Surah Yusuf
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِۗ١
Alif lām rā, tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[1]
Alip Lam Ra. Iku kabèh araning aksara Ngarab. Allah ênggone mangandikakake mangkono mau, kang uninga têgêse mung Allah piyambak. Kang kasêbut ing surat iki, ayating Kuran kang têrang.
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٢
Innā anzalnāhu qur'ānan ‘arabiyyal la‘allakum ta‘qilūn(a).
[2]
Ingsun anurunake Kuran kang isi carita lêlakone Nabi Yusuph iki kalawan têmbung Ngarab, supaya sira lan para kancanira wong Ngarab padha ngêrtia.
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ اَحْسَنَ الْقَصَصِ بِمَآ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ هٰذَا الْقُرْاٰنَۖ وَاِنْ كُنْتَ مِنْ قَبْلِهٖ لَمِنَ الْغٰفِلِيْنَ٣
Naḥnu naquṣṣu ‘alaika aḥsanal-qaṣaṣi bimā auḥainā ilaika hāżal-qur'ān(a), wa in kunta min qablihī laminal-gāfilīn(a).
[3]
Ingsun nyaritakake lêlakone Nabi Yusuph marang sira Mukhammad, kalawan urut lan wijang, miturut paring Ingsun wahyu Kuran marang sira. Sadurunge sira tămpa wahyuningsun iki, sira durung sumurup carita lêlakone Nabi Yusuph.
اِذْ قَالَ يُوْسُفُ لِاَبِيْهِ يٰٓاَبَتِ اِنِّيْ رَاَيْتُ اَحَدَ عَشَرَ كَوْكَبًا وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ رَاَيْتُهُمْ لِيْ سٰجِدِيْنَ٤
Iż qāla yūsufu li'abīhi yā abati innī ra'aitu aḥada ‘asyara kaukabaw wasy-syamsa wal-qamara ra'aituhum lī sājidīn(a).
[4]
Dhèk samana Nabi Yusuph tutur marang bapakne, aran Nabi Yakkub. Dhuh rama kula punika supêna, wontên lintang sawêlas kalihan surya saha rêmbulan, punika wontên ing ngrikanipun sami sujud sumungkêm dhatêng kula.
قَالَ يٰبُنَيَّ لَا تَقْصُصْ رُءْيَاكَ عَلٰٓى اِخْوَتِكَ فَيَكِيْدُوْا لَكَ كَيْدًا ۗاِنَّ الشَّيْطٰنَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٥
Qāla yā bunayya lā taqṣuṣ ru'yāka ‘alā ikhwatika fa yakīdū laka kaidā(n), innasy-syaiṭāna lil-insāni ‘aduwwum mubīn(un).
[5]
Nabi Yakkub banjur pitutur: He Yusuph anakku, impènmu iku aja kokandhak-kandhakake marang para sadulurmu, mênawa nganti kokandhakake, bokmênawa para sadulurmu mau banjur padha maeka marang kowe, awit setan iku têtela dadi satruning manungsa.
وَكَذٰلِكَ يَجْتَبِيْكَ رَبُّكَ وَيُعَلِّمُكَ مِنْ تَأْوِيْلِ الْاَحَادِيْثِ وَيُتِمُّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكَ وَعَلٰٓى اٰلِ يَعْقُوْبَ كَمَآ اَتَمَّهَا عَلٰٓى اَبَوَيْكَ مِنْ قَبْلُ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَۗ اِنَّ رَبَّكَ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ࣖ٦
Wa każālika yajtabīka rabbuka wa yu‘allimuka min ta'wīlil-aḥādīṡi wa yutimmu ni‘matahū ‘alaika wa ‘alā āli ya‘qūba kamā atammahā ‘alā abawaika min qablu ibrāhīma wa isḥāq(a), inna rabbaka ‘alīmun ḥakīm(un).
[6]
Mangkono uga Pangeranmu milih ing kowe, sarta kowe diparingi kawruh, sumurup marang wahananing impèn, lan manèh Pangeranmu paring nikmat sampurna marang kowe lan marang para sanak lan turune Nabi Yakkub, kaya ênggone paring nikmat sampurna marang suwargi eyangmu Nabi Ibrahim lan Nabi Iskak biyèn. Satêmêne Allah Pangeranmu iku Nguningani samubarang tur Wicaksana.
۞ لَقَدْ كَانَ فِيْ يُوْسُفَ وَاِخْوَتِهٖٓ اٰيٰتٌ لِّلسَّاۤىِٕلِيْنَ٧
Laqad kāna fī yūsufa wa ikhwatihī āyātul lis-sā'ilīn(a).
[7]
Mungguh carita lêlakone Nabi Yusuph lan sadulure, iku tumrap para wong Yahudi kang padha takon caritane Nabi Yusuph, dadi tăndha yêktine Nabi Mukhammad ênggone dadi utusaning Allah. (Awit bisa nyaritakake lêlakone Nabi Yusuph, cocog lan kang kasêbut ing kitab Torèt).
اِذْ قَالُوْا لَيُوْسُفُ وَاَخُوْهُ اَحَبُّ اِلٰٓى اَبِيْنَا مِنَّا وَنَحْنُ عُصْبَةٌ ۗاِنَّ اَبَانَا لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍۙ٨
Iż qālū layūsufu wa akhūhu aḥabbu ilā abīnā minnā wa naḥnu ‘uṣbah(tun), inna abānā lafī ḍalālim mubīn(in).
[8]
Dhèk samana para sadulure Nabi Yup[7] tunggal bapa cacahe wong sapuluh, padha gunêman: Yusuph lan adhine tunggal bapa biyung aran Bunyamin, iku dikasihi bangêt marang bapak, ngungkuli asihe aku lan kowe, [ko....we,] kang măngka aku lan kowe iki wong sapuluh tur gagah prakosa, ênggonku ngopèni marang bapak: cukup bangêt, bênêre aku lan kowe disihi bangêt, dadi bapak ênggone asih bangêt marang Yusuph lan adhine, iku nasar.
ۨاقْتُلُوْا يُوْسُفَ اَوِ اطْرَحُوْهُ اَرْضًا يَّخْلُ لَكُمْ وَجْهُ اَبِيْكُمْ وَتَكُوْنُوْا مِنْۢ بَعْدِهٖ قَوْمًا صٰلِحِيْنَ٩
Uqtulū yūsufa awiṭraḥūhu arḍay yakhlu lakum wajhu abīkum wa takūnū mim ba‘dihī qauman ṣāliḥīn(a).
[9]
Prayogane Yusuph iku kudu dipisahake karo bapak, dene kêlakone kang mangkono iku sarana Yusuph dipatèni utawa disingkirake marang panggonan kang adoh bangêt. Salah sijine rong prakara iku ayo padha dilakoni, mênawa kalakon mangkono, kaya-kaya panggalihe bapak madhêp asih marang aku lan kowe, lan sawise kêlakon mangkono, aku lan kowe padha rukun karo bapak.
قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ لَا تَقْتُلُوْا يُوْسُفَ وَاَلْقُوْهُ فِيْ غَيٰبَتِ الْجُبِّ يَلْتَقِطْهُ بَعْضُ السَّيَّارَةِ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَ١٠
Qāla qā'ilum minhum lā taqtulū yūsufa wa alqūhu fī gayābatil-jubbi yaltaqiṭhu ba‘ḍus-sayyārati in kuntum fā‘ilīn(a).
[10]
Sadulure Nabi Yusuph mau ana siji kang budine rahayu, aran Yahuda, iku calathune mangkene: Kowe aja padha matèni Si Yusuph, elinga yèn matèni wong iku dosa gêdhe. Yèn kowe padha condhong, luwung cêmplungna ing sumur bae, supaya ing seje dina ditêmu dening wong liwat, sabanjure digawa marang nagara kang adoh.
قَالُوْا يٰٓاَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأْمَنَّ۫ا عَلٰى يُوْسُفَ وَاِنَّا لَهٗ لَنٰصِحُوْنَ١١
Qālū yā abānā mā laka lā ta'mannā ‘alā yūsufa wa innā lahū lanāṣiḥūn(a).
[11]
Para sadulure Nabi Yusuph mau barêng wis golong rêmbuge, banjur padha nêmbung marang bapakne, dhuh bapak, punapa sampeyan kuwatos anglilani adhi kula pun Yusuph, dolan dhatêng wana kalihan kula, kula punika sami trêsna murih sae dhatêng pun Yusuph.
اَرْسِلْهُ مَعَنَا غَدًا يَّرْتَعْ وَيَلْعَبْ وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ١٢
Arsilhu ma‘anā gaday yarta‘ wa yal‘ab wa innā lahū laḥāfiẓūn(a).
[12]
Sumăngga bapak, kula aturi nglilani pun Yusuph benjing enjing dhatêng ing wana kalihan kula, kajêngipun dolan sarta bingah-bingah. Kula ingkang sagah rumêksa kawilujênganipun.
قَالَ اِنِّيْ لَيَحْزُنُنِيْٓ اَنْ تَذْهَبُوْا بِهٖ وَاَخَافُ اَنْ يَّأْكُلَهُ الذِّئْبُ وَاَنْتُمْ عَنْهُ غٰفِلُوْنَ١٣
Qāla innī layaḥzununī an tażhabū bihī wa akhāfu ay ya'kulahuż-żi'bu wa antum ‘anhu gāfilūn(a).
[13]
Nabi Yakkub banjur mangsuli: He anakku, aja dadi atimu, lungane adhimu Si Yusuph, iku andadèkake sêdhihku, sarta aku mêlang-mêlang bokmênawa pangrêksamu lena, adhimu banjur dipangan ing macan, iba bakal susahku.
قَالُوْا لَىِٕنْ اَكَلَهُ الذِّئْبُ وَنَحْنُ عُصْبَةٌ اِنَّآ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ١٤
Qālū la'in akalahuż-żi'bu wa naḥnu ‘uṣbatun innā iżal lakhāsirūn(a).
[14]
Para sadulure Nabi Yusuph banjur padha matur marang Nabi Yakkub: Kula punika tiyang sadasa sami gagah prakosa. Mênawi pangrêksa kula dhatêng pun Yusuph ngantos dipun têdha ing sima, têka cabar têmên. Anggèn kula ngrêksa menda kula wontên ing pangenan, salaminipun wilujêng, botên wontên satunggal punapa.
فَلَمَّا ذَهَبُوْا بِهٖ وَاَجْمَعُوْٓا اَنْ يَّجْعَلُوْهُ فِيْ غَيٰبَتِ الْجُبِّۚ وَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِ لَتُنَبِّئَنَّهُمْ بِاَمْرِهِمْ هٰذَا وَهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ١٥
Falammā żahabū bihī wa ajma‘ū ay yaj‘alūhu fī gayābatil-jubb(i), wa auḥainā ilaihi latunabbi'annahum bi'amrihim hāżā wa hum lā yasy‘urūn(a).
[15]
Cêkaking carita, Nabi Yakkub banjur nglilani, Nabi Yusuph mênyang ing alas lan sadulure sapuluh. Banjur padha mangkat, barêng wis têkan ing alas, Nabi Yusuph banjur dijêgurake ing sumur dening para sadulure. Ana sajroning sumur Nabi Yusuph Ingsun paringi [pa....ringi] wahyu. He Yusuph ing têmbe sira dadi luhur, sarta bakal mêlèhake sadulurira iku, ênggone padha nganiaya marang sira, nanging para sadulurira padha kasamaran marang sira.
وَجَاۤءُوْٓ اَبَاهُمْ عِشَاۤءً يَّبْكُوْنَۗ١٦
Wa jā'ū abāhum ‘isyā'ay yabkūn(a).
[16]
Sawise Nabi Yusuph dijêgurake ana ing sumur, para sadulure banjur padha mulih, têkan ing omah, wis wayah ngisa, banjur padha matur ing bapakne kalawan nangis.
قَالُوْا يٰٓاَبَانَآ اِنَّا ذَهَبْنَا نَسْتَبِقُ وَتَرَكْنَا يُوْسُفَ عِنْدَ مَتَاعِنَا فَاَكَلَهُ الذِّئْبُۚ وَمَآ اَنْتَ بِمُؤْمِنٍ لَّنَا وَلَوْ كُنَّا صٰدِقِيْنَ١٧
Qālū yā abānā innā żahabnā nastabiqu wa taraknā yūsufa ‘inda matā‘inā fa akalahuż-żi'b(u), wa mā anta bimu'minil lanā wa lau kunnā ṣādiqīn(a).
[17]
Ature mangkene: Dhuh bapak, kula wau wontên ing wana sami ambujêng bêbujêngan wana, pun Yusuph kula tilar, kula purih nêngga sandhangan kula, wusana sarêng kula wangsul, pun Yusuph sampun dipun măngsa ing sima. Sanadyan sampeyan sampun sumêrêp bilih kula punika tiyang têmên, salaminipun dèrèng nate matur dora, ewadene atur kula sapisan punika sampeyan mêsthi botên ngandêl.
وَجَاۤءُوْ عَلٰى قَمِيْصِهٖ بِدَمٍ كَذِبٍۗ قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ اَنْفُسُكُمْ اَمْرًاۗ فَصَبْرٌ جَمِيْلٌ ۗوَاللّٰهُ الْمُسْتَعَانُ عَلٰى مَا تَصِفُوْنَ١٨
Wa jā'ū ‘alā qamīṣihī bidamin każib(in), qāla bal sawwalat lakum anfusukum amrā(n), fa ṣabrun jamīl(un), wallāhul musta‘ānu ‘alā mā taṣifūn(a).
[18]
Para sadulure Nabi Yusuph banjur padha ngaturake tăndha yêktine yèn têmêne Nabi Yusuph wis dimăngsa ing macan, iya iku kulambine Nabi Yusuph kuthah gêtih, nanging gêtih iku satêmêne gêtih cêmpe. Nabi Yakkub banjur mangsuli: Aturmu iku mung ambêcikake awakmu. Nanging satêmêne ora mangkono. Tumrap ing aku, mung sabar sarta nyuwun [nyu...wun] pitulunganing Allah supaya kêlara nandhang cobaning Allah kaya kang kokandhakake mau, iku kang prayoga dhewe tak lakoni.
