Surah Al-Isra`
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١
Subḥānal-lażī asrā bi‘abdihī lailam minal-masjidil ḥarāmi ilal-masjidil-aqṣal-lażī bāraknā ḥaulahū linuriyahū min āyātinā, innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[1]
Allah iku Mahasuci, kang wis nimbali Nabi Mukhammad kawulane, lumaku ing wayah wêngi, saka Masjidil Kharam ing nagara Mêkah, marang Masjidil Aksa (kang uga aran Baitul Mukaddas ing tanah Sam), kang tanah sakiwa têngêning baitul [ba.....itul] Mukaddas mau Ingsun barkahi (sarana Ingsun dokoki kali pirang-pirang kang pating sarèwèh, sarta bumine Ingsun gawe loh jinawi), mulane Nabi Mukhammad Ingsun timbali, bakal Ingsun karsakake munggah marang langit, sarta Ingsun tontonake ayat kaelokaning kawasaningsun. Satêmêne Allah iku Miyarsa tur Ningali.
وَاٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَلَّا تَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِيْ وَكِيْلًاۗ٢
Wa ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īla allā tattakhiżū min dūnī wakīlā(n).
[2]
Lan manèh Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa, Nabi Musa mau Ingsun dadèkake tuduh dalan bênêr marang para turuning Israil, supaya para turuning Israil mau aja padha mangeran marang liyaningsun.
ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۗ اِنَّهٗ كَانَ عَبْدًا شَكُوْرًا٣
Żurriyyata man ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), innahū kāna ‘abdan syakūrā(n).
[3]
He turune wong kang padha Ingsun tunggangake prau lan Nabi Nuh biyèn, wruhanira Nabi Nuh iku sawijining kawulaningsun kang sukur ênggone nampani pêparing Ingsun kabungahan (kapriye sira têka ora padha sukur).
وَقَضَيْنَآ اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ فِى الْكِتٰبِ لَتُفْسِدُنَّ فِى الْاَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤
Wa qaḍainā ilā banī isrā'īla fil-kitābi latufsidunna fil-arḍi marrataini wa lata‘lunna ‘uluwwan kabīrā(n).
[4]
Ingsun paring wahyu marang para turuning Israil, kasêbut ing kitab, ingsun paringi sumurup yèn ing têmbe para turuning Ibrahim mau padha balela ing Allah, gawe rusak ana ing bumi tanah Sam, sarana duraka, nganti rambah pindho, lan padha gumêdhe lumuhur-luhur bangêt.
فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ اُوْلٰىهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَّنَآ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ فَجَاسُوْا خِلٰلَ الدِّيَارِۗ وَكَانَ وَعْدًا مَّفْعُوْلًا٥
Fa iżā jā'a wa‘du ūlāhumā ba‘aṡnā ‘alaikum ‘ibādal lanā ulī ba'sin syadīdin fa jāsū khilālad-diyār(i), wa kāna wa‘dam maf‘ūlā(n).
[5]
Barêng wis kalakon papasthèn kang sapisan (iya iku wong Bani Srail padha balela ing Allah kang sapisan), wong Bani Srail banjur Ingsun têkani mungsuh kawulaningsun kang gagah prakosa tanpa lawan ing pêrang (iya iku Raja Jalut sabalane), iku padha ngoyak-oyak wong Bani Srail, diubrês ing nagara lan ing padesan, bakal dipatèni utawa diboyong. Kang mangkono iku wis ditamtokake dening Allah kang mêsthi kêlakon.
ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ وَاَمْدَدْنٰكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَجَعَلْنٰكُمْ اَكْثَرَ نَفِيْرًا٦
Ṡumma radadnā lakumul-karrata ‘alaihim wa amdadnākum bi'amwāliw wa banīna wa ja‘alnākum akṡara nafīrā(n).
[6]
Wong Bani Srail sawise kêplayu ênggone pêrang (banjur padha tobat ing Allah). Ing kono banjur Ingsun balèkake karatone, sarta Ingsun paringi sugih băndha lan anak, lan Ingsun dadèkake babranahan luwih dening akèh.
اِنْ اَحْسَنْتُمْ اَحْسَنْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ ۗوَاِنْ اَسَأْتُمْ فَلَهَاۗ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ لِيَسٗۤـُٔوْا وُجُوْهَكُمْ وَلِيَدْخُلُوا الْمَسْجِدَ كَمَا دَخَلُوْهُ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّلِيُتَبِّرُوْا مَا عَلَوْا تَتْبِيْرًا٧
In aḥsantum aḥsantum li'anfusikum, wa in asa'tum fa lahā, fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati liyasū'ū wujūhakum wa liyadkhulal-masjida kamā dakhalūhu awwala marratiw wa liyutabbirū mā ‘alau tatbīrā(n).
[7]
(Pangandikaning Allah marang wong Bani Srail) Mênawa sira padha nglakoni bêcik, iku tumănja ambêciki marang awakira dhewe. Kosokbaline mênawa sira nglakoni ala iku iya tumănja nandukake piala marang awakira dhewe. Barêng papasthèn kang kari wis kêlakon (iya iku wong Bani Srail padha balela ing Allah kang kapindho), wong Bani Srail banjur Ingsun têkani mungsuh wong Pèrsi lan wong Rum iku ngalahake wong Bani Srail, nganti ulate padha biyas, mungsuh mau padha malêbu angobrak-abrik masjid Baitul Mukaddas, kaya kang wis kêlakon nalika wong Bani Srail padha balela kang sapisan. Mangkono manèh mungsuh mau padha ngrusak samubarang kang kêcandhak.
عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يَّرْحَمَكُمْۚ وَاِنْ عُدْتُّمْ عُدْنَاۘ وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا٨
‘Asā rabbukum ay yarḥamakum, wa in ‘uttum ‘udnā, wa ja‘alnā jahannama lil-kāfirīna ḥaṣīrā(n).
[8]
(He wong Bani Srail, sawise sira balela kang kapindho iki, mênawa sira banjur tobat kalawan têmên-têmên) bokmênawa Allah Pangeranira isih karsa ngapura lan banjur asih marang sira manèh. Sawise diapura kang kapindho, mênawa sira bali gawe rusak ana ing bumi manèh, Ingsun uga bali nêkakake siksa manèh. Wruhanira naraka jahanam iku Ingsun sadhiyakake dadi panggonane para wong kaphir.
اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَهْدِيْ لِلَّتِيْ هِيَ اَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا كَبِيْرًاۙ٩
Inna hāżal-qur'āna yahdī lil-latī hiya aqwamu wa yubasysyirul-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran kabīrā(n).
[9]
Satêmêne Kuran iki nuduhake dalan kang bênêr, sarta ambêbungah marang para wong mukmin.
وَّاَنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٠
Wa annal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[10]
Kang padha nglakoni panggawe bêcik iku padha disaguhi bakal olèh ganjaran gêdhe (iya iku suwarga).
وَيَدْعُ الْاِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاۤءَهٗ بِالْخَيْرِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ عَجُوْلًا١١
Wa yad‘ul-insānu bisy-syarri du‘ā'ahū bil-khair(i), wa kānal-insānu ‘ajūlā(n).
[11]
Lan satêmêne, sarupane wong kang ora ngandêl anane akhirat, iku padha Ingsun ancam siksa naraka kang nglarani.
وَجَعَلْنَا الَّيْلَ وَالنَّهَارَ اٰيَتَيْنِ فَمَحَوْنَآ اٰيَةَ الَّيْلِ وَجَعَلْنَآ اٰيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِّتَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنٰهُ تَفْصِيْلًا١٢
Wa ja‘alnal-laila wan-nahāra āyataini fa maḥaunā āyatal-laili wa ja‘alnā āyatan-nahāri mubṣiratal litabtagū faḍlam mir rabbikum wa lita‘lamū ‘adadas-sinīna wal-ḥisāb(a), wa kulla syai'in faṣṣalnāhu tafṣīlā(n).
[12]
Manungsa iku (mênawa pinuju sumpêg atine dening kasusahan utawa nêpsu, banjur) nyênyuwun ala marang Allah (tumrap ing awake dhewe utawa anak putune, apadene tumrap ing bandhane), padha bae karo yèn (pinuju lêjar atine banjur padha) nyênyuwun bêcik marang Allah. Wis watêke manungsa iku anggege kêlakone samubarang kang disuwun, tanpa mikir kapriye bakal wêkasane.
وَكُلَّ اِنْسَانٍ اَلْزَمْنٰهُ طٰۤىِٕرَهٗ فِيْ عُنُقِهٖۗ وَنُخْرِجُ لَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ كِتٰبًا يَّلْقٰىهُ مَنْشُوْرًا١٣
Wa kulla insānin alzamnāhu ṭā'irahū fī ‘unuqih(ī), wa nukhriju lahū yaumal-qiyāmati kitābay yalqāhu mansyūrā(n).
[13]
Lan manèh Ingsun nganakake raina lan wêngi dadi ayat rong warna (kang padha dadi tăndha yêkti gêdhening kawasaningsun), lire, tăndha yêkti wêngi Ingsun gawe pêtêng, dene tăndha yêkti raina Ingsun gawe padhang, supaya padhanging raina mau sira ênggoa nyambut gawe, ngupaya sih kanugrahaning Pangeranira (rijêki), lan supaya sira padha wêruha wilanganing taun lan wêruha etungan. Dene samubarang kabutuhanira prakara agama lan prakara dunya, wis Ingsun jalèntrèhake kalawan wijang.
