Surah Ibrahim
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ اِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ بِاِذْنِ رَبِّهِمْ اِلٰى صِرَاطِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِۙ١
Alif lām rā, kitābun anzalnāhu ilaika litukhrijan-nāsa minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), bi'iżni rabbihim ilā ṣirāṭil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[1]
Aliph Lam Ra, iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono mau, kang uninga têgêse mung Allah piyambak. (He Mukhammad), Kuran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira ênggoa mêtokake manungsa saka pêpêtênging kaphir marang pêpadhanging iman, utawa marang dalaning Pangeran kang Mulya tur Pinuji, kang mangkono iku dhasar parintahing Pangeran.
اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَوَيْلٌ لِّلْكٰفِرِيْنَ مِنْ عَذَابٍ شَدِيْدٍۙ٢
Allāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa wailul lil-kāfirīna min ‘ażābin syadīd(in).
[2]
Pangeran Allah kang kagungan saisining bumi lan langit. Dene siksa naraka kang luwih dening abot, iku patrapane para wong kapir kabèh.
ۨالَّذِيْنَ يَسْتَحِبُّوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا عَلَى الْاٰخِرَةِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ٣
Allażīna yastaḥibbūnal-ḥayātad-dun-yā ‘alal-ākhirati wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), ulā'ika fī ḍalālim ba‘īd(in).
[3]
Kang padha milih kabungahan ing dunya, ora praduli marang kabungahan ing akhirat, lan padha [pa.dha] mênging manungsa supaya aja ngambah dalan agamaning Allah, pamrihe: agamaning Allah iku malèncènga. Wong mangkono mau têtêp kêsasar saka dalaning Allah nganti adoh.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا بِلِسَانِ قَوْمِهٖ لِيُبَيِّنَ لَهُمْ ۗفَيُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٤
Wa mā arsalnā mir rasūlin illā bilisāni qaumihī liyubayyina lahum, fa yuḍillullāhu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[4]
Mênawa Ingsun ngutus sawijining Rasul, ora nganggo têmbunge wong ngêndi-êndi mung nganggo têmbunge para umate, supaya Rasul mau cêthaa ênggone nêrangake dhawuh Ingsun marang para umate. Sawise Allah ngutus para Rasul, Allah nasarake wong kang dadi parênging karsane, lan uga paring pituduh bênêr marang wong kang dadi parênging karsane. Allah iku sipat Mulya tur Wicaksana.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اَنْ اَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ وَذَكِّرْهُمْ بِاَيّٰىمِ اللّٰهِ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ٥
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā an akhrij qaumaka minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa żakkirhum bi'ayyāmillāh(i), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[5]
Biyèn Ingsun wis ngutus Nabi Musa, kanthi ayat Ingsun mukjizat kaelokan pirang-pirang, dhawuh Ingsun: He Musa, sira mêtokna para umatira saka pêpêtênging kaphir marang pêpadhanging iman, lan padha sira elingna lêlakoning para umat ing jaman kuna kang padha dituruni siksa dening Allah, awit pêpeling iku dadi ayat utawa wêwulang tumrap wong kang padha sabar tur sukur ing Allah.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ اَنْجٰىكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ وَيُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْ ۗوَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ ࣖ٦
Wa iż qāla mūsā liqaumihiżkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż anjākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażābi wa yużabbiḥūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum, wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[6]
(He Mukhammad), sira nyaritakna lêlakone Nabi Musa, nalika dhawuh marang para umate: Kowe padha elinga pêparinging Allah kabungahan marang kowe, kayata: Allah wis paring salamêt marang kowe, luwar saka pialane Raja Phirngon sapunggawane, kang padha nganiaya marang kowe, nandukake siksa kang siya-siya, apadene ambêlèhi anakmu kang lanang, dene anakmu kang wadon padha diuripi. Kang mangkono iku coba gêdhe saka Allah Pangeranmu.
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ٧
Wa iż ta'ażżana rabbukum la'in syakartum la'azīdannakum wa la'in kafartum inna ‘ażābī lasyadīd(un).
[7]
Lan manèh kowe padha elinga, nalikane Allah Pangeranmu ngundhangake dhawuh mangkene: He para turuning Israil, mênawa sira padha sukur ing Allah, amêsthi pêparing Ingsun kabungahan marang sira kang uwis iku Ingsun wuhi [14] manèh, dene yèn sira maido pêparing Ingsun kabungahan, sira Ingsun patrapi siksa, wruhanira: siksaningsun iku luwih dening abot.
وَقَالَ مُوْسٰٓى اِنْ تَكْفُرُوْٓا اَنْتُمْ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ۙفَاِنَّ اللّٰهَ لَغَنِيٌّ حَمِيْدٌ٨
Wa qāla mūsā in takfurū antum wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), fa innallāha laganiyyun ḥamīd(un).
