Surah Maryam
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
كۤهٰيٰعۤصۤ ۚ١
Kāf hā yā ‘aīn ṣād.
[1]
Kaph ha ya ngain sad, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah piyambak kang wuninga têgêse ênggone ngandika mangkono mau. Iki carita ênggone Allah Pangeranira paring rahmat marang kawulane kang aran Nabi Zakaria.
ذِكْرُ رَحْمَتِ رَبِّكَ عَبْدَهٗ زَكَرِيَّا ۚ٢
Żikru raḥmati rabbika ‘abdahū zakariyyā.
[2]
Dhèk samana Nabi Zakariya munjuk ing Allah Pangerane kalawan lirih.
اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ نِدَاۤءً خَفِيًّا٣
Iż nādā rabbahū nidā'an khafiyyā(n).
[3]
Unjuke mangkene: Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula punika sampun sêpuh, bêbalung kawula sampun ringkih, sirah kawula sampun mabluk uwanipun.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ وَهَنَ الْعَظْمُ مِنِّيْ وَاشْتَعَلَ الرَّأْسُ شَيْبًا وَّلَمْ اَكُنْۢ بِدُعَاۤىِٕكَ رَبِّ شَقِيًّا٤
Qāla rabbi innī wahanal-‘aẓmu minnī wasyta‘alar-ra'su syaibaw wa lam akum bidu‘ā'ika rabbi syaqiyyā(n).
[4]
Ingkang sampun-sampun, kawula nyênyuwun ing Tuwan, botên nate botên kasêmbadan.
وَاِنِّيْ خِفْتُ الْمَوَالِيَ مِنْ وَّرَاۤءِيْ وَكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا فَهَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّا ۙ٥
Wa innī khiftul-mawāliya miw warā'ī wa kānatimra'atī ‘āqiran fahab lī mil ladunka waliyyā(n).
[5]
Punapadene rabi kawula punika pancèn gabug (botên sagêd manak) dados [dado......s] kawula punika kuwatos, benjing sapêngkêr kawula, bok mênawi kawula botên tilar ali waris (ingkang darbe barang têtilaran kawula, saha andumugèkakên ngampil agami Tuwan) mila Tuwan mugi kaparênga maringi anak jalêr dhumatêng kawula, saking ngarsa Tuwan.
يَّرِثُنِيْ وَيَرِثُ مِنْ اٰلِ يَعْقُوْبَ وَاجْعَلْهُ رَبِّ رَضِيًّا٦
Yariṡunī wa yariṡu min āli ya‘qūba waj‘alhu rabbi raḍiyyā(n).
[6]
Anak jalêr wau ing têmbe angsala waris barang têtilaran kawula, saha waris kanabianipun êmbah kawula Nabi Yakkub, saha mugi Tuwan tamtokakên anglampahi punapa ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan.
يٰزَكَرِيَّآ اِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلٰمِ ِۨاسْمُهٗ يَحْيٰىۙ لَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ قَبْلُ سَمِيًّا٧
Yā zakariyyā innā nubasysyiruka bigulāminismuhū yaḥyā, lam naj‘al lahū min qablu samiyyā(n).
[7]
Allah marêngake panyuwune Nabi Zakariya, pangandikane: Sira bungaha bakal Ingsun paringi anak lanang, iku sira jênêngna Yahya.
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا وَّقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا٨
Qāla rabbi annā yakūnu lī gulāmuw wa kānatimra'atī ‘āqiraw wa qad balagtu minal-kibari ‘itiyyā(n).
[8]
Sadurunge iku, durung tau ana wong jênêng Yahya.
قَالَ كَذٰلِكَۗ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَّقَدْ خَلَقْتُكَ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْـًٔا٩
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyinuw wa qad khalaqtuka min qablu wa lam taku syai'ā(n).
[9]
Nabi Zakariya munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kadospundi sagêdipun kalêksanan kawula gadhah anak jalêr, rabi kawula punika gabug, kawula piyambak sampun sêpuh sangêt, sampun pikun.
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةً ۗقَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَ لَيَالٍ سَوِيًّا١٠
Qāla rabbij‘al lī āyah(tan), qāla āyatuka allā tukalliman-nāsa ṡalāṡa layālin sawiyyā(n).
[10]
Allah ngandika: Wis mêsthi kalakon mangkono. Pangeranira ngandika: Prakara maringi anak marang wong pikun lan wong gabug, iku ingatase Ingsun gampang bae. Sadurunge iki, biyèn sira iku ora ana, lan dudu barang- barang, sira banjur Ingsun anakake, iya kêlakon ana.
فَخَرَجَ عَلٰى قَوْمِهٖ مِنَ الْمِحْرَابِ فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ اَنْ سَبِّحُوْا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا١١
Fa kharaja ‘alā qaumihī minal-miḥrābi fa auḥā ilaihim an sabbiḥū bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[11]
Nabi Zakariya munjuk: Dhuh Pangeran kawula, dhawuh Tuwan punika mênawi saèstu mugi Tuwan kaparêng paring tăndha yêkti dhumatêng kawula. Allah ngandika: Iya tăndha yêktêne[2] yèn sira bakal duwe anak lanang mangkene: Sajrone têlung dina têlung bêngi, sira ora bisa cêcaturan lan wong, tur tanpa nandhang lara apa-apa.
يٰيَحْيٰى خُذِ الْكِتٰبَ بِقُوَّةٍ ۗوَاٰتَيْنٰهُ الْحُكْمَ صَبِيًّاۙ١٢
Yā yaḥyā khużil-kitāba biquwwah(tin), wa ātaināhul-ḥukma ṣabiyyā(n).
[12]
Nabi Zakariya banjur mêtu saka ing imaman, katêmu lan para sêntanane. Sarèhne Nabi Zakariya ora bisa calathu, mung awèh sasmita bae, surasane: Kowe padha sêmbayanga ing wayah esuk lan sore.
وَّحَنَانًا مِّنْ لَّدُنَّا وَزَكٰوةً ۗوَكَانَ تَقِيًّا ۙ١٣
Wa ḥanānam mil ladunnā wa zakāh(tan), wa kāna taqiyyā(n).
[13]
(Cêkake Nabi Zakariya kalêksanan duwe anak lanang, sarta banjur dijênêngake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi nabi, Ingsun paringi kawicaksanan tur isih bocah (lagi ngumur têlung taun). Pangandikaningsun: He Yahya, saiki sira nyêkêla kitab Torèt, apa sasurasaning Torèt iku sira tindakna kalawan sêtya tuhu.