اِقْرَأْ كِتٰبَكَۗ كَفٰى بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيْبًاۗ١٤
Iqra' kitābak(a), kafā binafsikal-yauma ‘alaika ḥasībā(n).
[14]
Sarupaning wong padha Ingsun kalungi têtulisaning ala lan bêcike, ana ing gulune. Ing besuk dina kiyamat, têtulisaning ala lan bêcik mau Ingsun [Ingsu.....n] wêtokake, gumêlar ana ngarêpe kang duwe têtulisan.
مَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَاۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ وَمَا كُنَّا مُعَذِّبِيْنَ حَتّٰى نَبْعَثَ رَسُوْلًا١٥
Manihtadā fa innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa mā kunnā mu‘ażżibīna ḥattā nab‘aṡa rasūlā(n).
[15]
(Ingsun banjur ngandika): Mara sira macaa têtulisan cathêtaning ala lan bêcikira iku. Ing dina iki têtulisan iku wis cukup kanggo saksi utawa panimbang ingatase ala bêciking awakira.
وَاِذَآ اَرَدْنَآ اَنْ نُّهْلِكَ قَرْيَةً اَمَرْنَا مُتْرَفِيْهَا فَفَسَقُوْا فِيْهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ فَدَمَّرْنٰهَا تَدْمِيْرًا١٦
Wa iżā aradnā an nuhlika qaryatan amarnā mutrafīhā fa fasaqū fīhā fa ḥaqqa ‘alaihal-qaulu fa dammarnāhā tadmīrā(n).
[16]
Sing sapa olèh pituduh bênêr, pakolèhing pituduh bênêr mau ora tumrap marang sapa-sapa, mung tumrap marang awake kang olèh pituduh. Dene sing sapa kêsasar, iku cilakane iya ora tumrap marang sapa-sapa, mung tumrap marang awake kang kêsasar. Dene sarupane wong kang nandhang dosa, iku mung mikul dosane dhewe, ora bakal mikul dosaning liyan. Lan manèh Ingsun ora bakal matrapi siksa marang sawijining wong, kajaba yèn Ingsun wis ngutus Rasul (kang măngka ora diestokake dhawuhe).
وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْۢ بَعْدِ نُوْحٍۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا١٧
Wa kam ahlaknā minal-qurūni mim ba‘di nūḥ(in), wa kafā birabbika biżunūbi ‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[17]
Mênawa Ingsun karsa ngrusak wong ing sawijining desa, sakawite, Ingsun andhawuhake parentah marang wong ing desa mau dalah para panggêdhene, wusana wong ing desa mau padha duraka, mopo marang parintah Ingsun, ing kono banjur têtêp wajib disiksa, mulane banjur padha Ingsun rusak.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعَاجِلَةَ عَجَّلْنَا لَهٗ فِيْهَا مَا نَشَاۤءُ لِمَنْ نُّرِيْدُ ثُمَّ جَعَلْنَا لَهٗ جَهَنَّمَۚ يَصْلٰىهَا مَذْمُوْمًا مَّدْحُوْرًا١٨
Man kāna yurīdul-‘ājilata ‘ajjalnā lahū fīhā mā nasyā'u liman nurīdu ṡumma ja‘alnā lahū jahannam(a), yaṣlāhā mażmūmam madḥūrā(n).
[18]
Sapungkure Nabi Nuh, akèh para umat kang padha Ingsun rusak (marga saka dosane) kang mangkono mau wis cukup Allah Pangeranira kang waspada amirsani têrang marang dosaning para kawulane.
وَمَنْ اَرَادَ الْاٰخِرَةَ وَسَعٰى لَهَا سَعْيَهَا وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ كَانَ سَعْيُهُمْ مَّشْكُوْرًا١٩
Wa man arādal-ākhirata wa sa‘ā lahā sa‘yahā wa huwa mu'minun fa ulā'ika kāna sa‘yuhum masykūrā(n).
[19]
Sing sapa nyuwun ganjaran kêncengan ana ing dunya, iya Ingsun paringi kêncengan ana ing dunya. Apa saparênge karsaningsun, tumrap wong kang dadi parênge karsaningsun. Dene besuk ana ing akhirat, wong mau Ingsun cêmplungake ing naraka Jahanam, lan diarani wong ala, sarta tinulak saka rahmating Allah.
كُلًّا نُّمِدُّ هٰٓؤُلَاۤءِ وَهٰٓؤُلَاۤءِ مِنْ عَطَاۤءِ رَبِّكَ ۗوَمَا كَانَ عَطَاۤءُ رَبِّكَ مَحْظُوْرًا٢٠
Kullan numiddu hā'ulā'i wa hā'ulā'i min ‘aṭā'i rabbik(a), wa mā kāna ‘aṭā'u rabbika maḥẓūrā(n).
[20]
Dene sing sapa nyuwun ganjaran ana ing akhirat, sarta nglakoni barang kang bakal makolèhi ana ing akhirat, tur wong iku pracaya ing Allah, wong mangkono mau lakune bakal dianggêp dening Allah lan ditimbangi sukur.
اُنْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ وَلَلْاٰخِرَةُ اَكْبَرُ دَرَجٰتٍ وَّاَكْبَرُ تَفْضِيْلًا٢١
Unẓur kaifa faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), wa lal-ākhiratu akbaru darajātiw wa akbaru tafḍīlā(n).
[21]
Wong kang padha nyuwun ganjaran ing dunya lan kang padha nyuwun ganjaran ing akhirat mau, kabèh padha Ingsun paringi panyuwune saka pêparinging Allah Pangeranira. Dene pêparinging Pangeranira iku ora dipêpêt.
لَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَقْعُدَ مَذْمُوْمًا مَّخْذُوْلًا ࣖ٢٢
Lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa taq‘uda mażmūmam makhżūlā(n).
[22]
(He Mukhammad), sira andêlênga lan mikira ênggon [êng....gon] Ingsun pêparing marang manungsa têka ora padha, ana sawênèhing manungsa kang Ingsun paringi akèh, ngungkuli liyane, kang mêsthi pêparing Ingsun ana ing akhirat iku luwih gêdhe pangkate, lan luwih akèh kacèke (ngungkuli kacèke pêparing Ingsun ana ing dunya).
۞ وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا٢٣
Wa qaḍā rabbuka allā ta‘budū illā iyyāhu wa bil-wālidaini iḥsānā(n), immā yabluganna ‘indakal-kibara aḥaduhumā au kilāhumā falā taqul lahumā uffiw wa lā tanhar humā wa qul lahumā qaulan karīmā(n).
[23]
(He Mukhammad) manungsa iku aja ngadêgake Pangeran liyane Allah, mundhak dadi cacadan, lan ora olèh pitulunging Allah.
وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَّبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِيْ صَغِيْرًاۗ٢٤
Wakhfiḍ lahumā janāḥaż-żulli minar-raḥmati wa qur rabbirḥamhumā kamā rabbayānī ṣagīrā(n).
[24]
Allah Pangeranira majibake prakara iku marang sira, (pangandikane): He manungsa, sira aja padha nyêmbah sapa-sapa kajaba nêmbah ing Allah, lan majibake ambêciki lan ngabêkti marang wong tuwa loro, luwih manèh mênawa sira mênangi ênggone pikun wong tuwanira loro utawa salah sijine, sira aja ngucap: hus, marang wong tuwanira loro, apadene aja nyulayani lan mênggak karêpe kang ora luput, malah nandukna pangucap manis kang ngrêsêpake.
رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا فِيْ نُفُوْسِكُمْ ۗاِنْ تَكُوْنُوْا صٰلِحِيْنَ فَاِنَّهٗ كَانَ لِلْاَوَّابِيْنَ غَفُوْرًا٢٥
Rabbukum a‘lamu bimā fī nufūsikum, in takūnū ṣāliḥīna fa innahū kāna lil-awwābīna gafūrā(n).
[25]
Lan sira diandhap asor lan ngêrpèpèh marang wong tuwanira loro, têrus wêdi lan asih. Wong tuwanira loro padha sira suwuna marang Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, tuwan mugi wêlas asiha dhumatêng tiyang sêpuh kawula kêkalih punika, kados anggènipun sami ngopèni ngitik-itik dhumatêng [dhuma....têng] kawula, kala kawula taksih lare rumiyin.
وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيْرًا٢٦
Wa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīli wa lā tubażżir tabżīrā(n).
[26]
Allah Pangeranira mêsthi nguningani barang kang sira batin ana ing atinira (têmên ngabêkti marang wong tuwanira loro utawa ora). Mênawa sira nêja bêcik, ngabêkti marang wong tuwa loro, (măngka ana kalane kasêrêng ing nêpsu utawa liyane kang nukulake dêksuranira marang wong tuwa loro, nanging sira banjur tobat, iku sira diapura dening Allah).
اِنَّ الْمُبَذِّرِيْنَ كَانُوْٓا اِخْوَانَ الشَّيٰطِيْنِ ۗوَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِرَبِّهٖ كَفُوْرًا٢٧
Innal-mubażżirīna kānū ikhwānasy-syayāṭīn(i), wa kānasy-syaiṭānu lirabbihī kafūrā(n).