وَجَاۤءَتْ سَيَّارَةٌ فَاَرْسَلُوْا وَارِدَهُمْ فَاَدْلٰى دَلْوَهٗ ۗقَالَ يٰبُشْرٰى هٰذَا غُلٰمٌ ۗوَاَسَرُّوْهُ بِضَاعَةً ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَعْمَلُوْنَ١٩
Wa jā'at sayyāratun fa arsalū wāridahum fa adlā dalwah(ū), qāla yā busyrā hāżā gulām(un), wa asarrūhu biḍā‘ah(tan), wallāhu ‘alīmum bimā ya‘malūn(a).
[19]
Ing seje dina ana wong dagang sawatara saka ing Madyan, sumêja marang nagara Mêsir, lakune kêsasar têka ing sumur kang isi Nabi Yusuph mau, wong dagang mau barêng wêruh ana sumur, banjur akon kancane kang padha dagang kang bisa nimba: aran juragan Malik, dipurih apèk banyu marang sumur. Juragan Malik banjur ngudhunake timbane marang sajroning sumur. Nabi Yusuph banjur gondhelan dhadhunging timba. Juragan Malik luwih dening kagèt narik dhadhunge abot bangêt, nanging panarike dirosani bae, barêng wêruh ana bocah lanang luwih dening bagus, gondhelan dhadhung, sangsaya wuwuh kagète. Pangucape marang kancane: Adhuh bêgja têmên, iki aku nêmu bocah bagus rupane. Nabi Yusuph banjur diêntasake saka ing sumur. Nalika iku para sadulure Nabi Yusuph pinuju ana ing kono, banjur calathu marang juragan Malik: Lare punika rencang kula tumbasan minggat, mênawi condhong sampeyan tumbas kemawon, rêgi kalihdasa dirham. Allah nguningani barang kang wis padha dilakoni dening para sadulure Nabi Yusuph.
وَشَرَوْهُ بِثَمَنٍۢ بَخْسٍ دَرَاهِمَ مَعْدُوْدَةٍ ۚوَكَانُوْا فِيْهِ مِنَ الزّٰهِدِيْنَ ࣖ٢٠
Wa syarauhu biṡamanim bakhsin darāhima ma‘dūdah(tin), wa kānū fīhi minaz-zāhidīn(a).
[20]
Para sadulure Nabi Yusuph banjur padha ngêdol Nabi Yusuph kalawan rêga sathithik; iya iku dirham cacah rongpuluh, dadi para sadulure Nabi Yusuph mau padha ora dhêmên marang duwèke dhewe, mulane didol kalawan rêga sathithik.
وَقَالَ الَّذِى اشْتَرٰىهُ مِنْ مِّصْرَ لِامْرَاَتِهٖٓ اَكْرِمِيْ مَثْوٰىهُ عَسٰىٓ اَنْ يَّنْفَعَنَآ اَوْ نَتَّخِذَهٗ وَلَدًا ۗوَكَذٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوْسُفَ فِى الْاَرْضِۖ وَلِنُعَلِّمَهٗ مِنْ تَأْوِيْلِ الْاَحَادِيْثِۗ وَاللّٰهُ غَالِبٌ عَلٰٓى اَمْرِهٖ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٢١
Wa qālal-lażisytarāhu mim miṣra limra'atihī akrimī maṡwāhu ‘asā ay yanfa‘anā au nattakhiżahū waladā(n), wa każālika makkannā liyūsufa fil-arḍ(i), wa linu‘allimahū min ta'wīlil-aḥādīṡ(i), wallāhu gālibun ‘alā amrihī wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[21]
Nabi Yusuph mau banjur digawa mênyang nagara Mêsir, ana ing kono, Nabi Yusuph didol, kang nuku pêpatih ing Mêsir aran Adipati Katphirur Ngasis kalawan rêga akèh, iya iku êmas sabobote Nabi Yusuph, lan salaka sabobote Nabi Yusuph, lan kasturi sabobote Nabi Yusuph, lan sutra uga sabobote Nabi Yusuph, dene bobote Nabi Yusuph: patangatus kati. Dhèk samana Nabi Yusuph lagi ngumur têlulas taun. Adipati Katphirur Ngasis dhawuh marang garwane aran Zuleka, Yusuph iki mulyakna lan ajènana, bokmênawa ing têmbe migunani marang aku, lan manèh sarèhne aku ora duwe anak, Yusuph iki takpèk anak. Dhèk samana kang jumênêng nata ing nagara Mêsir ajêjuluk Raja Rayan, iku ratu mukmin. Pangandikaning Allah: Mangkono uga Nabi Yusuph mau Ingsun pasthi bakal mêngku bumi ing Mêsir, lan Ingsun paringi kawruh sumurup marang wahananing impèn. Dene Allah iku mênang lan kuwasa marang samubarang prakara, ewadene [ewade....ne] manungsa kang akèh iku ora wêruh.
وَلَمَّا بَلَغَ اَشُدَّهٗٓ اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًا ۗوَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٢٢
Wa lammā balaga asyuddahū ātaināhu ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa każālika najzil-muḥsinīn(a).
[22]
Barêng Nabi Yusuph mau wis diwasa, banjur Ingsun paringi kawicaksanan lan Ingsun junjung dadi Nabi, apadene Ingsun paringi kawruh marang wahananing impèn, mangkono manèh Ingsun iya angganjar wong kang padha bêcik.
وَرَاوَدَتْهُ الَّتِيْ هُوَ فِيْ بَيْتِهَا عَنْ نَّفْسِهٖ وَغَلَّقَتِ الْاَبْوَابَ وَقَالَتْ هَيْتَ لَكَ ۗقَالَ مَعَاذَ اللّٰهِ اِنَّهٗ رَبِّيْٓ اَحْسَنَ مَثْوَايَۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ٢٣
Wa rāwadathul-latī huwa fī baitihā ‘an nafsihī wa gallaqatil-abwāba wa qālat haita lak(a), qāla ma‘āżallāhi innahū rabbī aḥsana maṡwāy(a), innahū lā yuflihuẓ-ẓālimūn(a).
[23]
Kocapa ing sawijining dina Zulekha kang tunggal saomah lan Nabi Yusuph, iku ngajak laku bandrèk marang Nabi Yusuph. Zulekha mau ngancingi lawanging omah tundha pitu, pangucape Zulekha: He Yusuph, mrenea, ayo turu lan aku. Nabi Yusuph mangsuli: Botên kula mugi dipun rêksaa dening Allah, sampun ngantos anglampahi makatên punika. Adipati Katphirul Ngasis punika bêndara kula, kula punika dipun damêl sae. Cilaka punapa ingkang badhe kula sandhang yèn kula ngantosa kamipurun cidra, angrêmêni garwanipun bêndara kula sang adipati. Sintên ingkang lampah cidra utawi bandrèk, mêsthi botên sagêd bêgja.
وَلَقَدْ هَمَّتْ بِهٖۙ وَهَمَّ بِهَا ۚ لَوْلَآ اَنْ رَّاٰ بُرْهَانَ رَبِّهٖۗ كَذٰلِكَ لِنَصْرِفَ عَنْهُ السُّوْۤءَ وَالْفَحْشَاۤءَۗ اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُخْلَصِيْنَ٢٤
Wa laqad hammat bihī wa hamma bihā lau lā ar ra'ā burhāna rabbih(ī), każālika linaṣrifa ‘anhus-sū'a wal-faḥsyā'(a), innahū min ‘ibādinal-mukhlaṣīn(a).
[24]
Zulekha andêlêng baguse Nabi Yusuph rumasa ora kêlar ngampah kêkarêpane. Nabi Yusuph uga mangkono, andêlêng endahing warnane Zulekha iya rumasa ora kêlar ngampah brangtane, dhasar karone [ka....rone] ana ing panggonan sêpi. Upama Nabi Yusuph ora tumuli diparingi pratăndha pêpeling saka Pangerane, kaya-kaya sida kalakon laku bandrèk ( Sanalika iku Allah paring pratăndha pêpeling marang Nabi Yusuph, iya iku Nabi Yusuph krungu suwara dumêling: He wong sakaloron, sira padha wêdia ing Allah, nanging Nabi Yusuph durung kêndhak brangtane marang Zulekha. Nuli krungu suwara manèh: He Yusuph, sira wurungna ênggonira arêp anglakoni ala iku, Nabi Yusuph iya isih durung owah brangtane marang Zulekha. Ing kono Malaikat Jabarail tumurun, arupa kaya Nabi Yakkub, nudingi marang Nabi Yusuph lan anêbak dhadhane sarta andukani: He Yusuph, bêcik têmên kowe, kaya dudu anakku. Ing kono Nabi Yusuph marinding lan andharêdhêg, brangtane marang Zulekha sirna larut kabèh, salin wêdi konjêm ing Pangeran). Dene Allah ênggone paring pratăndha pêpeling mau, supaya sirnaa sêdyane Nabi Yusuph ênggone arêp anglakoni ala lan bandrèk. Satêmêne Nabi Yusuph iku ewone kawulaningsun kang atine suci rahayu.
وَاسْتَبَقَا الْبَابَ وَقَدَّتْ قَمِيْصَهٗ مِنْ دُبُرٍ وَّاَلْفَيَا سَيِّدَهَا لَدَا الْبَابِۗ قَالَتْ مَا جَزَاۤءُ مَنْ اَرَادَ بِاَهْلِكَ سُوْۤءًا اِلَّآ اَنْ يُّسْجَنَ اَوْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٥
Wastabaqal-bāba wa qaddat qamīṣahū min duburiw wa alfayā sayyidahā ladal-bāb(i), qālat mā jazā'u man arāda bi'ahlika sū'an illā ay yusjana au ‘ażābun alīm(un).
[25]
Nabi Yusuph banjur anjangkah marang lawang sumêdya oncat, Zulekha trangginas nyandhak marang Yusuph kêna kulambine kang buri nganti suwèk. Ing kono banjur padha kapêthuk bandarane. Adipati Katphirul Ngasis ana ngarêp lawang. Lagi têka arêp malêbu ing dalême. Zulekha banjur nyungkêmi marang lakine. Ature: Yusuph punika badhe ngrêmêni kula, nanging kula botên purun, punapa patrapanipun tiyang badhe ngrêmêni garwa sampeyan, kajawi dipun kunjara utawi dipun pisakit.
قَالَ هِيَ رَاوَدَتْنِيْ عَنْ نَّفْسِيْ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِّنْ اَهْلِهَاۚ اِنْ كَانَ قَمِيْصُهٗ قُدَّ مِنْ قُبُلٍ فَصَدَقَتْ وَهُوَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٢٦
Qāla hiya rāwadatnī ‘an nafsī wa syahida syāhidum min ahlihā, in kāna qamīṣuhū qudda min qubulin fa ṣadaqat wa huwa minal-kāżibīn(a).
[26]
Nabi Yusuph uga banjur matur: Dhuh bandara, aturipun garwa panjênêngan punika dora, sayêktosipun garwa panjênêngan ingkang ngajak rêmênan dhatêng kula, nanging kula botên purun. Sajrone arêbut bênêr, ing kono ana bêbayi kalêbu sanake Zulekha, bayi mau saka karsaning Allah bisa calathu kaya wong tuwa, nêksèni prakarane Nabi Yusuph lan Zulekha mau, têmbunge: He Katphirul Ngasis, Dêlêngên Yusuph iku, mênawa kulambine suwèk ing ngarêp ature Zulekha iku têmên, ature Yusuph goroh.
وَاِنْ كَانَ قَمِيْصُهٗ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ فَكَذَبَتْ وَهُوَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٧
Wa in kāna qamīṣuhū qudda min duburin fa każabat wa huwa minaṣ-ṣādiqīn(a).
[27]
Dene yèn kulambine Yusuph iku suwèk ing buri ature Zulekha iku goroh, kang têmên ature Yusuph.
فَلَمَّا رَاٰ قَمِيْصَهٗ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ قَالَ اِنَّهٗ مِنْ كَيْدِكُنَّ ۗاِنَّ كَيْدَكُنَّ عَظِيْمٌ٢٨
Falammā ra'ā qamīṣahū qudda min duburin qāla innahū min kaidikunn(a), inna kaidakunna ‘aẓīm(un).
[28]
Adipati Katphirul Ngasis eram bangêt dene ana kaelokaning Pangeran, bayi têka bisa [bi.....sa] calathu kaya wong tuwa, ing kono banjur mariksa kulambine Nabi Yusuph, têtela suwèk ing buri. Katphirul Ngasis banjur têrang yèn Nabi Yusuph iku rêsik ora kaluputan, Zulekha têtela nêdya sèdhèng marang laki. Pangucape: He Zulekha, prakara iki têtela saka baudmu ngikal padu, kajuligane wong wadon iku pancèn anggêgirisi.
يُوْسُفُ اَعْرِضْ عَنْ هٰذَا وَاسْتَغْفِرِيْ لِذَنْۢبِكِۖ اِنَّكِ كُنْتِ مِنَ الْخٰطِـِٕيْنَ ࣖ٢٩
Yūsufu a‘riḍ ‘an hāżā wastagfirī liżambik(i), innaki kunti minal-khāṭi'īn(a).
[29]
He Yusuph, prakara iki wis aja kopikir, lan kowe dibisa nyimpên wadi, poma aja corah-corah, mundhak ngisin-isini. Dene kowe Zulekha, kapoka aja manèh, lan nyuwuna pangapuraning Pangeranmu saka ênggonmu nêdya ala, sarta nglèlèti kaluputan marang Si Yusuph, awit wis têtela kowe dhewe kang nandhang kaluputan.
۞ وَقَالَ نِسْوَةٌ فِى الْمَدِيْنَةِ امْرَاَتُ الْعَزِيْزِ تُرَاوِدُ فَتٰىهَا عَنْ نَّفْسِهٖۚ قَدْ شَغَفَهَا حُبًّاۗ اِنَّا لَنَرٰىهَا فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٠
Wa qāla niswatun fil-madīnatimra'atul-‘azīzi turāwidu fatāhā ‘an nafsih(ī), qad syagafahā ḥubbā(n), innā lanarāhā fī ḍalālim mubīn(in).
