Surah Hud
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ كِتٰبٌ اُحْكِمَتْ اٰيٰتُهٗ ثُمَّ فُصِّلَتْ مِنْ لَّدُنْ حَكِيْمٍ خَبِيْرٍۙ١
Alif lām rā, kitābun uḥkimat āyātuhū ṡumma fuṣṣilat mil ladun ḥakīmin khabīr(in).
[1]
Aliph Lam Ra (Aliph lam ra iku araning aksara Ngarab, Allah kang nguningani karsane ênggone mangandikakake mangkono mau. Jalalèn). Kuran iki kitab kang ayate kukuh ora bakal rusak, nuli isine diwijang-wijang. Iya iku dhawuh saka ngarsaning Pangeran kang Wicaksana tur Waspada.
اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗاِنَّنِيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌۙ٢
Allā ta‘budū illallāh(a), innanī lakum minhu nażīruw wa basyīr(un).
[2]
Pêrluning dhawuh, supaya sira kabèh aja nyêmbah sapa-sapa, kajaba nêmbah ing Allah. Aku iki ingandikakake mêmêdèni marang kowe kabèh kalawan siksa naraka, sarta ambêbungah marang kowe bakal diganjar suwarga.
وَّاَنِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَّتَاعًا حَسَنًا اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى وَّيُؤْتِ كُلَّ ذِيْ فَضْلٍ فَضْلَهٗ ۗوَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيْرٍ٣
Wa anistagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaihi yumatti‘kum matā‘an ḥasanan ilā ajalim musammaw wa yu'ti kulla żī faḍlin faḍlah(ū), wa in tawallau fa innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin kabīr(in).
[3]
Lan manèh kowe padha nyuwuna pangapuraning Pangeranmu, sarta marènana gawe kaluputan, Allah bakal paring kabungahan kang bêcik marang kowe, lêstari nganti têkan wêwangêning patimu. Mangkono manèh Allah mêsthi maringi ganjaran marang wong kang bênêre olèh ganjaran. Dene mênawa kowe padha malengos marang dhawuh iki, aku kuwatir besuk dina gêdhe kiyamat, kowe bakal disiksa dening Allah.
اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤
Ilallāhi marji‘ukum, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[4]
Kowe ora wurung bakal padha diimpun, bali marang ngarsaning Allah. Allah iku nguwasani samubarang.
اَلَآ اِنَّهُمْ يَثْنُوْنَ صُدُوْرَهُمْ لِيَسْتَخْفُوْا مِنْهُۗ اَلَا حِيْنَ يَسْتَغْشُوْنَ ثِيَابَهُمْ ۙيَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَۚ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ ۔٥
Alā innahum yaṡnūna ṣudūrahum liyastakhfū minh(u), alā ḥīna yastagsyūna ṡiyābahum, ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[5]
Wong munapèk padha nutupi batine, pamrihe, supaya aja nganti konangan ênggone nyatru ing Rasulullah. [Rasulu...llah.]
۞ وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۗ كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٦
Wa mā min dābbatin fil-arḍi illā ‘alallāhi rizquhā wa ya‘lamu mustaqarrahā wa mustauda‘ahā, kullun fī kitābim mubīn(in).
[6]
Wong munaphèk mau ênggone nutupi wadine kaya wong mujung nganggo jarite, pangrasane wis rapêt bangêt, ewadene Allah nguningani samubarang kang diênggo wadi lan kang diêdhèng dening wong munaphèk kabèh.
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ وَّكَانَ عَرْشُهٗ عَلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا ۗوَلَىِٕنْ قُلْتَ اِنَّكُمْ مَّبْعُوْثُوْنَ مِنْۢ بَعْدِ الْمَوْتِ لَيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَٓا اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧
Wa huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmiw wa kāna ‘arsyuhū ‘alal-mā'i liyabluwakum ayyukum aḥsanu ‘amalā(n), wa la'in qulta innakum mab‘ūṡūna mim ba‘dil-mauti layaqūlannal-lażīna kafarū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[7]
Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêging ati.
وَلَىِٕنْ اَخَّرْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِلٰٓى اُمَّةٍ مَّعْدُوْدَةٍ لَّيَقُوْلُنَّ مَا يَحْبِسُهٗ ۗ اَلَا يَوْمَ يَأْتِيْهِمْ لَيْسَ مَصْرُوْفًا عَنْهُمْ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٨
Wa la'in akhkharnā ‘anhumul-‘ażāba ilā ummatim ma‘dūdatil layaqūlunna mā yaḥbisuh(ū), alā yauma ya'tīhim laisa maṣrūfan ‘anhum wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[8]
Sarupane kang gumrêmêt ana ing bumi, iku kabèh padha diparingi rijêki dening Allah. Apadene Allah nguningani ing ngêndi panggonane, lan saka ngêndi pinangkane (kadadian saka êndhog utawa liyane) kabèh iku wis katulisan têrang ana ing Lohmahphul.
وَلَىِٕنْ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً ثُمَّ نَزَعْنٰهَا مِنْهُۚ اِنَّهٗ لَيَـُٔوْسٌ كَفُوْرٌ٩
Wa la'in ażaqnal-insāna minnā raḥmatan ṡumma naza‘nāhā ‘anh(u), innahū laya'ūsun kafūr(un).
[9]
Allah iku kang yasa bumi lan langit, lan nitahake isèn- isène kabèh, lawase mung nêm dina rampung, sadurunge yasa bumi lan langit, ngarase Allah ana sadhuwuring banyu. Enggone yasa bumi lan langit mau kanggo nyoba marang sira kabèh sapa kang lakune bêcik.
وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ نَعْمَاۤءَ بَعْدَ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ ذَهَبَ السَّيِّاٰتُ عَنِّيْ ۗاِنَّهٗ لَفَرِحٌ فَخُوْرٌۙ١٠
Wa la'in ażaqnāhu na‘mā'a ba‘da ḍarrā'a massathu layaqūlanna żahabas-sayyi'ātu ‘annī, innahū lafariḥun fakhūr(un).
[10]
(He Mukhammad), mênawa sira dhawuh marang para umatira kang padha kaphir, ing besuk kowe bakal padha ditangèkake saka ing pati, wong kaphir mêsthi padha ngucap: Kuran iku dudu barang-barang, nanging têtela yèn sikhir.
اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ١١
Illal-lażīna ṣabarū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), ulā'ika lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[11]
Mênawa ênggon ingsun karsa niksa wong kaphir, Ingsun sarantèkake têkan măngsa kang tinamtokake, amêsthi wong kaphir mau padha ngucap mangkene: Apa ta kang murungake tibaning siksa iki, ora ana apa-apa. (He Mukhammad), siksa iku yèn wis têkan dina tumibane, ora kêna disingkiri. Patrapane wong kaphir ênggone padha anggêguyu, bakal nêmpuh marang awake dhewe. Mênawa manungsa Ingsun paringi wêruh rasaning rahmat Ingsun, sarwa sêmpulur rijêki lan kuwarasane, sawise mangkono banjur koncatan ing rahmat Ingsun, amêsthi banjur padha ngênês, sirna pangarêp-arêpe marang baline rahmat Ingsun. Pêparing Ingsun rahmat mau digawe ilang bae, ora ana labête.
فَلَعَلَّكَ تَارِكٌۢ بَعْضَ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَضَاۤىِٕقٌۢ بِهٖ صَدْرُكَ اَنْ يَّقُوْلُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ جَاۤءَ مَعَهٗ مَلَكٌ ۗاِنَّمَآ اَنْتَ نَذِيْرٌ ۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ ۗ١٢
Fa la‘allaka tārikum ba‘ḍa mā yūḥā ilaika wa ḍā'ikum bihī ṣadruka ay yaqūlū lau lā unzila ‘alaihi kanzun au jā'a ma‘ahū malak(un), innamā anta nażīr(un), wallāhu ‘alā kulli syai'in wakīl(un).
[12]
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗقُلْ فَأْتُوْا بِعَشْرِ سُوَرٍ مِّثْلِهٖ مُفْتَرَيٰتٍ وَّادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٣
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul fa'tū bi‘asyri suwarim miṡlihī muftarayātiw wad‘ū manistaṭa‘tum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[13]
Dene yèn maune Ingsun karsakake nandhang sangsara, banjur Ingsun paringi wêruh rasane nikmat Ingsun, mêsthi banjur ngucap mangkene: Lah saiki sangsara wis ilang. Mangkene iki wis watêke ubênganing jagad. Manungsa mau banjur bungah lan kêmaruk.
فَاِلَّمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اُنْزِلَ بِعِلْمِ اللّٰهِ وَاَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۚفَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٤
Fa illam yastajībū lakum fa‘lamū annamā unzila bi‘ilmillāhi wa allā ilāha illā huw(a), fahal antum muslimūn(a).
[14]
Iku kajaba wong kang padha sabar, têguh atine ênggone dikarsakake nandhang sangsara, sarta padha nglakoni panggawe bêcik, lan sukur [su...kur] ênggone tămpa nikmat. Wong kang mangkono iku, têtêp olèh pangapuraning Allah lan olèh ganjaran gêdhe.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا نُوَفِّ اِلَيْهِمْ اَعْمَالَهُمْ فِيْهَا وَهُمْ فِيْهَا لَا يُبْخَسُوْنَ١٥
Man kāna yurīdul-ḥayātad-dun-yā wa zīnatahā nuwaffi ilaihim a‘mālahum fīhā wa hum fīhā lā yubkhasūn(a).
[15]
(He Mukhammad), barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira, supaya sira waratakna marang sarupaning wong, bokmênawa ana sathithik kang kècèr, ora katut sira waratakake, marga atinira kuwatir bokmênawa wong kaphir padha mangsuli mangkene: Kenging punapa Allah têka botên maringi băndha kathah dhatêng sampeyan, makatên malih tumêdhaking dhawuh punika botên mawi dipun iring dening para Malaikat. (He Mukhammad), wruhanira, sira iku mung kuwajiban andhawuhake parentah lan mêmêdèni marang para umatira. Dene Allah iku kang nyathêti samubarang, rumêksa marang sira, lan bakal niksa marang para wong kaphir.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَيْسَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا النَّارُ ۖوَحَبِطَ مَا صَنَعُوْا فِيْهَا وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīna laisa lahum fil-ākhirati illan-nār(u), wa ḥabiṭa mā ṣana‘ū fīhā wa bāṭilum mā kānū ya‘malūn(a).
[16]
Wong kaphir mau apa malah calathu mangkene: Kuran iku enggone gawe-gawe Nabi Mukhammad dhewe. (He Mukhammad), sira dhawuha: Yèn kowe padha maido, mara padha nganggita, gawe sapuluh surat bae kang madhani Kuran iki patitise lan sêdhêp manising ukarane, ing sabisa-bisa nyênyambata liyane Allah, yèn calathumu iku bênêr, kowe mêsthi bisa gawe.
اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ وَيَتْلُوْهُ شَاهِدٌ مِّنْهُ وَمِنْ قَبْلِهٖ كِتٰبُ مُوْسٰىٓ اِمَامًا وَّرَحْمَةًۗ اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ مِنَ الْاَحْزَابِ فَالنَّارُ مَوْعِدُهٗ فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ اِنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٧
Afaman kāna ‘alā bayyinatim mir rabbihī wa yatlūhu syāhidum minhu wa min qablihī kitābu mūsā imāmaw wa raḥmah(tan), ulā'ika yu'minūna bih(ī), wa may yakfur bihī minal-aḥzābi fan-nāru mau‘iduhū falā taku fī miryatim minhu innahul-ḥaqqu mir rabbika wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[17]
Dene yèn kowe ora bisa gawe, sarta [sar...ta] wong kang kosambat iya ora bisa mitulungi marang kowe, ing kono kowe padha wêruh yèn Kuran iku têtela dudu gaweaning manungsa, yêktine tinurunake lawan kawruh lan kasagêdane Allah. Lan manèh kowe padha sumurupa, satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah piyambak. Sarèhne wis têrang mangkono kowe banjur padha Islama.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ اُولٰۤىِٕكَ يُعْرَضُوْنَ عَلٰى رَبِّهِمْ وَيَقُوْلُ الْاَشْهَادُ هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلٰى رَبِّهِمْۚ اَلَا لَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٨
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n), ulā'ika yu‘raḍūna ‘alā rabbihim wa yaqūlul-asyhādu hā'ulā'il-lażīna każabū ‘alā rabbihim, alā la‘natullāhi ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[18]
Sing sapa nglakoni kabêcikan, diênggo ngarah kabungahan lan rêrênggan ing dunya, iku ênggone nglakoni panggawe bêcik mau iya Ingsun tanjakake olèh pituwas kabungahan ing dunya, samurwating kangelane, ora jênêng kapitunan ana ing dunya.
الَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۗ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كفِٰرُوْنَ١٩
Al-lażīna yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[19]
Wong kang mangkono iku ing besuk ana ing akhirat ora bakal oolèh[1] pituwas apa-apa kaja[2] mung naraka. Awit pituwasing kangelane wis ditampani nalika ana ing dunya. Dene ana ing akhirat, ora duwe kabêcikan apa-apa. Kabêcikane nalika ana ing dunya, wis larut sirna kabèh.
اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يَكُوْنُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ۘ يُضٰعَفُ لَهُمُ الْعَذَابُ ۗمَا كَانُوْا يَسْتَطِيْعُوْنَ السَّمْعَ وَمَا كَانُوْا يُبْصِرُوْنَ٢٠
Ulā'ika lam yakūnū mu‘jizīna fil-arḍi wa mā kāna lahum min dūnillāhi min auliyā'(a), yuḍā‘afu lahumul-‘ażāb(u), mā kānū yastaṭī‘ūnas-sam‘a wa mā kānū yubṣirūn(a).
[20]
Kuran iku wis têtêp bênêre kalawan tăndha yêkti saka ing Pangeran, sarta wis diwaca dening Malaikat [Ma...laikat] Jabarail kang nêksèni yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah, apadene biyèn sadurunge Kuran iku ana, kitabe Nabi Musa kang aran Torèt, kang dadi panutane wong Bani Srail minăngka rahmat, iya wis mêmêca lan nêksèni yèn Kuran iku têmên dhawuhing Allah. Wong kang sumungkêm angèstokake Kuran mau, apa padha bae lan wong kang ngarah kabungahan ing dunya, mêsthi beda bangêt. Wong kang sumungkêm ing Kuran, mêsthi ngèstokake apa parentahing Kuran. Dene wong kaphir ing Mêkah kang maido Kuran, iku pacangane naraka, kang mangkono iku sira aja sêmang, awit iku têmên dhawuhing Pangeranira, ewadene manungsa iku kang akèh padha ora ngandêl.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢١
Ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[21]
Ora ana wong luwih nganiaya awake dhewe tinimbang karo wong kang gawe-gawe nyaritakake sariraning Allah kalawan goroh (ngarani yèn Allah iku ana kang madhani). Wong mangkono iku ing besuk ana ing akhirat, padha disebakake marang ngarsaning Pangerane, bakal ditêtêpake kaluputane, dene kang maju dadi saksi, iya iku para Malaikat lan para Nabi, kabêh padha munjuk ing Allah: Tiyang punika sami ngraosi sariraning Pangeranipun kalayan dora. Ing kono bêbênduning Allah mêsthi nêmpuh marang wong kang ngrasani sariraning [sa....riraning] Pangeran kalawan goroh.
لَاجَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْاَخْسَرُوْنَ٢٢
Lā jarama annahum fil-ākhirati humul-akhsarūn(a).
[22]
Kang padha makewuhi wong kang arêp malêbu agama Islam, iya iku dalaning Allah, lan ngarah supaya wong padha ngarani yèn agama Islam iku luput, sarta padha maido bakal tangine wong kang wis mati, wong mangkono iku ora pisan bisa ngapêsake marang Allah ênggone karsa nandukake siksane ana ing bumi, sarta padha ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksane ana ing bumi, sarta padha ora duwe andêl-andêl kang bisa nulak siksane Allah, kajaba Allah piyambak. Ing besuk ana ing akhirat, bakal dipatrapi siksa tikêl. Wong mangkono iku prasasat kupinge ora bisa krungu pitutur bênêr, lan matane ora bisa andêlêng têtuladan kang prayoga.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَخْبَتُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْۙ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٣
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa akhbatū ilā rabbihim, ulā'ika aṣḥābul-jannati hum fīhā khālidūn(a).
[23]
Wong mangkono iku têtela gawe kapitunaning awake dhewe, ora bisa tămpa rahmating Allah. Dene ênggone gawe-gawe ngarani yèn brahala iku besuk ana ing akhirat bakal mitulungi marang awake, ing dina iku têtela cidra.
۞ مَثَلُ الْفَرِيْقَيْنِ كَالْاَعْمٰى وَالْاَصَمِّ وَالْبَصِيْرِ وَالسَّمِيْعِۗ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًا ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ ࣖ٢٤
Maṡalul-farīqaini kal-a‘mā wal-aṣammi wal-baṣīri was-samī‘(i), hal yastawiyāni maṡalā(n), afalā tażakkarūn(a).
[24]
Wis mêsthi bae wong mangkono iku ing besuk ana ing akhirat, luwih kapitunan lan cilaka.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۙ٢٥
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī innī lakum nażīrum mubīn(un).
[25]
Dene sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, apadene kang padha sumungkêm konjêm marang [ma...rang] Pangerane, iku bakal padha olèh ganjaran suwarga, ênggone ana ing suwarga padha langgêng.
اَنْ لَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۖاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٢٦
Allā ta‘budū illallāh(a), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin alīm(in).
[26]
Sanepane wong rong golongan, kaphir lan mukmin, iku kaya upamane wong picak lan budhêg, ditandhing karo wong awas lan rungon, apa iya padha bae (mêsthi beda bangêt), apa umatira ora padha grasak-rasakake kang mangkono mau.
فَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا نَرٰىكَ اِلَّا بَشَرًا مِّثْلَنَا وَمَا نَرٰىكَ اتَّبَعَكَ اِلَّا الَّذِيْنَ هُمْ اَرَاذِلُنَا بَادِيَ الرَّأْيِۚ وَمَا نَرٰى لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍۢ بَلْ نَظُنُّكُمْ كٰذِبِيْنَ٢٧
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā narāka illā basyaram miṡlanā wa mā narākattaba‘aka illal-lażīna hum arāżilunā bādiyar-ra'y(i), wa mā narā lakum ‘alainā min faḍlim bal naẓunnukum kāżibīn(a).
[27]
Ingsun têmên wis ngutus Nabi Nuh, Ingsun karsakake andhawuhi marang para umate, dhawuhe Nabi Nuh mangkene: Aku iki mêmulang lan mêmêdèni marang kowe kabèh.
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَاٰتٰىنِيْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِهٖ فَعُمِّيَتْ عَلَيْكُمْۗ اَنُلْزِمُكُمُوْهَا وَاَنْتُمْ لَهَا كٰرِهُوْنَ٢٨
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī wa ātānī raḥmatam min ‘indihī fa ‘ummiyat ‘alaikum, anulzimukumūhā wa antum lahā kārihūn(a).
[28]
Kowe aja nyêmbah sapa-sapa, kajaba nêmbah ing Allah, sêtêmêne aku kuwatir, mênawa kowe nganti nyêmbah liyane Allah, mêsthi besuk dina kiyamat bakal disiksa kang nglarani.
وَيٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مَالًاۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ اِنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَلٰكِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُوْنَ٢٩
Wa yā qaumi lā as'alukum ‘alaihi mālā(n), in ajriya illā ‘alallāhi wa mā ana biṭāridil-lażīna āmanū, innahum mulāqū rabbihim wa lākinnī arākum qauman tajhalūn(a).
[29]
Para umate Nabi Nuh kang padha dadi pangarêp nanging kaphir banjur padha mangsuli: He Nabi Nuh, pamanggih kula, sampeyan punika inggih tiyang kados kula kemawon. Lan malih para tiyang ingkang sami purun manut dhatêng sampeyan punika namung kănca kula ingkang sami tiyang arahan, sarta pamanutipun wau tanpa pikir. Punapa dene pamanggih kula sampeyan punika botên gadhah kaluwihan punapa-punapa ingkang sampeyan damêl ngungkuli dhatêng kula. Malah pamanggih kula: Sampeyan punika dora.
وَيٰقَوْمِ مَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللّٰهِ اِنْ طَرَدْتُّهُمْ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٣٠
Wa yā qaumi may yanṣurunī minallāhi in ṭarattuhum, afalā tażakkarūn(a).
[30]
Nabi Nuh pitutur manèh: He para umatku, kapriye panêmumu, ênggonku pitutur marang kowe kanthi tăndha yêkti saka Pangeranku, mratandhani yèn aku têmên diutus dening Pangeranku, sarta Allah paring rahmat marang aku, ewadene kowe padha kasamaran marang tăndha yèkti mau, apa aku anjiyat marang kowe, tak pêksa pracaya lan nampani rahmat mau, kang măngka satêmêne kowe padha ora pracaya. Iku aku ora kuwasa mêksa, nyalini ati maido kalawan ati pracaya.
وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللّٰهِ وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ اِنِّيْ مَلَكٌ وَّلَآ اَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ تَزْدَرِيْٓ اَعْيُنُكُمْ لَنْ يُّؤْتِيَهُمُ اللّٰهُ خَيْرًا ۗ اَللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۚاِنِّيْٓ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٣١
Wa lā aqūlu lakum ‘indī khazā'inullāhi wa lā a‘lamul-gaiba wa lā aqūlu innī malakuw wa lā aqūlu lil-lażīna tazdarī a‘yunukum lay yu'tiyahumullāhu khairā(n), allāhu a‘lamu bimā fī anfusihim, innī iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[31]
He para umatku: Enggonku andhawuhake parentahing Allah marang kowe iki, aku ora pisan ngarah pituwas băndha saka ing kowe. Kang maringi ganjaran marang aku mung Allah piyambak, lan aku ora gêlêm nulak sadhengah wong kang kudu pracaya ing Allah. Sanadyan kang kudu pracaya mau wong ina papa, awit wong kang pracaya mau padha seba ing ngarsaning Pangerane. Dadi panêmuku kowe sakancamu iku padha ora ngêrti.