[27]
Satêmêne Allah iku ngapura marang wong kang age-age tobat.
وَاِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاۤءَ رَحْمَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ تَرْجُوْهَا فَقُلْ لَّهُمْ قَوْلًا مَّيْسُوْرًا٢٨
Wa immā tu‘riḍanna ‘anhumubtigā'a raḥmatim mir rabbika tarjūhā faqul lahum qaulam maisūrā(n).
[28]
Para sanak sadulur lan para wong miskin, lan wong kang nênêka, iku padha sira wèhana apa bênêre, (kaya ta jakat sapêpadhane). Lan aja nanjakake bandhanira marang laranganing Allah utawa marang kang tanpa paedah (iya iku kang diarani mubadir).
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُوْلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُوْمًا مَّحْسُوْرًا٢٩
Wa lā taj‘al yadaka maglūlatan ilā ‘unuqika wa lā tabsuṭhā kullal-basṭi fa taq‘uda malūmam maḥsūrā(n).
[29]
Satêmêne (wong kang padha mubadirake bandhane iku saduluring para setan, dene setan iku kaphir, maido ing Allah Pangerane.
اِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا ࣖ٣٠
Inna rabbaka yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[30]
Mênawa sira nulak panjaluke sanak sadulur sapanunggalane mau, sira sêmayani lagi ngupaya rijêki rahmating Allah Pangeranira kang lagi sira arêp-arêp, iku sira mangsulana marang para sanak sadulur sapanunggalane mau kalawan têmbung manis.
وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ اِمْلَاقٍۗ نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَاِيَّاكُمْۗ اِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْـًٔا كَبِيْرًا٣١
Wa lā taqtulū aulādakum khasy-yata imlāq(in), naḥnu narzuquhum wa iyyākum, inna qatlahum kāna khiṭ'an kabīrā(n).
[31]
Lan sira aja gêgêm, aja anyêdhakêpake tanganira marang gulunira (aja kumêd bangêt) mundhak aran wong ala. Lan aja ngêgarake èpèk-èpèkira babar pisan, (aja kêlomanên) mundhak dadi anggombal.
وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنٰىٓ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً ۗوَسَاۤءَ سَبِيْلًا٣٢
Wa lā taqrabuz-zinā innahū kāna fāḥisyah(tan), wa sā'a sabīlā(n).
[32]
Satêmêne Allah Pangeranira iku anggêlar rijêki, maringake rijêki akèh marang wong kang dadi parênging karsane, lan ana uga kang diparingi rijêki mung sathithik, satêmêne Allah iku waspada lan mirsani marang para kawulane.
وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ وَمَنْ قُتِلَ مَظْلُوْمًا فَقَدْ جَعَلْنَا لِوَلِيِّهٖ سُلْطٰنًا فَلَا يُسْرِفْ فِّى الْقَتْلِۗ اِنَّهٗ كَانَ مَنْصُوْرًا٣٣
Wa lā taqtulun-nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqq(i), wa man qutila maẓlūman faqad ja‘alnā liwaliyyihī sulṭānan falā yusrif fil-qatl(i), innahū kāna manṣūrā(n).
[33]
Lan manèh sira aja padha matèni para anakira marga kuwatir anggombal. Wruhanira Ingsun paring rijêki marang sira lan marang anakira. Lan satêmêne matèni anak iku dosa gêdhe.
وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗۖ وَاَوْفُوْا بِالْعَهْدِۖ اِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْـُٔوْلًا٣٤
Wa lā taqrabū mālal-yatīmi illā bil-latī hiya aḥsanu ḥattā yabluga asyuddah(ū), wa aufū bil-‘ahd(i), innal-‘ahda kāna mas'ūlā(n).
[34]
Sira padha nyingkirana sadhengah panuntuning zina. Satêmêne zina iku ala lan duraka, apadene iku dalan kang ala dhewe.
وَاَوْفُوا الْكَيْلَ اِذَا كِلْتُمْ وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا٣٥
Wa auful-kaila iżā kiltum wa zinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[35]
Lan aja matèni awak kang diajèni dening Allah, (iya iku wong Islam, lan wong kaphir kang dadi têtanggungane para wong Islam) kajaba yèn wis têtêp kalawan bênering khukum dosa pati. Dene sing sapa dipatèni kalawan panganiaya, ali warise kang pinatèn mau Ingsun paringi wêwênang (kêna nyuwun [nyuwu..n] kisase kang matèni, lan kêna jaluk diyat, iya iku têtêmpuh băndha, apadene kêna mung ngapura bae. Endi kang dipilih, pangadilan kudu nuruti) dene yèn matrapi kisas aja kêbangêtên utawa kêladuk. Satêmêne ali waris mau ditulungi dening Allah.
وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ اُولٰۤىِٕكَ كَانَ عَنْهُ مَسْـُٔوْلًا٣٦
Wa lā taqfu mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innas-sam‘a wal-baṣara wal-fu'āda kullu ulā'ika kāna ‘anhu mas'ūlā(n).
[36]
Lan aja wani-wani nganggo bandhane bocah yatim, kajaba yèn kanggo kang amrih bêcik. (Kaya ta dilakokake murih mundhake utawa diênggo rumêksa), mangkono iku nganti tumêka bocah yatim mau diwasa lan pintêr. Lan manèh sira padha disêtya tuhu ing janji (janji marang Allah lan marang manungsa), awit janji iku ing têmbe bakal tinagih.
وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۚ اِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْاَرْضَ وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُوْلًا٣٧
Wa lā tamsyi fil-arḍi marahā(n), innaka lan takhriqal-arḍa wa lan tablugal-jibāla ṭūlā(n).
[37]
mênawa sira nakêr, anggênêpana takêran, apadene mênawa nraju, nganggoa traju kang jêjêg bênêr. Kang mangkono iku ana ing dunya bêcik, sanadyan wêkasane besuk ana ing akhirat, iya luwih dening bêcik.
كُلُّ ذٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهٗ عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوْهًا٣٨
Kullu żālika kāna sayyi'uhū ‘inda rabbika makrūhā(n).
[38]
Lan sira aja ngaku wêruh kang satêmêne ora wêruh, awit pêparinging Allah pangrungu lan pandêlêng lan pikir, kabèh iku ing têmbe bakal padha didangu ana pangayunaning Allah.
ذٰلِكَ مِمَّآ اَوْحٰٓى اِلَيْكَ رَبُّكَ مِنَ الْحِكْمَةِۗ وَلَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتُلْقٰى فِيْ جَهَنَّمَ مَلُوْمًا مَّدْحُوْرًا٣٩
Żālika mimmā auḥā ilaika rabbuka minal-ḥikmah(ti), wa lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa tulqā fī jahannama malūmam madḥūrā(n).
[39]
Lan sira aja lumaku ana ing bumi gêmbelengan, satêmêne sira iku ora bisa ambutulake bumi, apadene dêdêgira ora madhani gunung.
اَفَاَصْفٰىكُمْ رَبُّكُمْ بِالْبَنِيْنَ وَاتَّخَذَ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنَاثًاۗ اِنَّكُمْ لَتَقُوْلُوْنَ قَوْلًا عَظِيْمًا ࣖ٤٠
Afa aṣfākum rabbukum bil-banīna wattakhaża minal-malā'ikati ināṡā(n), innakum lataqūlūna qaulan ‘aẓīmā(n).
[40]
Parentah lan larangan kang wis kasêbut mau kabèh, besuk ana ngarsaning Allah, êndi kang tibane ing sira ala, didukani (dene kang bêcik dialêmbana).
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِيَذَّكَّرُوْاۗ وَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا نُفُوْرًا٤١
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni liyażżakkarū, wa mā yazīduhum illā nufūrā(n).
[41]
Parentah lan larangan kang wis kasêbut mau mêngku kawicaksanan, ewone wahyu kang didhawuhake dening Allah Pangeranira marang sira. Lan sira aja ngadêgake Pangeran liyane Allah, yèn kalakon mangkono, sira bakal dicêmplungake ing naraka jahanam, diarani wong ala lan adoh saka ing bêcik.
قُلْ لَّوْ كَانَ مَعَهٗ ٓ اٰلِهَةٌ كَمَا يَقُوْلُوْنَ اِذًا لَّابْتَغَوْا اِلٰى ذِى الْعَرْشِ سَبِيْلًا٤٢
Qul lau kāna ma‘ahū ālihatun kamā yaqūlūna iżal labtagau ilā żil-‘arsyi sabīlā(n).
[42]
(He wong Mêkah), apa nyata kaya ucapira yèn Allah Pangeranira iku namtokake marang sira mung duwe anak lanang bae, dene sarirane piyambak mung pêputra putri, iya iku para Malaikat. Satêmêne sira iku padha ngucapake têtêmbungan kang gawat.
سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَقُوْلُوْنَ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤٣
Subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yaqūlūna ‘uluwwan kabīrā(n).
[43]
Ingsun wis nêrangake (upama pirang-pirang lan pangêbang lan pangancam) ana sajroning Kuran iki, supaya si kaphir padha elinga doyan pitutur bêcik, ewadene ora bisa muwuhi apa-apa marang si kaphir, dêstun mung muwuhi malengos marang pituduh bênêr.
