Surah Al-Humazah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّكُلِّ هُمَزَةٍ لُّمَزَةٍۙ١
Wailul likulli humazatil-lumazah(tin).
[1]
Cilaka têmên sarupane wong kang nacad lan nyatur ala marang Nabi Mukhammad.
ۨالَّذِيْ جَمَعَ مَالًا وَّعَدَّدَهٗۙ٢
Allażī jama‘a mālaw wa ‘addadah(ū).
[2]
Kang padha ngalumpukake băndha, lan milang bandhane ginawe andêl-andêl.
يَحْسَبُ اَنَّ مَالَهٗٓ اَخْلَدَهٗۚ٣
Yaḥsabu anna mālahū akhladah(ū).
[3]
Angira yèn bandhane mau bisa nglanggêngake awake luput ing pati.
كَلَّا لَيُنْۢبَذَنَّ فِى الْحُطَمَةِۖ٤
Kallā layumbażanna fil-ḥuṭamah(ti).
[4]
Luput panêmune, wong mau bakal dicêmplungake ing Naraka Khutamah.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحُطَمَةُ ۗ٥
Wa mā adrāka mal-ḥuṭamah(tu).
[5]
Sapa kang mêruhake sira, apa kang jênêng khutamah iku.
نَارُ اللّٰهِ الْمُوْقَدَةُۙ٦
Nārullāhil-mūqadah(tu).
[6]
Khutamah iku naraka kagunganing Allah, kang diurubake.
الَّتِيْ تَطَّلِعُ عَلَى الْاَفْـِٕدَةِۗ٧
Allatī taṭṭali‘u ‘alal-af'idah(ti).
[7]
Kang panase têkan ing ati.
اِنَّهَا عَلَيْهِمْ مُّؤْصَدَةٌۙ٨
Innahā ‘alaihim mu'ṣadah(tun).
[8]
Naraka Khutamah kanggo niksa wong kang nyatur ala mau, sarta dikunci saka ing jaba.
فِيْ عَمَدٍ مُّمَدَّدَةٍ ࣖ٩
Fī ‘amadim mumaddadah(tin).
[9]
Paniksane wong mau, dicancang ana ing ugêr-ugêr kang diadêgake.