[30]
Prakara iku sanadyan wis disumpêta dikaya apa, mêksa ana kang wêruh, pawartane warata sanagara. Ucape para wong wadon ing Mêsir mangkene: Zulekha garwane Adipati Katphirul Ngasis kapencut marang bature tukon, nanging bature mau dijak dhêmênan: ora gêlêm. Mungguh karêpe Zulekha kang mangkono mau têtela nasar lan luput bangêt.
فَلَمَّا سَمِعَتْ بِمَكْرِهِنَّ اَرْسَلَتْ اِلَيْهِنَّ وَاَعْتَدَتْ لَهُنَّ مُتَّكَاً وَّاٰتَتْ كُلَّ وَاحِدَةٍ مِّنْهُنَّ سِكِّيْنًا وَّقَالَتِ اخْرُجْ عَلَيْهِنَّ ۚ فَلَمَّا رَاَيْنَهٗٓ اَكْبَرْنَهٗ وَقَطَّعْنَ اَيْدِيَهُنَّۖ وَقُلْنَ حَاشَ لِلّٰهِ مَا هٰذَا بَشَرًاۗ اِنْ هٰذَآ اِلَّا مَلَكٌ كَرِيْمٌ٣١
Falammā sami‘at bimakrihinna arsalat ilaihinna wa a‘tadat lahunna muttaka'aw wa ātat kulla wāḥidim minhunna sikkīnaw wa qālatikhruj ‘alaihinn(a), falammā ra'ainahū akbarnahū wa qaṭṭa‘na aidiyahunn(a), wa qulna ḥāsya lillāhi mā hāżā illā basyarā(n), in hāżā illā malakun karīm(un).
[31]
Zulekha barêng krungu ucape para wong wadon ing Mêsir mau, banjur gawe pista, sarta ngulêm-ulêmi [ngulêm-ulê....mi] marang wong wadon ing Mêsir, cacah wong patangpuluh kang padha băngsa luhur, ana ing kono padha disugata kang pamangane kudu nganggo ngiris jêruk pêcêl, dadi siji- sijining dhayoh mau padha dicêkêli jêruk pêcêl sarta lading. Sêdhênge para putri mau padha ngiris jêruk pêcêl, Nabi Yusuph didhawuhi mêtu marang panggonane para putri mau. Barêng para putri mau wêruh warnane Nabi Yusuph, padha cingak lan eram dening baguse Nabi Yusuph tanpa cacad, ênggone ngiris jêruk pêcêl padha kêpêrang tangane sarta kêna ing banyu jêruk, ora karasa: pêrih, pangucape: Adhuh Allah, wong kang baguse mangkene iki layak dudu manungsa, kiraku iku Malaikat kang mulya.
قَالَتْ فَذٰلِكُنَّ الَّذِيْ لُمْتُنَّنِيْ فِيْهِ ۗوَلَقَدْ رَاوَدْتُّهٗ عَنْ نَّفْسِهٖ فَاسْتَعْصَمَ ۗوَلَىِٕنْ لَّمْ يَفْعَلْ مَآ اٰمُرُهٗ لَيُسْجَنَنَّ وَلَيَكُوْنًا مِّنَ الصّٰغِرِيْنَ٣٢
Qālat fa żālikunnal-lażī lumtunnanī fīh(i), wa laqad rāwattuhū ‘an nafsihī fasta‘ṣam(a), wa la'il lam yaf‘al mā āmuruhū layusjananna wa layakūnam minaṣ-ṣāgirīn(a).
[32]
Zulekha banjur calathu: He para putri kabèh, iya iku rupane baturku tukon, kang koucapake arêp takjak dhêmênan ora gêlêm, lagi saiki kowe wêruh rupane. Upama wingi-wingi kowe wis padha wêruh, kaya-kaya kowe padha ora ngalakake marang aku. Dhasar nyata aku kang ngajak dhêmênan, nanging Yusuph ora gêlêm, mênawa Yusuph puguh ora gêlêm nuruti karêpku, mêsthi tak patrapi kunjara, lan bakal dadi wong asor, padha lan durjana maling utawa wong dosa mutahake gêtih.
قَالَ رَبِّ السِّجْنُ اَحَبُّ اِلَيَّ مِمَّا يَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَيْهِ ۚوَاِلَّا تَصْرِفْ عَنِّيْ كَيْدَهُنَّ اَصْبُ اِلَيْهِنَّ وَاَكُنْ مِّنَ الْجٰهِلِيْنَ٣٣
Qāla rabbis-sijnu aḥabbu ilayya mimmā yad‘ūnanī ilaih(i), wa illā taṣrif ‘annī kaidahunna aṣbu ilaihinna wa akum minal-jāhilīn(a).
[33]
Nabi Yusuph banjur matur: Dhuh bandara, kula pilih dipun kunjara kemawon tinimbang kalihan anglampahi duraka manut pambujukipun tiyang èstri. Dhuh Alllah Pangeran kawula, manawi kawula botên Tuwan kalisakên saking panggodhanipun tiyang èstri, saèstu kèlu dhatêng panggodhanipun tiyang èstri, sarta kula dados tiyang duraka.
فَاسْتَجَابَ لَهٗ رَبُّهٗ فَصَرَفَ عَنْهُ كَيْدَهُنَّ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٤
Fastajāba lahū rabbuhū fa ṣarafa ‘anhu kaidahunn(a), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[34]
Allah Pangerane Nabi Yusuph amarêngake panyuwune Nabi Yusuph, mulane banjur nyirnakake brangtane Nabi Yusuph marang Zulekha. Satêmêne Allah iku miyarsa lan nêmbadani panyuwune wong kang padha nyênyuwun, sarta nguningani apa kaanane.
ثُمَّ بَدَا لَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا رَاَوُا الْاٰيٰتِ لَيَسْجُنُنَّهٗ حَتّٰى حِيْنٍ ࣖ٣٥
Ṡumma badā lahum mim ba‘di mā ra'awul-āyāti layasjununnahū ḥattā ḥīn(in).
[35]
Adipati Katphirul Ngasis lan para wargane barêng wis andêlêng tăndha yêkti pirang-pirang kang dadi cihna yèn Nabi Yusuph têmên rêsik, ora kaluputan, kênthêling pamikire, amurih sirêping ucape wong akèh, Nabi Yusuph kudu dikunjara sawatara lawase, nganti sirêp ucaping wong akèh mau.
وَدَخَلَ مَعَهُ السِّجْنَ فَتَيٰنِ ۗقَالَ اَحَدُهُمَآ اِنِّيْٓ اَرٰىنِيْٓ اَعْصِرُ خَمْرًا ۚوَقَالَ الْاٰخَرُ اِنِّيْٓ اَرٰىنِيْٓ اَحْمِلُ فَوْقَ رَأْسِيْ خُبْزًا تَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْهُ ۗنَبِّئْنَا بِتَأْوِيْلِهٖ ۚاِنَّا نَرٰىكَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٣٦
Wa dakhala ma‘ahus-sijna fatayān(i), qāla aḥaduhumā innī arānī a‘ṣiru khamrā(n), wa qālal-ākharu innī arānī aḥmilu fauqa ra'sī khubzan ta'kuluṭ-ṭairu minh(u), nabbi'nā bita'wīlih(ī), innā narāka minal-muḥsinīn(a).
[36]
Ing kono Nabi Yusuph banjur dilêbokake ing kunjara, lan ana manèh barêngane, iya iku wong lanang loro padha dilêbokake ing kunjara. Ana ing kunjara Nabi Yusuph kawiyak kapintêrane mêthèk impèn. Ing sawiji dina kancane loro mau padha pitakon marang [ma....rang] Nabi Yusuph: Panyawang kula sampeyan punika tiyang utama, pantêsipun sumêrêp dhatêng wahananing supênan. Wong loro mau banjur padha nyaritakake impène dhewe-dhewe, sarta anjaluk muga padha dijarwanana bakal wahanane. Kang siji ngimpi mêrêsi anggur bakal ginawe sajêng. Sijine ngimpi nyunggi baki tundha têlu, isi roti lan panganan warna-warna, dumadakan ana manuk gagak nucuki roti mau.
قَالَ لَا يَأْتِيْكُمَا طَعَامٌ تُرْزَقٰنِهٖٓ اِلَّا نَبَّأْتُكُمَا بِتَأْوِيْلِهٖ قَبْلَ اَنْ يَّأْتِيَكُمَا ۗذٰلِكُمَا مِمَّا عَلَّمَنِيْ رَبِّيْۗ اِنِّيْ تَرَكْتُ مِلَّةَ قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَۙ٣٧
Qāla lā ya'tīkumā ṭa‘āmun turzaqānihī illā nabba'tukumā bita'wīlihī qabla ay ya'tiyakumā, żālikumā mimmā ‘allamanī rabbī, innī taraktu millata qaumil lā yu'minūna billāhi wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[37]
Nabi Yusuph mangsuli: Sarupaning pêpanganan kang padha kodêlêng ana ing pangimpèn, mêsthi tak jalèntrèhake wijange kalawan gumêlar, apadene tak têrangake bakal wahananing impèn mau sadurunge kêlakon. kawruhku kang mangkono mau, dudu ujar panggorohan, têrang saka wahyuning Allah Pangeranku. Aku iki nyingkiri lêlakoning wong kang padha ora pracaya ing Allah, sarta padha maido bakal ananing akhirat.
وَاتَّبَعْتُ مِلَّةَ اٰبَاۤءِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ مَا كَانَ لَنَآ اَنْ نُّشْرِكَ بِاللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ ذٰلِكَ مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ عَلَيْنَا وَعَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٣٨
Wattaba‘tu millata ābā'ī ibrāhīma wa isḥāqa wa ya‘qūb(a), mā kāna lanā an nusyrika billāhi min syai'(in), żālika min faḍlillāhi ‘alainā wa ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[38]
Aku iki anglêluri agamane para lêluhurku, Nabi Ibrahim lan Nabi Iskak apadene Nabi Yakkub, ênggonku sumungkêm mangeran ing Allah, ora pisan maro tingal marang barang-barang, kang mangkono iku atas saka sih kanugrahaning Allah marang aku lan marang para manungsa, ewadene [ewade...ne] manungsa iku kang akèh padha ora sukur ing Allah.
يٰصَاحِبَيِ السِّجْنِ ءَاَرْبَابٌ مُّتَفَرِّقُوْنَ خَيْرٌ اَمِ اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُۗ٣٩
Yā ṣāḥibayis-sijni a'arbābum mutafarriqūna khairun amillāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[39]
He lêlaran loro, kapriye panêmumu, pangeran brahala kang warna-warna iku bêcik êndi karo-karo[8] Allah kang Sawiji tur Kuwasa Amasesa.
مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلَّآ اَسْمَاۤءً سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِ ۗاَمَرَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٠
Mā ta‘budūna min dūnihī illā asmā'an sammaitumūhā antum wa ābā'ukum mā anzalallāhu bihā min sulṭān(in), inil-ḥukmu illā lillāh(i), amara allā ta‘budū illā iyyāh(u), żālikad-dīnul-qayyimu wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[40]
Enggonmu padha nyêmbah brahala, koarani Pangeran iku luput, satêmêne iku dudu Pangeran, kang ngarani Pangeran iku kowe dhewe lan para lêluhurmu. Allah ora andhawuhake yèn brahala iku Pangeran, lan ora ana tăndha yêktine kang kêna diêndêl, têtêping khukum, mung ana ngastanning Allah. Dhawuh parentahing Allah: Sira aja padha nyêmbah sapa-sapa, mung nyêmbaha ing Allah, iya iku agama kang jêjêg. Ewadene manungsa iku kang akèh padha ora wêruh kang mangkono iku.
يٰصَاحِبَيِ السِّجْنِ اَمَّآ اَحَدُكُمَا فَيَسْقِيْ رَبَّهٗ خَمْرًا ۗوَاَمَّا الْاٰخَرُ فَيُصْلَبُ فَتَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْ رَّأْسِهٖ ۗ قُضِيَ الْاَمْرُ الَّذِيْ فِيْهِ تَسْتَفْتِيٰنِۗ٤١
Yā ṣāḥibayis-sijni ammā aḥadukumā fa yasqī rabbahū khamrā(n), wa ammal-ākharu fa yuṣlabu fa ta'kuluṭ-ṭairu mir ra'sih(ī), quḍiyal-amrul-lażī fīhi tastaftiyān(i).
[41]
He lêlaran loro, mungguh kang ngimpi mêrêsi anggur iku wahanane bakal bali têtêp dadi priyayi minuman manèh, angladèkake sajêng marang Gustine. Dene kang ngimpi nyunggi baki tundha têlu, isi roti lan panganan warna-warna dicucuki ing manuk gagak, iku wahanane, têlung dina êngkas dipatrapi khukum pati ditanjir, sarta êndhase bakal dicucuki ing manuk gagak. Wong kang impène dipêthèk [dipêthè...k] ala mau banjur: Sayêktosipun kula botên supêna punapa-punapa, anggèn kula nyariyosakên supênan punika namung gêgujêngan kemawon. Nabi Yusuph banjur mangsuli: Iya ngimpia, iya oraa, saiki wis ditêtêpake kalawan khukuming Allah, marga ênggonmu tutur marang aku, kowe mêsthi kêlakon dipatrapi khukum pati kaya kang wis tak kandhakake mau.
وَقَالَ لِلَّذِيْ ظَنَّ اَنَّهٗ نَاجٍ مِّنْهُمَا اذْكُرْنِيْ عِنْدَ رَبِّكَۖ فَاَنْسٰىهُ الشَّيْطٰنُ ذِكْرَ رَبِّهٖ فَلَبِثَ فِى السِّجْنِ بِضْعَ سِنِيْنَ ࣖ٤٢
Wa qāla lil-lażī ẓanna annahū nājim minhumażkurnī ‘inda rabbik(a), fa ansāhusy-syaiṭānu żikra rabbihī fa labiṡa fis-sijni biḍ‘a sinīn(a).
