Surah Al-Kahf
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلٰى عَبْدِهِ الْكِتٰبَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَّهٗ عِوَجًا ۜ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī anzala ‘alā ‘abdihil-kitāba wa lam yaj‘al lahū ‘iwajā(n).
[1]
Sekèh puji pangalêmbana iku konjuk ing Allah, kang wis maringi kitab ( Kuran marang Nabi Mukhammad) kawulane. Sajroning Kuran mau ora ana têtêmbungan utawa surasa kang cêngkah.
قَيِّمًا لِّيُنْذِرَ بَأْسًا شَدِيْدًا مِّنْ لَّدُنْهُ وَيُبَشِّرَ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا حَسَنًاۙ٢
Qayyimal liyunżira ba'san syadīdam mil ladunhu wa yubasysyiral-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran ḥasanā(n).
[2]
Khukuming Kuran iku ngadil murih rahayu, kanggo mêmêdèni (sarupane wong kaphir diwêdèni) siksaning Allah kang abot lan kanggo ambêbungah marang wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik. Ing têmbe bakal padha diparingi ganjaran bêcik (iya iku suwarga). Wong mukmin mau bakal padha têtêp manggon ana ing suwarga, langgêng salawas-lawase.
مّٰكِثِيْنَ فِيْهِ اَبَدًاۙ٣
Mākiṡīna fīhi abadā(n).
[3]
Lan kanggo mêmêdèni wong kaphir kang padha duwe pangucap mangkene: Allah iku apêputra.
وَّيُنْذِرَ الَّذِيْنَ قَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًاۖ٤
Wa yunżiral-lażīna qāluttakhażallāhu waladā(n).
[4]
Wong kaphir mau dalah para luhure biyèn, ênggone padha ngucap mangkono mau, têtêp tanpa kawruh. Gêdhe têmên kaluputane wong kaphir mau ênggone kawêtu saka cangkême ngucap yèn Allah iku apêputra. Enggone padha ngucap mangkono mau, ora liya mung goroh.
مَّا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ وَّلَا لِاٰبَاۤىِٕهِمْۗ كَبُرَتْ كَلِمَةً تَخْرُجُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۗ اِنْ يَّقُوْلُوْنَ اِلَّا كَذِبًا٥
Mā lahum bihī min ‘ilmiw wa lā li'ābā'ihim, kaburat kalimatan takhruju min afwāhihim, iy yaqūlūna illā każibā(n).
[5]
(He Mukhammad) sira aja ngrusak awakira dhewe, marga sêdhih anggêtuni para wong kaphir ênggone padha ora ngandêl marang Kuran iki.
فَلَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ اِنْ لَّمْ يُؤْمِنُوْا بِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَسَفًا٦
Fa la‘allaka bākhi‘un nafsaka ‘alā āṡārihim illam yu'minū bihāżal-ḥadīṡi asafā(n).
[6]
Isèn-isèning bumi iki kabèh Ingsun ênggo parêngganing[5] bumi, kanggo nyoba lan niti pariksa para manungsa, êndi kang lakune bêcik (utawa ala).
اِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْاَرْضِ زِيْنَةً لَّهَا لِنَبْلُوَهُمْ اَيُّهُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا٧
Innā ja‘alnā mā ‘alal-arḍi zīnatal lahā linabluwahum ayyuhum aḥsanu ‘amalā(n).
[7]
Lan manèh isèn-isèning bumi mau kabèh, bakal Ingsun balèkake dadi lêmah, ora thukul pakolèhe apa- apa.
وَاِنَّا لَجٰعِلُوْنَ مَا عَلَيْهَا صَعِيْدًا جُرُزًاۗ٨
Wa innā lajā‘ilūna mā ‘alaihā ṣa‘īdan juruzā(n).
[8]
(He Mukhammad) apa sira ngira yèn lêlakone Sakibul Kahphi Warakim (Sakibul Kahphi Warakim, têgêse: wong kang manggon ing guwa, kang duwe têtêngêr ukir-ukiran, iya iku wong wolu kalêbu asune, padha ing nagara Iphisus, padha ngungsi tapa ana ing guwa marga nyingkiri ênggone dipêksa nyêmbah brahala dening ratune. Khajin) Iku ayat tăndha yêkti saka Ingsun kang anggumunake dhewe. (Iku luput, wruhanira, ayat kang mratandhani karsaning Allah iku luwih dening anggumunake, ngungkuli lêlakone Sakhibul Kahphi Warakhim).
اَمْ حَسِبْتَ اَنَّ اَصْحٰبَ الْكَهْفِ وَالرَّقِيْمِ كَانُوْا مِنْ اٰيٰتِنَا عَجَبًا٩
Am ḥasibta anna aṣḥābal-kahfi war-raqīmi kānū min āyātinā ‘ajabā(n).
[9]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Sakhibul Kahphi nalikane padha ngungsi marang guwa (nyingkiri ênggone padha dipêksa nyêmbah brahala dening ratune). Sakhibul Kahphi mau padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa rahmat dhumatêng kawula saking ngarsa Tuwan. Mênggah lêlampahan kawula punika mugi Tuwan karsakakên sae kadadosanipun, aminangkanana anggèn kawula angsal pitêdah lêrês saking Tuwan.
اِذْ اَوَى الْفِتْيَةُ اِلَى الْكَهْفِ فَقَالُوْا رَبَّنَآ اٰتِنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً وَّهَيِّئْ لَنَا مِنْ اَمْرِنَا رَشَدًا١٠
Iż awal-fityatu ilal-kahfi fa qālū rabbanā ātinā mil ladunka raḥmataw wa hayyi' lanā min amrinā rasyadā(n).
[10]
Ingsun anurokake Sakhibul [Sakhibu.....l] Kahphi ana sajroning guwa lawase nganti têlungatus sanga taun.
فَضَرَبْنَا عَلٰٓى اٰذَانِهِمْ فِى الْكَهْفِ سِنِيْنَ عَدَدًاۙ١١
Faḍarabnā ‘alā āżānihim fil-kahfi sinīna ‘adadā(n).
[11]
Sawise kêlakon têlungantus sanga taun banjur padha Ingsun tangèkake, supaya Ingsun nguninganana kalawan gumêlar, mungguh wong rong golongan kang padha pasulayan bab enggal lawase ênggone turu Sakhibul Kahphi mau ana ing guwa, êndi kang bênêr.
ثُمَّ بَعَثْنٰهُمْ لِنَعْلَمَ اَيُّ الْحِزْبَيْنِ اَحْصٰى لِمَا لَبِثُوْٓا اَمَدًا ࣖ١٢
Ṡumma ba‘aṡnāhum lina‘lama ayyul-ḥizbaini aḥṣā limā labiṡū amadā(n).
[12]
Ingsun nyaritakake lêlakone Sakhibul Kahphi marang sira Mukhammad kalawan têmên, satêmêne Sakhibul Kahphi iku wong wolu kalêbu asune, kang padha pracaya marang Allah Pangerane, lan padha Ingsun wuwuhi pituduh bênêr.
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَاَهُمْ بِالْحَقِّۗ اِنَّهُمْ فِتْيَةٌ اٰمَنُوْا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنٰهُمْ هُدًىۖ١٣
Naḥnu naquṣṣu ‘alaika naba'ahum bil-ḥaqq(i), innahum fityatun āmanū birabbihim wa zidnāhum hudā(n).
[13]
Lan Ingsun ngukuhake atine Sakhibul Kahphi ênggone padha mantêp ngrungkêbi bênêr. Nalikane padha didangu ana ngarêping ratune, ature: Pangeran kula punika Allah Pangeranipun bumi kalihan langit, kula botên nyêmbah Pangeran sintên-sintên kajawi Allah, dados kula punika ngucapakên Kaphir tur kasangêtên.
وَّرَبَطْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اِذْ قَامُوْا فَقَالُوْا رَبُّنَا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَنْ نَّدْعُوَا۟ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلٰهًا لَّقَدْ قُلْنَآ اِذًا شَطَطًا١٤
Wa rabaṭnā ‘alā qulūbihim iż qāmū fa qālū rabbunā rabbus-samāwāti wal-arḍi lan nad‘uwa min dūnihī ilāhal laqad qulnā iżan syaṭaṭā(n).
[14]
Para sadhèrèk kula punika sami ngadêgakên Pangeran liyaning Allah (inggih punika brahala) [braha....la)] kenging punapa têka sami botên sagêd angwontênakên tăndha yêkti ingkang têrang. (Kawuningana) botên wontên tiyang langkung duraka tinimbang tiyang wicantên dora damêl-damêl, mastani Allah punika wontên ingkang nyamèni.
هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمُنَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةًۗ لَوْلَا يَأْتُوْنَ عَلَيْهِمْ بِسُلْطٰنٍۢ بَيِّنٍۗ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ١٥
Hā'ulā'i qaumunattakhażū min dūnihī ālihah(tan), lau lā ya'tūna ‘alaihim bisulṭānim bayyin(in), faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n).
[15]
(Barêng wis padha mundur saka ngarsane sang nata Sakhibul Kahphi banjur padha caturan siji lan sijine). Sarèhne aku lan kowe wis oncat saka wong kaphir dalah sêsêmbahane liyane Allah, prayogane: ayo padha ngungsi marang guwa bae. Ana ing kono Allah Pangeranmu mêsthi maringi rijêki marang kowe, lan paring gampang têkane samubarang kang makolèhi marang kowe.
وَاِذِ اعْتَزَلْتُمُوْهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ فَأْوٗٓا اِلَى الْكَهْفِ يَنْشُرْ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَيُهَيِّئْ لَكُمْ مِّنْ اَمْرِكُمْ مِّرْفَقًا١٦
Wa iżi‘tazaltumūhum wa mā ya‘budūna illallāha fa'wū ilal-kahfi yansyur lakum rabbukum mir raḥmatihī wa yuhayyi' lakum min amrikum mirfaqā(n).
[16]
(He Mukhammad) upama sira wêruh ing guwa kono, mêsthi sira andêlêng srêngenge nalikane mêtu saka wetan, serote[6] saka ing têngên, nyingkiri guwa mau, lan nalikane surup, sorote saka kiwa iya nyingkiri guwa mau. Dene Sakhibul Kahphi mau padha manggon ana têngahing guwa. Mungguh lêlakone Sakhibul Kahphi mau dadi tăndha yêkti saka Allah, sing sapa dipasthi dening Allah olèh pituduh bênêr, iya mêsthi olèh pituduh bênêr. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar, mêsthi ora ana kang bisa nulungi nuduhake dalan kang bênêr.
