Surah An-Nahl

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَتٰىٓ اَمْرُ اللّٰهِ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْهُ ۗسُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ١
Atā amrullāhi falā tasta‘jilūh(u), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[1] Dhawuhing Allah bakal têkane dina kiyamat, wis mêsthi kêlakon. Sira aja padha anggege têkane dina kiyamat. Allah iku Mahasuci tur Mahaluhur. Adoh bangêt yèn kayaa pangucape wong kang padha maro tingal.

يُنَزِّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ بِالرُّوْحِ مِنْ اَمْرِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ اَنْ اَنْذِرُوْٓا اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاتَّقُوْنِ٢
Yunazzilul-malā'ikata bir-rūḥi min amrihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādihī an anżirū annahū lā ilāha illā ana fattaqūn(i).
[2] Allah nurunake Malaikat Jabarail, ngêmban wahyu timbalaning Allah marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane, dipilih dadi Nabi lan Rasul, dhawuhe: Sira mêmulanga marang manungsa, padha sira wêruhna yèn ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr [bê.....nêr] kajaba Ingsun pribadi, sarta padha sira wêdèkna marang siksaningsun, mulane manungsa padha wêdia marang Ingsun.

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ تَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٣
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[3] Allah iku kang nganakake bumi lan langit kalawan nyata, sarta Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa pangucape wong kang padha maro tingal.

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ٤
Khalaqal-insāna min nuṭfatin fa iżā huwa khaṣīmum mubīn(un).
[4] Allah iku kang gawe manungsa saka ing kama, barêng wis dadi manusa, banjur madoni marang dhawuhing Allah (golèk-golèk wêwaton kang diênggo garan maido bakal tangine wong kang wis mati).

وَالْاَنْعَامَ خَلَقَهَا لَكُمْ فِيْهَا دِفْءٌ وَّمَنَافِعُ وَمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ٥
Wal-an‘āma khalaqahā lakum fīhā dif'uw wa manāfi‘u wa minhā ta'kulūn(a).
[5] Lan manèh Allah gawe rajakaya, migunani marang sira manusa kabèh, ana wulune kang kêna ginawe sandhangan, lan ana puhane kang bisa dadi rijêki, lan ana pigunane manèh akèh, apadene daginge enak pinangan.

وَلَكُمْ فِيْهَا جَمَالٌ حِيْنَ تُرِيْحُوْنَ وَحِيْنَ تَسْرَحُوْنَۖ٦
Wa lakum fīhā jamālun ḥīna turīḥūna wa ḥīna tasraḥūn(a).
[6] Rajakaya mau nalikane sira culake marang pangonan lan nalika sira giring mulih, uga dadi rêrêngganira, kang ambungahake marang sira.

وَتَحْمِلُ اَثْقَالَكُمْ اِلٰى بَلَدٍ لَّمْ تَكُوْنُوْا بٰلِغِيْهِ اِلَّا بِشِقِّ الْاَنْفُسِۗ اِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌۙ٧
Wa taḥmilu aṡqālakum ilā baladil lam takūnū bāligīhi illā bisyiqqil-anfus(i), inna rabbakum lara'ūfur raḥīm(un).
[7] Rajakaya mau uga anggawa gêgawanira kang abot marang liya nagara, kang sira ora bisa têkan ing nagara liya mau kajaba kalawan rêkasa. Satêmêne Pangeranira iku wêlas asih marang kawula.

وَّالْخَيْلَ وَالْبِغَالَ وَالْحَمِيْرَ لِتَرْكَبُوْهَا وَزِيْنَةًۗ وَيَخْلُقُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨
Wal-khaila wal-bigāla wal-ḥamīra litarkabūhā wa zīnah(tan), wa yakhluqu mā lā ta‘lamūn(a).
[8] Mangkono manèh Allah gawe jaran lan bihal [biha...l] lan khimar, pêrlune supaya dadia têtungganganira lan rêrêngganira. Kajaba iku Allah gawe liyane kang wis kasêbut mau kang sira padha ora wêruh.

وَعَلَى اللّٰهِ قَصْدُ السَّبِيْلِ وَمِنْهَا جَاۤىِٕرٌ ۗوَلَوْ شَاۤءَ لَهَدٰىكُمْ اَجْمَعِيْنَ ࣖ٩
Wa ‘alallāhi qaṣdus-sabīli wa minhā jā'ir(un), wa lau syā'a lahadākum ajma‘īn(a).
[9] Allah mêsthi nêrang-nêrangake dalan bênêr kang anjog marang kaslamêtan. Sawênèhing dalan ana uga dalan kang nyimpang marang sasar. Upama ana parêng karsaning Allah, Sira iku kabèh dikarsakake ngambah dalan kang bênêr, mêsthi kalakon mangkono.

هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لَّكُمْ مِّنْهُ شَرَابٌ وَّمِنْهُ شَجَرٌ فِيْهِ تُسِيْمُوْنَ١٠
Huwal-lażī anzala minas-samā'i mā'al lakum minhu syarābuw wa minhu syajarun fīhi tusīmūn(a).
[10] Allah iku kang nurunake banyu udan saka ing langit, kang kêna sira ombe, lan uga diênggo nukulake lan nguripi sakèhing kêkayon, kang sira ênggo makani rajakayanira.

يُنْۢبِتُ لَكُمْ بِهِ الزَّرْعَ وَالزَّيْتُوْنَ وَالنَّخِيْلَ وَالْاَعْنَابَ وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ١١
Yumbitu lakum bihiz-zar‘a waz-zaitūna wan-nakhīla wal-a‘nāba wa min kulliṡ-ṡamarāt(i), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yatafakkarūn(a).
[11] Allah nukulake têtanduran ing sawah lan uwit jaitun lan kurma lan anggur, apadene sarupaning wowohan, nganggo banyu udan mau. Kabèh iku migunani ing sira. Kang mangkono iku tumrap wong kang padha gêlêm mikir, mêsthi dadi tăndha yêkti yèn Allah iku Mahakawasa.

وَسَخَّرَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۙ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۗوَالنُّجُوْمُ مُسَخَّرٰتٌۢ بِاَمْرِهٖ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَۙ١٢
Wa sakhkhara lakumul-laila wan-nahār(a), wasy-syamsa wal-qamar(a), wan-nujūmu musakhkharātum bi'amrih(ī), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[12] Allah maringake rina lan wêngi, apadene srêngenge lan rêmbulan marang sira, kang mangkono manèh lintang iku kabèh padha sumungkêm manut sakarsaning Allah. Kang mangkono mau tumrap wong gênêp akale kang padha gêlêm nitèn-nitèni, mêsthi dadi tăndha yêkti pirang-pirang.

وَمَا ذَرَاَ لَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُخْتَلِفًا اَلْوَانُهٗ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّذَّكَّرُوْنَ١٣
Wa mā żara'a lakum fil-arḍi mukhtalifan alwānuh(ū), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yażżakkarūn(a).
[13] Lan manèh Allah maringake marang sira samubarang kang wis digawe dening Allah ana ing bumi warna-warna rupane. Kang mangkono iku tumrap wong kang padha bisa eling, doyan pitutur bêcik, mêsthi dadi tăndha yêkti.

وَهُوَ الَّذِيْ سَخَّرَ الْبَحْرَ لِتَأْكُلُوْا مِنْهُ لَحْمًا طَرِيًّا وَّتَسْتَخْرِجُوْا مِنْهُ حِلْيَةً تَلْبَسُوْنَهَاۚ وَتَرَى الْفُلْكَ مَوَاخِرَ فِيْهِ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٤
Wa huwal-lażī sakhkharal-baḥra lita'kulū minhu laḥman ṭariyyaw wa tastakhrijū minhu ḥilyatan talbasūnahā, wa taral-fulka mawākhira fīhi wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[14] Allah iku kang nyungkêmake sagara, diparingake marang sira, supaya sira padha mangana iwake kang ora asin, lan supaya sira apèka rêrênggan kang sira ênggo pêpaos[6] saka ing sagara mau (kayata mutyara lan mêrjan sapêpadhane), apadene sira andêlêng prau padha wira-wiri layar ana ing sagara mau, lan supaya sira padha golèka kauntungan saka sih kanugrahaning Allah. Allah ênggone pêparing kang mangkono mau, supaya sira padha sukura ing Allah.

وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ وَاَنْهٰرًا وَّسُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ١٥
Wa alqā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bikum wa anhāraw wa subulal la‘allakum tahtadūn(a).
[15] Lan manèh Allah iku andèkèki gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi iku aja gonjang-ganjing ngobah-obah marang sira, lan uga andèkèki bêngawan lan kali-kali, apadene dalan-dalan pirang-pirang, supaya sira wêruh tujuning sêdya ênggonira padha lêlungan.

وَعَلٰمٰتٍۗ وَبِالنَّجْمِ هُمْ يَهْتَدُوْنَ١٦
Wa ‘alāmāt(in), wa bin-najmi hum yahtadūn(a).
[16] Mangkono uga Allah andèkèki têtêngêring dalan (kayata ing wayah awan ana têtêngêr gunung, dene ing wayah wêngi) wong lêlaku bisa olèh tuduh dalan marga saka nêngeri lintang-lintang.

اَفَمَنْ يَّخْلُقُ كَمَنْ لَّا يَخْلُقُۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ١٧
Afamay yakhluqu kamal lā yakhluq(u), afalā tażakkarūn(a).
[17] Allah kang wis gawe samubarang kang dumadi iki kabèh, apa padha bae lan brahala kang ora bisa gawe apa-apa iku, (mêsthi beda bangêt) ya gene sira padha ora eling kang mangkono mau.

وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٨
Wa in ta‘uddū ni‘matallāhi lā tuḥṣūhā, innallāha lagafūrur raḥīm(un).
[18] Mênawa sira arêp milang pêparinging Allah kabungahan marang para kawulane, mêsthi sira ora bisa nacahake. Satêmêne Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosaning wong kang tobat tur Maha-asih.

وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُسِرُّوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَ١٩
Wallāhu ya‘lamu mā tusirrūna wa mā tu‘linūn(a).
[19] Allah iku nguningani samubarang kang padha sira sidhêm lan samubarang kang sira êdhèng.

وَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَۗ٢٠
Wal-lażīna yad‘ūna min dūnillāhi lā yakhluqūna syai'aw wa hum yukhlaqūn(a).
[20] 20. Brahala kang padha disêmbah dening wong kaphir iku dudu Allah, mulane ora bisa gawe apa-apa, malah brahala iku bisane dadi nganggo sarana digawe.

