Surah Ar-Ra’d

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤرٰۗ تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِۗ وَالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ الْحَقُّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ١
Alif lām mīm rā, tilka āyātul-kitāb(i), wal-lażī unzila ilaika mir rabbikal-ḥaqqu wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[1] Aliph, Lam, Mim, Ra, (Iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone ngandika mangkono iku, kang wêruh têgêse mung Allah piyambak), mungguh kang ginêlar iki, ayate Surat Rakdi, pêperanganing Kuran. (He Mukhammad) Kuran kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata bênêr, ewadene manungsa iku kang akèh padha ora ngandêl.

اَللّٰهُ الَّذِيْ رَفَعَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ يُدَبِّرُ الْاَمْرَ يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّكُمْ تُوْقِنُوْنَ٢
Allāhul-lażī rafa‘as-samāwāti bigairi ‘amadin taraunahā ṡummastawā ‘alal-‘arsyi wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), yudabbirul-amra yufaṣṣilul-āyāti la‘allakum biliqā'i rabbikum tūqinūn(a).
[2] Allah iku kang andadèkake langit nganggrang ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira dêlêng iku, sarta jumênêng ana ing Ngaras, (jumênênge Allah ana ing Ngaras mau ora kêna ginagas). Apadene Allah marentah srêngenge lan rêmbulan, (padha ingandikakake lumaku tanpa lèrèn, nganti têkan wêwangên kang tinamtokake (iya iku dina kiyamat, ing kono lakuning srêngenge lan rêmbulan lagi kaparêng lèrèn). Mangkono uga Allah nitipariksa lan amranata laku-lakuning jagad saisine kabèh, sarta amijang-mijang ayat tăndha yêkti kang dadi katêrangan yèn Allah iku Pangeran kang Maha Kuwasa. Kang mangkono mau, karsaning Allah supaya manungsa kabèh padha sumurupa kalawan têrang yèn ing têmbe manungsa iku bakal padha disebakake ana ngarsaning Allah Pangeranira.

وَهُوَ الَّذِيْ مَدَّ الْاَرْضَ وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْهٰرًا ۗوَمِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ جَعَلَ فِيْهَا زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ يُغْشِى الَّيْلَ النَّهَارَۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٣
Wa huwal-lażī maddal-arḍa wa ja‘ala fīhā rawāsiya wa anhārā(n), wa min kulliṡ-ṡamarāti ja‘ala fīhā zaujainiṡnaini yugsyil-lailan-nahār(a), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[3] Allah iku kang angrata bumi, sarta bumi mau didokoki gunung pirang-pirang, apadene bêngawan akèh lan kali-kali, dene siji-sijining wowohan, karsaning Allah digawe warna loro kang têtimbangan (kaya ta dêlima kêcut lan dêlima lêgi, sêmăngka jingga lan sêmăngka konyit sapêpadhane). Mangkono uga Allah anyirnakake padhanging awan lan pêtênging wêngi, lan anyirnakake pêtênging wêngi kêlawan padhanging awan. Kang mangkono iku tumrap wong kang gelêm mikir, dadi tăndha yêkti kang nêrangake yèn Allah iku Pangeran kang Mahakuwasa.

وَفِى الْاَرْضِ قِطَعٌ مُّتَجٰوِرٰتٌ وَّجَنّٰتٌ مِّنْ اَعْنَابٍ وَّزَرْعٌ وَّنَخِيْلٌ صِنْوَانٌ وَّغَيْرُ صِنْوَانٍ يُّسْقٰى بِمَاۤءٍ وَّاحِدٍۙ وَّنُفَضِّلُ بَعْضَهَا عَلٰى بَعْضٍ فِى الْاُكُلِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٤
Wa fil-arḍi qiṭa‘um mutajāwirātuw wa jannātum min a‘nābiw wa zar‘uw wa nakhīlun ṣinwānuw wa gairu ṣinwāniy yusqā bimā'iw wāḥid(in), wa nufaḍḍilu ba‘ḍahā ‘alā ba‘ḍin fil-ukul(i), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[4] Ing bumi ana palêmahan warna-warna kang padha sêsandhingan (ana kang êloh lan ana kang cêngkar), apadene sawah lan pakêbonan isi têtanduran anggur, gandum lan pari, kurma êpang lan kurma ora êpang, kabèh iku disirami kalan[8] banyu siji (banyu udan), sawênèhing wowohan mau ana kang Ingsun dunungi rasa enak, ngungkuli wowohan liyane. Kang mangkono iku tumrap wong kang ganêp akale, dadi tăndha yêkti kang nêrangake yèn Allah iku Pangeran kang Mahakawasa.

۞ وَاِنْ تَعْجَبْ فَعَجَبٌ قَوْلُهُمْ ءَاِذَا كُنَّا تُرٰبًا ءَاِنَّا لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ەۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْۚ وَاُولٰۤىِٕكَ الْاَغْلٰلُ فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْۚ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٥
Wa in ta‘jab fa ‘ajabun qauluhum a'iżā kunnā turāban a'innā lafī khalqin jadīd(in), ulā'ikal-lażīna kafarū birabbihim, wa ulā'ikal-aglālu fī a‘nāqihim, wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[5] (He Mukhammad), mênawa sira gumun, (marang wong kang padha maro tingal ênggone maido marang sira, tur sira wis ngarani tăndha yêkti pirang-pirang), mara sira pikira, apa ora sangsaya ngeram-eramake dene wong kang maro tingal mau têka duwe pangucap mangkene: Besuk yèn aku wis mati, awakku wis dadi lêmah, apa iya aku bakal dibalèkake dadi wong manèh, banjur dadi titah anyar (layak ora).