[8]
Nabi Musa banjur dhawuh: He para sanakku wong Bani Srail kabèh, mênawa kowe dalah wong saisining bumi iki kabèh padha mai[15] pêparinging Allah kabungahan, Allah ora bakal eman utawa kogêl ênggone niksa, wruhanamu, Allah ora butuh marang kawulane, Allah iku pantês Ingalêmbana.
اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَؤُا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ ەۗ وَالَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗ لَا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا اللّٰهُ ۗجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَرَدُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ فِيْٓ اَفْوَاهِهِمْ وَقَالُوْٓا اِنَّا كَفَرْنَا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ وَاِنَّا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ٩
Alam ya'tikum naba'ul-lażīna min qablikum qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūd(a), wal-lażīna mim ba‘dihim, lā ya‘lamuhum illallāh(u), jā'athum rusuluhum bil-bayyināti fa raddū aidiyahum fī afwāhihim wa qālū innā kafarnā bimā ursiltum bihī wa innā lafī syakkim mimmā tad‘ūnanā ilaihi murīb(in).
[9]
Apa kowe durung sumurup carita lêlakone para umat kuna sadurunge kowe ana, kaya ta: para umate Nabi Nuh, sirna kabèh marga dikêlêm, apadene wong Ngad lan wong Samud, kabèh padha dirusak dening Allah.
۞ قَالَتْ رُسُلُهُمْ اَفِى اللّٰهِ شَكٌّ فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَدْعُوْكُمْ لِيَغْفِرَ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرَكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ قَالُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا ۗ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَصُدُّوْنَا عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا فَأْتُوْنَا بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ١٠
Qālat rusuluhum afillāhi syakkun fāṭiris-samāwāti wal-arḍ(i), yad‘ūkum liyagfira lakum min żunūbikum wa yu'akhkhirakum ilā ajalim musammā(n), qālū in antum illā basyarum miṡlunā, turīdūna an taṣuddūnā ‘ammā kāna ya‘budu ābā'unā fa'tūnā bisulṭānim mubīn(in).
[10]
Dene sapungkure umat têlung warna mau, akèh para umat kang tanpa wilangan, ora ana kang wêruh cacahe mung Allah piyambak, para umat mau padha diwulang dening para Rasule dhewe, kanthi tăndha yêkti utawa mukjizat kaelokan pirang-pirang. Para umat mau saking bangêting pamaidone, nganti padha nyokot darijine, pangucape marang Rasule: Samukawis wêwulang sampeyan, sampeyan awadakên dhawuhing Allah, punika kula maibên. Dene anggèn sampeyan ajak-ajak dhatêng kula pitados ing Allah, punika kula taksih sumêlang, dèrèng sagêd ngandêl dhatêng wulang sampeyan.
قَالَتْ لَهُمْ رُسُلُهُمْ اِنْ نَّحْنُ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَمُنُّ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ وَمَا كَانَ لَنَآ اَنْ نَّأْتِيَكُمْ بِسُلْطٰنٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١١
Qālat lahum rusuluhum in naḥnu illā basyarum miṡlukum wa lākinnallāha yamunnu ‘alā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wa mā kāna lanā an na'tiyakum bisulṭānin illā bi'iżnillāh(i), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[11]
Para Rasul mau banjur mangsuli: Apa kowe padha mamang yèn Allah iku kang nganakake bumi lan langit, lan saisine kabèh. Allah nimbali marang kowe kabèh, padha dikarsakake ngandêl marang Allah, yèn wis padha pracaya marang Allah, Allah bakal ngapura marang kaluputanmu, sarta nyarantèkake marang kowe kabèh nganti têkan puputing umurmu, ora matrapi kêncengan marang kowe.
وَمَا لَنَآ اَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى اللّٰهِ وَقَدْ هَدٰىنَا سُبُلَنَاۗ وَلَنَصْبِرَنَّ عَلٰى مَآ اٰذَيْتُمُوْنَاۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُوْنَ ࣖ١٢
Wa mā lanā allā natawakkala ‘alallāhi wa qad hadānā subulanā, wa lanaṣbiranna ‘alā mā āżaitumūnā, wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mutawakkilūn(a).
[12]
Para umat mau banjur padha matur: Sampeyan punika dede sintên-sintên, inggih namung tiyang kados kula kemawon, botên ngungkuli punapa-punapa dhatêng kula. Dene anggèn sampeyan ngajak pitados dhatêng Allah punika, sêdya sampeyan namung ngawisi anggèn kula nyêmbah brahala sêsêmbahanipun para lêluhur kula. Ewadene mênawi karsa sampeyan makatên punika lêrês sayêktos, coba sampeyan dhatêngakên tăndha yêkti.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُمْ مِّنْ اَرْضِنَآ اَوْ لَتَعُوْدُنَّ فِيْ مِلَّتِنَاۗ فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظّٰلِمِيْنَ ۗ١٣
Wa qālal-lażīna kafarū lirusulihim lanukhrijannakum min arḍinā au lata‘ūdunna fī millatinā, fa auḥā ilaihim rabbuhum lanuhlikannaẓ-ẓālimīn(a).