اَمْوَاتٌ غَيْرُ اَحْيَاۤءٍ ۗوَمَا يَشْعُرُوْنَۙ اَيَّانَ يُبْعَثُوْنَ ࣖ٢١
Amwātun gairu aḥyā'(in), wa mā yasy‘urūna ayyāna yub‘aṡūn(a).
[21] Brahala iku kabèh diewokake barang mati, dudu barang urip ora duwe pangrasa utawa pangajap.

اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۚفَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ قُلُوْبُهُمْ مُّنْكِرَةٌ وَّهُمْ مُّسْتَكْبِرُوْنَ٢٢
Ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), fal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati qulūbuhum munkiratuw wa hum mustakbirūn(a).
[22] Besuk apa wong kaphir iku padha ditangèkake saka ing pati (bakal padha tak selaki).

لَا جَرَمَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْتَكْبِرِيْنَ٢٣
Lā jarama annallāha ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a), innahū lā yuḥibbul-mustakbirīn(a).
[23] Pangeranira kang wajib disêmbah iku Allah kang Esa. Dene wong kang padha ora pracaya marang akhirat [akhira.....t] iku batine gumêdhe, padha maido marang Allah.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ مَّاذَآ اَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۙقَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٢٤
Wa iżā qīla lahum māżā anzala rabbukum, qālū asāṭīrul-awwalīn(a).
[24] Wis mêsthi Allah nguningani samubarang kang disidhêm lan diêdhèng dening para wong kaphir mau.

لِيَحْمِلُوْٓا اَوْزَارَهُمْ كَامِلَةً يَّوْمَ الْقِيٰمَةِ ۙوَمِنْ اَوْزَارِ الَّذِيْنَ يُضِلُّوْنَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَزِرُوْنَ ࣖ٢٥
Liyaḥmilū auzārahum kāmilatay yaumal-qiyāmah(ti), wa min auzāril-lażīna yuḍillūnahum bigairi ‘ilm(in), alā sā'a mā yazirūn(a).
[25] Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang gumêdhe.

قَدْ مَكَرَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَاَتَى اللّٰهُ بُنْيَانَهُمْ مِّنَ الْقَوَاعِدِ فَخَرَّ عَلَيْهِمُ السَّقْفُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَاَتٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَ٢٦
Qad makaral-lażīna min qablihim fa atallāhu bun-yānahum minal-qawā‘idi fa kharra ‘alaihimus-saqfu min fauqihim wa atāhumul-‘ażābu min ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[26] Wong kaphir mau mênawa padha ditakoni: Kuran kang didhawuhake dening Allah Pangeranira iku apa, banjur padha mangsuli: Panêmuku iku kabèh barang goroh.

ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُخْزِيْهِمْ وَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تُشَاۤقُّوْنَ فِيْهِمْ ۗقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ اِنَّ الْخِزْيَ الْيَوْمَ وَالسُّوْۤءَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۙ٢٧
Ṡumma yaumal-qiyāmati yukhzīhim wa yaqūlu aina syurakā'iyal-lażīna kuntum tusyāqqūna fīhim, qālal-lażīna ūtul-‘ilma innal-khizyal-yauma was-sū'a ‘alal-kāfirīn(a).
[27] Dadi wong kaphir mau besuk dina kiyamat, padha mikul dosane dhewe-dhewe kalawan wutuh, sarta dosane wong kang bodho tanpa kawruh, disasarake mung manut bae. Iba alane ênggone mikul dosa mau.

الَّذِيْنَ تَتَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۖفَاَلْقَوُا السَّلَمَ مَا كُنَّا نَعْمَلُ مِنْ سُوْۤءٍ ۗبَلٰىٓ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌۢ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٨
Allażīna tatawaffāhumul-malā'ikatu ẓālimī anfusihim, fa alqawus-salama mā kunnā na‘malu min sū'(in), balā innallāha ‘alīmum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[28] Sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, Raja Namrud biyèn ngadani gawe paekan (iya iku ngadêgake panggung, karêpe bisaa sundhul ing langit, sedyane arêp ngayoni pêrang marang para Malaikat saisining langit), Allah banjur ngrusak panggung mau saka ing talêse pisan. Raja Namrud sabalane kabèh padha kêbrukan payoning panggung mau saka ing dhuwur, lan banjur ditêmpuh siksaning Allah. Wong mau padha ora rumasa yèn bakal [ba...kal] tinêmpuh ing siksa.

فَادْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗفَلَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٢٩
Fadkhulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fa labi'sa maṡwal-mutakabbirīn(a).
[29] Sawise rusak, besuk dina kiyamat Raja Namrud sabalane mau, padha dirèmèhake kalawan disiksa, ing kono Allah ngandika: Endi kang sira dêgake dadi têtimbangan Ingsun biyèn, kang sira ênggo garan nyulayani wong kang padha pracaya marang Ingsun. Ing no[7] wong kang padha diparingi kawruh nyata (iya iku para Nabi) padha calathu: Ing dina iki siksa kang ngrèmèhake mêsthi nêmpuh marang sarupane wong kaphir.

۞ وَقِيْلَ لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا مَاذَآ اَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۗقَالُوْا خَيْرًا ۚلِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۗوَلَدَارُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌ ۗوَلَنِعْمَ دَارُ الْمُتَّقِيْنَۙ٣٠
Wa qīla lil-lażīnattaqau māżā anzala rabbukum, qālū khairā(n), lil-lażīna aḥsanū fī hāżihid-dun-yā ḥasanah(tun), wa ladārul-ākhirati khair(un), wa lani‘ma dārul-muttaqīn(a).
[30] Kang padha dijabut nyawane dening Malaikat pati, wong mau padha nganiaya awake dhewe sarana ênggone kaphir, ing kono banjur padha ngrêrêpa, ature: Kula punika botên anglampahi awon malih tingal. Malaikat banjur dhawuh, iya sauni-unimu, nanging satêmêne Allah nguningani samubarang kang padha kolakoni.

جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَ ۗ كَذٰلِكَ يَجْزِى اللّٰهُ الْمُتَّقِيْنَۙ٣١
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā tajrī min taḥtihal-anhāru lahum fīhā mā yasyā'ūn(a), każālika yajzillāhul-muttaqīn(a).
[31] Saiki kowe padha malêbua lawanging naraka Jahanam, sarta langgêng ana ing kono. Iba alaning panggonan kang didunungi para wong gumêdhe, suthik pracaya ing Allah.

الَّذِيْنَ تَتَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ طَيِّبِيْنَ ۙيَقُوْلُوْنَ سَلٰمٌ عَلَيْكُمُ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٣٢
Allażīna tatawafāhumul-malā'ikatu ṭayyibīn(a), yaqūlūna salāmun ‘alaikumudkhulul-jannata bimā kuntum ta‘malūn(a).
[32] Wong kang padha wêdi ing Allah ora maro tingal, nalika padha ditakoni (dening para wong Ngarab kang padha têka prêlu ngrêmbug Kuran lan ka-Rasulane Nabi Mukhammad, pitakone mangkene): Kuran kang didhawuhake dening Pangeranmu iku apa. Wangsulane: Allah andhawuhake bêcik. Sarupane wong kang nglakoni bêcik, pracaya ing Allah, ana ing dunya iki bakal olèh wêwalês bêcik, dene ganjarane besuk ana ing Akhirat, iku luwih bêcik manèh. Eba bêcike suwarga panggonane wong kang padha wêdi ing Allah.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ يَأْتِيَ اَمْرُ رَبِّكَ ۗ كَذٰلِكَ فَعَلَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗوَمَا ظَلَمَهُمُ اللّٰهُ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٣٣
Hal yanẓurūna illā an ta'tiyahumul-malā'ikatu au ya'tiya amru rabbik(a), każālika fa‘alal-lażīna min qablihim, wa mā ẓalamahumullāhu wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[33] Iya iku suwarga Ngadan kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Wong kang wêdi ing Allah padha malêbu ing suwarga mau (ana ing kono padha langggêng), ana ing kono samubarang kang dikarêpake kêlakon. Mangkono iku ganjaraning Allah marang wong kang padha wêdi ing Allah.

فَاَصَابَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٣٤
Fa aṣābahum sayyi'ātu mā ‘amilū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[34] Kang padha dipulung nyawane dening Malaikat pati, wong mau padha mukmin suci saka maro tingal. Para Malaikat padha ambagèkake marang wong mukmin mau, têmbunge: Sampeyan sami kasugêngana, sumăngga sampeyan lajêng sami malêbêt ing suwarga, ganjaranipun anggèn sampeyan anglampahi sae.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا لَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا عَبَدْنَا مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍ نَّحْنُ وَلَآ اٰبَاۤؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍ ۗ كَذٰلِكَ فَعَلَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚفَهَلْ عَلَى الرُّسُلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٣٥
Wa qālal-lażīna asyrakū lau syā'allāhu mā ‘abadnā min dūnihī min syai'in naḥnu wa lā ābā'unā wa lā ḥarramnā min dūnihī min syai'(in), każālika fa‘alal-lażīna min qablihim, fahal ‘alar-rusuli illal-balāgul-mubīn(u).
[35] Wong kaphir kang padha maro tingal iku padha ngêntèni apa, kajaba ngêntèni têkane Malaikat pati, utawa têkaning siksa, utawa ngêntèni dina kiyamat. Kang mangkono iku uga wis dilakoni umat sadurunge sira. Allah ênggone ngrusak marang umat kuna mau ora jênêng nganiaya, malah para umat mau nganiaya marang awake dhedhewe,[8] sarana ênggone duraka lan kaphir.

وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلًا اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوْتَۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ هَدَى اللّٰهُ وَمِنْهُمْ مَّنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلٰلَةُ ۗ فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ٣٦
Wa laqad ba‘aṡnā fī kulli ummatir rasūlan ani‘budullāha wajtanibuṭ-ṭāgūt(a), fa minhum man hadallāhu wa minhum man ḥaqqat ‘alaihiḍ-ḍalālah(tu), fa sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[36] Patrapaning piala kang wis padha dilakoni, nêmpuh marang awake dhewe, apadene walêse ênggone padha anggêguyu marang Rasule nungkêm marang awake.