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ وَقَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمُ الْمَثُلٰتُۗ وَاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ لِّلنَّاسِ عَلٰى ظُلْمِهِمْۚ وَاِنَّ رَبَّكَ لَشَدِيْدُ الْعِقَابِ٦
Wa yasta‘jilūnaka bis-sayyi'ati qablal-ḥasanati wa qad khalat min qablihimul-maṡulāt(u), wa inna rabbaka lażū magfiratil lin-nāsi ‘alā ẓulmihim, wa inna rabbaka lasyadīdul-‘iqāb(i).
[6] Wong mangkono mau têtêp padha kaphir, maido ing Pangerane, besuk ana ing akhirat, wong mangkono iku padha dikalungi balênggu, sarta padha dicêmplungake ing naraka, ana ing kono padha langgêng.

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ اِنَّمَآ اَنْتَ مُنْذِرٌ وَّلِكُلِّ قَوْمٍ هَادٍ ࣖ٧
Wa yaqūlul-lażīna kafarū lau lā unzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), innamā anta munżiruw wa likulli qaumin hād(in).
[7] Wong kaphir ing Mêkah padha anggêguyu marang sira Mukhammad, malah padha nantang têkaning siksa, anyirnakna ing kabêgjane, kang măngka wong kaphir mau wis padha krungu carita lan wêruh patilasane wong ing jaman kuna kang padha dirusak dening Allah marga ênggone padha maido marang rasule. (He Mukhammad), Pangeranira têmên anggantungi pangapura maring kaluputane kaphir mau anggêre banjur tobat lan pracaya marang rasul. Pangeranira iku siksane luwih dening abot.

اَللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَحْمِلُ كُلُّ اُنْثٰى وَمَا تَغِيْضُ الْاَرْحَامُ وَمَا تَزْدَادُ ۗوَكُلُّ شَيْءٍ عِنْدَهٗ بِمِقْدَارٍ٨
Allāhu ya‘lamu mā taḥmilu kullu unṡā wa mā tagīḍul-arḥāmu wa mā tazdād(u), wa kullu syai'in ‘indahū bimiqdār(in).
[8] Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora diparingi mukjizat kaelokan dening Pangerane kaya mukjizate para nabi ing jaman kuna. (He Mukhammad), unine wong kaphir mau aja sira rèwès. Kuwajibanira mung maratakake dhawuh, siji-sijining golongan padha duwe nabi kang nuduhake dalan bênêr.

عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْكَبِيْرُ الْمُتَعَالِ٩
‘Alimul-gaibi wasy-syahādatil-kabīrul-muta‘āl(i).
[9] Allah iku nguningani kaananing bayi kang ana ing wêtêngane sakèhing wong wadon, lan uga nguningani bakal lair sangang sasi utawa kurang utawa luwih, apadene siji-sijine kang gumêlar ana ing jagad iki samubarange padha ditamtokake dening Allah.

سَوَاۤءٌ مِّنْكُمْ مَّنْ اَسَرَّ الْقَوْلَ وَمَنْ جَهَرَ بِهٖ وَمَنْ هُوَ مُسْتَخْفٍۢ بِالَّيْلِ وَسَارِبٌۢ بِالنَّهَارِ١٠
Sawā'um minkum man asarral-qaula wa man jahara bihī wa man huwa mustakhfim bil-laili wa sāribum bin-nahār(i).
[10] Allah iku nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata. Allah iku sipat Agêng tur Maha Luhur.

لَهٗ مُعَقِّبٰتٌ مِّنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ يَحْفَظُوْنَهٗ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ وَاِذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِقَوْمٍ سُوْۤءًا فَلَا مَرَدَّ لَهٗ ۚوَمَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّالٍ١١
Lahū mu‘aqqibātum mim baini yadaihi wa min khalfihī yaḥfaẓūnahū min amrillāh(i), innallāha lā yugayyiru mā biqaumin ḥattā yugayyirū mā bi'anfusihim, wa iżā arādallāhu biqaumin sū'an falā maradda lah(ū), wa mā lahum min dūnihī miw wāl(in).
[11] Wong kang pangucape kawêtu utawa mung dibatin bae, apadene wong kang nglakoni panggawe ala dhêlikan ing wayah wêngi, utawa ngèdhèng ing wayah rina, iku ingatase Allah padha bae, kabèh diuningani kalalawan[9] têrang.

هُوَ الَّذِيْ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا وَّيُنْشِئُ السَّحَابَ الثِّقَالَۚ١٢
Huwal-lażī yurīkumul -barqa khaufaw wa ṭama‘aw wa yunsyi'us -saḥābaṡ-ṡiqāl(a).
[12] Allah iku kagungan malaikat pirang-pirang, kang padha dikarsakake giliran rina lan wêngi, rumêksa marang manungsa, jaga ana ngarêpe lan ing burine, ênggone rumêksa marang manungsa mau saka parentahing Allah. Allah iku ora karsa ngowahi pêparinge kabêgjan lan kabungahan marang manungsa, kajaba yèn manungsa mau ngowahi kalakuane dhewe, kalakuane bêcik diowahi dadi ala. Mênawa Allah karsa nurunake siksa marang wong ing dunya, mêsthi ora ana kang bisa nulak siksaning Allah mau, dene wong kang dituruni siksa mau, banjur ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksaning Allah, kajaba yèn Allah piyambak karsa nulungi.