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَيْهِ وَلَمْ يَكُنْ جَبَّارًا عَصِيًّا١٤
Wa barram biwālidaihi wa lam yakun jabbāran ‘aṣiyyā(n).
[14]
Lan manèh Nabi Yahya mau Ingsun dunungi budi wêlasan, marang sapêpadhaning manungsa, sarta [sar....ta] rêsik atine, apadene ngabêkti wêdi ing Allah. Mangkono uga ngabêkti marang wong tuwane loro. Nabi Yahya iku dudu wong gumêdhe lan dudu wong duraka.
وَسَلٰمٌ عَلَيْهِ يَوْمَ وُلِدَ وَيَوْمَ يَمُوْتُ وَيَوْمَ يُبْعَثُ حَيًّا ࣖ١٥
Wa salāmun ‘alaihi yauma wulida wa yauma yamūtu wa yauma yub‘aṡu ḥayyā(n).
[15]
Nabi Yahya mau nalika mêtu saka ing guwa garba lan nalikane tumêka ing janji, apadene besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati, Ingsun paringi sêlamêt saka sakèhing rêribêd.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مَرْيَمَۘ اِذِ انْتَبَذَتْ مِنْ اَهْلِهَا مَكَانًا شَرْقِيًّا ۙ١٦
Ważkur fil-kitābi maryam(a), iżintabażat min ahlihā makānan syarqiyyā(n).
[16]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Maryam ana ing Kuran, nalikane Maryam mau andhêlik nênêpi ana ing panggonan sawetaning Baitul Mukadas, nyingkiri para sanake.
فَاتَّخَذَتْ مِنْ دُوْنِهِمْ حِجَابًاۗ فَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهَا رُوْحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرًا سَوِيًّا١٧
Fattakhażat min dūnihim ḥijābā(n), fa arsalnā ilaihā rūḥanā fa tamaṡṡala lahā basyaran sawiyyā(n).
[17]
Maryam mau gawe aling-aling, diênggo ngaling-alingi para sanake. Ing kono Ingsun ngutus roh Ingsun Malaikat Jabarail, kang mancala rupa wong lanang kang ganêp, Jabarail nêmoni Maryam.
قَالَتْ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِالرَّحْمٰنِ مِنْكَ اِنْ كُنْتَ تَقِيًّا١٨
Qālat innī a‘ūżu bir-raḥmāni minka in kunta taqiyyā(n).
[18]
Maryam banjur matur marang Malaikat Jabarail: Mênawi sampeyan punika tiyang ajrih ing Allah, kula ngungsi nyuwun pitulungipun Pangeran Ingkang Mahamirah, sampun ngantos kenging panggodha jalaran sampeyan.
قَالَ اِنَّمَآ اَنَا۠ رَسُوْلُ رَبِّكِۖ لِاَهَبَ لَكِ غُلٰمًا زَكِيًّا١٩
Qāla innamā ana rasūlu rabbik(a), li'ahaba laki gulāman zakiyyā(n).
[19]
Malaikat Jabarail mangsuli: Sayêktosipun [Sayê...ktosipun] kula punika utusaning Allah Pangeran sampeyan dipun utus maringi putra jalêr dhumatêng sampeyan, calon tiyang suci botên pisan anglampahi dosa.
قَالَتْ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌ وَّلَمْ اَكُ بَغِيًّا٢٠
Qālat annā yakūnu lī gulāmuw wa lam yamsasnī basyaruw wa lam aku bagiyyā(n).
[20]
Maryam matur manèh: Kadospundi sagêdipun kalêksanan kula gadhah anak jalêr, ingkang măngka kula punika botên magêpokan bojo sarta botên anglampahi bandrèk.
قَالَ كَذٰلِكِۚ قَالَ رَبُّكِ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌۚ وَلِنَجْعَلَهٗٓ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَرَحْمَةً مِّنَّاۚ وَكَانَ اَمْرًا مَّقْضِيًّا٢١
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyin(un), wa linaj‘alahū āyatal lin-nāsi wa raḥmatam minnā, wa kāna amram maqḍiyyā(n).
[21]
Malaikat Jabarail mangsuli: Makatên punika mêsthi kalêksanan. Pangandikaning Allah Pangeran sampeyan makatên: Prakara ênggon ingsun maringi anak marang Maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. Lan iku pêrlune Ingsun ênggo tăndha yêktining kawasaningsun, lan minăngka sih-Ingsun marang wong kang padha pracaya. Dene kalêksanane kang mangkono mau, iku prakara wis pinêsthi.
۞ فَحَمَلَتْهُ فَانْتَبَذَتْ بِهٖ مَكَانًا قَصِيًّا٢٢
Fa ḥamalathu fantabażat bihī makānan qaṣiyyā(n).
[22]
(Malaikat Jabarail banjur andamoni Dèwi Maryam), sanalika Dèwi Maryam mêtêng, ngêtêngake Nabi Ngisa. Ing kono Dèwi Maryam merang, lunga mênyang panggonan kang adoh para sanake.
فَاَجَاۤءَهَا الْمَخَاضُ اِلٰى جِذْعِ النَّخْلَةِۚ قَالَتْ يٰلَيْتَنِيْ مِتُّ قَبْلَ هٰذَا وَكُنْتُ نَسْيًا مَّنْسِيًّا٢٣
Fa ajā'ahal-makhāḍu ilā jiz‘in nakhlah(ti), qālat yā laitanī mittu qabla hāżā wa kuntu nas-yam mansiyyā(n).
[23]
Barêng wis têkan lèke, Dèwi Maryam nglarani. Banjur marani wit kurma garing ginawe sèndhèn (banjur nglairake bayi lanang). Sêsambate Dèwi Maryam: Adhuh, bok iya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang mangkene iki. Saiki aku dadi barang kang tanpa aji.
فَنَادٰىهَا مِنْ تَحْتِهَآ اَلَّا تَحْزَنِيْ قَدْ جَعَلَ رَبُّكِ تَحْتَكِ سَرِيًّا٢٤
Fa nādāhā min taḥtihā allā taḥzanī qad ja‘ala rabbuki taḥtaki sariyyā(n).
[24]
Malaikat Jabarail banjur nguwuh-uwuh ana ngisore Dèwi Maryam: He Dèwi Maryam, sampeyan sampun susah. Allah Pangeran sampeyan sapunika angwontênakên lèpèn mili wontên ngandhap sampeyan punika.