اِنْ تَحْرِصْ عَلٰى هُدٰىهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ يُّضِلُّ وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٣٧
In taḥriṣ ‘alā hudāhum fa innallāha lā yahdī may yuḍillu wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[37] Wong maro tingal padha ngucap mangkene, mênawa karsaning Allah iku (têmên anglarangi wong nyêmbah liyane Allah) măngsa kêlakona aku dalah para lêluhurku, padha nyêmbah barang-barang liyane Allah, (sarèhne kêlakon, aku dalah para lêluhurku padha nyêmbah liyane Allah, dadi têtela iku iya karsaning Allah kang wis diparêngake), lan manèh măngsa kêlakona aku ngaramake barang-barang kalawan karêpku dhewe, awit aku dudu Allah, (dadi ênggonku ngaramake barang-barang sakarêp-karêpku dhewe iku pancèn wis kaparêng karsaning Allah). Kang mangkono mau kabèh wis dilakoni dening para umat kuna, sadurunge wong maro tingal iku [i...ku] ana. Lah saiki kuwajibaning para Rasul apa ta manèh, kajaba mung ngundhangake parentahing Allah lan nyurup- nyurupake.

وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ لَا يَبْعَثُ اللّٰهُ مَنْ يَّمُوْتُۗ بَلٰى وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٣٨
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim, lā yab‘aṡullāhu may yamūt(u), balā wa‘dan ‘alaihi ḥaqqaw wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[38] Ingsun uga wis ngutus Rasul, Ingsun karsakake mêmulang maring siji-sijining umat mangkene: Sira padha nêmbaha ing Allah, lan padha nyingkirana pangajaking setan. Sawênèhing umat mau ana kang olèh pituduhing Allah (banjur manut marang Rasule), lan ana kang pinêsthi kêsasar (banjur maido marang Rasule). Mulane prayogane, sira anjajaha bumi, andêlênga patilasane para umat ing jaman kuna, mêsthi sira banjur wêruh kapriye lupiyane para umat kang padha maido marang Rasule.

لِيُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِيْ يَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِ وَلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰذِبِيْنَ٣٩
Liyubayyina lahumul-lażī yakhtalifūna fīhi wa liya‘lamal-lażīna kafarū annahum kānū-kāżibīn(a).
[39] (He Mukhammad), mênawa sira kadêrêng kudu murih supaya wong maro tingal iku arêpa pituduh bênêr, iku sira wêruha yèn Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang dikarsakake kêsasar. Wong kang kêsasar iku ora ana kang bisa nulungi.

اِنَّمَا قَوْلُنَا لِشَيْءٍ اِذَآ اَرَدْنٰهُ اَنْ نَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ࣖ٤٠
Innamā qaulunā lisyai'in iżā aradnāhu an naqūla lahū kun fa yakūn(u).
[40] Wong maro tingal mau padha supata nêbut asmaning Allah kalawan mathênthêng, ngarani yèn Allah iku ora bakal nguripake wong wis mati. (Pangandikaning Allah): Iya, Allah mêsthi nguripake [nguripa....ke] wong kang wis padha mati, janjining Allah mangkono mau mêsthi nyata. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora wêruh.

وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۙ٤١
Wal-lażīna hājarū fillāhi mim ba‘di mā ẓulimū lanubawwi'annahum fid-dun-yā ḥasanah(tan), wa la'ajrul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[41] Allah ênggone nguripake wong kang wis mati mau, diênggo anggêlar kanyataan marang wong maro tingal, kang padha nyulayani marang wong mukmin, prakara bakal tangine wong kang wis mati, lan manèh supaya wong kaphir padha wêruh yèn pangucape ênggone maido bakal tangine wong mati iku goroh.

الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٤٢
Allażīna ṣabarū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[42] Mênawa Ingsun ngarsakake barang-barang, kang mêsthi Ingsun mung ngandika: Sira anaa. Barang kang Ingsun karsakake mau mêsthi banjur ana padha sanalika.

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَۙ٤٣
Wa mā arsalnā min qablika illā rijālan nūḥī ilaihim fas'alū ahlaż-żikri in kuntum lā ta‘lamūn(a).
[43] Sarupane wong kang wis dikaniaya, banjur padha ngalih saka Mêkah marang Madinah (Pêrlune arêp anglakoni agamaning Allah), mêsthi padha Ingsun paringi panggonan bêcik ana ing dunya. Dene ganjarane suwarga ing besuk ana ing akhirat, iku luwih gêdhe. Upama manungsa wêruh kang mangkono mau, mêsthi padha rêbut dhucung ngalih marang Madinah.

بِالْبَيِّنٰتِ وَالزُّبُرِۗ وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الذِّكْرَ لِتُبَيِّنَ لِلنَّاسِ مَا نُزِّلَ اِلَيْهِمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ٤٤
Bil-bayyināti waz-zubur(i), wa anzalnā ilaikaż-żikra litubayyina lin-nāsi mā nuzzila ilaihim wa la‘allahum yatafakkarūn(a).
[44] Iya iku wong kang padha sabar, têguh antêpe sanadyan dialani dening wong kaphir ing Mêkah. Sarta padha nyumanggakake ngandêl apa sakarsaning Pangerane.

اَفَاَمِنَ الَّذِيْنَ مَكَرُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّخْسِفَ اللّٰهُ بِهِمُ الْاَرْضَ اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَۙ٤٥
Afa aminal-lażīna makarus-sayyi'āti ay yakhsifallāhu bihimul-arḍa au ya'tiyahumul-‘ażābu min ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[45] Dhèk jaman kuna sadurunge sira, mênawa Ingsun nuduh utusan ora ngutus Malaikat, ngutus wong lanang kang Ingsun paringi wahyu, mênawa sira ora wêruh kang mangkono mau, mara sira têtakona marang wong kang padha lanyah marang kitab Torèt lan Injil.

اَوْ يَأْخُذَهُمْ فِيْ تَقَلُّبِهِمْ فَمَا هُمْ بِمُعْجِزِيْنَۙ٤٦
Au ya'khużahum fī taqallubihim famā hum bimu‘jizīn(a).
[46] Para Rasul mau padha Ingsun kanthèni tăndha yêkti pirang-pirang, sarta padha Ingsun paringi kitab. Ing mêngko Ingsun andhawuhake Kuran marang sira Mukhammad, supaya sira nêrang-nêrangna marang manungsa samubarang kang didhawuhake dening Allah marang manungsa mau, lan supaya manungsa mau padha ngrasak-ngrasakake.

اَوْ يَأْخُذَهُمْ عَلٰى تَخَوُّفٍۗ فَاِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٤٧
Au ya'khużahum ‘alā takhawwuf(in), fa inna rabbakum lara'ūfur raḥīm(un).
[47] Wong kang padha nandukake paekan murih ala marang Nabi Mukhammad iku upama duwea pikir, mêsthi padha ngandêl utawa kuwatir bokmênawa diuntal ing bumi saka karsaning Allah kang ora kêna kinira têkane.

اَوَلَمْ يَرَوْا اِلٰى مَا خَلَقَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍ يَّتَفَيَّؤُا ظِلٰلُهٗ عَنِ الْيَمِيْنِ وَالشَّمَاۤىِٕلِ سُجَّدًا لِّلّٰهِ وَهُمْ دَاخِرُوْنَ٤٨
Awalam yarau ilā mā khalaqallāhu min syai'iy yatafayya'u ẓilāluhū ‘anil-yamīni wasy-syamā'ili sujjadal lillāhi wa hum dākhirūn(a).
[48] Utawa tinêmpuh siksaning Allah pinuju lêlungan, wong mau măngsa bisaa murungake utawa oncat saka siksaning Allah.

وَلِلّٰهِ يَسْجُدُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ٤٩
Wa lillāhi yasjudu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi min dābbatiw wal-malā'ikatu wa hum yastakbirūn(a).
[49] Utawa bokmênawa dirusak dening Allah saka sathithik nganti rusak kabèh (iku prasasat nyarantèkake), awit Allah Pangeranira iku wêlas-asih. [wêlas-asih.]

يَخَافُوْنَ رَبَّهُمْ مِّنْ فَوْقِهِمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ ࣖ ۩٥٠
Yakhāfūna rabbahum min fauqihim wa yaf‘alūna mā yu'marūn(a).
[50] Wong mau apa padha ora andêlêng barang-barang gêgaweaning Allah, wêwayangane ngolah-ngalih saka ing têngên mangiwa lan saka kiwa manêngên, wêwayangan ênggone ngolah-ngalih mau konjêm sujud ing Allah.

۞ وَقَالَ اللّٰهُ لَا تَتَّخِذُوْٓا اِلٰهَيْنِ اثْنَيْنِۚ اِنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ٥١
Wa qālallāhu lā tattakhiżū ilāhainiṡnain(i), innamā huwa ilāhuw wāḥidun fa iyyāya farhabūn(i).
[51] Samubarang isèn-isèning bumi lan langit sanadyan gêgrêmêtan, iku kabèh padha sujud ing Allah, luwih manèh para Malaikat, iku ora ana kang gumêdhe.

وَلَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَهُ الدِّيْنُ وَاصِبًاۗ اَفَغَيْرَ اللّٰهِ تَتَّقُوْنَ٥٢
Wa lahū mā fis-samāwāti wal-arḍi wa lahud-dīnu wāṣibā(n), afagairallāhi tattaqūn(a).
[52] Para Malaikat kabèh padha wêdi ing Allah Pangerane, kang ana ing dhuwure, sarta padha nglakoni samubarang kang diparentahake.

وَمَا بِكُمْ مِّنْ نِّعْمَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ ثُمَّ اِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فَاِلَيْهِ تَجْـَٔرُوْنَۚ٥٣
Wa mā bikum min ni‘matin fa minallāhi ṡumma iżā massakumuḍ-ḍurru fa ilaihi taj'arūn(a).
[53] Allah ngandika: He para kawulaningsun, sira aja padha nyêmbah Pangeran karo. Wruhanira Pangeran iku mung siji Allah, mulane sira padha wêdia marang Ingsun.

ثُمَّ اِذَا كَشَفَ الضُّرَّ عَنْكُمْ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْكُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ٥٤
Ṡumma iżā kasyafaḍ-ḍurra ‘ankum iżā farīqum minkum birabbihim yusyrikūn(a).
[54] Kang kagungan saisining bumi lan langit iku Allah, lan kang kagungan pangabêktining kawula iki ing salawase iya Allah. Apa sira wêdi marang liyane Allah.

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ فَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٥٥
Liyakfurū bimā ātaināhum, fa tamatta‘ū fa saufa ta‘lamūn(a).
[55] Ora ana kang bisa awèh kabungahan marang sira liyaning Allah. Kajabi[9] iku mênawa sira kambah ing rêribêd, mêsthi padhadha[10] sambat marang Allah.