وَيُسَبِّحُ الرَّعْدُ بِحَمْدِهٖ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ مِنْ خِيْفَتِهٖۚ وَيُرْسِلُ الصَّوَاعِقَ فَيُصِيْبُ بِهَا مَنْ يَّشَاۤءُ وَهُمْ يُجَادِلُوْنَ فِى اللّٰهِ ۚوَهُوَ شَدِيْدُ الْمِحَالِۗ١٣
Wa yusabbiḥur-ra‘du biḥamdihī wal-malā'ikatu min khīfatih(ī), wa yursiluṣ-ṣawā‘iqa fa yuṣību bihā may yasyā'u wa hum yujālidilūna fillāh(i), wa huwa syadīdul-miḥāl(i).
[13] (He manungsa kabèh), Allah iku kang nênontonake sira, ditontonake kilat kang cumalèrèt, ing kono sira banjur kuwatir bokmênawa disambêr ing balêdhèg, kanthi ngarêp-arêp tibaning banyu udan, kang minangkani uriping têtanduran, lan uga nganakake mêndhung kang abot, isi banyu udan.

لَهٗ دَعْوَةُ الْحَقِّۗ وَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَسْتَجِيْبُوْنَ لَهُمْ بِشَيْءٍ اِلَّا كَبَاسِطِ كَفَّيْهِ اِلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُغَ فَاهُ وَمَا هُوَ بِبَالِغِهٖۗ وَمَا دُعَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ١٤
Lahū da‘watul-ḥaqq(i), wal-lażīna yad‘ūna min dūnihī lā yastajībūna lahum bisyai'in illā kabāsiṭi kaffaihi ilal-mā'i liyabluga fāhu wa mā huwa bibāligih(ī), wa mā du‘ā'ul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[14] Sanadyan balêdhèg iya muji nyêbut Maha Suci marang Allah kalawan têmbunge dhewe. Para malaikat saking dening wêdine iya padha muji nyêbut [nyêbu..t] Maha Suci marang Allah. Mangkono manèh Allah anguculake lan angutus balêdhèg, ingandikakake nyambêr marang wong kang dadi parênging karsane. Ewadene wong kang maido marang Rasulullah padha ambêrkunung madoni marang dhawuhing Allah. Dene Allah iku ênggone niksa wong dosa, disantosani bangêt.

وَلِلّٰهِ يَسْجُدُ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ طَوْعًا وَّكَرْهًا وَّظِلٰلُهُمْ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ ۩١٥
Wa lillāhi yasjudu man fis-samāwāti wal-arḍi ṭau‘aw wa karhaw wa ẓilāluhum bil-guduwwi wal-āṣāl(i).
[15] Allah iku kagungan donga kang nyata (iya iku dikir: la ilaha illallahu, Mukhammadur Rasulullahi) dene sarupane wong kang padha nyênyuwun marang liyane Allah (nyênyuwun marang brahala) brahala iku kabèh ora ana kang bisa mituruti apa-apa marang wong kang padha nyênyuwun marang brahala mau. Sanepane wong kang padha nyênyuwun marang brahala mau, kaya upamane wong ngadêg ana ing pinggiring sumur kang jêro, angêgarake tangane, pangarêp-arêpe supaya banyu ing sumur iku munggaha dhewe, malêbua ing cangkême, tangèh yèn kalakona mangkono. Dadi panyuwune para wong kaphir marang brahalane iku têtela kêsasar.

قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلِ اللّٰهُ ۗقُلْ اَفَاتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ لَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ نَفْعًا وَّلَا ضَرًّاۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ەۙ اَمْ هَلْ تَسْتَوِى الظُّلُمٰتُ وَالنُّوْرُ ەۚ اَمْ جَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ خَلَقُوْا كَخَلْقِهٖ فَتَشَابَهَ الْخَلْقُ عَلَيْهِمْۗ قُلِ اللّٰهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ١٦
Qul mar rabbus-samāwāti wal-arḍ(i), qulillāh(u), qul afattakhażtum min dūnihī auliyā'a lā yamlikūna li'anfusihim naf‘aw wa lā ḍarrā(n), qul hal yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), am hal tastawiẓ-ẓulumātu wan-nūr(u), am ja‘alū lillāhi syurakā'a khalaqū kakhalqihī fa tasyābahal-khalqu ‘alaihim, qulillāhu khāliqu kulli syai'iw wa huwal-wāḥidul-qahhār(u).
[16] Para malaikat saisining langit, kabèh padha sujud marang Allah, apadene jin lan manungsa salumahing bumi kang padha mukmin, kabèh padha sujud [su...jud] marang Allah kalawan pamanut utawa pamêksa, mangkono manèh wêwayangane jin lan manungsa mau iya padha sujud marang Allah ing wayah esuk lan sore.

اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَسَالَتْ اَوْدِيَةٌ ۢ بِقَدَرِهَا فَاحْتَمَلَ السَّيْلُ زَبَدًا رَّابِيًا ۗوَمِمَّا يُوْقِدُوْنَ عَلَيْهِ فِى النَّارِ ابْتِغَاۤءَ حِلْيَةٍ اَوْ مَتَاعٍ زَبَدٌ مِّثْلُهٗ ۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ الْحَقَّ وَالْبَاطِلَ ەۗ فَاَمَّا الزَّبَدُ فَيَذْهَبُ جُفَاۤءً ۚوَاَمَّا مَا يَنْفَعُ النَّاسَ فَيَمْكُثُ فِى الْاَرْضِۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ ۗ١٧
Anzala minas-samā'i mā'an fa sālat audiyatum biqadarihā faḥtamalas-sailu zabadar rābiyā(n), wa mimmā yūqidūna ‘alaihi fin-nāribtigā'a ḥilyatin au matā‘in zabadum miṡluh(ū), każālika yaḍribullāhul-ḥaqqa wal-bāṭil(a), fa ammaz-zabadu fa yażhabu jufā'ā(n), wa ammā mā yanfa‘un-nāsa fa yamkuṡu fil-arḍ(i), każālika yaḍribullāhul-amṡāl(a).
[17] (He Mukhammad) sira andangua marang para wong musrik: Pangeran kang kagungan bumi lan langit iku sapa. Apa ora Allah. Sarèhne Pangeran kang kagungan bumi lan langit iku Allah, yagene kowe padha mangeran marang liyane Allah, iya iku brahala, kang măngka brahala iku ora bisa nguwasani marang awake dhewe, ora bisa gawe pakolèh utawa kamlaratan marang awake dhewe. Kapriye ênggone bisa gawe pakolèh utawa kamlaratan marang liyane. Mukhal[10] yèn bisaa. Wong picak lan wong awas iku apa padha bae. Mêsthi beda. (Wong picak lan pêpêtêng iku sanepane wong kaphir, dene wong awas lan pêpadhang iku sanepane wong mukmin) yagene wong kaphir mau têka padha ngadêgake pangeran brahala, diênggo têtimbanganing Allah. Wong kaphir mau apa padha wêruh yèn liyane Allah ana kang bisa nganangkake[11] bumi lan langit, utawa srêngenge lan rêmbulan, utawa liya-liyane. Mêsthi ora. (He Mukhammad) sira dhawuha: Wruhanamu, kang nganakake samubarang kang dumadi iki, Allah piyambak, kang sipat Esa, tur Misesa.

لِلَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمُ الْحُسْنٰىۗ وَالَّذِيْنَ لَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهٗ لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لَافْتَدَوْا بِهٖ ۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ سُوْۤءُ الْحِسَابِ ەۙ وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗوَبِئْسَ الْمِهَادُ ࣖ١٨
Lil-lażīnastajābū lirabbihimul-ḥusnā, wal-lażīna lam yastajībū lahū lau anna lahum mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū laftadau bih(ī), ulā'ika lahum sū'ul-ḥisāb(i), wa ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-mihād(u).
[18] Allah iku kang nurunake banyu udan saka ing langit, ing kono sarupaning jurang sasêlaning gunung-gunung banjur padha [pa...dha] mili samurwate. Banyu mau banjur mêtu unthuke kumambang ana ing banyu, (dadi banyu mau rêrêgêde sumisih dadi unthuk). Mangkono manèh pêpêlikan, kaya ta: mas, salaka lan têmbaga sapanunggalane, kang dilêbur ing manungsa kalawan gêni, digawe dandanan panganggo utawi piranti, iku rêrêgêde iya banjur kumambang, ora beda lan banyu mau, uga sumisih rêrêgêde. Pangandikaning Allah kang wis kasêbut mau ngupamakake prakara kang bênêr lan kang luput, (banyu kang rêsik iku sanepane prakara kang bênêr, dene unthuke kang ora maidahi, iku sanepane prakara kang luput), unthuk iku disingkirake dening banyu marang pinggiring kali. Dene barang kang maidahi marang manungsa iku têtêp ana ing bumi, ora owah. Dadi pangandikaning Allah kang wis kasêbut mau, pêrlune anggêlar sanepa. Sarupane wong kang ngèstokake dhawuhing Pangerane, bakal padha diganjar suwarga. Dene wong kang ora ngèstokake dhawuhing Pangerane, iku bakal disiksa. Upama wong mau duwea saisining bumi iki kabèh, lan duwea samono êngkas, mêsthi saguh ngulungake raja darbèke samono mau, diênggo nêbusi awake, supaya aja nganti awake dipatrapi siksa. (Nanging Allah iya mêsthi ora marêngake), wong mangkono mau mêsthi ditimbang ala bangêt, sarta banjur [ba...njur] dicêmplungake ing naraka Jahanam. Iba alane panggonan ing naraka iku.

۞ اَفَمَنْ يَّعْلَمُ اَنَّمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ الْحَقُّ كَمَنْ هُوَ اَعْمٰىۗ اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِۙ١٩
Afamay ya‘lamu annamā unzila ilaika mir rabbikal-ḥaqqu kaman huwa a‘mā, innamā yatażakkaru ulul-albāb(i).
[19] Wong kang sumurup yèn Kuran kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata bênêr, karo wong kang atine picak, iku apa padha bae, (mêsthi beda). Pitutur kang mangkene iki, mung bisa tumama marang wong kang ganêp akale.