[13]
Para Rasul mau banjur mangsuli marang para umate: Bênêr aku iki dudu sapa-sapa, mung wong kaya kowe bae, ewadene Allah iku paring kaluwihan marang kawulane kang dadi parênging karsane. Aku ora bisa nêkakake tăndha yêkti kalawan panguwasaku dhewe.
وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗذٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِيْ وَخَافَ وَعِيْدِ١٤
Wa lanuskinannakumul-arḍa mim ba‘dihim, żālika liman khāfa maqāmī wa khāfa wa‘īd(i).
[14]
Kajaba kalawan kaparênging Allah, iku aku bisa nêkakake tăndha yêkti. Wong kang pracaya ing Allah padha nyumanggakna awake marang Allah.
وَاسْتَفْتَحُوْا وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍۙ١٥
Wastaftaḥū wa khāba kullu jabbārin ‘anīd(in).
[15]
Sabab dening apa aku ora nyumanggakake apa sakarsaning Allah, mêsthi nyumanggakake. Allah wis paring pituduh dalanku marang kaslamêtan, lan aku mêsthi sabar marang pangaru-birumu lan ênggonmu padha nglarani marang aku. Wong kang padha nyumanggakake [nyumanggaka....ke] apa sakarsaning Allah, padha têrusa ênggone nyumanggakake.
مِّنْ وَّرَاۤىِٕهٖ جَهَنَّمُ وَيُسْقٰى مِنْ مَّاۤءٍ صَدِيْدٍۙ١٦
Miw warā'ihī jahannamu wa yusqā mim mā'in ṣadīd(in).
[16]
Sarupane wong kaphir mau banjur padha ngancam marang Rasule, pangucape: Sampeyan mêsthi kula tundhung saking bumi kula ing ngriki, utawi kula pêksa ambalik, manut agama kula nyêmbah brahala. Pangeran banjur paring dhawuh marang para rasul mau: Sira aja kuwatir. Wong kang padha duraka kaphir iku mêsthi Ingsun rusak.
يَّتَجَرَّعُهٗ وَلَا يَكَادُ يُسِيْغُهٗ وَيَأْتِيْهِ الْمَوْتُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ وَّمَا هُوَ بِمَيِّتٍۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهٖ عَذَابٌ غَلِيْظٌ١٧
Yatajarra‘uhū wa lā yakādu yusīguhū wa ya'tīhil-mautu min kulli makāniw wa mā huwa bimayyit(in), wa miw warā'ihī ‘ażābun galīẓ(un).
[17]
17. Sapungkure wong kaphir mau, sira Ingsun gêntèkake manggon mêngku bumi ing kene. Kang mangkono mau sumurup sih Ingsun marang wong kang wêdi pangadilan Ingsun besuk dina kiyamat, lan wêdi pangancam Ingsun siksa.
مَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ اَعْمَالُهُمْ كَرَمَادِ ِۨاشْتَدَّتْ بِهِ الرِّيْحُ فِيْ يَوْمٍ عَاصِفٍۗ لَا يَقْدِرُوْنَ مِمَّا كَسَبُوْا عَلٰى شَيْءٍ ۗذٰلِكَ هُوَ الضَّلٰلُ الْبَعِيْدُ١٨
Maṡalul-lażīna kafarū birabbihim a‘māluhum karamādinisytaddat bihir-rīḥu fī yaumin ‘āṣif(in), lā yaqdirūna mimmā kasabū ‘alā syai'(in), żālika huwaḍ-ḍalālul-ba‘īd(u).
[18]
18. Para Rasul mau padha nyuwun pitulunging Allah, angalahna para wong kaphir mau, panyuwune diparêngake, para wong kaphir kang gumêdhe sarta maido mau, nuli dirusak kabèh dening Allah.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيْدٍۙ١٩
Alam tara annallāha khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), iy yasya' yużhibkum wa ya'ti bikhalqin jadīd(in).
[19]
19. Wong kaphir mau ana ing akhirat ngarêpake naraka jahanam, banjur dicêmplungake ing naraka mau. Ana ing kono dicangar lan dipêksa ngombe nanah.
وَّمَا ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ بِعَزِيْزٍ٢٠
Wa mā żālika ‘alallāhi bi‘azīz(in).
[20]
Sanadyan wong kaphir mau dicangar lan lan dipeksa ngombe nanah, nanging ora bisa ngulu dening ora doyan. Ing kono ana siksa warna-warna kang murwate amatèni, iku padha nêmpuh saka ing ngarêp [nga....rêp] lan ing buri, sarta saka kiwa lan saka ing têngên. Wong kaphir mau ngrasakake laraning pati, nanging ora bisa mati. Ing ngarêpe isih tumpa-tumpa siksa ingkang angluwihi abote.
