū annā yakūnu lahul-mulku ‘alainā wa naḥnu aḥaqqu bil-mulki minhu wa lam yu'ta sa‘atam minal-māl(i), qāla innallāhaṣṭafāhu ‘alaikum wa zādahū basṭatan fil-‘ilmi wal-jism(i), wallāhu yu'tī mulkahū may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[247] Sira mêsthi wis wêruh carita lêlakone wong Bani Israil sapungkure Musa, nalikane padha matur marang nabine: (Iya iku Nabi Samuwèl. Jalalèn.) Sampeyan mugi anjumênêngna ratu ingkang angrèh kula, supados ngangsahakên anggèn kula badhe pêrang sabilullah. Nabine banjur mangsuli: Manawa kowe padha didhawuhi pêrang, layak padha mingkuh mangsah ing pêrang. Wong Bani Israil padha matur mane:[14] Kula punika sampun sami kaplajêng saking nagari kula, têbih kalihan anak-anak kula, kenging punapa kula sami botên purun mangsah pêrang. Barêng wong Bani Israil mau kalêksanan padha didhawuhi pêrang, nyata padha mopo, kajaba mung sathithik kang padha wani. Dene Allah iku ngudanèni wong kang padha [pa...][...dha] nganiaya.

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اٰيَةَ مُلْكِهٖٓ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ التَّابُوْتُ فِيْهِ سَكِيْنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَبَقِيَّةٌ مِّمَّا تَرَكَ اٰلُ مُوْسٰى وَاٰلُ هٰرُوْنَ تَحْمِلُهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ࣖ٢٤٨
Wa qāla lahum nabiyyuhum inna āyata mulkihī ay ya'tiyakumut-tābūtu fīhi sakīnatum mir rabbikum wa baqiyyatum mimmā taraka ālu mūsā wa ālu hārūna taḥmiluhul-malā'ikah(tu), inna fī żālika la āyatal lakum in kuntum mu'minīn(a).
[248] Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: Allah maringake Si Talut, (Talut, ing têmbung Ngarab têgêse dêdêg dhuwur, mulane dijêjuluki mangkene, awit dêdêge Raja Talut dhuwur bangêt, dene jênênge ing têmbung Ngibrani: saul. Jamal.) marang kowe kabèh, dikarsakake dadi ratumu. Wong Bani Srail banjur padha matur: Kadospundi dene pun Talut têka dados ratu marentah dhumatêng kula, kang măngka lêrêsipun kula punika langkung prayogi dados ratu tinimbang pun Talut, pun Talut botên dipun paringi sugih arta, nabi mau banjur mangsuli: Allah milih Si Talut ngratoni lan marentah ing kowe kabèh, lan Allah muwuhi jêmbaring kawruhe Si Talut marang ngèlmuning karaton sarta sêmbadaning awake. Allah iku maringake pulunging karatone marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

فَلَمَّا فَصَلَ طَالُوْتُ بِالْجُنُوْدِ قَالَ اِنَّ اللّٰهَ مُبْتَلِيْكُمْ بِنَهَرٍۚ فَمَنْ شَرِبَ مِنْهُ فَلَيْسَ مِنِّيْۚ وَمَنْ لَّمْ يَطْعَمْهُ فَاِنَّهٗ مِنِّيْٓ اِلَّا مَنِ اغْتَرَفَ غُرْفَةً ۢبِيَدِهٖ ۚ فَشَرِبُوْا مِنْهُ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۗ فَلَمَّا جَاوَزَهٗ هُوَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۙ قَالُوْا لَا طَاقَةَ لَنَا الْيَوْمَ بِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ ۗ قَالَ الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوا اللّٰهِ ۙ كَمْ مِّنْ فِئَةٍ قَلِيْلَةٍ غَلَبَتْ فِئَةً كَثِيْرَةً ۢبِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ٢٤٩
Falammā faṣala ṭālūtu bil-junūd(i), qāla innallāha mubtalīkum binahar(in), faman syariba minhu falaisa minnī, wa mal lam yaṭ‘amhu fa innahū minnī illā manigtarafa gurfatam biyadih(ī), fa syaribū minhu illā qalīlam minhum, falammā jāwazahū huwa wal-lażīna āmanū ma‘ah(ū), qālū lā ṭāqata lanal-yauma bijālūta wa junūdih(ī), qālal-lażīna yaẓunnūna annahum mulāqullāh(i), kam min fi'atin qalīlatin galabat fi'atan kaṡīratam bi'iżnillāh(i), wallāhu ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[249] Nabine wong Bani Srail mau dhawuh manèh: Dene tăndha yêktine yèn Si Talut iku dikarsakake dadi ratu, iku bakal ana pêthi têka marene: isi sakinah (Sakinah ing têmbung Ngarab têgêse: têntrêm, katêrangane pêthi mau duwe daya nêtêgake lan ngêndêlake atining wadyabala, pêthi mau kang dianggo [dianggo] kayu samsad, tinurunake saka ing suwarga, diparingake marang Kangjêng Nabi Adam, isi rêca-rêca pêthaning para nabi, wiwit Nabi Adam tumêka Nabi Mukhammad, kang digawe rêca-rêca mau jumêrut, mirah lan intên, lan ana uga rêca jumêrut pêthaning kucing mawa suwiwi, pêthi mau banjur turun-tumurun, barêng têkan Kangjêng Nabi Musa isine diwuwuhi man, lan pêcahaning sabak kang tinulis kitab sapuluh dening Allah piyambak. Sapungkure Kangjêng Nabi Musa isine diwuwuhi têkên têtilarane Nabi Musa, pêthi banjur kêna dirêbut ing mungsuh wong băngsa Ngamalikah, nanging barêng jumênênge Raja Talut diparingake bali marang wong Bani Srail, sarana dipikul ing para malaikat. Jamal.) saka Pangeranmu, lan isi pusaka têtinggalane Nabi Musa lan Nabi Harun, têkaning pêthi mau dipikul ing para malaikat, manawa kowe padha mukmin, kang mangkono mau mêsthi dadi tăndha yêkti marang kowe kabèh.