الَّذِيْنَ يُوْفُوْنَ بِعَهْدِ اللّٰهِ وَلَا يَنْقُضُوْنَ الْمِيْثَاقَۙ٢٠
Al-lażīna yūfūna bi‘ahdillāhi wa lā yanquḍūnal-mīṡāq(a).
[20] Kang padha têguh ênggone tuhu ing sêsanggêmane marang Allah, ora pisan selak utawa ngudhari sêsanggêmane.

وَالَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُوْنَ سُوْۤءَ الْحِسَابِ ۗ٢١
Wal-lażīna yaṣilūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yakhsyauna rabbahum wa yakhāfūna sū'al-ḥisāb(i).
[21] Lan kang padha nglakoni samubarang kang wis didhawuhake dening Allah kinèn anglakoni, (kaya ta, pracaya ing Allah, nyambung sih, tulung-tinulung pada wong Islam sapêpadhane). Lan padha wêdi marang Allah Pangerane, lan padha kuwatir bokmênawa besuk ana ing akhirat ditimbang ala.

وَالَّذِيْنَ صَبَرُوا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً وَّيَدْرَءُوْنَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِۙ٢٢
Wal-lażīna ṣabarubtigā'a wajhi rabbihim wa aqāmuṣ-ṣalāta wa anfaqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyataw wa yadra'ūna bil-ḥasanatis-sayyi'ata ulā'ika lahum ‘uqbad-dār(i).
[22] Lan wong kang padha sabar, (têguh atine ênggone kangelan anglakoni parentahing Allah lan nyingkiri laranganing Allah, apadene ênggone mikul sangsara) ênggone sabar mau murih kaparênging Allah Pangerane, sarta padha nglakoni sêmbayang apadene padha mèwèhake rijêki pêparing Ingsun marang wong mau. Enggone mèwèhake kalawan sidhêman utawa diwêruhi ing akèh. Mangkono manèh mênawa nglakoni [nglak....oni] panggawe ala banjur ditungka gawe kabêcikan. Wong kang mangkono mau bakal olèh ganjaran ênggone nglakoni kabêcikan ana ing dunya.

جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا وَمَنْ صَلَحَ مِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَاَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَدْخُلُوْنَ عَلَيْهِمْ مِّنْ كُلِّ بَابٍۚ٢٣
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā wa man ṣalaḥa min ābā'ihim wa azwājihim wa żurriyyātihim wal-malā'ikatu yadkhulūna ‘alaihim min kulli bāb(in).
[23] Iya iku suwarga kang aran suwarga Ngadan, wong mau padha malêbu ing suwarga Ngadan dalah para lêluhure lan para bojone apadene anak putune kang padha bêcik kalakuane (pracaya marang Allah lan ngèstokake parentahe). Dene para malaikat padha seba marang wong mau, mêtu kori-korining suwarga.

سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ بِمَا صَبَرْتُمْ فَنِعْمَ عُقْبَى الدَّارِۗ٢٤
Salāmun ‘alaikum bimā ṣabartum fa ni‘ma ‘uqbad-dār(i).
[24] Para malaikat mau padha ambagèkake marang wong kang padha malêbu ing suwarga, têmbunge: Sampeyan mugi kasugêngana, margi anggèn sampeyan sami kuwawi sabar kala wontên ing dunya, iba endahipun suwarga ganjaraning Pangeran dhumatêng sampeyan, margi anggèn sampeyan anglampahi pandamêl sae kala wontên ing dunya.

وَالَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْ ۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۙ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ٢٥
Wal-lażīna yanquḍūna ‘ahdallāhi mim ba‘di mīṡāqihī wa yaqṭa‘ūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yufsidūna fil-arḍ(i), ulā'ika lahumul-la‘natu wa lahum sū'ud-dār(i).
[25] Dene sarupane wong kaphir, iya iku wong kang sawise diugêri sêsanggêmane dening Allah, banjur cidra, ngudhari sêsanggêmane, sarta padha mêdhot sih, kang măngka Allah wis andhawuhake nyambung sih, apadene wong mau padha gawe rusak ana ing bumi, wong mangkono iku têtêp kêna bêbênduning Pangeran, sarta padha dipatrapi siksa naraka, tumănja patrapane panggawe ala kang wis dilakoni nalika ana ing dunya.

اَللّٰهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗوَفَرِحُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا مَتَاعٌ ࣖ٢٦
Allāhu yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), wa fariḥū bil-ḥayātid-dun-yā, wa mal-ḥayātud-dun-yā fil-ākhirati illā matā‘(un).
[26] Allah iku paring rijêki akèh lan uga anyumpi marang wong kang dadi parênging karsane. Para wong kaphir ing Mêkah padha bungah-bungah marga padha katêkan kêkarêpane ana ing dunya, diparingi rijêki akèh dening Allah. Kabungahan ing dunya iku yèn tinandhing karo kabungahan ing akhirat, sapele bangêt.