۞ وَتَرَى الشَّمْسَ اِذَا طَلَعَتْ تَّزٰوَرُ عَنْ كَهْفِهِمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَاِذَا غَرَبَتْ تَّقْرِضُهُمْ ذَاتَ الشِّمَالِ وَهُمْ فِيْ فَجْوَةٍ مِّنْهُۗ ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ وَلِيًّا مُّرْشِدًا ࣖ١٧
Wa tarasy-syamsa iżā ṭala‘at tazāwaru ‘an kahfihim żātal-yamīni wa iżā garabat taqriḍuhum żātasy-syimāli wa hum fī fajwatim minh(u), żālika min āyātillāh(i), may yahdillāhu fa huwal-muhtadi wa may yuḍlil falan tajida lahū waliyyam mursyidā(n).
[17]
Sira ngira yèn Sakhibul Kahphi mau padha mêlèk (marga matane padha malêlêng), nanging satêmêne iku padha turu, lan manèh (ing dalêm sataun sapisan) Sakhibul Kahphi mau padha Ingsun galebagake, alihan ngiwa lan nêngên. Dene asune ngêgarake tangane ana ngèmpèring guwa. Upama sira wêruh rupane Sakhibul Kahphi, mêsthi sira giris lumayu wêdi.
وَتَحْسَبُهُمْ اَيْقَاظًا وَّهُمْ رُقُوْدٌ ۖوَّنُقَلِّبُهُمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَذَاتَ الشِّمَالِ ۖوَكَلْبُهُمْ بَاسِطٌ ذِرَاعَيْهِ بِالْوَصِيْدِۗ لَوِ اطَّلَعْتَ عَلَيْهِمْ لَوَلَّيْتَ مِنْهُمْ فِرَارًا وَّلَمُلِئْتَ مِنْهُمْ رُعْبًا١٨
Wa taḥsabuhum aiqāẓaw wa hum ruqūd(un), wa nuqallibuhum żātal-yamīni wa żātasy-syimāl(i), wa kalbuhum bāsiṭun żirā‘aihi bil-waṣīd(i), lawiṭṭala‘ta ‘alaihim lawallaita minhum firāraw wa lamuli'ta minhum ru‘bā(n).
[18]
Mangkono manèh Sakhibul Kahphi mau sawise Ingsun turokake, banjur Ingsun tangèkake, supaya padha takon-tinakon, mulane barêng wis padha tangi, banjur ana siji kang takon marang kancane: Enggonmu ana ing guwa kene kira-kira wis pira suwene. Kang ditakoni mangsuli: Kira-kira wis sadina utawa kurang. Wusana kabèh muphakat, pangucape: Allah Pangeranmu kang mêsthi luwih dening têrang, nguningani sapira lawase ênggomu ana ing guwa kene. Saiki aja barang-barang dirêmbug, prayogane kongkonana kancamu siji mênyang [mê.....nyang] ing nagara Iphisus, dhêdhêmitan, nyalamur, aja nganti konangan ing wong siji, anggawa sangumu dhuwit salaka, tuku panganan kang enak.
وَكَذٰلِكَ بَعَثْنٰهُمْ لِيَتَسَاۤءَلُوْا بَيْنَهُمْۗ قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ كَمْ لَبِثْتُمْۗ قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالُوْا رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثْتُمْۗ فَابْعَثُوْٓا اَحَدَكُمْ بِوَرِقِكُمْ هٰذِهٖٓ اِلَى الْمَدِيْنَةِ فَلْيَنْظُرْ اَيُّهَآ اَزْكٰى طَعَامًا فَلْيَأْتِكُمْ بِرِزْقٍ مِّنْهُ وَلْيَتَلَطَّفْ وَلَا يُشْعِرَنَّ بِكُمْ اَحَدًا١٩
Wa każālika ba‘aṡnāhum liyatasā'alū bainahum, qāla qā'ilum minhum kam labiṡtum, qālū labiṡnā yauman au ba‘ḍa yaum(in), qālū rabbukum a‘lamu bimā labiṡtum, fab‘aṡū aḥadakum biwariqikum hāżihī ilal-madīnati falyanẓur ayyuhā azkā ṭa‘āman falya'tikum birizqim minhu walyatalaṭṭaf wa lā yusy‘iranna bikum aḥadā(n).
[19]
Wong ing Iphisus manawa wêruh ing kowe, mêsthi banjur padha matèni marang kowe, utawa kowe dipêksa nunggal agamane kaphir, yèn kêlakon mangkono, dadi bakal wurung ênggonmu padha anggayuh kabêgjan ing akhirat, tulus cilaka salawas-lawase.
اِنَّهُمْ اِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ يَرْجُمُوْكُمْ اَوْ يُعِيْدُوْكُمْ فِيْ مِلَّتِهِمْ وَلَنْ تُفْلِحُوْٓا اِذًا اَبَدًا٢٠
Innahum iy yaẓharū ‘alaikum yarjumūkum au yu‘īdūkum fī millatihim wa lan tufliḥū iżan abadā(n).
[20]
Mangkono manèh Sakhibul Kahphi mau Ingsun katokake marang wong akèh ing Iphisus, supaya wong kang padha durung pracaya bakal tangine wong mati ing dina kiyamat, padha sumurupa yèn tangine wong mati ing dina kiyamat, kang wis didhawuhake dening Allah iku ing têmbe bakal nyata kalêksanan, apadene dina kiyamat iku ora sumêlang bakal kêlakone. Dhèk samana wong Iphisus lagi rame padha sulayan prakara bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kaanane Sakhibul Kahphi, barêng ora bisa rampung dening panêmuning wong, wong akèh banjur padha ngucap: Cêkake kang weruh sajatine Sakhibul Kahphi iku mung Pangerane dhewe. Pangucape wong kaphir: Karêpku Sakhibul Kahphi iku tak cungkup wae supaya karêksa. Ing măngsa iku kang mênang para wong mukmin, ratune uga mukmin. Panêmune kang wis golong, didhawuhake dening sang nata mangkene: Saiki ngarêpaning guwa iku takdegi masjid, kanggo sêmbayang wong akèh, supaya padha olèha barkahe Sakhibul Kahphi.
وَكَذٰلِكَ اَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوْٓا اَنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيْهَاۚ اِذْ يَتَنَازَعُوْنَ بَيْنَهُمْ اَمْرَهُمْ فَقَالُوا ابْنُوْا عَلَيْهِمْ بُنْيَانًاۗ رَبُّهُمْ اَعْلَمُ بِهِمْۗ قَالَ الَّذِيْنَ غَلَبُوْا عَلٰٓى اَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِمْ مَّسْجِدًا٢١
Wa każālika a‘ṡarnā ‘alaihim liya‘lamū anna wa‘dallāhi ḥaqquw wa annas-sā‘ata lā raiba fīhā, iż yatanāza‘ūna bainahum amrahum fa qālubnū ‘alaihim bun-yānā(n), rabbuhum a‘lamu bihim, qālal-lażīna galabū ‘alā amrihim lanattakhiżanna ‘alaihim masjidā(n).
[21]
Sawênèhe wong Nasara ing jamane Nabi Mukhammad ngucap: Sakhibul Kahphi iku wong têlu, papat kalêbu asune, lan sawênèhe manèh ana kang ngucap, Sakhibul Kahphi iku wong lima, nênêm kalêbu asune. Pangucape wau tanpa wêwaton, mung saka kira-kira bae, dene wong Islam padha ngucap: Sakhibul Kahphi iku wong pitu, wolu kalêbu asune. (Iki jênênge Sakhibul Kahphi 1. Muksalmina, 2. Tamlikha, 3. Martunus, 4. Nainunus, 5. Saritunus, 6. Dzunawanus, 7. Phaliyastatiyunus, 8. asune aran Kitmir. Sawi). (He Mukhammad), sira dhawuha: Allah Pangeranku mêsthi wuninga têrang mungguh cacah lan kaanane Sakhibul Kahphi, manungsa kang wêruh mung sathithik.
سَيَقُوْلُوْنَ ثَلٰثَةٌ رَّابِعُهُمْ كَلْبُهُمْۚ وَيَقُوْلُوْنَ خَمْسَةٌ سَادِسُهُمْ كَلْبُهُمْ رَجْمًاۢ بِالْغَيْبِۚ وَيَقُوْلُوْنَ سَبْعَةٌ وَّثَامِنُهُمْ كَلْبُهُمْ ۗقُلْ رَّبِّيْٓ اَعْلَمُ بِعِدَّتِهِمْ مَّا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا قَلِيْلٌ ەۗ فَلَا تُمَارِ فِيْهِمْ اِلَّا مِرَاۤءً ظَاهِرًا ۖوَّلَا تَسْتَفْتِ فِيْهِمْ مِّنْهُمْ اَحَدًا ࣖ٢٢
Sayaqūlūna ṡalāṡatur rābi‘uhum kalbuhum, wa yaqūlūna khamsatun sādisuhum kalbuhum rajmam bil-gaib(i), wa yaqūlūna sab‘atuw wa ṡāminuhum kalbuhum, qur rabbī a‘lamu bi‘iddatihim mā ya‘lamuhum illā qalīl(un), falā tumāri fīhim illā mirā'an ẓāhirā(n), wa lā tastafti fīhim minhum aḥadā(n).
[22]
Mulane sira aja madoni wong kaphir kang padha duwe cêcêkêlan kitab, prakara Sakhibul Kahphi, kajaba padu kang nganggo waton nyata, iya iku wuwuhing Allah. Lan aja têtakon marang sawijining wong kaphir kang duwe cêcêkêlan kitab.
وَلَا تَقُوْلَنَّ لِشَا۟يْءٍ اِنِّيْ فَاعِلٌ ذٰلِكَ غَدًاۙ٢٣
Wa lā taqūlanna lisyai'in innī fā‘ilun żālika gadā(n).
[23]
Lan manèh sira aja (wani-wani mamasthèkake, kayata) calathu: Sesuk aku nglakoni mangkene. Kajaba nganggo sumendhe mênawa kaparêng karsaning Allah, dene mênawa sira kêlalèn, ora nyèndhèkake marang karsaning Allah, samăngsa kèlingan, banjur nyêbuta asmaning Allah Pangeranira, lan nyèndhèkna prakara mau marang karsaning Allah, lan sira ngucapa mangkene: Allah Pangeranku muga nuduhna barang seje marang aku, minăngka lirune barang kang tak lalèni iki, malah kang luwih cêdhak marang pituduh bênêr, ngungkuli ênggonku eling marang barang kang tak lalèni iki.
اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۖوَاذْكُرْ رَّبَّكَ اِذَا نَسِيْتَ وَقُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّهْدِيَنِ رَبِّيْ لِاَقْرَبَ مِنْ هٰذَا رَشَدًا٢٤
Illā ay yasyā'allāh(u), ważkur rabbaka iżā nasīta wa qul ‘asā ay yahdiyani rabbī li'aqraba min hāżā rasyadā(n).
[24]
Dhèk samana Sakhibul Kahphi ênggone turu ana ing guwa lawase wis têlungatus taun srêngenge utawa têlungatus sanga taun rêmbulan.
وَلَبِثُوْا فِيْ كَهْفِهِمْ ثَلٰثَ مِائَةٍ سِنِيْنَ وَازْدَادُوْا تِسْعًا٢٥
Wa labiṡū fī kahfihim ṡalāṡa mi'atin sinīna wazdādū tis‘ā(n).
[25]
Sira dhawuha: Allah iku luwih dening têrang ênggone nguningani sapira lawase Sakhibul Kahphi ênggone padha turu ana ing guwa. [gu...wa.] Kaananing bumi lan langit saisine kabèh kang samar-samar, iku kabèh kagunganing Allah, Allah iku iba sampurnane mirsani samubarang kang maujud, utawa ênggone mirêngake samubarang kang kapirêng. Para kawulaning Allah kang padha manggon ing bumi lan ing langit, ora duwe andêl-andêl kang bisa têtulung, kajaba mung Allah, lan ora ana kang madhani Allah ênggone wuninga marang barang kang samar-samar.
قُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثُوْا ۚ لَهٗ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَبْصِرْ بِهٖ وَاَسْمِعْۗ مَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّۗ وَلَا يُشْرِكُ فِيْ حُكْمِهٖٓ اَحَدًا٢٦
Qulillāhu a‘lamu bimā labiṡū, lahū gaibus-samāwāti wal-arḍ(i), abṣir bihī wa asmi‘, mā lahum min dūnihī miw waliyy(in), wa lā yusyriku fī ḥukmihī aḥadā(n).
[26]
Sira macaa Kuran kitabing Allah Pangeranira, kang wis didhawuhake marang sira (sarta ngèstokna surasane). Ora ana kang bisa ngowahi têtêmbunganing Kuran. Wruhanira, sira ora bisa olèh pangungsèn marang liyane Allah.
وَاتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ كِتَابِ رَبِّكَۗ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖۗ وَلَنْ تَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا٢٧
Watlu mā ūḥiya ilaika min kitābi rabbik(a), lā mubaddila likalimātih(ī), wa lan tajida min dūnihī multaḥadā(n).
[27]
(He Mukhammad) disabar atinira, kanthi wong miskin kang padha nyênyuwun ing Pangerane, ing wayah esuk lan sore, karêpe muhung nglakoni parentahing Allah, apadene matanira aja sêpêt andêlêng marang wong miskin mau, mrêlokake golèk kabungahan ing dunya, lan sira aja manut marang wong kang atine [a....tine] Ingsun lalèkake, ora eling marang Ingsun, mung anguja pêpenginane. Wruhanira wong mangkono mau, sabarang kabêcikane ilang kabèh, tanpa guna.
وَاصْبِرْ نَفْسَكَ مَعَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗ وَلَا تَعْدُ عَيْنٰكَ عَنْهُمْۚ تُرِيْدُ زِيْنَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَلَا تُطِعْ مَنْ اَغْفَلْنَا قَلْبَهٗ عَنْ ذِكْرِنَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ وَكَانَ اَمْرُهٗ فُرُطًا٢٨
Waṣbir nafsaka ma‘al-lażīna yad‘ūna rabbahum bil-gadāti wal-‘asyiyyi yurīdūna wajhahū wa lā ta‘du ‘aināka ‘anhum, turīdu zīnatal-ḥayātid-dun-yā, wa lā tuṭi‘ man agfalnā qalbahū ‘an żikrinā wattaba‘a hawāhu wa kāna amruhū furuṭā(n).
[28]
(He Mukhammad) sira dhawuha, Kuran kang nyata bênêr iku têrang saka Allah Pangeranira, mulane saiki, sing sapa kapengin slamêt padha pracayaa, dene sing sapa nekad karusakan iya maidoa. Ingsun ngancam siksa naraka marang wong kang padha duraka kaphir. Urubing naraka mau ngêpung marang si kaphir, mênawa sêsambat ngêlak bangêt, banjur diombèni jer-jeran timah, kang mênawa dianggo raup, mlonyohake rai, ala têmên ombèn-ombèn kang mangkono iku, naraka iku ala-alaning panggonan.
وَقُلِ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْۗ فَمَنْ شَاۤءَ فَلْيُؤْمِنْ وَّمَنْ شَاۤءَ فَلْيَكْفُرْۚ اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ نَارًاۙ اَحَاطَ بِهِمْ سُرَادِقُهَاۗ وَاِنْ يَّسْتَغِيْثُوْا يُغَاثُوْا بِمَاۤءٍ كَالْمُهْلِ يَشْوِى الْوُجُوْهَۗ بِئْسَ الشَّرَابُۗ وَسَاۤءَتْ مُرْتَفَقًا٢٩
Wa qulil-ḥaqqu mir rabbikum, faman syā'a falyu'miw wa man syā'a falyakfur, innā a‘tadnā liẓ-ẓālimīna nārā(n), aḥāṭa bihim surādiquhā, wa iy yastagīṡū yugāṡū bimā'in kal-muhli yasywil-wujūh(a), bi'sasy-syarāb(u), wa sā'at murtafaqā(n).
[29]
Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik (iku ing têmbe mêsthi Ingsun ganjar), satêmêne Ingsun ora nguwukake ganjarane wong kang nglakoni panggawe bêcik.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ مَنْ اَحْسَنَ عَمَلًاۚ٣٠
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti innā lā nuḍī‘u ajra man aḥsana ‘amalā(n).
[30]
Wong mau padha duwe suwarga Ngadan, kang ana [a....na] bangawane mili ana ing ngisore. Ana ing suwarga padha diênggoni gêlang êmas (lan gêlang salaka, apadene gêlang mutyara), padha dikulambèni sutra ijo, kandêl utawa tipis, sarta padha linggih sèndhèn ana ing kanthil. Ganjaran kang endah dhewe iku iya suwarga. Bêcik têmên palinggihan ing suwarga iku.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّيَلْبَسُوْنَ ثِيَابًا خُضْرًا مِّنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۗ نِعْمَ الثَّوَابُۗ وَحَسُنَتْ مُرْتَفَقًا ࣖ٣١
Ulā'ika lahum jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihimul-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa yalbasūna ṡiyāban khuḍram min sundusiw wa istabraqim muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), ni‘maṡ-ṡawāb(u), wa ḥasunat murtafaqā(n).
[31]
Wong Islam kaphir iku sira gêlara upama mangkene: Ana wong lanang loro (aran si Islam lan si kaphir), si kaphir duwe palêmahan rong panggonan, padha isi uwit anggur. Turut pinggiring palêmahan loro mau ana uwite kurma ambanjêng, saantarane palêmahan loro mau sawah kang kêtanduran. Palêmahan loro mau mêtu asile wowohan lan liya-liyane, ora tau pusa utawa kurang saka pamêtune ing sabên-sabêne.
۞ وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا رَّجُلَيْنِ جَعَلْنَا لِاَحَدِهِمَا جَنَّتَيْنِ مِنْ اَعْنَابٍ وَّحَفَفْنٰهُمَا بِنَخْلٍ وَّجَعَلْنَا بَيْنَهُمَا زَرْعًاۗ٣٢
Waḍrib lahum maṡalar rajulaini ja‘alnā li'aḥadihimā jannataini min a‘nābiw wa ḥafafnāhumā binakhliw wa ja‘alnā bainahumā zar‘ā(n).
[32]
Lan Ingsun dokoki kali mili ana antarane palêmahan loro mau. Si kaphir mau sugih băndha, acalathu marang si Islam kalawan umbag, ngendahake bandhane: Aku iki sugih băndha tur mulya ngungkuli kowe.
كِلْتَا الْجَنَّتَيْنِ اٰتَتْ اُكُلَهَا وَلَمْ تَظْلِمْ مِّنْهُ شَيْـًٔاۙ وَّفَجَّرْنَا خِلٰلَهُمَا نَهَرًاۙ٣٣
Kiltal-jannataini ātat ukulahā wa lam taẓlim minhu syai'ā(n), wa fajjarnā khilālahumā naharā(n).
[33]
Enggone ngucap mangkono mau karo nganthi si Islam dijak malêbu mubêng ana ing palêmahane. Si kaphir mau nganiaya awake dhewe marga ênggone kaphir, pangucape: Aku ora duwe kira yèn bandhaku iki bakal sirna (kiraku langgêng salawas-lawase).
وَّكَانَ لَهٗ ثَمَرٌۚ فَقَالَ لِصَاحِبِهٖ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَنَا۠ اَكْثَرُ مِنْكَ مَالًا وَّاَعَزُّ نَفَرًا٣٤
Wa kāna lahū ṡamar(un), fa qāla liṣāḥibihī wa huwa yuḥāwiruhū ana akṡaru minka mālaw wa a‘azzu nafarā(n).
[34]
Lan aku ora duwe kira yèn dina kiyamat iku bakal kêlakon têmênan. Saupama kêlakon, aku banjur ditimbali marang ngarsaning Pangeranku, kaya kandhamu, amêsthi aku diparingi kabêgjan kang luwih bêcik, ngungkuli kabêgjanku saiki, sugih băndha.
وَدَخَلَ جَنَّتَهٗ وَهُوَ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖۚ قَالَ مَآ اَظُنُّ اَنْ تَبِيْدَ هٰذِهٖٓ اَبَدًاۙ٣٥
Wa dakhala jannatahū wa huwa ẓālimul linafsih(ī), qāla mā aẓunnu an tabīda hāżihī abadā(n).
[35]
Si Islam mangsuli, pangucape: Ya gene kowe têka kaphir, maido marang Pangeran kang wis gawe aslining awakmu saka ing lêmah, sabanjure gawe awakmu saka ing mani, nuli nyampurnakake awakmu rupa wong lanang.
وَّمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةً وَّلَىِٕنْ رُّدِدْتُّ اِلٰى رَبِّيْ لَاَجِدَنَّ خَيْرًا مِّنْهَا مُنْقَلَبًا٣٦
Wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imataw wa la'ir rudittu ilā rabbī la'ajidanna khairam minhā munqalabā(n).
[36]
Nanging yèn aku, Allah iku Pangeranku, lan aku ora ngêdêgake barang-barang milu tak anggêp Pangeran.
قَالَ لَهٗ صَاحِبُهٗ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَكَفَرْتَ بِالَّذِيْ خَلَقَكَ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ سَوّٰىكَ رَجُلًاۗ٣٧
Qāla lahū ṣāḥibuhū wa huwa yuḥāwiruhū akafarta bil-lażī khalaqaka min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma sawwāka rajulā(n).
[37]
Ya gene nalikane kowe marang [ma....rang] palêmahanmu, lan wêruh yèn aku iki kalah sugih băndha lan kalah sugih anak tinimbang lan kowe, kowe têka ora ngucap mangkene: Kabêgjanku kang samene iki atas saka karsaning Allah, ora ana kêkuwatan kajaba kalawan pitulunging Allah.
لٰكِنَّا۠ هُوَ اللّٰهُ رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٣٨
Lākinna huwallāhu rabbī wa lā usyriku birabbī aḥadā(n).
[38]
Iya muga-muga Allah Pangeranku paringa kabêgjan kang luwih bêcik marang aku, ngungkuli palêmahanmu iku, sarta nuruna wêwêlak saka ing langit marang palêmahanmu, nganti dadi bumi mati ora thukul apa-apa.
وَلَوْلَآ اِذْ دَخَلْتَ جَنَّتَكَ قُلْتَ مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۙ لَا قُوَّةَ اِلَّا بِاللّٰهِ ۚاِنْ تَرَنِ اَنَا۠ اَقَلَّ مِنْكَ مَالًا وَّوَلَدًاۚ٣٩
Wa lau lā iż dakhalta jannataka qulta mā syā'allāh(u), lā quwwata illā billāh(i), in tarani ana aqalla minka mālaw wa waladā(n).
[39]
Utawa banyune kang mili iku banjur asat. Upama kogolèki ora bisa katêmu.
فَعَسٰى رَبِّيْٓ اَنْ يُّؤْتِيَنِ خَيْرًا مِّنْ جَنَّتِكَ وَيُرْسِلَ عَلَيْهَا حُسْبَانًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَتُصْبِحَ صَعِيْدًا زَلَقًاۙ٤٠
Fa ‘asā rabbī ay yu'tiyani khairam min jannatika wa yursila ‘alaihā ḥusbānam minas-samā'i fa tuṣbiḥa ṣa‘īdan zalaqā(n).
[40]
Wowohane sirna kabèh, wong kang duwe palêmahan kagèt sarta gêtun, èpèk-èpèke loro pisan diwalik, tăndha kaduwung ênggone wis kangelan sarta kelangan mulasara palêmahane, anggure kang ambiyêt ana ing anjang-anjang, ambruk dalah anjang-anjange. Pangucape kang duwe: Bok iya biyèn-biyèn aku ora maro tingal, mangeran marang liyane Allah Pangeranku (kaya-kaya ora mangkene).
اَوْ يُصْبِحَ مَاۤؤُهَا غَوْرًا فَلَنْ تَسْتَطِيْعَ لَهٗ طَلَبًا٤١
Au yuṣbiḥa mā'uhā gauran falan tastaṭī‘a lahū ṭalabā(n).
[41]
Ing kono wis kasèp, ora ana golongan kang bisa nulungi marang si duraka mau liyane Allah piyambak, dadi si duraka mau tulus ora kêtulungan.
وَاُحِيْطَ بِثَمَرِهٖ فَاَصْبَحَ يُقَلِّبُ كَفَّيْهِ عَلٰى مَآ اَنْفَقَ فِيْهَا وَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَا وَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُشْرِكْ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٤٢
Wa uḥīṭa biṡamarihī fa aṣbaḥa yuqallibu kaffaihi ‘alā mā anfaqa fīhā wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā wa yaqūlu yā laitanī lam usyrik birabbī aḥadā(n).
[42]
Ing dina kiyamat, pangawasa ngalumpuk ana ngastaning Allah kang nyata kawasa. Allah iku ganjarane bêcik dhewe lan siksane abot dhewe.
وَلَمْ تَكُنْ لَّهٗ فِئَةٌ يَّنْصُرُوْنَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَمَا كَانَ مُنْتَصِرًاۗ٤٣
Wa lam takul lahū fi'atuy yanṣurūnahū min dūnillāhi wa mā kāna muntaṣirā(n).
[43]
(He Mukhammad) sira anggêlara upama marang para umatira, mungguh kabungahan ing dunya iku kaya upamane banyu udan kang Ingsun turunake saka ing langit, banjur disêsêp awor lan thêthukulan ing bumi, ora suwe thêthukulan mau garing lan mrèthèli, banjur sirna kabuncang ing angin. Dene Allah iku kawasa samubarang.
هُنَالِكَ الْوَلَايَةُ لِلّٰهِ الْحَقِّۗ هُوَ خَيْرٌ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ عُقْبًا ࣖ٤٤
Hunālikal-walāyatu lillāhil-ḥaqq(i), huwa khairun ṡawābaw wa khairun ‘uqbā(n).
[44]
Băndha lan anak iku dadi rêrênggan, mung kanggo kabungahan ing dunya bae (dudu sangu ana ing akhirat). Dene panggawe bêcik, kang wohe ora bisa sirna, iku ganjarane ana ngarsane Allah Pangeranira luwih dening bêcik, iya iku bêcik-bêcike barang-barang kang diarêp-arêp dening manungsa.
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ فَاَصْبَحَ هَشِيْمًا تَذْرُوْهُ الرِّيٰحُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقْتَدِرًا٤٥
Waḍrib lahum maṡalal-ḥayātid-dun-yā kamā'in anzalnāhu minas-samā'i fakhtalaṭa bihī nabātul-arḍi fa aṣbaḥa hasyīman tażrūhur-riyāḥ(u), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqtadirā(n).
[45]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nyirnakake sakèhing gunung, sira andêlêng bumi iku ngênthak-ênthak (warata tanpa wit-witan tanpa gunung), sarupaning wong padha Ingsun kalumpukake marang pasamuwaning pangadilan. Ora ana wong siji kang kêliwatan.
اَلْمَالُ وَالْبَنُوْنَ زِيْنَةُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ اَمَلًا٤٦
Al-mālu wal-banūna zīnatul-ḥayātid-dun-yā, wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairun amalā(n).
[46]
Wong mau banjur padha dijèjèr marik-marik, padha disowanake dhewe-dhewe ana ngarsaning Allah Pangeranira (lan padha dipancas prakarane, pangandikaning Allah: He manungsa), saiki sira padha Ingsun balèkake kaya nalika Ingsun dadèkake manungsa sakawit biyèn. Ewadene sira wong kaphir padha duwe cipta ora bakal kalêksanan dhawuh Ingsun adêge dina kiyamat.
وَيَوْمَ نُسَيِّرُ الْجِبَالَ وَتَرَى الْاَرْضَ بَارِزَةًۙ وَّحَشَرْنٰهُمْ فَلَمْ نُغَادِرْ مِنْهُمْ اَحَدًاۚ٤٧
Wa yauma nusayyirul-jibāla wa taral-arḍa bārizah(tan), wa ḥasyarnāhum falam nugādir minhum aḥadā(n).
[47]
Siji-sijining wong padha diadhêpi tulisan cathêtaning lakune dhewe-dhewe (ana kang disandhingake ana kiwane utawa têngêne), ing kono sira andêlêng para wong kaphir nalikane weruh tulisane, padha wêdi, pangucape: Adhuh cilaka têmên aku, ya gene tulisan iki têka ora ana dosaku kang kêliwatan, dosa gêdhe utawa cilik [ci...lik] padha dijalèntrèhake kabèh gênêp. Samubarang kang dilakoni dening wong kaphir mau padha tinulis kabèh, sumandhing ana ing kono, Pangeranira ora pisan nganiaya marang sawijining wong.
وَعُرِضُوْا عَلٰى رَبِّكَ صَفًّاۗ لَقَدْ جِئْتُمُوْنَا كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۢ ۖبَلْ زَعَمْتُمْ اَلَّنْ نَّجْعَلَ لَكُمْ مَّوْعِدًا٤٨
Wa ‘uriḍū ‘alā rabbika ṣaffā(n), laqad ji'tumūnā kamā khalaqnākum awwala marratim bal za‘amtum allan naj‘ala lakum mau‘idā(n).
[48]
Lan sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat. (He para Malaikat) sira kabèh padha sujuda marang Adam. Ing kono para Malaikat banjur ngèstokake dhawuh, kabèh padha sujud marang Adam, mung Iblis mopo, mulane banjur kalêbu ewoning jin, dadi Iblis mau duraka ênggone mopo parentahing Pangerane. (He turuning Adam) Iblis mau saturune apa sira anggêp mitra utawa panutan liyane Ingsun, kang măngka Iblis saturune iku satrunira. Ala têmên pilihane wong kaphir, padha milih Islam.
وَوُضِعَ الْكِتٰبُ فَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا فِيْهِ وَيَقُوْلُوْنَ يٰوَيْلَتَنَا مَالِ هٰذَا الْكِتٰبِ لَا يُغَادِرُ صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً اِلَّآ اَحْصٰىهَاۚ وَوَجَدُوْا مَا عَمِلُوْا حَاضِرًاۗ وَلَا يَظْلِمُ رَبُّكَ اَحَدًا ࣖ٤٩
Wa wuḍi‘al-kitābu fa taral-mujrimīna musyfiqīna mimmā fīhi wa yaqūlūna yā wailatanā mā lihāżal-kitābi lā yugādiru ṣagīrataw wa lā kabīratan illā aḥṣāhā, wa wajadū mā ‘amilū ḥaḍirā(n), wa lā yaẓlimu rabbuka aḥadā(n).
[49]
Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, tanpa rêmbugan utawa anjaluk tulung marang Iblis saturune, apadene ênggon Ingsun gawe sawijining jin, iya tanpa rêmbugan utawa nyênyambat marang jin liyane. Setan juru panasar iku ora pisan Ingsun pundhuti tulung.
