Surah Al-Hijr
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗتِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ وَقُرْاٰنٍ مُّبِيْنٍ ۔١
Alif lām rā, tilka āyātul-kitābi wa qur'ānim mubīn(in).
[1]
Aliph Lam Ra, iku kabèh araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono [mangko...no] iku, mung Allah piyambak kang uninga têgêse. Kang kasêbut ing surat Khijir iki ayating kitab Kuran, kang nêrangake barang kang bênêr lan kang luput.
رُبَمَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ كَانُوْا مُسْلِمِيْنَ٢
Rubamā yawaddul-lażīna kafarū lau kānū muslimīn(a).
[2]
Besuk dina kiyamat, wong kaphir nalikane padha andêlêng siksa, akèh kang padha kapengin dadi wong Islam.
ذَرْهُمْ يَأْكُلُوْا وَيَتَمَتَّعُوْا وَيُلْهِهِمُ الْاَمَلُ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٣
Żarhum ya'kulū wa yatamatta‘ū wa yulhihimul-amalu fa saufa ya‘lamūn(a).
[3]
Wong kaphir iku saiki togna bae, karêbèn padha mêmangan lan bungah-bungah, ilang kaprayitnane dening katungkul andêlêng bandhane, gagasane anglalèkake marang iman, ing besuk dina kiyamat, mêsthi wêruh kawusananing awake.
وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ اِلَّا وَلَهَا كِتَابٌ مَّعْلُوْمٌ٤
Wa mā ahlaknā min qaryatin illā wa lahā kitābum ma‘lūm(un).
[4]
Mênawa Ingsun ngrusak sawijining desa, iku mêsthi wis tinulis ana ing Lohmahphul pinêsthi rusak, sarta wis ditamtokake dina lan wayahe.
مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ٥
Mā tasbiqu min ummatin ajalahā wa mā yasta'khirūn(a).
[5]
Patine siji-sijine umat ora bisi[1] andhisiki utawa ngèrèni pêpêsthène kang tinulis ana ing Lohmahphul.
وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْ نُزِّلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ اِنَّكَ لَمَجْنُوْنٌ ۗ٦
Wa qālū yā ayyuhal-lażī nuzzila ‘alaihiż-żikru innaka lamajnūn(un).
[6]
Wong kaphir ing Mêkah padha matur marang Nabi Mukhammad: He Nabi Mukhammad, sampeyan ngakên tinurunan Kuran, ngêmban timbalaning Allah, pamanggih kula, sampeyan punika ewah.
لَوْمَا تَأْتِيْنَا بِالْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٧
Lau mā ta'tīnā bil-malā'ikati in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[7]
Mênawi cariyos sampeyan têmên, kenging punapa sampeyan têka botên andhatêngakên Malaikat mriki, supados nêksèni bilih sampeyan punika têmên utusaning Allah.
مَا نُنَزِّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِلَّا بِالْحَقِّ وَمَا كَانُوْٓا اِذًا مُّنْظَرِيْنَ٨
Mā nunazzilul-malā'ikata illā bil-ḥaqqi wa mā kānū iżam munẓarīn(a).
[8]
(Dhawuhing Allah): Ingsun ora nurunake Malaikat, kajaba yèn ana pêrlune Ingsun utus nurunake siksa. Mênawa Ingsun nurunake Malaikat, dadi paniksane wăng kaphir iku tanpa disarantèkake.
اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ٩
Innā naḥnu nazzalnaż-żikra wa innā lahū laḥāfiẓūn(a).
[9]
Ingsun anurunake Kuran, sarta Kuran mau Ingsun rêksa (ora ana wong bisa muwuhi utawa nyuda).
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِيْ شِيَعِ الْاَوَّلِيْنَ١٠
Wa laqad arsalnā min qablika fī syiya‘il-awwalīn(a).
[10]
Dhèk jaman kuna sadurunge sira, Ingsun uga wis ngutus para Rasul, Ingsun karsakake mêmulang marang wong kuna kang padha agêgolongan.
وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ١١
Wa mā ya'tīhim mir rasūlin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[11]
Sabên Ingsun ngutus Rasul, wong golongan kang diwulang mêsthi padha anggêguyu marang Rasul mau (ora beda lan para umatira ênggone padha anggêguyu marang sira).
كَذٰلِكَ نَسْلُكُهٗ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَۙ١٢
Każālika naslukuhū fī qulūbil-mujrimīn(a).
[12]
Ingsun andokokake pamaido ana ing atine umatira kang padha duraka, kaya ênggon ingsun andokokake pamaido ana ing atine wong golongan ing jaman kuna mau.
لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَقَدْ خَلَتْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ١٣
Lā yu'minūna bihī wa qad khalat sunnatul-awwalīn(a).
[13]
Para umatira padha ora ngandêl marang Kuran, kang măngka wis kêtatalan, wong kuna kang ora manut marang Rasule padha Ingsun rusak.