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ قُلْ اِنَّ اللّٰهَ يُضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ اَنَابَۖ٢٧
Wa yaqūlul-lażīna kafarū lau lā unzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), qul innallāha yuḍillu may yasyā'u wa yahdī ilaihi man anāb(a).
[27] Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap mangkene: Yagene Nabi Mukhammad têka ora diparingi mukjizat kaelokan saka Pangerane, (kaya mukjizate Nabi Musa lan Nabi Ngisa biyèn), he Mukhammad, sira dhawuha mangkene: Satêmêne Allah iku nasarake marang wong kang dadi parênging karsane, sarta nuduhake dalan bênêr marang wong kang kudu bali marang Allah, (têgêse: ngèstokake parentahe. Sing sapa dipêsthi kêsasar dening Allah, sanadyan digêlarana mukjizat dikayangapa kèhe, iya ora gêlêm pracaya marang Rasulullah).

الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَطْمَىِٕنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَىِٕنُّ الْقُلُوْبُ ۗ٢٨
Al-lażīna āmanū wa taṭma'innu qulūbuhum biżikrillāh(i), alā biżikrillāhi taṭma'innul-qulūb(u).
[28] Dene wong kang kudu bali marang Allah iku, sarupaning wong kang pracaya ing Allah, lan têntrêm antêng atine, marga ênggone eling marang Allah. Apa ora nyata yèn eling maring Allah iku nêntrêmake lan ngantêngake ati. Dene sarupane wong kang pracaya ing Allah, sarta nglakoni panggawe bêcik, iku bakal olèh kabêgjan gêdhe lan kawusanan bêcik.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ طُوْبٰى لَهُمْ وَحُسْنُ مَاٰبٍ٢٩
Allażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ṭūbā lahum wa ḥusnu ma'āb(in).
[29] (He Mukhammad), ing jaman kuna Ingsun wis ngutus para Nabi, kang padha dipaido ing para umate, mangkono uga saiki Ingsun ngutus sira mêmulang marang para umatira. Biyèn sadurunge umatira iku iya wis akèh para umat kang maido marang Nabine. Saiki umatira padha sira wacakna Kuran kang wis Ingsun dhawuhake marang sira. Wusana para umatira mau padha maido, selak ngaku ora wêruh Pangeran kang Mahamurah. (He Mukhammad), sira dhawuha: Pangeran kang Mahamurah iku Allah Pangeranku. Ora ana sesembahan kalawan bener kajaba mung Allah kang Mahamurah. Aku nyumanggakake awakku marang Allah. Sarta tobatku lan tobating para kawula iku kudu konjuk ing Allah.

كَذٰلِكَ اَرْسَلْنٰكَ فِيْٓ اُمَّةٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهَآ اُمَمٌ لِّتَتْلُوَا۟ عَلَيْهِمُ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ وَهُمْ يَكْفُرُوْنَ بِالرَّحْمٰنِۗ قُلْ هُوَ رَبِّيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ مَتَابِ٣٠
Każālika arsalnāka fī ummatin qad khalat min qablihā umamul litatluwa ‘alaihimul-lażī auḥainā ilaika wa hum yakfurūna bir-raḥmān(i), qul huwa rabbī lā ilāha illā huw(a), ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi matāb(i).
[30] Sanadyan Kuran iku diênggo ambêdhol gunung utawa diênggo ambêlah bumi nganti dadi bêngawan apadene diênggo saranane wong mati padha bisa caturan, sarta kêlakon mangkono têmênan, ewadene wong kang wis pinêsthi kaphir iya mêksa ora gêlem pracaya marang Allah. Samubarang prakara iku kabèh kagunganing Allah, apa kang dikarsakake mêsthi kêlakon. Para wong mukmin apa ora wis padha sumurup, upama ana parênge karsaning Allah, wong sajagad iki dikarsakake olèh pituduh bênêr kabêh. mêsthi kêlakon mêngkono.

وَلَوْ اَنَّ قُرْاٰنًا سُيِّرَتْ بِهِ الْجِبَالُ اَوْ قُطِّعَتْ بِهِ الْاَرْضُ اَوْ كُلِّمَ بِهِ الْمَوْتٰىۗ بَلْ لِّلّٰهِ الْاَمْرُ جَمِيْعًاۗ اَفَلَمْ يَا۟يْـَٔسِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ لَهَدَى النَّاسَ جَمِيْعًاۗ وَلَا يَزَالُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا تُصِيْبُهُمْ بِمَا صَنَعُوْا قَارِعَةٌ اَوْ تَحُلُّ قَرِيْبًا مِّنْ دَارِهِمْ حَتّٰى يَأْتِيَ وَعْدُ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَ ࣖ٣١
Wa lau anna qur'ānan suyyirat bihil-jibālu au quṭṭi‘at bihil-arḍu au kullima bihil-mautā, bal lillāhil-amru jamī‘ā(n), afalam yai'asil-lażīna āmanū allau yasyā'ullāhu lahadan-nāsa jamī‘ā(n), wa lā yazālul-lażīna kafarū tuṣībuhum bimā ṣana‘ū qāri‘atun au taḥullu qarībam min dārihim ḥattā ya'tiya wa‘dullāh(i), innallāha lā yukhliful-mī‘ād(a).
[31] Para wong kaphir ing Mêkah iku tansah nandhang rêribêt kang gêdhe, marga saka panggawene dhewe, ênggono[12] ora gêlêm pracaya ing Allah, kayata: Sira kêpung ana sacêdhaking omahe ing Mêkah, kang mangkono iku nganti kalêksanan janjining Allah bakal nulungi ing sira Mukhammad, ngalahake para wong kaphir. Allah iku ora pisan karsa nyidrani janji.

وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَاَمْلَيْتُ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا ثُمَّ اَخَذْتُهُمْ فَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ٣٢
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa amlaitu lil-lażīna kafarū ṡumma akhażtuhum fa kaifa kāna ‘iqāb(i).
[32] Para Rasul ing jaman kuna sadurunge sira padha digêguyu marang para umate, ora beda lan sira Mukhammad. Enggon ingsun arêp niksa marang para umat kang kaphir iku, nganggo Ingsun sarantèkake, [sarantèka...]

اَفَمَنْ هُوَ قَاۤىِٕمٌ عَلٰى كُلِّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْۚ وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ ۗ قُلْ سَمُّوْهُمْۗ اَمْ تُنَبِّـُٔوْنَهٗ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِى الْاَرْضِ اَمْ بِظَاهِرٍ مِّنَ الْقَوْلِ ۗبَلْ زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مَكْرُهُمْ وَصُدُّوْا عَنِ السَّبِيْلِ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٣٣
Afaman huwa qā'imun ‘alā kulli nafsim bimā kasabat, wa ja‘alū lillāhi syurakā'(a), qul sammūhum, am tunabbi'ūnahū bimā lā ya‘lamu fil-arḍi am biẓāhirim minal-qaul(i), bal zuyyina lil-lażīna kafarū makruhum wa ṣuddū ‘anis-sabīl(i), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[33] Allah Pangeran kang Waspada, ora kasamaran marang tindak lakune sakèhe wong, apa padha bae lan brahala kang ora bisa apa-apa. Mêsthi beda bangêt. Wong kaphir têka padha ngadêgake Pangeran brahala diênggo têtimbanganing Allah. (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kaphir mau. Mara padha aranana, brahala iku apa, kowe apa bisa nêrangake sajatining brahala iku, yèn têmêna dadi têtimbanganing Allah ana ing bumi, Allah mêsthi mirsa, nanging ênggonmu nganggêp brahala dadi têtimbanganing Allah iku mung kalawan pangucap lan panyana kang luput. (He Mukhammad), wong kaphir iku wis padha lanyah ênggone dhêmên dadi kaphir, lan padha kapêpêtan dalaning pituduh bênêr. Dene sing sapa disasarake dening Allah, mêsthi ora bisa olèh pituduh bênêr.

لَهُمْ عَذَابٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَقُّۚ وَمَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ وَّاقٍ٣٤
Lahum ‘ażābun fil-ḥayātid-dun-yā wa la‘ażābul-ākhirati asyaqq(u), wa mā lahum minallāhi miw wāq(in).
[34] Wong kaphir mau ana ing dunya padha disiksa kalawan ditawan marga kalah pêrang, dene siksane besuk ana ing akhirat, dicêmplungake ing naraka, iku siksa kang luwih abot, sarta ora ana kang bisa nulak utawa[13] murungake siksaning Allah mau.

۞ مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ اُكُلُهَا دَاۤىِٕمٌ وَّظِلُّهَاۗ تِلْكَ عُقْبَى الَّذِيْنَ اتَّقَوْا ۖوَّعُقْبَى الْكٰفِرِيْنَ النَّارُ٣٥
Maṡalul-jannatil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), tajrī min taḥtihal-anhār(u), ukuluhā dā'imuw wa ẓilluhā, tilka ‘uqbal-lażīnattaqau, wa ‘uqbal-kāfirīnan-nār(u).
[35] Mungguh kaananing suwarga kang disadhiyakake bakal ganjaraning wong kang padha wêdi ing Allah iku ana bêngawane mili ana sangisore kêkayon, pêpanganan ing kono iku tanpa êntèk, eyube ing kono langgêng. Iya iku ganjarane wong kang padha wêdi ing ing Allah. Dene patrapane para wong kaphir, iku dicêmplungake naraka.

وَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَفْرَحُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمِنَ الْاَحْزَابِ مَنْ يُّنْكِرُ بَعْضَهٗ ۗ قُلْ اِنَّمَآ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ اللّٰهَ وَلَآ اُشْرِكَ بِهٖ ۗاِلَيْهِ اَدْعُوْا وَاِلَيْهِ مَاٰبِ٣٦
Wal-lażīna ātaināhumul-kitāba yafraḥūna bimā unzila ilaika wa minal-aḥzābi may yunkiru ba‘ḍah(ū), qul innamā umirtu an a‘budallāha wa lā usyrika bih(ī), ilaihi ad‘ū wa ilaihi ma'āb(i).
[36] Dene para wong Islam kang maune wis Ingsun paringi cêcêkêlan kitab Torèt utawa Injil, iku padha bungah dening tumuruning Kuran kang wis didhawuhake marang sira Mukhammad. Ewadene ana sawênèhing pakumpulan kang maido surasaning Kuran sawatara. (He Mukhammad), sira dhawuha: Aku iki diparentahi dening Allah, ingandikakake nêmbah ing Allah bae, lan aku ora kaparêng maro tingal, yèn aku nyênyuwun, mêsthi nyênyuwun ing Allah. Ing besuk dina kiyamat, aku bakal bali marang ngarsaning Allah.