[42]
Nabi Yusuph banjur mêkas marang lêlaran kang ditamtokake slamêt saka ing patrapan lan bakal bali marang pangkate lawas, dadi priya[9] minuman, tuture mangkene: Yèn kowe wis têtêp dadi priyayi minum manèh, aku aturna marang gustimu sang nata, yèn aku wêruh marang wahananing impèn, kang diwêkasi: nyaguhi. Mungguh karêpe Nabi Yusuph kang mangkono mau, dadi kaluputan marang Allah, dene têka nganggo mêmêkas marang sapêpadhaning manungsa kurang pasrah marang Allah, mulane lêlaran kang diwêkas mau banjur dilalèkake dening setan, ora matur marang gustine. Nabi Yusuph ênggone ana ing kunjara wis kalakon limang taun, saluware priyayi minuman mau, Nabi Yusuph isih kênthang-kênthang ana ing kunjara pitung taun êngkas.
وَقَالَ الْمَلِكُ اِنِّيْٓ اَرٰى سَبْعَ بَقَرٰتٍ سِمَانٍ يَّأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَّسَبْعَ سُنْۢبُلٰتٍ خُضْرٍ وَّاُخَرَ يٰبِسٰتٍۗ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَاُ اَفْتُوْنِيْ فِيْ رُءْيَايَ اِنْ كُنْتُمْ لِلرُّءْيَا تَعْبُرُوْنَ٤٣
Wa qālal-maliku innī arā sab‘a baqarātin simāniy ya'kuluhunna sab‘un ‘ijāfuw wa sab‘a sumbulātin khuḍriw wa ukhara yābisāt(in), yā ayyuhal-mala'u aftūnī fī ru'yāya in kuntum lir-ru'yā ta‘burūn(a).
[43]
Kacarita sang prabu ing Mêsir supêna, dipangandikakake mangkene: Aku ngimpi wêruh sapi pitu lêmu-lêmu, padha diuntal ing sapi pitu kuru-kuru, lan ana gandum pitung wuli katon sêgêr ijo, tur aos, lan ana manèh gandum pitung wuli padha katon gabug tur garing. He para punggawa lan para nujum, mênawa kowe padha wêruh wahananing impèn, mara padha matura marang aku, kapriye wahanane impènku mau.
قَالُوْٓا اَضْغَاثُ اَحْلَامٍ ۚوَمَا نَحْنُ بِتَأْوِيْلِ الْاَحْلَامِ بِعٰلِمِيْنَ٤٤
Qālū aḍgāṡu aḥlām(in), wa mā naḥnu bita'wīlil-aḥlāmi bi‘ālimīn(a).
[44]
Para punggawa lan para nujum mau padha matur: Dhuh gusti kula sang nata, supênan punika dede punapa-punapa, wontênipun namung tuwuh saking panyakrabawa utawi saking pangridhuning setan, kula botên sumêrêp badhe wahananipun.
وَقَالَ الَّذِيْ نَجَا مِنْهُمَا وَادَّكَرَ بَعْدَ اُمَّةٍ اَنَا۠ اُنَبِّئُكُمْ بِتَأْوِيْلِهٖ فَاَرْسِلُوْنِ٤٥
Wa qālal-lażī najā minhumā waddakara ba‘da ummatin ana unabbi'ukum bita'wīlihī fa arsilūn(i).
[45]
Ing kono lêlaran kang wis luwar saka ing kunjara sarta wis têtêp dadi priyayi minuman manèh mau eling wêkase Nabi Yusuph, nanging têkan ing dina iku wus pitung taun lawase, priyayi minuman mau matur: Gusti ing kunjara wontên tiyang lêbda dhatêng wahananing supênan, nama Yusuph, kula mugi kautusa pitakèn dhatêng Yusuph wau.
يُوْسُفُ اَيُّهَا الصِّدِّيْقُ اَفْتِنَا فِيْ سَبْعِ بَقَرٰتٍ سِمَانٍ يَّأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَّسَبْعِ سُنْۢبُلٰتٍ خُضْرٍ وَّاُخَرَ يٰبِسٰتٍۙ لَّعَلِّيْٓ اَرْجِعُ اِلَى النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَعْلَمُوْنَ٤٦
Yūsufu ayyuhaṣ-ṣiddīqu aftinā fī sab‘i baqarātin simāniy ya'kuluhunna sab‘un ‘ijāfuw wa sab‘i sumbulātin khuḍriw wa ukhara yābisāt(in), la‘allī arji‘u ilan-nāsi la‘allahum ya‘lamūn(a).
[46]
Priyayi minuman mau banjur diutus dening sang nata mênyang ing kunjara, satêkane ing kunjara banjur takon: Dhuh Nabi Yusuph ingkang satuhu sidik, sumăngga sampeyan pêthèk, punapa wahananipun supênaning sang nata makatên, wontên lêmbu lêma pitu dipun untal dening lêmbu kuru pitu, lan malih wontên gandum pitung wuli sami sêgêr lan ijêm tur aos, sarta wontên gandum pitung wuli malih garing tur gabug. Sumăngga sampeyan pêthèk, badhe tumuntên kula aturakên dhatêng sang nata, sarta kasumêrêpan para punggawa, supados sami sumêrêpa dhatêng kaawasan sampeyan mêthèk wahananing supênan.
قَالَ تَزْرَعُوْنَ سَبْعَ سِنِيْنَ دَاَبًاۚ فَمَا حَصَدْتُّمْ فَذَرُوْهُ فِيْ سُنْۢبُلِهٖٓ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّا تَأْكُلُوْنَ٤٧
Qāla tazra‘ūna sab‘a sinīna da'abā(n), famā ḥaṣattum fa żarūhu fī sumbulihī illā qalīlam mimmā ta'kulūn(a).
[47]
Nabi Yusuph mangsuli: Impène sang nata iku wahanane mangkene: Sapi pitu lêmu lan gandum pitung wuli kang sêgêr ijo tur aos, iku nyasmitani yèn bumi ing Mêsir iki sajroning pitung taun wiwit saiki, sarupaning têtanduran sarwa lêmu lan mêtu wohe akèh bangêt. Mulane wong ing Mêsir saiki padha disêngkud ênggone padha têtanèn kaya ngadat kang wis kalakon, dene olèh -olèhaning wulu pamêtu banjur diklumpukake dening sang nata, disimpêna gedhengan bae supaya ora rusak, dene kang dipangan ing wong cilik, dipancia sathithik sacukupe bae. [ba...][...e.]
ثُمَّ يَأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ سَبْعٌ شِدَادٌ يَّأْكُلْنَ مَا قَدَّمْتُمْ لَهُنَّ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّا تُحْصِنُوْنَ٤٨
Ṡumma ya'tī mim ba‘di żālika sab‘un syidāduy ya'kulna mā qaddamtum lahunna illā qalīlam mimmā tuḥṣinūn(a).
[48]
Sawise kêlakon pitung taun mau, bumi ing Mesir sarupaning têtanduran ora mêtu wohe, lawase uga nganti pitung taun manèh, lan nganti ngêntèkake pamêtuning bumi kang dikalumpukake lan disimpên sajroning pitung taun kang uwis mau, mung kari sathithik kang kanggo sadhiyan wiji. Iya iku sasmitane sapi pitu kang kuru nguntal sapi pitu kang lêmu, utawa gandum pitung wuli kang garing tur gabug mau.
ثُمَّ يَأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ عَامٌ فِيْهِ يُغَاثُ النَّاسُ وَفِيْهِ يَعْصِرُوْنَ ࣖ٤٩
Ṡumma ya'tī mim ba‘di żālika ‘āmun fīhi yugāṡun-nāsu wa fīhi ya‘ṣirūn(a).
[49]
Sawise kalakon pailan pitung taun mau, taun ngarêpe bêcik kabèh, murah udan, têtanduran padha mêtu wohe akèh, ing kono manungsa padha olèh pitulung, bungah-bungah mêrês anggur, ngundhuh wowohan lan ngênèni gandum.
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُوْنِيْ بِهٖ ۚفَلَمَّا جَاۤءَهُ الرَّسُوْلُ قَالَ ارْجِعْ اِلٰى رَبِّكَ فَسْـَٔلْهُ مَا بَالُ النِّسْوَةِ الّٰتِيْ قَطَّعْنَ اَيْدِيَهُنَّ ۗاِنَّ رَبِّيْ بِكَيْدِهِنَّ عَلِيْمٌ٥٠
Wa qālal-maliku'tūnī bih(ī), falammā jā'ahur-rasūlu qālarji‘ ilā rabbika fas'alhu mā bālun-niswatil-lātī qaṭṭa‘na aidiyahunn(a), inna rabbī bikaidihinna ‘alīm(un).
[50]
Pamêcane Nabi Yusuph mau banjur diaturake marang sang nata. Dhawuhe sang nata, saiki Yusuph timbalana marene. Utusane sang nata banjur mênyang kunjara nimbali Nabi Yusuph, nanging ature Nabi Yusuph: Sapunika sampeyan wangsul rumiyin, sampeyan matur dhatêng sang nata, kula dipun timbali inggih sandika, nanging sadèrèngipun kula sowan, sang nata mugi andangua dhumatêng para putri ingkang sami kêpêrang tanganipun sarta kenging duduhing jêram pêcêl bătên kêraos, nalikanipun sami pista wontên ing kapatihan, kadospundi katranganipun anggèn kula winastan anglampahi awon, sayêktosipun Allah Pangeran kula Nguningani kajuliganipun para putri wau.
قَالَ مَا خَطْبُكُنَّ اِذْ رَاوَدْتُّنَّ يُوْسُفَ عَنْ نَّفْسِهٖۗ قُلْنَ حَاشَ لِلّٰهِ مَا عَلِمْنَا عَلَيْهِ مِنْ سُوْۤءٍ ۗقَالَتِ امْرَاَتُ الْعَزِيْزِ الْـٰٔنَ حَصْحَصَ الْحَقُّۖ اَنَا۠ رَاوَدْتُّهٗ عَنْ نَّفْسِهٖ وَاِنَّهٗ لَمِنَ الصّٰدِقِيْنَ٥١
Qāla mā khaṭbukunna iż rāwattunna yūsufa ‘an nafsih(ī), qulna ḥāsya lillāhi mā ‘alimnā ‘alaihi min sū'(in), qālatimra'atul-‘azīzil-āna ḥaṣḥaṣal-ḥaqq(u), ana rāwattuhū ‘an nafsihī wa innahū laminaṣ-ṣādiqīn(a).
[51]
Ature Nabi Yusuph mau banjur diaturake marang sang nata. Sang nata banjur nimbali para putri mau, sarta didangu: He para putri, mara padha matura, kapriye katrangane nalika kowe ngajak dhêmênan marang Yusuph, apa Yusuph iya nglanggati marang kowe. Ature para putri: Adhuh Allah, botên kadosa gusti. Kula sami botên sumêrêp bilih Yusuph punika purun anglampahi awon. Ing kono Zulekha garwane Adipati Katphirul Ngasis banjur matur: Dhuh Gusti, sapunika barang ingkang têmên sampun kanyataan, sayêktosipun kula ingkang ngajak rêmênan dhatêng Yusuph punika, nanging Yusuph botên purun. Samukawis paturanipun Yusuph kala samantên, punika sadaya têmên, botên wontên ingkang dora.
ذٰلِكَ لِيَعْلَمَ اَنِّيْ لَمْ اَخُنْهُ بِالْغَيْبِ وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ كَيْدَ الْخَاۤىِٕنِيْنَ ۔٥٢
Żālika liya‘lama annī lam akhunhu bil-gaibi wa annallāha lā yahdī kaidal-khā'inīn(a).
[52]
Atur kula pasaja makatên punika, supados Yusuph wau sumêrêpa bilih kula botên pisan anglèlèti awon dhatêng Yusuph, sanadyan Yusuph wau wontên ing kunjara, kula inggih botên selak anggèn kula ngakên makatên wau, sayêktosipun Allah punika botên paring margi dhatêng tiyang ingkang badhe cidra.
۞ وَمَآ اُبَرِّئُ نَفْسِيْۚ اِنَّ النَّفْسَ لَاَمَّارَةٌ ۢ بِالسُّوْۤءِ اِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّيْۗ اِنَّ رَبِّيْ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥٣
Wa mā ubarri'u nafsī, innan-nafsa la'ammāratum bis-sū'i illā mā raḥima rabbī, inna rabbī gafūrur raḥīm(un).
[53]
Kula botên pisan sumuci-suci, ngakên saening awak kula piyambak, awit manahing tiyang punika limrahipun kêdah ngajak dhatêng awon, kajawi tiyang ingkang dipun sihi utawi dipun rêksa dening Pangeran kula, punika botên kèlu dhatêng pangajaking manahipun. Sayêktosipun Pangeran kula punika kaparêng Ngapura tur Maha-asih.
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُوْنِيْ بِهٖٓ اَسْتَخْلِصْهُ لِنَفْسِيْۚ فَلَمَّا كَلَّمَهٗ قَالَ اِنَّكَ الْيَوْمَ لَدَيْنَا مَكِيْنٌ اَمِيْنٌ٥٤
Wa qālal-maliku'tūnī bihī astakhliṣhu linafsī, falammā kallamahū qāla innakal-yauma ladainā makīnun amīn(un).
[54]
Barêng sang nata wis têrang marang Nabi Yusuph, têmên bêcik kalakuane, punjul kawruhe, banjur dhawuh: Saiki Yusuph timbalana marene, bakal tak piji, tak junjung ing pangkat luhur. Barêng Nabi Yusuph wis seba sarta wis imbalwacana lan sang nata, sang nata banjur dhawuh kalumrahake ing akèh, He Yusuph, ing dina iki kowe tak junjung ing pangkatmu luhur dadi prabu anom ing Mêsir.
قَالَ اجْعَلْنِيْ عَلٰى خَزَاۤىِٕنِ الْاَرْضِۚ اِنِّيْ حَفِيْظٌ عَلِيْمٌ٥٥
Qālaj‘alnī ‘alā khazā'inil-arḍ(i), innī ḥafīẓun ‘alīm(un).
[55]
Nabi Yusuph sawise nyandikani, banjur matur: Dhuh sang nata, kula mugi katamtokna dados gêdhonging băndha, nguwasani wulu pamêdalipun bumi ing Mêsir sadaya, awit kula punika tiyang têmên saha mangêrtos dhatêng lampahing samukawis.
وَكَذٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوْسُفَ فِى الْاَرْضِ يَتَبَوَّاُ مِنْهَا حَيْثُ يَشَاۤءُۗ نُصِيْبُ بِرَحْمَتِنَا مَنْ نَّشَاۤءُ وَلَا نُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٦
Wa każālika makkannā liyūsufa fil-arḍi yatabawwa'u minhā ḥaiṡu yasyā'(u), nuṣību biraḥmatinā man nasyā'u wa lā nuḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[56]
Atur panyuwune Nabi Yusuph mau diparêngake dening sang nata. Pangandikaning Allah: Mangkono uga Nabi Yusuph Ingsun paringi pangawasa ing bumi Mêsir lan [la..n] sawêwêngkone kabèh, ing bab wulupamêtu lan sarupaning paprentahan, apadene pangadilan, dadi sang nata wis mêngkêr ora nyumêrêpi Adipati Katphirul Ngasis banjur nyèlèhake kalungguhane patih, ora antara lawas tinggal dunya. Ing kono Zulekha banjur digarwa dening Prabu Anom Yusuph, prabu anom kuwasa yasa pasanggrahan ana ing ngêndi-êndi panggonan kang dadi karsane. Rahmatingsun Ingsun paringake marang wong kang dadi parênging karsaningsun, sarta ingsun ora bakal nguwukake ganjaraning wong kang padha nglakoni kabêcikan.
وَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ ࣖ٥٧
Wa la'ajrul-ākhirati khairul lil-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[57]
Dene ganjaran besuk ana ing akhirat, iku luwih bêcik manèh, iya iku tinamtokake marang wong kang padha pracaya lan wêdi ing Allah.
وَجَاۤءَ اِخْوَةُ يُوْسُفَ فَدَخَلُوْا عَلَيْهِ فَعَرَفَهُمْ وَهُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ٥٨
Wa jā'a ikhwatu yūsufa fa dakhalū ‘alaihi fa ‘arafahum wa hum lahū munkirūn(a).
[58]
Barêng wis ngancik ing masa pailan para kangdange[1] Prabu Anom Yusuph, cacah wong sapuluh padha têka ing nagara Mêsir saka parentahing bapakne dikon nêmpur gandum, ana ing Mêsir banjur padha seba ing ngarsane prabu anom. Prabu anom ora pisan pangling marang para kadange, nanging para kadange mau padha pangling marang Prabu Anom Yusuph. Para kadang iku padha didangu kaanane. Banjur padha matur yèn wong sapuluh mau padha dulur tunggal bapa biyung, [bi..yung,] lan duwe sadulur manèh tunggal bapa seje biyung: loro, kang tuwa aran Yusuph, wis mati dipangan macan, kang ênom aran Bunyamin, isih urip kari ana ing omah.
وَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ قَالَ ائْتُوْنِيْ بِاَخٍ لَّكُمْ مِّنْ اَبِيْكُمْ ۚ اَلَا تَرَوْنَ اَنِّيْٓ اُوْفِى الْكَيْلَ وَاَنَا۠ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ٥٩
Wa lammā jahhazahum bijahāzihim qāla'tūnī bi'akhil lakum min abīkum, alā tarauna annī ūfil-kaila wa ana khairul-munzilīn(a).
[59]
Barêng para kadang mau wis padha diparingi gandum, siji-sijining wong diparingi sakêlaring unta siji, sang prabu anom banjur dhawuh: He wong Ibrani, ênggonmu ana ing Mêsir kowe tak paringi pondhokan lan padha tak kurmati kalawan bêcik, apadene ênggonmu nêmpur wis tak paringi gandum kalawan takêran gênêp, ing besuk mênawa kowe bali marene manèh, anggawaa sadulurmu tunggal ba[2] seje biyung kang aran Bunyamin.
فَاِنْ لَّمْ تَأْتُوْنِيْ بِهٖ فَلَا كَيْلَ لَكُمْ عِنْدِيْ وَلَا تَقْرَبُوْنِ٦٠
Fa illam ta'tūnī bihī falā kaila lakum ‘indī wa lā taqrabūn(i).
[60]
Mênawa kowe bali marene, kang măngka ora anggawa Si Bunyamin, ênggonmu nyuwun nêmpur mêsthi ora tak paringi, sarta kowe ora tak lilani malêbu ing nagara Mêsir seba marang aku.
قَالُوْا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ اَبَاهُ وَاِنَّا لَفٰعِلُوْنَ٦١
Qālū sanurāwidu ‘anhu abāhu wa innā lafā‘ilūn(a).
[61]
Para kadang banjur padha matur: Dhawuhipun sang prabu punika inggih badhe kula èstokakên. Nanging kawuningana, adhi kula Bunyamin punika tumrapipun bapa kula gantilan manah, botên kenging pisah. Ewasamantên bapa kula inggih badhe kula sêrêp-sêrêpakên, supados Bunyamin wau suka kula jak sowan mariki.
وَقَالَ لِفِتْيٰنِهِ اجْعَلُوْا بِضَاعَتَهُمْ فِيْ رِحَالِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَعْرِفُوْنَهَآ اِذَا انْقَلَبُوْٓا اِلٰٓى اَهْلِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٦٢
Wa qāla lifityānihij‘alū biḍā‘atahum fī riḥālihim la‘allahum ya‘rifūnahā iżanqalabū ilā ahlihim la‘allahum yarji‘ūn(a).
[62]
Prabu anom banjur dhawuh marang para garap ing têmpuran kono, dirham dhuwite wong Ibrani iku lêbokna ana ing karunge, supaya yèn wis têkan ing omahe padha wêruha yèn dhuwite tak balèkake, dadi banjur wêruh marang kautamanku, lan ing têmbe yèn gandume wis êntèk, banjur padha bali nêmpur marene manèh.
فَلَمَّا رَجَعُوْٓا اِلٰٓى اَبِيْهِمْ قَالُوْا يٰٓاَبَانَا مُنِعَ مِنَّا الْكَيْلُ فَاَرْسِلْ مَعَنَآ اَخَانَا نَكْتَلْ وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ٦٣
Falammā raja‘ū ilā abīhim qālū yā abānā muni‘a minnal-kailu fa arsil ma‘anā akhānā naktal wa innā lahū laḥāfiẓūn(a).
[63]
Para kadang mau barêng wis padha mulih têkan ngomahe bapakne, banjur padha tutur: Dhuh bapak, lampah kula nêmpur dhatêng ing Mêsir, manggih wilujêng sarta angsal gandum. Nanging kawuningana, kula wontên ing Mêsir saking dipun mulyakakên dening sang prabu anom ing Mêsir. Sang prabu anom wau andangu para sadhèrèk kula, kula matur cacahipun sawêlas kalêbêt pun Bunyamin. Wusana dhawuhipun sang prabu anom, mênawi kula wangsul nêmpur malih, kadhawuhan ngajak pun Bunyamin, mênawi kula wangsul botên kanthi pun Bunyamin, anggèn kula nêmpur botên dipun paringi, sarta kula botên dipun parêngakên malêbêt ing nagari Mêsir. Mila mênawi kula wangsul nêmpur malih, pun Bunyamin kula suwun, kula jak dhatêng ing Mêsir, sampeyan sampun mawi sumêlang. Kula tiyang sa[3] ingkang tanggêl, sagah sami rumêksa wilujêngipun pun Bunyamin.
قَالَ هَلْ اٰمَنُكُمْ عَلَيْهِ اِلَّا كَمَآ اَمِنْتُكُمْ عَلٰٓى اَخِيْهِ مِنْ قَبْلُۗ فَاللّٰهُ خَيْرٌ حٰفِظًا وَّهُوَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ٦٤
Qāla hal āmanukum ‘alaihi illā kamā amintukum ‘alā akhīhi min qabl(u), fallāhu khairun ḥāfiẓaw wa huwa arḥamur-rāḥimīn(a).
[64]
Nabi Yakkub mangsuli: kapriye ênggonku bisa ngandêl marang tanggunganmu saguh rumêksa salamête Si Bunyamin, awit iki ora beda karo Si Yusuph biyèn, kowe iya saguh rumêksa salamête. Ewadene Si Bunyamin mau yèn dhasar dirêksa dening Allah luwih dening Santosa, ngungkuli pangrêksamu. Allah iku luwih dening Asih, ngungkuli wong kang padha asih.
وَلَمَّا فَتَحُوْا مَتَاعَهُمْ وَجَدُوْا بِضَاعَتَهُمْ رُدَّتْ اِلَيْهِمْۗ قَالُوْا يٰٓاَبَانَا مَا نَبْغِيْۗ هٰذِهٖ بِضَاعَتُنَا رُدَّتْ اِلَيْنَا وَنَمِيْرُ اَهْلَنَا وَنَحْفَظُ اَخَانَا وَنَزْدَادُ كَيْلَ بَعِيْرٍۗ ذٰلِكَ كَيْلٌ يَّسِيْرٌ٦٥
Wa lammā fataḥū matā‘ahum wajadū biḍā‘atahum ruddat ilaihim, qālū yā abānā mā nabgī, hāżihī biḍā‘atunā ruddat ilainā wa namīru ahlanā wa naḥfaẓu akhānā wa nazdādu kaila ba‘īr(in), żālika kailuy yasīr(un).
[65]
Para kadang mau barêng padha andhudhah karunge, sapira bae kagète, andêlêng dhuwite dirham kang dianggo nêmpur dibalèkake dening sang prabu anom, katêmu ana sajroning karung, banjur padha tutur marang bapakne: Dhuh bapak, punika kawuningana, yatra dirham ingkang kula angge nêmpur, ingkang wau sampun dipun tampèni dening sang prabu anom ananging punika têka dipun wangsulakên, kapanggih wontên salêbêting karung, wêtah tanpa kalong, dados têtela sihipun sang prabu anom dhatêng kula tanpa upami, kula badhe nyuwun punapa malih ingkang langkung samantên. Yatra punika kenging kula angge nêmpur malih. Punapadene mênawi kula kanthi pun Bunyamin, kados-kados panêmpur kula dipun paringi langkung sabêbêktaning unta, awit punika ingatasipun sang prabu anom taksih nama sakêdhik. Sarta pangrêksa kula dhatêng pun Bunyamin tanpa kuwatos.
قَالَ لَنْ اُرْسِلَهٗ مَعَكُمْ حَتّٰى تُؤْتُوْنِ مَوْثِقًا مِّنَ اللّٰهِ لَتَأْتُنَّنِيْ بِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يُّحَاطَ بِكُمْۚ فَلَمَّآ اٰتَوْهُ مَوْثِقَهُمْ قَالَ اللّٰهُ عَلٰى مَا نَقُوْلُ وَكِيْلٌ٦٦
Qāla lan ursilahū ma‘akum ḥattā tu'tūni mauṡiqam minallāhi lata'tunnanī bihī illā ayyuḥāṭa bikum, falammā ātauhu mauṡiqahum qālallāhu ‘alā mā naqūlu wakīl(un).
[66]
Nabi Yakkub mangsuli: Mênawa kasaguhanmu ngrêksa Si Bunyamin iku kowe padha kaduga labuh pati nganti mulih runtung-runtung têkan ing kene, sarta kowe nganggo supata nêbut asmaning Allah, aku iya awèh Si Bunyamin kojak mênyang Mêsir, yèn ora mangkono aku ora awèh. Ing kono para kadange Nabi Yusuph banjur padha supata nêbut asmaning Allah. Nabi Yakkub banjur calathu: Allah anêksèni prajajianku lan kowe iki.
وَقَالَ يٰبَنِيَّ لَا تَدْخُلُوْا مِنْۢ بَابٍ وَّاحِدٍ وَّادْخُلُوْا مِنْ اَبْوَابٍ مُّتَفَرِّقَةٍۗ وَمَآ اُغْنِيْ عَنْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِ ۗعَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَعَلَيْهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُوْنَ٦٧
Wa qāla yā baniyya lā tadkhulū mim bābiw wāḥidiw wadkhulū min abwābim mutafarriqah(tin), wa mā ugnī ‘ankum minallāhi min syai'(in), inil-ḥukmu illā lillāh(i), ‘alaihi tawakkaltu wa ‘alaihi falyatawakkalil-mutawakkilūn(a).
[67]
Nabi Yakkub banjur pitutur: He anakku kabèh, wis padha mangkata kanthi adhimu Si Bunyamin. Yèn kowe têkan ing Mêsir, malêbumu ing nagara aja kumpul mêtu dalan siji, malêbua prêncaa, mêtu dalan seje-seje, supaya kowe padha kalisa saka ing pakewuh, awit manungsa diwênangake ngati-ati, tur satêmêne pangati-ati iku iya ora bisa murungake pêpêsthèning Allah. Papêsthèn iku ora kawêngku ana panguwasaning manungsa, mung kawêngku ana panguwasaning Allah piyambak, wajibku mung nyumang- [nyumang....-] gakake apa sakarsaning Allah, mangkono wong kang rumasa apês, iya padha nyumanggakake apa sakarsaning Allah bae.
وَلَمَّا دَخَلُوْا مِنْ حَيْثُ اَمَرَهُمْ اَبُوْهُمْۗ مَا كَانَ يُغْنِيْ عَنْهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ اِلَّا حَاجَةً فِيْ نَفْسِ يَعْقُوْبَ قَضٰىهَاۗ وَاِنَّهٗ لَذُوْ عِلْمٍ لِّمَا عَلَّمْنٰهُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٦٨
Wa lammā dakhalū min ḥaiṡu amarahum abūhum, mā kāna yugnī ‘anhum minallāhi min syai'in illā ḥājatan fī nafsi ya‘qūba qaḍāhā, wa innahū lażū ‘ilmil limā ‘allamnāhu wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[68]
Para kadange Nabi Yusuph wong sawêlas banjur padha mangkat mênyang Mêsir, satêkane ing Mêsir, ngèstokake wêkase bapakne, malêbune ing nagara metu ing dalan dhewe-dhewe. Ewadene iya ora bisa murungake papêsthèning Allah. Enggone karsa nandukake pakewuh, pêrlune Nabi Yakkub dhewe kang tansah diarêp-arêp, iku diparêngake dening Allah. Pangandikaning Allah: Nabi Yakkub iku dhasar duwe kawruh saka ênggon Ing sun mulang, nanging manungsa iku kang akèh padha ora wêruh.