وَلَوْ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَظَلُّوْا فِيْهِ يَعْرُجُوْنَۙ١٤
Wa lau fataḥnā ‘alaihim bābam minas-samā'i fa ẓallū fīhi ya‘rujūn(a).
[14]
Saupama wong kaphir mau Ingsun wêngani lawanging langit (banjur wêruh Malaikat padha munggah-mudhun) wong mau iya banjur padha munggah marang langit (wêruh kaelokan pirang-pirang. Sanadyan mangkonoa pisan, iya mêksa ora ngandêl marang Kuran).
لَقَالُوْٓا اِنَّمَا سُكِّرَتْ اَبْصَارُنَا بَلْ نَحْنُ قَوْمٌ مَّسْحُوْرُوْنَ ࣖ١٥
Laqālū innamā sukkirat abṣārunā bal naḥnu qaumum masḥūrūn(a).
[15]
Wong kaphir mau malah padha ngucap mangkene: ênggonku rumasa wêruh ing langit iku, satêmêne pandêlêngku disulap, dadi aku iki dumunung kêna ing sikhir.
وَلَقَدْ جَعَلْنَا فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّزَيَّنّٰهَا لِلنّٰظِرِيْنَۙ١٦
Wa laqad ja‘alnā fis-samā'i burūjaw wa zayyannāhā lin-nāẓirīn(a).
[16]
Ingsun wis nganakake lintang buruj rolas. (Lintang Buruj rolas iku 1. lintang Khadzal, 2. lintang Tsur, 3. lintang Juza,4. lintang Saraban, 5. lintang Asad, 6. lintang Sunbulah, 7. lintang Mizan, 8. lintang Pakrab, 9. lintang Gos, 10. lintang Jaddi, 11. lintang Dalwu, 12. lintang Khub. Jalalèn). Ingsun dokokake ana ing langit, minăngka rêrêngganing langit, asri dinêlêng ing wong.
وَحَفِظْنٰهَا مِنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۙ١٧
Wa ḥafiẓnāhā min kulli syaiṭānir rajīm(in).
[17]
Lan Ingsun angrêksa langit mau, aja nganti diunggahi ing setan, yèn arêp munggah ing langit, dibalangi dening Malaikat, dadi padha wêgah munggah ing langit.
اِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ مُّبِيْنٌ١٨
Illā manistaraqas-sam‘a fa atba‘ahū syihābum mubīn(un).
[18]
Kajaba setan kang ngisê-isêp[2] pangrungu saka para malaikat, iku ana kang wani munggah, ewadene banjur dibalangi malaikat kalawan gêni lan lintang.
وَالْاَرْضَ مَدَدْنٰهَا وَاَلْقَيْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَّوْزُوْنٍ١٩
Wal-arḍa madadnāhā wa alqainā fīhā rawāsiya wa ambatnā fīhā min kulli syai'im mauzūn(in).
[19]
Lan manèh Ingsun anggêlar bumi, sarta Ingsun dokoki gunung pirang-pirang, apadene Ingsun karsakake mêtu thêthukulane warna-warna, lan pêlikan kang dibobot (kaya ta mas lan salaka sapanunggalane).
وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيْهَا مَعَايِشَ وَمَنْ لَّسْتُمْ لَهٗ بِرٰزِقِيْنَ٢٠
Wa ja‘alnā lakum fīhā ma‘āyisya wa mal lastum lahū birāziqīn(a).
[20]
Mangkono uga bumi mau Ingsun dokoki barang kang dadi panganira, lan panganing kêbe [3] sapi sapêpadhane, kang satêmêne ora dadi ingonira, (Allah piyambak kang paring pangan).
وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا عِنْدَنَا خَزَاۤىِٕنُهٗ وَمَا نُنَزِّلُهٗٓ اِلَّا بِقَدَرٍ مَّعْلُوْمٍ٢١
Wa im min syai'in illā ‘indanā khazā'inuhū wa mā nunazziluhū illā biqadarim ma‘lūm(un).
[21]
Gêdhong pasimpênaning samubarang kang dumadi, iku ana ngastaningsun, dene ênggon Ingsun maringake barang mau marang sawiji-wijining wong, iku manut pêpêsthèn kang wis têrang kauningan ing Ingsun.
وَاَرْسَلْنَا الرِّيٰحَ لَوَاقِحَ فَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَسْقَيْنٰكُمُوْهُۚ وَمَآ اَنْتُمْ لَهٗ بِخٰزِنِيْنَ٢٢
Wa arsalnar-riyāḥa lawāqiha fa anzalnā minas-samā'i mā'an fa asqainākumūh(u), wa mā antum lahū bikhāzinīn(a).
[22]
Ingsun angididake angin kang nêsêp banyu ginawa mandhuwur, Ingsun banjur nurunake banyu udan saka ing langit, banjur Ingsun ênggo nyiram sira manungsa kabèh. Kang nyêkêl gêdhonge banyu udan iku dudu sira, Ingsun pribadi.