تُسَبِّحُ لَهُ السَّمٰوٰتُ السَّبْعُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا يُسَبِّحُ بِحَمْدِهٖ وَلٰكِنْ لَّا تَفْقَهُوْنَ تَسْبِيْحَهُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤٤
Tusabbiḥu lahus-samāwātus-sab‘u wal-arḍu wa man fīhinn(a), wa im min syai'in illā yusabbiḥu biḥamdihī wa lākil lā tafqahūna tasbīḥahum, innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[44]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah kabèh: Upama Allah iku anaa têtimbangane, kaya pangucape si kaphir, amêsthi para pangeran têtimbangane mau padha ngayoni marang Allah kang kagungan ngaras, golèk marga bisa angalahake.
وَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ حِجَابًا مَّسْتُوْرًاۙ٤٥
Wa iżā qara'tal-qur'āna ja‘alnā bainaka wa bainal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ḥijābam mastūrā(n).
[45]
Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa pangucape wong kaphir ing Mêkah iku, Allah iku têmên Mahaluhur lan Maha-agung.
وَّجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِذَا ذَكَرْتَ رَبَّكَ فِى الْقُرْاٰنِ وَحْدَهٗ وَلَّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ نُفُوْرًا٤٦
Wa ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa iżā żakarta rabbaka fil-qur'āni waḥdahū wallau ‘alā adbārihim nufūrā(n).
[46]
Bumi lan langit pitu dalah saisine kabèh padha nyêbut Mahasuci marang Allah. Ora ana barang dumadi kang mênêng bae, akèh padha nyêbut Mahasuci marang Allah kalawan têmbunge dhewe-dhewe, ewadene sira ora padha ngêrti marang pujine. Satêmêne Allah iku Maha-asih tur ngapura dosa.
نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُوْنَ بِهٖٓ اِذْ يَسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَ وَاِذْ هُمْ نَجْوٰٓى اِذْ يَقُوْلُ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٤٧
Naḥnu a‘lamu bimā yastami‘ūna bihī iż yastami‘ūna ilaika wa iż hum najwā iż yaqūluẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[47]
(He Mukhammad) nalikane sira maca Kuran, Ingsun andokokake aling-aling nutupi sira, ana antaranira lan wong kang padha ora pracaya bakal anane akhirat.
اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا٤٨
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[48]
Sarta atine Ingsun tutupi, dadi padha ora ngêrti surasaning Kuran, apadene kupinge [ku....pinge] abot ngrungokake Kuran.
وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٤٩
Wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[49]
Dene nalikane sira nyaritakake Pangeranira kasêbut ana sajroning Kuran, yèn Pangeran iku mung siji Allah, wong kaphir banjur padha mungkur, marêp marang burine, sumingkir saka pracaya.
۞ قُلْ كُوْنُوْا حِجَارَةً اَوْ حَدِيْدًاۙ٥٠
Qul kūnū ḥijāratan au ḥadīdā(n).
[50]
Ingsun nguningani wong kaphir ênggone padha anggêguyu Kuran, nalikane ngrungokake ênggonira maca Kuran lan nalikane padha ngrasani sira. Pangucape wong kaphir duraka mangkene: Nabi Mukhammad iki dudu sapa-sapa, nanging wong lanang kêna ing sikhir.
اَوْ خَلْقًا مِّمَّا يَكْبُرُ فِيْ صُدُوْرِكُمْ ۚفَسَيَقُوْلُوْنَ مَنْ يُّعِيْدُنَاۗ قُلِ الَّذِيْ فَطَرَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ فَسَيُنْغِضُوْنَ اِلَيْكَ رُءُوْسَهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هُوَۗ قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَرِيْبًا٥١
Au khalqam mimmā yakburu fī ṣudūrikum, fa sayaqūlūna may yu‘īdunā, qulil-lażī faṭarakum awwala marrah(tin), fa sayun-giḍūna ilaika ru'ūsahum wa yaqūlūna matā huw(a), qul ‘asā ay yakūna qarībā(n).
[51]
Mara sira rasakna, wong kaphir iku ênggone sawiyah madhakake sira karo wong kêna ing sikhir, wusana banjur padha kêsasar saka pituduh bênêr, nganti ora bisa olèh dalan marang kaslamêtan.
يَوْمَ يَدْعُوْكُمْ فَتَسْتَجِيْبُوْنَ بِحَمْدِهٖ وَتَظُنُّوْنَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٥٢
Yauma yad‘ūkum fa tastajībūna biḥamdihī wa taẓunnūna il labiṡtum illā qalīlā(n).
[52]
Wong kaphir mau padha ngucap: Besuk yèn aku wis mati, wis dadi balung lan lêmah, apa ya bakal ditangèkake saka ing pati, banjur dadi gêtih anyar.
وَقُلْ لِّعِبَادِيْ يَقُوْلُوا الَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ يَنْزَغُ بَيْنَهُمْۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوًّا مُّبِيْنًا٥٣
Wa qul li‘ibādī yaqūlul-latī hiya aḥsan(u), innasy-syaiṭāna yanzagu bainahum, innasy-syaiṭāna kāna lil-insāni ‘aduwwam mubīnā(n).
[53]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Sanadyan kowe padha dadi watu utawa dadi wêsi utawa dadi titah kang koanggêp lăngka bisane urip, kawasaning Allah [Allah] ora bakal cabar nguripake kowe. Wong kaphir bakal mangsuli mangkene: Sapa kang bakal ambalèkake aku urip manèh. (He Mukhammad) sira dhawuha: Kang ambalèkake kowe urip manèh, iya Allah kang gawe kowe sakawit biyèn. Wong kaphir mau êndhase banjur padha manthuk marang sira, lan padha calathu: Benjing punapa tangining tiyang pêjah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Bokmênawa wis cêpak.
رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِكُمْ اِنْ يَّشَأْ يَرْحَمْكُمْ اَوْ اِنْ يَّشَأْ يُعَذِّبْكُمْۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا٥٤
Rabbukum a‘lamu bikum, iy yasya' yarḥamkum au iy yasya' yu‘ażżibkum, wa mā arsalnāka ‘alaihim wakīlā(n).
[54]
Iya iku dina kiyamat, nalikane Malaikat Israphil nguwuh-uwuh (He balung kang wis padha pisah, daging kang wis ajur, dhawuhing Allah sira padha ngumpula, pulih kaya mau-maune, bakal tămpa pancasan pangadilaning Pangeran) ing kono kowe banjur padha ngèstokake dhawuh kalawan muji ing Allah. Sawise paripurna dadi manungsa manèh, kowe padha rumasa yèn ênggonmu ana ing dunya utawa ana ing kubur, mung sadhela.
وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِمَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيّٖنَ عَلٰى بَعْضٍ وَّاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًا٥٥
Wa rabbuka a‘lamu biman fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa laqad faḍḍalnā ba‘ḍan nabiyyīna ‘alā ba‘ḍiw wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[55]
(He Mukhammad) sira dhawuha (marang para kawulaningsun wong mukmin mangkene): Kowe padha nandukna têtêmbungan kang manis lan nuju ati (marang wong kaphir kang padha maeka) satêmêne setan iku ngêdu para wong mukmin lan para wong kaphir, dadi têtela setan [se....tan] iku satruning manungsa.
قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ فَلَا يَمْلِكُوْنَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيْلًا٥٦
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnihī falā yamlikūna kasyfaḍ-ḍurri ‘ankum wa lā taḥwīlā(n).
[56]
Allah Pangeranira iku luwih dening wuninga marang sira kabèh, mênawa dadi parênging karsane, ngruntuhake sih marang sira (paring pituduh bênêr lan pitulung) utawa yèn dadi parênging karsane (sira dikarsakake mati kaphir) sabanjure Allah matrapi siksa marang sira (He Mukhammad) ênggon Ingsun ngutus marang sira, ora anjibahake nanggung miturute para umatira.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ يَبْتَغُوْنَ اِلٰى رَبِّهِمُ الْوَسِيْلَةَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ وَيَرْجُوْنَ رَحْمَتَهٗ وَيَخَافُوْنَ عَذَابَهٗۗ اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُوْرًا٥٧
Ulā'ikal-lażīna yad‘ūna yabtagūna ilā rabbihimul-wasīlata ayyuhum aqrabu wa yarjūna raḥmatahū wa yakhāfūna ‘ażābah(ū), inna ‘ażāba rabbika kāna maḥżūrā(n).
[57]
Dene Allah Pangeranira iku luwih dening wuninga marang saisining bumi lan langit. Satêmene Ingsun paring kaluwihan marang sawênèhing para Nabi, ngungkuli Nabi liyane. Nabi Dawud Ingsun paringi kitab Zabur (nabi liyane ora Ingsun paringi kitab Zabur).
وَاِنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوْهَا قَبْلَ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ اَوْ مُعَذِّبُوْهَا عَذَابًا شَدِيْدًاۗ كَانَ ذٰلِكَ فىِ الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٥٨
Wa im min qaryatin illā naḥnu muhlikūhā qabla yaumil-qiyāmati au mu‘ażżibūhā ‘ażāban syadīdā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[58]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong kaphir: Mara saiki kowe padha nyuwun-nyuwuna marang liyane Allah, kang padha koanggêp liyane Pangeran (kayata Malaikat, Nabi Ngisa, Nabi Nguzèr lan para lêlêmbut supaya ambengkasa rêribêd saka ing sira). Kang padha koanggêp Pangeran mau mêsthi padha ora bisa ambengkas utawa ngêlih rêribêd saka ing sira.