قَالُوْا يٰنُوْحُ قَدْ جَادَلْتَنَا فَاَ كْثَرْتَ جِدَالَنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣٢
Qālū yā nūḥu qad jādaltanā fa akṡarta jidālanā fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[32]
He para umatku wong kang padha pracaya ing Allah iku pangandêle padha trus ing ati kang suci. Yèn aku wani nulak marang wong kang padha pracaya mau, dadi aku nêmaha kaluputan, ing têmbe sapa kang kaconggah nulungi aku, nulak siksaning Allah. Apa kang mangkono [mang...kono] mau ora padha kopikir.
قَالَ اِنَّمَا يَأْتِيْكُمْ بِهِ اللّٰهُ اِنْ شَاۤءَ وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ٣٣
Qāla innamā ya'tīkum bihillāhu in syā'a wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[33]
Lan manèh aku ora kăndha marang kowe yèn aku nyêkêl gêdhonging Allah, lan aku ora ngaku wêruh barang kang samar-samar, mangkono manèh aku ora kăndha marang kowe yèn aku iki Malaikat, sarta ora ngarani yèn wong kang padha koarani ina papa iku bakal ora diparingi bêgja dening Allah, Allah luwih dening uninga marang sakarêntêging atine wong kang padha pracaya mau, yèn aku wani kăndha mangkono mau, dadi aku kalêbu wong kang nganiaya awake dhewe.
وَلَا يَنْفَعُكُمْ نُصْحِيْٓ اِنْ اَرَدْتُّ اَنْ اَنْصَحَ لَكُمْ اِنْ كَانَ اللّٰهُ يُرِيْدُ اَنْ يُّغْوِيَكُمْ ۗهُوَ رَبُّكُمْ ۗوَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَۗ٣٤
Wa lā yanfa‘ukum nuṣḥī in arattu an anṣaḥa lakum in kānallāhu yurīdu ay yugwiyakum, huwa rabbukum, wa ilaihi turja‘ūn(a).
[34]
Para umate Nabi Nuh kang padha kaphir banjur mangsuli: He Nabi Nuh, sampeyan sampun mabêni kathah-kathah dhatêng kula, mênawi anggèn sampeyan ngakên utusaning Allah punika sayêktos têmên, sumăngga sampeyan dhatêngakên siksa saking kang sampeyan ancamakên dhatêng kula punika.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُۗ قُلْ اِنِ افْتَرَيْتُهٗ فَعَلَيَّ اِجْرَامِيْ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُجْرِمُوْنَ ࣖ٣٥
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul iniftaraituhū fa ‘alayya ijrāmī wa ana barī'um mimmā tujrimūn(a).
[35]
Nabi Nuh amangsuli: Kang bakal nêkakake siksa marang kowe iku Allah, mênawa dadi parênging karsane, dudu aku. Kowe mêsthi padha ora bisa ngapêsake marang Allah, ênggone karsa niksa marang kowe.
وَاُوْحِيَ اِلٰى نُوْحٍ اَنَّهٗ لَنْ يُّؤْمِنَ مِنْ قَوْمِكَ اِلَّا مَنْ قَدْ اٰمَنَ فَلَا تَبْتَىِٕسْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَۖ٣٦
Wa ūḥiya ilā nūḥin annahū lay yu'mina min qaumika illā man qad āmana falā tabta'is bimā kānū yaf‘alūn(a).
[36]
Mênawa Allah wis namtokake marang kowe pinêsthi kêsasar, sanadyan aku kudu mituturi marang kowe, pituturku mau iya ora migunani marang kowe. Allah iku Pangeranmu. Ing Têmbe kowe bakal padha digiring bali marang ngarsaning Allah.
وَاصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ۚاِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٣٧
Waṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[37]
Yagene wong padha ngucap yèn Nabi Nuh iku gawe-gawe. (He Nabi Nuh), sira dhawuha: Yèn kapara nyata aku iki gawe-gawe, mêsthi aku bakal nyăngga patrapane wong gawe-gawe. Dene ênggonmu padha nêrka marang aku gawe-gawe, iku aku ora pisan-pisan mangkono.
وَيَصْنَعُ الْفُلْكَۗ وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيْهِ مَلَاٌ مِّنْ قَوْمِهٖ سَخِرُوْا مِنْهُ ۗقَالَ اِنْ تَسْخَرُوْا مِنَّا فَاِنَّا نَسْخَرُ مِنْكُمْ كَمَا تَسْخَرُوْنَۗ٣٨
Wa yaṣna‘ul-fulk(a), wa kullamā marra ‘alaihi mala'um min qaumihī sakhirū minh(u), qāla in taskharū minnā fa innā naskharu minkum kamā taskharūn(a).
[38]
Nabi Nuh banjur diparingi wahyu dening Allah. Pagandikane: He Nabi Nuh, para umatira iku wis mêsthi ora bakal pracaya marang sira, kajaba wong kang maune wis kabanjur pracaya. Mulane saiki wis aja sêdhih ngrasakake kang dilakoni dening para umatira.
فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٣٩
Fa saufa ta‘lamūn(a), may ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa yaḥillu ‘alaihi ‘ażābum muqīm(un).
[39]
Saiki sira gawe prau kalawan Ingsun jênêngi lan Ingsun rêksa, anêtêpana parentah Ingsun. Para umatira kang padha kaphir iku wis ingsun tamtokake rusak dening kinêlêm, sira wis aja nyuwunake marang Ingsun murungake siksaningsun marang wong kang padha kaphir iku.
حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ قُلْنَا احْمِلْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ وَمَنْ اٰمَنَ ۗوَمَآ اٰمَنَ مَعَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلٌ٤٠
Ḥattā iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), qulnaḥmil fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu wa man āman(a), wa mā āmana ma‘ahū illā qalīl(un).
[40]
Nabi Nuh banjur gawe prau kaya kang wis didhawuhake dening Allah. Sabên ana umate nabi Nuh kang dadi pangarêp, liwat ana ing panggonan panggawening prau mau, banjur anggêguyu marang nabi Nuh anggone gawe prau. Nabi Nuh banjur mangsuli: Sarèhning kowe padha anggêguyu ênggonku gawe prau, aku iya anggêguyu ênggonmu padha bodho, dene padha anglakoni barang kang andadèkake dêdukaning Allah. Enggonku anggêguyu marang kowe padha bae karo ênggonmu anggêguyu marang aku. Enggal lawas kowe bakal wêruh kanyataane.
۞ وَقَالَ ارْكَبُوْا فِيْهَا بِسْمِ اللّٰهِ مَجْرٰ۪ىهَا وَمُرْسٰىهَا ۗاِنَّ رَبِّيْ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٤١
Wa qālarkabū fīhā bismillāhi majrêhā wa mursāhā, inna rabbī lagafūrur raḥīm(un).
[41]
Wong kang tinêmpuh dening siksa kang ngrèmèhake, apadene ing besuk ana ing akhirat, bakal disiksa langgêng.
وَهِيَ تَجْرِيْ بِهِمْ فِيْ مَوْجٍ كَالْجِبَالِۗ وَنَادٰى نُوْحُ ِۨابْنَهٗ وَكَانَ فِيْ مَعْزِلٍ يّٰبُنَيَّ ارْكَبْ مَّعَنَا وَلَا تَكُنْ مَّعَ الْكٰفِرِيْنَ٤٢
Wa hiya tajrī bihim fī maujin kal-jibāl(i), wa nādā nūḥunibnahū wa kāna fī ma‘ziliy yā bunayyarkam ma‘anā wa lā takum ma‘al-kāfirīn(a).
[42]
Sarampunge ênggone gawe prau Nabi Nuh, bêbênduning Allah banjur têka, kang dadi kawitan, ana banyu ngudal, mêtu saka pawone wong gawe roti. Pangandikaningsun marang sira (Nabi Nuh), sira ngêmota ana ing prau sawarnane kang mawa nyawa nyajodho, lanang lan wadon, lan uga ngêmota para warganira, anak lan batih, kajaba wong kang wis Ingsun pangandikakake pinêsthi bakal rusak, mangkono manèh ngêmota wong kang pracaya marang Ingsun, dene wong kang pracaya ing Allah milu Nabi Nuh, iku mung sathithik.
قَالَ سَاٰوِيْٓ اِلٰى جَبَلٍ يَّعْصِمُنِيْ مِنَ الْمَاۤءِ ۗقَالَ لَا عَاصِمَ الْيَوْمَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ اِلَّا مَنْ رَّحِمَ ۚوَحَالَ بَيْنَهُمَا الْمَوْجُ فَكَانَ مِنَ الْمُغْرَقِيْنَ٤٣
Qāla sa'āwī ilā jabaliy ya‘ṣimunī minal-mā'(i), qāla lā ‘āṣimal-yauma min amrillāhi illā ma raḥim(a), wa ḥāla bainahumal-mauju fa kāna minal-mugraqīn(a).
[43]
Nabi Nuh dhawuh marang para wargane, mara padha nungganga prau, kalawan nyêbut mangkene: Mlakune lan mandhêging prau kalawan asmaning Allah. Pangeranku têtêmên[3] [tê...têmên] sipat ngapura tur Maha-asih.
وَقِيْلَ يٰٓاَرْضُ ابْلَعِيْ مَاۤءَكِ وَيٰسَمَاۤءُ اَقْلِعِيْ وَغِيْضَ الْمَاۤءُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُوْدِيِّ وَقِيْلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤٤
Wa qīla yā arḍubla‘ī mā'aki wa yā samā'u aqli‘ī wa gīḍal-mā'u wa quḍiyal-amru wastawat ‘alal-jūdiyyi wa qīla bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[44]
Prau mau banjur kumambang lumaku, angêmot Nabi Nuh dalah para wargane, narajang ombak pirang-pirang kang dhuwure prasasat gunung, Nabi Nuh angundang anake lanang, kang panggonane adoh saka ing prau: He anakku lanang, ayo padha nunggang prau karo aku, kowe aja milu wong kang padha kaphir.
وَنَادٰى نُوْحٌ رَّبَّهٗ فَقَالَ رَبِّ اِنَّ ابْنِيْ مِنْ اَهْلِيْۚ وَاِنَّ وَعْدَكَ الْحَقُّ وَاَنْتَ اَحْكَمُ الْحٰكِمِيْنَ٤٥
Wa nādā nūḥur rabbahū fa qāla rabbi innabnī min ahlī, wa inna wa‘dakal-ḥaqqu wa anta aḥkamul-ḥākimīn(a).
[45]
Anakke Nabi Nuh mangsuli: Mangke kula badhe ngili dhatêng pucaking rêdi kemawon, punika ingkang milujêngakên kula saking toya. Nabi Nuh pitutur manèh: Dhawuhing Allah ing dina iki ora ana kang bisa nylamêtake wong saka siksaning Allah, kajaba mung Pangeran kang sipat Asih. Anake Nabi Nuh banjur kaling-kalingan ombak gêdhe, sabanjure mati kêlêm awor lan wong kaphir akèh.
قَالَ يٰنُوْحُ اِنَّهٗ لَيْسَ مِنْ اَهْلِكَ ۚاِنَّهٗ عَمَلٌ غَيْرُ صَالِحٍ فَلَا تَسْـَٔلْنِ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنِّيْٓ اَعِظُكَ اَنْ تَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٤٦
Qāla yā nūḥu innahū laisa min ahlik(a), innahū ‘amalun gairu ṣāliḥ(in), falā tas'alnī mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innī a‘iẓuka an takūna minal-jāhilīn(a).