وَاِنَّا لَنَحْنُ نُحْيٖ وَنُمِيْتُ وَنَحْنُ الْوٰرِثُوْنَ٢٣
Wa innā lanaḥnu nuḥyī wa numītu wa naḥnul-wāriṡūn(a).
[23]
Ingsun iki kang gawe urip lan pati, apadene kang langgêng tan kêna owah.
وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَقْدِمِيْنَ مِنْكُمْ وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَأْخِرِيْنَ٢٤
Wa laqad ‘alimnal-mustaqdimīna minkum wa laqad ‘alimnal-musta'khirīn(a).
[24]
Ingsun nguningani têrang marang sira kabèh, uruting laire lan batine, sapa kang dhisik lan sapa kang kari (Ingsun ora kasamaran).
وَاِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَحْشُرُهُمْۗ اِنَّهٗ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ ࣖ٢٥
Wa inna rabbaka huwa yaḥsyuruhum, innahū ḥakīmun ‘alīm(un).
[25]
Satêmêne Allah Pangeranira iku, kang nguripake manungsa kabèh saka ing pati. Allah iku wicaksana tur nguningani samubarang.
وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَاٍ مَّسْنُوْنٍۚ٢٦
Wa laqad khalaqnal-insāna min ṣalṣālim min ḥama'im masnūn(in).
[26]
Têmên Ingsun wis gawe manungsa saka ing lêmah irêng kang garing tur kumênthing, winoran banyu nganti dadi êndhut mambu saking lawase.
وَالْجَاۤنَّ خَلَقْنٰهُ مِنْ قَبْلُ مِنْ نَّارِ السَّمُوْمِ٢٧
Wal-jānna khalaqnāhu min qablu min nāris-samūm(i).
[27]
Ingsun sadurunge gawe manungsa wis gawe jan (iya iku iblis kang nurunake jin lan setan), jan mau Ingsun gawe saka gêni kang mawa wisa.
وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ خَالِقٌۢ بَشَرًا مِّنْ صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَاٍ مَّسْنُوْنٍۚ٢٨
Wa iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī khāliqum basyaram min ṣalṣālim min ḥama'im masnūn(in).
[28]
(He Mukhammad), sira nyaritakna nalikane Pangeranira ngandika marang para malaikat: Ingsun gawe manungsa saka ing lêmah irêng kang garing tur kumênthing, winoran banyu nganti dadi êndhut mambu saking lawase.
فَاِذَا سَوَّيْتُهٗ وَنَفَخْتُ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِيْ فَقَعُوْا لَهٗ سٰجِدِيْنَ٢٩
Fa iżā sawwaituhū wa nafakhtu fīhi mir rūḥī fa qa‘ū lahū sājidīn(a).
[29]
Barêng êndhut mau wis Ingsun êndhèg-êndhèg rupa manungsa sampurna, nuli Ingsun sêbul, Ingsun dokoki roh Ingsun (manungsa mau banjur urip). He para malaikat, sira padha sumungkêma sujud marang Adam.
فَسَجَدَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ كُلُّهُمْ اَجْمَعُوْنَۙ٣٠
Fa sajadal-malā'ikatu kulluhum ajma‘ūn(a).
[30]
Para malaikat kabèh banjur (padha ngèstokake [ngè....stokake] dhawuhing Allah), padha sujud kabèh marang Adam.
اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اَبٰىٓ اَنْ يَّكُوْنَ مَعَ السّٰجِدِيْنَ٣١
Illā iblīs(a), abā ay yakūna ma‘as-sājidīn(a).
[31]
Mung iblis dhewe mopo ora gêlêm sujud marang Adam.
قَالَ يٰٓاِبْلِيْسُ مَا لَكَ اَلَّا تَكُوْنَ مَعَ السّٰجِدِيْنَ٣٢
Qāla yā iblīsu mā laka allā takūna ma‘as-sājidīn(a).
[32]
Allah nuli andangu: He iblis, marga dening apa sira ora gêlêm milu sujud marang Adam.
قَالَ لَمْ اَكُنْ لِّاَسْجُدَ لِبَشَرٍ خَلَقْتَهٗ مِنْ صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَاٍ مَّسْنُوْنٍ٣٣
Qāla lam akul li'asjuda libasyarin khalaqtahū min ṣalṣālim min ḥama'im masnūn(in).
[33]
Iblis nuli munjuk ing Allah: Kawula măngsa puruna sujud dhatêng manungsa ingkang Tuwan damêl saking siti cêmêng garing winoran toya, ngantos dados êndhut mambêt saking dening laminipun.
قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَاِنَّكَ رَجِيْمٌۙ٣٤
Qāla fakhruj minhā fa innaka rajīm(un).
[34]
Allah nuli ngandika: Saiki sira mêtua saka ing suwarga (mudhuna aja ana ing langit) sira kêna ing dêdukaningsun, pantês dibalangi.