وَمَا مَنَعَنَآ اَنْ نُّرْسِلَ بِالْاٰيٰتِ اِلَّآ اَنْ كَذَّبَ بِهَا الْاَوَّلُوْنَۗ وَاٰتَيْنَا ثَمُوْدَ النَّاقَةَ مُبْصِرَةً فَظَلَمُوْا بِهَاۗ وَمَا نُرْسِلُ بِالْاٰيٰتِ اِلَّا تَخْوِيْفًا٥٩
Wa mā mana‘anā an nursila bil-āyāti illā an każżaba bihal-awwalūn(a), wa ātainā ṡamūdan-nāqata mubṣiratan fa ẓalamū bihā, wa mā nursilu bil-āyāti illā takhwīfā(n).
[59]
Kang padha koanggêp Pangeran mau kabèh padha ngupaya lantaran murih kacêdhak ing Allah Pangerane, apadene padha wêdi siksane. Endi kang kacêdhak bangêt ing Allah iku luwih bangêt wêdine lan pangarêp-arêpe sihing Allah, ngungkuli liya-liyane. Satêmêne siksaning Allah Pangeranira iku mêdèni bangêt.
وَاِذْ قُلْنَا لَكَ اِنَّ رَبَّكَ اَحَاطَ بِالنَّاسِۗ وَمَا جَعَلْنَا الرُّءْيَا الَّتِيْٓ اَرَيْنٰكَ اِلَّا فِتْنَةً لِّلنَّاسِ وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُوْنَةَ فِى الْقُرْاٰنِ ۗ وَنُخَوِّفُهُمْۙ فَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا طُغْيَانًا كَبِيْرًا ࣖ٦٠
Wa iż qulnā laka inna rabbaka aḥāṭa bin-nās(i), wa mā ja‘alnar-ru'yal-latī araināka illā fitnatal lin-nāsi wasy-syajaratal mal‘ūnata fil-qur'ān(i), wa nukhawwifuhum, famā yazīduhum illā ṭugyānan kabīrā(n).
[60]
Sarupaning wong isining padesan (sanadyan wong ala utawa wong bêcik) sadurunge dina kiyamat, mêsthi padha Ingsun rusak. Wong kang ngabêkti ing Allah padha Ingsun pundhut kalawan mati mukmin, dene wong kang balela padha Ingsun rusak kalawan tinurunan siksa kang abot, kang mangkono iku wis têtêp tinulisan ana ing Lohmahphul.
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ قَالَ ءَاَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِيْنًاۚ٦١
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), qāla a'asjudu liman khalaqta ṭīnā(n).
[61]
Kang murungake ênggone ênggon Ingsun arêp nurunake tăndha yêkti kaelokan (nuruti sapanjaluke wong ing Mêkah) iku ora ana manèh mung lupiyane para umat ing jaman kuna padha maido marang tăndha yêkti kaelokan. Para wong Samut biyèn Ingsun gêlari kaelokan- kaelokan unta mêtu saka ing watu, cêtha katon ing ngakèh, ewadene wong Samud padha maido. Wruhanira ênggon ingsun nurunake mukjijat [mu....kjijat] kaelokan iku ora liya mung mêmêdèni marang para kawulaningsun.
قَالَ اَرَاَيْتَكَ هٰذَا الَّذِيْ كَرَّمْتَ عَلَيَّ لَىِٕنْ اَخَّرْتَنِ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَاَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلًا٦٢
Qāla ara'aitaka hāżal-lażī karramta ‘alayya la'in akhkhartani ilā yaumil-qiyāmati la'aḥtanikanna żurriyyatahū illā qalīlā(n).
[62]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang sira, satêmêne Kawasa lan Waspadane Pangeranira iku nglimputi manungsa. Dene sarupane tontonan kang Ingsun tontonake marang sira (nalika sira Ingsun timbali munggah marang langit) iku ora liya Ingsun ênggo nyoba marang manungsa. Mangkono manèh uwit zikkum (Zikkum iku kêkayon kang thukul sarta urip ana ing naraka. Muhtar). Kang kasêbut ing Kuran dadi pangane wong kang kêna bêbênduning Allah (iku kanggo nyoba marang manungsa). Ingsun mêmêdèni marang manungsa, ewadene ora bisa muwuhi apa-apa, kajaba mung muwuhi kêsasar kang bangêt.
قَالَ اذْهَبْ فَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ فَاِنَّ جَهَنَّمَ جَزَاۤؤُكُمْ جَزَاۤءً مَّوْفُوْرًا٦٣
Qālażhab faman tabi‘aka minhum fa inna jahannama jazā'ukum jazā'am maufūrā(n).
[63]
(He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat: Sira padha sujuda marang Adam, para Malaikat banjur ngèstokake dhawuh, padha sujud marang Nabi Adam, mung iblis munjuk ing Allah: Kenging punapa kawula têka sujud dhatêng tiyang ingkang Tuwan damêl saking êndhut.
وَاسْتَفْزِزْ مَنِ اسْتَطَعْتَ مِنْهُمْ بِصَوْتِكَ وَاَجْلِبْ عَلَيْهِمْ بِخَيْلِكَ وَرَجِلِكَ وَشَارِكْهُمْ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِ وَعِدْهُمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا٦٤
Wastafziz manistaṭa‘ta minhum biṣautika wa ajlib ‘alaihim bikhailika wa rajilika wa syārikūhum fil-amwāli wal-aulādi wa ‘idhum, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[64]
Iblis munjuk manèh: Kawula mugi Tuwan dunungakên, awit saking punapa Adam punika têka Tuwan damêl mulya ngungkuli kawula (Ingkang măngka kawula punika kadadosan saking latu), mênawi Tuwan karsa nyarantosakên kawula, botên pêjah dumugi dintên kiyamat, amêsthi para turunipun Adam kawula rampêt, sami kawula sasarakên, kajawi namung sakêdhik (inggih punika tiyang ingkang sami Tuwan rêksa).
اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ وَكِيْلًا٦٥
Inna ‘ibādī laisa laka ‘alaihim sulṭān(un), wa kafā birabbika wakīlā(n).
[65]
Allah ngandika: He Iblis, sira lungaa (sira Ingsun sarantèkake têkan dina kiyamat). Sira lan para turune Adam kang padha manut ing sira, Ing têmbe bakal padha Ingsun patrapi siksa naraka Jahanam iya iku wêwalês kang sampurna.
رَبُّكُمُ الَّذِيْ يُزْجِيْ لَكُمُ الْفُلْكَ فِى الْبَحْرِ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٦٦
Rabbukumul-lażī yuzjī lakumul-fulka fil-baḥri litabtagū min faḍlih(ī), innahū kāna bikum raḥīmā(n).
[66]
Ing sabisa-bisa, sira anggodhaa para turune Adam kalawan têmbungira kang manis, sarta nguwuh-uwuha kanthi kancanira kang nunggang jaran lan kang lumaku dharat. Apadene sira awor para turune Adam, sira nuksmaa ana ing băndha lan ana ing anak-putune, padha saguhana yèn bakal ora ana dina kiyamat. Dene samubarang kang disaguhake dening setan iku, mêsthi cidra kabèh.
وَاِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فِى الْبَحْرِ ضَلَّ مَنْ تَدْعُوْنَ اِلَّآ اِيَّاهُۚ فَلَمَّا نَجّٰىكُمْ اِلَى الْبَرِّ اَعْرَضْتُمْۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ كَفُوْرًا٦٧
Wa iżā massakumuḍ-ḍurru fil-baḥri ḍalla man tad‘ūna illā iyyāh(u), falammā najjākum ilal-barri a‘raḍtum, wa kānal-insānu kafūrā(n).
[67]
Satêmêne sira ora duwe wêwênang mêksa marang para kawulaningsun kang mukmin. Allah Pangeranira kawasane cukup, bakal nulak panggodhanira marang para wong mukmin.
اَفَاَمِنْتُمْ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمْ جَانِبَ الْبَرِّ اَوْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ وَكِيْلًا ۙ٦٨
Afa amintum ay yakhsifa bikum jānibal-barri au yursila ‘alaikum ḥaṣiban ṡumma lā tajidū lakum wakīlā(n).
[68]
(He manungsa) Allah pangeranira iku kang nglakokake prau ana ing sagara, maedahi marang sira, supaya sira ênggo ngupaya rijêki sih kanugrahaning Allah, satêmêne Allah iku asih marang sira.
اَمْ اَمِنْتُمْ اَنْ يُّعِيْدَكُمْ فِيْهِ تَارَةً اُخْرٰى فَيُرْسِلَ عَلَيْكُمْ قَاصِفًا مِّنَ الرِّيْحِ فَيُغْرِقَكُمْ بِمَا كَفَرْتُمْۙ ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ عَلَيْنَا بِهٖ تَبِيْعًا٦٩
Am amintum ay yu‘īdakum fīhi tāratan ukhrā fa yursila ‘alaikum qāṣifam minar-rīḥi fa yugriqakum bimā kafartum, ṡumma lā tajidū lakum ‘alainā bihī tabī‘ā(n).