وَلَمَّا بَرَزُوْا لِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ قَالُوْا رَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّثَبِّتْ اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ ۗ٢٥٠
Wa lammā barazū lijālūta wa junūdihī qālū rabbanā afrig ‘alainā ṣabraw wa ṡabbit aqdāmanā wanṣurnā ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[250] Barêng Raja Talut miyos ngangsahake wadyabalane, ngandika mangkene: Allah karsa nyoba marang kowe kabèh sarana bangawan, sing sapa ngombe banyu bangawan mau pinêsthi dudu kancaku, dene sing sapa ora ngombe banyu bangawan mau iya iku kancaku, kajaba wong kang mung nyawuk nganggo tangane, ngombe mung sacêgukan bae. Para wadyabala mau banjur [banjur] padha ngombe banyu bangawan, kajaba mung sathithik kang ora ngombe. Barêng Raja Talut sabalane para wong mukmin wis nyabrang ing bangawan, wong kang padha ngombe ngokop ing bangawan padha matur: Ing dintên punika kula botên kuwawi mapagakên pêrangipun Raja Jalut sabalanipun, dene wong kang padha pracaya yèn ing têmbe bakal padha seba ana pangayunaning Allah padha ngucap mangkene: Akèh bae golongan sathithik ngalahake golongan akèh kalawan idining Allah, dene Allah iku anjangkung wong kang padha sabar.

فَهَزَمُوْهُمْ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَقَتَلَ دَاوٗدُ جَالُوْتَ وَاٰتٰىهُ اللّٰهُ الْمُلْكَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَهٗ مِمَّا يَشَاۤءُ ۗ وَلَوْلَا دَفْعُ اللّٰهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّفَسَدَتِ الْاَرْضُ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ٢٥١
Fahazamūhum bi'iżnillāh(i), wa qatala dāwūdu jālūta wa ātāhullāhul-mulka wal-ḥikmata wa ‘allamahū mimmā yasyā'(u), wa lau lā daf‘ullāhin-nāsa ba‘ḍahum biba‘ḍil lafasadatil-arḍu wa lākinnallāha żū faḍlin ‘alal-‘ālamīn(a).
[251] Barêng Raja Talut sabalane wis arêp-arêpan lan Raja Jalut sabalane, Raja Talut sabalane padha nyênyuwun: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi angêsokna kasabaran ing manah kawula, sarta mugi ngêkahna dalamakan kawula, lan mugi nulungana dhumatêng kawula, ngawonakên pêrangipun tiyang ingkang sami kaphir.

تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۗ وَاِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَ ۔٢٥٢
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), wa innaka laminal-mursalīn(a).
[252] Awit saka idining Allah, Raja Talut sabalane mênang, ngungsir balane Raja Jalut, senapati Nabi-Nabi[15] Dawut matèni Raja Jalut, ing wusana Allah maringi karaton sarta kawicaksanan, apadene mulang kagunan akèh saka parênging Allah marang Nabi Dawud, upama Allah ora kudu nulak pialane [pialane] sawênèhing manungsa sarana manungsa liyane, mêsthi bumi iki rusak, nanging Allah iku kagungan kanugrahan marang ing jagad kabèh.

۞ تِلْكَ الرُّسُلُ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۘ مِنْهُمْ مَّنْ كَلَّمَ اللّٰهُ وَرَفَعَ بَعْضَهُمْ دَرَجٰتٍۗ وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا اقْتَتَلَ الَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ وَلٰكِنِ اخْتَلَفُوْا فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ وَمِنْهُمْ مَّنْ كَفَرَ ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا اقْتَتَلُوْاۗ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ ࣖ٢٥٣
Tilkar-rusulu faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), minhum man kallamallāhu wa rafa‘a ba‘ḍahum darajāt(in), wa ātainā ‘īsabna maryamal-bayyināti wa ayyadnāhu birūḥil-qudus(i), wa lau syā'allāhu maqtatalal-lażīna mim ba‘dihim mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu wa lākinikhtalafū fa minhum man āmana wa minhum man kafar(a), wa lau syā'allāhu maqtatalū, wa lākinnallāha yaf‘alu mā yurīd(u).
[253] Kang mangkono iku ayating Allah, Ingsun dhawuhake kalawan têmên marang sira Mukhammad, dene sira iku ewoning para utusaningsun.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خُلَّةٌ وَّلَا شَفَاعَةٌ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٥٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū anfiqū mimmā razaqnākum min qabli ay ya'tiya yaumul lā bai‘un fīhi wa lā khullatuw wa lā syafā‘ah(tun), wal-kāfirūna humuẓ-ẓālimūn(a).
[254] Para Rasul mau ana sawatara kang Ingsun paringi kaluwihan ngungkuli Rasul liyane. Lire ana sawênèhing Rasul kang Ingsun lilani imbal wacana, lan ana sawênèhe manèh kang Ingsun junjung pangkate. Lan Ingsun paring tăndha yêkti pirang-pirang marang Ngisa anake Maryam, sarta Ingsun santosakake kalawan roh suci, (Roh suci iku Malaikat Jabarail. Jalalèn.) saupama Allah ngarsakake manungsa iki olèh pituduh kabèh, mêsthi kalakon sapungkure para Rasul sarta sawise wong padha katêkan tăndha yêkti pirang-pirang: Ora ana wong pêpêrangan, dene karsaning Allah wong mau padha sulaya panêmune. Sawênèhing wong ana kang têguh pangandêle, lan ana kang banjur kaphir. Saupama Allah ngarsakake wong mau ora padha pêpêrangan, mêsthi kêlakon, nanging Allah nindakake sakarsa-karsane piyambak.

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ اَلْحَيُّ الْقَيُّوْمُ ەۚ لَا تَأْخُذُهٗ سِنَةٌ وَّلَا نَوْمٌۗ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَشْفَعُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۚ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِشَيْءٍ مِّنْ عِلْمِهٖٓ اِلَّا بِمَا شَاۤءَۚ وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ وَلَا يَـُٔوْدُهٗ حِفْظُهُمَاۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٢٥٥
Allāhu lā ilāha illā huw(a), al-ḥayyul-qayyūm(u), lā ta'khużuhū sinatuw wa lā naum(un), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), man żal-lażī yasyfa‘u ‘indahū illā bi'iżnih(ī), ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum, wa lā yuḥīṭūna bisyai'im min ‘ilmihī illā bimā syā'(a), wasi‘a kursiyyuhus-samāwāti wal-arḍ(a), wa lā ya'ūduhū ḥifẓuhumā, wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[255] He wong mukmin kabèh, sira padha mènèhna jakate barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabèh, mumpung durung têkan ing dina kang ing kono ora ana carane dol tinuku lan ora ana mêmitran, apadene ora ana saphangat. (Saphangat iku têtulung kalawan atur utawa liyane, murih pakolèhing liyane. Jamal.) Dene para wong kaphir iku têtêp padha nganiaya.