وَهُزِّيْٓ اِلَيْكِ بِجِذْعِ النَّخْلَةِ تُسٰقِطْ عَلَيْكِ رُطَبًا جَنِيًّا ۖ٢٥
Wa huzzī ilaiki bijiz‘in-nakhlati tusāqiṭ ‘alaiki ruṭaban janiyyā(n).
[25]
Uwit kurma garing ingkang sampeyan sèndhèni punika saking karsaning Allah, ijêm sêgêr sarta awoh sami sanalika, punika sampeyan oyag-oyag, tamtu uwohipun ingkang nyadham utawi matêng sami rêntah wontên nganjêng sampeyan. (Dèwi Mariyam miturut parentahe Malaikat Jabarail).
فَكُلِيْ وَاشْرَبِيْ وَقَرِّيْ عَيْنًا ۚفَاِمَّا تَرَيِنَّ مِنَ الْبَشَرِ اَحَدًاۙ فَقُوْلِيْٓ اِنِّيْ نَذَرْتُ لِلرَّحْمٰنِ صَوْمًا فَلَنْ اُكَلِّمَ الْيَوْمَ اِنْسِيًّا ۚ٢٦
Fa kulī wasyrabī wa qarrī ‘ainā(n), fa immā tarayinna minal-basyari aḥadā(n), fa qūlī innī nażartu lir-raḥmāni ṣauman falan ukallimal-yauma insiyyā(n).
[26]
Sapunika sampeyan dhahar lan ngunjuk, sarta dipun têntrêm panggalih sampeyan. Mênawi sampeyan sumêrêp wontên satunggaling tiyang takèn bab anggèn sampeyan pêputra.
فَاَتَتْ بِهٖ قَوْمَهَا تَحْمِلُهٗ ۗقَالُوْا يٰمَرْيَمُ لَقَدْ جِئْتِ شَيْـًٔا فَرِيًّا٢٧
Fa atat bihī qaumahā taḥmiluh(ū), qālū yā maryamu laqad ji'ti syai'an fariyyā(n).
[27]
Punika sampeyan wangsuli makatên kemawon: Kula punika ngluwari nadzar kula dhatêng Pangeran ingkang [ing....kang] Mahamirah, siyam ambisu, mila ing dintên punika kula botên purun wicantên kalihan tiyang.
يٰٓاُخْتَ هٰرُوْنَ مَا كَانَ اَبُوْكِ امْرَاَ سَوْءٍ وَّمَا كَانَتْ اُمُّكِ بَغِيًّا ۖ٢٨
Yā ukhta hārūna kāna abūkimra'a sau'iw wa mā kānat ummuki bagiyyā(n).
[28]
Dèwi Maryam barêng wis rêncang lan rêsik banjur bali marang panggonaning sanake sarwi ngêmban putrane. Para sanake banjur padha nyaruwe, pangucape: He Maryam, saiki kowe têkan nglakoni panggawe kang ngeram-eramake (manak tanpa bapa).
فَاَشَارَتْ اِلَيْهِۗ قَالُوْا كَيْفَ نُكَلِّمُ مَنْ كَانَ فِى الْمَهْدِ صَبِيًّا٢٩
Fa asyārat ilaīh(i), qālū kaifa nukallimu man kāna fil-mahdi ṣabiyyā(n).
[29]
He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun, bapakmu Kyai Ngimran iku dudu wong ala, apadene êmbokmu Nyai Khannah iya dudu sundêl (yagene têka nuwuhake anak wong kaya kowe).
قَالَ اِنِّيْ عَبْدُ اللّٰهِ ۗاٰتٰىنِيَ الْكِتٰبَ وَجَعَلَنِيْ نَبِيًّا ۙ٣٠
Qāla innī ‘abdullāh(i), ātāniyal-kitāba wa ja‘alanī nabiyyā(n).
[30]
Dèwi Maryam banjur awèh sasmita, wong kang padha takon mau dipurih takon marang Nabi Ngisa. Para sanake banjur mangsuli: (anèh têmên kowe Maryam) kapriye ênggonku ngajak caturan bayi kang ana pangkonmu.
وَّجَعَلَنِيْ مُبٰرَكًا اَيْنَ مَا كُنْتُۖ وَاَوْصٰنِيْ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِ مَا دُمْتُ حَيًّا ۖ٣١
Wa ja‘alanī mubārakan aina mā kunt(u), wa auṣānī biṣ-ṣalāti waz-zakāti mā dumtu ḥayyā(n).
[31]
Ing kono Nabi Ngisa mangsuli: satêmêne aku iki kawulaning Allah ing têmbe Allah bakal anjunjung aku dadi Nabi, sarta bakal maringi kitab Injil marang aku.
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَتِيْ وَلَمْ يَجْعَلْنِيْ جَبَّارًا شَقِيًّا٣٢
Wa barram biwālidatī wa lam yaj‘alnī jabbāran syaqiyyā(n).
[32]
Ana ing êndi bae panggonanku Allah bakal ambarkahi marang aku, migunani marang wong akèh. Lan manèh Allah dhawuh marang aku, ing salawasku urip, aku ingandikakake anglakoni sêmbayang lan bayar zakat.
وَالسَّلٰمُ عَلَيَّ يَوْمَ وُلِدْتُّ وَيَوْمَ اَمُوْتُ وَيَوْمَ اُبْعَثُ حَيًّا٣٣
Was-salāmu ‘alayya yauma wulittu wa yauma amūtu wa yauma ub‘aṡu ḥayyā(n).
[33]
Apadene aku dikarsakake ngabêkti manut miturut marang ibuku, lan ora ngarsakake aku dadi wong gumêdhe lan duraka.
ذٰلِكَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ ۚقَوْلَ الْحَقِّ الَّذِيْ فِيْهِ يَمْتَرُوْنَ٣٤
Żālika ‘īsabnu maryam(a), qaulal-ḥaqqil-lażī fīhi yamtarūn(a).
[34]
Nalikane aku mêtu saka ing guwa garba, lan besuk nalikane aku mati, apadene besuk nalikane aku diuripake manèh, tangi saka ing pati, aku diparingi slamêt dening Allah saka sakèhing rêribêt.
مَا كَانَ لِلّٰهِ اَنْ يَّتَّخِذَ مِنْ وَّلَدٍ سُبْحٰنَهٗ ۗاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ۗ٣٥
Mā kāna lillāhi ay yattakhiża miw waladin subḥānah(ū), iżā qaḍā amran fa innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[35]
Kang ngucap mangkono mau Nabi Ngisa putrane Maryam, dene pangucape mangkono mau mung satêmêne bae. Ewadene andadèkake kodhênge wong kang padha krungu. (Ana wong kang calathu: Bayi iku putrane Allah. Lan ana manèh kang calathu: Yaiku Allah).
وَاِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٣٦
Wa innallāha rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[36]
Allah iku Mahasuci, ora pisan pêputra. Samăngsa ana parênge karsaning Allah nganakake apa bae. Allah mung ngandika: Anaa anu, ing kono barang kang dikarsakake mau banjur ana padha sanalika.
فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْۚ فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ مَّشْهَدِ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٣٧
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fa wailul lil-lażīna kafarū mim masyhadi yaumin ‘aẓīm(in).
[37]
Satêmêne Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mulane padha nêmbaha ing Allah. Wruhanira, iki dalan kang bênêr.
اَسْمِعْ بِهِمْ وَاَبْصِرْۙ يَوْمَ يَأْتُوْنَنَا لٰكِنِ الظّٰلِمُوْنَ الْيَوْمَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Asmi‘ bihim wa abṣir, yauma ya'tūnanā lākiniẓ-ẓālimūnal-yauma fī ḍalālim mubīn(in).
[38]
Barêng Nabi Ngisa calathu mangkono, manungsa banjur dhewe-dhewe panêmune, dadi têlung golongan. Dene siksa naraka kang luwih dening abot, iku dadi pituwase wong kaphir kang padha maido bakal anane dina kiyamat.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْحَسْرَةِ اِذْ قُضِيَ الْاَمْرُۘ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ وَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٣٩
Wa anżirhum yaumal-ḥasrati iż quḍiyal-amr(u), wa hum fī gaflatiw wa hum lā yu'minūn(a).
[39]
Anggumunake bangêt wong mau, dene wis padha krungu sarta wis padha andêlêng tăndha yêkti, têka padha ora pracaya dina kiyamat, ênggone bakal padha disebakake marang Ingsun. Ewadene ing dina iki wong kaphir padha kêlantur-lantur ênggone nasar.
اِنَّا نَحْنُ نَرِثُ الْاَرْضَ وَمَنْ عَلَيْهَا وَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ ࣖ٤٠
Innā naḥnu nariṡul-arḍa wa man ‘alaihā wa ilainā yurja‘ūn(a).
[40]
(He Mukhammad) wong Kaphir mau padha sira wêdènana dina kiyamat, mangsaning gêtun ing kono sarupaning prakara dipancas dening Allah, kang măngka ing saiki wong kaphir mau ana sajroning lali, ora mikir prakara akhirat, malah padha ora pracaya marang akhirat.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِبْرٰهِيْمَ ەۗ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا٤١
Ważkur fil-kitābi ibrāhīm(a), innahū kāna ṣiddīqan nabiyyā(n).
[41]
Ingsun bakal matèni wong saisining bumi kabèh, ing kono jagad iki lan saisine kabèh maligi dadi kagungan Ingsun. Sarupaning wong sawise Ingsun tangèkake saka ing pati, banjur padha bali disebakake marang Ingsun.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ يٰٓاَبَتِ لِمَ تَعْبُدُ مَا لَا يَسْمَعُ وَلَا يُبْصِرُ وَلَا يُغْنِيْ عَنْكَ شَيْـًٔا٤٢
Iż qāla li'abīhi yā abati lima ta‘budu mā lā yasma‘u wa lā yubṣiru wa lā yugnī ‘anka syai'ā(n).
[42]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Ibrahim ana sajroning Kuran. Nabi Ibrahim mau wong têmên lan setya tuhu kang Ingsun junjung dadi nabi.
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْ قَدْ جَاۤءَنِيْ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَمْ يَأْتِكَ فَاتَّبِعْنِيْٓ اَهْدِكَ صِرَاطًا سَوِيًّا٤٣
Yā abati innī qad jā'anī minal-‘ilmi mā lam ya'tika fattabi‘nī ahdika ṣirāṭan sawiyyā(n).
[43]
Dhèk samana Nabi Ibrahim matur marang bapakne: Dhuh bapak, kenging punapa sampeyan têka nyêmbah brahala, brahala punika botên gadhah pamirêng lan botên sagêd ningali, sarta botên sagêd damêl punapa-punapa dhatêng sampeyan, angwontênakên kabêgjan utawi nulak pakèwêd, punika botên pisan-pisan.
يٰٓاَبَتِ لَا تَعْبُدِ الشَّيْطٰنَۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ عَصِيًّا٤٤
Yā abati lā ta‘budisy-syaiṭān(a), innasy-syaiṭāna kāna lir-raḥmāni ‘aṣiyyā(n).
[44]
Dhuh bapak, kula punika kaparingan wahyuning Pangeran, kawruh kasunyatan sarta sarengat, ingkang sampeyan botên dipun paringi, mila sampeyan mugi manuta dhatêng kula, kula sagah nêdahakên margi lêrês dhatêng sampeyan.
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يَّمَسَّكَ عَذَابٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ فَتَكُوْنَ لِلشَّيْطٰنِ وَلِيًّا٤٥
Yā abati innī akhāfu ay yamassaka ‘ażābum minar-raḥmāni fa takūna lisy-syaiṭāni waliyyā(n).
[45]
Dhuh bapak, sampeyan mugi sampun kèlu dhatêng panggodhaning setan, setan punika duraka dhatêng Pangeran ingkang Mahamirah.
قَالَ اَرَاغِبٌ اَنْتَ عَنْ اٰلِهَتِيْ يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ لَاَرْجُمَنَّكَ وَاهْجُرْنِيْ مَلِيًّا٤٦
Qāla arāgibun anta ‘an ālihatī yā ibrāhīm(u), la'illam tantahi la'arjumannaka wahjurnī maliyyā(n).
[46]
Dhuh Bapak, kula punika kuwatos (bilih sampeyan puguh), botên wande sampeyan [sampe....yan] dipun siksa dening Pangeran Ingkang Mahamirah, salajêngipun sampeyan dados kancanipun setan wontên ing naraka.
قَالَ سَلٰمٌ عَلَيْكَۚ سَاَسْتَغْفِرُ لَكَ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِيْ حَفِيًّا٤٧
Qāla salāmun ‘alaik(a), sa'astagfiru laka rabbī, innahū kāna bī ḥafiyyā(n).
[47]
Bapakne Nabi Ibrahim mangsuli: He Ibrahim, ya gene kowe têka sêngit marang brahala sêsêmbahanku, mênawa kowe ora marèni, mêsthi kowe tak balangi, lan kowe lungaa saka ing kene nganti pirang-pirang taun.