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ كَانَ مِنَ الْجِنِّ فَفَسَقَ عَنْ اَمْرِ رَبِّهٖۗ اَفَتَتَّخِذُوْنَهٗ وَذُرِّيَّتَهٗٓ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِيْ وَهُمْ لَكُمْ عَدُوٌّۗ بِئْسَ لِلظّٰلِمِيْنَ بَدَلًا٥٠
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), kāna minal-jinni fa fasaqa ‘an amri rabbih(ī), afa tattakhiżūnahū wa żurriyyatahū auliyā'a min dūnī wa hum lakum ‘aduww(un), bi'sa liẓ-ẓālimīna badalā(n).
[50]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah ngandika marang para wong kaphir. Mara saiki sira padha sêsambata marang brahala, kang sira anggêp dadi Pangeran dadi têtimbangan Ingsun. Para wong kaphir mau banjur padha nguwuh-uwuh marang brahalane, nanging brahala mau ora ana kang mangsuli panguwuhe si kaphir. Ing antarane wong kaphir lan brahalane mau, Ingsun lêt-lêti jurang naraka Jahanam.
۞ مَآ اَشْهَدْتُّهُمْ خَلْقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَا خَلْقَ اَنْفُسِهِمْۖ وَمَا كُنْتُ مُتَّخِذَ الْمُضِلِّيْنَ عَضُدًا٥١
Mā asyhattuhum khalqas-samāwāti wal-arḍi wa lā khalqa anfusihim, wa mā kuntu muttakhiżal-muḍillīna ‘aḍudā(n).
[51]
Wong kaphir mau padha andêlêng naraka, sarta namtokake awake bakal kacêmplung ing naraka, lan ora bisa oncat saka ing naraka.
وَيَوْمَ يَقُوْلُ نَادُوْا شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ فَدَعَوْهُمْ فَلَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهُمْ وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ مَّوْبِقًا٥٢
Wa yauma yaqūlu nādū syurakā'iyal-lażīna za‘amtum fa da‘auhum falam yastajībū lahum wa ja‘alnā bainahum maubiqā(n).
[52]
Ingsun wis nêrangake upama pirang-pirang marang manungsa, kasêbut ana ing Kuran iki, nanging manungsa kang kaphir, iku akèh bangêt padune.
وَرَاَ الْمُجْرِمُوْنَ النَّارَ فَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مُّوَاقِعُوْهَا وَلَمْ يَجِدُوْا عَنْهَا مَصْرِفًا ࣖ٥٣
Wa ra'al-mujrimūnan nāra fa ẓannū annahum muwāqi‘ūhā wa lam yajidū ‘anhā maṣrifā(n).
[53]
Manungsa kang kaphir iku mênawa katêkan pituduh bênêr (Kuran lan agama Islam) kang angalang-alangi ênggone arêp manut miturut utawa tobat, nyuwun pangapura ing Pangerane, mung ênggone ngêntèni yèn wis dituruni wêwêlak, kaya lêlakone para umat ing jaman kuna, utawa ngêntèni yèn wis dituruni siksa warna-warna.
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِلنَّاسِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ اَكْثَرَ شَيْءٍ جَدَلًا٥٤
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni lin-nāsi min kulli maṡal(in), wa kānal-insānu akṡara syai'in jadalā(n).
[54]
Dene ênggon Ingsun ngutus para Rasul iku, pêrlune ora liwat mung ambêbungah ngêbang-êbang ganjaran lan mêmêdèni ngancam-ancam siksa, apadene madoni marang para wong kaphir ênggone padha calathu ora bênêr. (Maido marang para Rasul) pamrihe kudu nyirnakake kanabian lan karasulaning para Rasul kang wis nyata bênêr, apadene padha anggêguyu ayat Ingsun lan pangancam Ingsun siksa.
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰى وَيَسْتَغْفِرُوْا رَبَّهُمْ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ قُبُلًا٥٥
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā wa yastagfirū rabbahum illā an ta'tiyahum sunnatul-awwalīna au ya'tiyahumul-‘ażābu qubulā(n).
[55]
Ora ana wong luwih duraka tinimbang lan wong kang dipituturi ayating Pangeran, sarta lali ora rumasa kaluputane kang wis dilakoni (kang mangkono mau mèmpêr bae), awit atine wong mau Ingsun dokoki tutup, supaya aja ngêrti marang pituduh bênêr, sarta kupinge padha Ingsun dunungi budhêg lan abot.
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ وَيُجَادِلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَمَآ اُنْذِرُوْا هُزُوًا٥٦
Wa mā nursilul-mursalīna illā mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa yujādilul-lażīna kafarū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa wattakhażū āyātī wa mā unżirū huzuwā(n).
[56]
(He Mukhammad) wong mêngkono mau mênawa sira jak anglakoni pituduh bênêr, ora pisan gêlêm anglakoni, mangkono salawas-lawase.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ فَاَعْرَضَ عَنْهَا وَنَسِيَ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُۗ اِنَّا جَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِنْ تَدْعُهُمْ اِلَى الْهُدٰى فَلَنْ يَّهْتَدُوْٓا اِذًا اَبَدًا٥٧
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī fa a‘raḍa ‘anhā wa nasiya mā qaddamat yadāh(u), innā ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa in tad‘uhum ilal-hudā falay yahtadū iżan abadā(n).
[57]
Allah Pangeranira iku kaparêng bangêt ngapura dosa, tur kagungan sih kawêlasan. Upama [Upa......ma] Allah karsa nêtêpake marang para wong kaphir kalawan sabênêring kaluputane kang wis padha dilakoni, amêsthi wong kaphir mau padha tinurun siksa kêncengan ana ing dunya, (nanging karsaning Allah ora mangkono, isih nindakake sih kawêlasan) wong kaphir padha disarantèkake têkan wêwangên dina kiyamat, ing kono padha ora olèh pangungsèn marang liyane Allah.
وَرَبُّكَ الْغَفُوْرُ ذُو الرَّحْمَةِۗ لَوْ يُؤَاخِذُهُمْ بِمَا كَسَبُوْا لَعَجَّلَ لَهُمُ الْعَذَابَۗ بَلْ لَّهُمْ مَّوْعِدٌ لَّنْ يَّجِدُوْا مِنْ دُوْنِهٖ مَوْىِٕلًا٥٨
Wa rabbukal-gafūru żur-raḥmah(ti), lau yu'ākhiżuhum bimā kasabū la‘ajjala lahumul-‘ażāb(a), bal lahum mau‘idul lay yajidū min dūnihī mau'ilā(n).
[58]
Wong padesan ing jaman kuna padha Ingsun rusak marga ênggone padha kaphir, dene mangsane ênggon Ingsun ngrusak mau iya nganggo wêwangên kang Ingsun tamtokake.
وَتِلْكَ الْقُرٰٓى اَهْلَكْنٰهُمْ لَمَّا ظَلَمُوْا وَجَعَلْنَا لِمَهْلِكِهِمْ مَّوْعِدًا ࣖ٥٩
Wa tilkal-qurā ahlaknāhum lammā ẓalamū wa ja‘alnā limahlikihim mau‘idā(n).
[59]
(He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa lan Nabi Khidlir. Dhèk samana Nabi Musa wêwarah santanane kang aran Nabi Yusak: Enggonku mlaku iki măngsa lèrèn-lèrèna yèn durung têkan ing têpunge sêgara loro (iya iku têpunge sagara Rum lan sagara Paris, awit dhawuhing Allah, aku bakal katêmu lan Nabi Khidlir ana ing kono), sanadyan ta taunana ênggonku mlaku, mêsthi tak lakoni.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِفَتٰىهُ لَآ اَبْرَحُ حَتّٰٓى اَبْلُغَ مَجْمَعَ الْبَحْرَيْنِ اَوْ اَمْضِيَ حُقُبًا٦٠
Wa iż qāla mūsā lifatāhu lā abraḥu ḥattā abluga majma‘al-baḥraini au amḍiya ḥuqubā(n).
[60]
60. Barêng lakune Nabi Musa lan Nabi Yusak wis têkan ing têmpuke sagara loro mau, banjur padha lali sangune iwak loh, iwak loh mau banjur urip, nglumba nyêmplung ing sagara, dene sagara kang diênggo liwat iwak mau, banyune isih dadi bolong kaya lurung, ora bisa pulih.
فَلَمَّا بَلَغَا مَجْمَعَ بَيْنِهِمَا نَسِيَا حُوْتَهُمَا فَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ سَرَبًا٦١
Falammā balagā majma‘a bainihimā nasiyā ḥūtahumā fattakhaża sabīlahū fil-baḥri sarabā(n).
[61]
Sarêng lakune wong loro mau wis kêliwat ing panggonan têmpuking sagara loro, Nabi Musa calathu marang Nabi Yusak: Mara ladèkna sanguku pêpanganan, awit ênggonku mlaku iki wis sayah lan luwe.
فَلَمَّا جَاوَزَا قَالَ لِفَتٰىهُ اٰتِنَا غَدَاۤءَنَاۖ لَقَدْ لَقِيْنَا مِنْ سَفَرِنَا هٰذَا نَصَبًا٦٢
Falammā jāwazā qāla lifatāhu ātinā gadā'anā laqad laqīnā min safarinā hāżā naṣabā(n).
[62]
Nabi Yusak mangsuli: Kawuningana, nalikanipun kawula kèndêl wontên ing sela agêng wau, ulam loh ingkang kula bêkta têka gêsang, nglumba nyêmplung ing sagantên, nanging kula kêsupèn botên matur ing sampeyan. Dene ingkang nyupèkakên punika botên liya inggih setan. Nabi Musa gumun bangêt dene ana iwak wis dipangan saparo têka bisa urip manèh.
قَالَ اَرَاَيْتَ اِذْ اَوَيْنَآ اِلَى الصَّخْرَةِ فَاِنِّيْ نَسِيْتُ الْحُوْتَۖ وَمَآ اَنْسٰىنِيْهُ اِلَّا الشَّيْطٰنُ اَنْ اَذْكُرَهٗۚ وَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ عَجَبًا٦٣
Qāla ara'aita iż awainā ilaṣ-ṣakhrati fa innī nasītul-ḥūt(a), wa mā ansānīhu illasy-syaiṭanu an ażkurah(ū), wattakhaża sabīlahū fil-baḥri ‘ajabā(n).
[63]
Nabi Musa banjur calathu: Iya iku kang tak golèki. (Awit dhawuhing Allah: Ing êndi ênggone ilang iwak mau, iya iku panggonane Nabi Khidlir). Wong loro mau banjur padha bali marang panggonane watu gêdhe. Mêtu dalan kang wis diambah mau.