لَآ اِكْرَاهَ فِى الدِّيْنِۗ قَدْ تَّبَيَّنَ الرُّشْدُ مِنَ الْغَيِّ ۚ فَمَنْ يَّكْفُرْ بِالطَّاغُوْتِ وَيُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰى لَا انْفِصَامَ لَهَا ۗوَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٥٦
Lā ikrāha fid-dīn(i), qat tabayyanar-rusydu minal-gayy(i), famay yakfur biṭ-ṭāgūti wa yu'mim billāhi fa qadistamsaka bil-‘urwatil-wuṡqā, lanfiṣāma lahā, wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[256] Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang gêsang tur kang jumênêng angrèh ulahing para titah, Allah ora nate ngantuk lan ora nate sare, Allah kagungan samubarang isining langit lan isining bumi kabèh, ora ana wong bisa awèh saphangat ana ngarsaning Allah kajaba pancèn olèh idining Allah, Allah ngudanèni sabarang kang ana ngarêping para titahe lan sabarang kang ana ing burining para titahe. Para titah mau ora ana kang bisa sumurup kawruhing Allah sathithik-thithika, kajaba yèn dikaparêngake kalawan karsaning Allah. Jêmbare kursining Allah amot langit pitu lan bumi pitu. Pangrêksane Allah marang langit pitu lan bumi pitu mau tanpa kangelan. Allah iku luhur tur agung.

اَللّٰهُ وَلِيُّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْلِيَاۤؤُهُمُ الطَّاغُوْتُ يُخْرِجُوْنَهُمْ مِّنَ النُّوْرِ اِلَى الظُّلُمٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٢٥٧
Allāhu waliyyul-lażīna āmanū yukhrijuhum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wal-lażīna kafarū auliyā'uhumuṭ-ṭāgūtu yukhrijuhum minan-nūri ilaẓ-ẓulumāt(i), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[257] Nglakoni agama Islam iku bênêre ora susah [susah] dipêksa, awit pituduh lan sasar iku wis gênah bedane. Dene sing sapa maido ing setan sarta ngandêl ing Allah, iku wis gondhelan tali kang santosa ora bisa pêdhot, dene Allah iku miyarsa tur ngudanèni.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْ حَاۤجَّ اِبْرٰهٖمَ فِيْ رَبِّهٖٓ اَنْ اٰتٰىهُ اللّٰهُ الْمُلْكَ ۘ اِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّيَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۙ قَالَ اَنَا۠ اُحْيٖ وَاُمِيْتُ ۗ قَالَ اِبْرٰهٖمُ فَاِنَّ اللّٰهَ يَأْتِيْ بِالشَّمْسِ مِنَ الْمَشْرِقِ فَأْتِ بِهَا مِنَ الْمَغْرِبِ فَبُهِتَ الَّذِيْ كَفَرَ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۚ٢٥٨
Alam tara ilal-lażī ḥājja ibrāhīma fī rabbihī an ātāhullāhul-mulk(a), iż qāla ibrāhīmu rabbiyal-lażī yuḥyī wa yumīt(u), qāla ana uḥyī wa umīt(u), qāla ibrāhīmu fa innallāha ya'tī bisy-syamsi minal-masyriqi fa'ti bihā minal-magribi fabuhital-lażī kafar(a), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[258] Allah iku nulungi wong kang padha mukmin, mêtokake para wong mukmin mau saka ing pêpêtêng marang ing pêpadhang.

اَوْ كَالَّذِيْ مَرَّ عَلٰى قَرْيَةٍ وَّهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۚ قَالَ اَنّٰى يُحْيٖ هٰذِهِ اللّٰهُ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ فَاَمَاتَهُ اللّٰهُ مِائَةَ عَامٍ ثُمَّ بَعَثَهٗ ۗ قَالَ كَمْ لَبِثْتَ ۗ قَالَ لَبِثْتُ يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالَ بَلْ لَّبِثْتَ مِائَةَ عَامٍ فَانْظُرْ اِلٰى طَعَامِكَ وَشَرَابِكَ لَمْ يَتَسَنَّهْ ۚ وَانْظُرْ اِلٰى حِمَارِكَۗ وَلِنَجْعَلَكَ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَانْظُرْ اِلَى الْعِظَامِ كَيْفَ نُنْشِزُهَا ثُمَّ نَكْسُوْهَا لَحْمًا ۗ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗ ۙ قَالَ اَعْلَمُ اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٥٩
Au kal-lażī marra ‘alā qaryatiw wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā, qāla annā yuḥyī hāżihillāhu ba‘da mautihā, fa'amātahullāhu mi'ata ‘āmin ṡumma ba‘aṡah(ū), qāla kam labiṡt(a), qāla labiṡtu yauman au ba‘ḍa yaum(in), qāla bal labiṡta mi'ata ‘āmin fanẓur ilā ṭa‘āmika wa syarābika lam yatasannah, wanẓur ilā ḥimārik(a), wa linaj‘alaka āyatal lin-nāsi wanẓur ilal-‘iẓāmi kaifa nunsyizuhā ṡumma naksūhā laḥmā(n), falammā tabayyana lah(ū), qāla a‘lamu annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[259] Dene wong kang padha kaphir iku asih marang setan kang padha mêtokake marang si kaphir mau saka ing pêpadhang marang ing pêpêtêng. Dene wong kaphir iku kabèh padha wong ing naraka. Enggone ana ing kono padha langgêng.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اَرِنِيْ كَيْفَ تُحْيِ الْمَوْتٰىۗ قَالَ اَوَلَمْ تُؤْمِنْ ۗقَالَ بَلٰى وَلٰكِنْ لِّيَطْمَىِٕنَّ قَلْبِيْ ۗقَالَ فَخُذْ اَرْبَعَةً مِّنَ الطَّيْرِ فَصُرْهُنَّ اِلَيْكَ ثُمَّ اجْعَلْ عَلٰى كُلِّ جَبَلٍ مِّنْهُنَّ جُزْءًا ثُمَّ ادْعُهُنَّ يَأْتِيْنَكَ سَعْيًا ۗوَاعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ٢٦٠
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbi arinī kaifa tuḥyil-mautā, qāla awalam tu'min, qāla balā wa lākil liyaṭma'inna qalbī, qāla fakhuż arba‘atam minaṭ-ṭairi faṣurhunna ilaika ṡummaj‘al ‘alā kulli jabalim minhunna juz'an ṡummad‘uhunna ya'tīnaka sa‘yā(n), wa‘lam annallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[260] He Mukhammad, sira apa ora wêruh caritane Numrud, dupèh diparingi karaton dening Allah banjur madoni marang Ibrahim bab Pangerane. Dhèk samana Ibrahim matur: Pangeran kula punika ingkang anggêsangi sarta mêjahi. Numrud mangsuli: Kang nguripi lan matèni iku panjênêngaku. Ibrahim matur manèh: Sayêktosipun Allah punika mêdalakên srêngenge saking wetan, sumăngga sapunika srêngenge wau sampeyan wêdalakên saking kilèn. Wong kaphir banjur judhêg, dene Allah iku ora nuduhake [nuduhake] marang wong kang padha nganiaya.

مَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ اَنْۢبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِيْ كُلِّ سُنْۢبُلَةٍ مِّائَةُ حَبَّةٍ ۗ وَاللّٰهُ يُضٰعِفُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٢٦١
Maṡalul-lażīna yunfiqūna amwālahum fī sabīlillāhi kamaṡali ḥabbatin ambatat sab‘a sanābila fī kulli sumbulatim mi'atu ḥabbah(tin), wallāhu yuḍā‘ifu limay yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[261] Utawa carita lêlakone Ngujèr, kang liwat ana ing nagara kang gêdhong-gêdhonge wis padha ambruk, Ngujèr mau calathu: Kêpriye Allah ênggone bakal nguripake manèh barang kang wis mati mangkene iki. Sanalika Allah banjur matèni Ngujèr lan dikèndêlake bae nganti satus taun lawase. Sawise satus taun, Allah nguripake Ngujèr, Allah banjur ngandika marang Ngujèr: Wis pira suwene ênggonira lèrèn ana ing kene. Ngujèr munjuk. Anggèn kawula kèndêl wontên ing ngriki sawêg sadintên utawi kirang. Allah ngandika: Enggonira lèrèn ana ing kene wis satus taun lawase. Mara sira dêlênga sangunira pêpanganan lan ombèn-ombèn, kabèh durung padha owah. Lan sira andêlênga khimarira, (Khimar iku araning khewan sikil papat, ing tanah Ngarab, lumrahe ginawe tunggangan. Khayatul khewan.) apadene sira andêlênga ênggon Ingsun nguripake balunging khimar mau Ingsun dokoki daging. Lan sira dhewe uga Ingsun ênggo tăndha yêkti marang manungsa, barêng mangkono mau wis kanyataan kasat mata ing Ngujèr, Ngujèr banjur munjuk: Sapunika kawula sumêrêp têrang, saèstu Allah punika nguwasani samukawis.

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ لَا يُتْبِعُوْنَ مَآ اَنْفَقُوْا مَنًّا وَّلَآ اَذًىۙ لَّهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٦٢
Allażīna yunfiqūna amwālahum fī sabīlillāhi ṡumma lā yutbi‘ūna mā anfaqū mannaw wa lā ażā(n), lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[262] He Mukhammad, sira nyaritakna nalikane Ibrahim [Ibrahim] munjuk mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nyumêrêpna dhumatêng kawula kalayan kasat mata anggèn Tuwan anggêsangakên para tiyang pêjah. Allah ngandika: Apa sira ora ngandêl, Ibrahim munjuk: Inggih ngandêl, nanging panyuwun kawula wau namung supados manah kawula punika antênga. Allah banjur ngandika: Sira anjupuka manuk papat, iku padha cêdhakana lan satitèkna. Manuk mau banjur sira kêthok-kêthoka lan sira prênca-prêncaa marang sakèhing gunung, siji-sijining gunung dokokana satugêl. Sawise mangkono manuk mau banjur sira undanga, mêsthi banjur padha lumayu mara marang ngarêpira. Sira wêruha yèn Allah iku mulya tur wicaksana.

۞ قَوْلٌ مَّعْرُوْفٌ وَّمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِّنْ صَدَقَةٍ يَّتْبَعُهَآ اَذًى ۗ وَاللّٰهُ غَنِيٌّ حَلِيْمٌ٢٦٣
Qaulum ma‘rūfuw wa magfiratun khairum min ṣadaqatiy yatba‘uhā ażā(n), wallāhu ganiyyun ḥalīm(un).
[263] Sanepane wong kang padha mèwèhake bandhane tumănja marang sabillullah, (Sabillullah, karêpe samubarang panggawe bêcik utawa pangabêkti maring Allah, dadi ora ngamungake pêrang mungsuh wong kaphir bae. Jamal.) iku kaya upamane wo[1] nandur wiji saêlas, thukul mêtu gandum pitung wuli, ing dalêm sawuline isi bêras gandum satus êlas, Allah iku maringi tikêl marang wong kang dadi kaparênging karsane. Dene Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُبْطِلُوْا صَدَقٰتِكُمْ بِالْمَنِّ وَالْاَذٰىۙ كَالَّذِيْ يُنْفِقُ مَالَهٗ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ صَفْوَانٍ عَلَيْهِ تُرَابٌ فَاَصَابَهٗ وَابِلٌ فَتَرَكَهٗ صَلْدًا ۗ لَا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّمَّا كَسَبُوْا ۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ٢٦٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tubṭilū ṣadaqātikum bil-manni wal-ażā, kal-lażī yunfiqu mālahū ri'ā'an-nāsi wa lā yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), fa maṡaluhū kamaṡali ṣafwānin ‘alaihi turābun fa'aṣābahū wābilun fatarakahū ṣaldā(n), lā yaqdirūna ‘alā syai'im mimmā kasabū, wallāhu lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[264] Dene wong kang padha mèwèhake bandhane tumănja marang sabilullah, kang măngka ênggone mèwèhake [mèwèhake] mau ora banjur ditututi umbag utawa panguman-uman, wong mau bakal tămpa ganjarane ana ngarsaning Pangerane. Lan bakal ora kuwatir apa-apa, sarta padha ora kasusahan.

وَمَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ وَتَثْبِيْتًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ كَمَثَلِ جَنَّةٍۢ بِرَبْوَةٍ اَصَابَهَا وَابِلٌ فَاٰتَتْ اُكُلَهَا ضِعْفَيْنِۚ فَاِنْ لَّمْ يُصِبْهَا وَابِلٌ فَطَلٌّ ۗوَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٦٥
Wa maṡalul-lażīna yunfiqūna amwālahumubtigā'a marḍātillāhi wa taṡbītam min anfusihim kamaṡali jannatim birabwatin aṣābahā wābilun fa'ātat ukulahā ḍi‘fain(i), fa'illam yuṣibhā wābilun faṭall(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[265] Nulak wong anjêjaluk kalawan têmbung aris, lan ngapura, iku luwih bêcik tinimbang lan wèwèh kang banjur ditututi barang kang nglarakake ati, dene Allah iku sugih tur wêlas.

اَيَوَدُّ اَحَدُكُمْ اَنْ تَكُوْنَ لَهٗ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ لَهٗ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۙ وَاَصَابَهُ الْكِبَرُ وَلَهٗ ذُرِّيَّةٌ ضُعَفَاۤءُۚ فَاَصَابَهَآ اِعْصَارٌ فِيْهِ نَارٌ فَاحْتَرَقَتْ ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَ ࣖ٢٦٦
Ayawaddu aḥadukum an takūna lahū jannatum min nakhīliw wa a‘nābin tajrī min taḥtihal-anhār(u), lahū fīhā min kulliṡ-ṡamarāt(i), wa aṣābahul-kibaru wa lahū żurriyyatun ḍu‘afā'(u), fa'aṣābahā i‘ṣārun fīhi nārun faḥtaraqat, każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum tatafakkarūn(a).
[266] Nulak wong anjêjaluk kalawan têmbung aris, lan ngapura, iku luwih bêcik tinimbang lan wèwèh kang banjur ditututi barang kang nglarakake ati, dene Allah iku sugih tur wêlas.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا كَسَبْتُمْ وَمِمَّآ اَخْرَجْنَا لَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ ۗ وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيْثَ مِنْهُ تُنْفِقُوْنَ وَلَسْتُمْ بِاٰخِذِيْهِ اِلَّآ اَنْ تُغْمِضُوْا فِيْهِ ۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ٢٦٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū anfiqū min ṭayyibāti mā kasabtum wa mimmā akhrajnā lakum minal-arḍ(i), wa lā tayammamul-khabīṡa minhu tunfiqūna wa lastum bi'ākhiżīhi illā an tugmiḍū fīh(i), wa‘lamū annallāha ganiyyun ḥamīd(un).
[267] Dene sanepane wong kang padha mèwèhake bandhane murih kaparênging Allah lan atine ngandêl bakal tămpa ganjaran, iku kaya upamane pakêbonan kang palêmahane gênêng kodanan dêrês, [dêrês,] yèn ora kodanan dêrês iya mung riwis-riwis bae, ing kono banjur mêtu wowohane tikêl loro tinimbang pakêbonan liyane. Dene Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

اَلشَّيْطٰنُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاۤءِ ۚ وَاللّٰهُ يَعِدُكُمْ مَّغْفِرَةً مِّنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ ۖ٢٦٨
Asy-syaiṭānu ya‘idukumul-faqra wa ya'murukum bil-faḥsyā'(i), wallāhu ya‘idukum magfiratam minhu wa faḍlā(n), wallāhu wāsi'un ‘alīm(un).
[268] He wong kang padha riya (Riya iku têgêse nglakoni kabêcikan murih dialêm ing wong. Jamal.) sira apa ana kang kapengin duwe pakêbonan isi uwit kurma lan anggur kang ing ngisore ana kaline mili, sarta anduwèni sarupaning pakêbonan mau, kang duwe pakêbonan mau tumêka pikun, iya duwe anak nanging padha apês ora bisa ngopèni pakêbonane. Pakêbonan mau banjur katrajang ing prahara kang mawa gêni, wusana banjur kobong. Mangkono uga Allah nêrangake ayate marang sira kabèh, supaya sira padha mikira.

يُّؤْتِى الْحِكْمَةَ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ اُوْتِيَ خَيْرًا كَثِيْرًا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ٢٦٩
Yu'til-ḥikmata may yasyā'(u), wa may yu'tal-ḥikmata faqad ūtiya khairan kaṡīrā(n), wa mā yażżakkaru ilā ulul-albāb(i).
[269] He para wong mukmin, sira padha bayara jakating băndha kang bêcik ênggonira padha nyambut gawe, lan wulu pamêtuning bumi kang wis Ingsun paringa[2] marang sira. Băndha mau aja sira pilih kang ala tampikan sira ênggo bayar jakat.

وَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ نَّفَقَةٍ اَوْ نَذَرْتُمْ مِّنْ نَّذْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُهٗ ۗ وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ٢٧٠
Wa mā anfaqtum min nafaqatin au nażartum min nażrin fa innallāha ya‘lamuh(ū), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[270] Kang măngka sira ora gêlêm ngêbèki kang ala mau, kajaba yèn panjupukira kalawan mêrêm, lan sira padha wêruha yèn Allah iku sugih tur ingalêmbana.

اِنْ تُبْدُوا الصَّدَقٰتِ فَنِعِمَّا هِيَۚ وَاِنْ تُخْفُوْهَا وَتُؤْتُوْهَا الْفُقَرَاۤءَ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَيُكَفِّرُ عَنْكُمْ مِّنْ سَيِّاٰتِكُمْ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٧١
In tubduṣ-ṣadaqāti fani‘immā hiy(a), wa in tukhfūhā wa tu'tūhal-fuqarā'a fahuwa khairul lakum, wa yukaffiru ‘ankum min sayyi'ātikum, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[271] Setan iku mêmêdèni ing sira bakal padha anggombal jalaran bayar jakat, sarta ngojok-ojoki nglakoni ala marang sira. Dene Allah iku nyaguh[3] pangapura lan kaluwihan marang sira marga bayar jakat, Allah iku jêmbar tur ngudanèni.

۞ لَيْسَ عَلَيْكَ هُدٰىهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلِاَنْفُسِكُمْ ۗوَمَا تُنْفِقُوْنَ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ اللّٰهِ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ يُّوَفَّ اِلَيْكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ٢٧٢
Laisa ‘alaika hudāhum wa lākinnallāha yahdī may yasyā'(u), wa mā tunfiqū min khairin fa li'anfusikum, wa mā tunfiqūna illabtigā'a wajhillāh(i), wa mā tunfiqū min khairiy yuwaffa ilaikum wa antum lā tuẓlamūn(a).
[272] Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi parênging karsane, dene sing sapa diparingi kawicaksanan, iku têmên diparing[4] kabêcikan kang akèh, ewadene ora ana kang ngelingi mangkono mau kajaba wong kang padha ganêp akale.