وَاَعْتَزِلُكُمْ وَمَا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَاَدْعُوْا رَبِّيْۖ عَسٰٓى اَلَّآ اَكُوْنَ بِدُعَاۤءِ رَبِّيْ شَقِيًّا٤٨
Wa a‘tazilukum wa mā tad‘ūna min dūnillāhi wa ad‘ū rabbī, ‘asā allā akūna bidu‘ā'i rabbī syaqiyyā(n).
[48]
Nabi Ibrahim matur manèh: sampeyan badhe kula suwunakên ing Allah Pangeran kula, mugi dipun têdahna dhatêng agami Islam, saha dipun apuraa kalêpatan sampeyan, salajêngipun dipun paringana wilujêng, awit Allah Pangeran kula punika wêlas asih dhumatêng kula.
فَلَمَّا اعْتَزَلَهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۙوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ وَكُلًّا جَعَلْنَا نَبِيًّا٤٩
Falamma‘tazalahum wa mā ya‘budūna min dūnillāh(i), wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūb(a), wa kullan ja‘alnā nabiyyā(n).
[49]
Sapunika kula kesah saking ngriki, ngesahi sampeyan lan ngesahi brahala sêsêmbahan sampeyan, punika dede Allah, kula mêsthi nêmbah dhatêng Allah Pangeran kula, anggèn kula nêmbah dhatêng Allah punika supados kula botên dados tiyang cilaka.
وَوَهَبْنَا لَهُمْ مِّنْ رَّحْمَتِنَا وَجَعَلْنَا لَهُمْ لِسَانَ صِدْقٍ عَلِيًّا ࣖ٥٠
Wa wahabnā lahum mir raḥmatinā wa ja‘alnā lahum lisāna ṣidqin ‘aliyyā(n).
[50]
Barêng Nabi Ibrahim wis anglungani wong kang padha nyêmbah brahala, sarta nglungani brahalane kang disêmbah, dudu Allah, Ingsun maringi anak lanang [la...nang] marang Nabi Ibrahim, aran Nabi Iskak, sabanjure Nabi Iskak duwe anak lanang aran Nabi Yakkub. Kabèh mau padha Ingsun junjung dadi nabi.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مُوْسٰٓىۖ اِنَّهٗ كَانَ مُخْلَصًا وَّكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا٥١
Ważkur fil-kitābi mūsā, innahū kāna mukhlaṣaw wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[51]
Nabi têtêlu mau padha Ingsun paringi sih Ingsun băndha lan anak, apadene Ingsun paringi pangaji-aji lan pangalêmbana, misuwur ing wong ahli agama.
وَنَادَيْنٰهُ مِنْ جَانِبِ الطُّوْرِ الْاَيْمَنِ وَقَرَّبْنٰهُ نَجِيًّا٥٢
Wa nādaināhu min jānibiṭ-ṭūril-aimani wa qarrabnāhu najiyyā(n).
[52]
Lan manèh nyaritakna lêlakone Nabi Musa ana ing Kuran. Nabi Musa iku wong kang dipilih ing Pangerane lan dirêsikake atine, sabanjure dijunjung dadi Nabi lan Rasul.
وَوَهَبْنَا لَهٗ مِنْ رَّحْمَتِنَآ اَخَاهُ هٰرُوْنَ نَبِيًّا٥٣
Wa wahabnā lahū mir raḥmatinā akhāhu hārūna nabiyyā(n).
[53]
Lan Ingsun timbali saka ing gunung Tursina, kang ana ing sisih têngên (Nalika Nabi Musa lumaku saka ing Madyan) sarta Ingsun cêdhakake, Ingsun parêngake imbal pangandika lan Ingsun.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِسْمٰعِيْلَ ۖاِنَّهٗ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا ۚ٥٤
Ważkur fil-kitābi ismā‘īl(a), innahū kāna ṣādiqal-wa‘di wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[54]
Sarèhne Ingsun asih marang nabi Musa, mulane sadulure lanang kang aran Harun, uga Ingsun junjung dadi nabi.
وَكَانَ يَأْمُرُ اَهْلَهٗ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِۖ وَكَانَ عِنْدَ رَبِّهٖ مَرْضِيًّا٥٥
Wa kāna ya'muru ahlahū biṣ-ṣalāti waz-zakāh(ti), wa kāna ‘inda rabbihī marḍiyyā(n).
[55]
Lan manèh nyaritakna lêlakone Nabi Ismangil ana ing Kuran. Nabi Ismangil iku wong kang sêtya tuhu ing janji, lan Ingsun junjung dadi nabi lan rasul.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِدْرِيْسَۖ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا ۙ٥٦
Ważkur fil-kitābi idrīs(a), innahū kāna ṣādiqan nabiyyā(n).
[56]
Nabi Ismangil iku parentah lan anak bojone, lan para santanane padha dikon anglakoni [a.....nglakoni] sêmbayang lan bayar zakat. Nabi Ismangil mau nglakoni sabarang kang dadi kaparênging Allah Pangerane.
وَّرَفَعْنٰهُ مَكَانًا عَلِيًّا٥٧
Wa rafa‘nāhu makānan ‘aliyyā(n).
[57]
Lan manèh nyaritakna Nabi Idris ana ing Kuran. Nabi Idris iku wong têmên lan sêtya tuhu, kang Ingsun junjung dadi nabi.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ مِنْ ذُرِّيَّةِ اٰدَمَ وَمِمَّنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۖ وَّمِنْ ذُرِّيَّةِ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْرَاۤءِيْلَ ۖوَمِمَّنْ هَدَيْنَا وَاجْتَبَيْنَاۗ اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُ الرَّحْمٰنِ خَرُّوْا سُجَّدًا وَّبُكِيًّا ۩٥٨
Ulā'ikal-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna min żurriyyati ādama wa mimman ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), wa min żurriyyati ibrāhīma wa isrā'īl(a), wa mimman hadainā wajtabainā, iżā tutlā ‘alaihim āyātur-raḥmāni kharrū sujjadaw wa bukiyyā(n).
[58]
Lan Ingsun anjunjung Nabi Idris marang panggonan kang luhur (iya iku ana ing langit kang kaping pat).
۞ فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ اَضَاعُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّبَعُوا الشَّهَوٰتِ فَسَوْفَ يَلْقَوْنَ غَيًّا ۙ٥٩
Fa khalafa mim ba‘dihim khalfun aḍā‘uṣ-ṣalāta wattaba‘usy-syahawāti fa saufa yalqauna gayyā(n).