[69]
Nalikane sira kambah ing rêribêd ana satêngahing sagara (kuwatir kèrêm) ing kono sarupane kang padha sira kira bakal têtulung, padha ngoncati, dadi sira ora bisa anjaluk tulung marang sapa-sapa, mung banjur nyuwun pitulunging Allah Pangeranira. Barêng Allah wis paring pitulung marang sira, slamêt têkan ing dharatan, sira banjur malengos (suthik pracaya ing Allah), manungsa iku maido pêparinging Allah kabungahan.
۞ وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلٰى كَثِيْرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيْلًا ࣖ٧٠
Wa laqad karramnā banī ādama wa ḥamalnāhum fil-barri wal-baḥri wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alā kaṡīrim mimman khalaqnā tafḍīlā(n).
[70]
(Sanadyan ana ing dharatan) sira apa bisa oncat mênawa sira Ingsun karsakake diuntal ing bumi (kaya lêlakone Si Karun biyèn) utawa mênawa sira Ingsun udani watu, ing kono sira banjur ora duwe pangungsèn.
يَوْمَ نَدْعُوْا كُلَّ اُنَاسٍۢ بِاِمَامِهِمْۚ فَمَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ يَقْرَءُوْنَ كِتٰبَهُمْ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧١
Yauma nad‘ū kulla unāsim bi'imāmihim, faman ūtiya katābahū biyamīnihī fa ulā'ika yaqra'ūna kitābahum wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[71]
Utawa mênawa ing liya dina Allah ambalèkake sira marang sagara manèh, banjur tinêmpuh ing angin ribut, sira apa bisa ngoncati bêbaya (mêsthi ora), ing kono sira banjur kèrêm, minăngka wêwalêse ênggonira maido pêparinging Allah kabungahan. Mêsthi ora ana kang bisa nulungi sira, nyuwunake wurunge bêbênduningsun.
وَمَنْ كَانَ فِيْ هٰذِهٖٓ اَعْمٰى فَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ اَعْمٰى وَاَضَلُّ سَبِيْلًا٧٢
Wa man kāna fī hāżihī a‘mā fa huwa fil-ākhirati a‘mā wa aḍallu sabīlā(n).
[72]
Satêmêne Ingsun mulyakake para turune Adam, Ingsun paringi têtunggangan ana ing dharatan lan ana ing sagara, sarta padha Ingsun paringi rijêki kang ngrêsêpake, apadene Ingsun gawe punjul ngungkuli titah Ingsun pirang-pirang.
وَاِنْ كَادُوْا لَيَفْتِنُوْنَكَ عَنِ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ لِتَفْتَرِيَ عَلَيْنَا غَيْرَهٗۖ وَاِذًا لَّاتَّخَذُوْكَ خَلِيْلًا٧٣
Wa in kādū layaftinūnaka ‘anil-lażī auḥainā ilaika litaftariya ‘alainā gairah(ū), wa iżal lattakhażūka khalīlā(n).
[73]
(He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nimbali sarupaning wong nganggo jênênging para nabi kang dadi pangarêpe, ing kono sing sapa diulungi tulisan cathêtaning ala lan bêcike, kalawan tangane têngên, wong mau banjur maca tulisan mau, sarta ganjaraning kabêcikane ora suda saboboting wiji sawi.
وَلَوْلَآ اَنْ ثَبَّتْنٰكَ لَقَدْ كِدْتَّ تَرْكَنُ اِلَيْهِمْ شَيْـًٔا قَلِيْلًا ۙ٧٤
Wa lau lā an ṡabbatnāka laqad kitta tarkanu ilaihim syai'an qalīlā(n).
[74]
Dene sing sapa nalika ana ing dunya iki atine picak (ora wêruh ing bênêr) wong mau besuk ana ing akhirat uga picak (ora wêruh dalan marang kaslamêtan) sarta kêsasar adoh saka dalaning Allah.
اِذًا لَّاَذَقْنٰكَ ضِعْفَ الْحَيٰوةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيْرًا٧٥
Iżal-la'ażaqnāka ḍi‘fal-ḥayāti wa ḍi‘fal-mamāti ṡumma lā tajidu laka ‘alainā naṣīrā(n).
[75]
(He Mukhammad) satêmêne wong kaphir băngsa Kurès iku mèh anggodha ing sira, murih sira [si.....ra] ninggala barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira, pangarahe supaya sira gawe-gawe, andhawuhake barang kang ora Ingsun dhawuhake, sira awadake têrang saka Ingsun. Mênawa kêlakon mangkono, wong kaphir Kurès padha saguh nganggêp sudarawèdi marang sira.
وَاِنْ كَادُوْا لَيَسْتَفِزُّوْنَكَ مِنَ الْاَرْضِ لِيُخْرِجُوْكَ مِنْهَا وَاِذًا لَّا يَلْبَثُوْنَ خِلٰفَكَ اِلَّا قَلِيْلًا٧٦
Wa in kādū layastafizzūnaka minal-arḍi liyukhrijūka minhā wa iżal lā yalbaṡūna khilāfaka illā qalīlā(n).
[76]
Upama sira ora Ingsun paringi têguh têtêp atinira, mêsthi sira rada kèlu marang panggodhane wong kaphir Kurès mau.
سُنَّةَ مَنْ قَدْ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُّسُلِنَا وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيْلًا ࣖ٧٧
Sunnata man qad arsalnā qablaka mir rusulinā wa lā tajidu lisunnatinā taḥwīlā(n).
[77]
Mênawa sira kèlu, mêsthi sira Ingsun paringi wêruh rasane siksa ing dunya lan ing akhirat, tikêl karo murwating kaluputan, sarta ora ana kang bisa nulungi sira, nulak siksaningsun.
اَقِمِ الصَّلٰوةَ لِدُلُوْكِ الشَّمْسِ اِلٰى غَسَقِ الَّيْلِ وَقُرْاٰنَ الْفَجْرِۗ اِنَّ قُرْاٰنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُوْدًا٧٨
Aqimiṣ-ṣalāta lidulūkisy-syamsi ilā gasaqil-laili wa qur'ānal-fajr(i), inna qur'ānal-fajri kāna masyhūdā(n).
[78]
Lan satêmêne wong Yahudi iku mèh anggêgiris, supaya sira lunga saka bumi ing Madinah. Mênawa kêlakon mangkono, sapungkurira, wong Yahudi mau ênggone manggon ana ing Madinah ora nganti suwe (banjur rusak).
وَمِنَ الَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهٖ نَافِلَةً لَّكَۖ عَسٰٓى اَنْ يَّبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَّحْمُوْدًا٧٩
Wa minal-laili fa tahajjad bihī nāfilatal lak(a), ‘asā ay yab‘aṡaka rabbuka maqāmam maḥmūdā(n).
[79]
Kaya laku-lakune para Rasul kang padha Ingsun utus sadurunge sira (sing sapa nundhung Rasul, banjur Ingsun rusak) laku-lakuning pranatan ingsun kang mangkono mau, ora ana kang bisa [bi....sa] ngowahi.
وَقُلْ رَّبِّ اَدْخِلْنِيْ مُدْخَلَ صِدْقٍ وَّاَخْرِجْنِيْ مُخْرَجَ صِدْقٍ وَّاجْعَلْ لِّيْ مِنْ لَّدُنْكَ سُلْطٰنًا نَّصِيْرًا٨٠
Wa qur rabbi adkhilnī mudkhala ṣidqiw wa akhrijnī mukhraja ṣidqiw waj‘al lī mil ladunka sulṭānan naṣīrā(n).
[80]
Sira nglakonana sêmbayang wiwit saka wayah lingsiring srêngenge (Luhur) nganti têkan pêtênging wêngi, lan sêmbayang wayah pajar (Subuh), satêmêne sêmbayang ing wayah pajar iku diwêruhi dening para Malaikat.
وَقُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ ۖاِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوْقًا٨١
Wa qul jā'al-ḥaqqu wa zahaqal-bāṭil(u), innal-bāṭila kāna zahūqā(n).
[81]
Lan manèh ing wayah wêngi sira sêmbayanga sunat, kang aran sêmbayang Tahajud (Têgêse ora turu marga sêmbayang) kalawan maca Kuran, supaya besuk dina kiyamat, sira ditangèkake dening Allah Pangeranira saka ing pati, sarta banjur diprênahake ana ing makam mahmud (têgêse pangkat kang pinuji).
وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا٨٢
Wa nunazzilu minal-qur'āni mā huwa syifā'uw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a), wa lā yazīduẓ-ẓālimīna illā khasārā(n).
[82]
Lan sira nyênyuwuna ing Allah mangkene: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi nglêbêtna kawula (dhatêng nagari Madinah) kalayan sae, punapadene anglêbêtna kawula (saking nagari Mêkah) tanpa mandhêg tumolih. Makatên ugi kawula mugi Tuwan paringi kêkiyatan utawi dêdamêling bantah ingkang mitulungi dhatêng kawula, ngawonakên dhatêng tiyang ingkang nyulayani dhatêng kawula.
وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ كَانَ يَـُٔوْسًا٨٣
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru kāna ya'ūsā(n).