وَّاِنَّ عَلَيْكَ اللَّعْنَةَ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ٣٥
Wa inna ‘alaikal-la‘nata ilā yaumid-dīn(i).
[35]
Sira kêna ing bêbênduningsun, nganti têkan dina kiyamat (ing kono sira bakal Ingsun siksa).
قَالَ رَبِّ فَاَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ٣٦
Qāla rabbi fa anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[36]
Iblis munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan sarantosakên dumugi dintên kiyamat, nalikanipun manungsa sami Tuwan tangèkakên saking pêjah.
قَالَ فَاِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَۙ٣٧
Qāla fa innaka minal-munẓarīn(a).
[37]
اِلٰى يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُوْمِ٣٨
Ilā yaumil-waqtil-ma‘lūm(i).
[38]
Nganti têkan dina kiyamat kang wis Ingsun uningani titimangsane.
قَالَ رَبِّ بِمَآ اَغْوَيْتَنِيْ لَاُزَيِّنَنَّ لَهُمْ فِى الْاَرْضِ وَلَاُغْوِيَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٣٩
Qāla rabbi bimā agwaitanī la'uzayyinanna lahum fil-arḍi wa la'ugwiyannahum ajma‘īn(a).
[39]
Iblis munjuk manèh: Dhuh Pangeran kawula, sarèhning kawula sampun Tuwan sasarakên, kawula mugi kaparênga lajêng anggodha dhatêng Adam saturunipun wontên ing bumi, sasagêd-sagêd badhe kawula sasarakên sadaya.
اِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِيْنَ٤٠
Illā ‘ibādaka minhumul-mukhlaṣīn(a).
[40]
Kajawi para kawula Tuwan ingkang rêsik manahipun anggènipun ngandêl ing Tuwan, punika botên kenging kawula godha.
قَالَ هٰذَا صِرَاطٌ عَلَيَّ مُسْتَقِيْمٌ٤١
Qāla hāżā ṣirāṭun ‘alayya mustaqīm(un).
[41]
Allah ngandika: Ngandêl marang Ingsun kalawan ati rêsik iku dalan bênêr kang anjog marang ngarsaningsun.
اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌ اِلَّا مَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْغَاوِيْنَ٤٢
Inna ‘ibādī laisa laka ‘alaihim sulṭānun illā manittaba‘aka minal-gāwīn(a).
[42]
Satêmêne sira ora wênang nguwasani para kawulaningsun, kajaba wong kaphir kang manut marang sira.
وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمَوْعِدُهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٤٣
Wa inna jahannama lamau‘iduhum ajma‘īn(a).
[43]
Lan satêmêne naraka Jahanam iku dadi pangancam marang turune Adam kang padha kaphir.
لَهَا سَبْعَةُ اَبْوَابٍۗ لِكُلِّ بَابٍ مِّنْهُمْ جُزْءٌ مَّقْسُوْمٌ ࣖ٤٤
Lahā sab‘atu abwāb(in), likulli bābim minhum juz'um maqsūm(un).
[44]
Naraka Jahanam iku lawange pitu, lan pangkate iya pitu, siji-sijining pangkat wis ana kang duwe bubuhan ngênggoni (iya iku wong kang manut marang sira).
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۗ٤٥
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[45]
Sarupane wong kang wêdi ing Allah, ora maro tingal, iku besuk bakal padha munggah ing suwarga, kang ana kaline pating sarèwèh.
اُدْخُلُوْهَا بِسَلٰمٍ اٰمِنِيْنَ٤٦
Udkhulūhā bisalāmin āminīn(a).
[46]
Dhawuhing Allah marang wong mau: Mara padha malêbua ing suwarga kalawan salamêt têntrêm.
وَنَزَعْنَا مَا فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنْ غِلٍّ اِخْوَانًا عَلٰى سُرُرٍ مُّتَقٰبِلِيْنَ٤٧
Wa naza‘nā mā fī ṣudūrihim min gillin ikhwānan ‘alā sururim mutaqābilīn(a).
[47]
Atine wong ing suwarga kang ora lêga padha Ingsun bengkas. Larut kabèh, banjur padha kaya sadulur, padha linggih ing dhampar, arêp-arêpan lan para kancane.
لَا يَمَسُّهُمْ فِيْهَا نَصَبٌ وَّمَا هُمْ مِّنْهَا بِمُخْرَجِيْنَ٤٨
Lā yamassuhum fīhā naṣabuw wa mā hum minhā bimukhrajīn(a).
[48]
Wong mau ana ing suwarga ora tau krasa sayah sarta ora mêtu saka ing suwarga, langgêng salawase.
۞ نَبِّئْ عِبَادِيْٓ اَنِّيْٓ اَنَا الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُۙ٤٩
Nabbi' ‘ibādī annī anal-gafūrur-raḥīm(u).