[46]
Banjur ana dhawuh pangadikaning Allah: He bumi, sira nêsêpa banyu kang ana ing lumahira. He langit, sira uwisa ênggonira nurunake udan, ing kono banyu banjur sangsaya asat. Siksa kang wis diancamake dening Allah wis kalêksanan, saasating banyu, prau banjur kandhas ana ing gunung Musil. Banjur ana dhawuh manèh: [m....anèh:] saiki wong duraka marang Allah wis sirna kabèh.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِكَ اَنْ اَسْـَٔلَكَ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَاِلَّا تَغْفِرْ لِيْ وَتَرْحَمْنِيْٓ اَكُنْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٤٧
Qāla rabbi innī a‘ūżu bika an as'alaka mā laisa lī bihī ‘ilm(un), wa illā tagfir lī wa tarḥamnī akum minal-khāsirīn(a).
[47]
Nabi Nuh banjur munjuk ing Pangerane, unjuke: Dhuh Allah Pangeran kawula, anak kawula punika kalêbêt warga kawula. Saèstunipun dhawuh janji Tuwan badhe maringi wilujêng dhumatêng kawula dalah warga kawula punika têmên nyata, botên cidra. Tuwan punika langkung dening wicaksana, sarta khukum Tuwan sakalangkung adil.
قِيْلَ يٰنُوْحُ اهْبِطْ بِسَلٰمٍ مِّنَّا وَبَرَكٰتٍ عَلَيْكَ وَعَلٰٓى اُمَمٍ مِّمَّنْ مَّعَكَ ۗوَاُمَمٌ سَنُمَتِّعُهُمْ ثُمَّ يَمَسُّهُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٨
Qīla yā nūḥuhbiṭ bisalāmim minnā wa barakātin ‘alaika wa ‘alā umamim mimmam ma‘ak(a), wa umamun sanumatti‘uhum ṡumma yamassuhum minnā ‘ażābun alīm(un).
[48]
Pangandikaning Allah: He Nabi Nuh, anakira iku dudu warganira, awit kalakuane ora bêcik. Sira aja wani-wani nyênyuwun marang Ingsun, nyuwunake salamêting wong kang ora sira wêruhi sajatine. Sira Ingsun pênging, aja dadi ewone wong bodho, ora wêruh bênêr luputing panyuwun.
تِلْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهَآ اِلَيْكَ ۚمَا كُنْتَ تَعْلَمُهَآ اَنْتَ وَلَا قَوْمُكَ مِنْ قَبْلِ هٰذَاۚ فَاصْبِرْۚ اِنَّ الْعَاقِبَةَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٤٩
Tilka min ambā'il-gaibi nūḥīhā ilaik(a), mā kunta ta‘lamuhā anta wa lā qaumuka min qabli hāżā, faṣbir, innal-‘āqibata lil-muttaqīn(a).
[49]
Nabi Nuh banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula ngungsi ing Tuwan, saha nyêyuwun sih pangapuntên Tuwan, ing têmbe sampun ngantos malih-malih darbe panyuwun ing Tuwan, tumrap prakawis ingkang kawula botên sumêrêp lêrês lêpatipun. Mênawi botên wontên sih pangapuntên Tuwan dhumatêng kawula, saèstu kawula punika dados tiyang kapitunan utawi cilaka.
وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًا ۗقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُفْتَرُوْنَ٥٠
Wa ilā ‘ādin akhāhum hūdā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), in antum illā muftarūn(a).
[50]
Nabi Nuh banjur tămpa dhawuh pangandikaning Allah. He Nabi Nuh, saiki sira mudhuna saka ing prau, kalawan salamêt lan têntrêm saka karsaningsun, apadene barkah Ingsun, Ingsun paringake marang sira, lan para umatira kang padha milu sira ana ing prau dalah anak putune. Dene para umat sapungkurira besuk, padha Ingsun paring[4] kabungahan ana ing dunya, dene ing besuk ana ing akhirat, bakal padha nandhang siksa naraka kang nglarani.
يٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا ۗاِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى الَّذِيْ فَطَرَنِيْ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٥١
Yā qaumi lā as'alukum ‘alaihi ajrā(n), in ajriya illā ‘alal-lażī faṭaranī, afalā ta‘qilūn(a).
[51]
(He Mukhammad), lêlakone Nabi Nuh kang Ingsun caritakake marang sira iku ewoning carita gaib, ingsun wêdharake marang sira, sadurunge Ingsun wêdharake, sira ora wêruh, para umatira uga ora wêruh. (He Mukhammad) sira sabara saka alane umatira kang padha musrik, kaya sabare Nabi Nuh biyèn. Satêmêne ganjaran ing akhirat iku bubuhane wong kang padha wêdi ing Allah.
وَيٰقَوْمِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًا وَّيَزِدْكُمْ قُوَّةً اِلٰى قُوَّتِكُمْ وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِيْنَ٥٢
Wa yā qaumistagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaihi yursilis-samā'a ‘alaikum midrāraw wa yazidkum quwwatan ilā quwwatikum wa lā tatawallau mujrimīn(a).
[52]
Mangkono uga Ingsun ngutus Nabi Hud, Ingsun karsakake mêmulang marang para sanake, iya iku wong sagolongan kang aran: Ngad. Nabi Hud banjur andhawuhake mangkene: He para sanakku, kowe padha nêmbaha ing Allah. kowe ora duwe Pangeran liyane Allah. Enggonmu padha nyêmbah brahala iku luput.
قَالُوْا يٰهُوْدُ مَاجِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ وَّمَا نَحْنُ بِتَارِكِيْٓ اٰلِهَتِنَا عَنْ قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ٥٣
Qālū yā hūdu mā ji'tanā bibayyinatiw wa mā naḥnu bitārikī ālihatinā ‘an qaulika wa mā naḥnu laka bimu'minīn(a).
[53]
He para sanakku, ênggonku pitutur marang kowe iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe. Dene kang angganjar marang aku mung Allah kang nitahake aku. Ya gene kowe têka padha ora mikir kang mangkono iku.
اِنْ نَّقُوْلُ اِلَّا اعْتَرٰىكَ بَعْضُ اٰلِهَتِنَا بِسُوْۤءٍ ۗقَالَ اِنِّيْٓ اُشْهِدُ اللّٰهَ وَاشْهَدُوْٓا اَنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ٥٤
In naqūlu illa‘tarāka ba‘ḍu ālihatinā bisū'(in), qāla innī usyhidullāha wasyhadū annī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[54]
He para sanakku, kowe padha pracayaa, lan padha nyuwuna pangapuraning Allah Pangeranmu, lan padha marènana ênggonmu padha nyêmbah brahala. Yèn kowe padha ngèstokake pituturku iki, Allah bakal maringi udan saka ing langit lawan lumintu.
مِنْ دُوْنِهٖ فَكِيْدُوْنِيْ جَمِيْعًا ثُمَّ لَا تُنْظِرُوْنِ٥٥
Min dūnihī fa kīdūnī jamī‘an ṡumma lā tunẓirūn(i).
[55]
Apadene bakal muwuhi santosa lan gagah prakosamu. Lan manèh kowe aja padha nampik dhawuhing Allah kang tak undhangake iki. Aja andaluya ênggonmu padha nglakoni duraka.
اِنِّيْ تَوَكَّلْتُ عَلَى اللّٰهِ رَبِّيْ وَرَبِّكُمْ ۗمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ اِلَّا هُوَ اٰخِذٌۢ بِنَاصِيَتِهَا ۗاِنَّ رَبِّيْ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٥٦
Innī tawakkaltu ‘alallāhi rabbī wa rabbikum, mā min dābbatin illā huwa ākhiżum bināṣiyatihā, inna rabbī ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[56]
Para sanake Nabi Hud banjur padha mangsuli: He Nabi Hud, anggèn sampeyan dhawuh punika têka botên mawi tăndha yêkti, ingkang mratandhani yèn sampeyan punika têmên utusaning Pangeran. Kula măngsa puruna mantuni anggèn kula nyêmbah pangeran kula brahala, kèlu dhatêng pitutur sampeyan. Cêkakipun: kula punika sami botên [bo...tên] ngandêl dhatêng sampeyan.
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ مَّآ اُرْسِلْتُ بِهٖٓ اِلَيْكُمْ ۗوَيَسْتَخْلِفُ رَبِّيْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۗ وَلَا تَضُرُّوْنَهٗ شَيْـًٔا ۗاِنَّ رَبِّيْ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ٥٧
Fa in tawallau faqad ablagtukum mā ursiltu bihī ilaikum, wa yastakhlifu rabbī qauman gairakum, wa lā taḍurrūnahū syai'ā(n), inna rabbī ‘alā kulli syai'in ḥafīẓ(un).
[57]
Kula botên gadhah wicantên malih kajawi namung mastani sampeyan punika têtela kenging sêsikunipun pangeran kula brahala, mila lajêng wicantên botên lêrês kados makatên punika. Nabi Hud mangsuli: Saiki aku nêksèkake marang Allah, lan kowe iya uga nêksènana yèn aku ora milu-milu ênggonmu padha maro tingal.
وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا هُوْدًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ وَنَجَّيْنٰهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ٥٨
Wa lammā jā'a amrunā najjainā hūdaw wal-lażīna āmanū ma‘ahū biraḥmatim minnā, wa najjaināhum min ‘ażābin galīẓ(in).
[58]
Mangeran liyane Allah, iya iku brahala. Lah mara saiki apa sakarêpmu ênggonmu arêp nindakake piala marang aku, lêksananana, kanthi brahalamu, aja nganggo kosarantèkake.
وَتِلْكَ عَادٌ ۖجَحَدُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَعَصَوْا رُسُلَهٗ وَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍ٥٩
Wa tilka ‘ādun jaḥadū bi'āyāti rabbihim wa ‘aṣau rusulahū wattaba‘ū amra kulli jabbārin ‘anīd(in).
[59]
Aku pasrah nyumanggakake apa karsaning Allah, iya iku Pangeranku lan Pangeranmu. Samubarang kang gumrêmêt ana ing bumi iki kabèh ana panguwasaning Allah, kuncunge diasta dening Allah. Sanadyan mangkono Pangeranku anglênggahi dalan bênêr, kanthi ngadil, ora nindakake sawênang-wênang.
وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ عَادًا كَفَرُوْا رَبَّهُمْ ۗ اَلَا بُعْدًا لِّعَادٍ قَوْمِ هُوْدٍ ࣖ٦٠
Wa utbi‘ū fī hażihid-dun-yā la‘nataw wa yaumal-qiyāmah(ti), alā inna ‘ādan kafarū rabbahum, alā bu‘dal li‘ādin qaumi hūd(in).
[60]
Mênawa kowe padha malengos, nampik tuturku, aku ora kainan, wis andhawuhake ênggonku diutus ing Allah mêmulang marang kowe. Yèn mangkono, karsaning Pangeranku, kowe bakal padha disirnakake, disalini wong liyane kowe. Pangeranku ênggone nyirnakake kowe ora kapitunan [kapituna...n] apa-apa, satêmêne Pangeranku Allah rumêksa samubarang.
۞ وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًا ۘ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗهُوَ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيْهَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ ۗاِنَّ رَبِّيْ قَرِيْبٌ مُّجِيْبٌ٦١
Wa ilā ṡamūda akhāhum ṣālihā(n), qāla yā qaumi‘budullāḥa mā lakum min ilāhin gairuh(ū), huwa ansya'akum minal-arḍi wasta‘marakum fīhā fastagfirūhu ṡumma tūbū ilaih(i), inna rabbī qarībum mujīb(un).