لِلْفُقَرَاۤءِ الَّذِيْنَ اُحْصِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ضَرْبًا فِى الْاَرْضِۖ يَحْسَبُهُمُ الْجَاهِلُ اَغْنِيَاۤءَ مِنَ التَّعَفُّفِۚ تَعْرِفُهُمْ بِسِيْمٰهُمْۚ لَا يَسْـَٔلُوْنَ النَّاسَ اِلْحَافًا ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ ࣖ٢٧٣
Lil-fuqarā'il-lażīna uḥṣirū fī sabīlillāhi lā yastaṭī‘ūna ḍarban fil-arḍi yaḥsabuhumul-jāhilu agniyā'a minat-ta‘affuf(i), ta‘rifuhum bisīmāhum, lā yas'alūnan-nāsa ilḥāfā(n), wa mā tunfiqū min khairin fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[273] Dene ênggonira padha bayar jakat utawa ênggonira padha nadar banjur nuhoni kanadaran, iku Allah nguningani. Dene wong kang padha nganiaya iku bakal padha ora olèh pitulung. Manawa sira padha ngêdhèng ênggonira wèwèh, iku iya wis bêcik, dene yèn ênggonira wèwèh sira samarake tur sira wèhake marang para pêkir, (Pêkir, têgêse: wong malarat. Misbah.) iku tumrap ing sira luwih bêcik manèh, sarta Allah nutupi pialanira. Dene Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٧٤
Allażīna yunfiqūna amwālahum bil-laili wan-nahāri sirraw wa ‘alāniyatan falahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[274] Mungguh kalakone para wong kaphir padha olèh pituduh iku ora dijibahake marang sira Mukhammad, satêmêne Allah kang nuduhake marang wong kang dadi parênging karsane. Dene ênggonira mèwèhake sadhengah kang bêcik, iku ganjarane makolèhi marang awakira dhewe. Dene ênggonira padha wèwèh aja mawa pamrih kajaba ngarêp-arêp ganjaraning Allah. Dene ênggonira mèwèhake sadhengah kang bêcik, iku ganjarane bakal diparingake marang sira, lan sira ora bakal dicidrani.

اَلَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ الرِّبٰوا لَا يَقُوْمُوْنَ اِلَّا كَمَا يَقُوْمُ الَّذِيْ يَتَخَبَّطُهُ الشَّيْطٰنُ مِنَ الْمَسِّۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْٓا اِنَّمَا الْبَيْعُ مِثْلُ الرِّبٰواۘ وَاَحَلَّ اللّٰهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبٰواۗ فَمَنْ جَاۤءَهٗ مَوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ فَانْتَهٰى فَلَهٗ مَا سَلَفَۗ وَاَمْرُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗ وَمَنْ عَادَ فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٧٥
Allażīna ya'kulūnar-ribā lā yaqūmūna illā kamā yaqūmul-lażī yatakhabbaṭuhusy-syaiṭānu minal-mass(i), żālika bi'annahum qālū innamal-bai‘u miṡlur-ribā, wa aḥallallāhul-bai‘a wa ḥarramar-ribā, faman jā'ahū mau‘iẓatum mir rabbihī fantahā falahū mā salaf(a), wa amruhū ilallāh(i), wa man ‘āda fa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[275] Dene wong kang padha mèwèhake bandhane ing wayah bêngi utawa awan, kalawan dhêlikan utawa ngèdhèng, wong mau bakal padha tămpa ganjarane ana ngarsaning Pangerane lan padha ora kuwatir apa-apa, sarta padha ora kasusahan.

يَمْحَقُ اللّٰهُ الرِّبٰوا وَيُرْبِى الصَّدَقٰتِ ۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ اَثِيْمٍ٢٧٦
Yamḥaqullāhur-ribā wa yurbiṣ-ṣadaqāt(i), wallāhu lā yuḥibbu kulla kaffārin aṡīm(in).
[276] Sarupaning wong kang padha mangan riba, (Riba, têgêse kêladuk. Jalalèn.) iku besuk tangine saka ing kubur ênggone ngadêg ora ganggas, galoyoran kaya adêge wong setanên, kang mangkono iku ora jalaran rusak akale, amarga wong mau padha ngucap: Dol tinuku iku padha bae karo riba. Allah ngandika: Allah nglilani marang wong dol tinuku sarta nglarangi nampani riba. Dene sing sapa olèh piwulang saka Pangerane nuli ngèstokake, iku riba kang wis kêbanjur tamtu dingapura, mungguh bab pangapurane iku konjuk ing Allah, nanging sing sapa banjur bali mangan riba manèh iku têtêp dadi wong ing naraka, ênggone ana ing kono padha langgêng.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٧٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[277] Allah nyirnakake brêkating riba (Brêkat, têgêse: awèt, sarèhning riba disirnakake brêkate, kang mêsthi banjur tuwuh borose. Jamal.) lan nyuwuhake[5] brêkating pawèwèh, Allah iku ora rêmên sakèhe wong kaphir tur dosa. Dene wong kang padha mukmin lan padha nglakoni panggawe bêcik, apadene padha nglakoni sêmbayang lan padha bayar jakat, iku bakal padha tămpa ganjarane ana ngarsaning Pangerane lan ora kuwatir apa-apa, sarta padha ora kasusahan.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَذَرُوْا مَا بَقِيَ مِنَ الرِّبٰوٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٢٧٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa żarū mā baqiya minar-ribā in kuntum mu'minīn(a).
[278] He wong kang padha mukmin, sira padha wêdia ing Allah, yèn têmên sira padha mukmin, sira padha nyingkirana riba kang durung kêlakon.

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا فَأْذَنُوْا بِحَرْبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۚ وَاِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوْسُ اَمْوَالِكُمْۚ لَا تَظْلِمُوْنَ وَلَا تُظْلَمُوْنَ٢٧٩
Fa'illam taf‘alū fa'żanū biḥarbim minallāhi wa rasūlih(ī), wa in tubtum falakum ru'ūsu amwālikum, lā taẓlimūna wa lā tuẓlamūn(a).
[279] Dene yèn sira padha ora ngèstokakesira padha wêruha yèn bakal dipêrangi dening Allah lan utusaning Allah, ananging yèn sira padha tobat, sira padha lêstari anduwèni uwiting bandhanira, dadi sira padha ora nganiaya, kosokbaline: padha ora dikaniaya.