[83]
Lan sira dhawuha: Saiki kang nyata bênêr [bê...nêr] (iya iku agama Islam) wis têka. Dene kang luput têmênan (iya iku kaphir) sirna. Satêmêne barang kang luput iku, enggal lawas mêsthi sirna.
قُلْ كُلٌّ يَّعْمَلُ عَلٰى شَاكِلَتِهٖۗ فَرَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ اَهْدٰى سَبِيْلًا ࣖ٨٤
Qul kulluy ya‘malu ‘alā syākilatih(ī), fa rabbukum a‘lamu biman huwa ahdā sabīlā(n).
[84]
Ingsun nurunake tămba saka ing Kuran lan rahmat marang para wong mukmin, ewadene tumrape marang wong kaphir duraka, Kuran mau ora muwuhi apa-apa, mung muwuhi kêsasar.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الرُّوْحِۗ قُلِ الرُّوْحُ مِنْ اَمْرِ رَبِّيْ وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنَ الْعِلْمِ اِلَّا قَلِيْلًا٨٥
Wa yas'alūnaka ‘anir-rūḥ(i), qulir-rūḥu min amri rabbī wa mā ūtītum minal-‘ilmi illā qalīlā(n).
[85]
Mênawa Ingsun paring kabungahan marang para wong kaphir, wong kaphir mau malengos (ora gêlêm sukur) lan ngingêr lambunge. Dene mênawa si kaphir mau kambah ing barang kang ala, banjur mutung (ora pisan ngarêp-arêp sihing Allah).
وَلَىِٕنْ شِئْنَا لَنَذْهَبَنَّ بِالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ بِهٖ عَلَيْنَا وَكِيْلًاۙ٨٦
Wa la'in syi'nā lanażhabanna bil-lażī auḥainā ilaika ṡumma lā tajidu laka bihī ‘alainā wakīlā(n).
[86]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Siji-sijining wong iku nguningani bangêt marang wong kang panêmune bênêr, ngambah dalaning Allah.
اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۗ اِنَّ فَضْلَهٗ كَانَ عَلَيْكَ كَبِيْرًا٨٧
Illā raḥmatam mir rabbik(a), inna faḍalahū kāna ‘alaika kabīrā(n).
[87]
(He Mukhammad) wong Yahudi padha takon marang sira prakara roh (kang minangkani uriping badan wadhag), iku sira wangsulana mangkene: Roh iku ewoning prakara kang magêpokan Allah Pangeranku. Ngilmuning Allah kang diparingake marang sira ora sapira, mung sathithik bangêt.
قُلْ لَّىِٕنِ اجْتَمَعَتِ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِمِثْلِ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لَا يَأْتُوْنَ بِمِثْلِهٖ وَلَوْ كَانَ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ ظَهِيْرًا٨٨
Qul la'inijtama‘atil-insu wal-jinnu ‘alā ay ya'tū bimiṡli hāżal-qur'āni lā ya'tūna bimiṡlihī wa lau kāna ba‘ḍuhum liba‘ḍin ẓahīrā(n).
[88]
Mênawa ana kaparênge karsaningsun, bisa uga [u....ga] kêlakon, Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang sira iku, Ingsun dhawuhake marang sira iku[1] Ingsun pundhut (saka atining manungsa lan saka ing têtulisan) sailanging Kuran, sira ora bisa olèh andêl-andêl kang bisa ambalèkake Kuran.
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٨٩
Wa laqad ṣarrafnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[89]
Kajaba yèn ana tumètèsing rahmat saka Allah Pangeranira, satêmêne kanugrahaning Allah marang sira iku gêdhe.
وَقَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْاَرْضِ يَنْۢبُوْعًاۙ٩٠
Wa qālū lan nu'mina laka ḥattā tafjura lanā minal-arḍi yambū‘ā(n).
[90]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Upama sarupaning manungsa lan jin iku sayuk padha gawe anggitan kang madhani Kuran iki, mêsthi ora bisa gawe anggitan kang madhani Kuran. sanadyan tulung-tinulung siji lan sijine, iya ora bisa.
اَوْ تَكُوْنَ لَكَ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّعِنَبٍ فَتُفَجِّرَ الْاَنْهٰرَ خِلٰلَهَا تَفْجِيْرًاۙ٩١
Au takūna laka jannatum min nakhīliw wa ‘inabin fa tufajjiral-anhāra khilālahā tafjīrā(n).
[91]
Ingsun wis ambolan-balèni anggêlar upama pirang-pirang manungsa ana sajroning Kuran iki, ewadene manungsa iku kang akè[2] padha mopo ing parentah, anane mung maido.
اَوْ تُسْقِطَ السَّمَاۤءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا اَوْ تَأْتِيَ بِاللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ قَبِيْلًاۙ٩٢
Au tusqiṭas-samā'a kamā za‘amta ‘alainā kisafan au ta'tiya billāhi wal-malā'ikati qabīlā(n).
[92]
Wong kaphir padha ngucap mangkene: Kula botên ngandêl cariyos sampeyan, kajawi mênawi sampeyan sagêd ngudalakên umbul wontên ing bumi Mêkah ngriki.
اَوْ يَكُوْنَ لَكَ بَيْتٌ مِّنْ زُخْرُفٍ اَوْ تَرْقٰى فِى السَّمَاۤءِ ۗوَلَنْ نُّؤْمِنَ لِرُقِيِّكَ حَتّٰى تُنَزِّلَ عَلَيْنَا كِتٰبًا نَّقْرَؤُهٗۗ قُلْ سُبْحَانَ رَبِّيْ هَلْ كُنْتُ اِلَّا بَشَرًا رَّسُوْلًا ࣖ٩٣
Au yakūna laka baitum min zukhrufin au tarqā fis-samā'(i), wa lan nu'mina liruqiyyika ḥattā tunazzila ‘alainā kitāban naqra'uh(ū), qul subḥāna rabbī hal kuntu illā basyarar rasūlā(n).
[93]
Utawi mênawi sampeyan gadhah pasitèn [pasitè...n] wontên ing Mêkah ngriki, isi wit kurma saha anggur, salajêngipun sampeyan angwontênakên tuk ingkang lajêng dados lèpèn mili pating sarèwèh wontên sasêlaning wit-witan wau, punika kula ngandêl ing sampeyan.
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰٓى اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَبَعَثَ اللّٰهُ بَشَرًا رَّسُوْلًا٩٤
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā illā an qālū aba‘aṡallāhu basyarar rasūlā(n).
[94]
Utawi mênawi sampeyan sagêd ngrêntahakên gêgêmpalaning langit dhatêng ing bumi, kados ingkang sampun nate sampeyan pangandikakakên rumiyin. Utawi mênawi sampeyan sagêd ngaturi Gusti Allah saha para Malaikat sami rawuh ing ngriki kalayan kasat mata ing tiyang kathah, nêksèni yèn pangandika sampeyan punika têmên
قُلْ لَّوْ كَانَ فِى الْاَرْضِ مَلٰۤىِٕكَةٌ يَّمْشُوْنَ مُطْمَىِٕنِّيْنَ لَنَزَّلْنَا عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَلَكًا رَّسُوْلًا٩٥
Qul lau kāna fil-arḍi malā'ikatuy yamsyūna muṭma'innīna lanazzalnā ‘alaihim minas-samā'i malakar rasūlā(n).
[95]
Utawi mênawi sampeyan gadhah griya mas, utawi mênawi sampeyaning[3] sagêd minggah ing langit (punika kula ngandêl ing sampeyan) mênawi sampeyan ngakên minggah ing langit, kula botên ngandêl, kajawi mênawi sampeyan ngudhunakên kitab saking langit, ingkang mratelakakên bilih pangandika sampeyan punika têmên, kitab wau lajêng kula waos. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah Pangeranku Mahasuci. Aku iki sapa ta, ora liya mung manungsa dadi utusaning Allah.
قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا٩٦
Qul kafā billāhi syahīdam bainī wa bainakum, innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[96]
Manungsa iku mênawa diundhangi pituduh bênêr, kang makewuhi ênggone ngandêl mung pangucape mangkene: Ya gene Allah têka ngutus manungsa (ora karsa ngutus Malaikat).
وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ عُمْيًا وَّبُكْمًا وَّصُمًّاۗ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنٰهُمْ سَعِيْرًا٩٧
Wa may yahdillāhu fa huwal-muhtad(i), wa may yuḍlil falan tajida lahum auliyā'a min dūnih(ī), wa naḥsyuruhum yaumal-qiyāmati ‘alā wujūhihim ‘umyaw wa bukmaw wa ṣummā(n), ma'wāhum jahannam(u), kullamā khabat zidnāhum sa‘īrā(n).
[97]
(He Mukhammad) sira dhawuha: (Dhawuhing Allah): Upama ing bumi iku isi Malaikat kang padha lumaku lan omah-omah, mêsthi Ingsun turuni utusan Malaikat saka ing langit.
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٩٨
Żālika jazā'uhum bi'annahum kafarū bi'āyātinā wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[98]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Mungguh ênggonku pasulayan lan kowe iki, cukup disêksèni lan dipancas dening Allah. Satêmêne Allah iku waspada ênggone mirsani para kawulane.