[61]
Barêng siksaningsun wis têka, wong Ngad kang padha kaphir mau padha mati, nanging Nabi Hud sakancane para wong mukmin padha Ingsun paringi salamêt, olèh rahmat Ingsun, ora milu kambah ing siksa, sarta Ingsun salamêtake saka ing siksa kang abot.
قَالُوْا يٰصٰلِحُ قَدْ كُنْتَ فِيْنَا مَرْجُوًّا قَبْلَ هٰذَآ اَتَنْهٰىنَآ اَنْ نَّعْبُدَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا وَاِنَّنَا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ٦٢
Qālū yā ṣāliḥu qad kunta fīnā marjuwwan qabla hāżā atanhānā an na‘buda mā ya‘budu ābā'unā wa innanā lafī syakkim mimmā tad‘ūnā ilaihi murīb(in).
[62]
Mara dêlêngên, iku patilasane wong Ngad, biyèn padha maido ayating Pangerane, apadene ambangkang parintahing Rasule, lan padha nurut pangajaking lurahe, kang gumêdhe tur maido ing Allah.
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْۗ وَاٰتٰىنِيْ مِنْهُ رَحْمَةً فَمَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللّٰهِ اِنْ عَصَيْتُهٗ ۗفَمَا تَزِيْدُوْنَنِيْ غَيْرَ تَخْسِيْرٍ٦٣
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī, wa ātānī minhu raḥmatan famay yanṣurunī minallāhi in ‘aṣaituh(ū), famā tazīdūnanī gaira takhsīr(in).
[63]
Wong Ngad mau padha dipatrapi siksa tumpa-tumpa, ana ing dunya lan besuk ana ing akhirat, awit wong Ngad iku padha kaphir, mulane wis bênêre dirusak lan didohake saka rahmating Allah.
وَيٰقَوْمِ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللّٰهِ لَكُمْ اٰيَةً فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللّٰهِ وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ قَرِيْبٌ٦٤
Wa yā qaumi hāżihī nāqatullāhi lakum āyatan fa żarūhā ta'kul fī arḍillāhi wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābun qarīb(un).
[64]
Mangkono manèh Ingsun ngutus Nabi Salèh, Ingsun karsakake mêmulang marang para sanake, iya iku wong sagolongan kang aran Samud. Nabi Salèh banjur andhawuhake mangkene: He para sanakku, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa kajaba mung Allah, Allah iku kang nitahake kowe kadadean saka ing lêmah, sarta ngingu kowe ana ing bumi diênggo ngrêgêngake bumi. Mulane padha nyuwuna pangapuraning Allah, sarta tobata marang Allah, marènana [marèna....na] ênggonmu padha maro tingal. Satêmêne Pangeranku Allah iku cêdhak marang para wong mukmin, nêmbadani panyuwune.
فَعَقَرُوْهَا فَقَالَ تَمَتَّعُوْا فِيْ دَارِكُمْ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍ ۗذٰلِكَ وَعْدٌ غَيْرُ مَكْذُوْبٍ٦٥
Fa ‘aqarūhā fa qāla tamatta‘ū fī dārikum ṡalāṡata ayyām(in), żālika wa‘dun gairu makżūb(in).
[65]
Wong Samud banjur padha mangsuli: He Nabi Salèh, sadèrèngipun punika, pangajêng-ajêng kula, sampeyan punika dadosa pangajêng kula, nglêstantunakên agami ingkang sampun kula lampahi salami-laminipun, ewadene ingkang dados kagèting manah kula, dene sampeyan têka ngawisi anggèn kula sami nyêmbah brahala, sêsêmbahanipun para lêluhur kula. Sayêktosipun anggèn sampeyan dhawuh nêmbah ing Allah punika, kula taksih mamang, dèrèng ngandêl bilih dhawuh sampeyan punika lêrês.
فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا صٰلِحًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَمِنْ خِزْيِ يَوْمِىِٕذٍ ۗاِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ٦٦
Falammā jā'a amrunā najjainā ṣāliḥaw wal-lażīna āmanū ma‘ahū biraḥmatim minnā wa min khizyi yaumi'iż(in), inna rabbaka huwal-qawiyyul-‘ażīz(u).
[66]
Nabi Salèh banjur pitutur manèh: He para sanakku, kapriye panêmumu, ênggonku pitutur marang kowe iki kanthi tăndha yêkti kaelokan saka Pangeranku, sarta Allah paring rahmat marang aku, apadene pangkat kanabian, mênawa aku nganti wani-wani nglirwakake parentahing Allah, sapa kang bakal kaconggah nulungi aku nulak siksaning Allah. Dene ênggonmu calathu iku, tanjane ora ana manèh mung diya-diniya lan aku, kowe ngarani marang aku kapitunan, aku uga ngarani kapitunan marang kowe.
وَاَخَذَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٦٧
Wa akhażal-lażīna ẓalamuṣ-ṣaiḥatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[67]
He para sanakku, mara padha dêlêngên, iki unta kagunganing Allah, mêtu saka sajroning watu, patrape kaya biyung nglairake anakke, têtêp kaya panjalukmu, iku kaelokan kang mratandhani têmêne ênggonku dadi utusaning Allah. Unta iku umbarên bae, karêbèn mangan ana ing bumi kagunganing Allah. Kowe aja wani-wani ngaru-biru nandukake piala. Mênawa kowe wani-wani matèni unta iku, mêsthi padha disiksa dening Allah padha sanalika.
كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَا ۗ اَلَآ اِنَّ ثَمُوْدَا۟ كَفَرُوْا رَبَّهُمْ ۗ اَلَا بُعْدًا لِّثَمُوْدَ ࣖ٦٨
Ka allam yagnau fīhā, alā inna ṡamūda kafarū rabbahum, alā bu‘dal liṡamūd(a).
[68]
Wong Samud banjur padha ambêlèh unta mau, Nabi Salèh banjur wêwarah: He para sanakku, saiki ênggonmu padha urip ana ngomahmu mung kari têlung dina. Wêwangên samono iku mêsthi ora cidra. Sawise têlung dina kowe mêsthi sirna.
وَلَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰى قَالُوْا سَلٰمًا ۖقَالَ سَلٰمٌ فَمَا لَبِثَ اَنْ جَاۤءَ بِعِجْلٍ حَنِيْذٍ٦٩
Wa laqad jā'at rusulunā ibrāhīma bil-busyrā qālū salāmā(n), qāla salāmun famā labiṡa an jā'a bi‘ijlin ḥanīż(in).
[69]
Barêng wis gênêp têlung dina, siksaningsun têka, nêmpuh marang wong Samud. Dene Nabi Salèh sakancane para wong mukmin, padha Ingsun paringi salamêt kalawan sih Ingsun, ora milu kambah ing siksa mau, kalis saka ing bêbaya kang têka ing dina iku. (He Mukhammad), wruhanira, Pangeranira iku santosa, mulya tur kuwasa ngrusak para wong kaphir, sarta paring salamêt marang para wong mukmin.
فَلَمَّا رَآٰ اَيْدِيَهُمْ لَا تَصِلُ اِلَيْهِ نَكِرَهُمْ وَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمِ لُوْطٍۗ٧٠
Falammā ra'ā aidiyahum lā taṣilu ilaihi nakirahum wa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf innā ursilnā ilā qaumi lūṭ(in).
[70]
Sarupane wong kang padha duraka mau, banjur padha disambêr [disa..mbêr] ing balêdhèg, têmahan padha mati ana ngomahe dhewe- dhewe.
وَامْرَاَتُهٗ قَاۤىِٕمَةٌ فَضَحِكَتْ فَبَشَّرْنٰهَا بِاِسْحٰقَۙ وَمِنْ وَّرَاۤءِ اِسْحٰقَ يَعْقُوْبَ٧١
Wamra'atuhū qā'imatun fa ḍaḥikat fa basysyarnāhā bi'isḥāq(a), wa miw warā'i isḥāqa ya‘qūb(a).
[71]
Enggone sirna wong Samud mau prasasat biyèn mula ora manggon ana ing kono. Wong Samud iku têtêp padha maido ing Pangerane, wis bênêre wong Samud iku didohake saka rahmating Allah.
قَالَتْ يٰوَيْلَتٰىٓ ءَاَلِدُ وَاَنَا۠ عَجُوْزٌ وَّهٰذَا بَعْلِيْ شَيْخًا ۗاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عَجِيْبٌ٧٢
Qālat yā wailatā a'alidu wa ana ‘ajūzuw wa hāżā ba‘lī syaikhā(n), inna hāżā lasyai'un ‘ajīb(un).
[72]
Utusan ingsun Malaikat têtêlu, Jabarail, Mikail lan Israphil, wis anglakoni ayahan Ingsun, têka marang omahe Nabi Ibrahim, anggawa dhawuh kang ambungahake, malaikat têtêlu mau padha uluk salam, têgêse andongakake salamêt marang Nabi Ibrahim. Nabi Ibrahim iya nuli mangsuli salaming dhayoh têtêlu mau. Ora anara suwe Nabi Ibrahim angladèkake suguh daging pêdhèt kang wis matêng.
قَالُوْٓا اَتَعْجَبِيْنَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ رَحْمَتُ اللّٰهِ وَبَرَكٰتُهٗ عَلَيْكُمْ اَهْلَ الْبَيْتِۗ اِنَّهٗ حَمِيْدٌ مَّجِيْدٌ٧٣
Qālū ata‘jabīna min amrillāhi raḥmatullāhi wa barakātuh(ū), ‘alaikum ahlal-bait(i), innahū ḥamīdum majīd(un).
[73]
Barêng Nabi Ibrahim wêruh yèn tanganing dhayoh têlu mau ora gêlêm anggêpok ing suguhe, banjur gumun, nyipta yèn dhayohe iku Malaikat, sarta banjur wêdi marang dhayohe. Malaikat têtêlu mau matur marang Nabi Ibrahim: Sampeyan sampun mawi ajrih dhatêng kula, sayêktosipun kula punika Malaikat, dhatêng ing ngriki dipun utus dening Allah, [A....llah,] kakarsakakên nindakakên siksa dhatêng para umatipun Nabi Lut.
فَلَمَّا ذَهَبَ عَنْ اِبْرٰهِيْمَ الرَّوْعُ وَجَاۤءَتْهُ الْبُشْرٰى يُجَادِلُنَا فِيْ قَوْمِ لُوْطٍ٧٤
Falammā żahaba ‘an ibrāhīmar rau‘u wa jā'athul busyrā yujādilunā fī qaumi lūṭ(in).
[74]
Ing nalika iku rabine Nabi Ibrahim aran Sarah ngadêg aling-aling warana, sarta gumuyu dening bungah, mêrga lakine dipênging wêdi, mulane Ingsun banjur ambungahake marang rabine Nabi Ibrahim Ingsun paringi wêruh lantaran dhawuhing Malaikat mau yèn bakal duwe anak lanang aran Nabi Iskak, kang sabanjure Nabi Iskak iku duwe anak aran nabi Yakkub.
اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَحَلِيْمٌ اَوَّاهٌ مُّنِيْبٌ٧٥
Inna ibrāhīma laḥalīmun awwāhum munīb(un).