وَلَمَّا دَخَلُوْا عَلٰى يُوْسُفَ اٰوٰٓى اِلَيْهِ اَخَاهُ قَالَ اِنِّيْٓ اَنَا۠ اَخُوْكَ فَلَا تَبْتَىِٕسْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٦٩
Wa lammā dakhalū ‘alā yūsufa āwā ilaihi akhāhu qāla innī akhūka falā tabta'is bimā kānū ya‘malūn(a).
[69]
Para kadang mau banjur padha seba marang Prabu Anom Yusuph (ana ing kono padha dimulyakake, dipondhokake ana ing panggonan kang endah), dene Bunyamin dipiji dhewe ana ngarsane sang prabu anom, tunggal sakamar (ana ing kono Bunyamin dirangkul marang sang prabu anom sarta dijatèni). Pangandikane sarwi muwun: He adhiku Bunyamin, wis mêsthi dadi kagètmu kanthi bungah, kowe tak kandhani, satêmêne aku iki sadulurmu tuwa Yusuph biyèn. Sang prabu anom banjur ngandharake lêlakone saka wiwitan nganti têka ing wêkasan, Bunyamin ngrungokake bangêt bungah lan pangungune, lan uga milu nangis. Sang prabu anom banjur ngandika): He adhiku, kowe aja pisan duwe rasa mêsgul utawa sêrik marang sadulurmu seje biyung iku, marga ênggone padha nganiaya marang aku (kowe wêruha, ênggone nganiaya marang aku, iku saka karsaning Allah diênggo anjalari ênggonku olèh kaluhuran gêdhe iki. Bunyamin banjur dikêthik lan dijatèni rêrantaman karsane sang prabu anom. Bunyamin matur sumăngga).
فَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ جَعَلَ السِّقَايَةَ فِيْ رَحْلِ اَخِيْهِ ثُمَّ اَذَّنَ مُؤَذِّنٌ اَيَّتُهَا الْعِيْرُ اِنَّكُمْ لَسٰرِقُوْنَ٧٠
Falammā jahhazahum bijahāzihim ja‘las-siqāyata fī raḥli akhīhi ṡumma ażżana mu'ażżinun ayyatuhal-‘īru innakum lasāriqūn(a).
[70]
Esuke, para kadang mau padha diparingi ênggone nêmpur gandum, ing kono karunge Bunyamin disêsêli pangunjukane sang prabu anom (iya iku pangunjukan salaka tinarètès intên barliyan, ginawe kêri[4] gandum). Barêng para kadang mau wis budhal mangkat mulih, sarta lakune wis sawatara adoh, banjur ditututi dikon bali, panguwuhe wong kang nututi: He untan-untan wong Ibrani, kowe padha balia dhisik, sabab kowe kêna ing têrka nyolong (para kadang mau banjur padha bali).
قَالُوْا وَاَقْبَلُوْا عَلَيْهِمْ مَّاذَا تَفْقِدُوْنَ٧١
Qālū wa aqbalū ‘alaihim māżā tafqidūn(a).
[71]
Têkan ing kono para kadang mau banjur padha matur marang para garap kalawan ngasih-asih, sampeyan kecalan punapa.
قَالُوْا نَفْقِدُ صُوَاعَ الْمَلِكِ وَلِمَنْ جَاۤءَ بِهٖ حِمْلُ بَعِيْرٍ وَّاَنَا۠ بِهٖ زَعِيْمٌ٧٢
Qālū nafqidu ṣuwā‘al-maliki wa liman jā'a bihī ḥimlu ba‘īriw wa ana bihī za‘īm(un).
[72]
Para garap ing kono padha mangsuli: Aku kelangan cênthak takêran gandum kagungane sang prabu anom. Sing sapa nêmokake cênthak mau, bakal tămpa ganjaran gandum sakêlaring unta siji saka sang prabu anom, kalakone olèh ganjaran mau, aku kang tanggung.
قَالُوْا تَاللّٰهِ لَقَدْ عَلِمْتُمْ مَّا جِئْنَا لِنُفْسِدَ فِى الْاَرْضِ وَمَا كُنَّا سٰرِقِيْنَ٧٣
Qālū tallāhi laqad ‘alimtum mā ji'tanā linufsida fil-arḍi wa mā kunnā sāriqīn(a).
[73]
Para kadange sang prabu anom mau banjur padha mangsuli: Dêmi Allah, dhatêng kula ing Mêsir ngriki botên sumêdya damêl risak wontên ing bumi, sarta botên badhe nyolong. Ingkang makatên wau sampeyan sumêrêp piyambak, katăndha saking kalakuan kula.
قَالُوْا فَمَا جَزَاۤؤُهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ كٰذِبِيْنَ٧٤
Qālū famā jazā'uhū in kuntum kāżibīn(a).
[74]
Para garap banjur padha calathu: (mangkono iku kandhamu dhewe) nanging yèn kowe goroh kapriye. (Saiki kowe mêsthi tak galedhah, sapa kang kanggonan cênthak ana sajroning karunge) sanggêm tak patrapi apa.
قَالُوْا جَزَاۤؤُهٗ مَنْ وُّجِدَ فِيْ رَحْلِهٖ فَهُوَ جَزَاۤؤُهٗ ۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ٧٥
Qālū jazā'uhū maw wujida fī raḥlihī fa huwa jazā'uh(ū), każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[75]
Para kadange sang prabu anom banjur padha mangsuli: (Inggih sumăngga sampeyan galedhah), dene sêsanggêman kula, sintên ingkang karungipun isi cênthak [cêntha.k] kagunganipun sang prabu anom punika dipun patrapana ngawula dhatêng sang prabu anom wontên ing Mêsir ngriki laminipun sataun, inggih punika patrapanipun tiyang nyolong ingkang sampun tumindak tumrap ing para sadhèrèk kula.
فَبَدَاَ بِاَوْعِيَتِهِمْ قَبْلَ وِعَاۤءِ اَخِيْهِ ثُمَّ اسْتَخْرَجَهَا مِنْ وِّعَاۤءِ اَخِيْهِۗ كَذٰلِكَ كِدْنَا لِيُوْسُفَۗ مَا كَانَ لِيَأْخُذَ اَخَاهُ فِيْ دِيْنِ الْمَلِكِ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗنَرْفَعُ دَرَجٰتٍ مَّنْ نَّشَاۤءُۗ وَفَوْقَ كُلِّ ذِيْ عِلْمٍ عَلِيْمٌ٧٦
Fa bada'a bi'au‘iyatihim qabla wi‘ā'i akhīhi ṡummastakhrajahā miw wi‘ā'i akhīh(i), każālika kidnā liyūsuf(a), mā kāna liya'khuża akhāhu fī dīnil-maliki illā ay yasyā'allāh(u), narfa‘u darajātim man nasyā'(u), wa fauqa kulli żī ‘ilmin ‘alīm(un).
[76]
Para garap banjur padha tumandang anggaledhah sarupaning karung gêgawane wong Ibrani, kang didhudhahi dhisik dudu karunge Bunyamin, barêng andhudhah karunge Bunyamin cênthak mau katêmu ing kono (dadi Bunyamin kêna ing patrapan kudu nglakoni ngawula marang sang prabu anom, lawase sataun), kêlakone kang mangkono iku, Ingsun dhasar paring pangêrti marang Nabi Yusuph (bab ênggone Nabi Yusuph arêp anggondhèli Bunyamin, kudu nganggo sarana nêsêli cênthak ana ing karunge, supaya bisa nêtêpake patrapan ngawula saka sêsanggêmane para sadulure). Awit Nabi Yusuph ora bisa anggondhèli Bunyamin nganggo wêwaton anggêr-anggêring praja ing Mêsir, kajaba kaparênging Allah kudu nganggo sarana mangkono mau. Ingsun anjunjung drajating wong kang dadi parênging karsaningsun, iya iku Nabi Yusuph, Ingsun paringi kawruh ngungkuli sarupane wong pintêr.
۞ قَالُوْٓا اِنْ يَّسْرِقْ فَقَدْ سَرَقَ اَخٌ لَّهٗ مِنْ قَبْلُۚ فَاَسَرَّهَا يُوْسُفُ فِيْ نَفْسِهٖ وَلَمْ يُبْدِهَا لَهُمْۚ قَالَ اَنْتُمْ شَرٌّ مَّكَانًا ۚوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا تَصِفُوْنَ٧٧
Qālū iy yasriq faqad saraqa akhul lahū min qabl(u), fa asarrahā yūsufu fī nafsihī wa lam yubdihā lahum, qāla antum syarrum makānā(n), wallāhu a‘lamu bimā taṣifūn(a).
[77]
Para kadang mau banjur padha matur marang sang prabu anom: [a....nom:] Mênawi Bunyamin punika purun nyolong, inggih sampun mèmpêr kemawon, awit sadhèrèkipun ingkang tunggil bapa biyung nama pun Yusuph, kala taksih gêsangipun rumiyin inggih pancèn culika. Nabi Yusuph banjur calathu lirih, ora krungu para sadulure: Kowe luwih dening ala lan culika (nyolong sadulurmu Yusuph banjur koêdol) Allah nguningani ênggonmu calathu goroh iku.
قَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الْعَزِيْزُ اِنَّ لَهٗٓ اَبًا شَيْخًا كَبِيْرًا فَخُذْ اَحَدَنَا مَكَانَهٗ ۚاِنَّا نَرٰىكَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٧٨
Qālū yā ayyuhal-‘azīzu inna lahū aban syaikhan kabīran fa khuż aḥadanā makānah(ū), innā narāka minal-muḥsinīn(a).
[78]
Para kadang mau banjur padha matur manèh: Dhuh sang prabu anom ingkang mulya, Bunyamin punika gadhah bapa sampun sêpuh sarta pikun (sakalangkung mêmêlas, punika sangêt trêsnanipun dhatêng Bunyamin) mila prayoginipun, sang prabu anom amundhuta salah satunggalipun sadhèrèk kula sadasa punika kemawon, dados lintunipun Bunyamin (nglampahi patrapan ngawula wontên ing ngriki, Bunyamin kalilana mantuk), mênawi atur kula punika kaparêngakên, dados dumunung sang prabu anom tulus anggènipun damêl kasaenan.
قَالَ مَعَاذَ اللّٰهِ اَنْ نَّأْخُذَ اِلَّا مَنْ وَّجَدْنَا مَتَاعَنَا عِنْدَهٗٓ ۙاِنَّآ اِذًا لَّظٰلِمُوْنَ ࣖ٧٩
Qāla ma‘āżallāhi an na'khuża illā maw wajadnā matā‘anā ‘indah(ū), innā iżal laẓālimūn(a).
[79]
Nabi Yusuph mangsuli: Aku muga didohna dening Allah, aja nganti matrapi wong kang ora kaluputan apa-apa, kajaba wong kang tak galedhah têtela barang kagunganku katêmu ana ing tangane [tanga.ne] (iku mêsthi tak patrapi), mênawa aku matrapi wong bêcik, dadi aku aran ratu nganiaya.
فَلَمَّا اسْتَيْـَٔسُوْا مِنْهُ خَلَصُوْا نَجِيًّاۗ قَالَ كَبِيْرُهُمْ اَلَمْ تَعْلَمُوْٓا اَنَّ اَبَاكُمْ قَدْ اَخَذَ عَلَيْكُمْ مَّوْثِقًا مِّنَ اللّٰهِ وَمِنْ قَبْلُ مَا فَرَّطْتُّمْ فِيْ يُوْسُفَ فَلَنْ اَبْرَحَ الْاَرْضَ حَتّٰى يَأْذَنَ لِيْٓ اَبِيْٓ اَوْ يَحْكُمَ اللّٰهُ لِيْۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ٨٠
Falammastai'asū minhu khalaṣū najiyyā(n), qāla kabīruhum alam ta‘lamū anna abākum qad akhaża ‘alaikum mauṡiqam minallāhi wa min qablu mā farrattum fī yūsufa falan abraḥal-arḍa ḥattā ya'żana lī abī au yaḥkumallāhu lī, wa huwa khairul-ḥākimīn(a).
[80]
Para kadang mau banjur padha judhêg atine (awit wis ora duwe pangarêp-arêp diparêngake panyuwune marang sang prabu anom. Ing kono banjur padha rêmbugan), para kadang mau kang pintêr dhewe aran Yahuda, iku calathu: He para sadulurku kabèh, kowe padha elinga yèn bapak wis nyêkêl sêsanggêmanmu kang nganggo nyêbut asmaning Allah (saguh labuh pati rumêksa salamête Bunyamin, nganti têkan ing omah) biyèn kowe uga wis sanggêm rumêksa salamête Si Yusuph, wusana kowe cidra, saiki bakal cidra manèh. Ing mêngko kêkêncênganku, aku ora nêdya mulih saka bumi ing Mêsir, kajaba yèn dikon mulih marang bapak, utawa yèn aku didhawuhi dening Allah dikarsakake nglawan pêrang marang sang prabu anom ngrêbut Si Bunyamin (yèn wis kêlakon karêbut, iku aku gêlêm mulih). Allah iku khukume luwih dening prayoga, ngungkuli wong kang padha ngukumi.
اِرْجِعُوْٓا اِلٰٓى اَبِيْكُمْ فَقُوْلُوْا يٰٓاَبَانَآ اِنَّ ابْنَكَ سَرَقَۚ وَمَا شَهِدْنَآ اِلَّا بِمَا عَلِمْنَا وَمَا كُنَّا لِلْغَيْبِ حٰفِظِيْنَ٨١
Irji‘ū ilā abīkum fa qūlū yā abānā innabnaka saraq(a), wa mā syahidnā illā bimā ‘alimnā wa mā kunnā lil-gaibi ḥāfiẓīn(a).
[81]
He para sadulurku, saiki kowe padha muliha, matura marang bapak mangkene: Dhuh bapak, putra sampeyan pun Bunyamin wontên ing Mêsir nyolong [nyo...long] cênthak kagunganipun sang prabu anom (lajêng dipun patrapi ngawula sataun). Anggèn kula purun matur makatên punika, kula sumêrêp piyambak (karungipun dipun galedhah kapanggih cênthakipun sang prabu anom wontên salêbêting karungipun Bunyamin), dene kala rumiyin, anggèn kula purun sanggêm rumêksa kawilujênganipun pun Bunyamin punika, awit kula botên gadhah kintên bilih Bunyamin punika purun nyênyolong. Prakawis manahipun Bunyamin ingkang samar, kula botên sumêrêp.