[59]
Para Nabi mau kabèh padha turune Nabi Adam, lan uga turune wong kang padha Ingsun mot ana ing praune Nabi Nuh, lan turune Nabi Ibrahim, iku kabèh wong kang padha Ingsun paringi kabungahan, lan kalêbu ewone wong kang Ingsun paringi pituduh bênêr, sarta Ingsun pilih. Kabèh mau mênawa diwacakake kitabing Allah Kang Mahamurah, banjur padha anjungkêl sujud ing Allah sarta padha nangis saking dening konjême.
اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ شَيْـًٔا ۙ٦٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna syai'ā(n).
[60]
Sapungkure para nabi mau, wong Yahudi banjur padha sêmbrana ênggone sêmbayang, lan ana kang ora sêmbayang babar pisan, mung padha nuruti karêpe dhewe-dhewe. Wong mangkono mau ing têmbe dicêmplungake ing jurange naraka Jahanam.
جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدَ الرَّحْمٰنُ عِبَادَهٗ بِالْغَيْبِۗ اِنَّهٗ كَانَ وَعْدُهٗ مَأْتِيًّا٦١
Jannāti ‘adninil-latī wa‘adar-raḥmānu ‘ibādahū bil-gaib(i), innahū kāna wa‘duhū ma'tiyyā(n).
[61]
Kajaba wong kang banjur tobat lan pracaya, [pra...caya,] sarta nglakoni panggawe bêcik. Wong mangkono mau ing têmbe bakal padha diganjar malêbu ing suwarga, sabarang panggawene bêcik mau ora ana kang kêliwatan, kabèh diganjar.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا اِلَّا سَلٰمًاۗ وَلَهُمْ رِزْقُهُمْ فِيْهَا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا٦٢
Lā yasma‘ūna fīhā lagwan illā salāmā(n), wa lahum rizquhum fīhā bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[62]
Iya iku suwarga Ngadan, kang diênggo ngêbang dening Pangeran Kang Mahamurah marang para kawulane, kang saiki suwarga mau isih gaib (durung katon), satêmêne pangêbanging Allah iku mêsthi kalêksanan.
تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْ نُوْرِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ تَقِيًّا٦٣
Tilkal-jannatul-latī nūriṡu min ‘ibādinā man kāna taqiyyā(n).
[63]
Wong mukmin ana ing suwarga ora tau krungu suwara kang ora andhêmênake, mung krungu pambage raharja sapêpadhane suwara kang ngrêsêpake. Sabên wayah esuk lan sore yèn mungguh ing dunya, wong suwarga padha diladèni dhahar.
وَمَا نَتَنَزَّلُ اِلَّا بِاَمْرِ رَبِّكَۚ لَهٗ مَا بَيْنَ اَيْدِيْنَا وَمَا خَلْفَنَا وَمَا بَيْنَ ذٰلِكَ وَمَا كَانَ رَبُّكَ نَسِيًّا ۚ٦٤
Wa mā natanazzalu illā bi'amri rabbik(a), lahū mā baina aidīnā wa mā khalfanā wa mā baina żālika wa mā kāna rabbuka nasiyyā(n).
[64]
Iya iku suwarga kang pancèn cawisane wong kaphir upama Islama, ing mêngko Ingsun paringake marang para kawulaningsun kang padha wêdi marang Ingsun (ora maro tingal) tumănja warisan.
رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا فَاعْبُدْهُ وَاصْطَبِرْ لِعِبَادَتِهٖۗ هَلْ تَعْلَمُ لَهٗ سَمِيًّا ࣖ٦٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā fa‘budhu waṣṭabir li‘ibādatih(ī), hal ta‘lamu lahū samiyyā(n).
[65]
65. (Malaikat Jabarail matur marang Nabi Mukhammad): Anggèn kula tumurun dhatêng dunya sowan ing sampeyan punika, botên kenging sakajêng-kajêng kula piyambak, kêdah têrang dipun utus dening [de....ning] Allah Pangeran sampeyan. Allah punika nguningani samukawis ingkang kalampahan sadèrèngipun kula wontên lan sasampunipun kula pêjah, punapadene wiwit sapunika dumugi dintên kiyamat. Allah Pangeran sampeyan botên pisan kasupèn.
وَيَقُوْلُ الْاِنْسَانُ ءَاِذَا مَا مِتُّ لَسَوْفَ اُخْرَجُ حَيًّا٦٦
Wa yaqūlul-insānu a'iżā mā mittu lasaufa ukhraju ḥayyā(n).
[66]
Allah punika Pangeraning bumi kalihan langit, lan Pangeraning samukawis ingkang wontên saantawisipun bumi kalihan langit, mila sampeyan mugi nêmbaha ing Allah, sarta dipun têguh panggalih sampeyan, mantêp anggèn sampeyan nêmbah ing Allah. Punapa sampeyan sumêrêp sanèsipun Allah ngangge nama Allah (măngsa wontêna).
اَوَلَا يَذْكُرُ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ يَكُ شَيْـًٔا٦٧
Awalā yażkurul-insānu annā khalaqnāhu min qablu wa lam yaku syai'ā(n).
[67]
Allah ngandika: (He Mukhammad), wong kaphir padha ngucap mangkene: Besuk yèn aku wis mati, jare bakal diuripake manèh (apa nyata mangkono).
فَوَرَبِّكَ لَنَحْشُرَنَّهُمْ وَالشَّيٰطِيْنَ ثُمَّ لَنُحْضِرَنَّهُمْ حَوْلَ جَهَنَّمَ جِثِيًّا٦٨
Fa wa rabbika lanaḥsyurannahum wasy-syayāṭīna ṡumma lanuḥḍirannahum ḥaula jahannama jiṡiyyā(n).
[68]
Wong kaphir mau apa ora rumasa, biyèn awake ora ana, lan dudu barang-barang. Saiki Ingsun anakake dadi manungsa.
ثُمَّ لَنَنْزِعَنَّ مِنْ كُلِّ شِيْعَةٍ اَيُّهُمْ اَشَدُّ عَلَى الرَّحْمٰنِ عِتِيًّا ۚ٦٩
Ṡumma lananzi‘anna min kulli syī‘atin ayyuhum asyaddu ‘alar-raḥmāni ‘itiyyā(n).
[69]
Dêmi Pangeranira Mukhammad. Ing têmbe wong kaphir iku mêsthi Ingsun tangèkake [tangèka....ke] saka ing pati, lan Ingsun gandhèng karo setan kalawan rante, nuli Ingsun mot ing grobag, Ingsun cêpakake ana ing pinggiring naraka Jahanam.