[49]
(He Mukhammad), para kawulaningsun padha sira waraha yèn Ingsun iki kaparêng bangêt ngapura dosa tur Maha Asih.
وَاَنَّ عَذَابِيْ هُوَ الْعَذَابُ الْاَلِيْمُ٥٠
Wa anna ‘ażābī huwal-‘ażābul-alīm(u).
[50]
Lan padha sira waraha yèn siksaningsun iku siksa anglarani.
وَنَبِّئْهُمْ عَنْ ضَيْفِ اِبْرٰهِيْمَۘ٥١
Wa nabbi'hum ‘an ḍaifi ibrāhīm(a).
[51]
Apadene sira caritanana lupiya dhêdhayohe Nabi Ibrahim. (Dhayoh iku, satêmêne Malaikat Jabarail lan kancane malaikat sawêlas).
اِذْ دَخَلُوْا عَلَيْهِ فَقَالُوْا سَلٰمًاۗ قَالَ اِنَّا مِنْكُمْ وَجِلُوْنَ٥٢
Iż dakhalū ‘alaihi fa qālū salāmā(n), qāla innā minkum wajilūn(a).
[52]
Nalika padha mara dhayoh marang omahe Nabi Ibrahim, têkane nganggo uluk salam, (sampeyan mugi kasugêngana), barêng wis sawara[4] suwe, Nabi Ibrahim matur marang dhayohe: Kula punika ajrih dhatêng sampeyan. (Awit botên karsa dhahar sêsêgah kula).
قَالُوْا لَا تَوْجَلْ اِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلٰمٍ عَلِيْمٍ٥٣
Qālū lā taujal innā nubasysyiruka bigulāmin ‘alīm(in).
[53]
Para dhayoh mau banjur padha mangsuli: Sampeyan sampun ajrih dhatêng kula, kula punika badhe suka kabar ingkang ambingahakên, sampeyan [sampe.....yan] punika badhe kagungan putra jalêr tur pintêr.
قَالَ اَبَشَّرْتُمُوْنِيْ عَلٰٓى اَنْ مَّسَّنِيَ الْكِبَرُ فَبِمَ تُبَشِّرُوْنَ٥٤
Qāla abasysyartumūnī ‘alā am massaniyal-kibaru fa bima tubasysyirūn(a).
[54]
Nabi Ibrahim banjur takon kanthi eram: Sarèhning kula punika sampun sêpuh (rabi kula ugi sampun sêpuh), sameyan[5] têka ambêbingah dhatêng kula badhe gadhah anak, punika kadospundi sagêdipun kalampahan.
قَالُوْا بَشَّرْنٰكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُنْ مِّنَ الْقٰنِطِيْنَ٥٥
Qālū basysyarnāka bil-ḥaqqi falā takum minal-qāniṭīn(a).
[55]
Dhayoh mau padha mangsuli: (Kula punika malaikat utusaning Allah) cariyos kula dhatêng sampeyan punika sayêktos. Sampeyan sampun bosên ngajêng- ajêng sihing Allah.
قَالَ وَمَنْ يَّقْنَطُ مِنْ رَّحْمَةِ رَبِّهٖٓ اِلَّا الضَّاۤلُّوْنَ٥٦
Qāla wa may yaqnaṭu mir raḥmati rabbihī illaḍ-ḍāllūn(a).
[56]
Nabi Ibrahim matur: Botên wontên tiyang bosên ngajêng-ajêng sihing Allah, kajawi tiyang kêsasar, (saking margining kawilujêngan).
قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ اَيُّهَا الْمُرْسَلُوْنَ٥٧
Qāla famā khaṭbukum ayyuhal-mursalūn(a).
[57]
Nabi Ibrahim matur: Dhuh para malaikat utusaning Allah, kajawi saking punika, rawuh sampeyan ing ngriki kautus punapa malih.
قَالُوْٓا اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمٍ مُّجْرِمِيْنَۙ٥٨
Qālū innā ursilnā ilā qaumim mujrimīn(a).
[58]
Dhayoh mangsuli: Dhatêng kula ing ngriki kautus ngrisak para umatipun Nabi Lut ingkang sami duraka.
اِلَّآ اٰلَ لُوْطٍۗ اِنَّا لَمُنَجُّوْهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٥٩
Illā āla lūṭ(in), innā lamunajjūhum ajma‘īn(a).
[59]
Namung Nabi Lut sakulawarganipun, punika kula wilujêngakên sadaya.
اِلَّا امْرَاَتَهٗ قَدَّرْنَآ اِنَّهَا لَمِنَ الْغٰبِرِيْنَ ࣖ٦٠
Illamra'atahū qaddarnā innahā laminal-gābirīn(a).
[60]
Kajawi rabinipun Nabi Lut, punika kula tamtokakên kantun, tumut risak.