[75]
Sarah banjur matur marang Malaikat mau: Adhuh kula punika sampun pikun, sarta laki kula punika inggih sampun sêpuh, punapa inggih sagêd kalampahan kula gadhah anak, punika elok sangêt kalampahanipun.
يٰٓاِبْرٰهِيْمُ اَعْرِضْ عَنْ هٰذَا ۚاِنَّهٗ قَدْ جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۚ وَاِنَّهُمْ اٰتِيْهِمْ عَذَابٌ غَيْرُ مَرْدُوْدٍ٧٦
Yā ibrāhīmu a‘riḍ ‘an hāżā, innahū qad jā'a amru rabbik(a), wa innahum ātīhim ‘ażābun gairu mardūd(in).
[76]
Malaikat têtêlu mau padha mangsuli: Aja mangkono, yagene kowe gumun utawa ngarani elok, wruhanamu, Allah iku kuwasa, samubarang kang dikarsakake mêsthi kêlakon. Allah muga maringana rahmat lan amabarkahana marang kowe wong saisining omahe Nabi Ibrahim, Allah iku Maha-agung pantês ingalêmbana.
وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَّقَالَ هٰذَا يَوْمٌ عَصِيْبٌ٧٧
Wa lammā jā'at rusulunā lūṭan sī'a bihim wa ḍāqa bihim żar‘aw wa qāla hāżā yaumun ‘aṣīb(un).
[77]
Barêng Nabi Ibrahim wis ilang wêdine, sarta wis olèh dhawuh kang ambungahake, banjur madoni lan anggondhèli marang Malaikat utusan ingsun, ênggone arêp nyirnakake para umate Nabi Lut. Satêmêne Nabi Ibrahim iku watake wêlasan, lan srêgêp sêsambat marang Allah, dhêmên tobat.
وَجَاۤءَهٗ قَوْمُهٗ يُهْرَعُوْنَ اِلَيْهِۗ وَمِنْ قَبْلُ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۗ قَالَ يٰقَوْمِ هٰٓؤُلَاۤءِ بَنَاتِيْ هُنَّ اَطْهَرُ لَكُمْ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَلَا تُخْزُوْنِ فِيْ ضَيْفِيْۗ اَلَيْسَ مِنْكُمْ رَجُلٌ رَّشِيْدٌ٧٨
Wa jā'ahū qaumuhū yuhra‘ūna ilaih(i), wa min qablu kānū ya‘malūnas-sayyi'āt(i), qāla yā qaumi hā'ulā'i banātī hunna aṭharu lakum fattaqullāha wa lā tukhzūni fī ḍaifī, alaisa minkum rajulur rasyīd(un).
[78]
78. Malaikat têlu banjur padha mangsuli: He Nabi Ibrahim, sampeyan sampun nyulayani utawi mabêni dhawuhing Allah punika, awit dhawuhing Allah sampun miyos, kula sami kakarsakakên nyirnakakên para umatipun Nabi Lut, ingkang sampun pinêsthi tinêmpuh ing siksa. Mênggah kalampahanipun botên badhe sande jalaran sampeyan pabêni.
قَالُوْا لَقَدْ عَلِمْتَ مَا لَنَا فِيْ بَنٰتِكَ مِنْ حَقٍّۚ وَاِنَّكَ لَتَعْلَمُ مَا نُرِيْدُ٧٩
Qālū laqad ‘alimta mā lanā fī banātika min ḥaqq(in), wa innaka lata‘lamu mā nurīd(u).
[79]
Utusan ingsun Malaikat têtêlu mau barêng têkan ngomahe Nabi Lut, andadèkake susahe Nabi Lut, amarga kuwatir bokmênawa dhayohe mau banjur digrêjêg dicumbana dening para umate. Nabi Lut jibêg atine rumasa ora kuwagang ngundurake. Pangucape iki dina kasusahan.
قَالَ لَوْ اَنَّ لِيْ بِكُمْ قُوَّةً اَوْ اٰوِيْٓ اِلٰى رُكْنٍ شَدِيْدٍ٨٠
Qāla lau anna lī bikum quwwatan au āwī ilā ruknin syadīd(in).
[80]
Para umate Nabi Lut banjur ambarubul têka ing omahe Nabi Lut. Sadurunge Nabi Lut kadhayohan, para umat mau wis padha lanyah ênggone nglakoni ala, nyumbana padha wong lanang. Barêng arêp anggarêjêg marang dhayoh mau, Nabi Lut acalathu: He para umatku, anakku wadon pirang-pirang iki luwih prayoga pilihên, êndi kang kokarêpake, tak dhaupake lan kowe, mung kowe aja gawe susahku, kudu anggarêjêg dhayohku. Kowe padha wêdia ing Allah, kancamu samono iku apa ora ana kang bisa nuduhake dalan bênêr.
قَالُوْا يٰلُوْطُ اِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَنْ يَّصِلُوْٓا اِلَيْكَ فَاَسْرِ بِاَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ الَّيْلِ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنْكُمْ اَحَدٌ اِلَّا امْرَاَتَكَۗ اِنَّهٗ مُصِيْبُهَا مَآ اَصَابَهُمْ ۗاِنَّ مَوْعِدَهُمُ الصُّبْحُ ۗ اَلَيْسَ الصُّبْحُ بِقَرِيْبٍ٨١
Qālū yā lūṭu innā rusulu rabbika lay yaṣilū ilaika fa asri bi'ahlika biqiṭ‘im minal-laili wa lā yaltafit minkum aḥadun illamra'atak(a), innahū muṣībuhā mā aṣābahum, inna mau‘idahumuṣ-ṣubḥ(u), alaisaṣ-ṣubḥu biqarīb(in).
[81]
Para umat mau banjur padha mangsuli: Sampeyan mêsthi sampun sumêrêp yèn kula punika botên pisan kapengin dhatêng anak sampeyan èstri, malah sampeyan sampun têrang yèn rêmênan kula punika nyumbana sami tiyang jalêr.
فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا جَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهَا حِجَارَةً مِّنْ سِجِّيْلٍ مَّنْضُوْدٍ٨٢
Falammā jā'a amrunā ja‘alnā ‘āliyahā sāfilahā wa amṭarnā ‘alaihā ḥijāratam min sijjīlim manḍūd(in).
[82]
Nabi Lut banjur calathu: He para umatku, upama aku iki kaconggah angayoni kowe, utawa duwea kănca kang santosa, amêsthi kowe padha tak ayoni.
مُسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَۗ وَمَا هِيَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ بِبَعِيْدٍ ࣖ٨٣
Musawwamatan ‘inda rabbik(a) wa mā hiya minaẓ-ẓālimīna biba‘īd(in).
[83]
Malaikat têtêlu mau banjur padha pasaja, pangucape: He Nabi Lut, sayêktosipun kula punika Malaikat utusaning Pangeran sampeyan, kinèn têtulung dhatêng sampeyan, sêdyanipun para duraka punika măngsa tumamaa. Malaikat Jabarail banjur triwikrama, ngaton rupane kang sajati, para umat mau sinabêt ing suwiwi banjur padha picak kabèh. Malaikat Jabarail banjur matur: He Nabi Lut, ing dalu punika enggal sampeyan [sampeya...n] sumingkir sabatèh sampeyan saking ngriki, lampah sampeyan sakănca sampeyan sampun mawi nolah-nolih, rabi sampeyan badhe katut katêmpuh ing siksa. Dene anggèn kula nindakakên siksa, mangke wanci subuh. Mila dipun rikat kemawon, awit wanci subuh sampun cêlak.
۞ وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗوَلَا تَنْقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ اِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ بِخَيْرٍ وَّاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ مُّحِيْطٍ٨٤
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), wa lā tanquṣul-mikyāla wal-mīzāna innī arākum bikhairiw wa innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumim muḥīṭ(in).
[84]
Kalêksanane siksaningsun mangkene: Lêmah kang diênggoni para umate Nabi Lut mau ingsun walik, sarta banjur Ingsun udani watu kang dêrês, siji-sijining watu wis padha diwulang ana ngarsaning Pangeran, watu mau ora adoh saka panggonane wong kaphir ing Mêkah.
وَيٰقَوْمِ اَوْفُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٨٥
Wa yā qaumi auful-mikyāla wal-mīzāna bil-qisṭi wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[85]
Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Sungèb, Ingsun tuduh mêmulang marang para sanake wong ing desa Madyan. Nabi Sungèb andhawuhake mangkene: He para sanakku wong ing Madyan babèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa kajaba mung Allah. Dhawuhing Allah: Kowe aja padha nyuda takêr lan bobot, pandêlêngku kowe ing dina iki padha bêcik lan kacukupan, nanging aku kuwatir bokmênawa kowe dipatrapi siksa dening Allah ana ing dunya lan ing akhirat amarga ênggonmu padha nyuda takêr lan bobot.
بَقِيَّتُ اللّٰهِ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ەۚ وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ٨٦
Baqiyyatullāhi khairul lakum in kuntum mu'minīn(a), wa mā ana ‘alaikum biḥafīẓ(in).
[86]
He para sanakku, kowe padha anggênêpana takêr lan bobot kalawan bênêr, aja gawe kapitunan, ambalithuk bandhaning wong, lan aja gawe rusak ana ing bumi.
قَالُوْا يٰشُعَيْبُ اَصَلٰوتُكَ تَأْمُرُكَ اَنْ نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَآ اَوْ اَنْ نَّفْعَلَ فِيْٓ اَمْوَالِنَا مَا نَشٰۤؤُا ۗاِنَّكَ لَاَنْتَ الْحَلِيْمُ الرَّشِيْدُ٨٧
Qālū yā syu‘aibu aṣalātuka ta'muruka an natruka mā ya‘budu ābā'unā au an naf‘ala fī amwālinā mā nasyā'(u), innaka la'antal-ḥalīmur-rasyīd(u).
[87]
Mênawa kowe padha têmên pracaya ing Allah, wruhanamu, pêparinging Allah barang rêsik, turahane koêngggo nêtêpi bênêr, iku luwih dening prayoga kodarbèni.
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَرَزَقَنِيْ مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ اُخَالِفَكُمْ اِلٰى مَآ اَنْهٰىكُمْ عَنْهُ ۗاِنْ اُرِيْدُ اِلَّا الْاِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُۗ وَمَا تَوْفِيْقِيْٓ اِلَّا بِاللّٰهِ ۗعَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ٨٨
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī wa razaqanī minhu rizqan ḥasanaw wa mā urīdu an ukhālifakum ila mā anhākum ‘anh(u), in urīdu illal-iṣlāḥa mastaṭa‘t(u), wa mā taufīqī illā billāh(i), ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[88]
Aku ora diwajibake nanggung bêcikmu, kowe wajib ngati-ati rumêksa awakmu dhewe.
وَيٰقَوْمِ لَا يَجْرِمَنَّكُمْ شِقَاقِيْٓ اَنْ يُّصِيْبَكُمْ مِّثْلُ مَآ اَصَابَ قَوْمَ نُوْحٍ اَوْ قَوْمَ هُوْدٍ اَوْ قَوْمَ صٰلِحٍ ۗوَمَا قَوْمُ لُوْطٍ مِّنْكُمْ بِبَعِيْدٍ٨٩
Wa yā qaumi lā yajrimannakum syiqāqī ay yuṣībakum miṡlu mā aṣāba qauma nūḥin au qauma hūdin au qauma ṣāliḥ(in), wa mā qaumu lūṭim minkum biba‘īd(in).
