Surah Al-Fil

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِاَصْحٰبِ الْفِيْلِۗ١
Alam tara kaifa fa‘ala rabbuka bi'aṣḥābil-fīl(i).
[1] Apa sira ora andêlêng, kapriye Allah ênggone numpês marang mungsuh kang têka ing Mêkah padha nunggang gajah (Raja Abrahat sabalane).

اَلَمْ يَجْعَلْ كَيْدَهُمْ فِيْ تَضْلِيْلٍۙ٢
Alam yaj‘al kaidahum fī taḍlīl(in).
[2] Allah namtokake rekadayane Raja Abrahat ênggone kudu ngadêgake agama dhewe lan ngrusak Kakbah, iku kêliru, luput pangarêp-arêpe.

وَّاَرْسَلَ عَلَيْهِمْ طَيْرًا اَبَابِيْلَۙ٣
Wa arsala ‘alaihim ṭairan abābīl(a).
[3] Allah ngutus manuk kang aran manuk Ababil, dikarsakake mapagake pêrange Raja Abrahat.

تَرْمِيْهِمْ بِحِجَارَةٍ مِّنْ سِجِّيْلٍۙ٤
Tarmīhim biḥijāratim min sijjīl(in).
[4] Manuk Ababil mau ngrutug Raja Abrahat sabalane kalawan watu sijil.

فَجَعَلَهُمْ كَعَصْفٍ مَّأْكُوْلٍ ࣖ٥
Fa ja‘alahum ka‘aṣfim ma'kūl(in).
[5] Wusana Raja Abrahat sabalane, dalah gajah-gajahe sirna mati kabèh, êntèk kaya tanduran dipangan ing khewan.