ثُمَّ لَنَحْنُ اَعْلَمُ بِالَّذِيْنَ هُمْ اَوْلٰى بِهَا صِلِيًّا٧٠
Ṡumma lanaḥnu a‘lamu bil-lażīna hum aulā bihā ṣiliyyā(n).
[70]
Siji-sijining golongan nuli Ingsun pilihi, êndi kang gêdhe dhewe dosane marang Pangeran kang Mahamurah (iku Ingsun dhèwèkake).
وَاِنْ مِّنْكُمْ اِلَّا وَارِدُهَا ۚ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ حَتْمًا مَّقْضِيًّا ۚ٧١
Wa im minkum illā wāriduhā, kāna ‘alā rabbika ḥatmam maqḍiyyā(n).
[71]
Sawise pilah, Ingsun luwih dening wuninga marang wong kang bênêre bangêt, kudu dicêmplungake ing naraka iku Ingsun cêmplungake dhisik.
ثُمَّ نُنَجِّى الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّنَذَرُ الظّٰلِمِيْنَ فِيْهَا جِثِيًّا٧٢
Ṡumma nunajjil-lażīnattaqau wa nażaruẓ-ẓālimīna fīhā jiṡiyyā(n).
[72]
Manungsa kabèh, Islama, kaphira, sira mêsthi padha têkan ing naraka, mangkono iku wis ditamtokake kalawan khukuming Allah Pangeranira.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓاۙ اَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ خَيْرٌ مَّقَامًا وَّاَحْسَنُ نَدِيًّا٧٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū, ayyul-farīqaini khairum maqāmaw wa aḥsanu nadiyyā(n).
[73]
Sawise têkan ing naraka, sarupane wong kang wêdi ing Allah, Ingsun paringi slamêt, ora kêcêmplung ing naraka, dene sarupane wong kaphir, padha Ingsun kèrèkake kêcêmplung ing naraka, langgêng ana ing kono.
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَحْسَنُ اَثَاثًا وَّرِءْيًا٧٤
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum aḥsanu aṡāṡaw wa ri'yā(n).
[74]
Manungsa iku mênawa diwacakake Kuran ayat Ingsun kang cêtha, wong kaphir banjur takon marang wong mukmin: Wong rong golongan aku lan kowe iki, bêcik êndi omahe lan palinggihane.
قُلْ مَنْ كَانَ فِى الضَّلٰلَةِ فَلْيَمْدُدْ لَهُ الرَّحْمٰنُ مَدًّا ەۚ حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ اِمَّا الْعَذَابَ وَاِمَّا السَّاعَةَ ۗفَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضْعَفُ جُنْدًا٧٥
Qul man kāna fiḍ-ḍalālati falyamdud lahur-raḥmānu maddā(n), ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna immal-‘ażāba wa immas-sā‘ata fa saya‘lamūna man huwa syarrum makānaw wa aḍ‘afu jundā(n).
[75]
(Pangandikaning Allah mangkene): Biyèn sadurunge wong kaphir iku, pira bae kèhe wong kang Ingsun tumpês kalawan siksa, tur padha sugih băndha, omahe bêcik -bêcik, dhapure lan tandange brêgas-brêgas, dinêlêng andêmênakake.
وَيَزِيْدُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اهْتَدَوْا هُدًىۗ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ مَّرَدًّا٧٦
Wa yazīdullāhul-lażīnahtadau hudā(n), wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairum maraddā(n).
[76]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong kaphir, sing sapa ana sajroning sasar, saiki ngrasakna ênggone disarantèkake dening Allah kang Mahamurah, sarta didawakake umure, supaya akèha dosane.
اَفَرَاَيْتَ الَّذِيْ كَفَرَ بِاٰيٰتِنَا وَقَالَ لَاُوْتَيَنَّ مَالًا وَّوَلَدًا ۗ٧٧
Afa ra'aital-lażī kafara bi'āyātinā wa qāla la'ūtayanna mālaw wa waladā(n).
[77]
Nganti padha andêlêng siksa kang diancamake marang para wong kaphir mau, iya iku siksa ana ing dunya, utawa dina kiyamat, wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka. Ing kono wong kaphir padha wêruh sapa kang ala panggonane lan sapa kang kancane apês.
اَطَّلَعَ الْغَيْبَ اَمِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۙ٧٨
Aṭṭala‘al-gaiba amittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[78]
Allah muwuhi pituduh bênêr marang wong kang nêtêpi tuduh, pracaya ing Allah.
كَلَّا ۗسَنَكْتُبُ مَا يَقُوْلُ وَنَمُدُّ لَهٗ مِنَ الْعَذَابِ مَدًّا ۙ٧٩
Kallā, sanaktubu mā yaqūlu wa namuddu lahū minal-‘ażābi maddā(n).
[79]
Dene kabêcikan kang pakolèhe langgêng, iku mungguh ing Allah Pangeranira, ganjarane lan wêkasane luwih dening bêcik, ngungkuli kabungahane para wong kaphir ana ing dunya iki.
وَّنَرِثُهٗ مَا يَقُوْلُ وَيَأْتِيْنَا فَرْدًا٨٠
Wa nariṡuhū mā yaqūlu wa ya'tīnā fardā(n).
[80]
Anggumunake dene wong kaphir kang sira dêlêng maido ayat Ingsun têka padha ngucap: Aku iki têtêp wong bêgja. Diparingi sugih băndha lan sugih anak.
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لِّيَكُوْنُوْا لَهُمْ عِزًّا ۙ٨١
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal liyakūnū lahum ‘izzā(n).
[81]
Wong kaphir mau apa wêruh kang gaib (kang samar-samar), utawa nyêkêl prajanjianing Allah kang Mahamurah, bakal tulus kabêgjane têka ngucap mangkono.
كَلَّا ۗسَيَكْفُرُوْنَ بِعِبَادَتِهِمْ وَيَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِمْ ضِدًّا ࣖ٨٢
Kallā, sayakfurūna bi‘ibādatihim wa yakūnūna ‘alaihim ḍiddā(n).
[82]
Mèmpêr bae ora. Pangucape si kaphir mangkono mau Ingsun tulisi, ing têmbe Ingsun ênggo mêlèhake, sarta siksaning kaluputane Ingsun wuwuhi.