وَاِنْ كَانَ ذُوْ عُسْرَةٍ فَنَظِرَةٌ اِلٰى مَيْسَرَةٍ ۗ وَاَنْ تَصَدَّقُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٨٠
Wa in kāna żū ‘usratin fanaẓiratun ilā maisarah(tin), wa an taṣaddaqū khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[280] Dene manawa ana wong malarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyarantèkake nganti têkan bisane nyaur, ewadene yèn potangira mau banjur sira wèhake bae, iku tumrap ing sira luwih bêcik, yèn sira wêruh iku bêcik lakonana.

وَاتَّقُوْا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ اِلَى اللّٰهِ ۗثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ ࣖ٢٨١
Wattaqū yauman turja‘ūna fīhi ilallāh(i), ṡumma tuwaffā kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[281] Lan sira padha wêdia ing dina kiyamat, ing kono sira padha diimpun marang pangayunaning Allah, sakèhing awak banjur padha ditindakake wêwalêse, miturut barang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe, panindake ora ana wong kang dikaniaya.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَدَايَنْتُمْ بِدَيْنٍ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى فَاكْتُبُوْهُۗ وَلْيَكْتُبْ بَّيْنَكُمْ كَاتِبٌۢ بِالْعَدْلِۖ وَلَا يَأْبَ كَاتِبٌ اَنْ يَّكْتُبَ كَمَا عَلَّمَهُ اللّٰهُ فَلْيَكْتُبْۚ وَلْيُمْلِلِ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ وَلْيَتَّقِ اللّٰهَ رَبَّهٗ وَلَا يَبْخَسْ مِنْهُ شَيْـًٔاۗ فَاِنْ كَانَ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ سَفِيْهًا اَوْ ضَعِيْفًا اَوْ لَا يَسْتَطِيْعُ اَنْ يُّمِلَّ هُوَ فَلْيُمْلِلْ وَلِيُّهٗ بِالْعَدْلِۗ وَاسْتَشْهِدُوْا شَهِيْدَيْنِ مِنْ رِّجَالِكُمْۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُوْنَا رَجُلَيْنِ فَرَجُلٌ وَّامْرَاَتٰنِ مِمَّنْ تَرْضَوْنَ مِنَ الشُّهَدَۤاءِ اَنْ تَضِلَّ اِحْدٰىهُمَا فَتُذَكِّرَ اِحْدٰىهُمَا الْاُخْرٰىۗ وَلَا يَأْبَ الشُّهَدَۤاءُ اِذَا مَا دُعُوْا ۗ وَلَا تَسْـَٔمُوْٓا اَنْ تَكْتُبُوْهُ صَغِيْرًا اَوْ كَبِيْرًا اِلٰٓى اَجَلِهٖۗ ذٰلِكُمْ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِ وَاَقْوَمُ لِلشَّهَادَةِ وَاَدْنٰىٓ اَلَّا تَرْتَابُوْٓا اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً حَاضِرَةً تُدِيْرُوْنَهَا بَيْنَكُمْ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَلَّا تَكْتُبُوْهَاۗ وَاَشْهِدُوْٓا(...)٢٨٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā tadāyantum bidainin ilā ajalim musamman faktubūh(u), walyaktub bainakum kātibum bil-‘adl(i), wa lā ya'ba kātibun ay yaktuba kamā ‘allamahullāhu falyaktub, walyumlilil-lażī ‘alaihil-ḥaqqu walyattaqillāha rabbahū wa lā yabkhas minhu syai'ā(n), fa'in kānal-lażī ‘alaihil-ḥaqqu safīhan au ḍa‘īfan au lā yastaṭī‘u ay yumilla huwa falyumlil waliyyuhū bil-‘adl(i), wastasyhidū syahīdaini mir rijāliūkum, fa'illam yakūnā rajulaini farajuluw wamra'atāni mimman tarḍauna minasy-syuhadā'i an taḍilla iḥdāhumā fatużakkira iḥdāhumal-ukhrā, wa lā ya'basy-syuhadā'u iżā mā du‘ū, wa lā tas'amū an taktubūhu ṣagīran au kabīran ilā ajalih(ī), żālikum aqsaṭu ‘indallāhi wa aqwamu lisy-syahādati wa adnā allā tartābū illā an takūna tijāratan ḥāḍiratan tudīrūnahā bainakum falaisa ‘alaikum junāḥun allā taktubūhā, wa asyhidū iżā tabāya‘tum, wa lā yuḍārra kātibuw wa lā syahīd(un), wa in taf‘alū fa'innahū fusūqum bikum, wattaqullāh(a), wa yu‘allimukumullāh(u), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[282] He wong kang padha mukmin, manawa sira padha nyambut gawe nganggo potang sarta sêmayane tinamtokake, iku padha sira tulisana, dene juru tulis nulisana prajanjianira kalawan sabênêre, lan manèh juru tulis aja sudhing nulisi miturut dhawuhing Allah kang tumrap marang juru tulis mau, mulane iya nulisana sapêrlune. Dene wong kang nandhang utang ngrungokna unining têtulisane, lan wêdia ing Allah yèn ngantia nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi [ngurangi] utange sanadyan mung sathithik, dene manawa kang nandhang utang mau wong ngêbrèh utawa wong apês, (Wong apês, karêpe wong ora winênangake ngrungokake tulisan sapêrlune, marga saka isih bocah durung wayah, utawa wis pikun. Jamal.) utawa ora bisa ngrungokake, iku waline (Waline, têgêse: wong kang nguwasani. Jamal.) bae ngrungokna kalawan sabênêre, lan padha nêksèkna ênggonira potang mau nganggo sêksi loro kang padha wong ngira lanang, dene yèn saksi mau ora wong lanang loro, kêna nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kêna dadi sêksi, (Wong kang kêna dadi sêksi, iku wong kang bêcik. Jalalèn.) supaya yèn sêksi kang siji lali, sêksi sijine banjur ngelingna marang sêksi liyane. Para sêksi manawa padha diundang aja sudhing nêksèni, lan aja padha bosên nulisi barang kang padha sira sêksèni. Utang mau gêdhea cilika ditulisana wêwangêning sêmayane. Mungguhing Allah utang nganggo ditulisi iku luwih dening bênêr, lan tulung bangêt marang jêjêging sêksi, apadene cêdhak bangêt marang ilanging sumêlangira. Kajaba yèn dagangan kang diadhêp, sarta ênggonira tampan-tinampan [tampan-tinampan] kalawan kêncèng, iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi juru tulis lan sêksi padha ora magêpokan prakara iku. Ewadene manawa sira padha dol tinuku prayogane padha nêksèkna. Manawa sira padha nêrak larangan mau sira padha dadi wong phasèk. (Wong pasèk iku wong duraka. Jamal.) Lan sira padha wêdia ing Allah. Allah mulang ing sira kabèh, dene Allah iku ngudanèni samubarang.