وَبَرَزُوْا لِلّٰهِ جَمِيْعًا فَقَالَ الضُّعَفٰۤؤُا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ اَنْتُمْ مُّغْنُوْنَ عَنَّا مِنْ عَذَابِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ ۗقَالُوْا لَوْ هَدٰىنَا اللّٰهُ لَهَدَيْنٰكُمْۗ سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَجَزِعْنَآ اَمْ صَبَرْنَا مَا لَنَا مِنْ مَّحِيْصٍ ࣖ٢١
Wa barazū lillāhi jamī‘an fa qālaḍ-ḍu‘afā'u lil-lażīnastakbarū innā kunnā lakum taba‘an fahal antum mugnūna ‘annā min ‘ażābillāhi min syai'(in), qālū lau hadānallāhu lahadainākum, sawā'un ‘alainā ajazi‘nā am ṣabarnā mā lanā mim maḥīṣ(in).
[21]
Sanepane wong kaphir maido ing Pangerane iku mangkene: Lakune ênggone padha gawe kabêcikan wong kaphir mau, kaya upamane awu katiyup ing angin, ing dina kang akèh angine gêdhe: Ing besuk dina kiyamat, wong kaphir mau ora bisa ngukuhi lakune kang bêcik sathithik-thithika. Mangkono iku têtela kêsasar saka dalan bênêr nganti adoh.
وَقَالَ الشَّيْطٰنُ لَمَّا قُضِيَ الْاَمْرُ اِنَّ اللّٰهَ وَعَدَكُمْ وَعْدَ الْحَقِّ وَوَعَدْتُّكُمْ فَاَخْلَفْتُكُمْۗ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍ اِلَّآ اَنْ دَعَوْتُكُمْ فَاسْتَجَبْتُمْ لِيْ ۚفَلَا تَلُوْمُوْنِيْ وَلُوْمُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ مَآ اَنَا۠ بِمُصْرِخِكُمْ وَمَآ اَنْتُمْ بِمُصْرِخِيَّۗ اِنِّيْ كَفَرْتُ بِمَآ اَشْرَكْتُمُوْنِ مِنْ قَبْلُ ۗاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٢
Wa qālasy-syaiṭānu lammā quḍiyal-amru innallāha wa‘adakum wa‘dal-ḥaqqi wa wa‘attukum fa akhlaftukum, wa mā kāna liya ‘alaikum min sulṭānin illā an da‘autukum fastajabtum lī, falā talūmūnī wa lūmū anfusakum, wa mā ana bimuṣrikhikum wa mā antum bimuṣrikhiyy(a), innī kafartu bimā asyraktumūni min qabl(u), innaẓ-ẓālimīna lahum ‘ażābun alīm(un).
[22]
(He manungsa) apa sira ora wêruh yèn Allah iku nganakake bumi langit saisine kabèh kalawan nyata. Mênawa ana kaparênge karsaning Allah sira iku disirnakake kabèh, banjur disalini titah liyane, mêsthi kalêksanan kalawan kuwasaning Allah.
وَاُدْخِلَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۗ تَحِيَّتُهُمْ فِيْهَا سَلٰمٌ٢٣
Wa udkhilal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā bi'iżni rabbihim, taḥiyyatuhum fīhā salām(un).
[23]
Dene kalakone nyirnakake sira kabèh lan nyalini titah anyar, iku ingatase Allah ora angèl.
اَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ اَصْلُهَا ثَابِتٌ وَّفَرْعُهَا فِى السَّمَاۤءِۙ٢٤
Alam tara kaifa ḍaraballāhu maṡalan kalimatan ṭayyibatan kasyajaratin ṭayyibatin aṣluhā ṡābituw wa far‘uhā fis-samā'(i).
[24]
Ing besuk dina kiyamat, wong kaphir padha dijèjèr katon kabèh ana ngarsaning [ngarsa..ning] Allah. Ing kono wong kaphir kang busuk padha calathu marang wong kaphir kang pintêr, têmbunge: Sarèhne aku iki busuk, biyèn mula aku mung manut bae marang kowe. Saiki kowe apa bisa nulak siksaning Allah kang bakal tumiba marang awakku sathithik bae.
تُؤْتِيْٓ اُكُلَهَا كُلَّ حِيْنٍ ۢبِاِذْنِ رَبِّهَاۗ وَيَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٢٥
Tu'tī ukulahā kulla ḥīnim bi'iżni rabbihā, wa yaḍribullāhul-amṡāla lin-nāsi la‘allahum yatażakkarūn(a).
[25]
Wong kaphir kang pintêr mau banjur mangsuli: Upama nalika ana ing dunya biyèn Allah paring pituduh dalan kaslamêtan marang aku, aku iya nuduhake dalan kaslamêtan marang kowe, nanging ora. Mulane saiki kapriye manèh, aku lan kowe wis ora duwe pangungsèn, mung kapêksa nandhang siksa, susah utawa sabar padha bae, ora maidahi.
وَمَثَلُ كَلِمَةٍ خَبِيْثَةٍ كَشَجَرَةٍ خَبِيْثَةِ ِۨاجْتُثَّتْ مِنْ فَوْقِ الْاَرْضِ مَا لَهَا مِنْ قَرَارٍ٢٦
Wa maṡalu kalimatin khabīṡatin kasyajaratin khabīṡatinijtuṡṡat min fauqil-arḍi mā lahā min qarār(in).