قَالَ ذٰلِكَ مَا كُنَّا نَبْغِۖ فَارْتَدَّا عَلٰٓى اٰثَارِهِمَا قَصَصًاۙ٦٤
Qāla żālika mā kunnā nabg(i), fartaddā ‘alā āṡārihimā qaṣaṣā(n).
[64]
Satêkane ing panggonan watu gêdhe, Nabi Musa lan Nabi Yusak katêmu lan sawênèhing kawulaningsun (iya iku Nabi Khidlir) kang Ingsun paringi rahmat Ingsun sarta Ingsun paringi ngilmu laduni (Têgêse kawruh saka Ingsun pribadi). (Ing kene Nabi Yusak banjur dikon mulih. Badaiwuzuhur).
فَوَجَدَا عَبْدًا مِّنْ عِبَادِنَآ اٰتَيْنٰهُ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَعَلَّمْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّا عِلْمًا٦٥
Fa wajadā ‘abdam min ‘ibādinā ātaināhu raḥmatam min ‘indinā wa ‘allamnāhu mil ladunnā ‘ilmā(n).
[65]
Nabi Musa banjur matur marang Nabi Khidlir: Sowan kula ing sampeyan punika, mênawi kaparêng ing panggalih, badhe andhèrèk dhatêng ing sampeyan, sarta nyuwun mugi sampeyan wulang kawruh sampeyan ingkang lêrês, ingkang sampun kawulangakên dening Allah dhatêng sampeyan.
قَالَ لَهٗ مُوْسٰى هَلْ اَتَّبِعُكَ عَلٰٓى اَنْ تُعَلِّمَنِ مِمَّا عُلِّمْتَ رُشْدًا٦٦
Qāla lahū mūsā hal attabi‘uka ‘alā an tu‘allimani mimmā ‘ullimta rusydā(n).
[66]
Nabi Khidlir mangsuli: Sayêktosipun, sampeyan măngsa kuwawia sabar kêkancan kalihan kula.
قَالَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٦٧
Qāla innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[67]
Kadospundi anggèn sampeyan sagêd sabar ningali patrap ingkang botên lêrês tumrap sêsêrêpan sampeyan.
وَكَيْفَ تَصْبِرُ عَلٰى مَا لَمْ تُحِطْ بِهٖ خُبْرًا٦٨
Wa kaifa taṣbiru ‘alā mā lam tuḥiṭ bihī khubrā(n).
[68]
Nabi Musa mangsuli: (Inggih cobi kula lampahi andhèrèk sampeyan) mênawi kêparêng kalayan karsaning Allah, sampeyan [sampeya.....n] badhe sumêrêp yèn kula punika sabar, botên nyulayani punapa-punapa dhatêng sampeyan.
قَالَ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ صَابِرًا وَّلَآ اَعْصِيْ لَكَ اَمْرًا٦٩
Qāla satajidunī in syā'allāhu ṣābiraw wa lā a‘ṣī laka amrā(n).
[69]
Nabi Khidlir calathu: Mênawi sampeyan badhe tumut kula, kula janji, sampeyan sampun sok takèn utawi maoni dhatêng kula sadhengah barang ingkang botên sampeyan condhongi, ngêntosana anggèn kula suka katêrangan dhatêng sampeyan (Nabi Musa banjur sanggêm).
قَالَ فَاِنِ اتَّبَعْتَنِيْ فَلَا تَسْـَٔلْنِيْ عَنْ شَيْءٍ حَتّٰٓى اُحْدِثَ لَكَ مِنْهُ ذِكْرًا ࣖ٧٠
Qāla fa inittaba‘tanī falā tas'alnī ‘an syai'in ḥattā uḥdiṡa laka minhu żikrā(n).
[70]
Wong loro Nabi Khidzir lan Nabi Musa banjur padha mlaku, lan banjur padha nunggang prau. Barêng têkan têlênging sagara, Nabi Khidlir madung blabaging prau (nganti botol, nanging banyu sagara ora gêlêm malêbu ing prau marga dipênging dening Nabi Khidlir). Nabi Musa gugup takon marang Nabi Khidlir. Kenging punapa sampeyan têka ambotol baita, botên wande tiyang saisining baita punika sadaya pêjah dening kèrêm. Sampeyan punika nglampahi pandamêl ingkang awon sangêt.
فَانْطَلَقَاۗ حَتّٰٓى اِذَا رَكِبَا فِى السَّفِيْنَةِ خَرَقَهَاۗ قَالَ اَخَرَقْتَهَا لِتُغْرِقَ اَهْلَهَاۚ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا اِمْرًا٧١
Fanṭalaqā, ḥattā iżā rakibā fis-safīnati khara ahā, qāla akharaqtahā litugriqa ahlahā, laqad ji'ta syai'an imrā(n).
[71]
Nabi Khidlir mangsuli: Kula punapa sampun botên mêthèk, sampeyan măngsa kuwawia sabar kêkancan kaliyan kula (sapunika kakarsa [ka...karsa] sampeyan).
قَالَ اَلَمْ اَقُلْ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٢
Qāla alam aqul innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[72]
Nabi Musa ngrêrêpa: Kula punika wau kêsupèn kasagahan kula, mila mugi sampun sampeyan patrapi. Kula sampun sampeyan pêksa nglampahi rêkaos anggèn kula andhèrèk sampeyan.
قَالَ لَا تُؤَاخِذْنِيْ بِمَا نَسِيْتُ وَلَا تُرْهِقْنِيْ مِنْ اَمْرِيْ عُسْرًا٧٣
Qāla lā tu'ākhiżnī bimā nasītu wa lā turhiqnī min amrī ‘usrā(n).
[73]
Barêng wis têkan ing plabuhan (wong loro mau padha mudhun saka ing prau), banjur padha lumaku dharat, dumadakan banjur padha wêruh bocah akèh padha dolan. Ing kono Nabi Khidlir banjur milih bocah lanang siji (kang bagus rupane) durung diwasa, iku dipatèni (sarana dibêlèh). Nabi Musa gugup takon marang Nabi Khidlir: Kenging punapa sampeyan têka mêjahi lare ingkang rêsik, tanpa dosa mêjahi tiyang. Sampeyan têtêp anglampahi pandamêl ingkang sakalangkung awon.
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰٓى اِذَا لَقِيَا غُلٰمًا فَقَتَلَهٗ ۙقَالَ اَقَتَلْتَ نَفْسًا زَكِيَّةً ۢبِغَيْرِ نَفْسٍۗ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا نُّكْرًا ۔٧٤
Fanṭalaqā, ḥattā iżā laqiyā gulāman fa qatalah(ū), qāla aqatalta nafsan zakiyyatam bigairi nafs(in), laqad ji'ta syai'an nukrā(n).
[74]
Nabi Khidzir mangsuli: Kula punapa botên sampun mêthèk dhatêng sampeyan, sampeyan măngsa kuwawia sabar kêkancan kalihan kula. (Sapunika kadospundi karsa sampeyan dene têka ngaping kalih maoni dhatêng kula).
۞ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٥
Qāla alam aqul laka innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[75]
Nabi Musa matur: Sasampuning punika, mênawi kula ngantos takèn utawi maoni malih dhatêng sampeyan kula narimah sampeyan pisah, awit sampun têtela anggèn sampeyan kula dhèrèkakên, wontên pakèwêdipun.
قَالَ اِنْ سَاَلْتُكَ عَنْ شَيْءٍۢ بَعْدَهَا فَلَا تُصٰحِبْنِيْۚ قَدْ بَلَغْتَ مِنْ لَّدُنِّيْ عُذْرًا٧٦
Qāla in sa'altuka ‘an syai'im ba‘dahā falā tuṣāḥibnī, qad balagta mil ladunnī ‘użrā(n).
[76]
Wong loro mau nuli ambanjurake lakune. Ing wayah surup têkan ing nagara Intakiyah (ana ing kono padha kêluwèn) banjur anjaluk suguh marang wong ing kono, nanging padha ora gêlêm nyuguh marang wong loro mau. Ing kono ana pagêr bata (dhuwure satus asta) wis dhoyong bangêt, kari rubuhe bae. Iku banjur dijêjêgake dening Nabi Khidlir (mung sarana dicuthik nganggo têkên bae). Nabi Musa matur marang Nabi Khidlir (lampah punika wau radi kêtliwêng), upami anggèn sampeyan anjêjêgakên pagêr banon wau mawi janji mundhut sêsêgah, kados-kados tiyang ing ngriki sami purun ngêdalakên sêsêgah.
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰىٓ اِذَآ اَتَيَآ اَهْلَ قَرْيَةِ ِۨاسْتَطْعَمَآ اَهْلَهَا فَاَبَوْا اَنْ يُّضَيِّفُوْهُمَا فَوَجَدَا فِيْهَا جِدَارًا يُّرِيْدُ اَنْ يَّنْقَضَّ فَاَقَامَهٗ ۗقَالَ لَوْ شِئْتَ لَتَّخَذْتَ عَلَيْهِ اَجْرًا٧٧
Fanṭalaqā, ḥattā iżā atayā ahla qaryatinistaṭ‘amā ahlahā fa abau ay yuḍayyifūhumā fa wajadā fīhā jidāray yurīdu ay yaqaḍḍa fa aqāmah(ū), qāla lau syi'ta lattakhażta ‘alaihi ajrā(n).
[77]
Nabi Khidlir mangsuli: Sapunika sampun sêdhêngipun kula pêpisahan kalihan sampeyan (awit sampun tita sampeyan botên sabar kêkancan kalihan kula), nanging sampeyan kula jarwani rumiyin katêranganipun pandamêl kula, ingkang sampeyan [sampe....yan] botên kuwawi ngampah, têmah lajêng sampeyan waoni.
قَالَ هٰذَا فِرَاقُ بَيْنِيْ وَبَيْنِكَۚ سَاُنَبِّئُكَ بِتَأْوِيْلِ مَا لَمْ تَسْتَطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًا٧٨
Qāla hāżā firāqu bainī wa bainik(a), sa'unabbi'uka bita'wīli mā lam tastaṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[78]
Baita ingkang kula botol, punika gadhahanipun tiyang miskin sadasa, sami ngupajiwa sarana baita wau wontên ing sagantên, mila kula botol supados baita wau cacad, awit ing wingking badhe wontên ratu kaphir ngrampas sawarnining baita ingkang tanpa cacad kalihan panganiaya.