وَيَجْعَلُوْنَ لِمَا لَا يَعْلَمُوْنَ نَصِيْبًا مِّمَّا رَزَقْنٰهُمْۗ تَاللّٰهِ لَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَفْتَرُوْنَ٥٦
Wa yaj‘alūna limā lā ya‘lamūna naṣībam mimmā razaqnāhum, tallāhi latus'alunna ‘ammā kuntum taftarūn(a).
[56] Barêng Allah wis ambengkas rêribêd mau saka ing sira, banjur ana kancanira sawatara padha balela marang Pangerane, maro tingal.

وَيَجْعَلُوْنَ لِلّٰهِ الْبَنٰتِ سُبْحٰنَهٗۙ وَلَهُمْ مَّا يَشْتَهُوْنَ٥٧
Wa yaj‘alūna lillāhil-banāti subḥānah(ū), wa lahum mā yasytahūn(a).
[57] Wusana wong sawatara mau padha maido pêparing Ingsun kabungahan marang awake. Lah iya saiki padha bungah-bugaha, ing besuk ana ing akhirat, sira bakal wêruh kawusananing awakira.

وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِالْاُنْثٰى ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌۚ٥٨
Wa iżā busysyira aḥaduhum bil-unṡā ẓalla wajhuhū muswaddaw wa huwa kaẓīm(un).
[58] 58. Rijêki kang wis Ingsun paringake marang wong kang padha maro tingal, iku salong dipisungsungake marang brahala, tur wong maro tingal iku ora wêruh yèn brahala iku bisa gawe kamlaratan, lan ora bisa gawe pakolèh. (He wong kang padha maro tingal): Dêmi Allah, ing têmbe sira ora wurung padha ditakoni bab ênggonira padha calathu gawe-gawe.

يَتَوٰرٰى مِنَ الْقَوْمِ مِنْ سُوْۤءِ مَا بُشِّرَ بِهٖۗ اَيُمْسِكُهٗ عَلٰى هُوْنٍ اَمْ يَدُسُّهٗ فِى التُّرَابِۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ٥٩
Yatawārā minal-qaumi min sū'i mā busysyira bih(ī), ayumsikuhū ‘alā hūnin am yadussuhū fit-turāb(i), alā sā'a mā yaḥkumūn(a).
[59] Wong maro tingal padha ngarani yèn Allah iku kagungan putra putri (pangucape: Para Malaikat iku kabèh putri, putrining Allah). Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn ngantia pêputra. Dene kang diaku anake dhewe, iku para bocah lanang, sêngit marang anak wadon.

لِلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ مَثَلُ السَّوْءِۚ وَلِلّٰهِ الْمَثَلُ الْاَعْلٰىۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٦٠
Lil-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati maṡalus-sau'(i), wa lillāhil-maṡalul-a‘lā, wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[60] Mênawa ana kang duwe anak mêtu wadon, banjur suntrut ulate, ngêtarani yèn susah, atine bêbêg dening kasusahan.

وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللّٰهُ النَّاسَ بِظُلْمِهِمْ مَّا تَرَكَ عَلَيْهَا مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّلٰكِنْ يُّؤَخِّرُهُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ٦١
Wa lau yu'ākhiżullāhun-nāsa biẓulmihim mā taraka ‘alaihā min dābbatiw wa lākiy yu'akhkhiruhum ilā ajalim musammā(n), fa iżā jā'a ajaluhum lā yasta'khirūna sā‘ataw wa lā yastaqdimūn(a).
[61] Enggone duwe anak mêtu wadon mau sabisa-bisa ditutupi, awit iku dianggêp ala, aja nganti kawêruhan ing kănca-kancane, kuwatir yèn dierang-erang. Pamikire tanah maju mundur, mungguh bayi wadon mau apa diuripi, jaragan gêlêm nandhang pangerang-erang, apa banjur dipêndhêm urip-uripan. Ala têmên panganggêpe wong kang padha maro tingal iku.

وَيَجْعَلُوْنَ لِلّٰهِ مَا يَكْرَهُوْنَ وَتَصِفُ اَلْسِنَتُهُمُ الْكَذِبَ اَنَّ لَهُمُ الْحُسْنٰى لَا جَرَمَ اَنَّ لَهُمُ النَّارَ وَاَنَّهُمْ مُّفْرَطُوْنَ٦٢
Wa yaj‘alūna lillāhi mā yakrahūna wa taṣifu alsinatuhumul-każiba anna lahumul-ḥusnā lā jarama anna lahumun nāra wa annahum mufraṭūn(a).
[62] Sipat (sipat iku têtêngêr kang kêna diênggo ambedakake barang karo barang liyane. Takriphat) kang tumrap marang wong kaphir ora pracaya marang akhirat, iku sipat ala, dene sipat kang kagêm ing Allah iku sipat Luhur. Allah iku Mulya tur Wicaksana.

تَاللّٰهِ لَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰٓى اُمَمٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَهُوَ وَلِيُّهُمُ الْيَوْمَ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦٣
Tallāhi laqad arsalnā ilā umamim min qablika fa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum fa huwa waliyyuhumul-yauma wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[63] Saupama Allah age-age ngrusak marang manungsa marga ênggone duraka, amêsthi ora ana gêgrêmêtan ing bumi kang kaliwatan, sirna rusak kabèh. Nanging karsaning Allah ora mangkono, ênggone niksa wong duraka disarantèkake, têkan ing wêwangên kang tinamtokake, iya iku yèn wis mati. Samăngsa wis têkan wêwangêning patine, ora kaparêng nyuwun mundur sajam bae, nyuwun maju iya ora kaparêng.

وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ اِلَّا لِتُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِى اخْتَلَفُوْا فِيْهِۙ وَهُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٦٤
Wa mā anzalnā ‘alaikal-kitāba illā litubayyina lahumul-lażikhtalafū fīh(i), wa hudaw wa raḥmatal liqaumiy yu'minūn(a).
[64] Wong kang maro tingal mau padha gawe-gawe, calathune goroh, samubarang kang disêngiti, diakokake kagunganing Allah (iya iku anak wadon). Dene samubarang kang dianggêp bêcik, diaku duwèke dhewe (iya iku anak lanang). Ing besuk ana ing akhirat, wong maro tingal mau ora wurung padha dibubuhi manggon ana ing narak[11] (ora olèh panduman suwarga. Wong mangkono mau nyêmplunge ing naraka didhisikake).

وَاللّٰهُ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ ࣖ٦٥
Wallāhu anzala minas-samā'i mā'an fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā, inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yasma‘ūn(a).
[65] Dêmi Allah, Ingsun wis ngutus para Rasul, mêmulang para umat sadurunge sira, para umat mau banjur kêna panggodhaning setan, dhêmên bangêt marang lakune kang ala, dadi ana ing dunya iki wong mau padha dikuwasani ing setan, ing besuk ana ing akhirat, wong mau padha disiksa kang ngalarani.

وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةً ۚ نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهٖ مِنْۢ بَيْنِ فَرْثٍ وَّدَمٍ لَّبَنًا خَالِصًا سَاۤىِٕغًا لِّلشّٰرِبِيْنَ٦٦
Wa inna lakum fil-an‘āmi la‘ibrah(tan), nusqīkum mimmā fī buṭūnihī mim baini farṡiw wa damil labanan khāliṣan sā'igal lisy-syāribīn(a).
[66] Enggon Ingsun andhawuhake kitab Kuran iki marang sira, pêrlune ora liya mung supaya sira ênggoa nêrang-nêrangake marang manungsa bab tangine wong kang wis padha mati, kang padha diênggo pasulayan, apadene minăngka pituduh bênêr lan tăndha sih-Ingsun marang wong kang padha pracaya marang Ingsun.

وَمِنْ ثَمَرٰتِ النَّخِيْلِ وَالْاَعْنَابِ تَتَّخِذُوْنَ مِنْهُ سَكَرًا وَّرِزْقًا حَسَنًاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٦٧
Wa min ṡamarātin nakhīli wal-a‘nābi tattakhiżūna minhu sakaraw wa rizqan ḥasanā(n), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy ya‘qilūn(a).
[67] Allah iku nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo nguripake bumi kang wis mati. Kang mangkono iku tumrap wong kang gêlêm ngrungokake pitutur bêcik, mêsthi dadi tăndha yêkti sampurnane kawasaningsun.

وَاَوْحٰى رَبُّكَ اِلَى النَّحْلِ اَنِ اتَّخِذِيْ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا وَّمِنَ الشَّجَرِ وَمِمَّا يَعْرِشُوْنَۙ٦٨
Wa auḥā rabbuka ilan-naḥli anittakhiżī minal-jibāli buyūtaw wa minasy-syajari wa mimmā ya‘risyūn(a).
[68] (Mênawa sira ngêmpakake pamikir), rajakaya iku mêsthi dadi wêwulang marang sira (lire mangkene): Ingsun maringi ombèn-ombèn marang sira, mêtu saka wêtênge rajakaya mau, rupa puhan rêsik, kang gampang diulu dening wong kang padha ngombe puhan, (puhan mau kadadian saka sarining rijêki kang dipangan dening rajakaya. Sari mau kang unggul dhewe dadi gêtih, kang asor dhewe dadi talethong). Dene puhan iku pangkate têngahan ana antaraning talethong lan gêtih.

ثُمَّ كُلِيْ مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ فَاسْلُكِيْ سُبُلَ رَبِّكِ ذُلُلًاۗ يَخْرُجُ مِنْۢ بُطُوْنِهَا شَرَابٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَانُهٗ ۖفِيْهِ شِفَاۤءٌ لِّلنَّاسِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٦٩
Ṡumma kulī min kulliṡ-ṡamarāti faslukī subula rabbiki żululā(n), yakhruju mim buṭūnihā syarābum mukhtalifun alwānuhū fīhi syifā'ul lin-nās(i), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yatafakkarūn(a).
[69] Dene wohing kurma lan wohing anggur iku ana kang sira gawe sajêng angêndêmi, lan ana kang sira gawe pêpanganan kang bêcik (kayata kurma, kismis lan cokak sapêpadhane). Kang mangkono iku tumrap wong kang ngêmpakake pamikir, mêsthi dadi tăndha yêkti kuwasaning Allah.

وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ ثُمَّ يَتَوَفّٰىكُمْ وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرَدُّ اِلٰٓى اَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْ لَا يَعْلَمَ بَعْدَ عِلْمٍ شَيْـًٔاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ ࣖ٧٠
Wallāhu khalaqakum ṡumma yatawaffākum wa minkum may yuraddu ilā arżalil-‘umuri likai lā ya‘lama ba‘da ‘ilmin syai'ā(n), innallāha ‘alīmun qadīr(un).
[70] Allah Pangeranira paring wahyu marang tawon, pangandikane: He tawon, sira [si..ra] gawea omah ana ing gunung-gunung lan ana ing kêkayon, apadene ana omahing manungsa, utawa ana ing glodhog kang disadhiyakake dening manungsa marang sira.

وَاللّٰهُ فَضَّلَ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍ فِى الرِّزْقِۚ فَمَا الَّذِيْنَ فُضِّلُوْا بِرَاۤدِّيْ رِزْقِهِمْ عَلٰى مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَهُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌۗ اَفَبِنِعْمَةِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٧١
Wallāhu faḍḍala ba‘ḍakum ‘alā ba‘ḍin fir-rizq(i), famal-lażīna fuḍḍilū birāddī rizqihim ‘alā mā malakat aimānuhum fahum fīhi sawā'un afa bini‘matillāhi yajḥadūn(a).
[71] Banjur mangana sarupaning wowohan, sira ngambaha dalan pituduhe Pangeranira kalawan gampang. Tawon mau wêtênge banjur mêtu madu kang warna-warna rupane, iku dadi ombèn-ombèning manungsa, utawa dadi tămba tumrap manungsa kang nandhang lara. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngêmpakake pamikir, mêsthi dadi tăndha yêkti kuwasa lan kawicaksananing Allah.

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْ بَنِيْنَ وَحَفَدَةً وَّرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِۗ اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ وَبِنِعْمَتِ اللّٰهِ هُمْ يَكْفُرُوْنَۙ٧٢
Wallāhu ja‘ala lakum min anfusikum azwājaw wa ja‘ala lakum min azwājikum banīna wa ḥafadataw wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāt(i), afabil-bāṭili yu'minūna wa bini‘matillāhi yakfurūn(a).
[72] (He manungsa) Allah iku kang agawe sira kabèh, banjur mundhut nyawanira. Sawênèhe kancanira ana kang diparingi dawa ngumure nganti pikun lan jêmpo, supaya samubarang kawruhe padha lalia. Satêmene Allah iku Nguningani tur Mahakuwasa.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَهُمْ رِزْقًا مِّنَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ شَيْـًٔا وَّلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ۚ٧٣
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yamliku lahum rizqam minas-samāwāti wal-arḍi syai'aw wa lā yastaṭī‘ūn(a).
[73] (He manungsa) Allah ênggone paring rijêki marang sira ngago[12] undha-usuk ana wong kang diparingi akèh, ngungkuli liyane. Dene bêndara kang diparingi rijêki akèh, iku padha ora gêlêm mratakake rijêkine marang kawulane tukon, supaya madhani marang bêndara. Kawula lan bêndara apa padha [pa....dha] bae (mêsthi kacèk bangêt, kapriye dene manungsa têka kudu anjunjung kawulaning Allah, bisa padha lan Allah). Yèn mangkono apa manungsa mau padha maido pêparinging Allah kabungahan.

فَلَا تَضْرِبُوْا لِلّٰهِ الْاَمْثَالَ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٧٤
Falā taḍribū lillāhil-amṡāl(a), innallāha ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[74] Allah iku maringi rabi marang sira, tunggal jinis lan awakira (padha manungsa) lan maringi anak lan putu marang sira, mêtu saka ing rabinira, sarta maringi rijêki marang sira pêpanganan kang ngrêsêpake. Sawise mangkono, apa patut manungsa padha pracaya marang barang-barang kang ora nyata (kayata brahala), sarta maido pêparinging Allah kabungahan (iku luput bangêt).

۞ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا عَبْدًا مَّمْلُوْكًا لَّا يَقْدِرُ عَلٰى شَيْءٍ وَّمَنْ رَّزَقْنٰهُ مِنَّا رِزْقًا حَسَنًا فَهُوَ يُنْفِقُ مِنْهُ سِرًّا وَّجَهْرًاۗ هَلْ يَسْتَوٗنَ ۚ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٧٥
Ḍaraballāhu maṡalan ‘abdam mamlūkal lā yaqdiru ‘alā syai'iw wa mar razaqnāhu minnā rizqan ḥasanan fa huwa yunfiqu minhu sirraw wa jahrā(n), hal yastawūn(a), al-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[75] Apadene manungsa padha nyêmbah liyane Allah, iya iku brahala ora duwe rijêki sathithik-thithika, mêtu saka ing bumi utawa saka ing langit lan ora bisa apa- apa.

وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلَيْنِ اَحَدُهُمَآ اَبْكَمُ لَا يَقْدِرُ عَلٰى شَيْءٍ وَّهُوَ كَلٌّ عَلٰى مَوْلٰىهُ ۗ اَيْنَمَا يُوَجِّهْهُّ لَا يَأْتِ بِخَيْرٍ ۖهَلْ يَسْتَوِيْ هُوَۙ وَمَنْ يَّأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَهُوَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ࣖ٧٦
Wa ḍaraballāhu maṡalar rajulaini aḥaduhumā abkamu lā yaqdiru ‘alā syai'iw wa huwa kallun ‘alā maulāh(u), ainamā yuwajjihhu lā ya'ti bikhair(in), hal yastawī huw(a), wa may ya'muru bil-‘adli wa huwa ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[76] Sira aja padha ngèmpêrake Allah lan barang-barang, asatêmene Allah iku nguningani yèn ora ana barang kang mèmpêr lan Allah, nanging sira padha ora wêruh kang mangkono mau.

وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَمَآ اَمْرُ السَّاعَةِ اِلَّا كَلَمْحِ الْبَصَرِ اَوْ هُوَ اَقْرَبُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٧٧
Wa lillāhi gaibus-samāwāti wal-arḍ(i), wa mā amrus-sā‘ati illā kalamḥil-baṣari au huwa aqrab(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[77] Allah anggêlar upama mangkene: Ana kawula tukon, dadi darbèking wong ora duwe panguwasa apa-apa. Lan ana bêndara kang Ingsun paringi sugih rijêki kang khalal, kuwasa nanjakake [nanjaka....ke] rijêki mau sakarêp-karêpe, kalawan sidhêman lan ngêdhèng. Loro mau apa padha bae ajine (mêsthi kacèk bangêt. Yagene têka ana wong duwe panganggêp yèn Allah kang gêdhening panguwasane tanpa upama, iku padha bae ajine lan brahala kang kaya mangkono apêse). Kang bênêr, sakèhing puji iku kang ora wêruh kang mangkono mau.

وَاللّٰهُ اَخْرَجَكُمْ مِّنْۢ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔاۙ وَّجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَ ۙ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٧٨
Wallāhu akhrajakum mim buṭūni ummahātikum lā ta‘lamūna syai'ā(n), wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), la‘allakum tasykurūn(a).
[78] Lan manèh Allah anggêlar upama mangkene: Ana wong lanang loro, kang siji bisu lair mula, ora duwe kuwasa apa-apa, wong bisu mau abot miturut parentahing bêndarane, sabên dikongkon ora tau ngolèhake kabutuhaning bêndarane. Wong mangkono mau apa padha bae lan wong bêcik kang akon ngadil. Allah iku anglunghi[13] dalan kang bênêr.

اَلَمْ يَرَوْا اِلَى الطَّيْرِ مُسَخَّرٰتٍ فِيْ جَوِّ السَّمَاۤءِ ۗمَا يُمْسِكُهُنَّ اِلَّا اللّٰهُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٧٩
Alam yarau ilaṭ-ṭairi musakhkharātin fī jawwis-samā'(i), mā yumsikuhunna illallāh(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[79] Allah iku angawruhi lêlakon sajroning bumi lan langit, kang ora diwêruhi dening sapa-sapa liyane Allah. Dene têkane dina kiyamat iku (mênawa wis diparêngake dening Allah), rikate kaya kêdhèping mata, utawa luwih rikat manèh. Satêmêne [Satê.....mêne] Allah iku nguwasani samubarang.

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْۢ بُيُوْتِكُمْ سَكَنًا وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنْ جُلُوْدِ الْاَنْعَامِ بُيُوْتًا تَسْتَخِفُّوْنَهَا يَوْمَ ظَعْنِكُمْ وَيَوْمَ اِقَامَتِكُمْ ۙ وَمِنْ اَصْوَافِهَا وَاَوْبَارِهَا وَاَشْعَارِهَآ اَثَاثًا وَّمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ٨٠
Wallāhu ja‘ala lakum mim buyūtikum sakanaw wa ja‘ala lakum min julūdil-an‘āmi buyūtan tastakhiffūnahā yauma ẓa‘nikum wa yauma iqāmatikum, wa min aṣwāfihā wa aubārihā wa asy‘ārihā aṡāṡaw wa matā‘an ilā ḥīn(in).
[80] Allah iku nglairake sira saka guwa garbane biyungira, dhèk samana sira durung wêruh barang-barang, sira banjur diparingi pangrungu lan pandêleng apadene pangêrti, supaya sira padha sukura ing Allah.

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّمَّا خَلَقَ ظِلٰلًا وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْجِبَالِ اَكْنَانًا وَّجَعَلَ لَكُمْ سَرَابِيْلَ تَقِيْكُمُ الْحَرَّ وَسَرَابِيْلَ تَقِيْكُمْ بَأْسَكُمْ ۚ كَذٰلِكَ يُتِمُّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْلِمُوْنَ٨١
Wallāhu ja‘ala lakum mimmā khalaqa ẓilālaw wa ja‘ala lakum minal-jibāli aknānaw wa ja‘ala lakum sarābīla taqīkumul-ḥarra wa sarābīla taqīkum ba'sakum, każālika yutimmu ni‘matahū ‘alaikum la‘allakum tuslimūn(a).
[81] Manungsa apa padha ora andêlêng manuk kang padha mibêr ana ing awang-awang, ora ana kang bisa anggêgêm manuk mau kajaba Allah. Kang mangkono mau tumrape para wong mukmin, mêsthi dadi tăndha yêkti kuwasaning Allah.

فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٨٢
Fa in tawallau fa innamā ‘alaikal-balāgul-mubīn(u).
[82] Allah andadèkake omahira kanggo panggonan palerenanira, sarta andadèkake walulanging rajakaya kanggo pirantining omahira (dhèksamana ing tanah Ngarab akèh omah kang payone nganggo walulang unta, supaya ènthèng kêna ginawa ngalih. Khajin). kang ènthèng digawa nalika sira ngalih utawa lêlungan utawa manggon. Dene wuluning wêdhus gèmbèl lan wuluning unta apadene wuluning wêdhus kacang, padha kêna digawe babut sapêpadhane piranti kang ambungahake, awèt nganti lawas.