[26]
Barêng sarupaning prakara wis padha dirampungi (wong kang pancèn diganjar suwarga wis padha malêbu ing suwarga, lan wong kang pancèn disiksa ing naraka wis padha dicêmplungake ing naraka). Setan banjur calathu marang wong ing naraka: Satêmêne, biyèn Allah wis ngundhangake prajanjiyan marang kowe kabèh, saiki dituhoni ora ana kang cidra. Aku uga awèh prajanji marang kowe (bakal ora ana dina kiyamat lan ora ana ganjaran suwarga, utawa siksa naraka), saiki aku nyidrani janjiku marang kowe, lan saiki aku wis ora kuwasa mêksa apa-apa marang kowe.
يُثَبِّتُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۚ وَيُضِلُّ اللّٰهُ الظّٰلِمِيْنَۗ وَيَفْعَلُ اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُ ࣖ٢٧
Yuṡabbitullāhul-lażīna āmanū bil-qauliṣ-ṣābiti fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), wa yuḍillullāhuẓ-ẓālimīn(a), wa yaf‘alullāhu mā yasyā'(u).
[27]
Ewadene aku ngajak sasar marang kowe, sarta kowe wis padha gêlêm manut: iya wis, kowe aja padha nutuh marang aku, nutuha awakmu dhewe. Aku ora nulungi kowe, kowe ora nulung iaku. Enggonmu padha ngadêgake aku dadi têtimbanganing Allah biyèn, saiki tak selaki. Satêmêne wong kang duraka kaphir iku wis bênêre padha disiksa kang nglarani.
۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ بَدَّلُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ كُفْرًا وَّاَحَلُّوْا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِۙ٢٨
Alam tara ilal-lażīna baddalū ni‘matallāhi kufraw wa aḥallū qaumahum dāral-bawār(i).
[28]
Dene sarupane wong kang mukmin (pracaya ing Allah) sarta padha nglakoni bêcik, iku kaparênging Pangeran, padha dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langggêng. Dene pakurmatane siji -sijining wong marang liyane ana ing kono, sarana uluk salam, têmbunge: Sampeyan kasugêngana.
جَهَنَّمَ ۚيَصْلَوْنَهَاۗ وَبِئْسَ الْقَرَارُ٢٩
Jahannama yaṣlaunahā, wa bi'sal-qarār(u).
[29]
(He manungsa) sira apa ora ngêrti, ênggone Allah ngupamakake kalimah kang suci (iya iku: La ilaha ilallah), têgêse: [tê...gêse:] ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah), diupamakake kaya wit kurma, wohe enak pinangan. Dhangkèle tumancêp ana ing bumi, pange nyêrkakah ana ing langit.
وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا لِّيُضِلُّوْا عَنْ سَبِيْلِهٖۗ قُلْ تَمَتَّعُوْا فَاِنَّ مَصِيْرَكُمْ اِلَى النَّارِ٣٠
Wa ja‘alū lillāhi andādal liyuḍillū ‘an sabīlih(ī), qul tamatta‘ū fa inna maṣīrakum ilan-nār(i).
[30]
Wit kurma mau awit saka parentahing Pangerane, sabên kalamăngsa taun sapisan mêtu wohe. Allah anggêlar upama pirang-pirang manungsa, supaya manungsa mau padha elinga.
قُلْ لِّعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خِلٰلٌ٣١
Qul li‘ibādiyal-lażīna āmanū yuqīmuṣ-ṣalāta wa yunfiqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyatam min qabli ay ya'tiya yaumul lā bai‘un fīhi wa lā khilāl(un).
[31]
Dene sanepane kalimah kang ala (iya iku sarupaning pangucap kang surasane maro tingal, mangeran liyane Allah). iku kaya upamane wit-witan kang wohe ora enak pinangan. Wite rungkat saka ing bumi, ora têtêp ana ing panggonane.
اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۚوَسَخَّرَ لَكُمُ الْفُلْكَ لِتَجْرِيَ فِى الْبَحْرِ بِاَمْرِهٖ ۚوَسَخَّرَ لَكُمُ الْاَنْهٰرَ٣٢
Allāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa anzala minas-samā'i mā'an fa akhraja bihī minaṡ-ṡamarāti rizqal lakum, wa sakhkhara lakumul-fulka litajriya fil-baḥri bi'amrih(ī), wa sakhkhara lakumul-anhār(a).
[32]
Allah iku ngukuhake atine para wong mukmin, ênggone ngantêpi surasaning kalimah kang suci, kang wis têtêp diantêpi nalikane urip ana ing dunya, lan besuk ana ing akhirat. Lan manèh Allah iku nasarake wong kang padha maro tingal, apadene nindakake samubarang kang dadi parênging karsane.
وَسَخَّرَ لَكُمُ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ دَاۤىِٕبَيْنِۚ وَسَخَّرَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ٣٣
Wa sakhkhara lakumusy-syamsa wal-qamara dā'ibaīn(i), wa sakhkhara lakumul-laila wan-nahār(a).