[89]
Wong ing Madyan banjur padha mangsuli: Dhuh Nabi Sungèb, punapa sêmbayang sampeyan punika parentah dhatêng sampeyan, supados ngawisi anggèn kula sami nyêmbah brahala sêsêmbahanipun para lêluhur kula, sarta ngawisi anggèn kula nindakakên băndha kula piyambak ing sakajêng-kajêng kula. Pangraos kula sampeyan punika wêlasan tur pintêr.
وَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ ۗاِنَّ رَبِّيْ رَحِيْمٌ وَّدُوْدٌ٩٠
Wastagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaih(i), inna rabbī raḥīmuw wadūd(un).
[90]
Nabi Sungèb banjur dhawuh manèh: He para sanakku, kapriye mungguh pangrasamu, aku iki diparingi tăndha yêkti dening Pangeranku, lan diparingi rijêki khalal kang akèh, dene samubarang cêcêgahku marang kowe iki, ora pisan bakal tak lakoni dhewe, ênggonku nglarangi nyuda takêr lan bobot [bo..bot] iku, pamrihku ora ana manèh mung sabisa-bisa aku murih bêcik. Dene kêlakone dadi bêcik têmênan, iku ora saka panggawene sapa-sapa, atas saka karsane Allah piyambak, aku mung nyumanggakake kaparênging Allah, apadene tumrap samubarang pakewuh, aku bali nyuwun pitulunging Allah.
قَالُوْا يٰشُعَيْبُ مَا نَفْقَهُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَقُوْلُ وَاِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْنَا ضَعِيْفًا ۗوَلَوْلَا رَهْطُكَ لَرَجَمْنٰكَ ۖوَمَآ اَنْتَ عَلَيْنَا بِعَزِيْزٍ٩١
Qālū yā syu‘aibu mā nafqahu kaṡīram mimmā taqūlu wa innā lanarāka fīnā ḍa‘īfā(n), wa lau lā rahṭuka larajamnāk(a), wa anta ‘alainā bi‘azīz(in).
[91]
He para sanakku, ênggonku nyulayani marang kowe iki aja anjalari ênggonmu nandhang siksa, kaya ênggone nandhang siksa para umate Nabi Nuh utawa para umate Nabi Hud utawa para umate Nabi Salèh biyèn. Dene para umate Nabi Lut, ênggone disirnakake dening Allah, iku têkan saiki durung antara lawas.
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَهْطِيْٓ اَعَزُّ عَلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاتَّخَذْتُمُوْهُ وَرَاۤءَكُمْ ظِهْرِيًّا ۗاِنَّ رَبِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ٩٢
Qāla yā qaumi arahṭī a‘azzu ‘alaikum minallāh(i), wattakhażtumūhu warā'akum ẓihriyyā(n), inna rabbī bimā ta‘malūna muḥīṭ(un).
[92]
Lan manèh kowe padha nyuwuna pangapuraning Pangeranmu saka ênggonmu padha nyêmbah brahala, sarta padha tobata ing Allah, marènana ênggonmu padha ngurangi takêr lan bobot. Satêmêne Allah Pangeranku iku asih marang wong kang padha tobat, lan trêsna marang kawulane kang mukmin.
وَيٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌ ۗسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَمَنْ هُوَ كَاذِبٌۗ وَارْتَقِبُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ رَقِيْبٌ٩٣
Wa yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), saufa ta‘lamūn(a), may ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa man huwa kāżib(un), wartaqibū innī ma‘akum raqīb(un).
[93]
Para sanake Nabi Sungèb banjur padha mangsuli: Dhuh Nabi Sungèb, wicantên sampeyan akathah-kathah [akathah-ka..thah] punika kula botên mangrêtos, amung pamanggih kula, sampeyan punika wontên ing ngriki ewoning tiyang apês, upami kula botên ering dhatêng kănca sampeyan, amêsthi sampeyan kula krutug ing sela. Sampeyan măngsa mênanga kalihan kula.
وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا شُعَيْبًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ وَاَخَذَتِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٩٤
Wa lammā jā'a amrunā najjainā syu‘aibaw wal-lażīna amanū ma‘ahū biraḥmatim minnā, wa akhażatil-lażīna ẓalamuṣ-ṣaiḥatu fa aṣbaḥū fī diyārihim jāṡimīn(a).
[94]
Nabi Sungèb calathu: He para sanakku, apa kowe luwih ering marang kancaku, tinimbang marang Allah, Allah banjur kosingkur, ana ing burining gêgêrmu. Satêmêne Allah Pangeranku, iku nguningani kalawan sampurna marang samubarang kang padha kolakoni.
كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَا ۗ اَلَا بُعْدًا لِّمَدْيَنَ كَمَا بَعِدَتْ ثَمُوْدُ ࣖ٩٥
Ka allam yagnau fīhā, alā bu‘dal limadyana kamā ba‘idat ṡamūd(u).
[95]
. He para sanakku, sarèhning kowe ora ngandêl marang aku, iya uwis, padha nglakonana apa satibaning pêpêsthènmu, aku iya nglakoni apa sapanêmuku. Enggal lawas kowe bakal padha wêruh dhewe.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٩٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[96]
Wong kang tinêmpuh ing siksa kang ngrèmèhake, lan wong kang calathune goroh. Cêkake: kowe padha ngêntènana kawusananing prakara iki, aku milu ngêntèni uga.
اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ فِرْعَوْنَ ۚوَمَآ اَمْرُ فِرْعَوْنَ بِرَشِيْدٍ٩٧
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fattaba‘ū amra fir‘aun(a), wa mā amru fir‘auna birasyīd(in).
[97]
Dene kalêksanane paningksaningsun,[5] para sanake Nabi Sungèb kang padha duraka mau, padha disambêr ing balêdhèg (satêmêne kang kaya balêdhèg iku pêtake Malaikat Jabarail), sanalika para sanake Nabi Sungèb padha mati ngênggon. Dene Nabi Sungèb sakancane para wong mukmin, amarga saka rahmatingsun, padha Ingsun paringi salamêt kalis saka ing siksa mau.
يَقْدُمُ قَوْمَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَاَوْرَدَهُمُ النَّارَ ۗوَبِئْسَ الْوِرْدُ الْمَوْرُوْدُ٩٨
Yaqdumu qaumahū yaumal-qiyāmati fa auradahumun-nār(a), wa bi'sal-wirdul-maurūd(u).
[98]
Enggone sirna kabèh prasasat biyèn mula ora manggon ing kono. Wong ing Madyan wis bênêre disirnakake padha karo wong Samud biyèn.
وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهٖ لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ بِئْسَ الرِّفْدُ الْمَرْفُوْدُ٩٩
Wa utbi‘ū fī hāżihī la‘nataw wa yaumal-qiyāmah(ti), bi'sar-rifdul-marfūd(u).
[99]
Lan manèh Ingsun têmên wis ngutus Nabi Musa kanthi mukjijat kaelokan minăngka tăndha yêkti, Ingsun karsakake andhawuhi Raja Phirngon lan para punggawane, para punggawa mau padha wangkal, manut sapangrèhe Raja Phirngon, kang măngka pangrèhe raja Phirngon iku ora prayoga.
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْقُرٰى نَقُصُّهٗ عَلَيْكَ مِنْهَا قَاۤىِٕمٌ وَّحَصِيْدٌ١٠٠
Żālika min ambā'il-qurā naquṣṣuhū ‘alaika minhā qā'imuw wa ḥaṣīd(un).
[100]
Raja Phirngon iku ngirid para punggawane marang panasaran, nganti padha milu mati klêlêb ana ing sagara, mangkono uga besuk dina kiyamat, iya ngirid para punggawane, padha dijak nyêmplung ing naraka. Iba alane naraka kang dilêboni iku.
وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَمَآ اَغْنَتْ عَنْهُمْ اٰلِهَتُهُمُ الَّتِيْ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ لَّمَّا جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۗ وَمَا زَادُوْهُمْ غَيْرَ تَتْبِيْبٍ١٠١
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin ẓalamū anfusahum famā agnat ‘anhum ālihatuhumul-latī yad‘ūna min dūnillāhi min syai'il lammā jā'a amru rabbik(a), wa mā zādūhum gaira tatbīb(in).
[101]
Para punggawa mau padha diilokake Raja Phirngon, ênggone nandhang cilaka ana ing dunya, klêlêb ana ing sêgara. Dene besuk dina kiyamat iya padha diilokake Raja Phirngon manèh, nyêmplung ing naraka. Iba alane pratingkah kang marahi kêcêmplung ing naraka iku.
وَكَذٰلِكَ اَخْذُ رَبِّكَ اِذَآ اَخَذَ الْقُرٰى وَهِيَ ظَالِمَةٌ ۗاِنَّ اَخْذَهٗٓ اَلِيْمٌ شَدِيْدٌ١٠٢
Wa każālika akhżu rabbika iżā akhażal-qurā wa hiya ẓālimah(tun), inna akhżahū alīmun syadīd(un).
[102]
Kang wis kasêbut ing dhuwur mau, carita lêlakone wong padesan ing jaman kuna, Ingsun wêdharake marang sira Mukhammad, supaya caritakna marang para umatira, bokmênawa padha ngrasak-rasakake. Dene padesan kang wonge Ingsun sirnakake mau, ana kang patilasane isih, lan ana kang wis sirna babarpisan.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّمَنْ خَافَ عَذَابَ الْاٰخِرَةِ ۗذٰلِكَ يَوْمٌ مَّجْمُوْعٌۙ لَّهُ النَّاسُ وَذٰلِكَ يَوْمٌ مَّشْهُوْدٌ١٠٣
Inna fī żālika la'āyatal liman khāfa ‘ażābal-ākhirah(ti), żālika yaumum majmū‘(un), lahun-nāsu wa żālika yaumum masyhūd(un).
[103]
Enggon Ingsun nyirnakake wong ing padesan mau ora saka panganiayaningsun, balik wong padesan mau padha nganiaya marang awake dhewe. Nalika têkane siksaningsun, brahala pirang-pirang kang padha diaku Pangeran liyane Allah, iku ora ana kang bisa têtulung murungake siksaningsun, anane mung muwuhi kacilakan.
وَمَا نُؤَخِّرُهٗٓ اِلَّا لِاَجَلٍ مَّعْدُوْدٍۗ١٠٤
Wa mā nu'akhkhiruhū illā li'ajalim ma‘dūd(in).
[104]
Mangkono uga Pangeranira ênggone nindakake siksa marang wong padesan kang padha nglakoni duraka, iku iya ora kêna ditulak. Dene siksaning Allah iku abot tur nglarani.
يَوْمَ يَأْتِ لَا تَكَلَّمُ نَفْسٌ اِلَّا بِاِذْنِهٖۚ فَمِنْهُمْ شَقِيٌّ وَّسَعِيْدٌ١٠٥
Yauma ya'ti lā takallamu nafsun illā bi'iżnih(ī), fa minhum syaqiyyuw wa sa‘īd(un).
[105]
Carita kang wis kasêbut mau, tumrape wong kang wêdi siksaning akhirat, dadi pêpeling gêdhe. Dene dina kiyamat iku, dina ênggone para manungsa dikalumpukake dadi siji, dene dina pakalumpukan iku bakal didêlêng dening wong saisining bumi lan Malaikat saisining langit.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ شَقُوْا فَفِى النَّارِ لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّشَهِيْقٌۙ١٠٦
Fa ammal-lażīna syaqū fa fin-nāri lahum fīhā zafīruw wa syahīq(un).