۞ وَاِنْ كُنْتُمْ عَلٰى سَفَرٍ وَّلَمْ تَجِدُوْا كَاتِبًا فَرِهٰنٌ مَّقْبُوْضَةٌ ۗفَاِنْ اَمِنَ بَعْضُكُمْ بَعْضًا فَلْيُؤَدِّ الَّذِى اؤْتُمِنَ اَمَانَتَهٗ وَلْيَتَّقِ اللّٰهَ رَبَّهٗ ۗ وَلَا تَكْتُمُوا الشَّهَادَةَۗ وَمَنْ يَّكْتُمْهَا فَاِنَّهٗٓ اٰثِمٌ قَلْبُهٗ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ࣖ٢٨٣
Wa in kuntum ‘alā safariw wa lam tajidū kātiban fa riḥānum maqbūḍah(tun), fa'in amina ba‘ḍukum ba‘ḍan falyu'addil-lażi'tumina amānatahū walyattaqillāha rabbah(ū), wa lā taktumusy syahādah(ta), wa may yaktumhā fa'innahū āṡimun qalbuh(ū), wallāhu bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[283] Manawa sira ana sajroning lêlungan, kang moka[6] sira ora olèh juru tulis, iku nganggoa gadhèn kang tinampanan, dene manawa ana sawênèhing kancanira kang pracaya marang liyane, wong kang pinracaya mau nuhonana ambalèkake barang kang pinracayakake, lan wêdia ing Allah Pangerane, apadene ênggonira padha anjalèntrèhake dadi sêksi aja nganggo ngumpêtake. Awit wong kang ngumpêtake ênggone nêksèni iku atine dosa. Dene Allah iku ngudanèni samubarang kang padha sira lakoni.

لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗ وَاِنْ تُبْدُوْا مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اَوْ تُخْفُوْهُ يُحَاسِبْكُمْ بِهِ اللّٰهُ ۗ فَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٨٤
Lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa in tubdū mā fī anfusikum au tukhfūhu yuḥāsibkum bihillāh(u), fayagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[284] Samubarang isining langit pitu lan isining bumi pitu iku kagunganing Allah. Dene samubarang kang kumrêntêg ana ing atinira iku sanadyan sira wêdharake utawa sira samarake, kabèh diudanèni dening Allah, mulane Allah iku ngapura marang wong kang dadi parênging karsane, lan uga niksa marang wong kang dadi parênging karsane. Dene Allah [Allah] iku nguwasani samubarang.

اٰمَنَ الرَّسُوْلُ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مِنْ رَّبِّهٖ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ كُلٌّ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖۗ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْ رُّسُلِهٖ ۗ وَقَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا غُفْرَانَكَ رَبَّنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ٢٨٥
Āmanar-rasūlu bimā unzila ilaihi mir rabbihī wal-mu'minūn(a), kullun āmana billāhi wa malā'ikatihī wa kutubihī wa rusulih(ī), lā nufarriqu baina aḥadim mir rusulih(ī), wa qālū sami‘nā wa aṭa‘nā, gufrānaka rabbanā wa ilaikal-maṣīr(u).
[285] Kangjêng Rasul apracaya marang samubarang kang wis didhawuhake dening Pangerane marang sarirane, lan para wong mukmin uga padha pracaya, kabèh mau padha ngandêl ing Allah lan ngandêl ing para malaikating Allah lan ngandêl ing kitabi[7] Allah, lan ngandêl para utusaning Allah. Pangucape: Pracayaku marang sawiji-wjining para rasul ora tak bedakake. Lan uga padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula sampun sami mirêng dhawuh Tuwan, saha sami sandika ngèstokakên, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa pangapura, kawula punika badhe wangsul dhatêng Tuwan.

لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَا ۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْ ۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَآ اِنْ نَّسِيْنَآ اَوْ اَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَآ اِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهٗ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهٖۚ وَاعْفُ عَنَّاۗ وَاغْفِرْ لَنَاۗ وَارْحَمْنَا ۗ اَنْتَ مَوْلٰىنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ ࣖ٢٨٦
Lā yukallifullāhu nafsan illā wus‘ahā, lahā mā kasabat wa ‘alaihā maktasabat, rabbanā lā tu'ākhiżnā in nasīnā au akhṭa'nā, rabbanā wa lā taḥmil ‘alainā iṣran kamā ḥamaltahū ‘alal-lażīna min qablinā, rabbanā wa lā tuḥammilnā mā lā ṭāqata lanā bih(ī), wa‘fu ‘annā, wagfir lanā, warḥamnā, anta maulānā fanṣurnā ‘alal qaumil-kāfirīn(a).
[286] Allah ora karsa mêksa apa-apa marang awak, kajaba marêngake mung sabisane bae, awak mau bakal tămpa ganjaraning kabêcikan kang wis dilakoni, lan uga bakal nyăngga patrapaning kaluputan kang wis dilakoni. (He para kawulaningsun, sira pa[8] munjuka.): Dhuh Pangeran kawula, manawi kawula kêsupèn utawi botên anjarag, Tuwan mugi sampun mugi [9]sampun matrapi dhumatêng kawula. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi sampun ngawratakên rêrêmbatan kawula kados anggèn Tuwan ngrêmbati dhumatêng para umat sadèrèngipun kawula wontên. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi sampun ngrêmbati dhumatêng kawula barang ingkang kawula botên kuwawi ngrêmbat. Tuwan mugi nyirnakna kalêpatan kawula, [kawula,] saha mugi ngapuraa dhumatêng kawula. Punapadene asiha dhumatêng kawula. Tuwan punika bandara kawula, mila Tuwan mugi nulungana kawula ngawonakên tiyang kaphir sadaya.