وَسْـَٔلِ الْقَرْيَةَ الَّتِيْ كُنَّا فِيْهَا وَالْعِيْرَ الَّتِيْٓ اَقْبَلْنَا فِيْهَاۗ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ٨٢
Was'alil-qaryatal-latī kunnā fīhā wal-‘īral-latī aqbalnā fīhā, wa innā laṣādiqūn(a).
[82]
Dhuh bapak, atur kula punika sadaya têmên, mênawi sampeyan maibên, sumăngga sampeyan têtakèn dhatêng têtiyang ing Mêsir ngrika, utawi dhatêng tiyang ing ngriki, ingkang sami sêsarêngan nêmpur kalihan kula wontên ing Mêsir, punika sami sumêrêp lugunipun ingkang kula aturakên punika.
قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ اَنْفُسُكُمْ اَمْرًاۗ فَصَبْرٌ جَمِيْلٌ ۗعَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّأْتِيَنِيْ بِهِمْ جَمِيْعًاۗ اِنَّهٗ هُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٨٣
Qāla bal sawwalat lakum anfusukum amrā(n), fa ṣabrun jamīl(un), ‘asallāhu ay ya'tiyanī bihim jamī‘ā(n), innahū huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[83]
(Para kadang mau liyane Yahuda nuli padha mangkat mulih, têkan ing omah banjur padha tutur marang bapakne, nyaritakake lêlakone saka wiwitan têkan ing wêkasan, kaya wêkase Yahuda mau). Ing kono Nabi Yakkub mangsuli: Aturmu iku ênggonmu ambêcikake awakmu dhewe, nanging satêmêne ora mangkono,tumraping aku mung sabar sarta nyuwun pitulunging Allah supaya kêlara nandhang rêribêt kaya kang kokandhakake mau, iku kang prayoga dhewe tak lakoni. Iya muga-muga Yusuph lan Bunyamin lan Yahuda, iku kabèh ditêkakna dening Allah marene. Allah iku Nguningani samubarang tur Wicaksana.
وَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰٓاَسَفٰى عَلٰى يُوْسُفَ وَابْيَضَّتْ عَيْنٰهُ مِنَ الْحُزْنِ فَهُوَ كَظِيْمٌ٨٤
Wa tawallā ‘anhum wa qāla yā asafā ‘alā yūsufa wabyaḍḍat ‘aināhu minal-ḥuzni fa huwa kaẓīm(un).
[84]
Nabi Yakkub banjur malengos marang para anake, pangucape: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi wêlasa dhumatêng kawula Tuwan pun Yakkub ingkang sakalangkung nandhang susah dening kecalan anak ingkang nama Yusuph, maripatipun kalih pisan ngantos pêthak saking sangêt ing susahipun, ewadene tansah dipun bêtah-bêtahakên kemawon.
قَالُوْا تَاللّٰهِ تَفْتَؤُا تَذْكُرُ يُوْسُفَ حَتّٰى تَكُوْنَ حَرَضًا اَوْ تَكُوْنَ مِنَ الْهٰلِكِيْنَ٨٥
Qālū tallāhi tafta'u tażkuru yūsufa ḥattā takūna ḥaraḍan au takūna minal-hālikīn(a).
[85]
Para kadange Nabi Yusuph banjur padha matur: Dhuh bapak, dêmi Allah, sampeyan punika tansah kèngêtan kemawon dhatêng pun Yusuph, saking dening susah sampeyan, ngantos risak sarira saha èngêtan sampeyan. Pamanggih kula makatên punika tanpa damêl, malah sagêd andadosakên tiwas.
قَالَ اِنَّمَآ اَشْكُوْا بَثِّيْ وَحُزْنِيْٓ اِلَى اللّٰهِ وَاَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨٦
Qāla innamā asykū baṡṡī wa ḥuznī ilallāhi wa a‘lamu minallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[86]
Nabi Yakkub mangsuli: Enggonku sêsambat lan ngadhuh-adhuh iki, ngaturake susahku gêdhe marang Allah, ora sêsambat marang kowe, aku wêruh kang dadi kaparênge karsaning Allah bab Si Yusuph, kang ora kowêruhi.
يٰبَنِيَّ اذْهَبُوْا فَتَحَسَّسُوْا مِنْ يُّوْسُفَ وَاَخِيْهِ وَلَا تَا۟يْـَٔسُوْا مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يَا۟يْـَٔسُ مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ اِلَّا الْقَوْمُ الْكٰفِرُوْنَ٨٧
Yā baniyyażhabū fa taḥassasū miy yūsufa wa akhīhi wa lā tai'asū mir rauḥillāh(i), innahū lā yai'asu mir rauḥillāhi illal-qaumul-kāfirūn(a).
[87]
He anakku, saiki kowe padha balia mênyang Mêsir manèh, angingsêp-ingsêp pawartane adhimu Yusuph lan Bunyamin, aja sirna pangarêp-arêpmu marang kamurahaning Allah. Awit ora ana wong sirna pangarêp-arêpe marang kamurahaning Allah kajaba mung wong kaphir.
فَلَمَّا دَخَلُوْا عَلَيْهِ قَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الْعَزِيْزُ مَسَّنَا وَاَهْلَنَا الضُّرُّ وَجِئْنَا بِبِضَاعَةٍ مُّزْجٰىةٍ فَاَوْفِ لَنَا الْكَيْلَ وَتَصَدَّقْ عَلَيْنَاۗ اِنَّ اللّٰهَ يَجْزِى الْمُتَصَدِّقِيْنَ٨٨
Falammā dakhalū ‘alaihi qālū yā ayyuhal-‘azīzu massanā wa ahlanaḍ-ḍurru wa ji'nā bibiḍā‘atim muzjātin fa aufi lanal-kaila wa taṣaddaq ‘alainā, innallāha yajzil-mutaṣaddiqīn(a).
[88]
(Para kadange Nabi Yusuph mau banjur padha mangkat bali mênyang Mêsir manèh), satêkane ing Mêsir, banjur padha seba marang sang prabu anom, ature: Dhuh sang prabu anom, ingkang satuhu mulya, sapunika kula sasadhèrèk kula sami dhawah ing kamlaratan (gandum sampun têlas, arta ugi têlas), dene sowan kula mriki namung nyaosakên arta sakêdhik, tur sami budhêng. Panyuwun kula mugi sang prabu anom angrêntahna sih kamirahan (karsa nampèni arta budhêng wau, sarta) maringana gandum, takêripun sami kalihan anggèn kula nêmpur rumiyin, sumêrêp sang prabu anom paring kawêlasan sidêkah dhumatêng kula. Sayêktosipun Allah punika paring ganjaran dhumatêng tiyang ingkang sami sidêkah.
قَالَ هَلْ عَلِمْتُمْ مَّا فَعَلْتُمْ بِيُوْسُفَ وَاَخِيْهِ اِذْ اَنْتُمْ جٰهِلُوْنَ٨٩
Qāla hal ‘alimtum mā fa‘altum biyūsufa wa akhīhi iż antum jāhilūn(a).
[89]
(Sang prabu anom banjur ngulungake layang pêthuk tulisane Yahuda, iya iku pêthuk tămpa dhuwit saka juragan Malik, sumurup panukuning kawula kang aran Yusuph), sang prabu anom banjur ngandika (sarwi mèsêm): He wong Ibrani, layang pêthuk iki tulisane sapa. Sawise kowe andêlêng layang pêthuk iku), apa kowe banjur wêruh lan ngakoni kaluputanmu ênggonmu niaya marang sadulurmu Yusuph lan adhine biyèn, nalika kowe isih bodho.
قَالُوْٓا ءَاِنَّكَ لَاَنْتَ يُوْسُفُۗ قَالَ اَنَا۠ يُوْسُفُ وَهٰذَآ اَخِيْ قَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَاۗ اِنَّهٗ مَنْ يَّتَّقِ وَيَصْبِرْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ٩٠
Qālū a'innaka la'anta yūsuf(u), qāla ana yūsufu wa hāżā akhī qad mannallāhu ‘alainā, innahū may yataqqi wa yaṣbir fa innallāha lā yuḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[90]
(Para kadang mau barêng andêlêng sang prabu anom ênggone mèsêm, wêruh wajane gumêbyar pindha mutyara, cèplês lan wajane Nabi Yusuph) banjur matur: Punapa sampeyan punika adhi kula pun Yusuph rumiyin, sang prabu anom mangsuli (kalawan têmbung manis, lan nganggo tatakramaning sadulur ênom): Inggih kula punika Yusuph (ingkang sampeyan kaniaya mèh sampeyan pêjahi rumiyin. Wusana namung sampeyan cêmplungakên ing sumur, salajêngipun sampeyan sade dhatêng tiyang dagang. Ewadene) sarèhne kula tiyang sae, mila dipun tulungi dening Allah. (Sapunika kula jumênêng prabu anom ing Mêsir, pangawasa sarta kaluhuran kula samantên agêngipun, wênang angulawisudha, amasesa khukum pêjah punapadene ngapura tiyang dosa. Punika sadaya saking sih kanugrahaning Allah dhumatêng tiyang sae kados kula), Bunyamin punika adhi kula tunggil rama ibu. (Ingkang ugi sampeyan kaniaya kados kula). Saèstunipun, sintên ingkang ajrih ing Allah sarta sabar dhatêng piawoning liyan, tamtu dipun paringi ganjaran dening Allah. Allah punika botên pisan nguwukakên ganjaranipun tiyang ingkang nglampahi kasaenan kados kula punika.
قَالُوْا تَاللّٰهِ لَقَدْ اٰثَرَكَ اللّٰهُ عَلَيْنَا وَاِنْ كُنَّا لَخٰطِـِٕيْنَ٩١
Qālū tallāhi laqad āṡarakallāhu ‘alainā wa in kunnā lakhāṭi'īn(a).
[91]
Para kadang mau banjur padha matur: Dhuh sang prabu anom, agêng têmên kalêpatan kula dhatêng sampeyan. (Mênawi kula sampeyan patrapi, punika sampun lêrêsipun. Dene mênawi sampeyan apura, punika prasasat sampeyan nyambungi umur kula ingkang sampun pêdhot). Dhuh sang prabu anom, dêmi Allah, sapunika Allah angunggulakên sarira sampeyan, ngungkuli kula ing bab samukawis.
قَالَ لَا تَثْرِيْبَ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَۗ يَغْفِرُ اللّٰهُ لَكُمْ ۖوَهُوَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ٩٢
Qāla lā taṡrība ‘alaikumul-yaum(a), wa yagfirullāhu lakum, wa huwa arḥamur-rāḥimīn(a).
[92]
Sang prabu anom mangsuli: Sampun kathah-kathah ingkang sampeyan raosakên, sampeyan sampun mawi ngandhut kuwatos, utawi ajrih, prakawis kalêpatan sampeyan dhatêng kula, ing dintên punika sampun kula sirnakakên sadaya. Allah mugi ngapuraa dhatêng sampeyan, dene Allah punika langkung dening Wêlas-asih, ngungkuli tiyang ingkang sami ambêk wêlasan.
اِذْهَبُوْا بِقَمِيْصِيْ هٰذَا فَاَلْقُوْهُ عَلٰى وَجْهِ اَبِيْ يَأْتِ بَصِيْرًا ۚوَأْتُوْنِيْ بِاَهْلِكُمْ اَجْمَعِيْنَ ࣖ٩٣
Iżhabū biqamīṣī hāżā fa alqūhu ‘alā wajhi abī ya'ti baṣīrā(n), wa'tūnī bi'ahlikum ajma‘īn(a).
[93]
Sapunika enggal sampeyan mantuk, sart sampeyan kula bêktani rasukan kula punika, dumugi ing griya rasukan wau lajêng sampeyan usapakên pasuryanipun bapak, tamtu anggènipun gêrah wuta lajêng waluya sami sanalika. Salajêngipun, panjênênganipun bapak, kula pondhongi mriki, dalah para putra wayahipun, utawi para ahli sampeyan sadaya, jalêr èstri.
وَلَمَّا فَصَلَتِ الْعِيْرُ قَالَ اَبُوْهُمْ اِنِّيْ لَاَجِدُ رِيْحَ يُوْسُفَ لَوْلَآ اَنْ تُفَنِّدُوْنِ٩٤
Wa lammā faṣalatil-‘īru qāla abūhum innī la'ajidu rīḥa yūsufa lau lā an tufannidūn(i).
[94]
(Yahudi banjur nampani kulambine-kulambine[5] sang prabu anom, banjur mangkat mulih dalah para sadulure). Barêng lakune têkan sajabaning nagara Mêsir, nabi Yakkub kang ana ing omah, wêwarah marang para putune: Aku mambu gandane Si Yusuph, upama kowe padha ora ngarani andalêming marang aku, mêsthi padha ngandêl marang kandhaku iki.
قَالُوْا تَاللّٰهِ اِنَّكَ لَفِيْ ضَلٰلِكَ الْقَدِيْمِ٩٥
Qālū tallāhi innaka lafī ḍalālikal-qadīm(i).
[95]
Kang dituturi banjur padha mangsuli: Embah, anggèn sampeyan ngênglêng kecalan paman Yusuph punika, sapriki têka taksih kemawon. Sampeyan sumêrêpa, paman Yusuph punika sampun ajal.
فَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَ الْبَشِيْرُ اَلْقٰىهُ عَلٰى وَجْهِهٖ فَارْتَدَّ بَصِيْرًاۗ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْۙ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٩٦
Falammā an jā'al-basyīru alqāhu ‘alā wajihihī fartadda baṣīrā(n), qāla alam aqul lakum, innī a‘lamu minallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[96]
Barêng Yahuda sasadulure wis têkan ngomah, sarta anggawa panglipur (matur marang bapakne, nyaritakake lêlakone saka wiwitan têkan ing wêkasan, lan ngaturake yèn sang prabu anom ing Mêsir iku têmêne Nabi Yusuph, samubarang wêwêkase sang prabu [pra....bu] anom diaturake kabèh, sarta nyaosake kulambine sang prabu anom, ing kono bungahe Nabi Yakkub katog) kulambine sang prabu anom ditampani, banjur diraupake ing pasuryane. Ing kono Nabi Yakkub ênggone wuta, waras padha sanalika.
