Surah Al-Ma’un
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَرَءَيْتَ الَّذِيْ يُكَذِّبُ بِالدِّيْنِۗ١
Ara'aital-lażī yukażżibu bid-dīn(i).
[1]
Apa sira andêlêng wong kang maido agama.
فَذٰلِكَ الَّذِيْ يَدُعُّ الْيَتِيْمَۙ٢
Fa żālikal-lażī yadu‘‘ul-yatīm(a).
[2]
Wong kang maido agama iku iya kang nulak panjaluke bocah yatim.
وَلَا يَحُضُّ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۗ٣
Wa lā yaḥuḍḍu ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[3]
Lan ora awèh pangan utawa akon awèh pangan marang wong miskin.
فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّيْنَۙ٤
Fawailul lil-muṣallīn(a).
[4]
Cilaka têmên wong munaphèk kang padha sêmbayang. [sêmba....yang.]
الَّذِيْنَ هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُوْنَۙ٥
Allażīna hum ‘an ṣalātihim sāhūn(a).
[5]
Kang padha kêlalèn ênggone nglakoni sêmbayang, nganti kêliwat ing wayahe.
الَّذِيْنَ هُمْ يُرَاۤءُوْنَۙ٦
Allażīna hum yurā'ūn(a).
[6]
Kang padha murih pangalêming wong.
وَيَمْنَعُوْنَ الْمَاعُوْنَ ࣖ٧
Wa yamna‘ūnal-mā‘ūn(a).
[7]
Lan padha ora gêlêm nyilihi pirantining ngomah marang wong kang nyilih.