[33]
Sira apa ora andêlêng wong kang padha diparingngi [diparing.....ngi] nikmat kabungahan dening Allah nanging banjur malês ala, kaphir maido marang Allah (iya iku wong turun Kurès kang padha kaphir, sarta mrênahake para kancane ana ing panggonan karusakakan).
وَاٰتٰىكُمْ مِّنْ كُلِّ مَا سَاَلْتُمُوْهُۗ وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَظَلُوْمٌ كَفَّارٌ ࣖ٣٤
Wa ātākum min kulli mā sa'altumūh(u), wa in ta‘uddū ni‘matallāhi lā tuḥṣūhā, innal-insāna laẓalūmun kaffār(un).
[34]
Iya iku naraka jahanam. Wong kaphir padha kacêmplung naraka jahanam mau, iba alane pangggonan ing naraka jahanam iku.
وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ اٰمِنًا وَّاجْنُبْنِيْ وَبَنِيَّ اَنْ نَّعْبُدَ الْاَصْنَامَ ۗ٣٥
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbij‘al hāżal-balada āminaw wajnubnī wa baniyya an na‘budal-aṣnām(a).
[35]
Wong kaphir mau padha ngadêgake têtimbanganing Allah, iya iku brahala, amrihe supaya manungsa iku padha kêsasara saka dalan kang bênêr. (He Mukhammad), sira dhawuha: Iya padha bungah-bungaha sadhela, mupung ana ing dunya, ing têmbe kowe ora wurung kacêmplung ing naraka.
رَبِّ اِنَّهُنَّ اَضْلَلْنَ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِۚ فَمَنْ تَبِعَنِيْ فَاِنَّهٗ مِنِّيْۚ وَمَنْ عَصَانِيْ فَاِنَّكَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٦
Rabbi innahunna aḍlalna kaṡīram minan-nās(i), faman tabi‘anī fa innahū minnī, wa man ‘aṣānī fa innaka gafūrur raḥīm(un).
[36]
(He Mukhammad), sira dhawuha marang para kawulaningsun kang padha mukmin, supaya padha nglakonana sêmbayang, lan padha mèwèhna rijêki kang wis Ingsun paringake marang wong mukmin mau, kalawan sidhêman utawa diwêruhake ing ngakèh, mupung durung têkan dina kiyamat, iya iku dina kang ora tumindak lakuning têbusan, lan ora ana mitra bêcik bisa têtulung.
رَبَّنَآ اِنِّيْٓ اَسْكَنْتُ مِنْ ذُرِّيَّتِيْ بِوَادٍ غَيْرِ ذِيْ زَرْعٍ عِنْدَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِۙ رَبَّنَا لِيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ فَاجْعَلْ اَفْـِٕدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِيْٓ اِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُمْ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُوْنَ٣٧
Rabbanā innī askantu min żurriyyatī biwādin gairi żī zar‘in ‘inda baitikal-muḥarram(i), rabbanā liyuqīmuṣ-ṣalāta faj‘al af'idatam minan-nāsi tahwī ilaihim warzuqhum minaṡ-ṡamarāti la‘allahum yasykurūn(a).
[37]
Allah iku kang nganakake bumi lan langit, sarta kang nurunake banyu udan saka ing langit, banjur diênggo mêtokake wohing wit-witan kang dadi rijêki diparingake marang sira, apadene marentahi prau supaya manut marang sira, lumaku ana ing sagara, lan maringake bêngawan sarta kali-kali marang sira, lan maringake srêngenge sarta rêmbulan marang sira kang sakarono[16] padha ajêg lakune, ajêg sorote, ajêg ubênge lan ajêg dayane, mangkono manèh maringake rina lan wêngi marang sira, sarta maringi samubarang kang sira suwun. Mênawa sira nacahake pêparinging Allah kabungahan marang sira, mêsthi ora bisa, saking dening kèhe tanpa wilangan. Ewadene manungsa iku padha duraka, dadi nganiaya marang awake dhewe, ora gêlêm sukur maring pêparinging Allah, kabungahan mau.
رَبَّنَآ اِنَّكَ تَعْلَمُ مَا نُخْفِيْ وَمَا نُعْلِنُۗ وَمَا يَخْفٰى عَلَى اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ٣٨
Rabbanā innaka ta‘lamu mā nukhfī wa mā nu‘lin(u), wa mā yakhfā ‘alallāhi min syai'in fil-arḍi wa lā fis-samā'(i).
[38]
(He Mukhammad), sira nyaritakna Nabi Ibrahim, nalikane nyênyuwun marang Pangerane, têmbunge: Dhuh Allah Pangeran kawula, nagari Mêkah punika mugi Tuwan dadosakên nagari tata têntrêm, sarta kawula dalah para turun kawula mugi tuwan têbihakên sampun ngantos nyêmbah brahala.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ وَهَبَ لِيْ عَلَى الْكِبَرِ اِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَۗ اِنَّ رَبِّيْ لَسَمِيْعُ الدُّعَاۤءِ٣٩
Al-ḥamdu lillāhil-lażī wahaba lī ‘alal-kibari ismā‘īla wa isḥāq(a), inna rabbī lasamī‘ud-du‘ā'(i).
