Surah Al-Falaq

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ الْفَلَقِۙ١
Qul a‘ūżu birabbil-falaq(i).
[1] (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki ngungsi marang Allah, Pangeraning wayah Subuh.

مِنْ شَرِّ مَا خَلَقَۙ٢
Min syarri mā khalaq(a).
[2] Muga kinalisna saka pialane kang dumadi kabèh.

وَمِنْ شَرِّ غَاسِقٍ اِذَا وَقَبَۙ٣
Wa min syarri gāsiqin iżā waqab(a).
[3] Lan saka pialaning wêngi nalikane pêtêng, utawa saka pialaning rêmbulan nalikane surup.

وَمِنْ شَرِّ النَّفّٰثٰتِ فِى الْعُقَدِۙ٤
Wa min syarrin-naffāṡāti fil-‘uqad(i).
[4] Lan saka pialane wong kang ngêmpakake sikhir, andamona[13] bundhêlan.

وَمِنْ شَرِّ حَاسِدٍ اِذَا حَسَدَ ࣖ٥
Wa min syarri ḥāsidin iżā ḥasad(a).
[5] Lan saka pialane wong kang drêngki nalikane nandukake drêngkine.