يَعْرِفُوْنَ نِعْمَتَ اللّٰهِ ثُمَّ يُنْكِرُوْنَهَا وَاَكْثَرُهُمُ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٣
Ya‘rifūna ni‘matallāhi ṡumma yunkirūnahā wa akṡaruhumul-kāfirūn(a).
[83] Allah iku andadèkake eyub, iya iku wêwayangane barang kang wis digawe dening Allah (kayata omah, kêkayon lan mega sapêpadhane). Sarta andadèkake gunung-gunung kanggo pangungsèn utawa paninisanira (iya iku ing guwa sapêpadhane), apadene andadèkake sandhanganira kanggo panulaking adhêm lan panas lan sandhangan kanggo panolaking bêbaya (kêre). Kang mangkono iku Allah ênggone paring kabungahan marang sira kalawan sampurna, supaya sira padha rumasaa, sabanjure padha pracayaa lan ngèstokna parentahing Allah.

وَيَوْمَ نَبْعَثُ مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا ثُمَّ لَا يُؤْذَنُ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٨٤
Wa yauma nab‘aṡu min kulli ummatin syahīdan ṡumma lā yu'żanu lil-lażīna kafarū wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[84] Dene mênawa wong kaphir padha malengos, nampik agama Islam (iku sira wis ora apa-apa. He Mukhammad) kawajibanira ora liya mung ngundhangake lan nêrang-nêrangake dhawuh Ingsun.

وَاِذَا رَاَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الْعَذَابَ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٨٥
Wa iżā ra'al-lażīna ẓalamul-‘ażāba falā yukhaffafu ‘anhum wa lā hum yunẓarūn(a).
[85] Wong kang padha nampik Agama Islam mau satêmêne wêruh yèn kabungahan kang ditampani iku têmên saka pêparinging Allah, nanging banjur padha nyelaki yèn saka pêparinging Allah (katara saka ênggone padha maro tingal nyêmbah brahala). Wong mangkono mau kang akèh padha wong kaphir wis balèg.

وَاِذَا رَاَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا شُرَكَاۤءَهُمْ قَالُوْا رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ شُرَكَاۤؤُنَا الَّذِيْنَ كُنَّا نَدْعُوْا مِنْ دُوْنِكَۚ فَاَلْقَوْا اِلَيْهِمُ الْقَوْلَ اِنَّكُمْ لَكٰذِبُوْنَۚ٨٦
Wa iżā ra'al-lażīna asyrakū syurakā'ahum qālū rabbanā hā'ulā'i syurakā'unal-lażīna kunnā nad‘ū min dūnik(a), fa alqau ilaihimul-qaula innakum lakāżibūn(a).
[86] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nangèkake Nabining para [pa.....ra] umat saka ing pati (banjur padha dadi saksi bab ala bêciking para umate). Ing kono sarupane wong kaphir ora kaparêng madoni, lan ora didhawuhi ngrêrêpa nyuwun kaparênging Allah.

وَاَلْقَوْا اِلَى اللّٰهِ يَوْمَىِٕذِ ِۨالسَّلَمَ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٨٧
Wa alqau ilallāhi yauma'iżinis-salama wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[87] Nalikane wong duraka kaphir padha andêlêng siksa naraka (banjur dicêmplungake ing naraka), ora diparingi mayar siksane, sarta ora disarantèkake.

اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ زِدْنٰهُمْ عَذَابًا فَوْقَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوْا يُفْسِدُوْنَ٨٨
Allażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi zidnāhum ‘ażāban fauqal-‘ażābi bimā kānū yufsidūn(a).
[88] Nalika wong kang padha maro tingal iku andêlêng brahalane, banjur padha munjuk ing Allah: Dhuh Allah Pangeran kawula, brahala punika pangeran kawula ingkang kawula sêmbah, dados nyêmbah sanèsipun Tuwan. Ing kono brahala mau banjur padha mangsuli: He wong maro tingal, pangakumu nyêmbah marang aku iku aku ora rumasa, calathumu iku goroh.

وَيَوْمَ نَبْعَثُ فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا عَلَيْهِمْ مِّنْ اَنْفُسِهِمْ وَجِئْنَا بِكَ شَهِيْدًا عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِۗ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ تِبْيَانًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ ࣖ٨٩
Wa yauma nab‘aṡu fī kulli ummatin syahīdan ‘alaihim min anfusihim wa ji'nā bika syahīdan ‘alā hā'ulā'(i), wa nazzalnā ‘alaikal-kitāba tibyānal likulli syai'iw wa hudaw wa raḥmataw wa busyrā lil-muslimīn(a).
[89] Barêng diselaki dening brahala, wong maro tingal mau banjur padha ngrêrêpa marang Allah bangêt-bangêt (ewadene tanpa gawe), ênggone padha gawe-gawe ngarani yèn brahala iku bakal nulungi marang awake, ing dina iku têtela cidra.

۞ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٩٠
Innallāha ya'muru bil-‘adli wal-iḥsāni wa ītā'i żil-qurbā wa yanhā ‘anil-faḥsyā'i wal-munkari wal-bagyi ya‘iẓukum la‘allakum tażakkarūn(a).
[90] Sarupane wong kang awake dhewe kaphir, lan kajaba iku ngalang-alangi wong kang ngambah dalaning Allah, agama Ibrahim iku kaja[14] patrapane ênggone kaphir, Ingsun wuwuhi patrapan ênggone makewuhi wong nglakoni Agama Islam. Awit iku manjing wong gawe rusak ana ing bumi.

وَاَوْفُوْا بِعَهْدِ اللّٰهِ اِذَا عَاهَدْتُّمْ وَلَا تَنْقُضُوا الْاَيْمَانَ بَعْدَ تَوْكِيْدِهَا وَقَدْ جَعَلْتُمُ اللّٰهَ عَلَيْكُمْ كَفِيْلًا ۗاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَ٩١
Wa aufū bi‘ahdillāhi iżā ‘āhattum wa lā tanquḍul-aimāna ba‘da taukīdihā wa qad ja‘altumullāha ‘alaikum kafīlā(n), innallāha ya‘lamu mā taf‘alūn(a).
[91] (He Mukhammad), sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane ingsun nangèkake Nabining para umat saka ing pati, nabi mau tunggal băngsa lan para umate. Mulane Ingsun tangèkake, supaya nêksènana ala bêciking umate. Lan sira dhewe uga Ingsun têkakake, supaya nêksènana ala bêciking para umatira iku kabèh. (Ingsun ora jênêng nganiaya marang wong kang padha dipatrapi siksa, awit) Ingsun wis andhawuhake kitab Kuran marang sira, mratelakake samubarang laku-lakuning sarengat (pranatan), iku minăngka pituduh lan sih Ingsun, apadene ambêbungah marang sarupane wong Islam.

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّتِيْ نَقَضَتْ غَزْلَهَا مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ اَنْكَاثًاۗ تَتَّخِذُوْنَ اَيْمَانَكُمْ دَخَلًا ۢ بَيْنَكُمْ اَنْ تَكُوْنَ اُمَّةٌ هِيَ اَرْبٰى مِنْ اُمَّةٍ ۗاِنَّمَا يَبْلُوْكُمُ اللّٰهُ بِهٖۗ وَلَيُبَيِّنَنَّ لَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ مَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٩٢
Wa lā takūnū kal-latī naqaḍat gazlahā mim ba‘di quwwatin ankāṡā(n), tattakhiżūna aimānakum dakhalam bainakum an takūna ummatun hiya arbā min ummah(tin), innamā yablūkumullāhu bih(ī), wa layubayyinanna lakum yaumal-qiyāmati mā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[92] Satêmêne Allah iku marentahake ngadil, sarta gawe bêcik (sanadyan marang wong kang nandukake piala), lan wèwèh utawa andongakake bêcik marang sanak sadulur kang adoh utawa cêdhak. Apadene nglarangi nandukake piala utawa maro tingal, lan nganiaya marang manungsa. Allah [A.....llah] mituturi marang sira manungsa kabèh, supaya sira padha elinga ngèstokake dhawuhing Allah.

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٩٣
Wa lau syā'allāhu laja‘alakum ummataw wāḥidataw wa lākiy yuḍillu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa latus'alunna ‘ammā kuntum ta‘malūn(a).
[93] Mênawa sira wis padha prasêtya marang Allah, ditêmên ênggonira sêtya tuhu nêtêpi sêsanggêmanira marang Allah, aja wani-wani ngudhari utawa nyidrani supatanira kang wis diugêri kukuh kalawan nyêbut asmanig Allah. Allah wis sira jumênêngake nanggung sêsanggêmanira. Satêmene Allah iku nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اَيْمَانَكُمْ دَخَلًا ۢ بَيْنَكُمْ فَتَزِلَّ قَدَمٌۢ بَعْدَ ثُبُوْتِهَا وَتَذُوْقُوا السُّوْۤءَ بِمَا صَدَدْتُّمْ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚوَلَكُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٩٤
Wa lā tattakhiżū aimānakum dakhalam bainakum fa tazilla qadamum ba‘da ṡubūtihā wa tażūqus-sū'a bimā ṣadattum ‘an sabīlillāh(i), wa lakum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[94] Sira aja (pisan ngudhari sêsanggêmanira marang Allah, mundhak) kaya wong wadon nênun kang sawise kabênêran ênggone mani banjur dibubrah, lawene morak-marik, iya iku sanepane yèn sira padha ngudhari sêsanggêmanira, utawa nêrak supatanira, sira ênggo laku cidra marang kancanira, pamrihira supaya sira dadia warganing pakumpulan kang akèh kancane ngungkuli kakumpulan liyane, mulane Allah nyoba marang sira sarana diparentahi sêtya tuhu ing janji, supaya Allah nguningani marang sira kalawan gumêlar ing ngakèh, sapa kang ngèstokake parentah lan sapa kang ambangkang, apadene besuk dina kiyamat, Allah ênggone nêrang-nêrangake marang sira bab samubarang kang padha sira ênggo pasulayan, bisaa têrang.