[39]
Dhuh Allah Pangeran kawula, brahala punika anjalari kêsasaripun tiyang kathah, sami nyêmbah brahala. Sintên ingkang manut agama kawula, nêmbah ing Tuwan, inggih punika kănca kawula, dene sintên ingkang botên manut agama kawula, nyêmbah dhatêng sanèsipun Tuwan, mugi Tuwan gantungi pangapura, bokmênawi ing têmbe lajêng tobat, awit tuwan punika kaparêng sangêt ngapura dosa, tur Maha-asih.
رَبِّ اجْعَلْنِيْ مُقِيْمَ الصَّلٰوةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْۖ رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاۤءِ٤٠
Rabbij‘alnī muqīmaṣ-ṣalāti wa min żurriyyatī, rabbanā wa taqabbal du‘ā'(i).
[40]
Dhuh Pangeran kawula, turun kawula punika wontên ingkang kawula ênggènakên wontên sacêlakipun padalêman Tuwan ingkang mulya, dumunung ing jurang sasêlaning rêdi, ingkang botên wontên têtuwuhanipun babar pisan, supados sami nglampahi sêmbayang wontên ing ngriku. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi andadosna manahipun manungsa punika sami suyud sadaya dhumatêng para turun kawula, lan mugi sami Tuwan paringi rijêki wowohan, supados sadaya sami sukur ing Tuwan.
رَبَّنَا اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ يَوْمَ يَقُوْمُ الْحِسَابُ ࣖ٤١
Rabbanagfir lī wa liwālidayya wa lil-mu'minīna yauma yaqūmul-ḥisāb(u).
[41]
Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika nguningani samukawis ingkang kawula batin utawi ingkang kawula dhèng. Allah botên pisan kasamaran dhatêng isèn-isènipun bumi kalihan langit, sakathahing puji pangalêmbana punika konjuk ing Allah, ingkang sampun maringi anak dhumatêng kawula, nama pun Ismail kalihan pun Iskak, tur kawula punika sampun [sampu....n] sêpuh sangêt. sèstunipun, Allah Pangeran kawula amaringi panyuwuning kawulanipun.
وَلَا تَحْسَبَنَّ اللّٰهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظّٰلِمُوْنَ ەۗ اِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيْهِ الْاَبْصَارُۙ٤٢
Wa lā taḥsabannallāha gāfilan ‘ammā ya‘maluẓ-ẓālimūn(a), innamā yu'akhkhiruhum liyaumin tasykhaṣu fīhil-abṣār(u).
[42]
Dhuh Pangeran kawula, kawula saha turun kawula mugi Tuwan dadosakên tiyang ingkang têtêp sêmbayangipun. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi amarêngna panyuwun kawula, saha nganggêp pangabêkti kawula. Dhuh Pangeran kawula, benjing dintên kiyamat, nalikanipun manungsa dipun timbang awon saenipun, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula saha dhumatêng tiyang sêpuh kawula kêkalih, punapadene dhumatêng para tiyang mukmin.
مُهْطِعِيْنَ مُقْنِعِيْ رُءُوْسِهِمْ لَا يَرْتَدُّ اِلَيْهِمْ طَرْفُهُمْ ۚوَاَفْـِٕدَتُهُمْ هَوَاۤءٌ ۗ٤٣
Muhṭi‘īna muqni‘ī ru'ūsihim lā yartaddu ilaihim ṭarfuhum, wa af'idatuhum hawā'(un).
[43]
(He Mukhammad), sira aja ngira yèn Allah iku kêsupèn marang panggawene wong kang padha nganiaya. Wruhanira Allah ênggone bakal matrapi siksa marang wong kang padha nganiaya mau, kaparênging karsane, disarantèkake besuk dina kiyamat, ing kono sarupaning mata padha tansah mandêng tanpa kêdhèp
وَاَنْذِرِ النَّاسَ يَوْمَ يَأْتِيْهِمُ الْعَذَابُۙ فَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رَبَّنَآ اَخِّرْنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۙ نُّجِبْ دَعْوَتَكَ وَنَتَّبِعِ الرُّسُلَۗ اَوَلَمْ تَكُوْنُوْٓا اَقْسَمْتُمْ مِّنْ قَبْلُ مَا لَكُمْ مِّنْ زَوَالٍۙ٤٤
Wa anżirin-nāsa yauma ya'tīhimul-‘ażāb(u), fa yaqūlul-lażīna ẓalamū rabbanā akhkhirnā ilā ajalin qarīb(in), nujib da‘wataka wa nattabi‘ir-rusul(a), awalam takūnū aqsamtum min qablu mā lakum min zawāl(in).