اَلَمْ تَرَ اَنَّآ اَرْسَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ تَؤُزُّهُمْ اَزًّا ۙ٨٣
Alam tara annā arsalnasy-syayāṭīna ‘alal-kāfirīna ta'uzzuhum azzā(n).
[83]
Kabungahan kang diumukake si kaphir mau, sapungkure si kaphir bakal Ingsun paringake dadi warisan, marang wong kang isih urip. Si kaphir ing besuk disebakake marang Ingsun ijèn, tanpa băndha lan tanpa anak.
فَلَا تَعْجَلْ عَلَيْهِمْۗ اِنَّمَا نَعُدُّ لَهُمْ عَدًّا ۗ٨٤
Falā ta‘jal ‘alaihim, innamā na‘uddu lahum ‘addā(n).
[84]
Wong kaphir mau padha ngadêgake pangeran brahala, dudu Allah, pamrihe supaya brahala mau anjangkunga marang si kaphir, nulak sabarang pakewuh sarta nêkakake kabêgjan.
يَوْمَ نَحْشُرُ الْمُتَّقِيْنَ اِلَى الرَّحْمٰنِ وَفْدًا٨٥
Yauma naḥsyurul-muttaqīna ilar-raḥmāni wafdā(n).
[85]
Mèmpêr bae ora, yèn kêlakona mangkono ing têmbe brahala mau malah padha selak, ora rumasa disêmbah dening si kaphir, lan malah [ma....lah] dadi mungsuhe si kaphir.
وَنَسُوْقُ الْمُجْرِمِيْنَ اِلٰى جَهَنَّمَ وِرْدًا ۘ٨٦
Wa nasūqul-mujrimīna ilā jahannama wirdā(n).
[86]
Sira apa ora andêlêng yèn Ingsun ngutus para setan, anggodha lan anjalomprongake marang para wong kaphir.
لَا يَمْلِكُوْنَ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۘ٨٧
Lā yamlikūnasy-syafā‘ata illā manittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[87]
Mulane sira aja anggege nyuwunake siksa si kaphir. Ingsun tansah ngitungi rina lan wêngi, nganti têkan mangsane wong kaphir mau Ingsun patrapi siksa.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا ۗ٨٨
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladā(n).
[88]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun ngalumpukake wong kang padha wêdi ing Allah marang ngarsaning Pangeran kang Mahamurah, kalawan Ingsun tunggangake unta.
لَقَدْ جِئْتُمْ شَيْـًٔا اِدًّا ۙ٨٩
Laqad ji'tum syai'an iddā(n).
[89]
Lan nalikane Ingsun nuntun para wong kaphir marang naraka Jahanam padha mlaku dharat sarta bangêt ngêlake.
تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْهُ وَتَنْشَقُّ الْاَرْضُ وَتَخِرُّ الْجِبَالُ هَدًّا ۙ٩٠
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna minhu wa tansyaqqul-arḍu wa takhirrul-jibālu haddā(n).
[90]
Ing sadina iku ora ana wong olèh saphangat (ganêping kêkurangan) kajaba wong kang wis prajanjian lan Pangeran kang Mahamurah.
اَنْ دَعَوْا لِلرَّحْمٰنِ وَلَدًا ۚ٩١
An da‘au lir-raḥmāni waladā(n).
[91]
Wong kaphir padha ngucap: Allah kang Mahamurah iku apêputra (banjur disaruwe ing nabine: He wong kaphir, kowe têka ngucapake prakara gêdhe kang anggumunake, lan ngagèt-agèti.
وَمَا يَنْۢبَغِيْ لِلرَّحْمٰنِ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا ۗ٩٢
Wa mā yambagī lir-raḥmāni ay yattakhiża waladā(n).
[92]
Mèh bae pangucapmu iku nyigarake langit, lan ambêngkahake bumi sarta ngrubuhake [ngrubuh....ake] gunung saka dêdukaning Allah.
اِنْ كُلُّ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اِلَّآ اٰتِى الرَّحْمٰنِ عَبْدًا ۗ٩٣
In kullu man fis-samāwāti wal-arḍi illā ātir-raḥmāni ‘abdā(n).
[93]
93. Amarga wong kaphir padha ngarani Pangeran kang Mahamurah iku pêputra. Pangeran kang Mahamurah iku mokal yèn puputra.
لَقَدْ اَحْصٰىهُمْ وَعَدَّهُمْ عَدًّا ۗ٩٤
Laqad aḥṣāhum wa ‘addahum ‘addā(n).
[94]
Sarupaning wong isining bumi lan langit iki, besuk dina kiyamat ora ana kang girang-girang gumêdhe, kabèh mêsthi padha konjêm marang Pangeran kang Mahamurah. Ngaku ênggone dadi kawula. Allah nguningani cacahing manungsa kabèh, sarta waspada marang siji-sijining wong lan ala bêcike.
وَكُلُّهُمْ اٰتِيْهِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَرْدًا٩٥
Wa kulluhum ātīhi yaumal-qiyāmati fardā(n).
[95]
Besuk dina kiyamat, sarupaning wong padha seba ing ngarsaning Allah, ijèn tanpa botoh, lan balindhis tanpa băndha.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَيَجْعَلُ لَهُمُ الرَّحْمٰنُ وُدًّا٩٦
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sayaj‘alu lahumur-raḥmānu wuddā(n).
[96]
(Pagandikaning Allah): Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku ana ing dunya lan akhirat, dititah sih-sinihan lan Allah kang Mahamurah.
فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لِتُبَشِّرَ بِهِ الْمُتَّقِيْنَ وَتُنْذِرَ بِهٖ قَوْمًا لُّدًّا٩٧
Fa innamā yassarnāhu bilisānika litubasysyira bihil-muttaqīna wa tunżira bihī qaumal luddā(n).
[97]
Mulane Kuran iki Ingsun gawe gampang, basane nganggo basanira Ngarab, iku supaya sira ênggoa ambêbungah marang wong kang padha wêdi ing Allah, lan sira ênggoa mêmêdèni marang wong kaphir kang padha madoni.
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍۗ هَلْ تُحِسُّ مِنْهُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَوْ تَسْمَعُ لَهُمْ رِكْزًا ࣖ٩٨
Wa kam ahlaknā qablahum min qarn(in), hal tuḥissu minhum min aḥadin au tasma‘u lahum rikzā(n).
[98]
Biyèn sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku pira bae kèhe wong kang Ingsun tumpês kalawan siksa, marga ênggone maido para rasul. Sira apa isih weruh wujude utawa krungu suwarane kang lamat-lamat (mêsthi ora).