اَمَّا السَّفِيْنَةُ فَكَانَتْ لِمَسٰكِيْنَ يَعْمَلُوْنَ فِى الْبَحْرِ فَاَرَدْتُّ اَنْ اَعِيْبَهَاۗ وَكَانَ وَرَاۤءَهُمْ مَّلِكٌ يَّأْخُذُ كُلَّ سَفِيْنَةٍ غَصْبًا٧٩
Ammas-safīnatu fa kānat limasākīna ya‘malūna fil-baḥri fa arattu an a‘ībahā, wa kāna warā'ahum malikuy ya'khużu kulla safīnatin gaṣbā(n).
[79]
Dene lare jalêr ingkang kula pêjahi, punika bapa biyungipun sami tiyang mukmin (sakalangkung sami asih dhatêng anakipun) lare jalêr wau mila kula pêjahi. Kula kuwatos ing têmbenipun (awit mênawi panjang umuripun pinêsthi dados tiyang kaphir, sarta) badhe ngajak-ajak bapa biyungipun dados tiyang kaphir.
وَاَمَّا الْغُلٰمُ فَكَانَ اَبَوَاهُ مُؤْمِنَيْنِ فَخَشِيْنَآ اَنْ يُّرْهِقَهُمَا طُغْيَانًا وَّكُفْرًا ۚ٨٠
Wa ammal-gulāmu fa kāna abawāhu mu'minaini fa khasyīnā ay yurhiqahumā ṭugyānaw wa kufrā(n).
[80]
Kajêng kula, ing têmbe bapa biyung wau dipun paringana lintu dening Allah Pangeranipun, gadhah anak èstri ingkang langkung prayogi, ngungkuli anakipun jalêr ingkang kula pêjahi, manut miturut dhatêng tiyang sêpuhipun (emah-emah angsal nabi, saha badhe nurunakên para nabi).
فَاَرَدْنَآ اَنْ يُّبْدِلَهُمَا رَبُّهُمَا خَيْرًا مِّنْهُ زَكٰوةً وَّاَقْرَبَ رُحْمًا٨١
Fa aradnā ay yubdilahumā rabbuhumā khairam minhu zakātaw wa aqraba ruḥmā(n).
[81]
Wondene pagêr banon dhoyong ingkang kula jêjêgakên, punika gadhahanipun lare yatim kêkalih, (Ingkang satunggal nama Asram, satunggalipun nama: Sarim) sami wontên salêbêtipun nagari Intakiyah ngriki. Sangandhaping talês pagêr banon wau wontên pêndhêman rajabrana, têtilaraning bapakipun, dene bapakipun lare kalih wau tiyang sae nama pun Kasih. Mênawi pagêr banon wau kalajêng rêbah, rajabrana lajêng dipun panggih ing tiyang ingkang măngka) karsaning Allah Pangeran sampeyan tuwuh saking wêlas-asihipun lare yatim kêkalih wau, benjing mênawi sampun sami diwasa, dipun sumêrêpakên dhatêng rajabrana pêndhêmaning bapa, salajêngipun dipun dhudhuk. Inggih punika katêranganipun pandamêl kula ingkang sampeyan botên kuwawi ngampah, salajêngipun kawêdal amaoni.
وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَهٗ كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚفَاَرَادَ رَبُّكَ اَنْ يَّبْلُغَآ اَشُدَّهُمَا وَيَسْتَخْرِجَا كَنْزَهُمَا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۚ وَمَا فَعَلْتُهٗ عَنْ اَمْرِيْۗ ذٰلِكَ تَأْوِيْلُ مَا لَمْ تَسْطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًاۗ ࣖ٨٢
Wa ammal-jidāru fa kāna ligulāmaini yatīmaini fil-madīnati wa kāna taḥtahū kanzul lahumā wa kāna abūhumā ṣāliḥā(n), fa arāda rabbuka ay yablugā asyuddahumā wa yastakhrijā kanzahumā raḥmatam mir rabbik(a), wa mā fa‘altuhū ‘an amrī, żālika ta'wīlu mā lam tasṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[82]
(He Mukhammad) wong Yahudi padha takon marang sira, bab lêlakone Raja (Iskandar) Dzulkarnèn, iku sira wangsulana: Iya, aku bakal nyaritakake lêlakone Raja Dzulkarnèn mau marang kowe.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنْ ذِى الْقَرْنَيْنِۗ قُلْ سَاَتْلُوْا عَلَيْكُمْ مِّنْهُ ذِكْرًا ۗ٨٣
Wa yas'alūnaka ‘an żil qarnain(i), qul sa'atlū ‘alaikum minhu żikrā(n).
[83]
(Pangandikaning Allah: Ingsun paring dalan marang Raja Dzulkarnèn ênggone anjajah ana ing bumi (Ingsun paring gagah prakosa, têguh wantala, prabawa, kêkêndêlan, nganti saisining [sai......sining] jagad ora ana kang ngalahake, lan ora ana kang wani nglawan. Apadene Ingsun pintêrake marang sarupaning basa. Ing kono Raja Dzulkarnèn malaku ing dalan, anjajah ing bumi mangulon.
اِنَّا مَكَّنَّا لَهٗ فِى الْاَرْضِ وَاٰتَيْنٰهُ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ سَبَبًا ۙ٨٤
Innā makkannā lahū fil-arḍi wa ātaināhu min kulli syai'in sababā(n).
[84]
Lakune Raja Dzulkarnèn barêng têkan ing panggonan suruping srêngenge, wêruh suruping srêngenge mau, katone kaya nyêmplung ing sagara êndhut irêng. Ing pinggiring sagara mau diênggoni wong akèh kang isih padha kaphir.
فَاَتْبَعَ سَبَبًا٨٥
Fa atba‘a sababā(n).
[85]
Ingsun ngandika: He Dzulkarnèn, wong kaphir iku kêna padha sira pilara lan sira patèni pisan, lan kêna uga sira gawe bêcik sarana sira Islamake.
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَغْرِبَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَغْرُبُ فِيْ عَيْنٍ حَمِئَةٍ وَّوَجَدَ عِنْدَهَا قَوْمًا ەۗ قُلْنَا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِمَّآ اَنْ تُعَذِّبَ وَاِمَّآ اَنْ تَتَّخِذَ فِيْهِمْ حُسْنًا٨٦
Ḥattā iżā balaga magribasy-syamsi wajadahā tagrubu fī ‘ainin ḥami'atiw wa wajada ‘indahā qaumā(n), qulnā yā żal-qarnaini immā an tu‘ażżiba wa immā an tattakhiża fīhim ḥusnā(n).
[86]
Raja Dzulkarnèn munjuk ing Allah: Sintên ingkang puguh ngantêpi anggènipun kaphir, tamtu kawula pisakit, utawi kawula pêjahi pisan. Sasampunipun pêjah, wontên ing akhirat dipun sowanakên, wontên ngarsanipun Pangeranipun, lajêng dipun siksa wontên ing naraka ingkang sakalangkung anggêgirisi.
قَالَ اَمَّا مَنْ ظَلَمَ فَسَوْفَ نُعَذِّبُهٗ ثُمَّ يُرَدُّ اِلٰى رَبِّهٖ فَيُعَذِّبُهٗ عَذَابًا نُّكْرًا٨٧
Qāla ammā man ẓalama fa saufa nu‘ażżibuhū ṡumma yuraddu ilā rabbihī fa yu‘ażżibuhū ‘ażāban nukrā(n).
[87]
Wondene tiyang ingkang purun pitados ing Allah, sarta nglampahi pandamêl sae, punika ing têmbe badhe angsal ganjaran suwarga, pituwas anggènipun anglampahi pandamêl sae, sarta badhe [ba....dhe] kawula tanduki têmbung aris, punapadene paprentahan kawula dhatêng tiyang wau tamtu ènthèng.
وَاَمَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهٗ جَزَاۤءً ۨالْحُسْنٰىۚ وَسَنَقُوْلُ لَهٗ مِنْ اَمْرِنَا يُسْرًا ۗ٨٨
Wa ammā man āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa lahū jazā'anil-ḥusnā, wa sanaqūlu lahū min amrinā yusrā(n).
[88]
Lakune Raja Dzulkarnèn banjur bali mangetan.
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٨٩
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[89]
Barêng têkan ing panggonan mêtuning srêngenge, pandêlênge Raja Dzulkarnèn, wêtuning srêngenge mau cêdhak lan panggonane wong (alasan) kang tanpa omah, kanggo ngeyub, nulak panasing srêngenge, (wong mau padha omah ana ing lèng).
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَطْلِعَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَطْلُعُ عَلٰى قَوْمٍ لَّمْ نَجْعَلْ لَّهُمْ مِّنْ دُوْنِهَا سِتْرًا ۙ٩٠
Ḥattā iżā balaga maṭli‘asy-syamsi wajadahā taṭlu‘u ‘alā qaumil lam naj‘al lahum min dūnihā sitrā(n).
[90]
Panganggêpe Raja Dzulkarnèn marang wong tanah wetan, padha bae wong tanah kulon mau (Pangandikaning Allah): Ingsun wis nguningani marang Raja Dzulkarnèn, sasuwene Ingsun dadèkake ratu, lakune bêcik. Ngostokake[1] parentah Ingsun.
كَذٰلِكَۗ وَقَدْ اَحَطْنَا بِمَا لَدَيْهِ خُبْرًا٩١
Każālik(a), wa qad aḥaṭnā bimā ladaihi khubrā(n).
[91]
Raja Dzulkarnèn ambanjurake lakune anjajah bumi mangalor.
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٩٢
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[92]
Nganti têkan ing lowahing gunung tanah lor, sangarêping lowahan mau diênggoni ing wong akèh kang anèh têtêmbungane, sarta bêbêl pangêrtine, mèh ora ngêrti cêcaturaning wong.
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ بَيْنَ السَّدَّيْنِ وَجَدَ مِنْ دُوْنِهِمَا قَوْمًاۙ لَّا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ قَوْلًا٩٣
Ḥattā iżā balaga bainas-saddaini wajada min dūnihimā qaumal lā yakādūna yafqahūna qaulā(n).
[93]
Wong mau padha matur: Dhuh Sang Raja Dzulkarnèn, sajawining rêdi punika wontên titahing Pangeran, nama Yajuja wa Makjuja (sakalangkung dening kathah sarta anggêgirisi), mênawi malêbêt ing ngriki, lajêng sami damêl risak wontên ing bumi (măngsa tiyang, utawi samukawis ingkang wontên, têlas dipun têdha), ingkang punika sang prabu punapa kaparêng angyasakakên bètèng supados Yajuja wa Makjuja wau botên malêbêt ing ngriki (mênawi kêlampahan makatên, kula inggih sagah nyaosi bêbingah arta dhatêng sang prabu.