فَلَمَّا جَاۤءَ اٰلَ لُوْطِ ِۨالْمُرْسَلُوْنَۙ٦١
Falammā jā'a āla lūṭinil-mursalūn(a).
[61]
(Para malaikat utusan banjur padha mangkat [mang....kat] marang ngomahe Nabi Lut), barêng wis têkan ngomahe Nabi Lut.
قَالَ اِنَّكُمْ قَوْمٌ مُّنْكَرُوْنَ٦٢
Qāla innakum qaumum munkarūn(a).
[62]
Nabi Lut banjur takon: Kula punika katêmbèn sumêrêp dhatêng sampeyan, sampeyan punika sintên, rawuh sampeyan ngriki wontên karsa sampeyan punapa.
قَالُوْا بَلْ جِئْنٰكَ بِمَا كَانُوْا فِيْهِ يَمْتَرُوْنَ٦٣
Qālū bal ji'nāka bimā kānū fīhi yamtarūn(a).
[63]
Para malaikat utusan mangsuli: (Kula punika malaikat utusaning Allah), dhatêng kula ing ngriki badhe niksa para umat sampeyan, awit anggènipun sami maibên dhatêng sampeyan.
وَاَتَيْنٰكَ بِالْحَقِّ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ٦٤
Wa ataināka bil-ḥaqqi wa innā laṣādiqūn(a).
[64]
Sowan kula ing sampeyan, damêl kanyataan, niksa para umat sampeyan, atur kula punika têmên.
فَاَسْرِ بِاَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ الَّيْلِ وَاتَّبِعْ اَدْبَارَهُمْ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنْكُمْ اَحَدٌ وَّامْضُوْا حَيْثُ تُؤْمَرُوْنَ٦٥
Fa asri bi'ahlika biqiṭ‘im minal-laili wattabi‘ adbārahum wa lā yaltafit minkum aḥaduw wamḍū ḥaiṡu tu'marūn(a).
[65]
Mangke dalu sampeyan mangkat kesah dhatêng nagari Sam, dalah para kulawarga sampeyan, anggèn sampeyan malampah kalayan rêrikatan, sampeyan kinthil wontên wingkingipun para kulawarga sampeyan, sadaya botên kenging nolah- nolih, namung têrusa lumampah, nuju dhatêng Sam, nêtêpi dhawuhing Allah.
وَقَضَيْنَآ اِلَيْهِ ذٰلِكَ الْاَمْرَ اَنَّ دَابِرَ هٰٓؤُلَاۤءِ مَقْطُوْعٌ مُّصْبِحِيْنَ٦٦
Wa qaḍainā ilaihi żālikal-amra anna dābira hā'ulā'i maqṭū‘um muṣbiḥīn(a).
[66]
Prakara iku Ingsun paring sumurup marang nabi Lut, yèn sapungkure Nabi Lut sakulawargane, para umate banjur Ingsun sirnakake kabèh ing wayah Subuh.
وَجَاۤءَ اَهْلُ الْمَدِيْنَةِ يَسْتَبْشِرُوْنَ٦٧
Wa jā'a ahlul-madīnati yastabsyirūn(a).
[67]
Wong ing nagara Sadum banjur padha têka marang ngomahe Nabi Lut, padha bungah-bungah (andêlêng dhêdhayohe Nabi Lut, padha bagus-bagus rupane, sêdyane arêp dicumbana.
قَالَ اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ ضَيْفِيْ فَلَا تَفْضَحُوْنِۙ٦٨
Qāla inna hā'ulā'i ḍaifī falā tafḍaḥūn(i).
[68]
Nabi Lut banjur nyalathoni marang wong ing Sadum: Wong iki kabèh padha dhayohku, kowe aja padha gawe ala marang aku lan dhayohku.
وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَلَا تُخْزُوْنِ٦٩
Wattaqullāha wa lā tukhzūn(i).
[69]
Kowe padha wêdia ing Allah, aja padha mirang-mirangake marang aku.
قَالُوْٓا اَوَلَمْ نَنْهَكَ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٧٠
Qālū awalam nanhaka ‘anil-‘ālamīn(a).
[70]
Wong ing Sadum padha mangsuli: Kula punapa sampun botên mênging dhatêng sampeyan, mênawi kula gadhah kajêng dhatêng sintên-sintêna tiyang ing jagad punika, sampeyan sampun ngantos munasika.
قَالَ هٰٓؤُلَاۤءِ بَنٰتِيْٓ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَۗ٧١
Qāla hā'ulā'i banātī in kuntum fā‘ilīn(a).
[71]
Nabi Lut banjur ngarih-arih marang wong ing Sadum mau: Bocah-bocah wadon iku padha anakku kabèh, mênawa kowe gêlêm anglakoni agama Islam, êndi kang kopilih, tak dhaupake lan kowe.
لَعَمْرُكَ اِنَّهُمْ لَفِيْ سَكْرَتِهِمْ يَعْمَهُوْنَ٧٢
La‘amruka innahum lafī sakratihim ya‘mahūn(a).