۞ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ وَجَعَلَ لَهُمْ اَجَلًا لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ فَاَبَى الظّٰلِمُوْنَ اِلَّا كُفُوْرًا٩٩
Awalam yarau annallāhal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa qādirun ‘alā ay yakhluqa miṡlahum wa ja‘ala lahum ajalal lā raiba fīh(i), fa abaẓ-ẓālimūna illā kufūrā(n).
[99]
Sing sapa dituduhake dalan bênêr dening Allah, wong mau têtêp olèh pituduh bênêr. Dene sing sapa dikarsakake sasar dening Allah, wong mau ora bisa olèh andêl- andêl kang bisa nulungi marang awake, liyane Allah. Ing besuk dina kiyamat, nalikane Ingsun tangèkake saka ing kubur, padha lumaku sarana raine (ora sarana sikile), matane picak, cangkême bisu, sarta kupinge budhêg. Panggonane ana ing naraka Jahanam. Sabên urube mati marga kulite wis dadi arêng, ingsun salini kulit [ku...lit] anyar, banjur sangsaya murub mulad-mulad.
قُلْ لَّوْ اَنْتُمْ تَمْلِكُوْنَ خَزَاۤىِٕنَ رَحْمَةِ رَبِّيْٓ اِذًا لَّاَمْسَكْتُمْ خَشْيَةَ الْاِنْفَاقِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ قَتُوْرًا ࣖ١٠٠
Qul lau antum tamlikūna khazā'ina raḥmati rabbī iżal la'amsaktum khasy-yatal-infāq(i), wa kānal-insānu qatūrā(n).
[100]
Mangkono iku pituwase para wong kaphir, ênggone padha maido ayat Ingsun lan padha ngucap mangkene: Besuk mênawa aku wis mati, wis dadi balung kang pisah-pisah lan daging kang ajur, apa nyata aku bakal ditangèkake saka ing pati, banjur dadi titah anyar.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى تِسْعَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ فَسْـَٔلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِذْ جَاۤءَهُمْ فَقَالَ لَهٗ فِرْعَوْنُ اِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰمُوْسٰى مَسْحُوْرًا١٠١
Wa laqad ātainā mūsā tis‘a āyātim bayyinātin fas'al banī isrā'īla iż jā'ahum fa qāla lahū fir‘aunu innī la'aẓunnuka yā mūsā masḥūrā(n).
[101]
Wong kaphir mau apa dha[4] ora wêruh yèn Allah kang gawe bumi lan langit kang samono gêdhene, iku kawasa gawe wong padhane wong kaphir kang mung samono bae. Lan namtokake wêwangên matine lan tangine saka ing pati (mêsthi kêlakon), ora sumêlang. Wong kaphir padha mopo pracaya, anane mung padha maido.
قَالَ لَقَدْ عَلِمْتَ مَآ اَنْزَلَ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ بَصَاۤىِٕرَۚ وَاِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰفِرْعَوْنُ مَثْبُوْرًا١٠٢
Qāla laqad ‘alimta mā anzala hā'ulā'i illā rabbus-samāwāti wal-arḍi baṣā'ir(a), wa innī la'aẓunnuka yā fir‘aunu maṡbūrā(n).
[102]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir: Upama kowe padha duwe gêdhong pasimpênane rahmating Pangeranku, mêsthi kowe kumêd, kuwatir yèn êntèk marga diwèwèhake. Manungsa iku wis watêke kumêd.
فَاَرَادَ اَنْ يَّسْتَفِزَّهُمْ مِّنَ الْاَرْضِ فَاَغْرَقْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ جَمِيْعًاۙ١٠٣
Fa arāda ay yastafizzahum minal arḍi fa agraqnāhu wa mam ma‘ahū jamī‘ā(n).
[103]
Ingsun wis maringi tăndha yêkti kang cêtha sangang warna marang Nabi Musa. Mara sira andangua marang wong Bani Srail, kapriye lêlakone Raja Phirngon nalika ditêkani Nabi Musa. Raja Phirngon madoni marang Nabi Musa: He Musa, panêmuku kowe iku wong kêna ing sikhir.
وَّقُلْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ لِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اسْكُنُوا الْاَرْضَ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيْفًاۗ١٠٤
Wa qulnā mim ba‘dihī libanī isrā'īlaskunul-arḍa fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati ji'nā bikum lafīfā(n).
[104]
Nabi Musa mangsuli marang Raja Phirngon: Sampeyan sampun sumêrêp bilih ingkang nurunakên tăndha yêkti sangang warni punika dede sintên-sintên kajawi namung Allah Pangeranipun bumi kalihan langit, makatên punika sampun cêtha, ewadene sampeyan têguh, mila pamanggih kula sampeyan punika badhe risak.
وَبِالْحَقِّ اَنْزَلْنٰهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۘ١٠٥
Wa bil-ḥaqqi anzalnāhu wa bil-ḥaqqi nazal(a), wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[105]
Raja Phirngon banjur tumandang nêdya numpês wong Bani Srail, disirnakake saka ing bumi, wusana Raja Phirngon sabalane kabèh padha Ingsun kêlêm ing sagara.
وَقُرْاٰنًا فَرَقْنٰهُ لِتَقْرَاَهٗ عَلَى النَّاسِ عَلٰى مُكْثٍ وَّنَزَّلْنٰهُ تَنْزِيْلًا١٠٦
Wa qur'ānan faraqnāhu litaqra'ahū ‘alan-nāsi ‘alā mukṡiw wa nazzalnāhu tanzīlā(n).
[106]
Sapungkure Raja Phirngon, Ingsun ngandika marang wong Bani Srail saiki sira padha manggona ana ing bumi (Mêsir lan bumi ing Sam). Dene besuk yèn wis têkan ing wêwangên kêlakone dina kiyamat, sira kabèh padha Ingsun kalumpukake. Ingsun wis nurunake Kuran kalawan nyata, kêlakone tumuruning Kuran uga kalawan nyata. Dene ênggon Ingsun ngutus marang sira Mukhammad, ora liwat mung Ingsun karsakake ambêbungah (Marang wong kang pracaya bakal olèh [o......lèh] ganjaran suwarga), sarta mêmêdèni (marang wong kang maido bakal padha disiksa ana ing naraka).
قُلْ اٰمِنُوْا بِهٖٓ اَوْ لَا تُؤْمِنُوْاۗ اِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهٖٓ اِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ يَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ سُجَّدًاۙ١٠٧
Qul āminū bihī au lā tu'minū, innal-lażīna ūtul-‘ilma min qablihī iżā yutlā ‘alaihim yakhirrūna lil-ażqāni sujjadā(n).
[107]
Ingsun mijangake lan anjalèrtrèhake Kuran supaya sira wacaa lan sira dhawuhna marang para manungsa kalawan sarênti lan lumintu, Kuran mau Ingsun turunake saka sathithik.
وَّيَقُوْلُوْنَ سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُوْلًا١٠٨
Wa yaqūlūna subḥāna rabbinā in kāna wa‘du rabbinā lamaf‘ūlā(n).
[108]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe (mênawa kêpengin bêgja) padha ngandêla marang Kuran utawa (yèn kowe nêmaha cilaka) aja ngandêl marang Kuran. Sarupane wong kang kanggonan ngilmu sadurunge Kuran iki, mênawa diwacakake Kuran banjur padha sumungkêm bathuke, sujud ing Allah. Unjuke: Allah Pangeran kawula Mahasuci. Sayêktosipun prasêtyaning Allah Pangeran Kawula, mêsthi kalêksanan.
وَيَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ يَبْكُوْنَ وَيَزِيْدُهُمْ خُشُوْعًا ۩١٠٩
Wa yakhirrūna lil-ażqāni yabkūna wa yazīduhum khusyū‘ā(n).
[109]
Lan padha sumungkêm bathuke, sujud kanthi nangis, apadene wuwuh konjêm ing Allah.
قُلِ ادْعُوا اللّٰهَ اَوِ ادْعُوا الرَّحْمٰنَۗ اَيًّا مَّا تَدْعُوْا فَلَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۚ وَلَا تَجْهَرْ بِصَلَاتِكَ وَلَا تُخَافِتْ بِهَا وَابْتَغِ بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًا١١٠
Qulid‘ullāha awid‘ur-raḥmān(a), ayyam mā tad‘ū fa lahul-asmā'ul-ḥusnā, wa lā tajhar biṣalātika wa lā tukhāfit bihā wabtagi baina żālika sabīlā(n).
[110]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe padha nyênyuwuna ing Allah utawa nyênyuwuna ing Pangeran kang Mahamurah, êndi asmaning Allah kang koênggo nyênyuwun, kêna: Allah iku kagungan asma kang agung. Lan manèh ênggonmu sêmbayang aja kabèh kosêrokake, lan aja kabèh kolirihake. Murih antarane dalan sêru lan lirih.
وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلِيٌّ مِّنَ الذُّلِّ وَكَبِّرْهُ تَكْبِيْرًا ࣖ١١١
Wa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa lam yakul lahū waliyyum minaż-żulli wa kabbirhu takbīrā(n).
[111]
Lan munjuka mangkene: Sakathahing puji pangalêmbana punika sadaya konjuk ing Allah, ingkang botên pêputra, karatonipun botên wontên ingkang nyamèni, punapadene botên asor butuh dhatêng pitulunganing liyan. Lan sira nyêbuta agung marang Allah.