[44]
Padha rêrikatan ênggone marani marang ênggone kang ngundang, sarta tumênga tanpa kêdhèp, apadene padha êntèk atine. (He Mukhammad), manungsa padha sira wêdènana dina kiyamat, nalikane para wong kaphir padha katêkan siksaning Allah.
وَّسَكَنْتُمْ فِيْ مَسٰكِنِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَتَبَيَّنَ لَكُمْ كَيْفَ فَعَلْنَا بِهِمْ وَضَرَبْنَا لَكُمُ الْاَمْثَالَ٤٥
Wa sakantum fī masākinil-lażīna ẓalamū anfusahum wa tabayyana lakum kaifa fa‘alnā bihim wa ḍarabnā lakumul-amṡāl(a).
[45]
Ing kono sarupane wong kang nganiaya padha munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi Tuwan [Tuwa....n] wangsulakên dhatêng ing dunya, sarta Tuwan sarantosakên sakêdhap.
وَقَدْ مَكَرُوْا مَكْرَهُمْ وَعِنْدَ اللّٰهِ مَكْرُهُمْۗ وَاِنْ كَانَ مَكْرُهُمْ لِتَزُوْلَ مِنْهُ الْجِبَالُ٤٦
Wa qad makarū makrahum wa ‘indallāhi makruhum, wa in kāna makruhum litazūla minhul-jibāl(u).
[46]
Kawula badhe ngèstokakên dhawuh Tuwan, sarta badhe manut dhatêng Para Rasul. Wong kaphir mau banjur tămpa dhawuh: Nalika sira ana ing dunya biyèn, apa ora wis supata, ngarani manungsa iku ora bakal oncat saka ing dunya, ora ana dina kiyamat.
فَلَا تَحْسَبَنَّ اللّٰهَ مُخْلِفَ وَعْدِهٖ رُسُلَهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍۗ٤٧
Falā taḥsabannallāha mukhlifa wa‘dihī rusulah(ū), innallāha ‘azīzun żun tiqām(in).
[47]
Saiki sira mêsthi manggon awor ana panggonane wong kaphir kang padha nganiaya marang awake dhewe. Lan saiki sira wêruh têrang barang kang Ingsun tindakake marang wong kaphir mau. Biyèn Ingsun wis anggêlarake upama pirang-pirang. Wong kaphir mau wis nindakake paekan marang Rasulullah, dene wêwalêse ênggone maeka mau, ana ngastaning Allah piyambak, sanadyan paekane wong kaphir mau bisa ambêdhol gunung upamane, nanging ora, ewadene ora bisa anjugarake agamane Nabi Mukhammad.
يَوْمَ تُبَدَّلُ الْاَرْضُ غَيْرَ الْاَرْضِ وَالسَّمٰوٰتُ وَبَرَزُوْا لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ٤٨
Yauma tubaddalul-arḍu gairal-arḍi was-samāwātu wa barazū lillāhil-wāḥidil-qahhār(i).
[48]
Sira aja ngira yèn Allah iku nyidrani janjine ênggone bakal nulungi para utusane. Satêmêne Allah iku Mulya tur kagungan siksa.
وَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ مُّقَرَّنِيْنَ فِى الْاَصْفَادِۚ٤٩
Wa taral-mujrimīna yauma'iżim muqarranīna fil-aṣfād(i).
[49]
Ing dina kiyamat iku bumi disalini liyane [liya....ne] bumi, sarta langit iya diowahi tatane, ing kono sarupane wong mati padha ditangèkake, mêtu saka ing kubure, padha disebakake ana ngarsaning Allah kang Esa tur Misesa.
سَرَابِيْلُهُمْ مِّنْ قَطِرَانٍ وَّتَغْشٰى وُجُوْهَهُمُ النَّارُۙ٥٠
Sarābīluhum min qaṭirāniw wa tagsyā wujūhahumun-nār(u).
[50]
Ing kono sira andêlêng para wong duraka padha ditalèni lan dirèntèng.
لِيَجْزِيَ اللّٰهُ كُلَّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْۗ اِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٥١
Liyajziyallāhu kulla nafsim mā kasabat, innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[51]
Sandhangane kang digawe bakal tir, raine kêtutupan ing gêni, wong kaphir padha dijèjèr sadhiya bakal nampani wêwalêse barang kang wis padha dilakoni ana ing dunya. Satêmêne Allah iku panimbange rikat bangêt.
هٰذَا بَلٰغٌ لِّلنَّاسِ وَلِيُنْذَرُوْا بِهٖ وَلِيَعْلَمُوْٓا اَنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ وَّلِيَذَّكَّرَ اُولُوا الْاَلْبَابِ ࣖ٥٢
Hāżā balāgul lin-nāsi wa liyunżarū bihī wa liya‘lamū annamā huwa ilāhuw wāḥiduw wa liyażżakkara ulul-albāb(i).
[52]
Kuran iku dhawuh warata marang sarupaning manungsa, kanggo mêmêdèni, supaya manungsa wêruha yèn pangeran iku mung siji.