وَلَا تَشْتَرُوْا بِعَهْدِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ اِنَّمَا عِنْدَ اللّٰهِ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٩٥
Wa lā tasytarū bi‘ahdillāhi ṡamanan qalīlā(n), innamā ‘indallāhi huwa khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[95] (He manungsa kabèh) upama ana kaparênging Allah sira iku didadèkake umat siji, golong nglakoni agama siji Islam, mêsthi kalêksanan (nanging karsaning Allah ora mangkono), Allah karsa nasarake wong kang dadi parênging karsane, sarta paring pituduh marang wong kang dadi parênging karsane, ewadene sira bakal padha didangu samubarang kang padha sira lakoni ana ing dunya.

مَا عِنْدَكُمْ يَنْفَدُ وَمَا عِنْدَ اللّٰهِ بَاقٍۗ وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِيْنَ صَبَرُوْٓا اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩٦
Mā ‘indakum yanfadu wa mā ‘indallāhi bāq(in), wa lanajziyannal-lażīna ṣabarū ajrahum bi'aḥsani mā kānū ya‘malūn(a).
[96] Lan manèh sira aja gawe rusak utawa laku cidra sarana sira bandhani supata kang banjur sira trajang dhewe, prasasat dêlamakanira wis têtêp kukuh adêge, wusana banjur kêplèsèd. Yèn sira mangkono, mêsthi dipatrapi siksa ana ing dunya iki, marga ênggonira makewuhi tumindake dêdalaning Allah bab sêtya tuhu ing janji, sarta besuk ana ing akhirat, bakal dipatrapi siksa naraka kang luwih gêdhe.

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩٧
Man ‘amila ṣāliḥam min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa lanuḥyiyannahū ḥayātan ṭayyibah(tan), wa lanajziyannahum ajrahum bi'aḥsani mā kānū ya‘malūn(a).
[97] Lan sira aja padha milih nyidrani sêsanggêmanira marang Allah, murih olèh barang kang sathithik ajine (iya iku kabungahan ing dunya), awit tumrape ing sira, ganjaraning Allah besuk ana ing akhirat, iku luwih [lu..wih] bêcik, ngungkuli kabungahan ing dunya. Mênawa sira wis wêruh kang mangkono mau, aja pisan nyidrani janji.

فَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ٩٨
Fa iżā qara'tal-qur'āna fasta‘iż billāhi minasy-syaiṭānir-rajīm(i).
[98] Kabungahan ing dunya kang ana ing tanganira, iku bisa êntèk lan rusak, dene ganjaraning Allah ana ing akhirat iku langgêng, ora bisa êntèk utawa rusak. Sarupane wong kang têguh atine sêtya tuhu ing janji, iku bakal padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, luwih saka samurwating kangelane kang wis dilakoni.

اِنَّهٗ لَيْسَ لَهٗ سُلْطٰنٌ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٩٩
Innahū laisa lahū sulṭānun ‘alal-lażīna āmanū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[99] Sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe bêcik, lananga, wadona, besuk ana ing akhirat, bakal padha Ingsun paringi kauripan kang bêcik (iya iku urip ana ing suwarga), lan bakal Ingsun paringi pituwas ganjaran, luwih saka murwating kangelan kang wis padha dilakoni.

اِنَّمَا سُلْطٰنُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يَتَوَلَّوْنَهٗ وَالَّذِيْنَ هُمْ بِهٖ مُشْرِكُوْنَ ࣖ١٠٠
Innamā sulṭānuhū ‘alal-lażīna yatawallaunahū wal-lażīna hum bihī musyrikūn(a).
[100] Mênawa sira arêp maca Kuran, sira munia mangkene: Angudubilahi minasaitanirajim. Têgêse: Aku ngungsi ing Allah, nyingkiri pangridhuning setan kang dibalangi dening para Malaikat.

وَاِذَا بَدَّلْنَآ اٰيَةً مَّكَانَ اٰيَةٍ ۙوَّاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مُفْتَرٍۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ١٠١
Wa iżā baddalnā āyatam makāna āyah(tin), wallāhu a‘lamu bimā yunazzilu qālū innamā anta muftar(in), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[101] (Mênawa sira wis muni mangkono mau, sira dirêksa dening Allah saka pangridhuning setan), satêmêne setan iku ora duwe wêwênang mêksa marang wong kang padha mukmin, sarta padha nyumanggakake barang- barange marang Allah.

قُلْ نَزَّلَهٗ رُوْحُ الْقُدُسِ مِنْ رَّبِّكَ بِالْحَقِّ لِيُثَبِّتَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ١٠٢
Qul nazzalahū rūḥul-qudusi mir rabbika bil-ḥaqqi liyuṡabbital-lażīna āmanū wa hudaw wa busyrā lil-muslimīn(a).
[102] Wêwênanging setan amêksa wong, iku mung tumrap wong kang padha maro tingal, manut parentahing setan.

وَلَقَدْ نَعْلَمُ اَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ اِنَّمَا يُعَلِّمُهٗ بَشَرٌۗ لِسَانُ الَّذِيْ يُلْحِدُوْنَ اِلَيْهِ اَعْجَمِيٌّ وَّهٰذَا لِسَانٌ عَرَبِيٌّ مُّبِيْنٌ١٠٣
Wa laqad na‘lamu annahum yaqūlūna innamā yu‘allimuhū basyar(un), lisānul-lażī yulḥidūna ilaihi a‘jamiyyuw wa hāżā lisānun ‘arabiyyum mubīn(un).
[103] Mênawa Ingsun nyuwak sawijining ayat, Ingsun lironi ayat liyane (iku ora liwat mung murih bêcike para kawulaningsun). Allah iku luwih dening nguningani yèn ênggone andhawuhake ayat kanggo nyalini ayat liyane mau, luwih dening prayoga. Ing kono wong kaphir banjur padha ngucap: (He Nabi Mukhammad), sampeyan punika dora sarta damêl-damêl. Wong kaphir mau kang akèh padha ora wêruh pakolèhe ayat disalini.

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِۙ لَا يَهْدِيْهِمُ اللّٰهُ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٠٤
Innal-lażīna lā yu'minūna bi'āyātillāh(i), lā yahdīhimullāhu wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[104] (He Mukhammad) sira dhawuha, Kuran iku diturunake dening Roh Kudus (Malaikat Jabarail) têrang saka dhawuhing Allah Pangeranira kalawan nyata, supaya wong kang pracaya ing Allah padha têguh têtêp atine. Apadene Kuran iku pituduh bênêr, lan minăngka bêbungah marang para wong Islam.

اِنَّمَا يَفْتَرِى الْكَذِبَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٠٥
Innamā yaftaril-każibal-lażīna lā yu'minūna bi'āyātillāh(i), ulā'ika humul-kāżibūn(a).
[105] Ingsun nguningani yèn wong kaphir padha ngucap mangkene: [mang...kene:] Kuran iku asline ora liya saka wêwulanging wong. (Allah ngandika): Wong kang ditêrka mulang Kuran marang Nabi Mukhammad iku têmbunge dudu têmbung Ngarab, balik Kuran iki têmbung Ngarab kang patitis.

مَنْ كَفَرَ بِاللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِهٖٓ اِلَّا مَنْ اُكْرِهَ وَقَلْبُهٗ مُطْمَىِٕنٌّۢ بِالْاِيْمَانِ وَلٰكِنْ مَّنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١٠٦
Man kafara billāhi mim ba‘di īmānihī illā man ukriha wa qalbuhū muṭma'innum bil-īmāni wa lākim man syaraḥa bil-kufri ṣadran fa ‘alaihim gaḍabum minallāh(i), wa lahum ‘ażābun aẓīm(un).
[106] Sarupane wong kang ora ngandêl ayating Allah, iku têtela Allah ora anuduhake dalan bênêr marang wong mau. Besuk ana ing akhirat bakal padha dipatrapi siksa naraka kang nglarani.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا عَلَى الْاٰخِرَةِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ١٠٧
Żālika bi'annahumustaḥabbul-ḥayātad-dun-yā ‘alal-ākhirah(ti), wa annallāha lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[107] Kang têtêp gawe-gawe calathu goroh iku sarupane wong kang ora ngandêl ayating Allah, wong mangkono mau têtêp padha goroh calathune.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ طَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْغٰفِلُوْنَ١٠٨
Ulā'ikal-lażīna ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim wa sam‘ihim wa abṣārihim, wa ulā'ika humul-gāfilūn(a).
[108] Sing sapa wis pracaya ing Allah wusana banjur ambalik dadi kaphir, iku têtêp kêna bêbenduning Allah, kajaba yèn ênggone ambalik dadi kaphir mau sarana dipêksa, nanging atine isih têguh ngantêpi pracayane marang Allah, iku diapura, isih têtêp imane. Dene wong kang pancèn wis dhêmên lan gumolong atine dadi kaphir, iku têtêp padha kêna bêbênduning Allah, sarta bakal padha dipatrapi siksa kang gêdhe.

لَا جَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٠٩
Lā jarama annahum fil-ākhirati humul-khāsirūn(a).
[109] Enggone diancam ing siksa iku, amarga wong kaphir mau padha milih kabungahan ing dunya, ora praduli kabungahan ing akhirat, lan manèh Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr [bê....nêr] marang wong kaphir.

ثُمَّ اِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِيْنَ هَاجَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا فُتِنُوْا ثُمَّ جَاهَدُوْا وَصَبَرُوْاۚ اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١١٠
Ṡumma inna rabbaka lil-lażīna hājarū mim ba‘di mā futinū ṡumma jāhadū wa ṣabarū, inna rabbaka mim ba‘dihā lagafūrur raḥīm(un).
[110] Wong mangkono mau atine lan pangrungune lan pandêlênge padha dikancing dening Allah (dadi ora ngêrti lan ora krungu apadene ora wêruh wêwulang bêcik kang makolèhi kaslamêtan ana ing akhirat) wong mangkono mau mêsthi padha lali. Besuk ana ing akhirat ora wurung padha kapitunan.

۞ يَوْمَ تَأْتِيْ كُلُّ نَفْسٍ تُجَادِلُ عَنْ نَّفْسِهَا وَتُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١١١
Yauma ta'tī kullu nafsin tujādilu ‘an nafsihā wa tuwaffā kullu nafsim mā ‘amilat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[111] Sarupane wong Islam kang wis dipilara lan dipaeka dening wong kaphir ana ing Mêkah, banjur lunga ngalih marang Madinah, sarta sawise ngalih banjur maju pêrang ngayoni wong kaphir, lan atine têguh ênggone pêrang. Sawise kalakon mangkono, Allah Pangeranira mêsthi ngapura kaluputane, sarta asih marang wong mau.

وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا قَرْيَةً كَانَتْ اٰمِنَةً مُّطْمَىِٕنَّةً يَّأْتِيْهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِّنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِاَنْعُمِ اللّٰهِ فَاَذَاقَهَا اللّٰهُ لِبَاسَ الْجُوْعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ١١٢
Wa ḍaraballāhu maṡalan qaryatan kānat āminatam muṭma'innatay ya'tīhā rizquhā ragadam min kulli makānin fa kafarat bi'an‘umillāhi fa ażāqahallāhu libāsal-jū‘i wal-khaufi bimā kānū yaṣna‘ūn(a).
[112] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane sarupaning awak padha madoni marang kang nyêkêl bêbênêran, makolèhake awake dhewe (ora kudu ngrewangi marang liyane), sarta sarupaning awak padha ditêtêpake nampani pituwase samubarang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe (nalika ana ing dunya) ewadene ora ana kang dipatrapi siksa kalawan [ka....lawan] panganiaya.

وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْهُمْ فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ١١٣
Wa laqad jā'ahum rasūlum minhum fa każżabūhu fa akhażahumul-‘ażābu wa hum ẓālimūn(a).
[113] Allah anggêlar upama: Ana sawijining desa kang gêmah arja lan tata têntrêm, murah sandhang lan pangan, kang ditêkakake dening para among dagang saka ing ngêndi-êndi panggonan, wusana wong ing kono banjur padha maido pêparinging Allah kabungahan kang mangkono mau, mulane Allah banjur matrapi, ing desa mau (dikêndhati udan lawase nganti pitung taun, wusana) banjur pailan, wonge ing kono padha kaluwèn, sarta kuwatir bokmênawa ditêmpuh ing balane Nabi Mukhammad, marga ênggone padha nandukake piala kang wis kalakon.

فَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ وَّاشْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ١١٤
Fa kulū mimmā razaqakumullāhu ḥalālan ṭayyibā(n), wasykurū ni‘matallāhi in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[114] Wong kaphir ing Mekah padha ditêkani utusaning Allah, pêthilan saka kancane wong ing Mêkah (iya iku Nabi Mukhammad). Wong ing Mêkah padha maido marang Nabi Mukhammad, mulane banjur padha dipatrapi siksa kaluwèn lan kuwatir. Wong kaphir ing Mekah mau padha murang sarak, nganiaya awake dhewe.

اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١١٥
Innamā ḥarrama ‘alaikumul-maitata wad-dama wa laḥmal-khinzīri wa mā uhilla ligairillāhi bih(ī), famaniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[115] (He para wong mukmin) sira padha mangana rijêki paringing Allah marang sira, êndi kang ngrêsêpake tur dudu laranganing Allah, sira padha sukura nampani pêparinging Allah kabungahan.

وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَا تَصِفُ اَلْسِنَتُكُمُ الْكَذِبَ هٰذَا حَلٰلٌ وَّهٰذَا حَرَامٌ لِّتَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُوْنَۗ١١٦
Wa lā taqūlū limā taṣifu alsinatukumul-każiba hāżā ḥalāluw wa hāżā ḥarāmul litaftarū ‘alallāhil-każib(a), innal-lażīna yaftarūna ‘alallāhil-każiba lā yufliḥūn(a).
[116] Kang mêsthi Allah iku nglarangi marang sira ora kaparêng mangan bathang (khewan kang mati tanpa dibêlèh) lan gêtih apadene daginging cèlèng, lan samubarang kewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyane Allah (iku kabèh laranganing Allah, ora kêna dipangan), ewadene sing sapa kêpêksa kudu mangan laranganing Allah mau minăngka panulaking lara, iya kêna mangan larangan mau, samono iku mung tumrap wong kang ora ambalela ing ratu, lan ora ambegal sapêpadhane. Satêmêne Allah iku kaparêng ngapura dosa tur Maha-asih.

مَتَاعٌ قَلِيْلٌ ۖوَّلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١١٧
Matā‘un qalīl(un), wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[117] Lan manèh sira aja padha ngucap mangkene: Panganan iki khalal utawa panganan iki kharam, ênggonira ngucap mangkono mau mung calathu goroh, gawe-gawe, sira awadake têrang saka dhawuhing Allah. Satêmêne wong kang padha gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka dhawuhing Allah iku padha ora kêduman kabêgjan.

وَعَلَى الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا مَا قَصَصْنَا عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ ۗوَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ١١٨
Wa ‘alal-lażīna hādū ḥarramnā mā qaṣaṣnā ‘alaika min qabl(u), wa mā ẓalamnāhum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[118] Pituwase wong gawe-gawe mau mung olèh kabungahan sapele ana ing dunya, besuk ana ing akhirat bakal dipatrapi siksa naraka kang nglarani.

ثُمَّ اِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِيْنَ عَمِلُوا السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْٓا اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١١٩
Ṡumma inna rabbaka lil-lażīna ‘amilus-sū'a bijahālatin ṡumma tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū inna rabbaka mim ba‘dihā lagafūrur raḥīm(un).
[119] Wong Yahudi padha Ingsun larangi mangan pêpanganan kang wis Ingsun caritakake marang sira biyèn (kayata sarupaning khewan kang mawa kuku), ênggon ingsun anglarangi mau dudu panganiaya, balik wong Yahudi mau padha nganiaya marang awake dhewe.

اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ كَانَ اُمَّةً قَانِتًا لِّلّٰهِ حَنِيْفًاۗ وَلَمْ يَكُ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ١٢٠
Inna ibrāhīma kāna ummatan qānital lillāhi ḥanīfā(n), wa lam yaku minal-musyrikīn(a).
[120] Satêmêne Allah Pangeranira iku ngapura marang wong kang padha nglakoni ala maro tingal, kang ênggone nglakoni ala mau jalaran ora wêruh yèn iku ala wêkasane, sawise wêruh yèn kang dilakoni iku ala, banjur tobat lan ambêcikake kalakuane. Sawise tobat Allah Pangeranira mêsthi ngapura sarta asih marang wong mau.

شَاكِرًا لِّاَنْعُمِهِ ۖاجْتَبٰىهُ وَهَدٰىهُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٢١
Syākiral li'an‘umih(ī), ijtabāhu wa hadāhu ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[121] Satêmêne Nabi Ibrahim iku sawijining pangarêp kang sumungkêm ngabêkti ing Allah, nêtêpi Agama Islam, dudu ewone wong kang padha maro tingal.

وَاٰتَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ ۗ١٢٢
Wa ātaināhu fid-dun-yā ḥasanah(tan), wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[122] Kang sukur ênggone nampani pêparinging Allah kabungahan, Allah milih marang Nabi Ibrahim, dituduhake marang dalan kang bênêr (iya iku agama kang jêjêg).

ثُمَّ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٢٣
Ṡumma auḥainā ilaika anittabi‘ millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[123] Ana ing dunya Nabi Ibrahim mau Ingsun paringi bêcik (iya iku pangalêmbana kang akèh). Besuk ana ing akhirat Nabi Ibrahim mau kalêbu ewone wong kang padha bêcik.

اِنَّمَا جُعِلَ السَّبْتُ عَلَى الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِۗ وَاِنَّ رَبَّكَ لَيَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٢٤
Innamā ju‘ilas-sabtu ‘alal-lażīnakhtalafū fīh(i), wa inna rabbaka layaḥkumu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[124] Ingsun banjur paring wahyu marang sira: (He Mukhammad) [Mu.khammad)] sira manuta agamane Nabi Ibrahim, agama Islam akèh condhonge marang bênêr. Nabi Ibrahim iku dudu ewone wong maro tingal.

اُدْعُ اِلٰى سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ١٢٥
Ud‘u ilā sabīli rabbika bil-ḥikmati wal-mau‘iẓatil-ḥasanati wa jādilhum bil-latī hiya aḥsan(u), inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlihī wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[125] Wong Yahudi mêsthi padha diparentahi mulyakake dina Sêtu, awit padha nyulayani marang Nabine (mopo diparentahi mulyakake dina Jumungah nglêluri sarengat pranatane Nabi Ibrahim). Satêmêne besuk dina kiyamat, Allah bakal mancas prakarane para wong Yahudi ênggone padha pasulayan.

وَاِنْ عَاقَبْتُمْ فَعَاقِبُوْا بِمِثْلِ مَا عُوْقِبْتُمْ بِهٖۗ وَلَىِٕنْ صَبَرْتُمْ لَهُوَ خَيْرٌ لِّلصّٰبِرِيْنَ١٢٦
Wa in ‘āqabtum fa ‘āqibū bimiṡli mā ‘ūqibtum bih(ī), wa la'in ṣabartum lahuwa khairul liṣ-ṣābirīn(a).
[126] (He Mukhammad) manungsa iku padha sira jak ngambah dalaning Pangeranira (nglakoni agama Islam).sarana sira surup-surupake unining Kuran kang isi kawruh kawicaksanan, lan sarana pitutur bêcik, apadene padha sira padonana kang luwlih bêcik. Satêmêne Pangeranira iku nguningani wong kang kêsasar saka dalaning Allah, lan nguningani wong kang olèh pituduh bênêr.

وَاصْبِرْ وَمَا صَبْرُكَ اِلَّا بِاللّٰهِ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُ فِيْ ضَيْقٍ مِّمَّا يَمْكُرُوْنَ١٢٧
Waṣbir wa mā ṣabruka illā billāhi wa lā taḥzan ‘alaihim wa lā taku fī ḍaiqim mimmā yamkurūn(a).
[127] (He para wong Islam) mênawa wong kaphir nandukake piala marang sira, utawa siya-siya, iku sira walêsa sapadhane pialane marang sira, ewadene mênawa sira têguh, ora nandukake wewalês, têguhira iku luwih bêcik tumrap ing sira.

اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّالَّذِيْنَ هُمْ مُّحْسِنُوْنَ ࣖ ۔١٢٨
Innallāha ma‘al-lażīnattaqau wal-lażīna hum muḥsinūn(a).
[128] (He Mukhammad) sira têguha ing ati, awit ênggonira kêlar nêguhake ati, ora malês piala marang wong kang nandukake piala, iku ora liya saka pitulunging Allah, apadene sira aja sêdhih ngrasakake wong kaphir ênggone padha ora gêlêm anglakoni agama Islam, lan sira aja bêbêg atinira dupèh wong kaphir kudu nandukake paekan. Satêmêne Allah iku anjangkung wong kang padha wêdi ing Allah, lan wong kang bêcik, sumungkêm ngabêkti ing Allah.