قَالُوْا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِنَّ يَأْجُوْجَ وَمَأْجُوْجَ مُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ فَهَلْ نَجْعَلُ لَكَ خَرْجًا عَلٰٓى اَنْ تَجْعَلَ بَيْنَنَا وَبَيْنَهُمْ سَدًّا٩٤
Qālū yā żal-qarnaini inna ya'jūja wa ma'jūja mufsidūna fil-arḍi fahal naj‘alu laka kharjan ‘alā an taj‘alā bainanā wa bainahum saddā(n).
[94]
Raja Dzulkarnèn mangsuli: Ora susah, aku wis diparingi santosa lan sugih băndha dening Pangeranku, iku luwih bêcik, ngungkuli pangêbangmu iku. Saiki kowe tak yasakake bètèng wêsi kang mêpêti lowahaning gunung iki. Kowe mung padha ambaonana bae.
قَالَ مَا مَكَّنِّيْ فِيْهِ رَبِّيْ خَيْرٌ فَاَعِيْنُوْنِيْ بِقُوَّةٍ اَجْعَلْ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ رَدْمًا ۙ٩٥
Qāla mā makkannī fīhi rabbī fa a‘īnūnī biquwwatin aj‘al bainakum wa bainahum radmā(n).
[95]
Saiki kowe padha ngusungana wêsi gêdhe-gêdhe iku, nganti mêpêti lowahaning gunung (lan dokokana kayu, wong akèh banjur padha tumandang. Barêng wis mêpêti lowahaning gunung, Raja Dzulkarnèn parentah): Saiki kayu iku sumêdên damonana, nganti wêsi iku dadi gêni. Raja Dzulkarnèn parentah manèh: Saiki padha ngusungana têmbaga. Raja Dzulkarnèn banjur ngêsokake têmbaga mau minăngka patrining wêsi. (Ing kono banjur dadi bètèng wêsi).
اٰتُوْنِيْ زُبَرَ الْحَدِيْدِۗ حَتّٰىٓ اِذَا سَاوٰى بَيْنَ الصَّدَفَيْنِ قَالَ انْفُخُوْا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَعَلَهٗ نَارًاۙ قَالَ اٰتُوْنِيْٓ اُفْرِغْ عَلَيْهِ قِطْرًا ۗ٩٦
Ātūnī zubaral-ḥadīd(i), ḥattā iżā sāwā bainaṣ-ṣadafaini qālanfukhū, ḥattā iżā ja‘alahū nārā(n), qāla ātūnī ufrig ‘alaihi qiṭrā(n).
[96]
Ing kono Yajuja wa Makjuja padha ora bisa mènèk ing bètèng, lan ora bisa ambabah.
فَمَا اسْطَاعُوْٓا اَنْ يَّظْهَرُوْهُ وَمَا اسْتَطَاعُوْا لَهٗ نَقْبًا٩٧
Famasṭā‘ū ay yaẓharūhu wa mastaṭā‘ū lahū naqbā(n).
[97]
Raja Dzulkarnèn banjur dhawuh: Kowe padha sumurupa, mungguh adêge bètèng iki dumunung rahmating Pangeranku marang kowe kabèh.
قَالَ هٰذَا رَحْمَةٌ مِّنْ رَّبِّيْۚ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ رَبِّيْ جَعَلَهٗ دَكَّاۤءَۚ وَكَانَ وَعْدُ رَبِّيْ حَقًّا ۗ٩٨
Qāla hāżā raḥmatum mir rabbī, fa iżā jā'a wa‘du rabbī ja‘alahū dakkā'(a), wa kāna wa‘du rabbī ḥaqqā(n).
[98]
Ing besuk mênawa wis têkan ing wêwangên kang wis ditamtokake dening Allah Pangeranku, bètèng wêsi iki mêsthi ambruk, rata lan bumi, dene papasthèning Pangeranku mêsthi kalêksanan.
۞ وَتَرَكْنَا بَعْضَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ يَّمُوْجُ فِيْ بَعْضٍ وَّنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَجَمَعْنٰهُمْ جَمْعًا ۙ٩٩
Wa taraknā ba‘ḍahum yauma'iżiy yamūju fī ba‘ḍiw wa nufikha fiṣ-ṣūri fa jama‘nāhum jam‘ā(n).
[99]
(Pangandikaning Allah): Ing dina iku Yajuja wa Makjuja padha Ingsun umbar, malêbu ngêbaki jagad, sarta banjur padha tumpang tindhih saking dening akèhe. Barêng dina kiyamat, Malaikat Israphil andamu sêmpronge (kang isi nyawane sakèhing titah) sarupane wong kang wis mati banjur padha urip, tangi saka ing kubure, lan banjur padha dikalumpukake.
وَّعَرَضْنَا جَهَنَّمَ يَوْمَىِٕذٍ لِّلْكٰفِرِيْنَ عَرْضًا ۙ١٠٠
Wa ‘araḍnā jahannama yauma'iżil lil-kāfirīna ‘arḍā(n).
[100]
Ing kono Ingsun ngetokake naraka Jahanam, Ingsun tontonake marang sarupane wong kaphir.
ۨالَّذِيْنَ كَانَتْ اَعْيُنُهُمْ فِيْ غِطَاۤءٍ عَنْ ذِكْرِيْ وَكَانُوْا لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَمْعًا ࣖ١٠١
Allażīna kānat a‘yunuhum fī giṭā'in ‘an żikrī wa kānū lā yastaṭī‘ūna sam‘ā(n).
[101]
Kang mataning atine padha kêtutupan, ora nganggêp pituturing Kuran, pangrunguning atine ora kataman pituduh bênêr.
اَفَحَسِبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ يَّتَّخِذُوْا عِبَادِيْ مِنْ دُوْنِيْٓ اَوْلِيَاۤءَ ۗاِنَّآ اَعْتَدْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ نُزُلًا١٠٢
Afaḥasibal-lażīna kafarū ay yattakhiżū ‘ibādī min dūnī auliyā'(a), innā a‘tadnā jahannama lil-kāfirīna nuzulā(n).
[102]
Para wong kaphir apa padha ngira yèn ênggone ngadêgake Pangeran liyaningsun, iku bakal makolèhi marang awake (luput pangirane). Ingsun ngancam marang sarupane wong kaphir, bakal padha Ingsun ênggonake ana ing naraka Jahanam.
قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْاَخْسَرِيْنَ اَعْمَالًا ۗ١٠٣
Qul hal nunabbi'ukum bil-akhsarīna a‘mālā(n).
[103]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Apa kowe padha nyuwun tak wijangake wong kang lakune padha kapitunan bangêt.
اَلَّذِيْنَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَهُمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ يُحْسِنُوْنَ صُنْعًا١٠٤
Al-lażīna ḍalla sa‘yuhum fil-ḥayātid-dun-yā wa hum yaḥsabūna annahum yuḥsinūna ṣun‘ā(n).
[104]
Kang lakune ana ing dunya iki padha kêsasar, panêmune wong mau, mungguh panggawene kang dilakoni iku wis bêcik.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَلِقَاۤىِٕهٖ فَحَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيْمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَزْنًا١٠٥
Ulā'ikal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim wa liqā'ihī fa ḥabiṭat a‘māluhum falā nuqīma lahum yaumal-qiyāmati waznā(n).
[105]
Iya iku sarupane wong kaphir kang padha maido ayating Pangerane, lan maido yèn ing têmbe ana ing akhirat bakal padha disebakake ana ngarsaning Pangeran, wong kang mangkono mau, lakune kang bêcik larut sirna kabèh. (Pangandikaning Allah): Ing besuk dina kiyamat, wong mangkono mau ora susah Ingsun traju ala lan bêcike (awit lakune ala kabèh).
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ جَهَنَّمُ بِمَا كَفَرُوْا وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَرُسُلِيْ هُزُوًا١٠٦
Żālika jazā'uhum jahannamu bimā kafarū wattakhażū āyātī wa rusulī huzuwā(n).
[106]
Pituwase wong mangkono mau, disiksa ana ing naraka jahanam, marga ênggone padha kaphir, sarta padha anggêguyu Ayat [A....yat] Ingsun lan para utusan Ingsun.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَانَتْ لَهُمْ جَنّٰتُ الْفِرْدَوْسِ نُزُلًا ۙ١٠٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kānat lahum jannātul-firdausi nuzulā(n).
[107]
Dene sarupane wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha diparingi ganjaran, diênggonake ana ing suwarga Phirdos.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا لَا يَبْغُوْنَ عَنْهَا حِوَلًا١٠٨
Khālidīna fīhā lā yabgūna ‘anhā ḥiwalā(n).
[108]
Enggone manggon ana ing suwarga mau langgêng salawas-lawase (sarta wis padha narima) ora pisan kapengin diganjar kang luwih saka iku.
قُلْ لَّوْ كَانَ الْبَحْرُ مِدَادًا لِّكَلِمٰتِ رَبِّيْ لَنَفِدَ الْبَحْرُ قَبْلَ اَنْ تَنْفَدَ كَلِمٰتُ رَبِّيْ وَلَوْ جِئْنَا بِمِثْلِهٖ مَدَدًا١٠٩
Qul lau kānal-baḥru midādal likalimāti rabbī lanafidal-baḥru qabla an tanfada kalimāṭu rabbī wa lau ji'nā bimiṡlihī madadā(n).
[109]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Upama banyuning sagara iku wujud mangsi, diênggo nulisi kawruh lan kawicaksananing Allah, mangsi mau mêsthi êntèk, sarta kawruh lan kawicaksananing Allah durung êntèk, sanadyan Ingsun nganakake mangsi manèh samono êngkas, iya êntèk manèh, tur kawruh lan kawicaksananing Allah mêksa durung êntèk.
قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰٓى اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ رَبِّهٖ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَّلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهٖٓ اَحَدًا ࣖ١١٠
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), faman kāna yarjū liqā'a rabbihī falya‘mal ‘amalan ṣāliḥaw wa lā yusyrik bi‘ibādati rabbihī aḥadā(n).
[110]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne aku iki iya manungsa, padha bae lan kowe iku kabèh, mung kacèk aku diparingi wahyu dening Allah. Satêmêne Pangeranmu iku mung siji Allah. Dene sing sapa kapengin katêmu lan Allah Pangerane, iku nglakonana panggawe bêcik, sarta ênggone ngabêkti nyêmbah ing Allah aja nganggo maro tingal nyêmbah [nyê...mbah] liyane Allah.