[72]
(He Mukhammad), dêmi uripira, para umate Nabi Lut mau padha bingung saking dening laline.
فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ مُشْرِقِيْنَۙ٧٣
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu musyriqīn(a).
[73]
Ing wayah wêtune srêngenge, Malaikat Jabarail pêtak, wong ing Sadum padha ambruk.
فَجَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّنْ سِجِّيْلٍ٧٤
Fa ja‘alnā ‘āliyahā sāfilahā wa amṭarnā ‘alaihim ḥijāratam min sijjīl(in).
[74]
Ing kono bumi kang diênggoni para umate Nabi Lut, diputêr dening malaikat, ginawa mumbul mandhuwur, [mandhu...wur,] nuli ditibakake sarta diwalik, banjur Ingsun udani watu utawa bata matêng.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّلْمُتَوَسِّمِيْنَۙ٧٥
Inna fī żālika la'āyātil lil-mutawassimīn(a).
[75]
Kang mangkono iku, tumrap wong kang padha mikir, mêsthi dadi tăndha yêkti.
وَاِنَّهَا لَبِسَبِيْلٍ مُّقِيْمٍ٧٦
Wa innahā labisabīlim muqīm(in).
[76]
Dene patilasane bumi kang diwalik iku saiki ana ing dalan kang diliwati ing wong.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَۗ٧٧
Inna fī żālika la'āyatal lil-mu'minīn(a).
[77]
Siksa kang nêmpuh para umate Nabi Lut iku, tumrap wong kang pracaya ing Allah, mêsthi dadi tăndha yêkti.
وَاِنْ كَانَ اَصْحٰبُ الْاَيْكَةِ لَظٰلِمِيْنَۙ٧٨
Wa in kāna aṣḥābul-aikati laẓālimīn(a).
[78]
Lan manèh para umate Nabi Sungèb kang padha duwe pakêbonan isi kêkayon akèh, iku padha duraka ênggone maido marang Nabi Sungèb.
فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْۘ وَاِنَّهُمَا لَبِاِمَامٍ مُّبِيْنٍۗ ࣖ٧٩
Fantaqamnā minhum, wa innahumā labi'imāmim mubīn(in).
[79]
Ingsun banjur niksa para umate Nabi Sungèb mau, dene patilasan nagarane para umate Nabi Lut lan Nabi Sungèb mau padha ana ing dalan, dinêlêng têrang dening wong lumaku.
وَلَقَدْ كَذَّبَ اَصْحٰبُ الْحِجْرِ الْمُرْسَلِيْنَۙ٨٠
Wa laqad każżaba aṣḥābul-ḥijril-mursalīn(a).
[80]
Wong ing Khijir (Khijir iku araning nagara kang diênggoni wong Sadum, dununge ana sasêlaning gunung antarane nagara sam lan Mêdinah, patilasane saprene isih. Khazin). iya padha maido marang Nabi Salèh lan para Rasul kang dhisik-dhisik.
وَاٰتَيْنٰهُمْ اٰيٰتِنَا فَكَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَۙ٨١
Wa ātaināhum āyātinā fa kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[81]
Wong ing Khijir mau padha Ingsun gêlari tăndha yêkti pirang-pirang, nanging padha malengos ora pracaya.
وَكَانُوْا يَنْحِتُوْنَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا اٰمِنِيْنَ٨٢
Wa kānū yanḥitūna minal-jibāli buyūtan āminīn(a).
[82]
Wong mau padha gawe guwa ana ing gunung-gunung, ginawe omah, pangrasane wis mitayani, bisa nulak sakèhing bêbaya.
فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ مُصْبِحِيْنَۙ٨٣
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu muṣbiḥīn(a).
[83]
Ing wayah subuh wong ing Khijir mau padha tinêmpuh siksaning Allah.
فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَۗ٨٤
Famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[84]
Enggone padha gawe guwa mau ora bisa nulak siksaning Allah marang wong ing Khijir mau.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّۗ وَاِنَّ السَّاعَةَ لَاٰتِيَةٌ فَاصْفَحِ الصَّفْحَ الْجَمِيْلَ٨٥
Wa mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqq(i), wa innas-sā‘ata la'ātiyatun faṣfaḥiṣ-ṣafḥal-jamīl(a).
[85]
Enggon Ingsun gawe bumi lan langit, lan barang kang ana antarane bumi lan langit, iku ana gawene, karsaningsun ora liya mung anggêlarake kanyataan (dadia tăndha yèn Ingsun iki Pangeran kang Esa), lan manèh dina kiyamat iku ora bisa wurung kêlakone. (He Mukhammad), awit saka iku sira malengosa marang para umatira kang kaphir kalawan bêcik.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْخَلّٰقُ الْعَلِيْمُ٨٦
Inna rabbaka huwal-khallāqul-‘alīm(u).