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ حُكْمًا عَرَبِيًّاۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَمَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِۙ مَا لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا وَاقٍ ࣖ٣٧
Wa każālika anzalnāhu ḥukman ‘arabiyyā(n), wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum ba‘da mā jā'aka minal-‘ilm(i), mā laka minallāhi miw waliyyiw wa lā wāq(in).
[37] Ingsun andhawuhake khukuming Kuran kalawan têmbung Arab, padha lan ênggon Ingsun andhawuhake kitab marang para Nabi ing jaman kuna kalawan têmbunge dhewe-dhewe. [dhe...we-dhewe.] (He Mukhammad), sawise sira kadunungan kawruh bênêr iki, mênawa sira manut sakarêpe wong kaphir, amêsthi bakal dipatrapi siksa, sarta ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksaning Allah.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّنْ قَبْلِكَ وَجَعَلْنَا لَهُمْ اَزْوَاجًا وَّذُرِّيَّةً ۗوَمَا كَانَ لِرَسُوْلٍ اَنْ يَّأْتِيَ بِاٰيَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗلِكُلِّ اَجَلٍ كِتَابٌ٣٨
Wa laqad arsalnā rusulam min qablika wa ja‘alnā lahum azwājaw wa żurriyyah(tan), wa mā kāna lirasūlin ay ya'tiya bi'āyatin illā bi'iżnillāh(i), likulli ajalin kitāb(un).
[38] (He Mukhammad), sadurunge sira, Ingsun wis ngutus para Rasul ing jaman kuna, kang padha mêngku bojo sarta nurunake anak putu. Siji-sijining Rasul mau ora kêna andhawuhake ayat, kajaba kalawan kaparênge karsaning Allah. Sabên pêpêsthèn iku ditulisi ana ing Lohmahphul, nganggo ditamtokake dina lan wayahe tibaning pêpêsthèn mau.

يَمْحُوا اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُ وَيُثْبِتُ ۚوَعِنْدَهٗٓ اُمُّ الْكِتٰبِ٣٩
Yamḥullāhu mā yasyā'u wa yuṡbit(u), wa ‘indahū ummul-kitāb(i).
[39] Têtulisaning pêpêsthèn mau ana sawatara kang dirusak dening Allah, disalini pêpêsthèn liyane, manut sakaparênge karsaning Allah, lan ana uga kang dilêstarèkake bae, dene baboning tulisan ing Lohmahphul iku ana ngastaning Allah piyambak.

وَاِنْ مَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ٤٠
Wa immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa innamā ‘alaikal-balāgu wa ‘alainal-ḥisāb(u).
[40] (He Mukhammad), mênawa sira Ingsun tontonake kalêksanane siksa kang Ingsun ancamake marang wong kaphir, utawa nyawanira Ingsun pundhut sadurunge kalêksanan siksaningsun marang para wong kaphir mau, iku ora dadi apa. Awit kawajibanira mung ngundhangake dhawuh Ingsun, dene kang nimbang lan mancasi ala bêciking wong, iku mung Ingsun dhewe.

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ وَاللّٰهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهٖۗ وَهُوَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٤١
Awa lam yarau annā na'til-arḍa nanquṣuhā min aṭrāfihā, wallāhu yaḥkumu lā mu‘aqqiba liḥukmih(ī), wa huwa sarī‘ul-ḥisāb(i).
[41] Para wong kaphir kang padha takon mukjizat kaelokane Nabi Mukhammad, apa ora andêlêng ênggon Ingsun rawuh ing bumine wong kaphir mau, bumine Ingsun longi saka ing pinggir, nganti êntèk, kabawah ing Nabi Mukhammad kabèh, dene kang kuwasa nêtêpake khukum, iku mung Allah, ora ana kang bisa anjugarake khukuming Allah. Allah iku panimbange lan paniksane rikat bangêt.

وَقَدْ مَكَرَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلِلّٰهِ الْمَكْرُ جَمِيْعًا ۗيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍۗ وَسَيَعْلَمُ الْكُفّٰرُ لِمَنْ عُقْبَى الدَّارِ٤٢
Wa qad makaral-lażīna min qablihim fa lillāhil-makru jamī‘ā(n), ya‘lamu mā taksibu kullu nafs(in), wa saya‘lamul-kuffāru liman ‘uqbad-dār(i).
[42] Para umat sadurunge umate Nabi Mukhammad iki padha maeka marang para Nabine, nanging paekan iku kabèh ana panguwasaning Allah. Allah iku nguningani samubarang kang dilakoni dening sawi-wijining awak. Ing besuk para wong kaphir bakal padha wêruh sapa kang wusanane bêcik.

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَسْتَ مُرْسَلًا ۗ قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۙ وَمَنْ عِنْدَهٗ عِلْمُ الْكِتٰبِ ࣖ٤٣
Wa yaqūlul-lażīna kafarū lasta mursalā(n), qul kafā billāhi syahīdam bainī wa bainakum, wa man ‘indahū ‘ilmul-kitāb(i).
[43] 43. (He Mukhammad), wong kaphir ing Mêkah padha calathu marang sira mangkene: Sampeyan punika dede utusaning Allah. Iku sira wangsulana mangkene: Pasulayanku lan kowe bab ênggonku [ênggo.....nku] dadi utusaning Allah kopaido, iku cukup disêksèni dening Allah piyambak, kang nguni sakèhing pêpêsthèn kang tinulis ing Lohmahphul.