[106]
Enggon ingsun durung anggêbyagake dina kiyamat iku ora karana apa-apa, mung ngêntèni wêwangên kang wis Ingsun tamtokake. Wêwangên mau kang wêruh mung Ingsun pribadi.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ اِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيْدُ١٠٧
Khālidīna fīhā mā dāmatis-samāwātu wal-arḍu illā mā syā'a rabbuk(a), inna rabbaka fa‘‘ālul limā yurīd(u).
[107]
Ing besuk têkane dina kiyamat, sarupaning wong padha mênêng, ora ana kang cêcaturan, kajaba wong kang diparêngake dening Allah kalihan caturan. Ing kono manungsa kêna diperang dadi loro, kang siji wong cilaka, sijine wong bêgja.
۞ وَاَمَّا الَّذِيْنَ سُعِدُوْا فَفِى الْجَنَّةِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ عَطَاۤءً غَيْرَ مَجْذُوْذٍ١٠٨
Wa ammal-lażīna su‘idū fa fil-jannati khālidīna fīhā mā dāmatis-samāwātu wal-arḍu illā mā syā'a rabbuk(a), ‘aṭā'an gaira majżūż(in).
[108]
Dene wong kang cilaka, iku padha disiksa ana ing naraka, ana ing kono padha mênggèh-mênggèh lan ngaruara.
فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّمَّا يَعْبُدُ هٰٓؤُلَاۤءِ ۗمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا كَمَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُهُمْ مِّنْ قَبْلُ ۗوَاِنَّا لَمُوَفُّوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ غَيْرَ مَنْقُوْصٍ ࣖ١٠٩
Falā taku fī miryatim mimmā ya‘budu hā'ulā'(i), mā ya‘budūna illā kamā ya‘budu ābā'uhum min qabl(u), wa innā lamuwaffūhum naṣībahum gaira manqūṣ(in).
[109]
Wong cilaka mau ênggone ana ing naraka padha langgêng saumuring bumi lan langit ing akhirat, kajaba mênawa ana kaparênging Pangeranira wong mau diêntasake saka ing naraka, satêmêne Pangeranira iku wênang nindakake sakarsa-karsane.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١١٠
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba fakhtulifa fīh(i), wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum, wa innahum lafī syakkim minhu murīb(in).
[110]
Dene wong kang padha bêgja, iku padha bungah-bungah ana ing suwarga, ana ing kono padha langgêng saumuring bumi langit ing akhirat, kajaba mênawa ana kaparênging Pangeranira wong mau sadurunge diparêngake ana ing suwarga nganggo disiksa dhisik ana ing naraka, samurwating kaluputane. Sawarga iku ganjaran kang tanpa pundhat.
وَاِنَّ كُلًّا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمْ رَبُّكَ اَعْمَالَهُمْ ۗاِنَّهٗ بِمَا يَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ١١١
Wa inna kullan lammā layuwaffiyannahum rabbuka a‘mālahum, innahū bimā ya‘malūna khabīr(un).
[111]
(He Mukhammad), sira aja mamang yèn brahala kang disêmbah dening wong kaphir iku ora bisa nyilakani utawa makolèhi. Wong kaphir ênggone padha nyêmbah brahala iku ora duwe wêwaton apa-apa, mung nglêluri para lêluhure biyèn padha nyêmbah brahala, Ingsun iya bakal ngêdumi siksa marang si kaphir mau, padha lan pandumane siksa para lêluhure kang dilêluri, siksa mau têtêp tanpa sudan.
فَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْاۗ اِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١٢
Fastaqim kamā umirta wa man tāba ma‘aka wa lā taṭgau, innahū bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[112]
Ingsun têmên wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa. Para umate Nabi Musa banjur beda-beda panêmune, ana kang ngandêl lan ana kang maido, ora beda lan umatira Mukhammad. Upama Pangeranira durung kêbanjur andhawuhake yèn siksaning para umatira iku disarantèkake têkan dina kiyamat, amêsthi para umatira kang kaphir iku dipatrapi siksa sakal, para umatira iku padha mamang marang Kuran lan marang ananing siksa.
وَلَا تَرْكَنُوْٓا اِلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا فَتَمَسَّكُمُ النَّارُۙ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ١١٣
Wa lā tarkanū ilal-lażīna ẓalamū fa tamassakumun-nār(u), wa mā lakum min dūnillāhi min auliyā'a ṡumma lā tunṣarūn(a).
[113]
Pangeranira mêsthi iya nuhoni paring wêwalês marang siji-sijining wong kang ngandêl lan kang maido mau, minăngka pituwasing panggawene kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe. Satêmêne Pangeranira iku waspada marang samubarang lakune para kawulane.
وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ الَّيْلِ ۗاِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِۗ ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذّٰكِرِيْنَ١١٤
Wa aqimiṣ-ṣalāta ṭarafayin-nahāri wa zulafam minal-lail(i), innal-ḥasanāti yużhibnas-sayyi'āt(i), żālika żikrā liż-żākirīn(a).
[114]
(He Mukhammad), mulane sira lan sarupane wong kaphir kang wis tobat, banjur dadi kancanira Islam, padha tulusa jêjêg ênggonira nglakoni agamaning Allah, ngèstokake parintahing Allah marang sira, aja banjur padha nasar. Satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.
وَاصْبِرْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ١١٥
Waṣbir fa innallāha lā yaḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[115]
Lan manèh sira wong Islam, aja padha kèlu condhong marang wong kang padha duraka, yèn sira nganti mangkono, mêsthi bakal padha kêcêmplung ing naraka, lan sira ora duwe andêl-andêl kang bisa ngêntasake sira saka ing naraka, kajaba mung Allah piyambak kang sagêd ngêntasake. Wusana sira padha ora olèh pitulung.
فَلَوْلَا كَانَ مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْ قَبْلِكُمْ اُولُوْا بَقِيَّةٍ يَّنْهَوْنَ عَنِ الْفَسَادِ فِى الْاَرْضِ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّنْ اَنْجَيْنَا مِنْهُمْ ۚوَاتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَآ اُتْرِفُوْا فِيْهِ وَكَانُوْا مُجْرِمِيْنَ١١٦
Fa lau lā kāna minal-qurūni min qablikum ulū baqiyyatiy yanhauna ‘anil-fasādi fil-arḍi illā qalīlam mimman anjainā minhum, wattaba‘al-lażīna ẓalamū mā utrifū fīhi wa kānū mujrimīn(a).
[116]
Lan manèh sira nglakonana sêmbayang ana kawitan lan wêkasaning raina (wayah esuk lan sore) lan wêngi. Satêmêne kabêcikan iku nyirnakake piala. Kang mangkono iku dadia pêpeling marang wong kang padha bisa eling. 117. (He Mukhammad), sira sabara saka pialane para umatira, amarga Allah ora bakal nguwukake pituwase wong kang padha nglakoni kabêcikan.
وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرٰى بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا مُصْلِحُوْنَ١١٧
Wa mā kāna rabbuka liyuhlikal-qurā biẓulmiw wa ahluhā muṣliḥūn(a).
[117]
وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلَا يَزَالُوْنَ مُخْتَلِفِيْنَۙ١١٨
Wa lau syā'a rabbuka laja‘alan-nāsa ummataw wāḥidataw wa lā yazālūna mukhtalifīn(a).
[118]
(He para umate Nabi Mukhammad), para umat kuna sadurunge biyèn, ora ana kang duwe kautaman, [ka....utaman,] mênging gawe rusak ana ing bumi, kajaba mung wong sathithik, iya iku wong kang padha Ingsun paringi salamêt. Dene wong kang padha duraka mau, padha nguja kêkarêpane lan pêpenginane, sarta padha kaphir.
اِلَّا مَنْ رَّحِمَ رَبُّكَ ۗوَلِذٰلِكَ خَلَقَهُمْ ۗوَتَمَّتْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ١١٩
Illā mar raḥima rabbuk(a), wa liżālika khalaqahum, wa tammat kalimatu rabbika la'amla'anna jahannama minal-jinnati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[119]
(He Mukhammad), Pangeranira ora nyirnakake sawijining desa kang wonge ing kono mung maligi dosa kaphir bae, ora gawe rusak ana ing bumi, kalakuane padha bêcik.
وَكُلًّا نَّقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الرُّسُلِ مَا نُثَبِّتُ بِهٖ فُؤَادَكَ وَجَاۤءَكَ فِيْ هٰذِهِ الْحَقُّ وَمَوْعِظَةٌ وَّذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ١٢٠
Wa kullan naquṣṣu ‘alaika min ambā'ir-rusuli mā nuṡabbitu bihī fu'ādaka wa jā'aka fī hāżihil-ḥaqqu wa mau‘iẓatuw wa żikrā lil-mu'minīn(a).
[120]
Upama ana kaparênging Pangeranira, bisa uga kalakon manungsa iki agamane golong dadi siji, kabèh padha mukmin, ngabêkti ing Allah. Ananging karsaning Allah ora mangkono. Agamaning manungsa digawe beda-beda, ana kang agama Yahudi, ana Nasarani, Majusi, Islam lan liya-liyane. Mung wong kang disihi dening Pangeranira, iku padha golong Agama Islam, sarèhne mangkono, mulane Allah nitahake manungsa iki dadi rong golongan, kang sagolongan, dadi isèn-isèning suwarga, kang sagolongan manèh dadi isèn-isèning naraka, ing kono kanyataan pangandikaning Pangeranira kang mangkono naraka jahanam iku bakal Ingsun kêbaki isi jin lan manungsa kang padha duraka kabèh.
وَقُلْ لِّلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْۗ اِنَّا عٰمِلُوْنَۙ١٢١
Wa qul lil-lażīna lā yu'minūna‘malū ‘alā makānatikum, innā ‘āmilūn(a).
[121]
Carita kang wis kasêbut ing dhuwur mau carita lêlakoning para Rasul ing jaman kuna dalasan para umate, Ingsun caritakake marang sira Mukhammad, kanggo nêguhake atinira, sajroning surat iki sira kêpranan barang kang nyata, iku minăngka wêwulang lan pêpeling marang para wong mukmin.
وَانْتَظِرُوْاۚ اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ١٢٢
Wantaẓirū innā muntaẓirūn(a).
[122]
Lan sira dhawuha marang sarupane wong kang ora pracaya ing Allah, mangkene: iya jajalên anglêstarèkake ênggonmu padha nglakoni kaya kang uwis-uwis, Aku nglakoni dhawuhing Allah. Kowe ngêntènina[6] lan ngarêp-arêp kasaguhaning setan marang kowe, aku uga nitèni lan ngarêp-arêp pangancam-ancame Allah marang kowe.
وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٢٣
Wa lillāhi gaibus-samāwāti wal-arḍi wa ilaihi yurja‘ul-amru kulluhū fa‘budhu wa tawakkal ‘alaih(i), wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[123]
Allah iku ora kasamaran marang kaananing bumi lan langit lan saisine kabèh, kang gaib-gaib diwuningani kabèh dening Allah. Lêlakone sakèhing dumadi iki kabèh bali atas kaparênging Allah, mulane sira nêmbaha ing Allah lan kumandêla ing Allah, Pangeranira mêsthi ora kasupèn marang samubarang kang padha sira lakoni.