[86]
Satêmêne Allah Pangeranira iku kang gawe samubarang kang dumadi iki kabèh, tur nguningani samubarang.
وَلَقَدْ اٰتَيْنٰكَ سَبْعًا مِّنَ الْمَثَانِيْ وَالْقُرْاٰنَ الْعَظِيْمَ٨٧
Wa laqad ātaināka sab‘am minal-maṡānī wal-qur'ānal-‘aẓīm(a).
[87]
Ingsun wis maringi surat Phatikhah pitung ayat marang sira, sarta maringi Kuran kang agung marang sira.
لَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِلْمُؤْمِنِيْنَ٨٨
Lā tamuddanna ‘ainaika ilā mā matta‘nā bihī azwājam minhum wa lā taḥzan ‘alaihim wakhfiḍ janāḥaka lil-mu'minīn(a).
[88]
(He Mukhammad), mripatira aja andêlêng utawa kapengin marang kabungahan ing dunya; kang Ingsun paringake marang wong kaphir warna-warna (awit sira wis diparingi kang luwih gêdhe, iya iku Kuran), lan sira aja nyêdhihake ênggone si kaphir ora gêlêm Islam, lan [la..n] sira anglêmêsna lambungira, ngrampèk para wong mukmin, luwih manèh kang ora duwe.
وَقُلْ اِنِّيْٓ اَنَا النَّذِيْرُ الْمُبِيْنُۚ٨٩
Wa qul innī anan-nażīrul-mubīn(u).
[89]
Lan sira dhawuha: Aku iki andhawuhake lan nêrang-nêrangake parintahing Allah, lan mêmêdèni siksaning Allah marang wong kang ora manut parentah.
كَمَآ اَنْزَلْنَا عَلَى الْمُقْتَسِمِيْنَۙ٩٠
Kamā anzalnā ‘alal-muqtasimīn(a).
[90]
Kaya siksa kang Ingsun ênggo matrapi marang wong (Yahudi lan wong Nasara) kang ênggone ngarêpi Kuran mung dipilihi êndi kang didhêmêni bae.
الَّذِيْنَ جَعَلُوا الْقُرْاٰنَ عِضِيْنَ٩١
Allażīna ja‘alul-qur'āna ‘iḍīn(a).
[91]
Kang padha merang-merang Kuran, (êndi kang didhêmêni dipracaya, kang ora didhêmêni dipaido).
فَوَرَبِّكَ لَنَسْـَٔلَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٩٢
Fa wa rabbika lanas'alannahum ajma‘īn(a).
[92]
Mulane dêmi Pangeranira, wong kaphir mau kabèh, besuk ana ing akhirat, bakal padha Ingsun dangu.
عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩٣
‘Ammā kānū ya‘malūn(a).
[93]
Kapriye ênggone padha nganggêp marang Kuran utawa marang sira Mukhammad.
فَاصْدَعْ بِمَا تُؤْمَرُ وَاَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِيْنَ٩٤
Faṣda‘ bimā tu'maru wa a‘riḍ ‘anil-musyrikīn(a).
[94]
Mulane saiki sira ngêdhènga ênggonira nindakake dhawuhing Allah, lan aja praduli marang wong kaphir.
اِنَّا كَفَيْنٰكَ الْمُسْتَهْزِءِيْنَۙ٩٥
Innā kafainākal-mustahzi'īn(a).
[95]
Ingsun anulungi ing sira Mukhammad ngalahake wong Kaphir kang padha anggêguyu (Kuran lan munasika marang sira, iku padha Ingsun siksa sakala).
الَّذِيْنَ يَجْعَلُوْنَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٩٦
Allażīna yaj‘alūna ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), fa saufa ya‘lamūn(a).
[96]
Iya iku wong kaphir kang padha maro tingal, ngadêgake Pangeran liyane Allah. Ing besuk si Kaphir bakal wêruh kawusananing awake.
وَلَقَدْ نَعْلَمُ اَنَّكَ يَضِيْقُ صَدْرُكَ بِمَا يَقُوْلُوْنَۙ٩٧
Wa laqad na‘lamu annaka yaḍīqu ṣadruka bimā yaqūlūn(a).
[97]
Ingsun mêsthi nguningani yèn atinira iku bêbêg [bê.....bêg] marga saka pangucape si kaphir (padha anggêguyu marang sira).
فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَكُنْ مِّنَ السّٰجِدِيْنَۙ٩٨
Fa sabbiḥ biḥamdi rabbika wa kum minas-sājidīn(a).
[98]
Mulane sira mujia lan nyêbuta Mahasuci ing Pangeranira, sarta sêmbayanga lan sujuda.
وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتّٰى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ ࣖࣖ٩٩
Wa‘bud rabbaka ḥattā ya'tiyakal-yaqīn(u).
[99]
Lan sira nêmbaha ing Allah Pangeranira, nganti têkan ing patinira kang wis cêtha bakal kêlakone.