قَالُوْا يٰٓاَبَانَا اسْتَغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَآ اِنَّا كُنَّا خٰطِـِٕيْنَ٩٧
Qālū yā abānastagfir lanā żunūbanā innā kunnā khāṭi'īn(a).
[97]
Nabi Yakkub ngandika marang wong kang padha ana ing kono, aku apa ora wis kăndha marang kowe yèn aku wêruh kang dadi kaparênge karsaning Allah prakara Si Yusuph, kang ora kowêruhi, lan aku mambu gandane Si Yusuph. Saiki kanyataan Si Yusuph isih urip, jumênêng prabu anom ing Mêsir.
قَالَ سَوْفَ اَسْتَغْفِرُ لَكُمْ رَبِّيْ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٩٨
Qāla saufa astagfiru lakum rabbī, innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[98]
Para kadange Nabi Yusuph banjur padha matur, dhuh bapak, kula sampun sami rumaos kalêpatan agêng dhatêng sang prabu anom saha dhatêng sampeyan, kula mugi sampeyan apura saha sampeyan suwunakên pangapuraning Allah sakathahipun kalêpatan kula.
فَلَمَّا دَخَلُوْا عَلٰى يُوْسُفَ اٰوٰٓى اِلَيْهِ اَبَوَيْهِ وَقَالَ ادْخُلُوْا مِصْرَ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ اٰمِنِيْنَ ۗ٩٩
Falammā dakhalū ‘alā yūsufa āwā ilaihi abawaihi wa qāladkhulū miṣra in syā'allāhu āminīn(a).
[99]
Nabi Yakkub mangsuli: Iya bêcik, mêngko bêngi wayah saur kowe padha tak suwunake pangapuraning Allah Pangeranku. Allah iku kaparêng bangêt ngapura dosaning kawula kang tobat, tur asih marang kawulane. Barêng wayah saur Nabi Yakkub sêmbayang lan nyuwunake pangapura kaluputaning para anake mau. Dhawuhing Allah wis marêngake.
وَرَفَعَ اَبَوَيْهِ عَلَى الْعَرْشِ وَخَرُّوْا لَهٗ سُجَّدًاۚ وَقَالَ يٰٓاَبَتِ هٰذَا تَأْوِيْلُ رُءْيَايَ مِنْ قَبْلُ ۖقَدْ جَعَلَهَا رَبِّيْ حَقًّاۗ وَقَدْ اَحْسَنَ بِيْٓ اِذْ اَخْرَجَنِيْ مِنَ السِّجْنِ وَجَاۤءَ بِكُمْ مِّنَ الْبَدْوِ مِنْۢ بَعْدِ اَنْ نَّزَغَ الشَّيْطٰنُ بَيْنِيْ وَبَيْنَ اِخْوَتِيْۗ اِنَّ رَبِّيْ لَطِيْفٌ لِّمَا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ١٠٠
Wa rafa‘a abawaihi ‘alal-‘arsyi wa kharrū lahū sujjadā(n), wa qāla yā abati hāżā ta'wīlu ru'yāya min qabl(u), qad ja‘alahā rabbī ḥaqqā(n), wa qad aḥsana bī iż akhrajanī minas-sijni wa jā'a bikum minal-badwi mim ba‘di an nazagasy-syaiṭānu bainī wa baina ikhwatī, inna rabbī laṭīful limā yasyā'(u), innahū huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[100]
(Esuke Nabi Yakkub mangkat boyongan mênyang Mêsir dalah para anak putune lan kulawargane kabèh, cacah wong pitung puluh loro lanang lan wadon. Sang prabu anom mêthuk rawuhe kang rama marang jabaning nagara, kanthi para luhur lan priyayi gêdhe ing Mêsir, apadene prajurit patang èwu. Nabi Yakkub lumaku dharat atêtêkên pundhake Yahuda), barêng wis katêmu lan sang prabu anom, banjur padha rêrangkulan, Nabi Yakkub lan-lan[6] kang garwane: Dèwi Leya diaturi kèndêl ana ing pasanggrahan ing kono, (sawise lèrèn sawatara), sang prabu anom matur: Dhuh bapak, sumăngga sampeyan sasadhèrèk kula sadaya, sami lajêng malêbêt ing nagari Mêsir kalayan panggalih têntrêm, sarta kalayan kaparênging Allah tamtu botên wontên pakèwêd punapa-punapa, wilujêng ing salaminipun.
۞ رَبِّ قَدْ اٰتَيْتَنِيْ مِنَ الْمُلْكِ وَعَلَّمْتَنِيْ مِنْ تَأْوِيْلِ الْاَحَادِيْثِۚ فَاطِرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَنْتَ وَلِيّٖ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۚ تَوَفَّنِيْ مُسْلِمًا وَّاَلْحِقْنِيْ بِالصّٰلِحِيْنَ١٠١
Rabbi qad ātaitanī minal-mulki wa ‘allamtanī min ta'wīlil-aḥādīṡ(i), fāṭiras-samāwāti wal-arḍ(i), anta waliyyī fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), tawaffanī muslimaw wa alḥiqnī biṣ-ṣāliḥīn(a).
[101]
Satêkane ing Mêsir, sang prabu anom ngaturi kang rama sakalihan, supaya lênggah ing dhampar palênggahane sang prabu anom, barêng wis lênggah ing dhampar, Nabi Yakkub lan Dèwi Leya padha sujud marang sang prabu anom, para kadange sang prabu anom banjur padha milu sujud kabèh, sang prabu anom banjur matur: Dhuh bapak, lah punika wahananipun supênan kula rumiyin, karsaning Pangeran kula, ing dintên punika sawêg kanyataan. Pangeran sampun adamêl sae dhumatêng kula dening kula dipun luwari saking kunjaran, sarta sampeyan dipun dhatêngakên dening Pangeran saking wana mariki, dalah para sadhèrèk kula sadaya. Kalampahanipun ingkang makatên wau, sasampunipun setan angorak-arik anggèn kula golong rukun kalihan para sadhèrèk kula. Ewadene Allah punika Waspada saha Alus sangêt anggènipun nitipariksa dhatêng kawulanipun. Allah punika Nguningani samukawis tur Wicaksana.
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهِ اِلَيْكَۚ وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ اَجْمَعُوْٓا اَمْرَهُمْ وَهُمْ يَمْكُرُوْنَ١٠٢
Żālika min ambā'il-gaibi nūḥīhi ilaik(a), wa mā kunta ladaihim iż ajma‘ū amrahum wa hum yamkurūn(a).
[102]
Dhuh Pangeran kawula, Tuwan sampun maringakên karaton nagari Mêsir dhumatêng kawula, sarta sampun paring kawruh wahananing supênan dhumatêng kawula. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika ingkang ngwontênakên bumi kalihan langit. Tuwan punika ingkang mitulungi dhumatêng kawula, saha nglampahakên saparipolah kawula wontên ing dunya punika, punapadene benjing wontên ing akhirat. Mênawi Tuwan mundhut suksma kawula, mugi kapundhuta kalayan pêjah Islam. Kawula mugi Tuwan dadosakên ewoning tiyang ingkang sami sae.
وَمَآ اَكْثَرُ النَّاسِ وَلَوْ حَرَصْتَ بِمُؤْمِنِيْنَ١٠٣
Wa mā akṡarun-nāsi wa lau ḥaraṣta bimu'minīn(a).
[103]
(He Mukhammad) carita lêlakone Nabi Yusuph kang wis Ingsun wêdharake marang sira iki, ewone barang kang gaib, (saiki sira banjur bisa nyaritakake lêlakone Nabi Yusuph mau marang para wong Yahudi kang padha takon marang sira, cocog lan unining kitab Torèt cêcêkêlane wong Yahudi mau), tur sira ora nungkuli nalika para kadange Nabi Yusuph padha golong nganiaya marang Nabi Yusuph biyèn (mangkono uga sira ora maca kitab Torèt, lan ora têtakon marang wong kang maca kitab Torèt), ewadene wong Yahudi kang padha takon mau, sanadyan sira parsudia murih bisaa pracaya marang sira, iya mêksa akèh kang ora gêlêm pracaya.
وَمَا تَسْـَٔلُهُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٠٤
Wa mā tas'aluhum ‘alaihi min ajr(in), in huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[104]
Mangkono manèh ênggonira mêmulang Kuran marang wong Yahudi iku, sira ora pisan anjaluk pituwas apa-apa marang Si Yahudi. Kuran iku dudu barang-barang, satêmêne piwulang lan pêpeling marang wong sajagad.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ اٰيَةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ يَمُرُّوْنَ عَلَيْهَا وَهُمْ عَنْهَا مُعْرِضُوْنَ١٠٥
Wa ka'ayyim min āyatin fis-samāwāti wal-arḍi yamurrūna ‘alaihā wa hum ‘anhā mu‘rḍūn(a).
[105]
Wis pira bae kèhing ayat (tăndha yêkti kang dadi katêrangan yèn Allah iku Pangeran kang Kuwasa), ayat mau gumêlar kasat mata ana ing bumi lan ing langit, ewadene para manungsa padha malengos (padha suthik pracaya marang Allah lan marang sira). [si.....ra).]
وَمَا يُؤْمِنُ اَكْثَرُهُمْ بِاللّٰهِ اِلَّا وَهُمْ مُّشْرِكُوْنَ١٠٦
Wa mā yu'minu akṡaruhum billāhi illā wa hum musyrikūn(a).
[106]
Akèh uga wong ngaku pracaya marang Allah, nanging atine kaworan maro tingal marang liyane Allah. Wong mangkono mau apa iya pracaya yèn bakal tinêmpuh siksaning Allah utawa katêkan kiyamat ngagètake, awake ora prayitna. Layak ora pracaya.
اَفَاَمِنُوْٓا اَنْ تَأْتِيَهُمْ غَاشِيَةٌ مِّنْ عَذَابِ اللّٰهِ اَوْ تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ١٠٧
Afa aminū an ta'tiyahum gāsyiyatum min ‘ażābillāhi au ta'tiyahumus-sā‘atu bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[107]
قُلْ هٰذِهٖ سَبِيْلِيْٓ اَدْعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗعَلٰى بَصِيْرَةٍ اَنَا۠ وَمَنِ اتَّبَعَنِيْ ۗوَسُبْحٰنَ اللّٰهِ وَمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٠٨
Qul hāżihī sabīlī ad‘ū ilallāh(i), ‘alā baṣīratin ana wa manittaba‘anī, wa subḥānallāhi wa mā ana minal-musyrikīn(a).
[108]
(He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kang padha maro tingal: Agama Islam iki dalanku ênggonku suwita marang Allah, iya iku aku lan sarupane wong kang padha manut marang aku, padha ngajak pracaya marang Allah. Kalawan trusing paningal. Allah iku Mahasuci. Aku ora pisan maro tingal, mung sumungkêm marang Allah.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ مِّنْ اَهْلِ الْقُرٰىۗ اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ وَلَدَارُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ اتَّقَوْاۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ١٠٩
Wa mā arsalnā min qablika illā rijālan nūḥī ilaihim min ahlil-qurā, afalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, wa ladārul-ākhirati khairul lil-lażīnattaqau, afalā ta‘qilūn(a).
[109]
(He Mukhammad), dhèk jaman kuna sadurunge sira, yèn Ingsun milih utusan, ora ngutus sapa-sapa, kajaba ngutus wong lanang (sajroning nagara, utawa) wong padosan[7] (ora ngutus wong alasan). Para utusan mau padha Ingsun paringi wahyu. Yagene wong kang padha maro tingal iku têka ora gêlêm anjajah ing bumi, upama anjajaha ing bumi, mêsthi andêlêng patilasan pirang-pirang, dadi banjur wêruh lupiya siksaning Allah marang para wong kuna kang padha ora manut marang para rasule. Kabêgjan ing akhirat iku tumrap wong kang padha wêdi ing Allah luwih dening prayoga. Yagene wong kang maro tingal mau têka padha ora mikir.
حَتّٰٓى اِذَا اسْتَيْـَٔسَ الرُّسُلُ وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ قَدْ كُذِبُوْا جَاۤءَهُمْ نَصْرُنَاۙ فَنُجِّيَ مَنْ نَّشَاۤءُ ۗوَلَا يُرَدُّ بَأْسُنَا عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِيْنَ١١٠
Ḥattā iżastai'asar-rusulu wa ẓannū annahum qad kużibū jā'ahum naṣrunā, fa nujjiya man nasyā'(u), wa lā yuraddu ba'sunā ‘anil-qaumil-mujrimīn(a).
[110]
(Para rasul mau tansah juwêt ênggone anyurup-nyurupake marang para umate). Barêng para umat mau wis tita wangkot, sarta rasule wis rumasa wêgah, panêmune mung sarwa dipaido sabarang pituture, ing kono (para umat mau Ingsun tungkêbi siksa kang ngagètake). Dene kang dadi parênging karsaningsun, para rasul lan wong kang padha manut, iku Ingsun paringi salamêt, kalis saka ing siksa. Siksaningsun marang wong kang padha duraka suthik manut marang para rasul, iku ora kêna tinulak.
لَقَدْ كَانَ فِيْ قَصَصِهِمْ عِبْرَةٌ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۗ مَا كَانَ حَدِيْثًا يُّفْتَرٰى وَلٰكِنْ تَصْدِيْقَ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيْلَ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ١١١
Laqad kāna fī qaṣaṣihim ‘ibratul li'ulil-albāb(i), mā kāna ḥadīṡay yuftarā wa lākin taṣdīqal-lażī baina yadaihi wa tafṣīla kulli syai'iw wa hudaw wa raḥmatal liqaumiy yu'minūn(a).
[111]
Carita lêlakone para rasul iku tumrap wong kang ana pikire, dadi lupiya lan tuladha. Kuran iki dudu carita gawe-gawe, carita têmên, cocog lan unining kitab cêcêkêlane para nabi ing jaman kuna, sarta amijangake samubarang prakara agama, apadene dadi pituduh lan minăngka rahmat marang wong kang padha pracaya ing Allah lan ngandêl marang Rasulullah.