Surah At-Takasur

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْهٰىكُمُ التَّكَاثُرُۙ١
Alhākumut-takāṡur(u).
[1] Sumugih iku nglalèkake ênggonira ngabêkti ing Allah.

حَتّٰى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَۗ٢
Ḥattā zurtumul-maqābir(a).
[2] Nganti têkan ênggonira ngalih marang kubur.

كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ٣
Kallā saufa ta‘lamūn(a).
[3] Enggonira sumugih iku luput, ing têmbe sira mêsthi wêruh nyatane.

ثُمَّ كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٤
Ṡumma kallā saufa ta‘lamūn(a).
[4] Luput têmênan panêmunira, ing têmbe sira wêruh têmênan nyatane.

كَلَّا لَوْ تَعْلَمُوْنَ عِلْمَ الْيَقِيْنِۗ٥
Kallā lau ta‘lamūna ‘ilmal-yaqīn(i).
[5] Têmên, manawa sira wêruh ngèlmu kang nyata, mêsthi ora lali ngabêkti ing Allah.

لَتَرَوُنَّ الْجَحِيْمَۙ٦
Latarawunnal-jaḥīm(a).
[6] Ing têmbe sira mêsthi andêlêng Naraka Jakhim.

ثُمَّ لَتَرَوُنَّهَا عَيْنَ الْيَقِيْنِۙ٧
Ṡumma latarawunnahā ‘ainal-yaqīn(i).
[7] Banjur andêlêng Naraka Jakhim kalawan kasat mata.

ثُمَّ لَتُسْـَٔلُنَّ يَوْمَىِٕذٍ عَنِ النَّعِيْمِ ࣖ٨
Ṡumma latus'alunna yauma'iżin ‘anin-na‘īm(i).
[8] Ing kono sira banjur padha didangu sarupaning kabungahan pêparinging Allah nalika ana ing dunya. Yagene sira ora padha sukur.